Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Image

Ôngka 103, Ju Pn, 21 Sawal Ehe 1868, 24 Dhesèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1637] ---

Ôngka 103, Ju Pn, 21 Sawal Ehe 1868, 24 Dhesèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Bab Gôngsa - Unitas Studiosorum Indonesiensis - Ngudhal Paribasan - Nusakambangan - Kawontênan ing Tiongkok - Pilêm Têrang Bulan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Gambaraning Satru Bêbuyutan.

Ingkang dipun namakakên satru bêbuyutan, punika tiyang mêmêngsahan ingkang saturun-turunipun lêstantun dados mêngsah, dados sampun botên nate pinanggih rukun.

Tindak satru bêbuyutan punika limrahipun malah dados pamarêming manah tuwin kangge umbak, upaminipun têtiyang ingkang sampun pinanggih turunipun tiyang ingkang rumiyin sêsatron, punika manawi pinanggih lajêng mungêl: Wah, iki gênah mungsuhku. Iya, bakal tak andhêmi salawase.

Raosing manah ingkang kados makatên punika pancèn angèl dipun ewahi. Môngka salugunipun raos ingkang kados makatên punika lêpat, awit kêgolong ngrêgêdi batos. Pêpindhan ingkang adhakan kemawon, upami wontên tiyang gadhah kutut ingkang dipun rêmêni sangêt, dipun têdha kucing, punika adhakanipun sabên sumêrêp kucing, ingkang botên dosa, inggih lajêng dipun gêthingi, pathokanipun: anggêr kucing inggih dipun gêthingi.

Manawi ngèngêti tindak ingkang kados makatên punika, lajêng katingal bilih tiyangipun ingkang gadhah wêwatêkan wau, tansah mêrangakên badanipun kangge wayangan. Saupami ngrêtosa, inggih rame sangêt.

Môngka manawi ngèngêti wulangipun tiyang sêpuh, cariyosipun ngudi babagan kabatosan punika wontên badanipun piyambak, saya tumraping para ahli dhatêng kajênging pawayangan, wah, cêtha anggèning sagêd anjarwakakên satunggil-satunggiling ringgit wontên ing badan, manawi ngupamèkakên danawa anggènipun plêg, inggih punika wujud gambaraning kamurkan. Mila tiyang manawi agêng kamurkanipun, kenging dipun wastani pangawak danawa, tamtu tinêbihan ing katêntrêman. Nanging sasampunipun sumêrêp dhatênging danawa wau, malah sok rêmên wayangan piyambak, danawanipun tansah dipun pêrangakên. Wusana ing ngriku lajêng katingal bilih badanipun punika pangawak kothak.

Pancènipun manawi sagêd mastani ing badaning tiyang punika tansah isi papranganing danawa, inggih kêdah sumêrêp dhatêng papranganing satriya, ingkang akajêng pêranging batos ingkang alus, dados mênggahing panggrayang, botên namung ing lair kemawon, sanadyan ing batosing tiyang punika ugi tansah wontên ingkang satron bêbuyutan. Lajêng benjing punapa anggènipun ngrukunakên.

Cêkruktruna.

--- 1638 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Gôngsa.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 102.

Suling makatên panggrambyangipun saking swara alit lajêng mangandhap-mangandhap dhatêng swara agêng, dados manawi kadunung mawi a-b-c salajêngipun, inggih kêdah kula walik, rèhning 7 swara, dados kêdah: g-f-e-d-c-b-a.

Suling bolong 6 (suling pelog slendro).

[Grafik]

Dene 7 swara ing suling punika manawi linaras ing gôngsa (wilah swara) tatanan larikanipun kêdah kados gambar slênthêm pelog, saron pelog utawi sanèsipun. Cêkakipun swara 6-a ing suling (swara pucuk) dhumawah ing wilahaning gôngsa dados swara bongkot, punika sampun tamtu mawang dhatêng prêlu, ewadene swara 6-a ing gôngsa taksih 1 laras, atêgês kêmpyang (rangkêping swara) ing suling wau.

Dene ing slênthêm ngriku katingal rakitaning swara ingkang mahanani: slendro, pelog bêm sarta pelog barang. Dados cêkak manawi panjênêngan kagungan slênthêm (saron) bonang, ingkang pelog, panjênêngan sagêd damêl gôngsa 3 rakitan, ingkang wastanipun: gôngsa siji laras kasêbut nginggil. Prêlunipun gôngsa makatên, inggih punika kangge anggladhi kagunan nêmbang, liripun saking slendro agoyang dhatêng pelog tuwin kosokwangsul, dhawahipun tamtu sakeca, pramila lajêng kasêbut, siji laras, atêgês siji babon, mênggah cêthanipun: ing ngandhap punika dêderahaning 3 warni larasing gôngsa.

Rakitan swara pelog: slênthêm, saron tuwin bonang salirang.

[Grafik]

Katrangan:

1). Thuthukan (grambyangan) wilah ciri (X) larasipun slendro, dados babonipun rakitan slendro swara: a-g-f-d-c.

2). Thuthukan (grambyangan) wilah ciri (+) larasipun pelog, nanging pelog bêm, dados baboning rakitan laras pelog bêm: b-a-g-e-d.

3). Thuthukan (grambyangan) wilah ciri (?) larasipun [la...]

--- 1639 ---

[...rasipun] pelog malih, nanging aran pelog barang, dados babonipun laras pelog barang: a-g-e-d-c.

N.B. swara g punika asring linta-lintu swara f pramila prayogi sinêrat g (f), ananging swara g asring kambah tumrap ing pelog, dene f awis, pramila wontên ing gambang, gêndèr sarta bonang tumrap pelog namung mawi rakitan, 6 swara tanpa f. Bonang ingkang rakitan nêm swara makatên punika, winastan bonang miringan c, punika tumraping umumipun tanah Têgal.

Sumadi, Pangarasan.

Wara-wara

Ngaturi uninga, nalika tanggal kaping 20 wulan punika, Bale Pustaka sampun nampi wissêl saking Kartasura rêgi f 1.50. rêsi nomêr 24, tanpa apsèndêr. Kajawi punika kathah wissêl ingkang namaning apsèndêripun botên cêtha, tur botên nêrangakên nomêring lênggananipun. Jalaran saking punika administrasi kêpêksa nyuwun tulung dhatêng:

a. Prayantun Kartasura ingkang rumaos ngintunakên wissêl kasêbut ing nginggil, kêparênga paring kabar prêlunipun ngintunakên arta wau sarta adrèsipun ingkang têrang.

b. Para ingkang badhe ngintunakên wissêl, kêparênga nyêrat, adrès utawi nomêring lênggananipun ingkang cêtha. Ngèngêtana suraosing wara-wara ing Kajawèn nomêr 99.

c. Ingkang sampun ambayar lunas tumrap kuwartal I, môngka nampi blangko ingkang kalêmpirakên ing Kajawèn nomêr 100, kêparêng lajêng ambucal kemawon.

[Iklan]

--- 1640 ---

UNITAS STUDIOSORUM INDONESIENSIS

Ungêl-ungêlan ing nginggil punika nama satunggiling pakêmpalanipun para sêtudhèn pamulangan luhur (Geneeskundige Hooge School ingkang cêkakanipun G.H.S.), tuwin pamulangan luhur pangadilan (Rechts Hooge School, ingkang cêkakanipun R.H.S.), sami ing Batawi.

