Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 12-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 70, Rê, Wa, 25 Jumadilakir Ehe 1868, 1 Sèptèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Kadhaton ing Maroko - Blilu tau - Bab sêsakit edaning sêgawon - Dhusun ingkang wontên wêwalêripun - Kawontênan ing Sêpanyol - Bab Pasar Gambir - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading wanita.

Kadhaton ing Maroko

[Grafik]

Ing nglêbêt kadhaton salah satunggiling Raja Islam ing nagari Maroko, ingkang palênggahanipun kagêlaran babut ingkang sarwa èdi-pèni.

--- 1090 ---

Blilu Tau

Anggitane: Wiryawiharja, sambêtipun Kajawèn nomêr 60

[Dhandhanggula]

Lèrèn guyu ngombe wedang sripit | banjur muni maune bandara | saikine dadi pladèn | muni mangkono iku | karo mênyat nyingkirke cangkir | sawise ngancing lawang | banjur manggul pacul | arêp mangkat mênyang têgal | dumadakan durung nganti têkan tritis | wis kandhêg ora sida ||

sèlèh pacul angilangi kancing | awit wêruh ana dhayoh têka | banjur mapag age-age | akanthi sêmu gugup | kacampuran bêbêging ati | sapa baya sing têka | têka gawe gugup | dhayoh mau uwong lanang | iya iku sing dhèk biyèn dingèngèri | nalika kasangsara ||

karo ngajak uwong wadon siji | iya iku sing agawe gita | awit wong iku mantune | sawise tata lungguh | sarta bage-binage slêsih | pitakone Ki Wana | kapriye ta gêndhuk | dene kowe têkan desa | têka dhewe lan ditêrke kang undhagi | êmbokmu kêna ngapa ||

lan bojomu parane nyang êndi | mara coba critaa sing cêtha | mantune mangsuli sarèh | kula criyos sing urut | ampun dadi kagèting ati | tumuli wiwit crita | caritane urut | wiwit lunga saka desa | angumbara jajah desa milang kori | wasana kêtilapan ||

wiwit iku saya mêlas-asih | sabên-sabên digodha wong ala | nganti mèh ilang nyawane | tujune isih mujur | ditulungi kaki undhagi | cêkake bisa luwar | saka ing pakewuh | Kaki Wana krungu crita | saya manjing bêktine nyang ki undhagi | sing awèh pitulungan ||

calathune marang ki undhagi | kaya-kaya karo nyêmbah-nyêmbah | saking bangêt panrimane | dhuh kakang langkung nuwun | mugi-mugi Kang Maha Asih | paringa kanugrahan | kamulyan kang agung | tumrap salira sampeyan | sumrambaha putra wayah sapawingking | dalah sakulawarga ||

dene kakang pun sasat nguripi | kang sapindhah dhatêng badan kula | dhatêng gêndhuk ping kalihe | kaki undhagi nyaut | niku êmpun ampun mang pikir | kula namung sadrêma | dados marginipun | awit sadaya-sadaya | êmpun èntên kwasane sing damêl urip | manusa mung sadrêma ||

rêmbugane lagi têkan kuwi | katêlune nuli barêng mênyat | sabab krungu rame-rame | sawise padha mêtu | banjur wêruh sing rame kuwi | uwong sapirang-pirang | lumaku gumrudug | ngiring wong wadon wis tuwa | lan wong lanang panganggone bêcik-bêcik | êmbuh wong iku sapa ||

23 Malês kabêcikan

... yèn ditata patute kêna dianggit | orane diêmot buku | iya kanggo omog-omong.

Gambuh

maratuwa lan mantu | ora pangling mênyang uwong mau | iya iku Nyi Wanajaya sing siji | dene wonge lanang iku | ora liya Wana ênom ||

wong loro mapag gupuh | karo tansah angusapi êluh | saking bêbêg ngrasakke [ngr...]

--- 1091 ---

[...asakke] bungahing ati | wong papat pating galuruh | Nyai Wana gêrok-gêrok ||

sêsambat ngadhuh-adhuh | ora nyana bakal bisa wêruh | nganti suwe lagi padha bisa lilih | nuli padha tata lungguh | dhayohe ngêpung kumroyok ||

kabèh kêpengin krungu | kojahe sing lagi têka iku | katêlune padha crita angêcipris | gênti muni rêbut sêru | suwarane nganti awor ||

ing sanalika iku | saya akèh sadulur sing nungsung | lanang wadon ênom tuwa gêdhe cilik | sing wuta padha dituntun | sing lumpuh padha digendhong ||

saking akèhe dhayuh | kaanane ngungkuli wong ewuh | nganti surup lagi padha pamit mulih | bêngine sing padha nungsung | sadulur sing adoh-adoh ||

besan saha nak putu | Karsatani sabrayat ya milu | kabèh padha ditêpungke ki undhagi | sing bèrbudi dhêmên tulung | ora nganggo mawang uwong ||

minăngka sambèn lungguh | ngrungokake kojahe wong têlu | yèn ditata patute kêna dianggit | oraa diêmot buku | iya kanggo omong-omong ||

sawise crita rampung | Kiyaine Karsatani sambung | kula nuwun kula ajêng anyambêti | lowung kangge imbuh-imbuh | kajêngipun mindhak gobyog ||

nalika angkatipun | pun Wana nom nusul bapakipun | mawi mampir griya kula nilar sapi | sapriki sapine niku | têsih ontên ngrika mawon ||

malah pun anak putu | kintên kula êmpun dados pitu | durung tutug rêmbugane Karsatani | Si Wana Sêtika sambung | calathune sajak notol ||

prakawis lêmbu niku | kajêngipun têtêp wontên ngriku | kangge nyaur sambutan kula rumiyin | awit inggih yatra niku | sing marai dadi lakon ||

[Iklan]

Karsatani sumambung | hla saiki aku milu untung | ingatase kelangan dhuwit saringgit | olèh ijol sapi pitu | tur jare dhuwite gopok ||

ngrungu mangkono iku | kabèh nuli gêr-gêran gumuyu | jagongane kocap nutug ing sawêngi | esuke bubaran rampung | dhayohe pamitan ngaso ||

barêng lan wêktu iku | ki undhagi pamitan kêsusu | wong saomah sire arêp anggendholi | sarèhne amburu prêlu | dadi kêpêksa rumojong ||

mung muji wantu-wantu | muga-muga nêmua rahayu | seje dina wong sabrayat gênti tilik | kanggo tăndha sêtya tuhu | têkan ing batin gumolong ||

anggone tilik mau | olèh-olèh sing luwih diprêlu | iya iku pêpanganan bêras krambil | kurang luwih pitung pikul | nganti katon ora ilok ||

uwis ora dirêmbug | ana kana apa sing dirêmbug | kacarita barêng mulih padha mampir | mênyang toko tuku kacu | kacuthêl uwis dikêthok ||

Tamat

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 318. Buku olah-olah, basa Jawi aksara Latin, wêdalan Bale Pustaka, samangke dèrèng dados. Manawi sampun rampung pangêcapipun badhe dipun wara-warakakên.

--- 1092 ---

Bab Kasarasan

Bab sêsakit edaning sêgawon (hondsdolheid)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 69

Sanajan cobèn-cobèn tumrap dhatêng sêgawon sampun kenging kawastanan sae sangêt lan kula sampun pitados dayanipun lan angeram-eramakên, ewadene yèn tumrap dhatêng tiyang, ingkang kangge nyobi jampi serum punika kula taksih dèrèng mantêp, awit tiyang punika langkung agêng aosipun tinimbang kewan.

Sadangunipun ingkang sêpuh-sêpuh sami rêrêmbagan, pun Joseph Meister wau ngantuk, lajêng tilêm. Nyonyah Pasteur lajêng ngajak biyungipun supados anakipun dipun tilêmakên ing kamar tamu.

Ing wanci têngah dalu Marie kalihan Nyonyah Meister sampun sami tilêm kêpatos, Tuwan Pasteur wungu alon-alon lumêbêt ing Laboratorium, mêdalipun saking ngriku ambêkta prabot pompa (injectie spuit) kalihan jampinipun (serum) lajêng lumêbêt dhatêng kamaripun Joseph...

Enjingipun Tuwan Pasteur wungu kanthi kagèt dening dipun wungu ingkang garwa lumêbêt ing kamar pasareyanipun, undang-undang: Louis, Louis!

