Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Image

Ôngka 76, Rê Kli 17 Rêjêp Ehe 1868, 22 Sèptèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Babad Giyanti

Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen.v.K.en W.

Sarisakipun karaton Kartasura ingkang jumênêng nata Sinuhun Pakubuwana II lajêng yasa karaton enggal ing dhusun Sala. Nagari kasantunan nama Surakarta Adiningrat. Sang nata dèrèng dangu anggènipun ngadhaton ing Surakarta lajêng pasulayan kalihan ingkang rayi Pangeran Mangkubumi. Wusana anjalari pêrang ngantos pintên-pintên taun, inggih punika pêrangipun wadyabala Surakarta kabiyantu prajurit Kumpêni mêngsah kalihan para prajurit ingkang sami ngrencangi Pangeran Mangkubumi. Pêrangipun gêntos unggul lan gêntos kalindhih, sarta kanthi ngolah-ngalih panggenan. Dangu botên wontên ingkang mênang tuwin ngawon, pungkasanipun ingkang sami mêmêngsahan lajêng bêdhamèn. Miturut bêdhamèn wau nagari kapalih dados kalih bagean. Ingkang sabagean inggih punika nagari Surakarta dados kagunganipun nata ing Surakarta Sinuhun Pakubuwana III, ingkang anggêntosi ingkang rama nalika taksih wontên pêrang, amargi ingkang rama Sinuhun Pakubuwana II seda nalika taksih wontên pêrang wau. Dene ingkang sabagean malih inggih punika nagari Ngayogyakarta dados kagunganipun Pangeran Mangkubumi ingkang lajêng madêg nata jêjuluk Sultan Hamêngkubuwana.

Sanajan botên kapratelakakên, para maos têmtunipun sampun sami priksa, bilih babad Surakarta ingkang katêlah dipun wastani Babad Giyanti punika pantês sarta inggih sampun samêsthinipun dados waosanipun tiyang Jawi. Botên namung tiyang Jawi ing nagari Surakarta lan ing Ngayogyakarta kemawon, nanging para tiyang Jawi ing laladan sanès-sanèsipun inggih prêlu maos babad wau. Awit punika atêgês kangge nyumêrêpi lan ngèngêt-èngêt babading tanahipun piyambak lan atêgês kangge nyumêrêpi lêlampahanipun para lêluhur Jawi ingkang sami tumut andon yuda nglabêti sinuhun ing Surakarta utawi Pangeran Mangkubumi kasêbut ing nginggil wau. Amargi pêpêrangan ingkang kacariyosakên ing babad Giyanti punika jêmbar têbanipun, botên namung ing salêbêtipun laladan nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon, nanging ngloncok dumugi laladan sakiwatêngênipun nagari kalih wau, sarta ingkang sami tumut andon jurit ugi botên ngêmungakên tiyang ing nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon.

Kajawi punika, babad Giyanti punika ugi andongèngi, liripun nyariyosakên pêpêrangan, lêlampahan, lan kawontênan warni-warni, ingkang pantês dipun waos kangge nyênêngakên manah. Jalaran ingkang andhapuk pujôngga agêng ingkang sampun misuwur, inggih punika suwargi Tumênggung Yasadipura, ing Surakarta. Basa tuwin othak-athiking cariyos runtut lan sarwa nêngsêmakên.

Babad Giyanti ingkang kawêdalakên dhatêng Bale Pustaka punika ngantos satamatipun, sarta murih ènthèngipun ingkang sami mundhut, kawêdalakên dados pintên-pintên jilid. Samangke sampun kenging wêling ingkang jilid: 1 -7, a f 0.50.

--- [1185] ---

Ôngka 76, Rê Kli, 1617. Rêjêb Ehe 1868, 22 Sèptèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Mêsjid Jumna - Ajar Pêrang-pêrangan wontên ing Sagantên - Candhi Barabudhur - Kawontênan ing Tiongkok - Bab Masakan - Bikakan Padamêlan ing Koninklijke Marine - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

MasjêdiMasjid. Jumna

[Grafik]

Untabipun têtiyang ewon nalika badhe sêmbahyang Jumuwahan wontên ing Masjid Jumna ing Delhi, nagari Hindhu.

--- 1186 ---

Ajar Pêrang-pêrangan wontên ing Sagantên

Sambêtipun Kajawèn nomêr 75.

Nyanjata mêngsah ingkang têbihipun 16 km.

Ing tanggal kaping 3 Sèptèmbêr, Kangjeng Tuwan Ingkang Wicaksana kaparêng badhe nguningani kasagêdan tuwin kaprigêlanipun kapal pêrang Sumatra.

Kapal pêrang Sumatra ingkang dalunipun labuh wontên ing sunglon Ratai, enjingipun bidhal malih ngênêr dhatêng panggenan ingkang sampun dipun têtêpakên dening komandhan Eskandêr. Kintên-kintên wanci jam 6 sampun dumugi panggenan ingkang sampun dipun tamtokakên wau, saha ing ngriku sampun wontên kapal pêrang sanès-sanèsipun ing golonganing Eskandêr punika, inggih punika kapal pêrang De Ruyter, kapal torpedho pambujêng tiga tuwin kapal silêm sakawan.

Kintên-kintên wanci jam pitu, kapal sadaya wau sampun jèjèr-jèjèr dados kalih larik, badhe mapag rawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ingkang badhe rawuh nitih kapal Rigel ingkang bidhal saking Tanjungpriuk.

Kapal-kapal pêrang ingkang wontên ing ngriku lajêng nata barisan, kapal Sumatra dados sathèrèk kalihan kapal silêm sakawan, sathèrèk malih kapal De Ruyter sambêt kalihan kapal torpedho. Ing sêla-sêlaning barisan kapal wau kangge langkung kapal Rigel. Sadaya prajurit ing kapal sampun sami baris, mangangge pêthak, papanipun baris wontên ing nginggil ngajêngakên panggenan ingkang badhe kangge langkung kapal Rigel.

Nalika kapal Rigel mèh dumugi sangajênging kapal Sumatra, mriyêming kapal Sumatra tuwin De Ruyter sami kaungêlakên minôngka urmat rawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Satunggal-satunggaling kapal ngungêlakên kalih dasa rambahan, sabên mungêl suwaranipun gumlêgêr rampak. Ing kala punika kapal Rigel sampun dumugi sangajênging kapal Sumatra tuwin De Ruyter, para prajurit lautan surak sêsarêngan ambata rêbah tigang rambahan kalihan anglawèk-nglawèkakên topinipun. Sasampunipun punika tinampèn ing musik lagu Wilhelmus saking kapal De Ruyter.

Lampahing kapal Rigel sadumugining wêkasan barisan kapal wau, kapal Sumatra tuwin kapal De Ruyler lajêng mingêr nusul lampahing kapal Rigel, dene kapal sanès-sanèsipun lajêng sami lumampah piyambak-piyambak anindakakên punapa wajibipun.

Sasampunipun makatên Commandant Zeemacht, inggih punika pangagênging wadya lautan mandhap saking kapal De Ruyter dhatêng kapal Sumatra, salajêngipun kapal Sumatra ngandhapakên sêkoci mapag Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sapandhèrèkipun.

Tindak makatên wau dangunipun ngantos kalih jam, kintên-kintên wanci jam sanga Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sakalihan, putri dalêm tuwin tamu satunggal, dipun dhèrèkakên ajidan dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana punapadene upsiring kapal Sumatra ingkang kapiji mêthuk minggah dhatêng Sumatra. Sadumugining kapal dipun papag ing Commadant Zeemacht tuwin Commandant Eskader.

--- 1187 ---

Sasampunipun ngandikan sawatawis dangu tuwin mratelakakên ing bab-bab ingkang gêgayutan kalihan prêlu punika, upaminipun bab ngisèni mriyêm agêng-agêng, para tamu lajêng dipun dhèrèkakên minggah ing brug panggenaning komandhan kapal. Saking ngriku minggah dhatêng panggenan malih brug alit, ingkang langkung inggil, kaprênah sawingkinging tiyang agêng sangandhap seindek. Ing ngriku sami sagêd mariksani anggèning kapal Sumatra badhe nglêpasi mêngsah ingkang têbihipun 16 km. Ing ngriku tumrap para tamu sami nutup talingan mawi tutup ingkang sampun dipun sadhiyakakên, awit kapal Sumatra badhe nglêpasakên mriyêm ngantos 16 km. têbihipun, sampun tamtu isinipun langkung kathah, ngungkuli ingkang sampun-sampun, amargi nêmpuh mêngsah ing wanci siyang punika langkung têbih, beda nêmpuh ing wanci dalu, sagêd cakêt, mila prêlu ngangge mriyêm ingkang langkung kiyat.