[Grafik]

Gambar saking kiwa manêngên: Tuwan-tuwan Adil, Puradirêja, kumisaris umum. Ismail Tayib, panitra II. K. Jayadiningrat, artaka II. Ribawa, pangarsa. Nonah Hadijah, panitra II. Kartajumêna, panitra I. Darma Sêtiawan, mudha pangarsa.

Adêging pakêmpalan wau kala tanggal 1 Sèptèmbêr 1933, dipun adani dening Tuwan Ribawa, Slamêt Sumadirja tuwin Muhammad Ibnu Hajar. Sakawit ingkang dipun dadosakên pangarsa Tuwan Trênggana Supali, sapunika dados sèkrêtaris kabupatèn ing Pakalongan. Kala samantên ing Batawi sampun wontên pakêmpalan tiga, inggih punika pakêmpalaning para sêtudhèn nama Bataviaasch Studenten Corps (B.S.C.) ingkang adhêdhasar kilenan Te Hsioh, pakêmpalaning para sêtudhèn bôngsa Tionghwa tuwin Perhimpoenan Peladjar-Peladjar Indonesia (P.P.P.I), ingkang katrajangipun ngambah pulitik.

Sarèhning para mudha têtiga wau dèrèng marêm dhatêng wontêning pakêmpalan-pakêmpalan wau, mila lajêng ngêdêgakên U.S.I. punika. Dene ancasing pakêmpalan:

1. Manah tuwin migatosakên dhatêng kabêtahaning golongan sêtudhèn tiyang siti.

2. Anggêgulang ajênging kasusilaning warganipun.

3. Nyupêkêtakên pasadherekan tumraping para sêtudhèn tiyang siti.

Kajawi punika ngudi rêmbag ing babagan kawruh, kagunan tuwin ulah raga. Makatên ugi para warganipun ngudi sagêdipun sêsrawungan kalihan mahaguru tuwin dhatêng sasamining warga.

Warganing pakêmpalan punika wontên 240 sami sêtudhèn bôngsa Jawi, Sundha, Madura, Palembang, Padhang, Batak, Acèh, Dhayak, Ambon tuwin sanès-sanèsipun. Wontên ugi ingkang bôngsa Arab 2.

Pakêmpalan wau mêntas ngawontênakên pahargyan pèngêtan kawan taun.

Ing pamuji mugi adêging U.S.I. lulusa sampun kirang satunggal punapa.

--- 1641 ---

Ngudhal Paribasan

Paribasan: cêlak anggônda bacin, têbih anggônda arum, punika mathuk sangêt kangge ngibaratakên tiyang nunggil sadhèrèk ingkang botên langgêng katrêsnan lan karukunanipun, adhakanipun pinanggih wontên ing jamaning para lare. Ewadene inggih botên kirang tiyang sampun ngumur kanggenan watak kados makatên. Mênggah katranganipun: rikalaning kêkêmpalan tansah gèsrèk, botên sagêd rukun, sabab saking anggèning botên sagêd êmong-ingêmong. Dene wêwinihipun botên mêsthi saking prakawis agêng, trêkadhang sabab namung saking prakawis sapele, rêmbag sakêcap utawi tindak sapêcak kawawa nuwuhakên parapabên, satêmah bêbêngkrikan, satunggal lan satunggalipun suthik kungkulan, wusananipun mahanani rêngganging pasadhèrèkan.

Salêbêtipun makatên, sadhèrèk wau ingkang katingal namung awonipun kemawon, sadaya kasaenanipun botên kamanah, mila lajêng dipun ngibaratakên: cêlak anggônda bacin.

Mênggahing lêlampahan ingkang kados makatên punika yèn dipun petani ingkang saèstu, sababipun ugi lajêng pinanggih, inggih punika namung kabêkta saking: melik, kados ta: melik mênang, melik nguwaosi, melik mêngku, melik andarbèni, melik pangalêmbana, melik kuncara,

--- 1642 ---

melik linangkung tuwin sapanunggilanipun. Sadaya wau grêbanipun namung melik unggul, mênggahing kabatosan kalêbêt nama satunggaling cacad.

Kosokwangsulipun: manawi kêmpaling sadhèrèk wau lajêng kêpisah têbih, apêsipun pêjah salah satunggal, adhakan raosing katrêsnanipun ingkang kantun lajêng thukul, brêkating raos trêsna, satêmah ngatingalakên kasaenanipun thok, cacad-cacadipun kasilêp. Têrangipun: upami ingkang angoncati wau sampun nate adamêl kasaenan dhatêng ingkang kantun, sanadyan ta namung saboboting sêmut, inggih kasaenanipun punika ingkang cumithak dados pêpèngêt-èngêting batos. Wangsul bab cacadipun, sanadyan sampun nate adamêl piawon saboboting gajah, adhakanipun botên pisan-pisan kumlamuk ing dalêm manah, pramila lajêng dipun ngibaratakên: yèn têbih anggônda arum.

Gêgambaraning raos ingkang kados makatên wau yêktosipun malah botên ngêmungakên sadhèrèk tandhing akalihan sadhèrèk kemawon, nanging nadyan tumrap tiyang mêmitran, trêkadhang samantên ugi, kajawi ingkang pancèn darbe dhêdhasar srèi.

Katitik saking punika, samangke têtela bilih ngupados karukunan sarta ngudi têtêping katrêsnan punika angèl. Sampun malih ingkang nama mitra, dumuginipun tandhing kalihan semah utawi anak piyambak kemawon, tiyang punika sok wontên kalamangsaning rêngat katrêsnanipun, kaot botên dangu lajêng pulih malih. Ewadene têtêp dados pasaksèn bilih pamanahing manungsa punika tansah ewah-ewah, botên sagêd langgêng.

Mangsuli bab paribasan, èstunipun paribasan kasêbut ing nginggil wau wontên têtandhinganipun inggih punika: sato kewan iku yèn diêmor saya lawas sangsaya atut runtut. Nanging bab punika sanajan tanpa kaudhal sampun cêtha gagapanipun. Pramila amrih jangkêping pangudhal prayogi kadhapuk pêpèngêting batos kemawon sawatawis, makatên:

Sarèhning manungsa punika suthik winastan asor, kêdah luhur, tandhanipun tansah kanggenan melik warni-warni, kados ta melik mênang, melik nguwaosi, mêngku, kuncara tuwin sapiturutipun wau, ingkang grêbanipun namung melik unggul, dados sayoginipn kêdah sagêd anyingkiri utawi angipatakên watak lare, anggènipun rêmên gèsrèk kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil wau.

Kaping kalihipun, sarèhning lumuh asor, sayogi sampun ngantos kungkulan dening budining sato. Wangsul angèngêtana têbusaning paribasan ingkang ôngka kalih punika, supados ing batos lajêng amanggih têpa: lah iya, wong lagi sipating sato kewan bae yèn kaêmor saya lawas malah saya atut runtut…apadeneapa manèh. manungsa.

Nuwun, mugi cêkapa samantên kemawon pangudhal kula paribasan punika, bilih wontên tuna dungkaping ukara, mugi sampun kirang ing pamêngku, jaragan tinimbang nganggur aluwung sinau, mênggahing êmpanipun inggih namung sumôngga.

