Laporan M.Ng. Pranatakarya, R.Ng. Sutapradata, bersama wakil dari R. Ng. Surareja yang bernama Ki Resadangsa, 5 Juli 1842

Judul
Sambungan
1. Abdi Dalem Gedong Tengen kepada Kiyai Lurah Bendara Raden Tumenggung Suradilaga, 16 September 1839. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
2. Adinagara kepada Winter, 12 April 1844. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
3. Anonim kepada Bok Senen. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
4. Babah Ti Yo Gowe kepada Parentah Ageng, 27 Agustus 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
5. Jayaendra, Mangkudipura memeriksa Sasemita, 20 September 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
6. Jayaendra memeriksa surat Karyasentika, 23 September 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
7. Kangjeng Pangeran Adipati Arya Prabuwedana mendapat gelar Kangjeng Pangeran Adipati Mangkunagara IV, 9 Januari 1843. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
8. Kangjeng Raden Adipati Jayaningrat kepada Parentah Ageng, 18 Mei 1789. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
9. Kangjeng Susuhunan kepada Winter, 30 September 1843. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
10. Kapitan Li Yang Gi kepada Tuwan Uprup, 26 Juni 1798. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
11. Kapitan Li Yang Gi kepada Tuwan Uprup, 28 Juni 1798. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
12. Kaptin Sok Li Yang kepada Tuan Uprup, 6 Februari 1797. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
13. Ki Nurya kepada Raden Mas Riya Purwadiningrat, Raden Tumenggung Amongpraja, 2 Februari 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
14. Ki Setrawijaya kepada Parentah Ageng Pasowan Dalem, 16 November 1837. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
15. Kiyai Ngabei Patrabasanta kepada Johanis Agustis Desenje, 8 Juni 1829. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
16. Kretajaya kepada Babah Ro Li, 3 Maret 1830. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
17. Kumidi di Surakarta, 19 Agustus #. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
18. Kyai Demang Jinggot kepada Van Der Am, 31 Mei 1845. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
19. Kyai Demang Kertiyuda, Kyai Demang Kertisura kepada Parentah Ageng, 25 Agustus 1837. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
20. Laporan Ki Setradrana dkk.. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
21. Laporan Mas Ngabei Jayasatata dkk., 15 Desember 1841. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
22. Laporan M.Ng. Pranatakarya, R.Ng. Sutapradata, bersama wakil dari R. Ng. Surareja yang bernama Ki Resadangsa, 5 Juli 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
23. Laporan perampokan di rumah Tuan Moser, Batu, 26 Agustus #. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
24. Laporan R. Ng. Mangunagara, 15 Oktober 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
25. Laporan Raden Ayu Rangga, 31 Maret 1799. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
26. Laporan Raden Ngabei Resanagara, 25 Agustus 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
27. Mangunnagara kepada Winter, 9 September 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
28. Martanagara kepada Asisten Residen Surakarta, 24 Agustus 1830. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
29. Martanagara kepada Parentah Pasowan Mangu, 5 Oktober 1837. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
30. Martareja kepada Cakrajaya, 13 Juni 1845. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
31. Mas Angabei Jimat kepada Parentah Pasowan Mangu, 14 November 1837. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
32. Mas Ketib Anom, Mas Tuan Khaji Khambah kepada Kyai Lurah Kangjeng Kyai Mas Pangulu Dipaningrat, 7 Juli 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
33. Mertawangsa kepada Secalegawa, 10 September 1819. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
34. Nama-nama Abdi Dalem Gunung Kadipaten dan Buminatan Kasentanan. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
35. Nama-nama Para Narapidana di Rumah Tahanan Gladag, 5 Januari 1835. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
36. Ni Sawijaya kepada Parentah Ageng Karaton Dalem Surakarta, 17 Desember 1840. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
37. Pangeran Ariya Mangkudiningrat kepada Kangjeng Pangeran Ariya Mataram, 9 Agustus 1839. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
38. Pemberitahuan bahwa Sumadiningra dan Sasrawinata diganti nama, 3 November 1825. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
39. Pemeriksaan perkara juru kunci Iman Raji, 21 Februari 1838. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
40. Pengumuman pergantian Residen Surakarta, Tuan Aretman menggantikan J.F.T. Mayor, 21 Agustus 1843. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
41. Pernyataan para saksi tentang Tuan Bislar dirampok, 4 Agustus 1838. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
42. Purwadiningrat, Jayanagara kepada Wangsawijaya, 17 Oktober 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
43. Raden Mas Ariya Prawirabrata kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
44. Raden Mas Ariya Sasradiwirya kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
45. Raden Mas Ariya Sumadiningrat kepada Kyai Lurah, 15 April 1824. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
46. Raden Mas Ariya Wirya Adiningrat kepada Kyai Rali, 15 Maret 1824. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
47. Raden Mas Ariya Wirya Adiningrat kepada Kyai Rali, 4 September 1823. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
48. Raden Mas Tumenggung Bratakusuma kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
49. Raden Ngabei Jayadirja kepada Van Gelder, 30 Oktober 1845. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
50. Raden Tumenggung Brajadipura, Raden Ngabei Yudamargangsa kepada Parentah Ageng Pasowan Mangu, 29 Maret 1839. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
51. Raden Tumenggung Bratawirya kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
52. Raden Tumenggung Kertasari kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
53. Raden Tumenggung Ngratasudira kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
54. Sakrama kepada Parentah Ageng Tuwan Demineg, Asisten Residen, 16 November 1837. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
55. Sastradinama kepada Van Der Am. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
56. Suradikrama kepada Winter, 27 April 1839. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
57. Surat-menyurat dari Surakarta, LOr2235, c. 1789–1845, #866. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
58. Surat Perjanjian Mangkudiningrat kepada Kyai Tang Yu Mu, Kyai Tang Wi Lung, 17 September 1838. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
59. Sutawijaya dari Tegalas ditangkap Kyai Mangkudipura, 12 Juli 1798. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
60. Van Der Am kepada Mas Ngabei Sumadiwirya, 18 Juni 1845. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
61. Wiryadipura kepada Raden Arya Cakrajaya, 13 Juni 1845. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
Citra
Terakhir diubah: 19-05-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ringkasan: Keterangan berupa kesaksian dari orang-orang di Ngrajeg, yang menyatakan mengetahui, dan melihat, bahwa Trunadangsa adalah pelaku pencurian kerbau milik Dipayuda sebanyak 4 ekor (3 induk dan 1 anak), ketika sedang di penggembalaan. Walaupun banyak saksi yang mengetahui, mereka sanggup untuk diambil sumpahnya, dan bahkan Trunadangsa juga sempat mengakui, tetapi pada akhirnya dia mengelak, dan tidak mau mengakui.