Annette sampun dumugi mangsanipun, sampun nyakiti. Dr. Le Clerc ingkang sampun sagah badhe nulungi sapunika sakit piyambak, dados kêdah enggal ngaturi dhoktêr sanèsipun, enggal Jean Martel

Tuwan Pasteur wungu sarta jumênêng, lan ngandika: Ora, Jean ora kêna ninggal tanggungane, dhèwèke kudu ana ing Laboratorium.

Marie: Jean punika rak inggih semahipun, punapa botên kenging nilar padamêlanipun.

Tuwan Pasteur nyakêti ingkang garwa: Jean nyambutgawe kaya aku, nulungi bocah kang lara ambêbayani iku. Wis ta aku dhewe tak ngundang dhoktêr.

Sanajan ing dintên wau kalêrês jawah, Tuwan Pasteur mêksa tindak ngaturi dhoktêr, ngantos klêbus dening toya jawah. Wontên ing margi tansah grêmêngan: Apa kêbênêran anggonku nulungi bocah kang mèh mati iku, măngka aku dudu dhoktêr, apa serum kang mustajab kanggo tămba asu iku bisa mitulungi uwong. Annette! anakku ênggèr, kapriye kowe, aku lagi golèk dhoktêr kang kêna diprêcaya, kang gêlêm rêrêsik tangane lan gêlêm anggodhog prabotane.

Dhoktêr-dhoktêr ingkang sampun dipun purugi kêkalih sami pinuju kesah papriksa tiyang sakit, kêtiganipun nuju sakit, ingkang nomêr 4 kesahan têbih. Măngka sampun sawatawis dangu anggènipun ngupados dhoktêr wau, manawi botên enggal pikantuk dhoktêr, têmtu kasèp. Kaping 5 kalêrêsan kamirêngan wontên suwara kreta lumampah, dipun tingali kreta dhoktêr lampahipun bantêr, Tuwan Pasteur sanalika pirsa yèn ingkang nitihi Dr. Charbonnet.

--- 1093 ---

Tuwan Pasteur lajêng anggêmbor: Charbonnet Charbonnet, kèndêl rumiyin, kula badhe matur prêlu sangêt.

Ing manah Tuwan Pasteur ngraosakên dene samantên susah tuwin awrating godha punapadene panyedanipun têtiyang, tumraping tiyang ingkang nindakakên samubarang ingkang badhe dados sae punika.

Sarêng lampahipun kreta kèndêl, Dr. Charbonnet lajêng dipun aturi mitulungi Annette anggènipun badhe anglairakên jabang bayi.

Sasampunipun Dr. Charbonnet wontên ing dalêmipun Tuwan Pasteur lajêng ngandika: Kula purun dhatêng dalêm panjênêngan punika namung saking manut tatakramanipun dhoktêr dipun purih mriksa tiyang ingkang sakit utawi tiyang èstri ingkang badhe manak, nanging yèn kula dipun prentah rêrêsik tangan tuwin prabot-prabot (instrument) kêdah sami dipun godhog dipun rêsiki rumiyin makatên punika, prasasat kula dipun wulang tiyang ingkang sanès dhoktêr, punapa kula lajêng manut kemawon.

Tuwan Pasteur matur: Kula nuwun, klayan sangêt mugi-mugi panjênêngan krêsa mitulungi anak kula Annette, murih kalêrêsan anggènipun badhe ngêdalakên jabang bayi, mila awon sae tuwin awrat ènthèng kula sumăngga ing panjênêngan...

Dr. Charbonnet kèndêl anggalih bab punika, wasana lajêng pinarak ing meja panyêratan, anyêrat verklaring:

Kula Louis Pasteur nêrangakên yèn papriksan bab sêsakit edaning sêgawon, botên mikantuki ingkang lêrês saha botên migunani satunggal punapa.

Wicantênipun Dr. Charbonnet: Kula badhe purun nêtêpi punapa pamundhut sampeyan, janji sampeyan kêdah karsa năndha astani katrangan punika, sêratipun dipun thungakên dhatêng Tuwan Pasteur.

[Grafik]

Baksil sêsakit miltvuur.

Tuwan Pasteur kapêksa dening awrat dhatêng putranipun ingkang badhe nglairakên jabang bayi, sêrat dipun tampi lajêng ngasta pèn anăndha astani sêrat wau.

Dr. Charbonnet ngandika: Nuwun Tuwan Pasteur sapunika kula purun rêrêsik tangan lan anggodhog prabot potong (instrument). Manawi wulan ngajêng punika kula taksih gêsang, badan botên ewah saking dening serum sampeyan wau kula wênang damêl sêrat sêbaran kados ingkang sampeyan tandhani asta wau dhatêng para dhoktêr ing Eropah.

Badhe kasambêtan

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 1094 ---

Cariyos Kina

Dhusun ingkang wontên wêwalêripun

Dhusun Banjarsari, ondêr dhistrik Ambal, dhistrik Kuthawinangun (Kêbumèn) punika wiwit rumiyin mila botên kenging kadhatêngan ing priyantun ingkang sêdya anglampahakên padamêlanipun (padamêlan nagari), manawi botên angsal palilahing lurah dhusun. Dene bilih dhatêngipun ing ngriku namung prêlu dolan kemawon, inggih botên punapa-punapa. Tuwin sirikanipun malih, wontên ing ngriku botên kenging nêmbung nêdha: 1. jambu, 2. tênunan lurik, 3. sawung. Dene bibit sakawitipun wontên wêwalêr makatên punika, manut cariyosipun lurah ing dhusun ngriku, ingkang taksih turunipun ingkang damêl wêwalêr rumiyin, makatên:

Kacariyos ing jaman kina ing dhusun Kagungan (sapunika Banjarsari) wontên satunggiling tiyang tilas priyantun abdi dalêm ingkang nguwaosi dhusun ngriku, nama Radèn Kyai Somawana.

Radèn kyai sangêt gêntur pamêsuning budi, ing sêdya napakakên anakipun èstri ingkang sampun diwasa, anama Rara Mlathi. Sang dyah piyambak sangêt sêngsêmipun dhatêng kasutapan, dhasar sulistya ing warni, jatmika ing sêmu, sasolahipun sarwa mranani, wimbuh manis arum ing pangandika, botên anèh bilih lajêng dados têmbang kidungipun para jêjaka ing sakiwatêngênipun ngriku.

Ing alami-lami saking gêthok tumularing ginêm, pawartos wau ngantos dumugi ing praja, kapidhangêt ing panjênêngan nata ingkang ngasta pusaraning praja ing jaman samantên. Saking sangêt kapranan dening tumanduking pawartos wau, sang prabu sangêt kapencutipun arsa anguningani wartosipun sang dyah ingkang dados ojating nagari. Nuju satunggiling dintên dhawuh animbali abdi gandhèk kêkalih. Sarêng sampun sowan lajêng dhinawuhan punapa ingkang dados kaparênging karsa dalêm, amboyong Rara Mlathi.

Gancaring cariyos, caraka sampun dumugi ing dhusun Kagungan (Banjarsari), kapanggih Radèn Kyai Somawana. Sarêng sampun dipun jatosi punapa wigatosipun gandhèk wau, radèn kyai sangêt jumurungipun, nanging gacah[1] pamrayogi anantuna larenipun rumiyin ingkang badhe nglampahi. Cêkakipun Rara Mlathi inggih botên kawratan, nanging mawi aprajanji, bilih piyambakipun badhe tapa angluwang rumiyin, kangge pasêksèn kraos lan botênipun benjing wontên kraton. Manawi salêbêtipun kawan dasa dintên piyambakipun taksih wilujêng, pratăndha badhe kraos wontên ngrika, dene manawi botên, inggih botên.

Cêkakipun, Rara Mlathi lajêng tapa angluwang. Lêt pitung dintên malih, bênang ingkang kangge titikan kawontênanipun Rara Mlathi lajêng kadudut saking jawi, nanging... tanpa wangsulan. Radèn kyai sampun anggraita yèn anakipun nêmahi tiwas, luwang enggal kadhudhuk sarana dipun yêktosakên dening utusan kêkalih. Kados punapa kagètipun radèn kyai dalah utusan kêkalih, winoran ngungun, dene [de...]