Botên dangu kapal Zuiderkruis katingal anggèrèt lesan, katingalipun namung lamat-lamat kemawon. Ing ngriku ujug-ujug lajêng kêmirêngan panjêbluging mriyêm ingkang anggêgirisi, samukawis ingkang dipun cêpêng ing tangan sami gêtêr. Miturut katrangan, lesan wau têbihipun 15 km, mriyêm ingkang dipun lèsakên sami ngèngingi lesan sadaya, kajawi namung ingkang kapisan pinanggih langkung (langkah). Salajêngipun kapal Sumatra nglajêngakên lampah rikat, dene lesan têrus dipun gèrèt ing kapal Zuiderkruis, sabên mênit mriyêm têrus dipun lesakên dhatêng lesan ingkang tansah ebah. Ewasamantên tansah angèngingi, kintên-kintên salêbêtipun 12 mênit anglêpasi kaping 15 saking kapal Sumatra. Sarampunging damêl, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana maringi wilujêng dhatêng ingkang sami tumindak ing damêl.

[Iklan]

Kintên-kintên jam kalih wêlas, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana mriksani kapal torpedho Witte de With, dalunipun wangsul dhatêng kapal Sumatra malih, badhe mriksani anggèning nglêpasakên mriyêm kapal Sumatra ing wanci dalu. Kintên-kintên jam 10 dalu Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana pindhah dhatêng kapal Rigel malih, bidhal dhatêng Mêrak, dipun dhèrèkakên kapal De Ruyter, enjingipun labuh wontên Mêrak.

Salajêngipun kapal-kapal sadaya wau, sami bibaran.

--- [1188] ---

[Grafik]

Gambar sisih kiwa: mriyêm-mriyêm ingkang kangge nanggulangi panêmpuhing mêngsah saking gêgana.

Ngandhap: Nalika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana minggah ing kapal "Sumatra" kapapag dening pangagênging wadya lautan Schout-bij-nacht Ferwerda (sisih têngên piyambak) punapadene Commandant Eskader.

Gambar bundêr: Granat-granat kawêdalakên saking gudhang ing nglêbêt kapal kabêkta dhatêng jarambahing kapal. Ngandhap kiwa: anata jarambah badhe kangge papaning campuh.

Ngandhap: Sasampunipun anglêpasakên mimis nuntên kapal wau kalampahakên rikat sangêt, kapal wau mèh botên katingal jalaran anggèning ngêdalakên kukus sakalangkung kandêl.

--- [1189] ---

[Iklan]

--- 1190 ---

Kawruh Sawatawis

Candhi Barabudhur

Sambêtipun Kajawèn nomêr 75

Sarjana: pancèn kasinggihan adhi, katranganipun sang minulya Subadra Biksu, panjang sangêt bab wau punika, saking têmbung nirwana wau asring damêl kalèntuning panampinipun tiyang kathah.

Sujana: mirid pangandikanipun ki raka wau,

[Grafik]

Talundhag ôngka I ing Barabudhur, mawi rêca Dyani Buda.

golongan Mahayana sami manêmbah punapa mêmuji dhatêng dewa utawi Buda sanès-sanèsipun, punika sintên ingkang dados sêsêmbahanipun.

Sarjana: tumrapipun ing tanah Jawi ngriki jaman samantên (kabudan) kula dèrèng sagêd angsal sêsêrêpan ingkang sah adhi, namung saking pangintên kula piyambak, manawi botên kalèntu, inggih dhatêng salah satunggiling Dyani Buda, ingkang rêcanipun pinanggih wontên ing candhi Barabudhur ngriku utawi ing Mêndut. Anggèn kula sagêd angintên-intên makatên, punika pêpiridan saking ingkang sami katindakakên golongan Mahayana Buda ing nagari Tiongkok, sami amêmêtri saha mêmuji angaji-aji dhatêng rêcanipun Dyani Buda ingkang sinêbut Amitaba, cara Tionghwanipun dipun wastani Umitohud. Manawi botên dhatêng rêca Dyani Buda Amitaba punika, inggih sojah dhatêng rêcanipun Bathari Kwan Yin utawi Kwan Im. Manut piandêlipun, punika dewa èstri ingkang angadhaton ing sagantên kidul, sajakipun sami kalihan piandêl Jawi dhatêng Kangjêng Ratu Kidul punapa Nyai Rara Kidul, sairib kados piandêl Indhu dhatêng Bathari Durga, ingkang rêcanipun wontên ing Prambanan, limrahipun bôngsa kula Jawi sami mastani Bok Rara Jonggrang. Rêca Amitaba Buda utawi rêcanipun Bathari Kwan Yin (Kwan Im) punika salah satunggalipun sagêd pinanggih wontên ing klênthèng-klênthèng nagari Tiongkok utawi ing tanah Jawi ngriki.

Sujana: e, sawêg mangrêtos punika kula, dados klênthèng-klênthèng punika sanès masjidipun para golongan ingkang ngrasuk agami Gonghucu, ki raka.

Sarjana: sanès adhi, klênthèng-klênthèng punika masjidipun bôngsa Tyonghwa, ingkang sami ngrasuk agami Mahayana Buda.

Sujana: Dyani Buda ingkang wontên ing Barabudhur

--- 1191 ---

punika pintên cacahipun, wontên pintên warni kawontênaning wujudipun, tuwin kadospundi têgêsipun.

[Iklan]

Sarjana: cacahipun rêca-rêca Dyani Buda ing Barabudhur punika watawis wontên kiwa têngênipun 505 iji, dene samangke kawontênanipun kantun nêm warni (botên nêm iji), amargi ingkang wontên ing dhênggunging stupa (dhagobah utawi plênthu) ing nginggil piyambak (têngah utawi pucaking candhi) sampun botên wontên, kilap sumimpênipun lajêng wontên pundi. Badhe kasambêtan.

Tr. S.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng sanggyaning para prayantun lêngganan, bilih sawatawis dintên êngkas, administrasi badhe ngintunakên bêlangko pos wisêl, dhatêng para prayantun ingkang babarpisan dèrèng kagungan pambayaran tumrap kuwartal 4 ing ngajêng punika.

Saking pangajêng-ajêngipun administrasi, mugi para ingkang nampi kintunan wau, lajêng kêparêng anggalih ing saprêlunipun, amurih sampun kacuwan ing panggalih, dene botên dipun sowani Kajawèn.

--- 1192 ---

Kawontênan ing Tiongkok

Sarêng pasulayanipun Tiongkok tuwin Jêpan pinanggih babag, lajêng nuwuhakên panggagas, amastani bilih Tiongkok sampun kathah ajêngipun ing babagan paprangan. Manawi tumrapipun Jêpan makatên pancèn sampun dangu majêngipun.

[Grafik]

Jendral Katsoeki (sisih têngên) panuntuning wadya Jêpan ing Tiongkok ingkang luhur, nuju mriksani kar gambaring lampahipun mêngsah.

Mirid pamawas tumrap Jêpan kala ing taun 1905 nalika Jêpan pêrang kalihan Ruslan, wadyanipun dharatan, angsal pangalêmbana saking pundi-pundi, malah kêwical golongan linangkung. Nanging ugi wontên ewahing panganggêp, unggulipun Jêpan kala samantên, dipun wastani dèrèng babag kalihan mêngsahipun, inggih punika Ruslan, amargi Ruslan punika sanadyan kiyat nanging taksih kirang pratikêl, tuwin kathah ingkang kuciwa dêdamêlipun, mila sagêd kêtlêku ing jurit.

Nanging pinanggihipun wontên ing wêkdal punika, Jêpan botên kapetang sangêt linangkungipun, malah wontên ingkang mastani bilih wadyanipun mriyêman tuwin wadyanipun anggêgana, kenging dipun wastani taksih nguciwani. Môngka tumrapipun Jêpan ing sapunika, anggèning pêpêrangan punika nglurug, sampun tamtu kêkiyatanipun kêdah sarwa langkung. Dados saupami botên kiyat yêktos, tamtu badhe rêkaos anggèning mêmêngsahan kalihan Tiongkok. Môngka ing wêkdal punika tumrap Jêpan piyambak sawêg kataman ing sabab ing bab awoning tata panggêsangan. Sadaya wau namung sarwa dados sandhungan ingatasing paprangan ingkang kados makatên kawontênanipun.