Nirrasa.

--- 1643 ---

Nusakambangan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 102.

Kawontênanipun griya-griya ingkang wontên sanginggiling toya, tumrap tiyang ingkang sawêg sumêrêp, tamtu anganggêp ing ngriku punika satunggiling panggenan ingkang botên limrah, mila pantês dipun wastani anèh.

[Grafik]

Tiyang èstri nuju sêsadean barang-barang praboting pawon.

[Grafik]

Griya-griya ingkang dunungipun ragi manêngah.

Tiyang ingkang nêmbe minggah wontên ing panggenan ngriku, ing pangraos namung kados dhatêng wontên ing griyaning tiyang, botên rumaos manawi malêbêt dhatêng dhusun. Nanging mangke manawi sampun linggihan sawatawis utawi sampun anjajah ing panggenan ngriku, sawêg kraos manawi wontên ing dhusun yêktos, lajêng sumêrêp tiyang lumampah ing margi, sumêrêp umbyakipun tiyang pados bêtah, sumêrêp tiyang sêsanjan tuwin sanès-sanèsipun.

Ingkang dipun wastani margi agêng wau inggih awujud wod, têtêrusan ngambah sangajênging griya-griya. Limrahipun sabên griya sami ngongkang margi, wontên ingkang margi alit. Ing sapinggiring margi wau wontên ingkang bikak wande punapa, sade kabêtahanipun bale griya. Malah wontên bôngsa Tionghwa ingkang sampun bikak wande wontên ing ngriku ngiras numbasi angsal-angsalanipun ulam têtiyang ing ngriku.

Kajawi punika ing padhusunan ngriku punika ugi asring dipun dhatêngi tiyang sêsadean ingkang barang-barangipun dipun wadhahi ing baita alit, dipun tawèkakên saking baita, kados ta barang-barang praboting pawon, dene tangkêpipun têtiyang ing ngriku botên beda kados kadhatêngan tiyang sêsadean ing dharatan punika.

--- 1644 ---

Dumuginipun sapunika ing laladan sêgara anakan wau wontên dhusunipun pitung panggenan, ingkang sakawan cêlak kalihan dharatan, sanès-sanèsipun kalêbêt ragi manêngah. Dhusun-dhusun wau ingkang kapetang kina piyambak ing Ujungalang, dhusun wau kala pitung dasa taun kêpêngkêr nate kêbêsmèn, lajêng dipun dêgi dhusun enggal malih ingkang prênahipun ragi mangalèr, dangu-dangu inggih lajêng pulih dados dhusun agêng.

Cara gêgriya ingkang kados makatên punika tumraping nagari sanès, ingkang kapetang cakêt kalihan sagantên kalêbêt limrah. Malah tiyang ingkang gêgriya makatên punika lajêng dipun anggêp dados satunggiling golongan, dipun wastani tiyang pasisir, kosokwangsulipun tiyang ing dharatan. Namung wontên kaotipun sakêdhik, anggèning gêgriya tiyang ing ngriku wontên ingkang ngantos manêngah punapa. Tiyang gêgriya ingkang kados makatên punika ingkang kathah pinanggih ing nagari ingkang ngongkang sagantên.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, ing ngriku wontên dhusun ingkang nama Mutihan. Manawi mirid nama wau nama Mutihan punika mèmpêripun ing ngriku dados padununganing tiyang agami Islam, ingkang limrahipun dipun wastani tiyang Mutihan. Nanging nyatanipun botên makatên, nama Mutihan punika saking katêlah tuwin jalaran saking risaking têmbung Mutearan. Mênggah cêcariyosanipun makatên.

Ing ngajêng, kala jaman Kumpêni, ing sagantên ngriku punika dipun kintên kathah mutyaranipun, inggih punika bangsaning tirêm ingkang cangkokipun isi pating prênthil, kenging kangge sêsupe tuwin kalung, namung pinanggihing mutyara ing ngriku alit-alit, ngantos sapriki taksih asring wontên tiyang ingkang sagêd manggihakên.

Ing kala Kumpêni mirêng ing ngriku wontên mutyaranipun, lajêng dipun adani kawontênakên tindak ngupados mutyara. Nanging sarêng dipun adani yêktos, namung damêl kapitunan agêng.

Mirid kawontênan saya walêdipun laladan ing ngriku punika, pinanggihipun namung badhe saya nyuda panggêsanganipun tiyang ing Pajagan, awit pinanggihing pamisayan ulam saya suda. Môngka tumrap têtiyang ing ngriku sampun run-tumurun anggènipun pados ulam. Saupami têtiyang ing ngriku wau kapurih nindakakên padamêlan sanès, upami kapurih têtanèn sapanunggilanipun, pinanggihipun namung sarwa kakên. Nanging manawi sampun kêpèpèt, tamtu inggih lajêng sagêd tumindak.

Kabêkta saking ewahing kawontênan, jiwanipun têtiyang ing ngriku punika saya suda, kados ta rumiyin ingkang jiwanipun kawan èwon, pinanggihipun ing sapunika kirang langkung namung kantun sapalih. Sagêd ugi sudaning jiwa ing ngriku punika saking indhaking wawasanipun têtiyang ing ngriku, botên namung badhe ngrungkêbi panggêsangan satunggal, ugi lajêng mangrêtos bilih ngupajiwa punika pinanggih warni-warni.

Namung tumraping tiyang sanès, amastani bilih ing padhusunan ngriku punika taksih pinanggih rame.

Kados makatên kawontênanipun ing Nusakambangan salaladanipun.

Pawartos saking Redhaksi

K. 4009 ing Bêtawi. Karangan ingkang kados makatên punika mapanipun kapacak ing ariwarti.

K. 2421 ing Sêmarang. Lotre sampun kasèp. Sn Pa, Sura 1901 dhawah tanggal 16 taun 1831 utawi kaping 6 Mèi.

--- 1645 ---

[Iklan]

Kawontênan ing Tiongkok

Ing bab tansah kasoranipun Tiongkok pêpêrangan kalihan Jêpan, punika mênggahing nalar, Tiongkok tansah kawon dhêsêk, saha sampun pintên-pintên panggenan ingkang wigatos sampun kêrêbat ing Jêpan. Nanging mênggahing kabangsan Tiongkok, dèrèng wontên raos ingkang nêdya angêndhoni, niyatipun badhe kalajêngakên dumugi tumpês pisan. Ewasamantên tindakipun Tiongkok wau inggih taksih mawi dugi-dugi tuwin kanthi wawasaning para ahli paprangan.

Senapatining paprangan Tiongkok, Jendral Syang Kai Sèk, apratela bilih paprangan punika tumrapipun Tiongkok badhe kalajêngakên panglawanipun. Rêrigêning Syang Kai Sèk, sampun ngantos wadya Tiongkok lajêng pating slêbar botên kantên-kantênan, sasagêd-sagêd sami sêtyaa dhatêng parentah pusêr, inggih namung sarana punika ingkang badhe nglêstantunakên kasantosanipun Tiongkok. Makatên ugi pangajêng-ajêngipun Syang Kai Sèk, mugi nagari sanès-sanèsipun sami anjêjêgna tata ngadilipun.