--- 1095 ---

[...ne] luwang sampun kêpanggih kothong, Rara Mlathi musna tanpa lari. Sakala radèn kyai anjêngêr amêningi lêlampahan makatên, anjêgrêg mêgêr-mêgêr kados tugu sinukarta, dangu botên sagêd mocap. Saking sangêting nandhang duhkita, dening kapêdhotan sih katrêsnaning anak ingkang damêl woding manah, sanalika botên sagêd angampêt rudahing tyas, kasêsa angêdalakên ipat-ipat, inggih punika: sadaya priyantun ingkang anglampahakên wajibipun botên kenging dhatêng mriku, manawi botên angsal palilahing piyambakipun utawi turunipun. (Salajêngipun ingkang dados lurah ing Banjarsari sami turunipun Kyai Somawana). Tuwin botên kenging nêmbung nêdha: jambu, lurik lan sawung. (Sagêd ugi utusan kalih wau, rumiyin nêmbung nêdha makatên punika). Dene bilih wontên ingkang mêksa anêrak wêwalêr punika, têmtu amanggih sambekala.

Botên antawis lami ing luwangan tilas anggènipun tapa Rara Mlathi punika lajêng kathukulan wit waringin ingkang dumugi sapunika taksih gêsang sêgêr.

Sasedanipun Radèn Kyai Somawana, dalah saturun-turunipun sami kapêtak ing dhusun ngriku, dumunung sawingkinging kalurahan. Wondene utusan kalih kasêbut nginggil inggih ngajal ing ngriku, lajêng kapêtak ing panggenan sanès. (Botên kaeworakên kalihan radèn kyai).

Dene bab wêwalêr, punika miturut cariyos, manawi dipun trajang andrawasi.

Suwarsa. Ambal

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun para pandhu saking tanah ngriki nalika baris ngunjukakên ormat dhumatêng Sri Bagedha Maha Raputri[2] pupanadene[3] Sang Lord Baden Powell wêkdal pambikakipun jambore sadonya wontên ing Vogelenzang nagari Walandi. Ing ngajêng ingkang nyêpêng bandera Radèn Mas Darmara, pangarsaning pandhu saking Surakarta, kairingakên dening Tuwan G.J. Ranneft têtindhihing pandhu tanah ngriki.

--- 1096 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Sêpanyol

Kawontênanipun paprangan ing Sêpanyol ngantos kêsilêp dening wontênipun paprangan ing Tiongkok. Dene nyataning kawontênanipun taksih rame, malah tumrap ingar-ingêring lampah ingkang gêgayutan kalihan paprangan, pinanggih langkung muyêg.

Manawi ngèngêti wontêning nagari-nagari sanès ingkang sami tumut angêmori damêl, ngantos katingal nyilêpakên kawigatosanipun Sêpanyol piyambak. Kados ta tumrapipun Inggris, pamanahipun dhatêng pajagèn tata têntrêm ing papan paprangan tansah umindêng, ewadene tansah kêtrocoban ing sabab. Ingkang makatên wau Inggris kêpêksa nindakakên kasantosan, bètèng-bètèng ing Gibraltar lajêng dipun santosani, dipun pasangi mriyêm-mriyêm sami gagrag enggal, tuwin dilah-dilah sorot, punapadene pirantos kangge mirêngakên manawi wontên motor mabur dhatêng. Malah pajagèn ing ngriku wau botên ngêmungakên punika kemawon, ugi ngawontênakên wadya pilihan kathah. Mênggah wosipun, samăngsa-măngsa tuwuh paprangan, sampun sarwa sumadhia, dhasar ing ngriku punika satunggiling papan ingkang sarwa mikantuki, polatanipun ing lautan sagêd tumuju dhatêng pundi-pundi. Mila tumraping mêngsah, badhe rêkaos ngambah ing ngriku.

Tumrapipun Inggris, pangudinipun amrih sirêping paprangan sampun botên kêkirangan, nanging rêmbagipun tansah guyêng dèrèng wontên karampunganipun ingkang maton, kêpêksa tansah kêmoran rêmbaging sanès, măngka tumraping sanès wau, rêmbagipun kathah ingkang lèrèg dados jalaraning rame.

Ing sarèhning bab rukun sajakipun sampun angèl kalampahanipun, tuwin nyatanipun tansah wontên sabab-sabab ingkang tuwuh, mila Inggris lajêng gadhah tindak sêrêng, saha lajêng ngawontênakên parêpataning para kawogan ingkang inggil-inggil, ngrêmbag ing bab lampah layaran ing sagantên têngah, amargi lampahing kapal ing sagantên ngriku tansah dipun ganggu damêl. Ingkang punika parentah Inggris lajêng dhawuh pangagêng wadya lautan, samăngsa wontên kapal dagang Inggris dipun têmpuh ing kapal silêm malih tanpa pêpèngêt, kapal pêrang Inggris dipun wênangakên malês nêmpuh.

Ing bab pinanggihipun ing paprangan taksih ajêg rame, wadya kabangsan tansah ngangsêg dhatêng papan paprangan ngantos sagêd ngundurakên barisan mêngsah, malah lajêng sagêd angêbroki lênglêngkèhing[4] parêdèn Puerto del Escudo. Pangrêbatipun golongan kabangsan dhatêng papan ngriku punika kanthi nêmpuhakên wadya mriyêman tuwin wadya gêgana sarana andhawahi bom anggêgirisi. Sasampunipun kêcêpêng punika, wadya kabangsan rumaos sampun pagêd[5] nyingkirakên pakèwêd ingkang ngalang-alangi lampah. Sarèhning golongan kabangsan nama manggih papan langkung mikantuki, lajêng gampil anggènipun ngangsêg dhatêng papan sanès. [sa...]

--- 1097 ---

[...nès.] Nanging tumraping wadya parentah malah saya mêmpêng anggènipun nanggulangi, dipun antêpi dumugi pêjah. Kawêkasanipun sagêd damêl karisakaning wadya kabangsan.

[Grafik]

Sêsawangan ing Gibraltar, dipun tingali saking gêgana.

Paprangan ingkang sampun kados makatên punika nama sampun sami waringutên, makatên ugi manawi sampun angsal dhadhakan badhe sagêd ngrêbat nagari, punika adhakan nuwuhakên tindak têgêlan. Kados ingkang pinanggih kala bêdhahipun kitha alit Reinosa, punika tumraping wadya parentah saksat botên gadhah kêkiyatan nanggulangi. Ewadene tumrap wadya ingkang jagi korining kitha sami kêncêng angêkahi, ingkang kawêkasanipun sami tumpês sadaya.

Jiwanipun ing ngriku punika padatan wontên 15.000, nanging sapunika namung kantun 2000. Sawanganipun ing kitha ngriku sakalangkung ngêrês-êrêsi manah, ing margi-margi kèbêkan mayit ambalasah, dêdamêl pating salêbar botên kantên-kantênan.

Kajawi punika wontên pabrik dêdamêl tuwin obat mimis ing saindêngipun Sêpanyol. Ing salêbêtipun paprangan punika, pabrik wau taksih ngadêg jêjêg, mila agêng sangêt pigunanipun. Nanging sarêng pabrik wau kêrêbat ing golongan kabangsan, ing sadèrèngipun sampun dipun risak dening wadya parentah piyambak. Tindak makatên wau inggih wontên awon tuwin saènipun, awonipun dene lajêng ngrisak satunggiling pakaryan ingkang mikantuki dhatêng praja, saenipun, dene lajêng kêpêksa nyuda dêdamêling paprangan. Nanging manawi ngèngêti paprangan punika botên badhe gampil sirêpipun, pinanggihipun inggih botên kirang jalaran ingkang dados lantaraning ngramèkakên.

Kawontênan ing paprangan ingkang pinanggihipun kados makatên, punika nama limrah bilih pinanggihipun namung badhe sarwa rame, awit satunggal-satunggaling golongan botên niyat badhe ngêndhoni.

--- 1098 ---

Pasar Gambir

I

Garèng : Wah, Truk, dêlêngên, gapuraning Pasar Gambir kathik kaya kuwih tar. Kae, lho, sing jênêngane konêngên krun, tur konêngên krun ... tèji.