Tumrapipun Tiongkok, nagari ingkang dipun wastani santosa saha ingkang dipun melikakên ing mêngsah, punika ing Nanking. Môngka tumrapipun Jêpan, panêmpuhipun taksih têbih sangêt sagêdipun dumugi ing ngriku. Wah malih Jêpan ugi nyamarakên dhatêng Ruslan ingkang katingalipun badhe cathok gawèl, punapadene Inggris tuwin Amerikah tansah pasang kaprayitnan wontên ing sagantên jinêm. Manawi ngèngêti kawontênan ingkang kados makatên punika, lajêng katingal bilih sêsanggènipun Jêpan botên ènthèng.

Rêrigênipun Jêpan anggènipun ngangsêgakên wadya tumrap ing sisih Lèr dipun sangkani saking Jeol,

--- [1193] ---

kanthi wadya Mansukuo kirang langkung sadhepisi, inggih punika 80.000. Lampahing wadya wau kaênêrakên dhatêng Peiping tuwin Tinsin, prêlu badhe nguwaosi laladan margi-margi sêpur ingkang tumrapipun Tiongkok langkung wigatos. Margi-margi sêpur wau gêgayutan Peiping tuwin Tinsin, punapadene Nanking kalihan Hanko.

[Iklan]

Wontênipun Jêpan saya ngangsêg amêrangi Tiongkok, mênggahing wosipun botên sanès saking rumaos sampun ngrêbda têtiyangipun, saha papan ingkang sampun dipun rêgêm, pinanggih sarwa mikantuki, gampil kangge ngêlar jajahanipun. Saha inggih sampun kêlampahan, punapa tindakipun sagêd kasêmbadan. Nanging dangu-dangu, Tiongkok inggih lajêng kêtingal gumregah yêktos, saha tandangipun ing sapunika katingal tandanging tiyang sampun diwasa, mila pinanggihing paprangan sakalangkung rame.

Pinanggihipun wontên ing wawasan, pusêring praja Tiongkok, inggih punika ing Nanking, katingal dipun incih sangêt dening Jêpan, nanging Jêpan anggènipun pados margi namung sarwa pakèwêd, amargi ing pundi-pundi namung kêprêgok barisan santosa. Nanging Jêpan inggih botên kirang rekadaya anggèning nyawang-nyawang murih sagêd kasêmbadan sêdyanipun. Ingkang makatên punika saèstunipun inggih damêl ribêdipun Tiongkok, mila Tiongkok tansah masang kaprayitnan, namung ngêtut solahipun Jêpan, tuwin sagêd ngeguhakên kêndho kêncênging baris ingkang kangge nanggulangi Jêpan.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika dèrèng sagêd amastani asor unggulipun ingkang sami campuh.

--- [1194] ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

II Bab Masakan

Garèng : tak pikir-pikir omonganamu kuwi mindho gawèni, Truk. Kenene wis dikon tuku bukune: jrèng, lo, kuwi nèk ing buku kono wis cêtha gawene jangan lodhèh terong upamane, uyahe samene, lomboke samono, santêne sêkotho, teronge kudu sêmene plontho, kenene pancène rak mung kudu sadhiya apa sing disêbutake ana ing rêsèp mau, banjur cêmplang-cêmplung, cêmplang-cêmplung lan ulat-ulêt, iki lagune irusing kanggo ngudhêg. Banjur sauwise matêng, kene bisa muni, wadhuh, gandême, hla, kiyi rêsèp masakan sing pêngpêngan. Iya mêngkono kuwi mêsthine. Hla nèk ukurane masakan wis cêtha, kenene sêmang nganggo nimbang manèh, wah, kurang asin, kudu ditambahi uyah, wah, kurang pêdhês, kudu ditambahi lombok, wah, kurang sêdhêp, kudu dicêmplungi tempe bosok samene, wah, kurang ambêlagêd, kudu ditambahi santên, hla, prasaksat dikon ngolah manèhane. Mara apa ora mindho gawèni kuwi arane.

Petruk : nèk sing gawe rêsèp, karêpe iya wis diêpêng têmênan, kang Garèng, ukurane olah-olahan, iya wis diêpas, nganti tumrap ilate rasa nyamlêng bangêt, dene wong liya, kêpengin tumuli laki, nèk olah-olah digawe kasinên, wong liya manèh, kuwatir nèk diarani kêpengin laki, nèk olah-olah banjur sênêng sing cêmplang, lo, kuwi dudu salahe sing gawe rêsèp, kang Garèng. Jalaran saka iku, mulane iya kudu duwe timbangan dhewe, wah, nèk kaya ngene iki kanggone aku durung pati mathuk, mulane santêne tak imbuhane samene, uyahe samene, trasine samene, lan saya gandêm manèh, yèn tak cêmplungi sasendhok gêdhe bae...mêrtegane.

Garèng : wèyèh, ana jangan lodhèh terong bae kathik nganggo mêrtega barang. Ora, Truk, aku ora nêdya mada utawa nacad, nanging aku arêp takon nyang kowe, mungguh karêpe wong tuku buku olah-olah, kuwi gèk kanggo apa. Sabab sabên uwong kuwi rak mêsthi bisa olah-olah, sanadyan bisane mung gawe jangan lombok, sambêl bawang, lan pelas katul, dene kok iya wis lêmu. Hla nèk duwe buku olah-olah kuwi, pungkasane rak banjur mung arêp ngajak royal bae. Sabab jalaran saka macani rêsèp-rêsèp mau, banjur tuwuh pikirane warna-warna, kaya ta: wah, kaya apa rasane saoto Madura, wah, kaya apa rasane pindhang ati-ati, wah kaya apa rasane bêtutu, bok jajal-jajal nyoba gawe. Hara, pungkasane apa ora ngajak nyang kamurkan bae, aliyas ngajak royal.

Petruk : omongmu sing mangkono kuwi, kok padha karo rêrasane wong sing mangkene kae: wong wis jungênêngjumênêng. wêdana, kathik wêton bêstirsêkul, hla kok prêlu-prêlune ambanjurake pasinaone kanggo mèstêr. Apa iki ora ngajak nyang kamurkan bae, wong wis wêdana, kathik wêton bêstirsêkul, nèk ora kêbangêtên anggone [ang...]

--- [1195] ---

[...gone] calila-calili bae, mêsthi duwe pangarêp-arêp dadi bupati, yèn wis duwe sêbutan: Mr. gêdhe-gêdhene iya mung pangkat bupati. Andèk iya bakal bisa dadi gupêrnur jendral. Ing kono ora dipikir yèn pangkat bupati kuwi pagaweane angèl, rupa-rupa lan sumrambah bangêt. Jalaran saka iku, tumrape bupati, saka akèh kapintêran lan kawruhe, iya saya utama bangêt. Mêngkono uga mungguhing olah-olah tumraping wanita, saya akèh kapintêrane ing bab olah-olah, saya utama. Mulane mungguhing aku, tumraping wanita, buku olah-olah kuwi kêna diarani salah sawijining piranti panancang.

Garèng : ngrêti aku, Truk, panancang murih wong lanang ora tau kiyah-kiyah. Sabab arêp prêlu lêlungan upamane, dumadakan sing wadon ngiming-imingi mangkene: mas, mas, nèk mêngko anjênênganpanjênêngan. ora tindak-tindak, arêp tak gawèkake gudir. Aja tindak ya mas, ya mas...

Petruk : yah, kuwi rak wong wadon alêman, padune gêmang ditinggal wong lanang. Buku olah-olah diarani panancang, kuwi mangkene, kang Garèng.

Wong wadon duwe buku olah-olah, kok banjur srêgêp ngudi rêsèp-rêsèp masakan, kuwi yèn olah-olah sabên dinane, bisa gawe programah, upamane bae mangkene: dina iki sing diolah jangan lodhèh, pindhang, bubuk kêdhêle, krupuk lan abon. Esuke, êmpal, rêmpèyèk, jangan lumbu lan pêcêl. Esuke manèh sing diolah pêcêl

[Grafik]

pitik jangane mênir, mêngkono sapiturute, dadi mangane wong lanang sabên dina gonta-ganti, têmtune iya banjur ora ana bosêne, mangane têrus ngêthèmêl ajêgan. Ing sarèhne mangane ajêgan krasa enak, wêtênge iya ajêg warêg. Wong kuwi yèn wêtênge warêg, iya banjur ora gas-gasan. Ora kêpengin jajan ana ing resturan, ora kêpengin nangguh mangan ana ing omahe kancane, ora tau kêpengin ngêndhêg bakul pêcêl, lan sapadhane. Mara, apa wong lanang ora banjur ana ing ngomah bae. Lo, samono kadigdayane buku olah-olah kuwi.

--- [1196] ---

[Iklan]

--- 1197 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI.