Ing bab golongan wadya Tiongkok ingkang nungkul, punika dipun anggêpa satunggiling bêbaya ingkang dhumawah ing Tiongkok. Nanging salajêngipun, Tiongkok tansah ihtiyar kanthi ngêtog karosan, sampun ngantos ngalokro. Kajawi punika ugi sampun ngantos anjagèkakên pitulunging liyan, sadaya sami pitadosa dhatêng kêkiyatanipun piyambak.

Mirid katrangan saking Syang Kai Sèk, wiwit pêrang [pê...]

--- 1646 ---

[...rang] dumuginipun sapunika wadya Tiongkok ingkang sirna wontên 300.000. Dene karisakan tuwin kasangsaran ing golongan ingkang sanès militèr, tanpa wicalan. Ing salaminipun, Tiongkok dèrèng ngalami kasangrankasangsaran. ingkang samantên agêngipun. Prasêtyanipun Syang Kai Sèk, suka badanipun dadosa bêbantêning praja.

Ingkang minôngka dhêdhasar sagêdipun Tiongkok unggul, kêdah anglajêngakên nanggulangi Jêpan, utawi pananggulangipun wau botên namung wontên ing Nanking tuwin kitha agêng sanès-sanèsipun, ugi kêdah mawi tatanan sagêd nanggulangi wontên ing pundi-pundi, kanthi daya pambiyantunipun rakyat Tiongkok sadaya. Manawi nyata wadya Tiongkok sagêd kiyat saha panggah anggènipun nanggulangi mêngsah, botên sande Jêpan badhe kecalan daya piyambak.

Sanadyan sêdyanipun Syang Kai Sèk kados makatên, nanging ugi wontên wartos bilih Ruslan nêdya ambiyantu dhatêng Tiongkok, malah kêlampahan sampun wontên wêwakil Ruslan kanthi tiyang sawatawis numpak motor mabur dhatêng Hanko, nêdya badhe ambiyantu dhatêng parentah pusêr. Tindak pambiyantunipun Ruslan wau kanthi ngawontênakên panêdha: 1 supados parentah kabangsan angewahi pranatanipun, ingkang ing ngajêng dipun wastani parentah kabangsan, dipun santunana dados parentah rakyat mêmêngsahan Jêpan. 2. ministêr-ministêripun paprentahan wau ingkang sapalih kêdah ngangge tiyang saking parentah Sopyèt Tionghwa. 3. para upsir golongan Komunis Tionghwa kêdah malêbêt dhatêng panguwaosipun Syang Kai Sèk.

Salajêngipun wontên wartos, sampun wontên motor mabur Sopyèt cacah 120 kanthi juru ingkang nglampahakên 240 sampun bidhal dhatêng Hanko.

Kajawi punika tumrapipun paprentahan ing Hanko inggih sampun wontên rêmbag: 1. supados ngawontênakên tatanan enggal tumraping wadya Tiongkok. 2. Ngangkah sagêda ngangge baunipun bôngsa Tionghwa piyambak, kanthi nuntun dhatêng sawarnining golongan dados militèr, tuwin ngudi sagêdipun mêwahi pamêdal ingkang migunani kangge prêluning paprangan. 3. Maligi ngudi indhaking pamêdal têtanèn. 4. Ngudi indhaking gêgaman pêrang. 5. Ngudi indhaking arta praja kanthi ngindhakakên pajêg enggal. 6. Nyaèni babagan sêpur tuwin kawat.

Pinanggihipun ing rêmbag, sadaya wau dipun sayogyani. Ing pangintên, salajêngipun Tiongkok badhe manggih kêkiyatan malih.

Kajawi punika Syang Kai Sèk andhawuhakên kêncêng dhatêng para nara praja botên kaparêng bingah-bingah, manawi ngantos wontên ingkang nêrak, upaminipun dhansah wontên ing papan kasênêngan, kêdah dipun ukum kisas. Makatên ugi angawisi ngabotohan. Sadaya wau mawi kawontênakên juru ngulat-ulatakên wontên ing pundi-pundi.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Kados ingkang sampun kasêbut ing Kajawèn kapêngkêr, sêsorahipun Tuwan S. Sastrasuwignya, ing radhio Nirom tanggal 26 Dhesèmbêr, punika kaundurakên ing tanggal 2 Januari 1937.

--- 1647 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Pilêm Têrang Bulan

II

Petruk : Wis, saiki jêpipingna kupingmu, Kang Garèng, tak caritani mungguh dêdongengane pilêm Têrang Bulan kuwi. Nanging panjalukku aja guru-guru kowe nunjang omonganaku, mêngko anggonku carita mundhak kithal. Kanthi dicêkak dongengane mau mangkene:@Kacarita ing pulo Sawobah ana jêjaka aran Kasim. Kasim iki susah bangêt, jalaran sir-sirane, saiwijining prawan ing pulo kono kang jênêng: Rohaya, bakal dijodhokakake karo wong kang aran Musa, dene Musa iki sanyatane wong ala, nanging ana ing pulo kono kuwasane gêdhe bangêt. Sing sapa ora disênêngi dening dhèwèke mau, mêsthi cilaka. Mitrane Si Kasim, sing jênênge Dullah, dimungsuh bangêt dening Musa mau, mulane banjur minggat saka pulo kono, mênyang Singgapura.

Garèng : Mêngko sik, Truk, aja dadi munêg-munêging atimu, aku arêp takon dhisik, wong pikiranaku ujug-ujug banjur sêtop, alias: ora ngrêti. Lagi anu kowe nyaritakake, wong-wong ing pulo Sawobah kuwi jarene padha nyêmbah brahala. Dadi iya nyêmbah: rêca, nyêmbah: watu barang kae. Têka wong-wonge nganggo jênêng Kasim, Musa, Dullah, nèk wadon iya: Rohaya, lo, iki rak jênêng-jênênge wong Arab, utawa yèn bangsane dhewe, anggêre jênêng sing kaya ngono kuwi, kagèt sathithik iya sing kalair têmbunge mangkene kae: astohpirrullah, utawa sing sadhela-sadhela muni: insaallah, ngono kae, têgêse: mêsthi wong Islam. Hla wong jênênge bôngsa sing pracaya nyang Allah Tangallah, jêbul pracaya lan nyêmbah-nyêmbah nyang rêca, yak, iki sing nganggit dêdongengane Têrang Bulan kuwi mau, apês ambalêbês, kêna diunèkake: ngimpi. Aku ora arêp andakwa yèn dèn bèi mau arêp angrèmèhake bangsane dhewe, ora babarpisan. [babarpi...]

--- 1648 ---

[...san.] Mung bae sing gawe judhêging atiku, milih jênênging wong-wong kang padha nyêmbah brahala bae têka jênênge wong Islam, kênang apa ora milih jênêng-jênêng upamane bae: Wèllêm Jakob Mari, Dhorah...