[Grafik]

Petruk : Wadhuh, kathik kaya jaran diunèkake: tèji. Kang Garèng, saikine kowe lan aku iki padha macak gajah, dadi cara pyayi dêlês, nèk aruh-aruh ambok aja sêru-sêru, dêlêngên wong-wong padha nolèh mrene, daran-daranana kene mêngko rak mung mèmpêr karo pyayi bae. Têgêse: dadi dudu... pyayi. Ora, Kang Garèng, kok kadingarèn têmên, têka ana ing Pasar Gambir, kathik ora karo bakyu, apa saiki kowe wis... mênang.

Garèng : Nèk aku iki seje, Truk, wong iya kandhidhat... suwarga, êmoh nyang padon-padon kuwi, luwih-luwih nyang bojo sabisa-bisa kudu arêp tansah gawe lêganing atine bae. Mulane tumrape bakyumu, sing tak cêkêli iya unèn-unèn mangkene kae: sing kêna iwake, aja nganti buthêk banyune. Bukake Pasar Gambir iki, aku kêpengin nonton dhewe, amrih bisane kalakon, banjur tak tindakake mangkene:

Ana ing ngomah aku kăndha karo bakyumu: bune, bune, wèh, aku sênêng bangêt, mulane poma sapisan kiyi panjalukku nyang kowe turutana. Sapisan kiyi nèk kowe gêlêm mituruti panjalukku, cêkake: namaku mumbul. Kosokbaline yèn kowe ora miturui karêpku, wah, iya ajêg mung Mas Ngantèn Garèng bae. Lho, têrange mangkene, bune. Besuk bukak Pasar Gambir iki aku olèh ulêman, dadi dianggêp: ndara gêdhe kae, nanging anggonku olèh ulêman iki, sabênêre [s...]

--- 1099 ---

[...abênêre] mono katarik saka anggonmu dadi pêmimpin kumpulan wanita, jarene ana ing kana papan kanggo pêmimpin-pêmimpin iki wis disêpisalake (dipijèkake), tur ngegla bangêt. Wa - dhuh, nèk garwane aku lênggahe ngegla katon para panggêdhe-panggêdhe, mêsthine padha aruh-aruh: lho, sing brêgas lan kanjat kae rak: Mopro Nala, ta. Mara, apa jênêngku ora katut dadi kêmbang lambene para luhur. Tak kandhani mêngkono kuwi wangsulane karo nyêngap: êmoh, êmoh, aku dudu sapi, kathik arêp ditèntunsêtèlêngake, aku arêp ana ing omah bae. Ing batin atiku: ha - ha - hak, hure, nanging raiku tak gawe sajak ngênês bangêt kae, sarta banjur kăndha karo ngrintih mangkene: o, alah, bune, sapisan kiyi ambok turutana, yèn nganti kowe ora milu, aku rak iya kisinan bangêt, mulane... wis, ah, luwih bêcik aku tak nyang ngomah bae.

Ing batin aku rada dhêg-dhêgan, Truk, mêngko gèk kăndha: iya wis, nyang ngomah bae, ora prêlu lunga. Nanging jêbul ora, malah saya marah-marah, kandhane: apa, êmoh lunga, wong lanang gawene mung arêp gawe isin wong wadon bae, daran-daranana aku sing mênging, aku sing ngèlikake. Ora kêna ora mêsthi mangkat, hur. Hla, kuwi, Truk, karo tak mingsêk-mingsêkake aku banjur muni mangkene: iya karo kowe, ta, bune. Kuwi karo cêkak aos, bakyumu kăndha mangkene: ora susah kakehan omong, kowe mangkat dhewe, habis prêkara.

Petruk : We, hla mêtu kadigdayane, Kang Garèng, dadi cêkake, bakyu diapusi mêlèk-mêlèkan ane. Wis, wis, Kang Garèng, saiki wis têkan ing panggonan sing kanggo ambukak. Ayo, padha golèk papan lungguh.

Garèng : Wis, kono lungguha dhewe. Aku arêp golèk panggonan sing cêtha kanggo: ngotrèk.

[Grafik]

Petruk : (Garundêlan): Wèh, nyamari thok bae, Kang Garèng kae. Wong dhèwèke kuwi sok ora ngrêti duga prayoga. Mêngko gèk... hla, lidok...

Garèng : Dhiêm - dhiêm - dhiêm.

Petruk : Wis, cilaka têmênan, motrèt wong akèh, kathik dipadhakake motrèt wong siji loro bae nganggo ngabani. Mara, tuwan bêrgêmistêr anggone lèngsêng nganti lèrèn. Bokmanawa ngira yèn di... sêtop pulisi.

--- 1100 ---

Walandi jèjèripun: Sèh, mênir, itu orang siapah... bêtul-bêtul tidhak tau aturan.

Petruk : Wah, wong sayah jugak tidhak tau. Kênal-kênal iya cumah dhi sini sajah. Malah tadhinyah sayah kirah itu orang rada sakit kênclung...

Garèng : Sapa, Truk, sing kênclung...

[Grafik]

Petruk : Sêt, Lănda jèjèrku iki, wong sampanyê duwèkku jare ditênggak wani. Ora, Kang Garèng, anggonmu motrèt olèh pira, lan kira-kirane apa iya dadi.

Garèng : Anggonku ngotrèk rambah kaping nêm, Truk, nanging dadi utawa orane, hla, kuwi êmbuh. Wong-wonge obah-obah bae, karo manèh wong iya... ora ana pilême.

Petruk : We, hla, dadi anggone motrat-motrèt kuwi mau, mung kanggo gagahan thok bae. Lho, Kang Garèng, sajake wis rampung tata carane ambukak Pasar Gambir, tandhane wong-wong wis padha ngadêg kabèh. Lho, lho, èprèt-èprète wis labuh muni, arêp diwiwiti bêbarêngan kaliling ana ing papan Pasar Gambir. Ayo, Kang Garèng, padha milu.

Garèng : Nèk milu kliling aku ora mupakat, Truk, kang kapisan, lakuku mêsthine kithal. Sabab liya-liyane anggone padha mlaku, têmtune manut gêndhing, dadi nèk gêndhinge: tojing, tojing, tojing, lakune iya: thoprak, thoprak, thoprak, balik aku...

Petruk : Iya: kêtanting, grèk, kêtanting, grèk.

Garèng : Wis, ora susah nganggo ana candhake. Kajaba saka iku, Truk, kudu mêlas karo sing nyang ngomah, mulane klilinge, liya dina bae karo: mopro-mopro, saiki bêcike padha ngaso dhisik, kana bae lho, Truk, aja kuwatir, mêngko... aku bayarana.

Petruk : We, hla, ora gênah, kono sing ngajak, têka kene sing dikon ambayari. Karo manèh, Kang Garèng, ambok iya rada ngajèni karo sandhangane sêthithik, wong brêgas-brêgas mêngkene, kathik ngiras gadho-gadho.

Garèng : Lho, kuwi kang jênêng wong utama, Truk, aja dupèh wêton sakolahan nagara Lănda, utawa anggandhèng Nonah Mari, banjur lali sêga gudhêg.

Petruk : We, hla, kujur, têka banjur mêlèhake pêtarangane, iya, iya, ayo, timbangane mêngko padu, luwih bêcik tak turutane.

--- 1101 ---

[Grafik]

Tutupipun Jambore

Gambar ingkang kacêtha ing nginggil punika barisaning para pandhu wontên sangajênging Lord Baden Powell ingkang ing wêkdal punika mêdhar sabda ngadêg wontên ing papan inggil. Lord Baden Powell mêdhar sabda ing bab wigatosing jambore dumugi tutuping jambore. Ing nalika para pandhu wau mirêngakên wêdhar sabdanipun Lord Baden Powell wau, sadaya sami rumaos cuwa ing manah dene badhe pêpisahan, lan nguda raos: benjing punapa sagêdipun pêpanggihan malih.

Punapa malih sarêng Lord Baden Powell mêdharakên sabda: sagêd ugi panjênênganipun botên sagêd pêpanggihan malih kalihan para pandhu wau, jalaran angrumaosi yuswa sampun sêpuh (inggih punika yuswa 80 taun), para pandhu manahipun sami karaos-raos.

Gambar nginggil: barisaning para pandhu. Gambar ngandhap, nalika Lord Baden Powell mêmar[6] sabda.

