Ringkasan: Laporan dari Kapten Li Yang Gi kepada tuan oprup, bahwa orang-orang yang dagang kapas, baik Jawa maupun Cina, bila membeli kapas di Banyumas harus ke tumenggung, patih atau ke bandarnya. Jika tidak, maka akan ditangkap dan tidak boleh melanjutkan perjalanan. Sebaliknya, jika ke tumenggung dan patihnya, masih harus menambah ongkos setiap kodi Rp. 5,- hal ini dirasakan memberatkan pedagang. Setelah kabar itu diperiksa, tumenggung tidak mengakui, hal itu atas prakarsa patihnya, bahkan pengakuannya telah melarang perbuatan itu. Yang ketiga, walaupun para pedagang itu membeli ke masyarakat, juga dikenakan beaya setiap 10 pikul, Rp. 2,50.
Sêrat saha, ingkang tabe akathah-kathah. Pun Kapitan Li Yang Gi ing Kêdhu. Konjuka ing kangjêng tuwan uprup ing Surakêrta[1] Adiningrat. Sasampuning konjuk tabe kula ingkang kathah-kathah. Wiyosipun. Kula angunjuki uninga ing sampeyan. Yèn kula kadhatêngan unjukipun bandar pun Rema. Sakathahipun tiyang Jawi tiyang Cina ingkang sami dagang kapas dhatêng ing tanah Toyamas, atumbas daganganipun tiyang ingkang kathah-kathah. Yèn botên tumbas kapasipun radèn tumênggung, kalih dhatêng pêpatihipun katiga bandaripun. Botên kenging lumampah sami dipun cêpêng. Dening yèn tumbas kapasipun radèn tumênggung kalih pêpatih, katiga pun bandar, nuntên mawi kenging yatra malih. Patumbas srêrat padhang. Sakodhi kalih kêton. Ingkang punika panuwun kula ing sampeyan, yèn botên sampeyan priksani dados sangêt susahipun tiyang têngga bandar. Sawab tiyang dagang sami botên purun yèn wontên tindak ingkang kados mêkatên. Kala rumiyin sampun sawêg lampahipun kangjêng tuwan idlir, dhatêng ing Toyamas andhawahakên dêduka, yèn tindakipun radèn tumênggung kados mêkatên, inggih sampun [sa...]
[...mpun] mantun angsal tigang taun, sarêng sêmangke nuntên mawi awisan malih. Namung priksa sampeyan ingkang kula suwun, kalih dening malih kula sawêg wontên ing Surakarta kula sampun apitakèn dhatêng radèn tumênggung. Radèn tumênggung botên ngangkên agadhah parentah angawisi, wrêtosipun kajêngipun pêpatih kimawon, malah radèn tumênggung badhe aputusan ajêng amênging angawis-awisi pêpatihipun. Sarêng katos[2] sêmangke dèrèng mantun-mantun angsalipun angawis-awisi, kula sumăngga ing sampeyan. Kalih kaping tiganipun malih sênadyan kenginga atumbas kapasipun tiyang kathah-kathah ingggih mawi tumbas srêrat padhang dhatêng pêpatihipun radèn tumênggung. Sêdasa rêmbat sakêton.
1 | Surakarta. (kembali) Surakarta. |
2 | ngantos. (kembali) ngantos. |