Petruk : Wiyah, wiyah, ambok aja nguthik-uthik asu turu mêngkono, Kang Garèng, ambok aja sumêla-sêla dhisik. Aku tak ngrampungake dhisik dongènge.@Kocapa, Kang Garèng, sawijining sore kabênêr padhang bulan, Kasim sarana nabuh kitar mênyanyi-mênyanyi lagu: têrang bulan têrang dhi kali, lan isining nyanyian mau ora liya mung angalêmbana marang endah ayune Rohaya. Dumadakan ing kala samono Rohaya sakônca-kancane, ngrungu nyanyiane Si Kasim mau, sarta Rohaya banjur mênyanyi minôngka wangsulane, sarta nyaritakake, yèn atine lagi susah bangêt, sabab arêp dijodhokake karo wong liya, sing dhèwèke ora sênêng babarpisan.

Garèng : Wathathitah, sajake têka wis nyara... kumidhi sêtambul têmênan. Apês ambalêbês iya mèh cara jaman... buwayah Kêmayoran. Kuwi jaman biyène jarene: yèn kabênêr padhang bulan, para bajul buntung kuwi mau yèn arêp main royal, banjur mlaku-mlaku turut kampung, nabuh kitar karo bêngak-bêngok mangkene kae: ha-i, nonah manis dhisayang-sayang, ja-puh, mung ing kene bedane, wanita sing diarah dening bajul buntung mau, ora kok banjur mangsuli sarana bêngok-bêngok: a-i, tuwan, dhisayang-sayang, mêngkono kae upamane, nanging mung ngintip-intip saka saburining lawang, ngêmungake sing pancèn wis ucul, kuwi sok banjur plêncing, mlumpat jêndhela, banjur nginthil nyang bajul buntung mau. Malah kabare ing tanah Sêpanyol iya ana carane jêjaka nabuh bangsane kitar karo jêrat-jêrit kuwi, jarene wanita sing diarah kuwi, nèk pancèn duwe sir, iya banjur sok longak-longok ana ing jandhela, bokmanawa karo mesam-mèsêm, nanging kabare ora mangsuli jêrat-jêrit. Dadi ing sêmu wong-wonge ing pulo Sawobah kuwi luwih maju, luwih pre, katimbang wong-wong Batawi ing jaman biyèn, utawa wong-wong ing Sêpanyol. Utawa prawan-prawane ing pulo Sawobah kono luwih ora idhêp isin...

Petruk : Kang Garèng, wong iya dongèng, rak iya kêna-kêna bae, amrih bisa gawe sêngsême wong nonton.

Garèng : Hla iya, aku ngrêti yèn mêngkono karêpe, mung bae ambok le nganggit kuwi rada sing kalêbu nalar sathithik. Jarene pulo Sawobah kuwi pulo andhewe, nganti ora tau kambah ing wong mônca, jêbul ana jêjakane sing bisa main kitar, kathik bisa mênyanyi têrang bulan barang, wuwuh-wuwuh prawane iya bisa ngrumpaka, kathik iya nganggo lagu: têrang bulan, mulane ing ngarêp tak kandhakake, nèk-nèke mis Ribut wis tau idêr nyang pulo kono, malah salah siji wonge kèri ing kono sarana ditinggali kitar upamane.

Petruk : Hara, kok banjur warna-warna rêmbuge mangkono, wis, aluwung rungokna bae,

--- 1649 ---

tak banjurne dêdongenane têrang bulan mau. Sawijining sore Kasim lan Rohaya kêtêmu ijèn padha ijèn manèh, dumadakan bakal jodhone Rohaya, Si Musa, têka ing papan kono. Karo mesêm-mèsêm Musa calathu marang Rohaya mangkene: Rohaya, ayo enggal mulih, kowe kudu sadhiya-sadhiya anggonmu bakal ditêmokake karo aku mêngko sore.

Garèng : Wa-dhuh, wong lanang kathik le sabir. Ingatase andêngangi bakal bojone lagi gêndhulak-gêndhulik karo jaka liya, kathik ora nglolos pengot, têka malah mung gumuyu-gumuyu karo ngandhani nyang pacangane: tumuli sêdhiyaa mêngko bêngi tak kawin.

Petruk : Iki mung dongèng, Kang Garèng, dongèng. Sorene pangantèn lanang, iya Musa mau, têka saka sagara marani ing pulo kono...

Garèng : Wah, sake pangantèn lanang bangsane putra wayahe ndara Nyai Rara Kidul. Wong jarene têkane saka sagara.

Petruk : Wayah, bokmanawa nganggo diarak barang dhisik. Padhane kalane kowe dadi pangantèn, sadurunge têmu, pangantène lanang diarak nyang alun-alun lan turut Pacinan, sarèhne pangantèn ing pulo, pangarake pangantèn lanang iya banjur nyang sagara. Barêng têkan ing dharatan pulo kono, pangantèn lanang sarana nunggang joli kang dipikul kurang luwih ing wong patang puluhan, digawa nyang omahe Rohaya, prêlu mêthuk pangantèn wadon. Sabanjure pangantèn wadon banjur munggah ing joli, lungguh jèjèr karo pangantèn lanang. Sauwise, joli banjur diangkat manèh sarta budhal manèh. Awit ing kono ana carane dhewe, yaiku: ijabing pangantèn kuwi ana papane dhewe, êmbuh ing alas, êmbuh ing ara-ara, gambare ora pati cêtha. Mung bae sing katon cêtha, ing kono ana rêcane, sing disêmbah-sêmbah dening wong tuwa, kang wujud lan panganggone, luwih-luwih ikêt-ikêtane iya wis cêkèk... wong Sundha. Ijabe pangantèn, sing sarana dipadhangi ing obor pirang-pirang atus, tatacarane mangkene:@Luwih dhisik pangantèn lanang nyêmbah nyang rêca, banjur lungguh ana ing ngarêping rêca kono. Sauwise pangantèn wadon sing nyêmbah ing rêca, lan banjur dilungguhake jèjèr karo pangantèn lanang. Tangane pangantèn wadon banjur ditlikung, bokmanawa karêpe: wong wadon wis kêtlikung dening wong lanang, dadi wis ora kêna anduwèni kêkarêpan apa-apa manèh, kajaba manut miturut nyang sing lanang. Sing kanggo tôndha nèk ijabe wis kalakon, kuwi: wêdhus, kang ditalikung sikile, bakal dibêlèh. Anggêre gêtihing wêdhus wis mancur, pangantèn lanang wadon mau iya wis dadi jodhone.

Garèng : Wèh, adat tatacarane têka digawe nganèh-anèhi têmênan. Wong Sundha tuwa sing nyêmbah rêca, pangantèn wadon tangane ditlikung, sing kanggo tôndha yèn lanang wadon wis ijab, gêtihing wêdhus sing dibêlèh. Wèh, mula iya pintêran anggone gawe dongèng... nglêmpara.

--- 1650 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Kadurjanan agêng ing Balikpapan. Satunggiling kyai ing Balikpapan nalika nuju mlampah-mlampah, griyanipun kêlêbêtan ing tiyang awon, sagêd mêndhêt arta ingkang dipun rimat wontên ing trommel cacah f 300.000.-, tuwin barang-barang mas intên rêrêgèn f 700.000.-. Sarêng dipun padosi wontên barang-barang ingkang pinanggih patih bêcècèr, makatên ugi sagêd manggihakên arta. Bab kadurjanan punika kakintên saking tindakipun tiyang ingkang sampun kulina ngambah griya ngriku.