Laporan M.Ng. Pranatakarya, R.Ng. Sutapradata, bersama wakil dari R. Ng. Surareja yang bernama Ki Resadangsa, 5 Juli 1842: Citra 1.1 dari 1
Laporan M.Ng. Pranatakarya, R.Ng. Sutapradata, bersama wakil dari R. Ng. Surareja yang bernama Ki Resadangsa, 5 Juli 1842: Citra 1.2 dari 1
Laporan M.Ng. Pranatakarya, R.Ng. Sutapradata, bersama wakil dari R. Ng. Surareja yang bernama Ki Resadangsa, 5 Juli 1842: Citra 1.3 dari 1
Laporan M.Ng. Pranatakarya, R.Ng. Sutapradata, bersama wakil dari R. Ng. Surareja yang bernama Ki Resadangsa, 5 Juli 1842: Citra 1.4 dari 1
Laporan M.Ng. Pranatakarya, R.Ng. Sutapradata, bersama wakil dari R. Ng. Surareja yang bernama Ki Resadangsa, 5 Juli 1842: Citra 1.5 dari 1
Laporan M.Ng. Pranatakarya, R.Ng. Sutapradata, bersama wakil dari R. Ng. Surareja yang bernama Ki Resadangsa, 5 Juli 1842: Citra 1.6 dari 1
Laporan M.Ng. Pranatakarya, R.Ng. Sutapradata, bersama wakil dari R. Ng. Surareja yang bernama Ki Resadangsa, 5 Juli 1842: Citra 1.7 dari 1
Laporan M.Ng. Pranatakarya, R.Ng. Sutapradata, bersama wakil dari R. Ng. Surareja yang bernama Ki Resadangsa, 5 Juli 1842: Citra 1.8 dari 1
Laporan M.Ng. Pranatakarya, R.Ng. Sutapradata, bersama wakil dari R. Ng. Surareja yang bernama Ki Resadangsa, 5 Juli 1842: Citra 1.9 dari 1
Laporan M.Ng. Pranatakarya, R.Ng. Sutapradata, bersama wakil dari R. Ng. Surareja yang bernama Ki Resadangsa, 5 Juli 1842: Citra 1.10 dari 1
Laporan M.Ng. Pranatakarya, R.Ng. Sutapradata, bersama wakil dari R. Ng. Surareja yang bernama Ki Resadangsa, 5 Juli 1842: Citra 1.11 dari 1
Laporan M.Ng. Pranatakarya, R.Ng. Sutapradata, bersama wakil dari R. Ng. Surareja yang bernama Ki Resadangsa, 5 Juli 1842: Citra 1.12 dari 1