--- 1102 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Tiyang boyongan saking Ngayogya dhatêng tanah Sabrang. Tumrap Ngayogya, ing bab tumindakipun golongan tiyang boyongan dhatêng tanah Sabrang sampun tumindak. Wontên 60 kulawarga isi jiwa 213 kabidhalakên dhatêng paboyongan ing Selebês, 61 kulawarga isi jiwa 181 bidhal dhatêng Sumatra. Têtiyang ingkang sami boyongan wau sami angsal paringan pirantos têtanèn jangkêp saking Pêpatihdalêm.

Warga P.K.N. mudha ing Ngayogya. Dumugi wêkasaning wulan Juli 1936 warga P.K.N. mudha sampun wontên 4091, ingkang 202 èstri. Dumugining wulan Juli 1937 mindhak dados 8702, ingkang 2071 èstri, dados ing dalêm sataun wêwah 4611. Warga samantên wau saking bawah kabupatèn Ngayogyakarta wontên 1929, Bantul 2635, Gunungkidul 1503, Kulonprogo 2132 tuwin ing Adikarta punapadene Pakualaman 503.

Ama keyong ing Bêtawi. Ing bab wontêning ama keyong ing Bêtawi pinanggih mradini ing pundi-pundi. Ing bab punika gemeente ugi ngêmori damêl, asarana rekadaya pados keyong wau, sintên ingkang sagêd ngladosakên keyong, sabên saêblèg lisah pèt dipun sukani arta sabenggol. Dumuginipun sapunika dèrèng manggihakên rekadaya sanèsipun.

Inggah-inggahan tuwin ingsêr-ingsêran ing Jawi-Wetan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, tuwan Wijatmo, Aib. nindakakên padamêlan mantri kabupatèn ing Pasuruan, paresidhenan Malang, dados asistèn wêdana ing paresidhenan Surabaya. R. Soedardji alias Djojowinoto, wêdana dhistrik Bawean, kabupatèn tuwin paresidhenan Surabaya, dados wêdana dhistrik ing Papar, kabupatèn tuwin paresidhenan Kêdhiri. R. Arijadi Nitinêgoro, tijd. fd. regentschapssecretaris klas 1 ing Jêmbêr, paresidhenan Bêsuki, dados regentschapssecretaris klas 1 ing Jêmbêr, paresidhenan Bêsuki. R. Soemantri Adiprodjo tilas regentschapssecretaris klas 1 ing Jêmbêr, paresidhenan Bêsuki, dados wêdana dhistrik ing Timurlaut, kabupatèn Sumênêp, paresidhenan Madura.

Ingsêr-ingsêran tuwin inggah-inggahan ing Jawi-Têngah. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah, R. Soegiri Soemobroto, wêdana dhistrik ing Brêbês, paresidhenan Pêkalongan, dados wêdana dhistrik ing Salatiga, paresidhenan Sêmarang. R. Soepadi, wêdana dhistrik Randudongkal, kabupatèn Pêmalang, paresidhenan Pêkalongan, dados wêdana dhistrik ing Brêbês, paresidhenan Pêkalongan. R. Mohamad Ben Tjokrowidjojo, wêdana dhistrik Bêlik, kabupatèn Pêmalang, paresidhenan Pêkalongan, dados wêdana dhistrik ing Pêmalang, paresidhenan Pêkalongan. R. Santoso Tjokrosonto, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Salam, kabupatèn Magêlang, paresidhenan Kêdhu, dados asistèn wêdana ing paresidhenan Kêdhu. M. Soedirgo, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi Veldpolitie ing Pathi, paresidhenan Japara - Rêmbang, dados asistèn wêdana ing paresidhenan Sêmarang.

Commissie tumrap examên wêkasan ing Stovit ing Surabaya. Tumrap examên wêkasan ing Stovit ing taun pêngajaran 1937–1938 Surabaya sampun miji commissie: Tuwan R.J.F. van Zeben, pangarsa. Warganipun: Dr. J. Eggink, J.M. Klinkhamer, M. Knap, Dr. A.J. Slot. wd. directeur C.B.Z. mulang geneesmiddelleer, Dr. H. Mulder, medisch leeraar ing Nias, kawajibakên mulang babagan pathologische anatomie, Dr. H.W. Lubberhuizen, medisch leeraal, kawajiban mulang babagan anatomie, Dr. J. Harkink, medisch leeraal Nias, dipun wajibakên mulang babagan algemeene chirurgie tuwin I. Thal Jantzen, apotheker C.B.Z. kawajibakên mulang babagan recept.

Paargyan jumênêngan Sultan ing Deli. Ing bab paargyan mèngêti jumênênganipun Sultan ing Deli sampun kalampahan kabikak kala ing dintên Sabtu kêpêngkêr, dipun urmati ing mriyêm. Ingkang anjênêngi ing kadhaton wontên tiyang 500. Residhèn anjênêngi, minangka wêwakildalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana.

Pêtêng jalaran arta f 10.-. Ing dhusun Tanjung, Kedungtuban, Cepu, wontên tiyang nama pak Rah mêntas nyade lêmbunipun pajêng f 25.-, arta samantên wau ingkang dipun sukakakên ingkang èstri namung f 15.-, ingkang f 10.- warni arta kêrtas, dipun rimati piyambak kadèkèk wontên sangandhaping gêlaran. Wusana anakipun ingkang sawêg umur 4 taun sumêrêp arta wau lajêng dipun pêndhêt saha dipun uwèk-uwèk. Bapakipun sarêng sumêrêp bab punika lajêng kêsupèn, anakipun dipun sabêtakên ing saka, sanalika tiwas.

Bata badhe ngêdêgakên pabrik wontên ing tanah ngriki. Ingajêng wontên raosan, bilih parentah badhe damêl pabrik sêpatu wontên tanah ngriki, samantên wau manawi botên wontên babadan partikêlir ingkang badhe ngêdêgakên. Ing sapunika wontên wartos bilih Bata gadhah sêdya badhe ngêdêgakên pabrik sêpatu wontên ing tanah ngriki. Sanadyan sêdya punika dèrèng wontên wartosipun ingkang umum, nanging wontên wartos bilih ing sapunika sampun mêling mêsin-mêsinipun saking Tsjecho-Slowakije. Salajêngipun wontên wartos bilih badhe ngangge punggawa kathah, nanging pandamêling barang mawi dipun watêsi. Pabrik wau badhe kaêdêgakên wontên ing Jawi-Têngah.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana badhe têdhak Bantên. Wontên wartos, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana badhe anjumênêngi ajar-ajaran nglêpasakên mriyêm ing kapal pêrang, nitih kapal Rigêl. Dumugining tanggal 4 Sèptèmbêr têrus mandhap ing Mêrak. Saking Mêrak têrus têdhak ing laladan Bantên nitih auto. Wontên ingriku badhe mriksani barang-barang kina ing Bantên punapadene patilasan-patilasan kina. Têdhakan punika kapetang namung lêlancaran, kawiwitan saking Mêrak mêdal Pandheglang, Rangkasbitung tuwin Jasinga lajêng dhatêng Bogor.

Gemeente ing Bêtawi kêpêksa ngicalakên arta f 69.000,-. B. en. W. sampun usul dhatêng Gemeenteraad ing Bêtawi, tumrap panagihipun Gemeente dhatêng panggaotan-panggaotan tuwin dhatêng sêkolahan-sêkolahan tuwin sanèsipun ingkang têtela sampun angèl, supados dipun icalakên kemawon. Arta wau wontên f 69.000.-.

Pamulangan luhur pêngadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan, Nonah C.L Beerschorst. Lulus candidaatsexamen perangan kaping kalih, Tuwan Hidajat. Lulus doctoraalexamen perangan tiga, Tuwan-tuwan Loa Wan Leng tuwin J.P. Cochlovius.

EROPA

Pogokan ing Polên. Ing Polên wontên pogokaning golongan tiyang tani, dangu-dangu lajêng tumular dados umum. Ingkang mogok wau golonganing tani bêrah, lawanan kalihan ingkang suka padamêlan. Pangagêng nagari sampun tumindak ngrukunakên ingkang sami pasulayan. Tuwin wontêning pogokan punika njalari rêrêgèning têtêdhan dipun watêsi. Rêgining mêrtega tuwin glêpung gandum sampun mindhak 40%.

