Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 86, Rê, Kli, 22 Ruwah, Ehe 1868, 27 Oktobêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya Saha Ingkang Wicaksana - Pamrayogi utawi pitêdah sawatawis tumrap tiyang wawrat - Kawontênan ing Tiongkok - Kasangsaran motor mabur T.1 - Bab nama-namaning akik - Sêratipun Petruk dhatêng Garèng - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Rawuh Martuwi Pangantèn

[Grafik]

Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya Saha Ingkang Wicaksana sakalihan Gusti Kangjêng Ratu êmas, tuwin Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, rawuh martuwi pangantèn ing Widaningratan, mriksanana karangan kaca 1346.

--- 1346 ---

Pangantèn Putranipun Prayagung Luhur

Miturut tatacaranipun băngsa Jawi, tiyang gadhah damêl mantu punika, pundi ingkang nama agêng-agêngan tuwin nêtêpi Kajawènipun, ubarampenipun, punapadene cak-cakanipun, sami kemawon, têgêsipun bakuning prêlu pinanggih wonkên[1] pangantèn, mila tumrap dandosaning pangantèn botên wontên ingkang dipun bedakakên, awit pangantèn punika dipun wênangakên mangangge kados sacara ingkang limrahipun dados agêm-agêmaning para luhur, upaminipun dodotan ngumbark[2] kunca, punika ingkang wênang ngagêm namung pangeran minggah, ewasamantên pangantèn limrah inggih kenging.

Nanging pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, tatacara makatên wau sampun botên patos kêlimrah, kajawi para luhur tuwin para kacêkapan.

Manawi ngèngêti caraning tiyang gadhah damêl ingkang saèstu, punika ubarampenipun kathah sangêt, ingkang lèrègipun manjing dhatêng tatacara, upaminipun: kêdah damêl pêndhêman, bucalan, caos dhahar, isarat, sajèn warni-warni tuwin taksih kathah panunggilanipun. Sarèhning tindak kados makatên punika rèbyèg sangêt, tuwin tumindakipun jangkêp tumrap tiyang ingkang gadhah damêl agêng-agêngan, mila limrahipun namung dipun tindakakên ing para ingkang kêdugi.

Ing Kajawèn ngriki prêlu badhe ngêwrat katrangan sawatawis ing bab anggènipun Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat kagungan damêl mantu ngramakakên putranipun nama Radèn Ajêng Sumadirin, dhaup kalihan Radèn Mas Ngabèi Sasradipraja, putranipun Radèn Mas Arya Sasradipura.

Bab lampah-lampahipun namung kapêndhêt sawatawis, supados dipun uningani ing para maos. Dene ingkang lăngka wontênipun, punika ing bab rawuh dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya Saha Wicaksana martuwi pangantèn.

Ijabing pangantèn, punika pangantèn jalêr dodotan dodot sêratan, têngah pêthak, nama bango buthak, ngumbar kunca, kuluk mathak pêthak.[3] Clana pêthak, tinêpi renda pêthak, ngliga tanpa rasukan, dipun borèhi, botên kenging mangangge ingkang sarwa êmas, sumping sêkar mlathi sapêlik wontên sanginggil kuping. Tataning ijab limrah.

Panggihipun pangantèn mangangge: dodot gadhung mlathi (pinggir ijêm têngah pêthak) ngumbar kunca, clana cindhe gubêg (tanpa renda), kuluk mathak biru (kados agêming pangeran), mawi gombyok dhuwung tuwin buntal, tanpa rasukan. Ing sabibar panggih, bêbêdan mawi rasukan, kulukan kanigara. Sinjang tuwin rasukan, sami kalihan pangantèn èstri. Pancèn tumraping para kasêmbadan, pangangge pangantèn jalêr èstri punika sarwa sami.

Dhawahing dintên sapêkêning pangantèn, Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya Saha Ingkang Wicaksana, sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Êmas, tuwin putri dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, rawuh martuwi pangantèn dhatêng Widaningratan.

--- 1347 ---

Mênggah kawontênanipun ing Widaningratan kala punika, rinêngga sarwa prasaja, nanging dèrèng ewah tabêting mêntas mantu. Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya Saha Wicaksana, pinarak ing kursi sangajêng patanèn, Gusti Kangjêng Ratu Êmas, tuwin Gusti Kangjêng Ratu Pambayun pinarak ing ngandhap. Ing ngriku ginêlaran babut sinêbaran ing sêkar ambalasah. Mriksanana gambar ngajêng piyambak.

[Grafik]

Ijabing pangantèn, pangantèn wontên sisih têngên, ing têngah wali (Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat), ingkang makuthan sigar sêmăngka, canelan, Kangjêng Radèn Pangulu Tapsir Anom, pangulu dalêm, (pangulu dalêm punika pangkatipun sami kalihan bupati agêng). Sanèsipun para kêtib tuwin tamu.

Pangantèn jalêr èstri marak ing ngarsa dalêm badhe ngabêkti, pangantèn jalêr majêng rumiyin, sèlèh dhuwung.[4] Patraping pangabêkti sumungkêm ing sangandhaping pada dalêm (talapakan) tangan kêkalih mêngkurêp sumèlèh ing babut, botên kenging anggêpok pada dalêm, lajêng pangantèn èstri gêntos ngabêkti, patrapipun sami, namung beda tangan kalih nyăngga pada dalêm.

Tatacara makatên punika ngatingalakên sangêt luguning tata kasusilan Jawi. Kados ta caraning panjênêngan dalêm nata martuwi pangantèn, caraning pangantèn ngabêkti, tuwin sanès-sanèsipun.

Botên langkung redhaksi Kajawèn andhèrèk mêmuji, mugi pangantèn sakalihan lulus saha tut-runtut botên kirang satunggal punapa. Amin.

--- 1348 ---

Bab Kasarasan

Pamrayogi utawi pitêdah sawatawis tumrap tiyang èstri ingkang wawrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 85.

Sanajan baksil wau kêras, yèn badan ingkang katrajang punika kiyat, sêsakitipun inggih botên sapintêna, namung yèn tiyang ingkang katrajang kirang kiyat, dados awrat. Mila awrat ènthèngipun sêsakit infectie punika ugi gumantung saking kiyat ringkihing badanipun ingkang katrajang baksil wau.

Ing sarèhning tiyang èstri ingkang mêntas anglairakên bayi punika pranakanipun sami tatu ing nglêbêt, samăngsa tatu-tatu wau katularan utawi kalêbêktan[5] baksil inggih sagêd dados infectie, manawi kalêrês baksil, streptococcen ingkang kêras, inggih ambêbayani, sagêd aniwasi (mirsanana bab sêsakit kraamvrouwenkoorts).

Pramila tiyang (dhukun utawi Vroedvrouw) nulungi ingkang nglairakên bayi punika kêdah mangangge sinjang rasukan ingkang rêsik, lêngênipun rasukan dipun wingkis dumugi sanginggilipun sikut, sadèrèngipun rêrêsik tanganipun, kuku ingkang panjang dipun kêthoki dipun rêsiki, tangan dumugi sikut dipun sikat mawi sabun lan toya bêntèr kintên-kintên 10 mênut dumugi ¼ jam dangunipun, ngantos rêsik saèstu, lajêng tangan lan driji dumugi sikut dipun usapi spiritus utawi alkohol ingkang tapis.

Makatên ugi sajawining pawèstrèn lan pupu kiwa têngênipun pawèstrèn ingkang badhe nglairakên bayi kêdah dipun rêsiki mawi sabun lan toya bêntèr kados ingkang kasêbut ing nginggil.

Sadèrèngipun bayi lair kêdah sampun sadhiya 1% oplossing lysol (lysol 2 sendhok tèh, toya matêng 1 gêndul sêtrup ingkang agêng) dipun wadhahi ing waschkom ingkang rêsik, prêlunipun lysol opl. wau, samăngsa bayi sampun lair tanganipun dhoktêr utawi Vroedvrouw ingkang gupak êrah utawi sanèsipun lajêng kenging dipun kobokakên ing liysol opl. wau. Sadèrèngipun rampung anggènipun nulungi bayi lan biyungipun, tanganipun dhoktêr botên kenging nyêpêng utawi gêpokan kalihan barang sanès, kajawi gunting utawi prabot (instrument) sanèsipun ingkang sampun cumawis ing ngriku lan sampun dipun godhog utawi dipun kukus dang (sêtum).

Manawi kasêsa têtulung dadakan bayi sampun badhe lair, cêkap sadaya ingkang gêpokan bayi lan biyungipun (pawèstrèn) kemawon dipun usap-usapi spiritus utawi alkohol ingkang tapis.

Sawênèh tiyang ing dhusun wontên ingkang wicantên: tiyang kampung utawi dhusun ingkang manak dipun tulungi dhukun, botên mawi rêrêsik tanganipun, panganggenipun ingkang dipun angge padintênan kemawon, wilujêng botên sakit botên punapa. Bayi dipun dusi, pusêripun dipun popok kunir apu, lajêng dipun gêdhong, botên nangis, tilêmipun sakeca. Biyungipun kesah dhatêng sumur utawi lèpèn [lè...]