Kitha Surabaya kadamêl pêtêng. Sampun sawatawis dintên ing wêwêngkon Ujung tuwin Tanjungperak, Surabaya, kawontênakên cobèn-cobèn mêjahi dilah-dilah ing wanci dalu, pêrlu kangge pasinaon samangsa ing kitha ngriku dipun têmpuh ing mêngsah saking gêgana. Cobèn-cobèn punika pinanggih sae, ing têmbe badhe kacobi malih. Ing pangangkah tindak makatên punika botên namung wontên ing kitha kemawon, ugi tumrap dhatêng saindêngipun Surabaya. Cobèn-cobènipun malih badhe katindakakên wontên ing wulan Oktobêr ngajêng punika.

Bestuursacademie. Miturut katrangan saking parentah, ing bab badhe wontênipun Bestuursacademie, punika ingkang kakengingakên malêbêt sinau ingriku, ing sadèrèngipun namung tumrap priyantun pangrèh praja ingkang sampun nindakakên padamêlan tuwin anyêkapi wajib ingkang kakintên sagêd nampèni wulangan ingkang langkung inggil wau. Lamining sinau tigang taun. Tumrap para priyantun saking tanah karajan Jawi, badhe ngêntosi katrangan saking gupêrnur ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta.

Tuwan Arkiman luwar saking sêrêgan. Ingajêng sampun nate kawartosakên, Tuwan Arkiman ing Surakarta, kasêrêg ing prakawis ing bab gadhah radio botên purun ambayar prabeya dhatêng Nirom. Bab wau sampun dipun rampungi dening pangadilan Landraad ing Surakarta, Tuwan Arkiman kadhêndha f 25.- Dene bab anggènipun Tuwan Arkiman botên purun ambayar wau, amargi piyambakipun ngrumaosi kawula ing Surakarta, ingkang dèrèng wontên pranatanipun ambayar prabeya awêwaton anggêr nagari Surakarta. Karampungan Landraad wau dipun duwa kanthi nginggahakên prakawis dhatêng pangadilan ingkang langkung luhur saha dipun êmbani dening Mr. Sastromulyono. Ing sapunika wontên wartos, miturut karampungan saking Raad van Justitie ing Sêmarang tanggal 3 Sèptèmbêr 1937 No. 339/R Tuwan Arkiman linêpatakên ing sêrêgan. Miturut karampungan punika, dados tumrap kawula ing Surakarta linêpatakên ing prabeya radio.

Papriksan ing tanah paboyongan. Wontên wartos, parentah sampun miji satunggiling insinyur waterstaat babagan tanah paboyongan dhatêng Jambi, pêrlu ngrêmbag padamêlan babagan paboyongan. Gêgayutanipun kalihan bab punika, badhe wontên tiyang saking tanah paboyongan kadhawuhan dhatêng tanah Jawi, pêrlu kadhawuhan sêsorah dhatêng dhusun-ingadhusun ing padununganipun piyambak-piyambak. Sasampunipun makatên lajêng badhe wontên priyantun pangrèh praja ingkang kautus dhatêng Lampung, supados nyumêrêpi kawontênanipun ingriku. Ing taun 1937 punika têtiyang ingkang pindhah dhatêng tanah sabrang sampun wontên 20.000, taun ngajêng badhe wontên 25.000.

Pindhahan gologan Justitie. Mr. Harun al Rasyid kaangkat dados advocaat tuwin procureur ing Raad van Justitie ing Padang. R. Mas Sudibyo Purwomartono, rechtskundige, pangarsa Landraad ing Pathi, kaangkat dados pangarsa Landraad ing Purbolinggo tuwin Purwokêrto. Mr. R. Aruman, pangarsa Landraad ing Pacitan, dados pangarsa Landraad ing Pathi. Mr. R. Achmad, pangarsa Landraad nomor kalih ing Landraad Cirêbon tuwin Kuningan, dados wakil pangarsa Landraad ing Pacitan. R. Soeprapto rechtskundige, pangarsa Landraad ing aBnyuwangi,Banyuwangi. Nêgara Dèn Pasar tuwin Mataram, dados wd. 2e tijd. pangarsa Landraad miji ing Cirêbon tuwin Kuningan.

[Iklan]

Kabudidayan bibit ing Blitar. Ing laladan Wlingi, kiwa têngênipun dhusun Talun, Blitar, wontên kabudidayan nanêm bibit kopi, ingkang satanah ngriki kapetang agêng piyambak. Kopi wau asli dhêdhêran, nama kopi Excelsa, kapetang kopi ingkang sae piyambak, ing mangke samangsa sampun ragi agêng lajêng dipun cangkok kagandhèngakên kalihan kopi sanès. Samangsa sampun sae gêsangipun lajêng kakintunakên dhatêng pundi-pundi.

Suntikan pest marêmakên. Sampun wiwit tanggal 1 Sèptèmbêr ing laladan Bandung tuwin Garut kawontênakên suntikan pest. Suntikan wau katindakakên sabên sabibar mangsa têrangan tuwin mangsa wiwit jawah, inggih punika wancinipun tikus-tikus wangsul malêbêt dhatêng padhusunan. Suntikan ingkang katindakakên punika pêrlu kangge anjagi supados tiyang kalis ing sêsakit pest. Tumindaking damêl punika katingal dipun biyantu ing tiyang kathah, botên kados ingkang sampun, tansah manggih pambêngan dening dipun alang-alangi ing tiyang siti, mila tumindakipun ing sapunika sagêd prayogi.

Gusti R. Ajêng Nurul angsal ganjaran. Wontên wartos, Gusti R. Ajêng Nurul angsal ganjaran saking Sri Bagendha Maharaja Putri awarni gambar dalêm Sri Bagendha, nyarêngi wiyosan dalêm nata. Gambar wau mawi ciri tapak asta dalêm Sri Bagendha piyambak.

Sasabipun ura-uru ing Amuntai. Miturut wartos sabab-sababipun ura-uru ing Amuntai, jalaran saking botên lila anggèning pemahanipun kêtrajang margi.

Jaarmarkt ing Surabaya kaindhakan 2 dintên. Wontên wartos bilih Jaarmark ing Surabaya badhe kaindhakan 2 dintên, pêrlu kangge fonds Tiongkok. Bilih indhaking dintên wau manggih kapitunan badhe dipun sanggi dening bangsa Tionghwa ingkang kawogan.

--- 1198 ---

[Iklan]

Rakyat ing Bojonêgoro kirang saras. Ing wêkdal punika rakyat ing Bojonêgoro kêtingal kirang kêsarasanipun, anjalari botên kenging dipun trapi padamêlan ingkang awrat-awrat. Doktêr-doktêr sami dipun dhatêngakên pêrlu nindakakên rêrigên murih prayoginipun, kathah jampi-jampi ingkang dipun dhatêngakên. Departement Economische Zaken aparing pambiyantu arta f 50.000.-

Andadosi lèpèn kangge mitulungi têtiyang ing Bojonêgoro. Gêgayutan kalihan pêrlu badhe mitulungi panggêsangan rakyat ing Bojonêgoro, ingkang wajib ngawontênakên padamêlan andandosi lèpèn Ingas kaprênah saêlèr dhusun Baurêna, laminipun tigang wulan. Ing sapunika wontênipun tiyang ingkang nyambut damêl sampun 4000.

Liburan pamulangan ing Surabaya. Soerabajasche Schoolvereeniging nêtêpakên liburanipun pamulangan têngahan tuwin pamulangan andhap. Tumrap liburan wulan November dipun wiwiti wontên tanggal 30 October dumugi tanggal 30 November 1937. Kerstvacantie dipun wiwiti tanggal 23 December 1937 dumugi tanggal 3 Januari 1938.

Sêsakit cholera ing Tiongkok botên kasamarakên wontên ingriki. Gêgayutan kalihan wontênipun bangsa Tionghwa ingkang sami dhatêng saking Tiongkok, nuwuhakên pitakenan punapa wontêning sêsakit cholera ing Tiongkok botên kasamarakên tumular wontên ing tanah ngriki. Ing bab punika pakaryan kasarasan suka katrangan bilih sêsakit wau wontênipun ingriku botên pêrlu kasamarakên, amargi mirid paniti, sampun 10 dintên têtiyang ingkang sami dhatêng wau botên wontên ingkang nandhang sakit ingkang kasamarakên punika.

Ngajêngakên pambranahan rajakaya. Pakêmpalan ngajêngakên pambranahan rajakaya ing Sumêdhang, ingkang nama Pangeran Stichting, mêntas ngawontênakên parêpatan, ngrêmbag ing bab pêrlu wau. Pakêmpalan punika sampun anggadhahi arta f 8000.- sumimpên ing Factorij. Botên dangu ing Sumêdhang badhe kawontênakên tentoonstelling rajakaya.