Pêthal anggènipun supêkêtan. Miturut wartos parentah Portugal sampun mêthalakên anggènipun sêsambêtan rêmbag kalihan Tsjecho-Slowakije, tuwin sampun akèn wangsul utusanipun ingkang wontên ing Praag. Mênggah ingkang dados jalaranipun, ingajêng Portugal aprajanji tumbas sênjata dhatêng Tsjecho-Slowakije, saha sampun kalampahan, nanging ing sapunika wontên prasabênipun Tsjecho-Slowakije, bilih bab sade makatên punika botên kenging, jalaran gêgayutan kalihan paprangan ing Sêpanyol.

--- 1103 ---

Wêwaosan

II. Lêlampahanipun Dhobrinya

8

Ing kala punika Dhobrinya kèngêtan dhatêng pêpèngêtipun ingkang ibu, sarta lajêng mangrêtos, bilih pangandikanipun wau botên ngayawara kados pangintênipun, pancèn wontên pikajêngipun ingkang wigatos. Dhobrinya mawas dhatêng mêngsahipun ingangkang[7] gêgirisi saha ingkang ing kala punika kêkitêr wontên ing awang-awang kados garudha badhe nglayang, saking agênging naga wau ngantos adamêl pêtênging papan ngriku. Sakala punika Dhobrinya angrumaosi têmtu botên badhe kuwawa ananggulangi naga punika, amila ing batos sampun botên acipta gêsang. Ewasamantên piyambakipun botên nêdya ngatingalakên aliting manahipun, kosokwangsulipun malah asêsumbar makatên:

He, naga lêlêthêking jagad, kowe aja guru-guru anjagakake yèn mêsthi bakal bisa ngalahake aku. Yèn kowe wis bisa nyêkêl aku, kowe lagi bisa ngumukake marang apêsing awakku. Mungguhing saiki Dhobrinya durung ana ing panguwasamu.

Sasampunipun cariyos makatên wau, Dhobrinya lajêng nyilêm mangandhap. Ing sarèhning piyambakipun punika pintêr sangêt ngêlangi, katingalipun anjêdhul malih sarêng sampun wontên ing pinggir. Salajêngipun Dhobrinya nuntên enggal-enggal mêntas saha lumajêng nuju dhatêng papaning kapal tuwin panganggenipun prajuritan wau.

Ing batos Dhobrinya angunandika makatên: Yèn aku bisa tumêka ing kono andhisiki naga kae, kiraku aku bisa slamêt.

Dhobrinya lumajêng rêrikatan, nanging sarêng dumugi ing papan ingkang dipun tuju wau, rencangipun jalêr, kapalipun, punapadene panganggenipun prajuritan sampun botên wontên ing ngriku. Dhobrinya abêngok-bêngok nimbali abdinipun, nanging botên pikantuk wangsulan. Jalaran, kala abdi jalêr wau sumêrêp wontên naga kêkitêr ing awang-awang, saking kagètipun, kapal tuwin anggèn-anggèn prajuritan tumuntên enggal-enggal kabêkta lumajêng wangsul dhatêng Kiyèf.

Ing sakawit pun naga katliwêng jalaran Dhobrinya ujug-ujug botên katingal, nanging botên watawis dangu lajêng sumêrêp malih. Ing kala punika nêpsunipun kagila-gila, dene mangsanipun mèh kemawon sagêd oncat. Pun naga lajêng ngêdalakên latu pintên-pintên saking cangkêmipun ingkang kadhawahakên dhatêng Dhobrinya, ngantos anjalari badanipun Dhobrinya sami gosong-gosong.

Dhobrinya nolèh mangiwa manêngên, bokmanawi sagêd amanggih barang punapa-punapa, ingkang sakintên kenging kangge pirantos anglawan krodhanipun pun naga. Awit mênggahing pamanggihipun Dhobrinya, botên kenging botên ing wusananipun kêmtu[8] tiwas dening naga, mila namung badhe pasrah jiwa raga kemawon, nanging sasagêd-sagêd inggih badhe anglawan kanthi sakiyatipun, prêlunipun sampun ngantos ing têmbe pun naga gadhah gagasan, bilih kalanipun Dhobrinya katêmpuh, namung pasrah tanpa wontên panglawanipun babarpisan.

Naga murugi ngantos cakêt, ngerang-erang dhatêng Dhobrinya anggènipun tanpa pangangge tuwin tanpa dêdamêl wau, sarta sakêdhap-sakêdhap nyêmburakên latu dhatêng sariranipun satriya punika, ingkang anjalari sariranipun sakojur pating dlêmok sami gosong. Mênggah sêdyaning naga botên badhe tumuntên mêjahi pun Dhobrinya, namung badhe sênêng-sênêng ningali anggèning mêngsahipun kamigilan tanpa daya rumiyin. Sasampunipun, botên beda patrapipun kadosdene kalihan para satriya sanès-sanèsipun, Dhobrinya lajêng badhe katêlale saha kaangkat kabêkta dhatêng ing guwanipun. Wontên ing ngriku niyatipun pun naga, Dhobrinya lajêng badhe katlikung, ngantos dumugi ing pêjahipun. Mênggah pikajêngipun naga, salajêngipun badhe mêlèhakên ingkang mêca, bilih pêjahipun ing têmbe jalaran saking Dhobrinya, manawi pamêcanipun wau dora, Dhobrinya botên sagêd amêjahi pun naga, malah kosokwangsulipun: Dhobrinya dhawah ing panguwasanipun pun naga.

Salêbêtipun makatên punika Dhobrinya piyambak inggih mangrêtos, bilih piyambakipun dipun damêl dolanan dening naga, botên beda kadosdene tikus ingkang sawêg kangge dolanan dening kucing. Mênggah tumrapipun Dhobrinya piyambak, ingkang adamêl ngênêsing manahipun, punika botên sabab anggèning badhe pinêjahan dening naga, namung jalaran saking anggènipun babarpisan botên anggadhahi kêkiyatan kangge anglawan mêngsahipun wau.

Ing salêbêtipun wontên ing bêbaya ingkang samantên agêngipun wau, Dhobrinya namung angunandika makatên: aku rumasa luput bangêt, dene aku ora manut miturut apa dhawuhe ibu, ingatase aku ora kaparêng adus ana ing kali Pusai iki, têka mêksa tak lakoni bae. Saiki tiba ukumane anggonku ora ambangun-turut mau. Mungguhing aku sanyatane, ora gêtun dene bakal tumêka ing tiwas, sing tak gêtuni dene aku kudu mati sarana dalan kang asor lan nistha bangêt, yaiku: tiwas jalaran ditêlale utawa dikêmah-kêmah ing naga, kewan rêrêgêding jagad.

--- 1104 ---

Ing salêbêtipun Dhobrinya anggagas makatên wau, dumadakan sumêrêp barang mancèrèt gumlethak wontên ing siti. Barang wau inggih punika: kudhung ngangrangan waja, ingkang ing sêmu, jalaran saking kasêsanipun abdi anggèning tumuntên lumajêng, barang wau lajêng katilar wontên ing ngriku. Dhobrinya lajêng enggal-enggal mêndhêt kudhung wau saha lajêng kaisenan pasir ingkang wawratipun kirang langkung kawan dasa sanga kilo. Kudhung ngangrangan waja punika wawratipun pancèn inggih sampun anglangkungi, mila sarêng kaisenan pasir samantên punika, tamtunipun inggih saya awrat malih. Tumrapipun Dhobrinya kudhung wau inggih kenging kangge pirantos ananggulangi mêngsahipun. Tanpa taha-taha Dhobrinya lajêng anêmpuh pun naga, sarta sarana kudhung ngangrangan wau naga lajêng kagêbag têlalenipun, ngantos têlale tiga-tiganipun pisan sami tugêl dhawah ing siti. Gêbagan ingkang kaping kalih ngengingi gêgêripun, ngantos naga wau dhawah ing siti, prasasat tanpa daya malih. Kanthi trêngginas Dhobrinya nyandhak tênggokipun naga mawi tanganipun kiwa, salajêngipun sarana tanganipun ingkang têngên, êndhasipun naga tiga pisan badhe katigas mawi dêdamêl kudhung ngangrangan waja wau, nanging ing kala punika naga lajêng ngrintih andhêku-dhêku nêdha ngapuntên, sarwi wicantên: dhuh, Dhobrinya, bocah bagus, bocah kêndêl lan prawira, aku ngapuranên, dene aku kumawani ngrêridhu nyang kowe. Sanyatane ora ana gawene babarpisan saupama kowe matènana aku, bêcik aku uripana bae, lan sabanjure aku prasêtya nêdya dadi sadulurmu sinarawèdi. Nanging poma panuwunku nyang kowe, aja pisan-pisan kowe têka ing guwa papan padununganaku, lan aku iya nêdya prasêtya salawas-lawase ora bakal aganggu gawe para kawulane praja Ruslan kene, mangkono uga aku prasêtya, sabanjure aku ora bakal arêp milara wong kang tanpa dosa, sarta anggondoli para satriya marang guwaku. Kajaba iku, sabanjure aja nganti kowe lan aku nganti pasulayan, malah bisaa urip kaya sadulur kang tunggal bapa lan biyung.