--- 1349 ---

[...pèn] umbah-umbah sinjang utawi gêlaran ingkang rêgêd gupak êrah utawi sanèsipun, sarampungipun adus santun sinjang ingkang sampun kabêkta dhatêng sumur utawi lèpèn wau lajêng wangsul ing griya, bêngkungan mususi uwos. Manawi dèrèng tandho uwos măngka gadhah pantun lajêng dipun êpe rumiyin, yèn sampun garing dipun gêntang, dados uwos dipun pususi sawatawis lajêng dipun liwêt.

Dados tiyang èstri ing dhusun ingkang mêntas anglairakên bayi wau, botên kèndêl, tansah têrus nyambut damêl, ewadene botên ewah kasarasanipun.

Tiyang ingkang wicantên makatên punika, tiyang ingkang dèrèng mangrêtos utawi ingkang botên gadhah pikiran panjang, awit tiyang wau botên nate sêsrawungan kalihan tiyang ingkang mangrêtos utawi pancèn botên andungkap pikiranipun kados ingkang kasêbut ing nginggil punika. Kajawi punika tiyang dhusun botên nate canthuk lawung utawi sêsrawungan kalihan dhoktêr utawi Vroedvrouw, dados botên mangrêtos padamêlanipun dhoktêr utawi Vroedvrouw wau.

Upami lare umur sataun kalih taun dolanan lading utawi gunting ingkang landhêp, punapa tiyang sêpuhipun inggih kèndêl kemawon, nama bêgja saupami botên kêcocog utawi kiris tanganipun, balik yèn lare lajêng kêtaton gobrah-gobrah êrahipun, punapa tiyang sêpuhipun botên gêtun.

R. Sumadirja.

Ind. Arts. Sêmarang.

[Iklan]

Bab buku

Dhoktêr Wahidin Sudira Husada

Pustaka Nasional ngêdalakên sêrat nama: Dhoktêr Wahidin, nyariyosakên lêlampahanipun Dhoktêr Wahidin wiwit alit ngantos dumugi sêpuh, dados inggih ngandharakên lêlabêtanipun dhatêng kamajênganing băngsa tuwin nusa, punapadene lampahipun anggènipun nindakakên lêlabêtan wau.

Namung eman sangêt dene cariyos wau namung dhapur cathêtan. Saupami kaandharakên kadosdene dongèng, sampun têmtu angindhakakên sêngsêmipun tiyang kathah. Ewadene tumrap băngsa, sêrat ingkang kawêdalakên dening Pustaka Nasional wau botên sakêdhik paedahipun. Sapisan minăngka pamêtrinipun tiyang samangke dhatêng panjênênganipun Dhoktêr Sudira Husada. Kaping kalihipun ngiras pantês kangge anyumêrêpakên dhatêng ingkang dèrèng sumêrêp, puruna ngluhurakên asmanipun. Sukur bage purun tiru.

Wujudipun zak formaat, kandêlipun 15 kaca, aksara Latin, rêgi 15 sèn.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun.

--- 1350 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Dumuginipun sapunika paprangan ing Tiongkok dèrèng wontên mêndhanipun, tandangipun prajurit taksih sarwa kadugi tuwin tansah angsal bêbantu enggal, ingkang anjalari pulihing karosan, botên beda kados tandanging wadya tigasan.

Manawi nitik ramening paprangan, papanipun campuh pinanggih ing pundi-pundi, dene mênggah cêthanipun, bakuning papan paprangan, inggih punika pabarisanipun tumrap Tiongkok pinanggih wontên gangsal panggenan, wontên ing Suiyuwan, Sansi Lèr, margi sêpur Pèiping dhatêng Han Ko, sakubênging margi sêpur Tinsin dhatêng Puko tuwin ing Syanghai.

Tataning baris gangsal panggenan wau sami botên nguciwani, kuwawi nanggulangi panêmpuhing satru sêkti inggih punika Jêpan. Malah nitik pinanggihipun ing paprangan, Jêpan rumaos kuwalahên nêmpuh pabarisan Tiongkok wau, mila Jêpan inggih botên ngindhaki pabarisanipun, kajawi namung ing Kanton, Amoi tuwin ing Santung.

Tumrap Jêpan, dhatênging bêbantu inggih tanpa kêndhat, saha pundi ingkang langkung nyamari, saya dipun kathahi bêbantunipun. Dene ingkang katingal langkung dipun wigatosakên, punika tumrap pabarisan ing Syanghai tuwin pabarisan sisih lèr, nanging mêksa katingal dèrèng nyêkapi. Ingkang makatên punika tumrapipun Jêpan pinanggih wigatos sangêt, awit, nyatanipun Jêpan sampun kêkirangan anggèning ngagêngakên pabarisan, tuwin têbanipun inggih sampun jêmbar sangêt, tur sami kiyat-kiyat, nanging sarêng nyatanipun kados makatên, kêkiyatanipun Jêpan kêpêksa kêdah dipun wêwahi.

Tumraping wawasan ing satunggal-satunggaling pabarisan Tiongkok, punika sami mêngku kawigatosan piyambak-piyambak. Tumrap pabarisan Tiongkok ing Suiyuwan, punika botên patos dipun samarakên, amargi saupami Jêpan saya ngangsêg dhatêng Monggoliah jawi, pabarisanipun badhe ringkih, amargi tamtu dipun tanggulangi dening wadya Ruslan, ingkang tansah nyamarakên dhatêng trajangipun Jêpan.

Ing bab pabarisan Tiongkok ing Sansi Lèr, tumrapipun Jêpan rumaos sarwa makèwêdakên, awit punapa tandangipun tansah dhawah kêkêpang, mila wadya Jêpan ing ngriku tansah angewahi gêlar. Ing ngajêng tindakipun Jêpan namung nêmpuh, nanging ing sapunika ulah mundur.

Tumrap pabarisan ing Pèiping Han Ko, ajênging wadya Tiongkok ngantos 500 km. saking Pèiping. Ing ngriku Jêpan rumaos bilih ajêngipun wau nuwuhakên bêbaya, ewa samantên Jêpan malah saya ngangsêg.

Ing pabarisan Tinsin - Puko, pinanggih mapan, panêmpuhipun Jêpan ing ngriku sagêd angsal tandhing yêktos, malah Jêpan kêpêksa ngunduri, nyandèkakê[6] anggèning badhe ngrêbat kitha Cinan.

Dene pabarisan ing Syanghai, pancèn kapetang [kape...]

--- 1351 ---

[...tang] ingkang santosa piyambak, mila tandangipun Jêpan wontên ing ngriku kêpêksa sarwa ngrosani, dhatênging bêbantu tanpa kêndhat, ewa samantên mêksa blang-blêng botên sagêd angrampungi damêl.

Nanging sawarnining pakèwêd ingkang pinanggih ing Jêpan, botên pisan-pisan adamêl kêndhoning panêmpuhipun, Nanking tansah dipun angkah sagêdipun kêcêpêng. Jêpan lajêng nêmpuh ing ngriku saking gêgana ngantos pintên-pintên rambahan, dangunipun 24 jam. Nalika nêmpuh ing wanci dalu, adamêl kêthèthèranipun wadya Tiongkok, sêdyanipun Jêpan namung badhe ngrisak panggenan-panggenan ingkang kamanah wigatos. Wontên bom cacah wolu andhawahi griya-griyaning kuli sêpur, griya-griya ingkang risak kirang langkung wontên satus, tiyang ingkang tiwas wolu, kêtaton tigang dasa. Papan ing ngriku lajêng kêbêsmi agêng-agêngan. Sêsambêtaning tilpun saking Nanking dhatêng Puko pêdhot.

Pêpuyênganipun têtiyang salêbêting kitha botên kantênan, papan anggêgana sajawining sakèthèng kitha kidul wetan dipun jawahi bom, ugi nuwuhakên kêbêsmèn agêng.

Ing ngriku kapal pêrang Tiongkok ingkang labuh ing sungapan Yangce lajêng nyorotakên dilah dhatêng gêgana, kangge madosi motor mabur Jêpan ingkang nêmpuh ing ngriku. Wusana motor mabur Jêpan lajêng ngoncati.

Botên dangu wontên motor mabur Jêpan malih cacah sakawan, inggih lajêng andhawahi bom ing papan anggêgana wau. Panêmpuhipun motor mabur wau kêkalangan pindhah-pindhah ênggèn. Ing ngriku wontên motor mabur Tiongkok nusul anggêgana ngulat-ulatakên lampahing mêngsah, nanging lajêng wangsul. Nalika sawêg têntrêm sawatawis, wontên motor mabur Jêpan malih cacah pitu ngênêr dhatêng Nanking, nanging sasampunipun andhawahi bom sawatawis, lajêng oncat. Salajêngipun tanpa kêndhat kêdhatêngan mêngsah saking gêgana.

[Iklan]

Ing wêkdal punika tandangipun Jêpan namung sarwa ngrosani saking nginggil.

Pawartos saking Admistrasi[7]

K. 2966 ing Kêbumèn.

24-3-1925, dhawah: Sla, Kli, 28 Ruwah, Dal 1855, 28 Saban 1343, Julungwangi, Kasanga. 29-9-1928 dhawah Stu, Kli, 13 Rabingulakir Alip 1859, 13 Rabingulakir 1347, Kuningan, Kapal. 24-11-1730 dhawah Sn, Lê, 2 Rêjêb Jimawal 1861, 3 Rêjêb 1849 Tolu, Kanêm. 7-9-1933 mawah[8] Kê, Wa, 16 Jumadilawal Be 1864, 17 Jumadilawal 1352, Watugunung, Kalima. 17-11-1935 dhawah A, Kli, 20 Ruwah, Jimakir 1866, 20 Saban 1354 Bala, Kanêm.