Algemeen Weermacht Comite kabibarakên. Comite ingkang kasêbut punika kala tanggal 14 wulan punika nêtêpakên bilih comite wau kabibarakên. Tumindaking damêl comite punika sagêd nglêmpakakên tandha tangan 84.052, artanipun urunan angsal f 83.032.09, lajêng kaunjukakên dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, pêrlu kangge pajagèn praja.

Sêsakit malaria ing pasisir Bêtawi. Ingkang bupati ing Bêtawi kalihan Tuwan Asistèn Residhèn Van Haeften sampun tindak papriksa dhatêng pasisir lèr kilèn Bêtawi, ingkang ingriku tuwuh sêsakit malaria. Tindakipun pangagêng wau kanthi ambêkta jampi kenine. Ingkang kêtrajang sêsakit wau ing bawah dhistrik Mauk. Doktêr Gupêrmèn Dr. Ruslan ugi sadhiya jampi kathah.

Têgal panggenan malaria. Sampun sawatawis dintên pangagêng Gemeente kanthi punggawanipun sami nitipriksa dhatêng panggenan-panggenan sauruting pasisir dununging panggenan sêsakit malaria. Tindak wau pinanggih wontên wohipun, dene têtiyang ingriku lajêng sami purun jêjampi dhatêng griya sakit. Ingriku punika sampun nate kêtuwuhan sêsakit malaria kêgolong agêng kaping kalih, kala ing taun 1915 tuwin taun 1925. Rêrigên nyirnakakên sêsakit malaria ingriku punika dipun sadhiyani waragad f 360.000.-

Mogok botên purun dhatêng Jêpan. Punggawaning kapal Cilêbut ingkang nuju labuh wontên Surabaya, sami botên purun kaangkatakên dhatêng Jêpan, punggawa ingkang sami mogog wau sami bangsa Tionghwa. Ingriku lajêng wontên bêbantu pulisi ngirit têtiyang wau dhatêng kantor pulisi. Sarèhning ing kantor pulisi kêkirangan panggenan, têtiyang wau wontên ingkang katahan ing pakunjaran. Dirèktur K.P.M. ambiyantu dhatêng J.C.J.L., kapal kabidhalakên ngangge punggawa bangsa Jawi.

NAGARI WALANDI.

Prins Bernhard mriksani pêrang-pêrangan. Pêrang-pêrangan ing nagari Walandi sampun dipun wiwiti. Sri Bagendha Maharaja Putri tuwin Prins Bernhard anjumênêngi nalika wiwit pêrang-pêrangan punika. Prins Bernhard badhe lajêng anjumênêngi kalihan ingkang rayi, Prins Aschwin, rawuhipun Prins Aschwin andhèrèkakên Sri Paduka Rajaputri Juliana. Dene salajêngipun Prins Bernhard badhe nitih kapal Piet Hein, laminipun gangsal dintên.

EROPA.

Sumarenipun tilas presidhèn Masaryk. Anggèning nyarèkakên tilas presidhèn Masaryk katindakakên wontên tanggal 21 wulan punika. Ing sadèrèngipun kasarèkakên layonipun dipun dèkèk wontên pasarean ing kasteel Lany. Ing dintên Sabtu, Ngahad tuwin Sênèn, layon dipun dèkèk ing kasteel Praha, têtiyang ingriku sagêd ningali dhatêng tilas pangayomanipun. Wadya dharatan Tsjescho-Slovakije badhe tumut andhèrèkakên dhatêng pasarean. Tandhaning bela sungkawa katindakakên ngantos tanggal 26 wulan ngajêng.

ASIA.

Mèngêti Chiu Ie Pah. Kala tanggal 18 Sèptèmbêr ing saindêngipun Tiongkok ngawontênakên pèngêtan kadadosan ing Mukden kaanggêp dintên kasungkawan. Bandera-bandera salêbêting nagari dipun kèrèk satêngah tiyang. Ing dintên wau rakyat sami botên nêdha daging. Arta sudaning tadhah wau, badhe kapasrahakên dhatêng gêdhong arta nagari.

Sang Rabindranath Tagore gêrah rêkaos. Miturut wartos saking Calcutta, Sang Rabindranath Tagore gêrah rêkaos, lampahing rah kêsantêrên, kawontênanipun nguwatosakên.

--- 1199 ---

Wêwaosan

II Lêlampahanipun Dhobrinya

14

Sang Prabu Wladhimir ngandika makatên:

Dhobrinya, bangêt panarimaningsun anggonira wis anglabuhi prajaningsun Ruslan iki, lan salawas-lawase ingsun ora bakal lali. Mangkono uga, salawase ing praja Ruslan kene ana juru ngrumpaka, jênêngira apadene lêlabuhanira bakal tansah kanggo rêrumpakan. Kajaba saka iku, sira uga wis anglabuhi ratunira dhewe, iya ingsun iki, sarana angluwari sadulur ingsun Dèwi Pujatisna saka panguwasane naga Gurindayêksa, jalaran saka iku, ingsun nêdya angganjar marang sira, kang salawase durung tau kalakon marang satriya utawa prajurit liya-liyane. Saiki sira ingsun wênangake lumêbu ing gêdhong rajabrananingsun, lan sira kêna milih apa bae kang dadi kasênênganira. Ing kono ana sarupaning piring, cangkir utawa gêlas salaka lan êmas, barang jarahan nalikane swargi kangjêng rama utawa ingsun pêrang ana ing praja Yunani. Ing kono uga ana panganggo-panganggo kang sarwa èdi lan pèni, barang jarahan saka nagara Sêtambul rikalane Sang Oljèg anglurug ing praja kono. Sarupane gêgaman uga pêpak, yaiku barang jarahan saka nagara Indhu, gawane sang minulya Woloh. Sakèhing barang-barang mau, sira kêna milih Dhobrinya. Kajaba saka iku, wiwit saiki sira dadi pangarêping prajurit ingsun kang dhuwur dhewe, awit sakèhing prajurit ingsun ing nagara Kiyèph kene ora ana kang bisa matèni naga Gurindayêksa kajaba sira, lan ora ana kang bisa ngluwari Dèwi Pujatisna saka ing guwaning naga Gurindayêksa kajaba sira. Kang iku Dhobrinya, panuwun ingsun marang kang Murbèng Kuwasa, muga-muga sira pinaringana umur dawa, lan lêstaria anggonira ngawula ana ing ngarsaningsun.

Sasampunipun Sang Prabu Wladhimir angandika makatên wau, slomprèt punapadene gêntha ing nagari Kiyèph, lajêng kaungêlakên malih lan para ingkang sami andhèr wontên ing ngarsa nata, punapadene para kawula sadaya, sami surak-surak minôngka anglairakên suka sênênging manahipun dhatêng lêlabêtanipun Dhobrinya ingkang samantên agêngipun wau. Ing ngriku Dhobrinya nêlungakên badanipun tumuju dhatêng sang nata, nêlungakên badanipun malih tumuju dhatêng keblat sakawan, nanging kêclaping mripat tansah ngupadosi dhatêng ingkang ibu. Ing batos Dhobrinya ngraos nalôngsa manahipun, dene ingkang ibu botên wontên ing ngriku, anêksèni anggènipun Dhobrinya kinabulakên ing Pangeran punapa ingkang tansah dados impènipun punika. Nanging gagasanipun Dhobrinya ingkang kados makatên punika, saèstunipun kalintu, ingkang ibu kêmpal kalihan tiyang kathah. Sang putri ugi mirêngakên dhawuh pangandikanipun Prabu Wladhimir. Saking gênging rênaning panggalihipun, ingkang ibu wau ngantos botên sagêd ngêngkên malih, saha lajêng ngêsuk tiyang kathah lumajêng amurugi ingkang putra wontên ing sitinggil. Saking gênging bingahipun, tanpa amanggalih dhatêng wontênipun tiyang kathah, kanthi muwun Dhobrinya lajêng dipun rangkul lan dipun arasi.

Salajêngipun Sang Prabu lajêng dhawuh ngawontênakên pahargyan minôngka angurmati unggulipun Dhobrinya kalihan naga Gurindayêksa, punapadene angurmati luwaripun Sang Putri Dèwi Pujatisna. Mênggah danguning pahargyan wau kalih wêlas dintên.