Ing dintên Slasa kaping 27 wulan Jumadilawal ing taun Jimakir ăngka 1770.

Kawula Mas Ngabèi Pranatakarya, Radèn Ngabèi Sutapradata, akanthi sulihipun Radèn Ngabèi Surarêja, awasta Ki Rêsadăngsa, kawula sampun sami kautus, ingandikakakên anitipriksa, dhumatêng kagungan dalêm siti dhusun ing Ngrajêg, bale griyanipun Dipayuda, sadhatêng kawula wontên siti dhusun ing Ngrajêg pagriyanipun Dipayuda, kawula lajêng andhatêngakên abdi dalêm tiyang prapat utawi mănca gangsal. Sarêng sampun sami dhatêng tiyang prapat utawi mănca gangsal, lajêng kawula priksa awit aturipun tiyang satunggal-satunggal. Mênggah aturipun ing ngandhap punika pratelanipun.

Atur kawula Ki Pasona, bêkêl siti dhusun ing Parakan bawah Dêmak. Prapat kaprênah wetan sangking ing Ngrajêg. Kawula kadangu ing parentah, sumêrêp kawula kala ing dintên Rêbo Pon tanggal kaping 28 ing wulan Pura[1] ing taun Jimakir ăngka 1770, wanci sêrap kula midhangêt tiyang gêndhong ing Ngrajêg. Kawula lajêng lumampah, sarêng kula dumugi ing dhusun Ngrajêg, kawula jujug griyanipun Dipayuda, kula pitakèn dhatêng Dipayuda, niki wau gêndhong punapa, wangsulanipun Dipayuda, gêndhong maesa kula 4 ical wontên pangenan. Sawab [Sawa...]

[...b] ingkang ngangèn lare alit wasta pun Waridin. Botên kenging kula pitakèni, kula pitakèn malih dhatêng Dipayuda, ing sak punika punapa botên dipun padosi maesa wau, wangsulanipun Dipayuda sêdangonipun inggih dipun ngupadosi, ananging maesa kula 4, ingkang ical wau, sampun kantênan ingkang mêndhêt. Kănca kula tiyang alit ing Ngrajêg ngriki wasta Trunadăngsa, punika ingkang mêndhêt. Sak puni[2] kula sawêg utusan dhatêng griyanipun pun Trunadăngsa angyêktosakên. Sawab ingkang sanjang maesa kula wontên griyanipun Trunadăngsa punika, biyang Nyamèh kalih Bok Sawijaya inggih sami kănca kula ing Ngrajêg ngriki, kula sarêng sampun têlas anggèn kula pitakèn dhatêng Dipayuda, kula lajêng mantuk. Sarêng enjingipun kula dipun dhatêngakên malih, kalih Dipayuda wontên ing dhusun Ngrajêg. Sadhatêng kula wontên griyanipun Dipayuda, kula dipun jak nguningani dhatêng griyanipun Ki Tramênggala bêkêl ing Ngrajêg. Sadhatêng kula wontên griyanipun Ki Tramênggala wau, tiyang alit ing Ngrajêg sampun sami pêpakan. Kula lajêng dipun kèn nguningani saha dipun saidi, dhatêng Ki Tramênggala bêkêl Ngrajêg wau, mênggah pisaidipun dhatêng ing kula, Ki Pasona dika alap pisaid kula, olèhe kelangan kêbo Dipayuda kèhe 4 iji, wadon kabèh, ingkang 3 babon, ingkang 1 wayah pêgaron. Niku ingkang ngrawati kêbo 4 wau, Si Trunadăngsa, Trunadăngsa inggih pun ngakoni, mênawi nyingkirake kêbo