[Grafik]

Motor mabur Inggris wontên ing Tanjungpriok. Motor mabur Inggris Centaurus kala tanggal 14 wulan punika wanci jam 2 dumugi ing Tanjungpriok, ing sadèrèngipun mandhap mawi kêkalangan wontên ing gêgana ngantos dangu, lajêng mandhap wontên palabuhan tiga. Motor mabur wau wontênipun ing Tanjungpriok dumugi ing dintên Kêmis enjing, tumuntên nglajêngakên lampah dhatêng Surabaya, lajêng dhatêng Timor Kupang wusana dhatêng Australie. Ing salêbêtipun wontên ing Bêtawi mawi ngawontênakên pêpanggihan kalihan punggawaning motor mabur wau wontên ing dalêmipun Consul Generaal Inggris.

Têtêmpah waragad sêratan tumrap kalurahan dhusun. Awit saking usulipun warga Raad Kawula Tuwan Sutarjo, parentah marêngakên badhe paring têtêmpah waragad sêsêratan tumrap dhatêng para lurah dhusun ingkang dipun wêdalakên piyambak. Nanging sapunika sawêg mundhut katrangan dhatêng pangagêng-pangagêng nagari, pundi ingkang pantês dipun paringi, kanthi pilih-pilih punapa sadaya sabên kêpala dhusun.@Mindhah pabrik wacucal. Pabrik wacucal kagunganipun nagari ing Bogor badhe kapindhah dhatêng Ngayogya. pAmindhahipun kintên-kintên badhe kêlampahan wontên salêbêtipun wulan Januari ngajêng punika.

Gemeente angsal pitulungan arta. Tumrap gemeente Surabaya tuwin sanès-sanèsipun ing Jawi Wetan tampi arta pitulungan kathahipun f 145.000.-, pêrlu kangge waragad pêrluning bêbaya panêmpuh gas saking gêgana.

Taun baru Tionghwa namung badhe kadamêl ringkêsan. Miturut wartos, pakêmpalan-pakêmpalan bangsa Tionghwa ing Bêtawi tuwin Surabaya sami ngawontênakên rêmbag, bilih benjing taun baru Tionghwa sami botên ngungêlakên mêrcon long kados padatan. Karameanipun Capgomèh ugi badhe kadamêl alit-alitan kemawon.

Bêna ing Lasêm. Ing Lasêm, Rêmbang, mêntas wontên jawah dêrês ngantos dangu, anjalari mbaludaging lèpèn Bagagan saha anjalari bêna ing salêbêting laladan Lasêm. Margi-margi tuwin griya atusan sami kêrêndhêm toya. Para pangagêng nagari sami rawuh papriksa dhatêng papan ingkang kêbênan wau, saha lajêng dhawuh paring pitulungan. Kajawi bêna wau ugi ngêlêbi papan pamiyaran ulam ingkang damêl kapitunan agêng.

Tiyang siya ing pakunjaran. Ing pakunjaran ing Surakarta wontên tiyang ukuman ingkang dipun siksa samining tiyang ukuman pintên-pintên, paniksanipun wau kanthi tindak siya tuwin misakit. Katêmahanipun tiyang wau ngantos sakit saha kalêbêtakên ing griya sakit. Dene sababipun dipun siksa wau, amargi tiyang ingkang dipun siksa punika ingajêng kadakwa dados sêpiyun.

Kaêndhêg anggènipun badhe pêrlop dhatêng nagari Walandi. Kawartosakên, Tuwan E. inspecteur pagantosan nagari ing Bali ingkang badhe pêrlop dhatêng nagari Walandi, nalika dumugi ing Bêtawi dipun êndhêg ing pulisi amargi badhe kapriksa ing bab kisruhan ing padamêlanipun. Wusana anggèning pêrlop wau kasandèkakên.

Pamulangan luhur pangadilan. Lulus doctoraalexamen perangan kaping tiga, R. Subagyo Joyowidagdo.

--- 1651 ---

Badhe ngadêgakên tandha pangèngêt-èngêt. Pakabaran ing Kajawèn no. 100, punika lêpat. Dene lêrêsipun:@Pakêmpalan golongan P.P.B. Afdeeling Salatiga, nêtêpakên badhe ngadêgakên tandha pangèngêt-èngêt sarupi tugu (zuil) benjing samangsa Sri Paduka Prinses Juliana kagungan putra. Waragatipun kintên-kintên f 500,- waragad samantên wau badhe dipun sanggi dening para warganing pakêmpalan P.P.B. tuwin Donateurs. Ingkang dados pangayoman adêgipun tugu tandha pangèngêt-èngêt inggih punika panjênênganipun Radèn Ayu Pangeran Ario Sunarto tuwin Radèn Ayu Rêksonagoro.@Dene pakêmpalan golongan pènsiun militèr (B.I.G.M.) ing mangke mbotên tumut ngadêgakên tugu (zuil) kasêbut ing nginggil.@Warganing pakêmpalan P.P.B. Afd: Salatiga. No. 1504. H.S.

Mangsa labuh ing Kaliwungu. Kawartosakên tiyang-tiyang dhusun ing Kaliwungu sawêngkonipun sami angrêsah, jalaran dhawahing mangsa labuh, sabin ingkang sadangunipun kêkirangan toya, sapunika ngajêngakên tanêm pantun kêpambêng dening toya bêna. Manut paturan saking lurah dhusun salêbêtipun kalih wulan ingkang kapêngkêr wontên pawinihan sami garing, sitinipun sami nêla, pasabinan katingal ngênthak-ênthak. Mangka winihipun racak-racak umur 3 wulan, malah wontên ingkang 70 dintên mêksa dèrèng pikantuk toya, salajêngipun ndadosakên prihatosipun kanca tani tuwin damêl kasamaran. Saya malih sabin-sabin salèr Karangtêngah-Kumpulrêjo, kados ta dhusun Wonorêjo, wontênipun sêbaran sami garing, lèpèn-lèpèn sami asat, dados mbotên kenging kangge adus, punapa malih kangge mususi uwos prasasat ênggen-ênggenan. Nanging ngajêngakên riyadin Sawal wiwit wontên jawah têrus sapriki lêt pitung dintên jawahipun sangsaya dêrês, ngantos ndhatêngakên bêna, têtiyang lajêng sami bingah, ananging wontênipun bêna ingkang damêl lubèripun sabin-sabin tuwin mêdhotakên tanggul-tanggul sabin kapêksa dipun kèndêlakên, dados dèrèng sagêd nggarap, awit mbujêng sêbaran ingkang sampun mangsanipun kadhaut lajêng mundur, sawênèh wontên ingkang dipun têrusakên ndhaut, enjingipun têrus katanêmakên, dene panggaraping sabin sarana dipun luku kemawon P.