5. Dhobrinya sarta Dèwi Natasiyah.

Salêbêtipun sami kêmbul dhahar, Prabu Wladhimir, kanthi rênaning panggalih, tansah nyawang para prajurit lan para satriya satunggal-satunggal ingkang sami tumut ngèstrèni ing pahargyan wau. Sadaya punika mèh sadaya sampun kathah lêlabêtanipun dhatêng praja tuwin ratunipun. Mênggahing sang nata piyambak, sakalangkung bingah panggalihipun, dene sadaya wau sami ngêmpal wontên ing pahargyan ngriku, botên prêlu nitipriksa tapêlwatêsing praja ngupados mêngsah ingkang nêdya ngrisak katêntrêmaning nagari Ruslan. Mênggah sayêktosipun sampun sawatawis dangu anggènipun nagari Ruslan tata têntrêm tanpa kagodha ing pêrang. Pêrangipun ingkang pungkasan, inggih punika kalihan nata binathara ing praja Bisantiyêm, ingkang wusananipun, Bisantiyêm kasoran, ingkang salajêngipun sabên taun kapêksa kêdah atur bulubêkti dhatêng Nata Ruslan. Bôngsa Sosar, ingkang tansah damêl rêrêsah ing tapêl watêsing praja, sampun sagêd katumpês dening prajuritpun Sang Prabu Wladhimir. Dene ing salêbêting nagari; tata têntrêm tanpa wontên ingkang gêndhak sikara punapa-punapa. Wontênipun ingkang makatên punika, adamêl rênaning panggalihipun Sang Prabu Wladhimir. Salajêngipun sang nata angandika makatên:

He Dhobrinya, sira bakal muwuhi karênaning panggalih ingsun utawa para pangeran, satriya, apadene prajurit kang ana ing kene babèh, saupama jênêngsira gêlêm nyalêmpung, sinambi ngrumpaka mungguh kadibyaning para satriya ing jaman kuna.

--- 1200 ---

Dhobrinya nêlungakên badanipun tumuju dhatêng sang nata tuwin dhatêng sang pramèswari, nyandhak gêlas ombèn-ombènipun ingkang isi anggur, kaumbulakên sarwi ngucap:

Mugi sang nata sêsêmbahan kula sadaya, Sang Prabu Wladhimir, pinaringana panjang ing yuswa.

Sadaya ingkang wontên ing ngriku, lajêng nyandhak gêlasipun piyambak-piyambak, kaumbulakên saha sarêng-sarêng ngucap:

Mugi-mugi Sang Prabu Wladhimir pinaringana panjang ing yuswa.

Sasampunipun makatên, Dhobrinya lajêng nyandhak calêmpungipun kalaras sakêdhap, lajêng angungêlakên sinambi têtêmbangan angrumpaka mênggahing kalangkunganipun Sang Walga tuwin Sang Mikula. Kadosdenwe padatanipun sang nata tuwin sadaya ingkang wontên ing ngriku, sami nêmênakên anggènipun mirêngakên.

Dhobrinya sasampunipun rampung anggènipun ngungêlakên calêmpung tuwin têtêmbungan wau, sarta sasampunipun calêmpung kaglethakakên wontên ing meja malih, Sang Prabu Wladhimir lajêng ngandika makatên:

Têmbanganira iki mau bêcik bangêt, Dhobrinya, nanging genea têka ora sira rampungake. Yèn ingsun ora kaliru, nalika baline Mikula angampirake sang linangkung Walga ana ing omahe, Walga nuruti apa panjaluke Mikula, lan loro-lorone banjur padha lumêbu ing omahe Mikula kang gêdhe, omah mau kayu. Ana ing lawangan, dipêthukake dening wanita loro ayu-ayu, yaiku: Wasiliyah lan Natasiyah, loro-lorone anake wadon Mikula.

Salah satunggiling satriya, nama Alyasa, ingkang rêmên ngerang-erang, lajêng nyêla cariyos makatên:

Botên, sadhèrèk Dhobrinya, kula gumun, dene panjênêngan botên nyariyosakên mênggahing endahing warninipun putri kalih punika. Ingkang sêpuh, inggih punika: Wasiliyah, samangke sampun kadhaupakên kalihan pun Sêtayor, satunggiling tiyang ingkang abôndha bandhu, lan samangke dêdunung wontên ing griyanipun ingkang saklangkung sae ing kitha: Wèrnigoph, putri wau sampun nate mriki, lan solah tingkahipun kala wontên ing ngriki, adamêl mangkêl kula sadaya, dalasan dhatêng sang nata kemawon, patrapipun ragi sêmbrana, kirang dugi prayogi. Nanging sadhèrèkipun ingkang anèm, Dèwi Natasiyah, ingkang sakalangkung endah ing warni, damêlipun sabên dintên namung numpak kapal anjajah desa milang kori, cêkak aos, Dèwi Natasiyah punika prajurit èstri. Kula samangke badhe suka pitutur dhatêng panjênêngan. Kapal panjênêngan tumuntên pun lapakana, sarta panjênêngan enggal tumuntêna bidhal mangilèn ngupadosana prajurit èstri wau. Nanging kula èngêtakên, kadibyanipun putri punika linangkung, sampun kathah para prajurit tuwin para satriya ingkang nglamar dhatêng sariranipun, nanging sang putri purun krama ngêmungakên kalihan satunggiling priya ingkang sagêd ngasorakên juritipun, lan dumuginipun sapriki, sintên satriya ingkang mêngsah pêrang kalihan sang putri têmtu tiwasipun. Nanging mênggahing panjênêngan kados sampun kenging kapitados mênggahing kaprawiran tuwin kadibyan panjênêngan. Tumrap panjênêngan kados botên badhe rêkaos ngawonakên juritipun Sang Putri Natasiyah wau. Ingkang punika, sadhèrèk Dhobrinya, kanthi pangajêng-ajêng ingkang sangêt, mugi-nugi kula sadaya tumuntêna sagêd ngramèkakên krama panjênêngan kalihan prajurit wanita Dèwi Natasiyah wau. Satunggiling wanodya, putra putrining... tiyang tani pun Mikula. Kula pitados, bilih tiyang dhusun punika têmtu kêpengin sangêt gadhah mantu satriya prawira kados panjênêngan punika.

Dhobrinya amangsuli: Sadhèrèk Alyasa, mênggah gunanipun kemawon punapa, têka panjênêngan punika tansah ngerang-erang dhatêng sasamining tiyang, ingkang nama satriya lan prajurit sajati, punika botên sagêd saupami kapurih dangu-dangu wontên ing Kiyèph, prêlu namung linggihan-linggihan lan sênêng-sênêng kêmbul bujana kemawon. Tumrap satriya sajati, sênêngipun punika manawi sagêd anjajah desa milangkori, lan abên kaprawiran kalihan mêngsahipun. Manawi prêlu, kula sadaya punika, sagah masrahakên jiwa raganipun, minôngka kangge tata têntrêming nagari Ruslan. Kula sadaya sagah ngirangi nêdha utawi tilêm, namung tansah ngubêngi tapêl watêsipun praja, manawi mila sagêd nyalangi para durjana lumêbêtipun dhatêng tanah wutah rah kula sadaya punika, tumraping satriya utama, nama satunggiling kaurmatan agêng, manawi sagêd amrêjaya tiyang awon ingkang nêdya ngêrisak katêntrêmaning prajanipun piyambak punika. Kosok wangsulipun, dede nama satriya manawi sok purun mêmêjahi tiyang ingkang tanpa dosa, punika atêgês: amêjahi kapalaning somah, adamêl tiyang neneman dados warôndha, tuwin anak-anakipun ingkang tanpa dosa wau dados lare lola. Mikula punika botên melik dhatêng misuwuring nama, salaminipun gêsang namung nindakakên têtanèn, ingkang atêgês suka panggêsangan dhatêng tiyang sanagari Ruslan punika, dados inggih suka dhatêng kula tuwin dhatêng panjênêngan. Dados padamêlanipun Mikula punika sayêktosipun awrat, langkung awrat katimbang padamêlanipun para prajurit tuwin para satriya. Ing praja tanpa wôntên tiyang kadosdene Mikula wau, kados kula sadaya, makatên ugi panjênêngan, badhe botên gadhah daya babar pisan.

Mirêng wicantênipun Dhobrinya ingkang makatên wau, ing sêmu Alyasa lingsêm sangêt, rumaos manawi angsal pangajaran anggènipun sok rêmên ngerang-erang punika. Salajêngipun nuntên kèndêl kemawon, sarta inggih botên nyariyosakên malih ing bab kadibyanipun Nataniyah.Natasiyah. Badhe kasambêtan.