--- [1352] ---

Kasangsaran Motor Mabur T. 1

[Grafik]

Tuwan E. van Haften, ingkang dèrèng pinanggih mayitipun.

Kados anyarêngi kalamangsanipun, ing salêbêtipun sawatawis dintên punika wontên kasangsaran motor mabur ngantos urut-urutan. Ing sakawit wontên wartos kasangsaran motor mabur Specht ing Palembang, lajêng kasangsaran motor mabur T. 13 ing sacêlakipun Tuban, wusana kasangsaran motor mabur T. 1 ing Bandhah.

[Grafik]

Motor mabur T. 7 punika damêlan pabrik Fokker, inggih punika ingkang sami wujudipun kalihan motor mabur T. 1.

Motor mabur T. 1 punika motor mabur wadya lautan pirantos andhawahakên êbom. Ing wêkdal punika nuju tumut pêrang-pêrangan.

Nalika motor mabur wau kasangsaran, lajêng dipun tulungi kapal Zuiderkruis. Sadaya tiyang ingkang kasangsaran, kajawi luitenant-ter-zee klas I E. van Haften sami sagêd kêtulungan, dene motoripun mabur kêlêm.

Mayit lajêng kabêkta dhatêng kapal Sumatra, salajêngipun sami kakubur ing Bandhah. Ing wanci dalu.

[Grafik]

Gambar pêpêthan pulo Bandhah, inggih punika panggenan dununging kasangsaran motor mabur T. 1.

Sarampunging pangubur, para punggawaning kapal pêrang ingkang sami nênggani lajêng wangsul dhatêng kapal, salajêngipun jam 2 dalu kapal pêrang Sumatra tuwin De Ruyter bidhal dhatêng Surabaya nglajêngakên padamêlanipun.

Dhepartêmèn marinê tampi telêgram saking Sri Bagendha Maharajaputri, ministêr jajahan, tuwin defensie, kangjêng tuwan ingkang wicaksana tuwin pangagênging wadya dharatan, sami mahyakakên belasungkawa.

--- 1353 ---

Kawruh Sawatawis

Bab nama-namaning akik, tuwin dêdongènganipun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 85

Nama-namaning sela akik, miturut ujaripun ingkang damêl. Kados ta: ingkang warni:

abrit, kawastanan mirah.

abrit ênèm, kawastanan wora-wari.

abrit sêpuh, kawastanan rah mêgêng.

pêthak ingkang bêning, kawastanan maya rêtna.

pêthak ingkang nglêri, kawastanan gana ngêlèng.

pêthaking nigan wigar, kawastanan widuri.

pêthak sulak biru mawa cahya, kawastanan widuri bulan.

biru, kawastanan nilakăntha.

biru ênèm, kawastanan tunjung seta.

biru sêpuh, kawastanan gagak setra.

ijêm, kawastanan pandhanarum.

ijêm ênèm, kawastanan rêtna kinasih.

ijêm sêpuh, kawastanan sêmbung langu.

ijêm ênèm mawa cahya, kawastanan jumêrut.

jêne, kawastanan jawah êmas.

wungu, kawastanan cubung.

wungu ênèm, kawastanan cubung asihan.

wungu sêpuh, kawastanan jêbug siwalan.

wungu ênèm mawa cahya, kawastanan manilêm.

dadu, kawastanan tapas aking.

kapurănta, kawastanan jarot kengis.

Kajawi punika taksih kathah ingkang dèrèng kacariyosakên, jalaran sabên corak tuwin warninipun beda sakêdhik kemawon, ingkang limrah lajêng beda namanipun, makatên wau manawi katêrangakên, têmtu ngandhar-andhar sangêt. Malah wontên ingkang nunggil corak tuwin warninipun sami, trêkadhang anggèning mastani namanipun asring beda-beda. Mila manawi kamanah, anggèning namakakên wau, ing sêmu namung rêbatan pamatra kilasaning warni. Têgêsipun: kathah kemawon ingkang lajêng kaeyupakên, nama-namaning barang tuwin wêwarnèn, saha wujuding kawontênan ingkang èdi, miturut sakêparêngipun. Kados ta: Kawastanan sumpêt, bonglot, manik ringin, badar, taji laut, manik arga, guntur, sumbêr agung lan sanès-sanèsipun.

Mênggah dêdongènganipun tiyang sêpuh, akik punika ugi wontên ingkang anggadhahi daya tuwin kasiyat. Nanging akik ingkang kawartosakên mawa daya wau, kacariyos sanès bangsaning sela, ingkang limrahipun kagarap ing tiyang, saha ingkang sami kadhasarakên wontên ing saênggèn-ênggèn makatên punika. Nanging asli saking kodrating alam, punapadene ingkang limrah têmtu dinama-dama.

Badhe kasambêtan.

Pak Wira, Kêbumèn.

--- 1354 ---

Sêratipun Petruk dhatêng Garèng

Wiyose, Kang Garèng, aku awèh wêruh, yèn saiki aku ana ing Magêlang, sarta yèn ora ana alangan sawiji apa, mêngko aku ninggal Magêlang manèh arêp ambanjurake lakuku. Wah, Kang Garèng, sanadyan lungaku iki ora pati suwe, nanging bathiku kêna dakarani sasayahiranèki. Kajaba aku olèh wawasan anyar, sarta sêthithik-sêthithik iya wuwuh sêsurupanaku, nganti saikine mèh pêdhot ... sanguku, nanging aku uga ngalami kaanan-kaanan warna-warna lan rupa-rupa, yèn saupama tak caritakake nyang kowe, wah, kiraku kowe nganti blokèrên, iya durung cuthêl-cuthêl. Nanging saikine aku tak ambanjurake dhisik caritaku kaanane pahargyan ing kabupatèn ing Kêbumèn.

Kang Garèng, ing kene aku ora nêdya ngalêm utawa nacad, mung arêp nyaritakake apa anane, lan mungguhing panêmuku dhewe bae. Mulane panuwunku marang kang rumaos kataman, yèn aku nguncali pangalêmbana, aja pisan ana sing mongkog panggalihe, kosokbaline yèn aku nyambit panacad, muga-muga aja nganti ana sing kagungan panggalih bêgita-bêgitu. Awit aku iki mung jênêng titah blaka, dadi pangalêmbanaku iki bisa uga salah wèsêl, lan panacadku bisa uga tuna dungkap. Murih cêthane anggonku gawe wawasan, tak gawene sing urut, lan tak wiwitane ing bab gamêlan sakumplite.

[Grafik]

Nalikane aku lumêbu i[9] kabupatèn, gumbiraning atiku kayadene aku dhewe sing dadi pangantèn, ora liya kang kapisan jalaran saka asrine ing sajêrone pêndhapa kabupatèn, kang pinajang-pajang nganggo kêkêmbangan kêrtas, nganti saupama kala samono kalair têmbungku, bokmanawa aku kalakon muni mangkene: Jan ngèngsrèng, jan ambêraling, jan sêmangêr, lan sapiturute. Kang kapindho, jalaran saka unining gamêlan, kang mêndut-mêndut, kêpinuk, lan anênarik ati, nganti mèh bae aku lali arêp andhaplangake tanganku, lan anjêbèbèhake sikilku. Luwih kapranan manèh atiku, barêng aku sumurup, yèn wiyagane [wiyaga...]

--- 1355 ---

[...ne] kuwi kabèh padha bocah gundhul bocah gundhul, tur panabuhe kuwi mau ora mung sakarêp-karêp: klênang, klêning, blanggêdhun tak, gêjêglong, ngono kae, nanging nganggo pathokan, Kang Garèng, nganggo nut barang. Ing kono aku ora bisa kăndha kêpriye-kêpriye, kajaba aku mung arêp ngarani, yèn gêbyagane gamêlan kuwi mau brêgas, laras, lan waras. Sing brêgas, ingatase isih bocah-bocah, kathik kabare padha bocah desa, têka samono mungguh sêsurupane ing bab karawitan Jawa, dadi saupama munia: Kula lare Jawi, kenene ora mamang atine: mêngko gèk bêbêde bae sing Jawa, nanging bisa nêtêpake: iki, lho, bocah Jawa sêjati. Mulane tak arani: brêgas. Tak unèkake: laras. Sanadyan sing padha nabuh bocah-bocah, nanging ora ana suwarane kang mênjila, kaya ta: panabuhe gambang ora kêsêron, sing nganti suwaraning kayu: thok, thok, thok, cêtha wela-wela, utawa: panabuhe gong ora misah, dadi ora: gong plênong, têgêse: anggone ngunèkake gong lan kênong ora dibarêng, nanging kênonge rada kêpancal sathithik, lho, sing kaya ngono panggêbyagan ing kabupatèn ing Kêbumèn, ora ana, Kang Garèng, nanging kabèh-kabèh sarwa: laras, sarwa kêpenak, lan sarwa andudut ati. Banjur tak unèkake: waras, iki tuntunane, Kang Garèng.