4, disikirakeakên[3] ing Bêndungan bawah Dêmak. Sarêng Ki Tramênggala sampun têlas anggènipun wicantên dhatêng kula, kula lajêng pitakèn dhatêng Trunadăngsa, wangsulanipun Trunadăngsa, inggih ngakêni sêdaya, saha Trunadăngsa sagah mêndhêt maesa 4 ingkang dipun sikirakên[4] wontên Bêndungan punika, malah wicantênipun Trunadăngsa, mênawi kagalih dora agènipun[5] sagah mêndhêt maesa 4 wau, maesanipun Trunadăngsa dipun gantungakên, dhatêng Ki Tramênggala bêkêl Ngrajêg wau, kathahipun maesanipun Trunadăngsa 9 iji, lajêng dipun gantung kalih Ki Tramênggala, pisaidipun Dipayuda kalih panrimahipun Trunadăngsa, lajêng kula alap sakănca kula ing parakan tiyang 4, satunggal Samênggala, 2. Sêtradăngsa, 3. Jayatruna, 4. Ki Sadipa, sarêng kula sampun napèni[6] pisaid. Lajêng Trunadăngsa pamit dhatêng Ki Tramênggala, pamit badhe murugi maesa dhatêng dhusun Bêndungan, inggih lajêng dipun lilani, ananging Trunadăngsa nêdha kanthi tiyang ing Klapasawit wasta pun Jalidin, kalih Jaliya, ananging botên dipun sukani anggènipun nêdha kanthi lare 2 wau, mila botên dipun sukani kanthi, sawab lare 2 ingkang dipun têdha Trunadăngsa wau, tiyang Klapasawit punika miji piyambak dhatêng Radèn Kramawilaga, dede tiyang ing Ngrajêg. Trunadăngsa sarêng nêdha kanthi botên angsal, lajêng mangkat piyambak anggènipun [anggèni...]

[...pun] murugi maesa, sapêngkêripun Trunadăngsa wau, dipun ajêng-ajêng sadintên Trunadăngsa botên wontên dhatêng, kula lajêng mantuk. Sarêng enjingipun Trunadăngsa inggih saèstu botên wontên mantuk dhatêng ing Ngrajêg. Lajêng sontênipun malih, tiyang Ngrajêg mantuk sangking padamêlan glidhi[7] dhatêng ing nglaji, sanjang mênawi pun Truna sampun sowan wontên ngarsanipun Radèn Kramawilaga, dados anggènipun sagah murugi maesa wau, Trunadăngsa dora, lajêng Ki Tramênggala kalih Dipayuda, dipun tibali [8] kalih Radèn Kramawilaga, Ki Tramênggala kalih Dipayuda inggih lajêng sami sowan dhatêng dalêmipun Radèn Kramawilaga, lajêngipun Ki Tramênggala kalih Dipayuda, dipun bêlok Sêtramênggala kapangot punika kula botên sumêrêp. Trunadăngsa lajêng kaantukakên dhatêng ing Ngrajêg. Ananging Trunadăngsa wau lajêng minggat sangking ing dhusun Ngrajêg botên kantênan purugipun. Namung punika atur kawula, kawula purun nyagi[9] imbar supaosipun inggih lajêng kaimbar.