Pakurmatan Sri Paduka Prinses Juliana. Ingkang pinanggih ing dhistrik Kaliwungu gêgayutan klayan pêkabaran badhe pambabar dalêm Sri Paduka Prinses Juliana, pundi-pundi dhistrik, regentschap Kêndal badhe ngawontênakên Comite kangge pakurmatan dalêm sri paduka wau. Dhistrik Kaliwungu sami umyêg damêl ada-ada badhe tumapaking pakurmatan wau sarana ngawontênakên urunan kanthi eklasing manahipun para ingkang kasdu urun.@Benjing ngêntosi dhawuh saking nagari, dipun wontênakên arak-arakan murid sêkolah dhatêng kawêdanan, sêsarêngan barongan, dumugi dhistrik murid-murid sami manêmbrama, bêksa, lare sêkolah murid madrasah ugi manêmbrama, ngangge basa Arab.@Ing pêndhapi kawêdanan dipun wontênakên buffet saking pakêmpalan "Rukun Wanita" kangge nyadhiyani para tamu Walandi sarta saandhahanipun, dene murid-murid pikantuk ombèn-ombèn utawi panganan ugi saking pitulunganipun pakêmpalan wau. Jam 3 dumugi jam 5 sontên nunggil dintên dipun wontênakên pêpajangan tumpakan (bloemcourso), dalunipun ing papan kawêdanan dipun wontêni tontonan gambar idup saking pirukunanipun bangsa Tionghwa Kaliwungu, pêncak jalêr, lênggukan, ing pêndhapi wontên langênswara mawi pasindhèn, ing karas ngajêng masjid dipun sukani tarup kangge para murid-murid madrasah mawi lagu-lagu. Enjingipun bibaran.@Mila saking wontênipun dintên paargyan wau sadaya kunjuk sumungkêm dhatêng ngarsa dalêm Sri Maharaja Walandi tuwin ingkang putra putri Juliana pinaringana tanpa sambekala widada basuki botên kirang satunggal punapa. P.

Vice-President Raad Indiya. Miturut wartos, Tuwan van den Bussche Vice-President Raad Indiya, benjing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr 1938 badhe lèrèh.

K.N.I.L.M. badhe ngawontênakên lampah dalu. Awit saking sêdyanipun K.N.I.L.M. badhe ngawontênakên lampah anggêgana ing wanci dalu saking Surabaya dhatêng Bêtawi.

Nêmahi tiwas jalaran saking pijêt. Tuwan T.B.S. ing Ngayogya, sampun dangu gadhah sakit blindedarm, nanging ing sêmu botên kasumêrêpan, sabên kraos sakit namung dipun undangakên tukang pijêt, saha manawi sampun dipun pijêt lajêng kraos sakeca. Satunggiling dintên nuju kraos sakit, ragi sangêt, lajêng dipun undangakên tukang pijêt, nanging sarêng dipun pijêti botên adamêl mayar, malah saya sakit. Ingriku sawêg nêdha pitulungan doktêr. Sarêng doktêr mriksa, cariyos manawi sakitipun sampun kasèp. Miturut papriksaning doktêr sêsakitipun wau (blindedarm) sampun pêcah, jalaran saking patraping dhukun ingkang anggarap. Wusana tuwan T.B.S. kêlajêng andadosakên ing ajalipun.

Dr. D.A. de Kat Angelino. Miturut wartos, ing wêkasaning wulan punika Dr. D.A. de Kat Angelino tilas Directeur Departement Pangajaran dumugi ing Bêtawi, saking Australie. Panjênênganipun tuwan wau nyandèkakên anggèning badhe tindak dhatêng Jêpan tuwin Tiongkok.

Pamulangan luhur doktêr. Lulus candidaatsexamen kapisan, R. Abdul Hajji, Tuwan Rusli, H. Sadikin, Supandi tuwin Tuwan Tan Tjin Siok. Lulus doctoraalsexamen perangan kapisan, Tuwan-tuwan Gang Sing An, Loo Siauw Jong, Lie Ek Kiang tuwin R. Sucipto Purwosuprapto. Lulus doctoraalexamen perangan kalih, Tuwan-tuwan R. Harjono Harjokusumo, Lie Djing Jang tuwin Thio Teng Boe. Têtêp dados arts, Tuwan Lie Gik Djien.

Pangarsa Landraad. M. Hadiwinoto rechtskundige, ondervoorzitter Landraad ing Serang, Pandeglang tuwin Rangkasbitung, dados ondervoorziiterondervoorzitter. Landraad ing Surabaya.

NAGARI WALANDI.

Gêrah dalêm Sri Paduka Prins Bernhard mèh sênggang. Miturut wartos praja, kawontênanipun Sri Paduka Prins Bernhard ing minggu ingkang wêkasan piyambak pinanggih langkung sae. Ingkang punika, rawuh dalêm Sri Paduka Prinses Juliana sagêd tuwin ngantos dangu.

Pakurmatan samangsa babaran. Miturut wartos saking Den Haag, benjing samangsa Sri Paduka Prinses Juliana ambabar, manawi miyos kakung, dipun urmati ungêling mriyem 101 rambahan, dene manawi putri 51 rambahan. Ungêling mriyem wau samangsa sampun ambabar, nanging manawi miyosipun sampun wanci sontên utawi dalu, anggènipun ngungêlakên enjingipun wanci byar. Pakurmatan mriyem wau saking kapal-kapal pêrang Walandi.

EROPA.

Pasitèn ing London. Ing London wontên pasitèn jêmbaripun 1000 acre ing sacêlakipun Ilford, dipun tumbas kanthi rêrêgèn 289.000 pondsterling, pêrlu badhe kangge pakèndêlan anggêgana tumrap kitha London. Waragadipun andamêl 600.000 pondsterling. Têbihing papan anggêgana wau saking kitha London wontên 20 km. lajêng dipun dèkèki sêpur listrik, murih sagêd ngenggalakên lampah.

AFRIKA

Sedan agung ing Mêsir. Ing tanggal 21 wulan punika, Pangeran Ahmad Saifuddin seda. Layon wau kabêkta saking Istambul dhatêng Mêsir. Sang pangeran punika ipe Nata Mêsir Prabu Fuad. Nalika layon kasarèkakên kathah para agêng ingkang anjênêngi. Sri nata ugi maringi wêwakil.

--- 1652 ---

Wêwaosan

III Lêlampahanipun Ilya.

36

Sang Ilya umatur makatên: Dhuh, sinuhun pêpundhèn kawula, mugi krêsaa paring papan andhèrèk bojana andrawina wontên ing ngarsa nata, kawula punika prajurit mônca ingkang sawêg nandhang kaluwèn. Dhuh, gusti, sowan kawula ing ngarsa nata punika, kawula kapengin ngawula ing ngarsa paduka supados kawula sagêda amêrangi sadaya mêngsah paduka. Mênggahing kawula, botên badhe ajrih kalurugakên pêrang sanadyan amêngsaha prajurit bôngsa Tartar sèwu cacahipun. Sanadyan cacahing prajurit wau wontên kalih èwu, kawula botên badhe ajrih, malah sanadyan kakêpanga ing mêngsah cacahipun tigang èwu, botên-botênipun kawula ngantos kaplajêng. Kawula botên bêtah dhatêng pitulunganing sanès, lan pêksi gagak tigang dasa iji saanak-anakipun pisan, kenging anglajêngakên anggènipun sami sênêng-sênêng lan nêdha eca, kawula piyambak ingkang badhe ananggulangi mêngsah.

Mênggah kajêngipun Ilya, ingkang dipun wastani gagak tigang dasa, punika sajatosipun para prajurit tigang dasa ingkang ing sêmu damêlipun ngêmungakên sênêng-sênêng lan nêdha eca kemawon. Ing dêdongengan Rus, prajurit ingkang prawira punika kasamèkakên kalihan pêksi alap-alap, dene manawi prajurit dipun upamèkakên pêksi gagak, punika sanyatanipun ngina lan ngrèmèhakên.