Ing layangku kang dhisik wis tak caritakake ing bab kaanane panêmbrama kang ditindakake para putri, sauwise iki rampung, Kang Garèng, banjur dipitongtonake jogèd sêrimpèn, kang ditindakake dening bocah lanang papat. Kang Garèng, saupama sadurung-durunge aku ora sumurup, yèn bocah papat iki lanang kabèh, wah, bisa kalakon aku rêkès nganggo sègêl karo têngah rupiyah mênyang ingkang bupati supaya aku dibênuma dadi ... sêlire bocah papat mau, awit iya ora bakal nyana-nyanaa yèn bocah papat kuwi mau kandhidhat duwe ... brêngos kaya aku kiyi. Solah tingkahe, tandang-tanduke, sêngklak-sêngklike, apadene pleyat-pleyote, cêkak aos, bangsane kaum pupuran kabèh. Nèk miturut panyandraku, papat-papate mula iya wis: lêwês, gandês, kèwês ... pêdhês. Sing pêdhês iki lêlewane, Kang Garèng. Mêngko karêpku tak lanjari têmbung: pêdhês, kuwi katêrangane mangkene:

Jogèd sêrimpèn, kuwi sing wis tak sumurupi, nyang ngêndi-êndi, iya nyang: Surakarta, Ngayoja, malah ing Batawi pisan, salawase mêsthi: alus, lêntrêng-lêntrêng lan jatmika, prasaksat tanpa ana lêlewane babarpisan. Iki mungguhing aku ambosêni, Kang Garèng, nonton sadhela bae pikirane banjur: mêngko iya kêthuwal-kêthuwêl mêngkono-mêngkono bae. Seje karo bêksan sêrimpèn ing Kêbumèn, Kang Garèng, upama mangana mêngkono akèh sambêle, dadi akèh pêdhês-pêdhêse, dadi matane iya têrus mêndêlo bae. Dene sing minăngka sambêle bêksan sêrimpèn ing Kêbumèn mau, yaiku: lêlewane sing prasaksat tanpa ana [a...]

--- 1356 ---

[...na] sêtoplase. Awit wiwit ngadêg wis banjur pirang-pirang lêlewane: mincêg-mincêg, jlêntrik, jlêntrik, lan plêtak-plêtik, iki mungguhing aku minăngka anggugah para tamu. Mulane iya ora maido, yèn para tamu banjur mêncêngêr anggone padha mriksani. Kaya mangkono sawatara, banjur ditibakake nyang gambir sawit pacar cina, gêndhinge alus, Kang Garèng, mulane jogède iya alus. Barêng kirane para mriksani bosên, gêndhinge banjur disêngkakake manèh, lan sêrimpène wiwit nyambit lêlewa manèh. Mulane kiraku antarane para mriksani, iya ana bae sing ngarani: lho, kok nyêbal karo jogèd sêrimpèn lumrahe. Bênêr, nanging kiraku mula pancèn disêngaja, murih sing padha mriksani aja banjur bosên, sarta ngantuk: thêkluk, lan: cès, ngilêr kae.

Sauwise rampung, banjur dianakake bêksan pêrang tandhing, yaiku pêrange: Dèwi Srikandhi karo Mustakawèni. Wiwitane: dhalang ada-ada, banjur nyaritakake sawatara, wah, Kang Garèng, dhalange mula iya kampi, suwarane gêmlandhang, cêtha, kathik kêpenak dirungokake. Sauwise gêndhing srêpêgan diunèkake, yaiku playune Mustakawèni diburu dening Dèwi Wara Srikandhi. Sauwise putri loro iki padha adhêp-adhêpan, banjur diunèkake gêndhing pangkur. Wah, Kang Garèng, loro-lorone jogède pancèn iya wis kursus têmênan. Apa manèh barêng ditibakake nyang: srêbêgan,[10] pêrange putri loro mau kêna ditongton bangêt. Luwih manèh jogède Dèwi Mustakawèni, anggone: mincêg-mincêg, jlêntrik, jlêntrik, sugih lewa, wèh, nênarik atine para mriksani têmênan. Iki mula iya wis mathuk bangêt, dhasar Dèwi Mustakawèni kuwi putri ing tanah Sabrang, dadi yèn sugih kênès, sugih ... mèmfle, kuwi iya wis pantêse, nanging yèn Dèwi Wara Srikandhi, kok banjur mèlu-mèlu ngênès, trig-trigan, prèt-pretan, yak, wong iya putri Jawa, ênggone wanita jatmika, mêngko rak gampang anggone diarani putri ... lènjèh.

Nalikane isih jêjogedan, jalaran saka lêlewane, solah tingkahe, apadene lêlageyane, ing batin pikiranaku mung mangkene: We, hla prawan ngêndi bae, kathik le ayu-ayu, luwês-luwês, kawuwuhan sêdhêp. Kocapa barêng kêndhang muni: plak, plak, plak, gêm, blêp, ging, ngunèkake gêndhing gambuh, lan putri loro-lorone nêmbang gambuh kabèh, wah, mèh bae aku kuwalik saka kursiku, awit sing mêtu dudu suwarane bangsaning wanita, nanging suwarane bocah lanang sing lagi ngagor-agori. Wadhuh, eman bangêt, saupama aja susah nyuwara, nanging diwakilake pasindhène, kiraku tongtonan: cêsplêng têmênan.

Wis, Kang Garèng, layangku tak punggêl samene bae dhisik. Banjure mêngko padha dirêmbug dhewekan bae.

Rayimu: Petruk.

Magêlang, 23 Oktobêr 1937

--- 1357 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Badhe mêncarakên tanêman. Pakaryan babagan têtanèn ing Madiun, badhe sêsarêngan nyambutdamêl kalihan Pangrèhpraja, nangkarakên wowohan wontên ing papan ingkang kakintên mikantuki. Ingkang kapilih tumrap tanêman pêlêm wontên ing bawah Magêtan, jêram kêprok wontên ing bawah distrik Pulung, Ponorogo. Tumrap panggenan sanès-sanèsipun sawêg kapriksa.

Angin Gêndhing ing Probolinggo. Ing sabên taun sapisan ing Probolinggo wontên angin agêng ingkang dipun wastani angin Gêndhing. Dhatênging angin wau sabên ing wanci enjing jam 9 têrus ngantos têngah dalu, suwaranipun gumrubug kados angrêbah-rêbahna wit-witan. Namung anèhipun angin Gêndhing punika botên adamêl karisakan, malah angin wau sagêd nyirnakakên hawa awon ing salêbêting kitha. Namung tumraping wit-witan ingkang nuju mangsa sêkar asring lajêng gogrog sêkaripun, mila ing mangsa punika kathah wit pêlêm ingkang nuju sami sêkar gogrog sêkaripun, anjalari sudaning pamêdal pêlêm ing mangsa punika.

Congres ing Bali. Congres ing Bali sampun dipun wiwiti wontên ing puri Den Pasar. Papaning congres dipun rêngga-rêngga sakalangkung pèni. Comite panampi tamu asistèn residhèn Cox atur pambagya dhatêng para ingkang sami rawuh, lajêng dipun sambêt dening pangarsaning Java Instituut. Ing kala punika ugi tampi telegram saking Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Residèn Mol dados wêwakilipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana mêdharsabda, lajêng dipun sambêt wêdharsabdanipun wêwakil dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana tuwin wêwakil dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan. Sasampunipun punika lajêng dipun wiwiti wêdharsabdanipun pangagêng-pangagêng ing Karangasem ing basa Mêlayu. Salajêngipun lajêng miwiti rêmbag ingkang dipun pangandikakakên dening tuwan-tuwan Stutterheim, Goris tuwin Resink.

Para agêng ingkang anjênêngi congres ing Bali. Para agêng ingkang anjênêngi congres ing Bali, ingkang saking Surakarta: Utusandalêm Sampeyandalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, B.K.P.H. Hadiwidjojo, K.P.H. Tjokrodiningrat, B.K.P.H. Mr. Djojokoesoemo tuwin R.T. Padmodipoero. Saking Mangkunagaran: K.G.P.A.A. Mangkoenagoro. Saking Ngayogya: utusandalêm Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, G.P.A. Tedjokoesoemo, B.P.A. Djojokoesoemo, B.P.A. Hadinêgoro. Saking Pakualaman: K.G.P.A.A. Prabu Soerjodilogo.

Arta Roode Kruis Fonds Tiongkok saking Bandung. Roode Kruis Fonds Tiongkok ing Bandung sampun kintun arta dhatêng Tiongkok gangsal rambahan gunggung 81.000 dollar. Sapunika taksih gadhah arta ing kas f 3900.-. Malah wontên wartos badhe tumbas kênine 300 kg. rêgi f 7800.-.

Calon warga Provinciale Raad golongan Parindra. Warga Gemeenteraad Bogor ing Golongan Parindra pang Bogor ngaturakên sêrat lumantar Burgemeester, ngajêngakên calon warga Provinciale Raad Jawi-Kilèn. Ingkang kausulakên: 1. Dr. Marzoeki Mahdi, Gouvernements Indisch Arts Bogor, 2. Mr. Sjamsoedin, Ambtenaar Algemeene Secretarie Bogor, 3. R. Soerasno, Referendaris Departement Economische Zaken, tuwin 4. Dr. Soeratmo pangagênging pajagalan Gemeente Bêtawi. Calon sadaya wau sami warga Parindra.