--- 145 ---

Nomêr 37, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Palakrama

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 74

Manawi wontên lare ewah, mêngi, cêkèk lan sanès-sanèsipun bangsaning sêsakit ingkang ambêbayani, jalêra, èstria, punika kalêbêt golonganipun bibit awon. Bibit ingkang makatên punika ingkang kathah botên sagêd dumugi anggènipun jêjodhoan, manawi sagêd nurunakên, anakipun inggih katurunan sêsakit tiyang sêpuhipun.

Bab Bèbèt

Ingkang dipun wastani bèbèt punika trah, utawi turun. Mila tiyang Jawi manawi badhe ngemah-emahakên anak, angèngêti dhatêng bèbèt. Sabab awon saening watêkipun bèbèt ingkang kathah tumut dhatêng bibit, kados ta: bèbètipun tiyang ewah, bêgja-bêgjanipun manawi nurunakên inggih gêndhêng utawi busuk.

Bab Bobot

Ingkang dipun wastani bobot, inggih punika kalakuan utawi antêping manah. Sanadyan bibit sae, sarta bèbètipun tiyang sae, nanging lare wau angantêpi kalakuan awon, ingkang tamtu inggih dados cacadan, trangipun malih: sanadyan putraning priyantun, nanging manawi kalakuanipun awon, inggih sinirik ing tiyang.

Dados bedanipun kalihan paugêran kawan bab kasêbut ing ngajêng bab kapintêran botên dados pamanahan, nanging manawi kalêbêtakên ing bobot inggih kenging.

Kajawi bab bibit, bèbèt, bobot, tiyang Jawi manawi badhe ngemah-emahakên anak ugi angèngêti têmbung jodho, liripun pamilihipun wau kêdah kamanah sagêda jodho ing sakalih-kalihipun.

Pancènipun jodho, makatên ingkang pados utawi ingkang milih kêdah ingkang badhe nglampahi piyambak, amargi manawi tiyang sanès, môngsa sagêda anjodhokakên pikiranipun, punika pancèn lêrês, nanging kabêkta jamanipun kala samantên lare dèrèng pintêr kados sapunika, [sapuni...]

--- 146 ---

[...ka,] tiyang sêpuh botên tega angêculakên. Wontên malih sababipun ingkang gawat, inggih punika rèhning lare punika kalih kalimrahipun taksih agêng sangêt hawa napsunipun, yèn ngantos pikiranipun kêtutupan ing hawa napsu, têmtu anggènipun anjodhokakên pikiran wau botên sagêd kadumugèn, amargi watêkipun hawa napsu punika anggampilakên tuwuh-tuwuhing sêngsêm, môngka sêngsêm punika watêkipun pêtêng, botên sagêd ambedakakên ingkang prêlu kalihan ingkang botên. Manawi ngantos kalampahan makatên, têmtu badhe piduwung ing têmbe wingkingipun.

Wontên malih, upami lare wau botên kêtuwuhan sêngsêm, tandang tandukipun inggih tansah pameran kemawon, dados inggih botên gampil badhe anyumêrêpi saluguning kalakuanipun, sagêda jodho inggih namung sanalika ngriku, pawingkingipun têmtu badhe ngalinyam katingal dhêdhasaripun ingkang padintênan, bêgja manawi dhasaripun pancèn sae, manawi awon harak kojur, tanpa damêl anggènipun nyinau kalakuan wau. Awit saking punika saking gênging pangowêlipun tiyang sêpuh dhatêng anak, kawêwahan saking pangatos-atosipun, lare wau botên dipun purih pados jodho piyambak, malah tiyang sêpuh ingkang ngupadosakên. Badhe kasambêtan

K. 1753

Bab Nyêrat (Ambathik)

Parang-rusak

Ing Kajawèn nomêr 72 Jagading Wanita nomêr 35, sampun mratelakakên ing bab sinjang parang-rusak. Ing ngriki prêlu nêrangakên sawatawis, ing bab mulabukanipun wontên nama wau.

Miturut dêdongengan tuwin gotèkipun tiyang kathah, nama sinjang parang-rusak punika warni-warni, katranganipun makatên: 1 mêndhêt saking wujuding pêdhang (parang) putung. 2 parang (parangcuri) ingkang risak. 3 mirid saking wujuding sungu manjangan. 4. wujuding dhuwung. 5. saking wujuding kudhuping tunjung, pasêmoning gêsang enggal. 6 mirid saking ukiran agêmipun Radèn Panji ingkang mêntas kagêm nyedani Dèwi Angrèni. 7 mirid saking wujuding parang ingkang risak dening tetesan rêmbêsaning toya ingkang dipun uningani ingkang Sinuhun Sultan Agung.

Aslining nama warni-warni wau, ingkang pinanggih mèmpêr namung tumrap cariyos ingkang gêgayutan kalihan Sinuhun Sultan Agung. Dêdongenganipun: nalika Sinuhun Sultan Agung amasuh sarira wontên têpining sagantên kidul, angambah jurang pêpèrèng urut têpining sagantên wau. Ing ngriku kathah wêwarnèn ingkang adamêl karênaning panggalih, manawi mariksani mangidul, katingal sagantên angêlangut tanpa têpi, têmpuking alun gumalêgêr ngantos ngumandhang dumugi langit, pêcahing toya sumawur kados awun-awun. Parangcuri ing sapinggiring sagantên sami rêmbês, kalêmpakaning toya tumètès andhawahi parangcuri, lajêng katingal pating jalarèh.

Kawontênan sadaya wau nuwuhakên pangraos ingkang damêl katêntrêman. Wusana sakondur dalêm angadhaton, lajêng dhawuh nyêrat sinjang,

--- 147 ---

ingkang wujudipun angiribi wujuding parang ingkang risak, kados ingkang dipun uningani. Sarêng dados sinjang, dipun namakakên: parang-rusak.

Miturut dêdongengan malih, kacariyos kala rumiyin, tiyang badhe nyêrat sinjang parang-rusak punika, ing sadèrèngipun miwiti nyêrat, mawi sêsaji rumiyin, amargi sinjang wau dados agêm-agêmaning para agêng. Ingkang salajêngipun dumugi sapunika dados sinjang awisan. Kajênging awisan, punika awisaning ratu.

Sarèhning punika namung dêdongengan, dèrèng kenging dipun anggêp nyatanipun. Namung ing bab wontêning sinjang ingkang dipun wastani bathik, punika ing kina ugi sampun wontên, dipun wastani sinjang kêntèl, inggih punika sinjang pêthak tênunan kasar dipun sêrat, saha namung dipun wêdêl kemawon. Dados kintên-kintên, saupami nyataa kala jaman samantên wontên sêsêratan, inggih taksih kasar, pinanggihipun dados sae kados ing sapunika, punika saking wêwangunan.

Makatên malih ing bab nama-namaning sinjang, punika asli anggitan, nanging sami mawa kajêng, kados ta sêmèn-rama, mêndhêt saking lêlampahanipun Prabu Rama. Sêmèn-angrèni, mêndhêt saking cariyos Angrèni, tuwin sanès-sanèsipun.

Ing sasagêd-sagêd, ing Jagading wanita ngriki, manawi kaparêngakên, badhe macak gambaring sinjang-sinjang, ingkang baku kina. Ingkang kacêtha ing gambar punika sinjang parang-rusak-barong

Bab Olah-olah

Bangsaning godhong-godhongan

Godhong pohung (kaspe) ingkang nèm kenging kangge gudhêg, pangolahipun:

Godhong kaspe wau karajang rumiyin, lajêng kagodhog, manawi sampun êmpuk, nuntên kaêntas, kaêtus. Lajêng ngracik bumbu: brambang, bawang, lombok abrit, tumbar, kêncur, sarêm, traos, salam, santên. Sadaya kakintên-kintên piyambak, sokur wontên thethelan daging.

--- 148 ---

Godhong katès nèm kenging kangge urab-uraban (gudhang) kacampur godhong pohung ugi kenging.

Godhong tela rambat (jlegor) kenging kakêla utawi kapêcêl, kakêla namung kangge kêlan asêm, kauworan kêdhêle, pangolahipun:

Anggodhoga kêdhêle rumiyin, manawi sampun ragi êmpuk godhong tela wau kacêmplungakên, bumbunipun: brambang, bawang, sarêm, traos, lombok abrit, asêm, laos, lan gêndhis. Sadaya wau kakintên-kintên cêkapipun.

Godhong kelor utawi katu punika sasumêrêp kula namung kangge momoran kêlan mênir, kabumbonan: brambang, sarêm, gêndhis, kunci.