Wah aturipun Ki Samênggala.
Wah aturipun Ki Sêtradăngsa
Wah aturipun Ki Jayatruna
Wah aturipun Ki Sadipa

Aturipun tiyang alit ing Parakan 4 punika inggih sugih kados [kado...]

[...s] aturipun Ki Pasona ingkang kasêbut ing ngajêng punika, sami purun nyanggi imbar supaosipun, inggih lajêng sami kaimbar.

Atur kula Ki Sadipa tiyang alit dhusun ing Ngrajêg. Kula kadangu ing parentah, kala ing dintên Rêbo Pon tanggal kaping 28 wulan Sura ing taing[10] Jimakir punika, kula mêntas mantuk sangking glidhig. Dhatêng dalêmipun Bêndara Tuwan Dhe Blaurên. Kula sarêng dumugi ing griya kula dipun jak ngupadosi maesanipun Dipayuda ical wontên pangenan kathahipun 4, ingkang 3 babon, ingkang 1 wayah panggaron. Kula lajêng tumut ngupadosi, mangidul lampah kula, sarêng sampun dalu kula rêmbag ngajak mantuk. Kula jak mêndhêt abor lajêng sami mêndhêt abor, sarêng sampun mêndhêt abor lajêng mangkat malih, mangidul lampah kula, sarêng dumugi griyanipun biyang Nyamèh, inggih tiyang Ngrajêg. Kula dipun pitakèni dhatêng biyang Nyamèh, sapa gawa abor kuwe, kula sumaur aku Sadipa, golèki kêbone Dipayudayuda[11] mau sore ilang kèhe 4, biyang Nyamèh lajêng wicantên. Aku mau sore ana ing latar, kêbone Dipayuda mau dilêbokake mênyang ngomahe Si Trunadăngsa, takona dhisik mênyang Trunadăngsa, kula sak kănca tiyang 7, lajêng dhatêng griyanipun pun Trunadăngsa, sarêng kula dhatêng griyanipun Trunadăngsa, [Tru...]

[...nadăngsa,] Trunadăngsa pinanggih sêpên botên wontên ing griya, kula lajêng patakèn[12] dhatêng ingkang èstri pun Trunadăngsa wangsulanipun ingkang jalêr dhatêng griyanipun Pak Pala inggih sami Ngrajêg. Kula lajêng utusan jujul dhatêng griyanipun Pak Pala, griyanipun Pak Pala Trunadăngsa botên wontên. Lajêng utusan kula wangsul sangjang[13] griyanipun Pak Pala Trunadăngsa botên wontên. Lajêng kula sak kănca kula 7 wau, ngêntosi kimawon wontên griyanipun Trunadăngsa, sarêng wanci sirêp lare dalu, Trunadăngsa mantuk. Lajêng kula pitakèni Trunadăngsa kowe sumurup kêbone Dipayuda, wangsulanipun Trunadăngsa inggih ngakêni kimawon. Mênawi mêndhêt maesanipun Dipayuda, ananging sak punika sampun kula singkirakên wontên dhusun Bêndungan. Trunadăngsa sarêng sampun ngakêni, lajêng kula kèn mêndhêt maesa 4 wau, Trunadăngsa lajêng sagah kimawon murugi, malah wicantênipun Trunadăngsa, mênawa kuwatir kula jukuk kêbo papat wau, kêbo kula sănga dika gagung, dadia lirune kêbone Dipayuda 4 kang ilang wau, sarêng wangsulanipun Trunadăngsa, sampun dipun lêrêsi piyambak, lajêng kula sak kănca kula 7, lajêng matur dhatêng bêkêl kula Ki Tramênggala, Trunadăngsa inggih kula bêkta dhatêng griyanipun lurah, sarêng dumugi griyanipun lurah, lajêngipun ing nalar, inggih kados aturipun Ki Pasona ing Parakan. Ingkang sampun kasêbut ing ngajêng punika, namung punika atur kula kula purun nyanggi imbar supaosipun,

inggih lajêng kaimbar.