[Iklan]

Bond van Ongediplomeerde Inl. B.B. Ambtenaren. Wontên wartos, Bond van Ongediplomeerde Inl. B.B. Ambtenaren (O.B.A.) ingkang dipun pangarsani ing panjênênganipun Bupati ing Garut, anêtêpakên badhe anggolong dados satunggal kalihan P.P.B.B. ingkang dipun pangarsani dening tuwan Soetardjo, warga College van Gedelegeerden Raad Kawula.

Nyonyah Ratna Asmara dhatêng Hollywood. Nyonyah Ratna Asmara, bojonipun tuwan Andjar Asmara badhe dhatêng Hollywood, Amerika, pêrlu, dipun dadosakên juru main kangge gambar idhup nama Booloo. Nyonyah wau kadadosakên pangajênging film ingkang dipun mainakên. Nyonyah Ratna Asmara punika bangsa Sunda, wiwit alit wontên ing tanah Sumatra.

Punggawa Good Year botên nyambutdamêl. Sampun sawatawis dintên punggawa Good Year ing Bogor sami botên malêbêt nyambutdamêl, kajawi para punggawa ingkang nyambutdamêl ing kantoran. Anggènipun sami botên nyambutdamêl wau amargi wontên motor agêng ingkang risak, anjalari mêsin-mêsinipun botên lumampah. Ing sakawit lajêng badhe mêling mêsin dhatêng Amerika, nanging lajêng dipun ihtiyarakên supados tumuntên sagêd dipun santuni wontên ingriki kemawon, botên kêkathahên waragad. Kintên-kintên padamêlan wau lajêng tumuntên sagêd tumindak malih, botên andadosakên dangunipun ingkang sami nganggur.

Lèpèn ingkang kêmoran lisah pèt. Ing satunggiling dhusun bawah Têgal ing sacêlakipun rêdi Slamêt, nama dhusun Bêdagung, wontên lèpèn ingkang toyanipun kêmoran lisah pèt. Ingriku kathah tiyang ingkang sami mêndhêti lisah wau kangge dilahan, mila manawi wanci dalu ingriku katingal langkung padhang. Nanging lisah wau botên lajêng kasade kangge padagangan, amargi wontênipun lisah wau botên dangu lajêng ical.

Kapal dagang Australie langkung tanah ngriki. Wontên wartos West-Australie State Shipping Co ngawontênakên lampah layaran dumugi Bangkok tuwin Saigon, kapal wau ugi mampir ing Surabaya, Bêtawi, Palembang, Singapura tuwin Pênang. Ing sapunika ingkang nuju mlampah layaran kapal Kangaroo, salajêngipun badhe dipun wêwahi malih.

Ambulance Tiongkok. Tumrap badhe wontênipun ambulance Roode Kruis saking tanah ngriki dhatêng Tiongkok, sampun wontên tiyang 600 ingkang gadhah panêdha supados dipun angkatakên, kajawi punika inggih wontên doktêr tuwin zuster-zuster bangsa Eropa ingkang ugi badhe tumut.

Inggah-inggahan ing Jawi-Têngah. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah, M. Kardjali, juru sêrat klas 1 asistèn wêdana Patarukan, Kabupatèn Pêmalang, paresidenan Pêkalongan, dados mantri pulisi paresidenan Pêkalongan.

--- 1358 ---

Padagangan padhas. Ing dhusun antawising Dara kalihan Korêk, Ngawi, kathah pasitèn ingkang sairib kalihan gamping. Ingajêng têtiyang ingriku sami mêcahi sela wau kangge banon, kathah griya-griya ingriku ingkang banonipun ngangge sela wau. Dangu-dangu têtiyang ingriku wontên ingkang akal-akal damêl barang dandosan ngangge sela wau, kadosta damêl wadhah awu sês, pandamêlipun wangun warni-warni. Panyadenipun ngantos dumugi Nganjuk tuwin Caruban punapa. Panyadenipun 1 namung 4 sèn, nanging ragi lumayan.

[Grafik]

Para tamu congres Muhammadiyah malêbêt Karaton. Kados ingkang sampun kawartosakên Kajawèn kêpêngkêr, para tamu congres Muhammadiyah saking kamirahandalêm Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, kaparêngakên malêbêt Karaton.

Inginggil punika gambaripun para tamu congres nalika wontên sangajêning Karaton badhe malêbêt.

Angsal-angsalanipun Pakaryan Post. Angsal-angsalanipun Pakaryan Post wiwit wulan Januari dumugi wulan Sèptèmbêr kêpêngkêr, tumrap post wontên f 9.789.294.-, têlêgram f 3.641.884.-, telefoon f 5.620.660.-. Pêpetangan makatên ing taun 1936, post f 9.283.426.-, têlêgram f 3.093.948.-, telefoon f 5.089.895.-.

Parentah Nanking nêdha doktêr. Wontên wartos Parentah Nanking kintun sêrat dhatêng Roode Kruis Fonds Tiongkok ing tanah ngriki, apratela bilih ingrika kêkirangan doktêr sangêt kangge ngupakara tiyang kêtaton. Ingkang punika gadhah panêdha dhatêng tanah ngriki sagêda ngintuni doktêr 60.

Tumindakipun nyantuni arta sèn. Miturut suraosing undhang-undhang Nagari kaping 17 Juli 1936, arta sèn têmbagi dipun santuni arta sèn prunggu. Miturut petang sèn têmbagi ingkang sampun sumêbar wontên tanah ngriki cacahipun 720 yuta iji. Dene anggènipun nglintoni arta sèn prunggu sabên taun sagêd 120 yuta iji. Bab punika saking kaparêngipun Parentah, badhe ngenggalakên sagêdipun nglintoni arta prunggu wau.

Têtêpan asistèn-residèn. Tuwan F.K.W. Lisnet, asistèn-residèn ingkang kapiji dening Departement Pangrèhpraja kadèkèk ing Provincie Jawi-Wetan, katêtêpakên dados asistèn-residèn ing Bojonêgoro. Tuwan Dr. W.P. van Dam, asistèn-residèn ing Magêtan, kabantokakên dhatêng Gupêrnur Jawi-Wetan.

R.H.S. badhe mèngêti adêgipun sampun 13 taun. Benjing tanggal 28 October punika Pamulangan luhur Pangadilan ing Bêtawi badhe mèngêti adêgipun sampun 13 taun. Ingriku dipun wontêni sêsorah ingkang gêgayutan kalihan pangajaran ing pawiyatan wau. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana inggih badhe anjumênêngi.

Majênging padagangan walur. Sampun sawatawis dangu ing Jawi Wetan wontên padagangan walur ingkang dipun tumbas dening bangsa Jêpan. Mangka walur wau ing kala rumiyin botên wontên damêlipun babarpisan. Malah wontên wartos wontên satunggiling bangsa Jêpan ingkang purun mragadi ngantos têlas f 7000.- pêrlu pados panggenan ingkang ngêdalakên tanêman wau. Wontên malih ingkang purun ngêdalakên waragad ngantos f 10.000.- kangge nanêm kanthi nyukani prabot. Rêginipun sapunika, walur ingkang garing ing dalêm sapikul f 6.-.

Pakêmpalan nyirnakakên tiyang wuta. Pakêmpalan ing tanah ngriki ing bab nyêgah tuwin nyirnakakên wuta (Ned.-Indische Vereeniging ter voorkoming en Bestrijding van Blindheld), ing sapunika pinanggih saya majêng, amargi pakêmpalan wau angsal pitulungan saking S.I.M.A.V.I. (Steun In Medisch Aangelegenheden Voor Inheemschen), ing nagari Walandi, kajawi punika taksih angsal pitulungan saking sanès-sanèsipun malih. Tuwin malih pakêmpalan punika ugi angsal pitulungan jampi-jampi ingkang pêrlu saking Pakaryan Kasarasan. Malah ugi lajêng sagêd ngawontênakên Ind. Arts tuwan Soediro, lajêng kadadosakên pambatunipun dokter mripat Tijssen ingkang misuwur ing Kêdiri. Ing wulan November ngajêng punika badhe nindakakên padamêlan ing Cirêbon-Wetan, manggèn ing griya sakit tuwin polikliniek regentschap pundi ingkang wontên. Sasampunipun saking ngriku lajêng tumindak urut pasisir Lèr Jawi Kilèn.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana badhe têdhak Sumatra. Wontên wartos, benjing wulan Maart 1938 Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sakalihan tuwin putra, badhe têdhak Sumatra Pasisir-Wetan, sakawit ingkang dipun rawuhi ing Palembang, lajêng Sumatra Pasisir-Wetan, Riouw, wêkasanipun Banka utawi Billiton. Sagêd ugi nglajêngakên dhatêng Borneo-Kilèn. Têdhakdalêm wau laminipun tigang minggu, sagêd ugi langkung.

Kêbêsmèn agêng ing Singkawang. Kala malêm Jumuah wanci jam 7 sontên ing Singkawang wontên kêbêsmèn agêng, griya ingkang kêbêsmèn ing Pasar Baru, Pasar Tengah, Pasar Pagi, Pasar Lama tuwin taksih wontên malih. Griya ingkang kêbêsmi sadaya wontên 800, kapitunanipun 2 yuta rupiah.