Ing sarèhning Dhobrinya punika taksih anèm, wah malih kirang jêmbar wawasanipun, amila inggih lajêng pitados kemawon dhatêng wicantênipun naga wau. Saha lajêng anyagahi salami-laminipun dados sadhèrèkipun sinarawèdi. Dene mênggahing pun naga inggih anyagahi sadaya ingkang dados panêdhanipun Dhobrinya. Salajêngipun naga nuntên kaluwaran, sarta botên watawis dangu inggih lajêng mabur dhatêng ing awang-awang. Nanging aburipun naga botên lajêng nuju dhatêng guwanipun, kadosdene ingkang dados panêdhanipun Dhobrinya, nanging malah ngênêr dhatêng Kiyèf.

Wontên ing sanginggiling kitha kasêbut nginggil, naga wau lajêng kêkitêr wontên ing awang-awang ngupados kurban. Ngantos dangu botên katingal satunggal-tunggala tiyang ingkang langkung ing margi, awit ing wêkdal punika, mèh sadaya tiyang, jalaran saking bêntèring hawa, sami ngupados papan ingkang asrêp-asrêp, dados manawi botên wontên ing salêbêting griya, inggih ngupados papan asrêp ing sangandhaping wit agêng sapanunggilanipun. Ing kala punika niyatipun naga sampun badhe cêngkelak wangsul nuju dhatêng guwanipun, nanging dumadakan sumêrêp wontên satunggiling kori gêdhong kina kabikak, saha botên watawis dangu wontên satunggiling kênya ingkang saklangkung endah ing warni, mêdal saking ngriku, kairit ing tiyang èstri sawatawis. Sadaya wau sami nuju dhatêng patamanan, ingkang dunungipun wontên ing sapinggiripun lèpèn Nyèpêr. Mênggah sajatosipun kênya kasêbut nginggil, botên sanès kajawi: Dèwi Pujatisna, sadhèrèkipun nak-dhèrèk Sang Prabu Wladhimir. Dene krêsanipun sang dèwi, kanthi kadhèrèkakên para abdinipun tindak dhatêng patamanan wau, nêdya badhe ngenggar-enggar panggalih sarta siram wontên ing lèpèn Nyèpêr.

Kados alap-alap nyambêr dara, naga wau enggal-enggal sumiyut nyandhak sang putri, saha lajêng kagondhol kabêkta mabur. Saking kagètipun, para abdi sadaya kadosdene kamitênggêngên, emutipun malih sarêng naga wau sampun têbih sarta botên katingal ing mripat malih. Salajêngipun sadaya para nyai wau lajêng sami awawan tangis angaru-ara tanpa wontên pêdhotipun. Saking ramening tangisipun para nyai wau, para panakawan tuwin para palados lajêng sami murugi mriku, lan botên watawis dangu malih, ingkang rama sang putri piyambak, kanthi kadhèrèkakên para satriya sawatawis, ingkang ing wêkdal punika dados tamunipun sang pangeran, miyos ing jawi. Sadaya wau sami tumênga ing nginggil, sarta sami nyumêrêpi lampahipun naga ingkang kêthap-kêthap mèh botên katingal, nuju mangilèn. Ing kala punika para nyai-para nyai sagêdipun inggih namung pating brêngok tuwin tangis ngayawara kemawon. Dene para tiyang jalêr ingkang sami wontên ing ngriku, mangrêtos, manawi sami botên sagêd tumandang punapa-punapa, kajawi namung lajêng sami kèndêl andhêkukul kemawon. Dene ingkang rama, sakêdhap-sakêdhap nyandhak pêdhangipun, nêdya kaunus kadosdene badhe anêmpuh mêngsah, samantên mênggah dukanipun. Nanging ing wusana inggih lajêng mupus, awit mangrêtos, yèn mokal saupami sagêda nututi lampahipun naga, sarta sagêdipun mitulungi putranipun ngantos sagêdipun luwar saking panguwasanipun naga. Ing wusana sang pangeran, tanpa ngandika punapa-punapa lajêng lumêbêt ing dalêm, sarta botên miyos-miyos malih, jalaran saking ngraosakên gênging sungkawanipun.

Badhe kasambêtan.

--- 133 ---

Nomêr 34, Taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, Juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Anyuda Kathahing Lalêr, Sukur Sagêd Nyirnakakên Babarpisan.

Lalêr... asih mring sawarnaning bêbangêr.

Pangandikanipun Prabu Krêsna dhatêng para Pandhawa: Hèh yayi kadang ingsun, mungguh patine arinira yayi Dèwi Srikandhi lan yayi Arya Drêsthajumêna, iku wus masthi bae dahat dadi sungkawanira lan sungkawaningsun. Ananging prayoga padha pinupus, jêr wus dadi karsaning Bathara. Mungguh bakal patine si para durhaka kang anyidra, Aswatama sasakuthune, iku ing têmbe bakal kalakon dening wayahira, kang saiki lagi ana ing kandhutane putranira Si Otari. Minăngka paukumane para durhaka iku: yitmane bakal katitisake marang sakalir kang asih mring bêbangêr.

Makatên kirang langkung pangandikanipun Prabu Krêsna ingkang kasêbut ing Sêrat Bratayuda, nalika sariranipun angimur-imur para Pandhawa.

Punapa lalêr punika titising salah satunggiling yitmaning durhaka ingkang kenging ipat-ipatipun Bathara Krêsna. Amargi sami-sami kewan alit, lalêr punika asih sangêt dhatêng sawarnining bêbangêr.

Ewadene ingkang kula sagêd matur inggih punika ing bab ribêdipun dhatêng manah manawi pinuju usum lalêr dhatêng andêrbala. Para putri sadaya bokmanawi sampun ngalami.

Lalêr dasanan, atusan, ewon, bayak-bayakan dhatêng anggêbèl, ngrubung têtêdhan, mencok ing piring, mencok ing prabot pawon, angrêgêdi, anyukêri, anjêmbêri samukawis ingkang dipun gêpok utawi dipun senggol, gumrêmêng, gumrênggêng, brêngêngêng, angèbêki talingan. Wah, inggih pancèn ngrisèni saèstu dhatêng pandulu tuwin dhatêng pamirêng. Tur botên namung cêkap samantên kemawon pamunasikaning lalêr dhatêng tiyang. Cobi lajêng kagaliha, ing bab ama anggung dados bêbaya agêng, bêbaya ingkang rintên saha dalu tansah angancam kasarasan.

Bêbaya ingkang tuwuh saking lalêr botên kênging kasapèlèkakên, inggih punika anggènipun dados sarana amradinakên panularing sêsakit warni-warni, kados ta: tipês tuwin ambêbucal rah

--- 134 ---

umbêl. Sampun ta, pantês manawi sêsrawungan kalihan lalêr punika dipun têbihna sangêt.

Mila inggih sampun lêrês manawi kula sadaya sami anggrêgut ambudidaya nyirnakakên lalêr. Emanipun pangangkah punika lăngka sagêdipun kalêksanan. Dêstun sagêdipun namung nyuda kathahipun kemawon.

[Grafik]

Lalêr-lalêr dalah tiganipun.

