Ringkasan: Yang mendemonstrasikan keahliannya bernama Dhelakase, tentang: anak perempuan yang sedang menari di atas tali yang direntangkan, memamerkan keterampilan badan; tarian di atas kursi oleh anak perempuan; tarian badut dengan disertai wanita tua; tarian dari dua orang anak perempuan yang begitu trampil; tarian dari Tuan Aguste yang dilanjutkan dengan dua badut yang berkelai; dua anak perempuan berjalan di atas tali.
Kumidhi ing Surakarta.
Ingkang badhe angundhagèni kumidhi wau anama Tuwan Dhêlakasê, pratelanipun ing ngandhap punika.
Ingkang rumiyin
1 Bêksanipun lare èstri, angambah tangsul kapanthêng kêncêng, kang angatingalakên prigêling badan.
2. Bêksanipun lare èstri wontên ing kursi, kang angeram-eramakên.
3. Jogèdipun badhut, akanthi tiyang èstri sêpuh, umur wolung dasa taun.
Ingkang kaping kalih.
1. Bêksanipun lare èstri kêkalih, angatingalakên prigêl lêmês saha kagunaning badan, akathah warninipun, kapanjangên manawi kapratelakakên saking satunggil- satunggil.
Ingkang kaping tiga
1. Bêksanipun Tuwan Agustê, lajêngipun badhe wontên badhut kêkalih sami kêrêngan.
2. Inggahipun lare èstri kêkalih, angambah tangsul.
Wontênipun kumidhi wau ing dintên Saptu kaping 19 wulan Agustus punika, sontên wanci jam pitu, mênggah bayaranipun sami kalihan ingkang sampun kalampahan.