ASIA

Kapal Jêpan ambêkta granat. Pangagêng marinê Inggris ing Singapura mêntas mriksa kapal Jêpan alit, ingriku pinanggih ambêkta granat 400 iji. Bangsa Jêpan wau nalika dipun priksa, cariyos bilih asli saking pulo ing lautan Indiya. Miturut pangintên granat wau asli saking kapal Êmdên ing pula[11] Kalapa. Sarêng kalajêngakên panitinipun, saya mantêp bilih granat wau asli saking kapal Êmdên ingkang kabucal dhatêng sagantên. Nanging dèrèng sagêd nêtêpakên kadospundi sagêdipun kapal Jêpan manggihakên barang wau.

AMERIKA

Manggihakên tilas kasangsaran. Sampun sawatawis dintên wontên kasangsaran motor mabur ingkang lajêng ical larinipun. Motor mabur wau anggêgana saking New York dhatêng Salt and Cety. Ing sapunika motor mabur wau pinanggih namung kantun tilas-tilasipun wontên ing èrèng-èrènging rêdi ingkang 3000 m. inggilipun, prênahipun saking kitha Salt Lake City wontên 130 km. Motor mabur wau ingkang numpaki tiyang èstri 4, jalêr 15. Ingriku botên wontên tandhanipun bilih têtiyang ingkang numpak taksih gêsang.

Kolonèl Lindbergh. Wontên wartos, kolonèl juru anggêgana Lindbergh ingkang misuwur, anyagahi nampèni padamêlan upsir andhungan, inggih babagan anggêgana, laminipun gangsal taun. Dados botên nyata bilih piyambakipun badhe ngêmohi karakyatan Amerika.

--- 1359 ---

Wêwaosan

Pêpisahan ngantos pitung taun, sagêd pinanggih malih. (Dongèng)

Dening Slamêt

2

Sarêng sampun satata lênggah, sakabat Ngali sumêrêp dhatêng Tamim, sanalika jumênêng gita-gita anyêlaki dhatêng Tamim, sêsalaman kalihan ngandika : Kabênêran bangêt, aku ana kene bisa katêmu karo kowe, amarga wus suwe anggonku ngarêp-arêp, nanging kok ora kapêthuk, jêbul kapranggul ana kene, aku lêga bangêt. Wigatine aku mung arêp nyatakake pawarta saka kandhane anake lanang pamanamu, lan nocogake pamêcane nabi kang wus tau amêdharake marang aku. Jare kowe mêntas lêlungan pitung taun, wêruh kaanan sing anèh-anèh lan durung tau ana wong siji bae kang wêruh, iku sing tak impi-impi kêpengin tumuli wêruh yêktine, mara coba caritakna lêlakonmu nalika lêlana pitung taun, apa kaanan kang kowêruhi kandhakna kabèh, wiwitan, tumêka pungkasan, karêbèn dimirêngake karo kang padha lêlênggahan.

Tamim kadhawuhan andongèng lêlampahan anggènipun kêkesahan ngambah ngawang-awang lan dhasaring siti, punika sakalangkung bingah, awit punapa ingkang kacariyosakên, badhe kauningan ing ngarsaning pangadilan, ngiras minăngka wangsulan dhatêng pandangonipun kalipah, mila Tamim lajêng angandharakên: Kauningana, anuju satunggiling dalu, kula wontên ing griya kalihan bojo kula punika, kula cariyos makatên: Êmbokne, aku kok eling wasiyate Rasulullah, ngandikane: Wong arêp mapan turu iku yèn awake nuju rêgêd (kadas gêdhe) prayoga sêsuci adus dhisik. Bojo kula mirêng cariyos kula makatên punika, sanalika piyambakipun lajêng ngangsu angêbaki kulah, dipun sêdhiyakakên dhatêng kula kapurih ngangge adus, kula kapêksa nglampahi, nêtêpi cariyos kula wau. Sarêng kula sampun dumugi ing jamban, kula cariyos: Êmbokne, kowe ngêntènana ana ing kono dhisik, aja lunga-lunga yèn durung rampung anggonku adus, amarga pêtênge kok andhêdhêt têmên.

Bojo kula mangsuli kalihan sêmbranan: E, e, tobil, kojirèh têmên, dadi kowe iku gênahe wêdi pêpêtêng iki, ora wêdi karo wong ala sing gêndhak sikara. Hi, hi, adhi jênggêrêng-jênggêrêng ing burimu kuwi apa. Wong lanang iki lho, gondholên marana. Cariyosipun bojo kula ingkang kados makatên punika, pangintên kula namung sêmbranan, jêr anggènipun cariyos kalihan gumujêng cêkikikan. Wusananipun jêbul wontên jênggêrêngipun tiyang sayêktos, inggilipun sami kalihan wit kurma, katingal ngadêg wontên ing ngajêng kula. Sami sanalika punika, kula disun[12] sikêp kalihan tiyang wau, lajêng kabêkta mumbul andêdêl dhatêng ngawang-awang. Sarêng sampun inggil sangêt, kula lajêng kabêkta nylorot mangandhap bêblês, ngantos dumugi dhasaring siti, dumugi ing ngriku kula sawêg dipun sèlèhakên, lajêng katilar kesah, kalepat.

Sauwal kula saking gendhonganipun tiyang agêng inggil, kula lajêng mlampah-mlampah piyambak, ing ngriku katingal nagari agêng rêja lan rame, têtiyangipun sami nyêmbah latu, kula wontên ing nagari ngriku laminipun kalih taun. Wusana ing satunggiling wanci, kula mirêng suwara pujian tahlil saha takbiran rame gumuruh. Kula lajêng pitakèn dhatêng tiyang ing ngriku makatên: Ki sanak, punapa wigatosipun suwara kados makatên punika, kula wontên ing ngriki kalih taun, sawêg nêmbe mirêng sapunika. Wangsulanipun: O, ênggih, anggèr, andadosna sumêrêp sampeyan, kabare nagara ngriki ajêng kadhatêngan ratu jim mukmin nama: Mahan, ajêng ambêkta wadyabala kathah, sumêdya mêrangi dhatêng băngsa kula jim ing nagari ngriki, bokmanawi ênggih niku saèstu.

Botên watawis dangu kalihan wontênipun suwara rame gumuruh, ing ngriku ratu jim Mahan sawadyabalanipun saèstu dhatêng, mirantos dêdamêling prang. Para jin ing nagari ngriku sami mapagakên sumêdya nglawan, wusana kalampahan campuh pêrang rêrêmpon sakalangkung rame, dêdrêg udrêg-udrêgan, asilih-ungkih, gêntos unggul, gêntos kalindhih. Wêkasan wadya jim ing nagari ngriku kasoran, kawon pêrangipun. Senapatining prang sawadyabalanipun ingkang kaboyong ing mêngsah wontên cacah pitung dasa èwu, kalêbêt kula (Tamim) piyambak punika.

Boyongan pitung dasa èwu wau, sadumugining nagarinipun lajêng kaladosakên konjuk ing ngarsanipun sang ratu jim Mahan, majêng satunggal-satunggal, prêlu dipun uningani kawujudanipun. Sarêng dumugi kula (Tamim) ingkang majêng ing ngarsanipun sang ratu, ing ngriku dèrèng ngantos kadangu punapa-punapa, kula nyêbut asmaning Pangeran, Sang Ratu Jim Mahan midhangêt panyêbut kula wau, sakalangkung kagèt ing galih, sanalika lajêng andangu: Kowe iku sapa jênêngmu, lan sapa kang nêkakake kowe ana ing talatah nagara jim kene iki. Wangsulan kula: Nami kula Tamim, wondene ingkang andhatêngakên kula dumugi ing nagari jim, punika jim agêng inggil ingkang kula dèrèng sumêrêp namanipun.

Wontên ing ngarsanipun Sang Ratu Jim Mahan, kula lajêng andongèngakên lêlampahan kula wiwitan dumugi wêkasan. Sang ratu karênan ing galih, kula lajêng botên kalilan kêmpal nunggil kalihan jim boyongan sanès-sanèsipun, kapijèkakên piyambak, malah kakarsakakên dados abdinipun, kadhawuhan mulang ngaos dhatêng para putra-putranipun Sang Ratu Jim Mahan, mênggah kaparêngipun sang ratu ingka[13] makatên wau, sakalangkung andadosakên sukur bingahing manah kula ingkang tanpa upami, mila punapa dhawuhipun sang ratu, inggih kula èstokakên kalayan têmên-têmên, awit saking sêtya tuhu

--- 1360 ---

kula punika wau, sang ratu saya wêwah trêsna asihipun dhatêng kula, ngantos botên kalilan pisah têbih. Saking kasoking trêsna asihipun sang ratu, kalamăngsa kaparêng angladosi piyambak dhatêng kula.

Kabêkta saking sampun dangu anggèn kula wontên nagari jim, sanadyan kula dados abdinipun Sang Ratu Jim Mahan punika, gêsang kula botên badhe kêkirangan, ewadene manah kula lajêng kraos kados dinudut mak nyut, èngêt dhatêng semah kula katingal gawang-gawangan ing mripat kula, mila mripat kula botên kenging kaampêt malih, lajêng ambrêbês mili angêdalakên luh carocosan, ngantos kadêngangan ing sang ratu. Sang ratu lajêng andangu: Ana apa kowe Tamim, têka ambrêbês mili daleweran mangkono, kang kosusahake apa, apa kurang cukup anggonku paring kabungahan marang kowe, apa kurang kapriye, bêcik matura bae: Tamim.