Sampun têmtu isarat ingkang ăngka satunggal kangge nêbihakên lalêr inggih punika: rêsikan. Ing dalêm, ing pawon, langkung-langkung panggenan simpênan-simpênan têtêdhan utawi bumbon-bumbon, kêdah ingkang sarwa rêsik gumrining. Sisa-sisa têtêdhan, keceran saking meja dhahar, rêrêgêd saking pawon, lan sasaminipun, botên kenging tlecak-tlècèk ing pundi-pundi, malah kêdah dipun singkirakên ingkang mapan, kabucal ing papan pambucalan ingkang sampun kasudhiyakakên, sarta sasagêd-sagêd katutupana, supados botên dados pasabaning lalêr. Prakawis punika mêsthinipun para putri sampun pirsa sadaya. Makatên ugi ing bab rekadaya nutupi têtêdhan mawi kawat ngangrangan, lawon waring, lan sasaminipun, têmtunipun inggih sampun sami pirsa.

Ing mangke ingkang badhe kula aturakên, ing bab wawasan rekadaya sanès sawatawis, pêthikan saking kalawarti Berliner Tierarztliche Wochenschrift, bokmanawi wontên ingkang karsa nyobi. Sanajan isarat-isarat punika kawrat kalawarti ing Jêrman, ananging sarèhning lalêr Jêrman punika inggih lalêr, dados têmtunipun inggih botên têbih sangêt sungsatipun kalihan lalêr ing tanah ngriki, mila kula gadhah pangajêng-ajêng, bokmanawi rekadaya wau sagêd ugi kacobi ing tanah ngriki.

A. Pratikêl anêbihakên lalêr.

Kados dèrèng dados sêsêrêpan umum, manawi lalêr punika karêmênanipun saba ing panggenan ingkang padhang (sumilak padhang), kosokwangsulipun sêngit dhatêng panggenan ingkang padhangipun namung rêmêng-rêmêng. Wêwatêkan punika lajêng dados ular-ular pambudidaya: anêbihakên lalêr.

1. Ing panggenan-panggenan gêdhong, lan sasaminipun, ingkang pancèn kangge sadhiyan simpênan barang-barang ingkang umumipun dipun rêmêni sangêt dhatêng lalêr (daging, ulam loh), prayogi manawi soroting pêpadhang ingkang anjog ing ngriku dipun alang-alangi supados namung dhawah rêmêng-rêmêng.

2. Manawi rekadaya ing nginggil punika jalaran saking sabab-sabab sanès botên sagêd katindakakên, prayogi pagêripun gêdhong wau kaêcèt utawi kalabur biru.

Badhe kasambêtan.

R.A. Harsana, Pasuruan.

--- 135 ---

Wêdharing Gagasan Manah Anggêmèni Dhatêng Darbèkipun Piyambak.

Sampun nate kaandharakên wontên ing jagading wanita ngriki, manawi anggêmèni wêdaling balănja pawon, awarni uwos sajimpit brambang bawang sapanunggilanipun, kalêmpakipun sagêd amujudakên barang ingkang botên sakêdhik rêginipun. Punika kula golongan wanita sakalangkung anggatosakên sangêt, sasagêd-sagêd badhe dipun sinau saking sakêdhik sagêdipun kalêksanan saprêlunipun. Amargi peranganipun anggêmèni kalihan ambucali, punika gampil ambucali. Ing ngriku punika manawi sampun dados panggulawênthah ambucali, manawi sumêrêp priyantun ingkang rêmên anggêmèni, ing batos sampun botên nayogyani. Kosokwangsulipun manawi ingkang rêmên dhatêng anggêmèni, sanadyan sampun nêtêpi tumindak kados ing nginggil, ing batos taksih dèrèng marêm, jalaran tansah anggunakakên piyambak, sampun ngantos katalompèn anggènipun andhatêngi pawon, ing raos kadugi anggăntha manawi badhe dhahar dipun kasèpakên, sakintên dèrèng luwe sayêktos, inggih dipun êntosi saluwening padharanipun, dangu-dangu sagêd manggèn makatên, saya wêwah-wêwah indhaking simpênanipun. Awit bêbasan kina sampun kêrêp dipun ngandikakakên: aja mangan yèn durung krasa luwe, aja turu yèn durung krasa arip. Punika manawi sagêd anggulawênthah saking sakêdhik, badhe maedahi sadayanipun.

[Grafik]

Rara Sukapti.

Dene ingkang têrang paedahipun, dhahar ingkang sampun kasèp punika, balănja pawon ingkang sakêdhik sangêt bêtahipun, sagêd kadhahar kalayan tuwuk saha eca raosipun. Tumrap dhatêng sare, manawi anggènipun mapan sare sampun karaos arip, paribasan angglundhung saênggon-ênggon kemawon, sampun sakeca sangêt.

Malah lacutipun badhe ngajari nyambutdamêl sêsadean, botên badhe anjăngka kathah pawitanipun, nanging ingkang dipun pilih supados nyumêrêpi bêbathèn ingkang wujud kalih tiga angsal sabribil, punika manawi sampun sagêd anggatosakên, badhe anindakakên kaborosan, sampun ajrih saking kajêngipun piyambak, jalaran sumêrêp arta sabribil wau, pêndhêtan saking barang kilakan ingkang kathah wujudipun, wêkasan gêsangipun botên kêkirangan têdha, kasêmbuh saya wêwah-wêwah barang darbèkipun, punika manawi sagêd dipun tindakakên, anocogi kados pamanggihipun: Sukapti.

--- 136 ---

Bab Dhêdhaharan

Punika kula ngaturakên karangan bab rêsèp dhêdhaharan Walandi sawatawis, inggih punika warnining rêsèp kados ing ngandhap punika.

1. Sêpèkuk

Mêrtega ½ pun, gêndhis pasir 1 pun, glêpung gandum 1 pun, jêne tigan ayam 40 iji, pêthakipun kapisah kaublêk ingkang ngantos wat. Bubukan pala 2 sendhok alit, bubukan cêngkèh 2 sendhok alit, bubukan manis jangan 4 sendhok alit.

[Grafik]

R.Ngt. Pujirah

Dene pandamêlipun kados ing ngandhap punika:

Mêrtega kaublêk ingkang ngantos pêthak, yèn sampun gêndhis dipun dèkèkakên dipun êwor ingkang wradin, glêpung gandum kaworakên saking sakêwik,[9] bilih sampun radin kadekekan jêne tigan 40 iji, pandèkèkipun saking satunggal rumiyin kalihan kaublêk alon-alon, pala, cêngkèh, manis jangan kacampurakên, manawi sampun radin lajêng pêthaking tigan kacampurakên ingkang wradin, bilih sampun rampung pandamêlipun abên-abênan, nuntên sadhiya cithakan kaosèr-osèrana mawi mêrtega, lajêng kadekekan jêladrenan ing nginggil wau 1 irus agêng, nuntên dipun pan, latu ngandhap nginggil ingkang sami. Manawi sampun katingal jêne nèm lajêng kawêwahan jaladrèn malih 1 irus agêng, latu ingkang ngandhap dipun pindhahakên, kakantuna ingkang urut pinggir sakêdhik, makatên salajêngipun ngantos têlasing jaladrèn, nanging pambakaripun ingkang ngatos-atos sampun ngantos gosong. Manawi sampun matêng warninipun jêne sêmu abrit (sumringah). Pandhaharipun kagêm ngunjuk wedang.

2. Botêrbisyês (Boterbiesjes)

Glêpung gandung 1 pun, gêndhis pasir ingkang alus ¾ pun, mêrtega ½ pun, toya mawar 2 sêsendhok alit, pandamêlipun abênan kados ing ngandhap punika:

Glêpung kauworan gêndhis alus ingkang wradin, mêrtega, toya mawar dipun dèkèkakên dados satunggal kalihan abênan kasêbut nginggil wau, nuntên kaulêt dados satunggal ingkang wradin, manawi sampun ragi lêmês lajêng kagilês gèpèng ing têlênan, kandêlipun sanyari, pangirisipun miring.

Manawi sampun, katata ing loyang, loyang dipun usar-usari ing mêrtega rumiyin sakêdhik, lajêng kabakar ing pan ingkang ngantos jêne, yèn sampun matêng asrêp kawadhahan ing lodhong, kagêm ngunjuk wedang.

R. Ngt. Pujirah.

--- [1105] ---

 


gadhah. (kembali)
Rajaputri. (kembali)
punapadene. (kembali)
lêlêngkèhing. (kembali)
sagêd. (kembali)
mêdhar. (kembali)
ingkang. (kembali)
têmtu. (kembali)
sakêdhik. (kembali)