Wah aturipun Ki Singatruna, tiyang alit ing jêg[14]

Wah atur kula Ki Mêrtajaya
Wah atur kula Ki Suradăngsa
Wah aturipun Ki Satruna
Wah aturipun Ki Sarajaya
Wah aturipun Ki Kêrtadrana
Wah aturipun Ki Surakêrta

Aturipun tiyang 7, punika igah[15] sami kados aturipun Ki Sadipa, ingkang sampun kasêbut ing ngajêng punika, sami purun nyanggi ibar [16] supaosipun inggih lajêng kaimbar.

Atur kula biyang Nyamèh, griya kula ing dhusun Ngrajêg. Kula kadangu ing parentah, ing dintên Rêbo Pon wanci ngajêngakên sêrap. Kula pinuju wontên ing latar, kula sumêrêp gadhahanipun maesa Dipayuda 4 iji, dipun lêbêtakên griyanipun Trunadăngsa, kula botên sumêrêp ingkang dadi nalar, kula lajêng lumêbêt ing griya nyumêd dilah, sarêng wanci sirêp tiyang dalu, Dipayuda bêkta rencang saha mawi abor, kula pitakèni sapa gawa abor kuwe, Ki Sadipa sumaur, aku golèki kêbone Dipayuda 4, ilang mau so[17]

Kula lajêng wicantên dhatêng Ki Sadipa, kêbone Dipayuda wau sore dilêbokake omahe Trunadăngsa, Ki Sadipa kalih Dipayuda inggah[18] lajêng dhatêng griyanipun Trunadăngsa, ing dalu punika kula botên sumêrêp ing lajêngipun. Ing dintên enjingipun Trunadăngsa, kabêkta dhatêng griyanipun lurah Ki Tramênggala sumêrêp kula inggih kados aturipun Ki Pasana bêkêl ing Parakan ingkang katur ing ngajêng punika, namung punika atur kawula kawula purun nyanggi imbar supaosipun inggih lajêng kaimbar.

Wah atur kula bok Sawijaya, griya kula ing dhusun Ngrajêg. Kula kadangu ing parentah, sumêrêp kula kala ing dintên Rêbo Pon wanci angajêngakên sêrap. Kula tubas[19] lombok dhatêng griyanipun Trunadăngsa, kula sumêrêp mênawi aesanipun[20] Dipayuda, dipun lêbêtakên pagêr karasipun griyanipun Trunadăngsa, malah kula winyantên[21] dhatêng Trunadăngsa, kuwe kêbone sapa, wangsulanipun Trunadăngsa, kêbone Dipayuda, lajêng kula kèn nyêlukakên Dipayuda, Trunadăngsa sagah nyêlukakên Dipayuda, kula lajêng mantuk. Mênggah lajêngipun ing atur kula, inggih nugil kalihan aturipun biyang Nyamèh, ing ngajêng punika, kawula purun nyanggi supaos ibaripun[22] [i...]

[...baripun] inggih lajêng kaimbar.

Atur kula Ki Wiradrana, panglawe siti dhusun ing Sêndhang bawah Dêmak, prapat kaprênah lèr sangking Ngrajêg. Kula kadangu ing parentah, kala ing dintên Rêbo Pon tanggal kaping 28, wulan Sura ing taun Jimakir punika, kala pun Dipayuda tiyang alit dhusun ing Ngrajêg, kecalan maesa wontên pangenan kathahipun 4 iji, ingkang dipun dakwa mêndhêt pun Trunadăngsa inggih sami Ngrajêg. Pun Trunadăngsa sampun ngakêni mênawi mêndhêt maesanipun Dipayuda, ingkang punika atur kula botên sumêrêp. Mila kula matur botên sumêrêp. Kula botên kadhatêngakên dhatêng ing Ngrajêg. Saha kula botên midhangêt ungalipun ing gêndhong, sumêrêp kula dipun dhatêngakên kalih Radèn Kramawilaga, sarêng kula dumugi wontên griyanipun Radèn Kramawilaga, kula dipun kèn nguningani mênawi anggènipun kecalan maesa Dipayuda, ingkang dipun wêstani mêndhêt pun Trunadăngsa, ing wusana Trunadăngsa wau mukir botên ngakêni, mênawi mêndhêt maesanipun Dipayuda, punika bêkêl ing Ngrajêg wasta Tramênggala, lajêng wicantên dhatêng Trunadăngsa, wicantênipun Tramênggala dhatêng Trunadăngsa, ana ing Ngrajêg kowe wis ngaku mênawa kowe kang jukuk kêbone Dipayuda, barêng ana ngarsane Radèn [Ra...]