Atur wangsulan kula: Dhuh, gusti, saèstunipun bab pêparing paduka dhatêng kula sampun langkung cêkap, namung sarèhning anggèn kula wontên nagari jim punika sampun dangu sangêt, dumugi samangke raosing manah sampun kangên sangêt dhatêng semah kula ingkang kula tilar wontên ing griya piyambak, dene saprika-sapriki kula botên sagêd kintun punapa-punapa.

Ratu Jim Mahan: Aja dadi kagèting atimu, Tamim. Kowe mangrêtia, kene iki karo omahe bojomu adoh bangêt, kêlêt-lêtan pagunungan kang gêdhe-gêdhe, sagara wêdhi angilak-ilak tanpa têpi, ara-ara, alas gêdhe-gêdhe tur rungkud, cêkake dudu ambah-ambahane uwong, mulane bêcik ora mulih bae.

Kula dipun ngandikani Sang Ratu Jim Mahan makatên wau, lajêng nangis sanalika kalihan sêsambat. Saking sruning anggèn kula sêsambat, sang ratu katingal wêlasipun dhatêng kula, mila lajêng kawêdhar pangandikanipun ingkang adamêl asrêping manah kula, dhawuhipun: Kowe aja was sumêlang, prakara anggonmu kapengin mulih marang nagaramu, mêsthi kalêksanan, amarga sanadyan aku mau wus ngandika, yèn nagara kene iki, karo omahmu pancèn adoh sing wis ora karuan kae, nanging ing kene ana kang bakal bisa ngulihake kowe marang nagaramu, nganti têkan ing omahe bojomu kanthi slamêt.

Sang ratu lajêng nganthi kula tindak mlampah-mlampah, kula katêdahakên dhatêng satunggiling guwa, ingkang ing ngriku wontên jim namanipun: Dahnas bin Markon, mripatipun manthêlêng angajrih-ajrihi, nanging badanipun sampun kaêrut mawi tangsul kêncêng, tuwin kablênggu sakalangkung kiyat, ngantos botên sagêd ebah. Sang ratu lajêng nyêlaki dhatêng jim Dahnas wau sarwi ngandika: He, Dahnas, kowe upama dak tulung tak luwari saka pakunjaran, apa kowe gêlêm lan kaduga mitulungi gênti, angulihake Tamim iki, marang nagarane, nganti têkan ing ngomahe bisa katêmu lan ahli warise. Wangsulanipun Jim Dahnas: Sagah, saha sandika ngèstokakên punapa dhawuhipun sang ratu. Sang ratu lajêng kaparêng anguculi bandan saha ngicali blênggunipun.

Saluwaripun Jim Dahnas saking pasiksan, lajêng enggal mapan tata-tata, samêkta anggènipun sagah badhe ngantukakên kula. Sang ratu lajêng nyêlaki dhatêng kula kalihan paring piwêling makatên: Mim, saiki kowe sida arêp diulihake karo si jim Dahnas, nanging panggalih kula rada kuwatir lan sănggarunggi, yaiku nèk kowe wis kalakon diajak Si Jim Dahnas, ana ing dalan gèk kowe banjur diganggu gawe lan dikaniaya, dicêmplungake sagara utawa ditinggal ana ing têngah alas, iku kang tak sumêlêngake. Mula ora liwat aku mung wêling, ing sajrone kowe milu Si Jim Dahnas, aja pêdhot panuwunmu marang Pangeran Kang Maha Wêlas lan Asih, muga paring slamêt ana ing sadalan-dalan, lan kalis saka pangganggu gawene jim Dahnas. Wus mung iku wêlingku marang kowe, poma eling-elingên têmênan. Sawêg kèndêl pangandikanipun Sang Ratu Jim Mahan punika, kula babarpisan dèrèng kraos punapa-punapa, jêbul kula sampun kabêkta mabur minggah andêdêl, sumêrêp-sumêrêp sampun wontên ing ngawang-awang uwung-uwung, kula lajêng èngêt nyuwun dhatêng Pangeran. Sarêng minggahipun sampun andêdêl sangêt, ing ngriku wontên wêwarnèn cumlorot sarupi latu murub kados obor, ngengingi dhatêng pun Jim Dahnas, badanipun kobong sami sanalika, kula lajêng dipun êculakên, têrus dhawah ing sagantên ijêm, ing ngriku kula dipun tulungi dhatêng satunggiling pêksi, dipun êntasakên kabêkta dhatêng gisiking sagantên, saha lajêng dipun ombèni saking cucukipun, kalihan sêmu angarêm-arêmi dhatêng kula, mênggah cêthaa, têmbungipun makatên: Ki sanak, sampun was sumêlang ing galih, sampeyan wilujêng, botên wontên bêbaya satunggal punapa.

Sasampunipun kula angsal pitulunganing pêksi, kula lajêng krèkèl-krèkèl minggah dhatêng satunggiling pulo, dumugi ing ngriku kula lajêng kèndêl, dangunipun ngantos sakawan dasa dintên. Salêbêtipun kula wontên ing ngriku, namung mlampah-mlampah kalihan mêmikir ngiras nyumêrêpi kawontênaning pulo wau, wasana kula mrangguli satunggiling sato kewan ingkang dipun umbar botên wontên ingkang angèn, kula lajêng linggih thênguk-thênguk kalihan dhêlêg-dhêlêg sarwi nyawang kewan wau. Bokmanawi kewan wau gadhah wêlas nyumêrêpi dhatêng kawontênan kula punika, sêmunipun gadhah sêdya badhe têtulung, kewan wau ngantos kawêdal wicantênipun, mênggah cêthaa, têmbungipun makatên: Ki sanak, sampeyan kaparênga nyêlak dhatêng kula mriki. Kula botên sarănta lajêng enggal-enggal mara anyêlaki, saha lajêng kula cengklak purun, kewan wau botên kula atag, lajêng mlampah sakajêngipun piyambak, sapurug-purugipun namung kula turut kemawon, ngantos dumugi ing panggenanipun satunggiling pandhita, sawêg purun kèndêl. Pandhita mêdal gita-gita amanggihi dhatêng kula, pitakèn makatên: Sampeyan punika asli saking pundi, nama sampeyan sintên, saha dhatêng sampeyan ing ngriki punika badhe gadhah prêlu punapa.

Badhe kasambêtan.

--- [0] ---

Nomêr 42, Taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, Juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Bab Palakrama

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 84.

Sêsemahan kados kasêbut nginggil, punika dadosipun inggih sagêd kathah ingkang sênêng, wilujêng, lan ugi wontên ingkang dados kirang sae, nanging punika kalêbêt limrahipun barang ngalam donya, kados katrangan kula ing ngajêng.

Miturut andharan, lampahing sêsemahan cara lami kalihan cara enggal wau, inggih sami saenipun, lan inggih sami matonipun, saupami jaman sapunika sampun malih jaman mudha babarpisan, cara enggal wau sampun botên wontên pakèwêdipun, dipun angge sadhengah tiyang, sami ugi kalihan cara lami kanggenipun jaman kina, inggih sampun sakeca kemawon. Wangsul kawontênanipun sapunika dèrèng makatên, inggih punika sawêg nêngah-nênahi[14] kala antara, cara kalih wau taksih wontên ingkang ngangge piyambak-piyambak. Manawi golongan sêpuh anggènipun anjodhokakên namung kalihan golonganipun piyambak, wontênipun cara kalih warni wau inggih sae kemawon, amargi sampun wontên ingkang ngangge piyambak-piyambak, sarta botên badhe munasika ing sanès, nanging makatên punika masthinipun inggih botên sagêd kalampahan, amargi gêsanging golongan sêpuh kalihan nèm punika salugunipun taksih dados satunggal, botên apanthan piyambak-piyambak, dados sampun masthi golongan sêpuh kêrêp lêlayanan kalihan golongan nèm, utawi kosokwangsulipun. Inggih ing ngriku punika panggenan gawat-gawating gawat, pamanahan.

Upaminipun wontên golongan sêpuh gadhah anak golongan nèm, lare wau ngangkah semah golongan nèm, anakipun golongan sêpuh wau lajêng ngangge cara ingkang pundi. Ingkang golongan sêpuh namung kêncêng botên ngajêngi lampah wêwanuhan rumiyin, amargi namung botên tega thok anglilani anakipun èstri kangge cobèn-cobèn cara enggal, inggih manawi anggènipun rêrêmbagan sêsemahan wau masthi dados, manawi botên, punika tumrapipun lare èstri sampun nama kirang prayogi, sarta malih ugi ambêbayani sangêt lare èstri wau lajêng sampun kêtuwuhan wiji palakrama, punika ubalipun sagêd anatasakên tangsulipun kasusilan Jawi.

--- [0] ---

Kosokwangsulipun golongan nèm, manawi botên dipun lilani wêwanuhan rumiyin, inggih narimah botên saèstu lêlayanan rêmbag kemawon, dados tansah badhe pasulayan kemawon. Măngka tumrapipun jaman sapunika, kawontênan kados makatên punika masthi taksih kathah sangêt, inggih manawi bibaripun rêmbag wau namung kèndêl samantên, manawi taksih wontên sambêtipun ingkang mutawatosi, inggih punika namung badhe kalajêngakên piyambak, tanpa mawi idining tiyang sêpuhipun, tamtunipun tiyang sêpuh inggih botên badhe damêl punapa-punapa, nanging punika rak nama ambibrah tataning băngsa. Sadaya băngsa ingkang ngangkah majêng kanthi kasusilan, masthi nêbihi sangêt dhatêng lêlampahan ingkang nistha wau.