Bangsaning wowohan

Katès punika kenging dipun sambêl gorèng. Pangolahipun makatên:

Katès wau karajang rumiyin, namung sampun ngantos katutan isi, awit manawi katutan raosipun pait. Bumbunipun dipun rajang utawi kaulêg inggih kenging kemawon, inggih punika: brambang, bawang, lombok abrit, kagôngsa, lajêng katèsipun. Manawi sampun alum, kaêsokan santên, sarêm, traos, salam. Yèn wontên paringana urang utawi duduhipun gêndhis sacêkapipun.

Blimbing wuluh kangge sambêl gorèng. Pangolahipun kados kasêbut nginggil, ugi kenging kangge bothok kacampuran kalihan kêmlandhingan, lombok ijêm, bumbunipun: brambang, bawang, lombok alit, sarêm, traos, asêm, parudan kalapa nèm. Manawi kirang cuwèr dipun wêwahi toya, nuntên kawungkus, lajêng kaêdang.

Klenthang kangge kêlan asêm. Bumbunipun sami kados ingkang kasêbut nginggil wau.

Bangsaning sêkar-sêkar.

Bangsaning sêkar-sêkar kenging kaolah, kados ta: tuntut kenging kangge pêcêl utawi kaurab tuwin dipun pêcêl santên. Bumbunipun tuwin pangolahipun: tuntut dipun kalokopi kulitipun ingkang abrit, manawi kantun ingkang pêthak lajêng kagodhog ngantos matêng, nuntên kaêntas, karajang. Damêla bumbu: brambang, bawnag, lombok abrit, sarêm, traos, kêncur, godhong jêram purut, salam.

Manggar

Manggar punika namung kenging kagudhêg, pangolahipun: manggar kagodhog rumiyin ngantos êmpuk, manawi sampun êmpuk, toyanipun kabucal supados sampun sêpêt utawi abrit. Gêntos anggodhoga thethelan ulam daging kacampurakên, manawi wontên ulam ayam. Lajêng damêl bumbu gudhêg: brambang, bawang, lombok abrit, sarêm, traos, tumbar, jintên, kêncur, laos, salam, santên, sadaya kagodhog ngantos ragi sat kenging kangge dhahar kupat utawi lonthong.

Wara Surasa Adijaya.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

SRITANJUNG

GANCARAN AKSARA LATIN.

Radèn Sidapêksa suwita dhatêng Raja Adikrama ing Sinduraja, kanggêp pangawulanipun, lajêng dipun junjung dados patih. Abdi sanèsipun sami mèri dhatêng kabêkjanipun Radèn Sidapêksa, sami wadul dhatêng sang prabu. Sang prabu ndhahar atur ngamandaka. Radèn Sidapêksa dipun tundhung alus. Sang prabu api-api gêrah, Radèn Sidapêksa kadhawuhan pados jampi, lajêng bidhal. Lampahipun dumugi ing pratapan Pêrangalas, kapanggih sang pandhita Têmbangpetra. Sang tapa ngandika bilih karsanipun sang prabu nyalawados. Radèn Sidapêksa matur badhe andhèrèk martapa, sang pandhita botên marêngakên, awit sang radèn taksih panjang lêlampahanipun, malah lajêng kapundhut mantu, kadhaupakên kalihan wayahipun ingkang nama Dèwi Sritanjung sarta lajêng dipun dhawuhi wangsul dhatêng nagari.

Dumugi nagari Dèwi Sritanjung dados gumunaning akathah saking ayunipun. Prabu Adikrama kèlu dhatêng pawartos. Radèn Sidapêksa dipun timbali, dipun utus dhatêng kaendran mundhi sêrat.

Sapêngkêripun Radèn Sidapêksa, sang prabu rawuh dhatêng kapatihan kapanggih Dèwi Sritanjung. Dèwi Sritanjung badhe dipun garwa botên purun, malah lajêng ngesahi. Sang prabu duka sêmu lingsêm ing panggalih, amargi katampik ing wanita. Lajêng kondur ing kadhaton kanthi cuwaning panggalih.

Sawangsulipun saking kaendran Radèn Sidapêksa têrus sowan sang prabu ngaturakên lêlampahanipun dipun utus. Ing lair sang prabu katingal suka ing panggalihipun. Lajêng ngandika ingkang botên-botên. Dhandhang diunèkake kuntul, kuntul diunèkake dhandhang. Dèwi Sritanjung dipun cariyosakên lambang sari kalihan tiyang sanès.

Radèn Sidapêksa, bawanipun taksih mudha, mirêng pangandikanipun sang prabu wau panon sumrêpêt kados katapuk, lajêng pamit mantuk kanthi ngêmu duka.

Sadumuginipun ing dalêm dipun papagakên ingkang garwa, botên ananggapi. Dèwi Sritanjung lajêng ngandharakên tindakipun sang prabu. Radèn Sidapêksa botên pitados, kagalih aturipun ingkang garwa wau botên nyata. Sang dèwi lajêng badhe dipun antukakên dhatêng Pêrangalas.

Sarêng tindakipun Radèn Sidapêksa sagarwa dumugi ing wana, dukanipun dhatêng ingkang garwa botên kenging kaampah malih. Sang dèwi lajêng dipun pêjahi. Nalika badhe dipun suduk, Dèwi Sritanjung matur: manawi rahipun anggônda awon nyata saliranipun pancèn lêpat. Nanging kosokwangsulipun manawi anggônda arum angambar, Radèn Sidapêksa ingkang kirang titi. Radèn Sidapêksa botên angrèwès dhatêng aturing garwa. Ingkang garwa èstu dipun têlasi. Nalika badhe angrêsiki wangkinganipun dhatêng lèpèn, Radèn Sidapêksa priksa yèn kampuhipun kenging rah sarta ambêtipun wangi. Sanalika Radèn Sidapêksa kagugah katrêsnanipun dhatêng garwa, lajêng gandrung dadakan. Kasupèn bilih ingkang garwa sampun seda.

Kacariyos yitmanipun Dèwi Sritanjung minggah dhatêng kaswargan, kapanggih kalihan Hyang Dwarakala. Sang dèwi lajêng dipun têdahakên dhatêng panggenaning yitma ingkang dipun siksa, jalaran nalika gêsangipun mandamêl ingkang botên lêrês. Sasampunipun tutug anggènipun mriksani, yitmanipun Dèwi Sritanjung lajêng dipun wangsulakên dhatêng raganipun. Dèwi Sritanjung gêsang malih, sarta warninipun saya wêwah ayu. Lajêng wangsul dhatêng pratapan Pêrangalas.

Kocapa Radèn Sidapêksa ingkang tansah anggêtuni sedaning garwa, lajêng dipun rawuhi dening Hyang Nini, punika kalêrês eyangipun Dèwi Sritanjung. Hyang Nini paring dhawuh bilih Dèwi Sritanjung gêsang malih, samangke sampun wangsul dhatêng Pêrangalas. Radèn Sidapêksa bingah sangêt, lajêng nusul ingkang garwa dhatêng pratapan. Sadumuginipun ing pratapan, Radèn Sidapêksa asrah kalêpatan dhatêng Sang Bagawan Têmbangpetra, sang tapa ugi paring pangaksama. Dèwi Sritanjung dipun panggihakên kalihan Radèn Sidapêksa, nanging sang dèwi nyuwun tumbasan: inggih punika sirahing ratunipun, prêlu badhe kangge kèsèd. Radèn Sidapêksa nyagahi, lajêng nyuwun pamit dhatêng ingkang eyang sang bagawan. Sang bagawan marêngakên, sarta paring pusaka.

Prabu Adikrama mirêng yèn badhe kadhatêngan mêngsah, lajêng mêpak bala. Sasampunipun sami samêkta lajêng sami campuh prang. Bala Sinduraja têtumpêsan. Prabu Adikrama tiwas wontên ing paprangan. Prajurit ingkang gêsang lajêng sami têluk dhatêng Radèn Sidapêksa. Rajabrana ing Sinduraja dipun jarah rayah kabêkta dhatêng Pêrangalas.

Radèn Sidapêksa lajêng kadhaupakên malih kalihan Dèwi Sritanjung, wilujêng tanpa sambekala.

Makatên cêkakipun cariyos Sritanjung. Ing sarèhning namung cêkakan, sêngsêming cariyos botên katingal. Môngka saèstunipun cariyos Sritanjung punika kêbak ngês lan kêbak sêngsêm. Kajawi punika ugi wontên piwulangipun ingkang sae sangêt. Kados ta nalika Dèwi Sritanjung ningali kawontênaning yitma ingkang sami nandhang dosa.

Kula aturi nyatakakên maos piyambak. Têmtu marêm. Rêginipun namung f 0.30

WÊDALAN, BALE PUSTAKA, BATAVIA-CENTRUM.

--- [0] ---