[...dèn] Kramawilaga kowe mukir, kale olèhmu ngaku jukuk kêbone Dipayuda akèh kang padha mêruhi, ing saiki kowe mukir, iya apa kang dadi karêpmu Trunadăngsa, cêlathumu lagi ana ing Ngrajêg kêbo mau jare kasikirake ana Bêndungan. Trunadăngsa lajêng mangsuli malih kalih Tramênggala, Kiyai Tramênggala mênawa kula mêksa dika arani ngupêtake kêbone Dipayuda atên[23] ing Bêndungan. Kula nêdha kanthi tiyang sintên kang wêruh mênawa kula ngupêtake kêbo atên Bêndungan. Wangsulanipun Tramênggala botên gêdugi nganthèni dhatêng Trunadăngsa, punika Radèn Ngabèi Kramawilaga lajêng dhawah dhatêng Tramênggala kalih Dipayuda, mênawi Tramênggala kalih Dipayuda kabêlok, sapriki punika, kalih kabêkêlanipun Tramênggala wontên ing Ngrajêg kamantunan. Kaping 2, kula kadangu kesahipun pun Truna, kula botên sumêrêp. Punapa malih gènipun pun Trunadăngsa kula inggah[24] botên wuninga, namung punika atur kula, kula gêdugi nyanggi supaos ibaripun, inggih lajêng kaimbar.

1. Wah aturipun Ki Trunayuda, bêkêl Kêledhung bawah Tlawah.
2. Wah aturipun Ki Sawijaya, bêkêl Karangmalang bawah Tlawah.
3. Wah aturipun Ki Mêrtamênggala, bêkêl ing Plasa bawahTlawah.
4. Wah aturipun Ki Rasidin, kaun ing Tlawah.

5. Wah aturipun Ki Singadrana, bêkêl ing Lêdhok bawahing Tlawah.
6. Wah aturipun Mita, bêkêl Kangkung bawah Tlawah.

Aturipun tiyang 6 punika inggih nugil[25] kados aturipun Ki Wiradrana, panglawe ing Sêndhang ingkang kasêbut ing ngajêng punika saha sami purun nyanggi supaos ibaripun inggih lajêng kaimbar.

Punapa malih kula dangu dhatêng prapat kathah prapatipun ing tiyang Ngrajêg. Maesanipun Dipapuda[26] ingkang ical punika, maesa 4, ingkang 3 babon, ingkang 1 wayah panggaron.

Punika kula dangu mênggah aosipun ing ngriki, ikang babon satunggalipun dipun aosi 18 reyal. Maesa tiga pangaos 54 reyal.

Ingkang satunggal wayah panggaron pangaos 9 reyal, maesa 4 pangaos 63 reyal.

Priksan ing Tlawah.

 


Sura. (kembali)
punika. (kembali)
disingkirakên. (kembali)
singkirakên. (kembali)
anggènipun. (kembali)
nampèni. (kembali)
glidhig. (kembali)
timbali. (kembali)
nyanggi. (kembali)
10 taun. (kembali)
11 Dipayuda. (kembali)
12 pitakèn. (kembali)
13 sanjang. (kembali)
14 Ngrajêg. (kembali)
15 inggih. (kembali)
16 imbar. (kembali)
17 sore. (kembali)
18 inggih (dan di tempat lain). (kembali)
19 tumbas. (kembali)
20 maesanipun. (kembali)
21 wicantên. (kembali)
22 imbaripun (dan di tempat lain). (kembali)
23 wontên (dan di tempat lain). (kembali)
24 inggih. (kembali)
25 nunggil. (kembali)
26 Dipayuda. (kembali)