Hla, kadospundi, punapa golongan sêpuh, kalihan golongan nèm lajêng simpang-simpangan kemawon, mêdal marginipun piyambak-piyambak, punika masthi botên sagêd, amargi golongan sakalih-kalihipun wau lugunipun taksih bêtah-binêtahakên, dados botên sagêd kapilah-pilahakên.

Awit saking punika, ngèngêti gawating kawontênan wau, kula manah prêlu sangêt, wontêna tataning palakrama, ingkang sagêd damêl pamarêming golongan sakalih-kalihipun, inggih punika gologan sêpuh puruna tumiyung sawatawis, golongan nèm inggih puruna ngèngêti bêbaya wau, wêkasan sagêd damêl wilujêngipun băngsa kula Jawi sadaya. Amin. Brataraharja, K. 1753.

Wangsulan Katur Sadhèrèk Arun ing Sêmarang

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 84

Bab III. Ingkang panjênêngan karsakakên punika wanita ingkang pundi, awit saking pamanggih kula tiyang punika sagêd kaperang:

a. Miturut panggenan panggêsanganipun.

b. Miturut cara panggulawênthahipun.

Bab punika saking pamanggih kula botên pilih wanita ingkang pintêr, bodho, sugih, miskin, inggil, lan andhap, lan inggih botên pilih panggenan, punapa wontên Sêmarang, punapa Rêmbang, punapa Bêtawi, punapa wontên pucuk rêdi, kados sami kemawon, jêr sadaya tiyang ingkang sami rumaos ngalami wontên ing salêbêting jaman rêkaos punika, ingkang baku nomêr satunggal namung dumunung wontên pangastaning ekonominipun dalêm, langkung-langkung ingatasing wanita ingkang kagungan têtanggêlan bab wau, yèn pangastaning ekonomining dalêm sarwa ngatos-atos, sarwa ngrampungi, botên nilar gêmi, nastiti, lan ngati-ati, sanajan manggèna wontên ing pundi kemawon gêsangipun sakukuban masthi pinanggih sênêng lan ayêm. Awit kasênêngan lan ayêming tiyang gêsang makatên botên namung dumunung wontên ing papan lan nagari agêng kemawon.

Tutuping atur kaparênga kula nyuwun priksa gêntos, sadaya dhawuh panjênêngan, 3 prakawis wau, murih cêthanipun, awit kula kuwatos yèn atur wawasan kula punika kalèntu. Rak inggih ta sadhèrèk Landêp. Wasana nyuwun gênging pamêngku, langkung-langkung dhumatêng paduka rama up.

Mbok S. Wir, Rêmbang

--- [0] ---

Bab Olah-olah

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 84.

Brêgêdèl Gêndruk

Murih sampun ngantos kalèntu, mênggah ingkang winastan gêndruk ing ngriki, inggih punika băngsa talês utawi bothe ingkang godhong dalah witipun awarni ijêm, godhongipun lêdhung-lêdhung wiyar, dados sanès agagang cêmêng punika.

Mumpung samangke pinuju awis kênthang, gêndruk wau prayogi sangêt kadamêl lêlintunipun, mathuk kadamêl brêgêdèl, malah kacariyos kadamêl asih ugi kenging. Nanging rèhning kula piyambak dèrèng nyobi, prayogi sapunika kula ngaturi udhu bab pandamêlipun brêgêdèl kemawon rumiyin.

Mênggah bumbuning brêgêdèl gêndruk inggih punika: mrica, pala, brambang, bawang, sarêm, gêndhis 1 sendhok tèh, kaulêg. Gêndruk wau kakumbah rêsik rumiyin. Lajêng kaêdang ngantos matêng, bilih sampun matêng kaoncekan, kairis-iris kandêl, punika lajêng kagorèng ing lisah kalêntik, kaangkaha sampun ngantos kêgaringên, kaêtus. Tumuntên katilara anacah ulam daging ingkang ngantos lêmbat, lajêng kaulêg akalihan gorengan gêndruk wau, tumuntên bumbunipun kacampur, kaêmoran malih rajangan, slèdri tuwin godhong brambang, kaulêt dados satunggal, tumuntên ngêbluka tigan satunggal utawi kalih, kangge amboboki, lajêng kagorèng ing wajan, mawi lisah kalêntik, panggorèngipun aring-aring kemawon, supados matêngipun katingal sumringah jêne, dados latunipun sampun ngantos kagêngên. Bab punika sampun asring kula cobi, raosipun botên prabeda kados brêgêdèl kênthang kemawon, malah laki kula manawi pinuju kula sêgah makatên sok pitakèn: Apa saiki wis bali murah kênthang manèh ta, olèhmu ambrêgêdèl kok akèh. Lajêng kula sanjangi samêsthinipun.

Kothokan pêtis urang

Mundhuta sêkar bawang, inggih punika tumrap ing padunungan kula dipun wastani: blalo. Kathahipun tigang unting (tigang têkêm) lajêng kakumbah rêsik, karajang cêlak-cêlak, watawis panjangipun nyatêngah sèntimètêr. Pêtis urang watawis 10 sendhok dhahar. Kabumbonan: sarêm, traos, bawang, kêtumbar, kêncur, kunci, laos, kunir, gêndhis pasir 2 sendhok tèh, lombok impling pangaos 1 sèn, godhong jêram purut 3 lêmbar, asêm 5 klungsu, kaulêg lêmbat, katoyanan santên nyêmên-nyêmêk.[15] Bumbu punika kagăngsa ing wajan mawi lisah jalantah ingkang bêning, lajêng kaêsokan santên wau, tumuntên pêtis kacêmplungna, kasarêng kalihan rajangan lombok ijêm sawatawis, nuntên blalo kacêmplungna dados satunggal, kaudhêk sampun ngantos ngintip, latunipun kajagia sampun ngantos kagêngên, bilih kothokan wau sampun katawis asat nyêmêk-nyêmêk, nuntên kaêntas kangge rangkèn lawuh dhahar.

Manawi botên têlas saêndhêgan, tirahanipun karimata ing panci, sabên badhe kadhahar dipun êngêt rumiyin. Kothokan makatên punika tumrap padunungan kula sawênèh mastani: sambêl tubil.

Kula juru dang K. 1815 ing Malang.

--- [0] ---

Sinjang Sidaluhur

Sinjang Sidaluhur punika satunggiling sinjang latar cêmêng ingkang kêbak sogan, mila sanadyan sinjang latar cêmêng, mramongipun botên kawon kalihan sinjang latar cêmêng sanès-sanèsipun. Nanging sanadyan mramong kados makatên, pantês dipun agêm ing priyantun sêpuh anèm, kakung tuwin putri, botên ngagètakên.

[Grafik]

Namaning sinjang Sidaluhur, punika sampun jarwa, atêgês pangajap sae, tuwin mênggahing nyatanipun, pancèn inggih sae.

Sinjang Sidaluhur punika panyêratipun mawi pola, gagragipun warni-warni, nanging sami-sami sinjang Sidaluhur, tumrap ingkang kacêtha ing gambar, punika nyalênèh piyambak, aslinipun saking Surakarta, dene rumiyin, ingkang ngangge namung suwargi Radèn Ngabèi Prajapustaka (Ki Padmasusastra).

Kêbêkta saking rêmênipun Radèn Ngabèi Prajapustaka dhatêng sinjang wau, salaminipun botên nate ngangge sinjang bathik, sanèsipun Sidaluhur ingkang kados makatên punika. Kados tumraping para priyantun ing Surakarta ingkang rumiyin kulina kalihan Radèn Ngabèi Prajapustaka, botên kêkilapan. Tuwin bokmanawi samăngsa priksa wujuding sinjang Sidaluhur wau, inggih èngêt dhatêng Radèn Ngabèi Prajapustaka. Mila mèmpêr saupami sinjang Sidaluhur wau dipun wastanana: Sidaluhur Prajapustaka.

[Grafik]

Suwargi R.Ng. Prajapustaka ngangge sinjang sidaluhur.

Dumuginipun sapunika, sinjang Sidaluhur wau dèrèng sumrambah namung anak putunipun Radèn Ngabèi Prajapustaka tamtu rimat. Biyang Sri.

--- [1361] ---

 


wontên. (kembali)
ngumbar. (kembali)
§ Bokmanawi ingkang dipun wastani kuluk mathak punika kathah ingkang dèrèng uninga. Kuluk mathak punika badhenipun montên, dipun kuwuk (dipun gêrus mawi kuwuk) ngantos gilap têrus kados kaca (manawi jaman sapunika ingkang mèmpêr: mikah). (kembali)
§ Ing bab sèlèh dhuwung, punika kalêbêt ing tatakrama, sintêna ingkang ngabêkti dhatêng para luhur, saya malih dhatêng panjênêngan nata, kêdah sèlèh dhuwung rumiyin. (kembali)
kalêbêtan. (kembali)
nyandèkakên. (kembali)
administrasi. (kembali)
dhawah. (kembali)
ing. (kembali)
10 srêpêgan. (kembali)
11 pulo. (kembali)
12 dipun. (kembali)
13 ingkang. (kembali)
14 nêngah-nêngahi. (kembali)
15 nyêmêk-nyêmêk. (kembali)