Punapa jalaran saking botên mangrêtos, punapa sabab saking ajrihipun dhatêng sang prabu, sanadyan prajurit tigang dasa wau dipun sêpèlèkakên dening Ilya, namung kèndêl kemawon. Dumadakan ing ngriku sang prabu, ingkang kala punika botên nguningani bilih prajurit ingkang mêntas ngadhêp punika sajatosipun Ilya, lajêng andangu makatên:

He, prajurit kang lagi têka, saka ing ngêndi pinangkamu, lan sapa jênêngmu utawa sapa wong tuwamu.

Ilya amangsuli: Nama kawula punika Nikita.

Sang prabu angandika malih: Andadèkake bungah ingsun, dene sira wis angadhêp ana ing ngarsaningsun lan wis anyaguhi dadi prajurit ing prajaningsun iki. Tumrape prajurit kang prawira, kanthi rênaning panggalih ingsun ngajak bêbarêngan bojana andrawina karo jênêng ingsun. Ing papan pungkasaning larikan iki isih ana panggonan, mara sira tumuli mapana lungguh lan banjur miwitana mangan.

Para abdi kadhaton lajêng enggal-enggal amurugi Ilya ingkang lajêng kairit dhatêng ing papan ingkang dumunung wontên ing pungkasaning meja panjang ingkang kangge bojana andrawina wau saha lajêng dipun acarani lênggah. Ilya linggih sakêdhap, nanging lajêng ngadêg malih sarwi wicantên makatên:

Dhuh, Prabu Wladhimir ing Kiyèph, sayêktos adamêl gumuning manah kawula, dene panjênêngan amaringi papan linggih dhatêng kawula, ingkang botên pantês sangêt kalihan pangkat kawula punapadene lêlabêtan kawula dhatêng praja. Panjênêngan piyambak, dhuh sang prabu, lênggah sêsarêngan kalihan para gagak, dene anaking gagak-gagak wau ingkang panjênêngan dhawuhi linggih sajajar kalihan kawula.

Ing ngriki kados prêlu kacariyosakên, bilih ing jaman kinanipun ing Ruslan, botên beda kalihan tanahipun piyambak ngriki, manawi wontên pahargyan dhahar sêsarêngan, punika lênggahipun para tamu inggih miturut pangkat. Saya luhur pangkatipun, papanipun lênggah inggih saya inggil. Lan botên beda kadosdene wontên ing ngriki, sintên ingkang kapapanakên wontên ing nginggil, inggih lajêng karaos agêng manahipun. Kosokwangsulipun, tiyang ingkang apangkat, nanging lajêng kapapanakên lênggah wontên ing ngandhap, punika têmtu inggih lajêng rumaos dipun rèmèhakên utawi dipun sêpèlèkakên.

Jalaran saking punika kados botên anggumunakên, bilih Ilya ingkang rumaos dados têtungguling sadaya prajurit ing saindênging Ruslan, sarêng ing kala punika ujug-ujug kaparingan lênggah wontên ing ngandhap piyambak, lajêng botên narimah saha anglairakên têtêmbungan ingkang makatên wau. Botên ngêmungakên wicantên makatên kemawon, malah salajêngipun, Ilya anjorogakên sadaya prajurit ingkang sami lênggah ing sanginggilipun kursi palinggihanipun. Prabu Wladhimir nguningani tandang tandukipun Ilya ingkang makatên wau, sakalangkung dukanipun, jumênêng saking papan palênggahanipun saha lajêng dhawuh sora makatên.

He, wong murang sarak, kapriye têka sira kumawani anggêndhak sikara marang dhayoh-dhayoh ingsun. Apa jênêng sira ora kulak wêrta adol pangrungu, yèn dhayoh ingsun iki para têtungguling prajurit ing Ruslan kang wus kacêluk mungguhing kêkêndêlan lan kaprawirane, têka sira wani angarani: gagak, lan anak gagak. Salawase ingsun durung tau ambalèkake dhayoh, jêbul sira mêksa marang ingsun kudu tindak kang mangkono iku. He, para prajurit, apa sira kabèh ora padha rumasa digawe wirang dening prajurit kang nênêka iki. Ingsun ora amarêngake yèn sira arêp anêmpuh nyang wong iki ana ing sajêroning kadhaton kene. Nanging ingsun paring parentah marang sira, wong iki larakên mêtu, supaya aja nganti katon ana ing ngarsaningsun manèh. Badhe kasambêtan.

--- 201 ---

No. 51, taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI : BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

D.N. Sucipto, Malang. Ing sakawit aku iya pancèn saguh, macak karanganmu bab dhukun têlu, nanging barêng dakwaca manèh lan dakrêmbug karo kangmas redacteur, karanganmu iku kok ora ngêrtèkake, ya aja pisan dadi atimu.

Dukarsi, Rêmbang. Bab dongènge Dobrinya kuwi rak dudu bageane Bu Mar, dadi yèn arêp takon apa-apa, bêcike marang redactie.

Buntarta, Sêmarang. Pitakonmu bab sandi asma, murih kandêl lan gêdhe, yèn katulis nganggo tulisan tangan, ngisor aksarane kudu dicorèk.

Suyatmi, Lasêm. Bangêt bungahku lan panrimaku kokirimi tandha katrêsnan rupa gambarmu lan adhi-adhimu.

Sum, Kêbumèn. Karcis lêbaran wis daktampa, bangêt panrimaku.

Wiyasa, lan Rukmini. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Mula bênêr pangandikane ramamu, yèn Rama Petruk wis tau dêdalêm ing Salatiga.

Suprapti, Binangun. Bangêt panrimaku, dene kowe mêrlokake ngirimi layang sarta ngabarake bab kaslamêtanmu lan adhi-adhimu. Sukur bangêt, muga-muga mêngkonoa sabanjure, kowe ajêg pinaringana kuwat lan sabar.

Mulyani, Batam. Potrètmu wis daktampa kanthi bungah sarta karanganmu kanggo Jagading Wanita uga wis dakaturake marang rama Redacteur.

Amin p/a Yunus, Poncol 23, Sêmarang. Aja pisan dadi atimu, karanganmu ora bisa kapacak. Coba gawea manèh sing apik lan cêtha.

Seniek, Magêlang. Bangêt bungahku lan panrimaku kowe mêrlokake ngirimi layang pitêpungan nyang Bu Mar lan arêp milu urun ngisèni T.B.

Sucipta, Pzmalang. Bangêt panrimaku kowe ngirimi layang manèh nyang Bu Mar sarta pangabêktimu uga wis dakaturake nyang rama ibu Petruk. Pangabêktiku aturna nyang rama ibu. Kowe takon srudhut kuwi panganan apa, pancèn ana uga sing durung ngêrti, kuwi rak ondhe-ondhe tela kae.

S. Nar c/o M. Mangundiharjo, Kandhangmacanweg, Ngawi. Yèn kowe kêpengin mêling buku bab dhaharan tela pohung, iya bisa kirim layang nyang Mevrouw Dokter Sutejo. Struiswijkstraat 88. Meester Cornelis. Dene rêgane buku mau mung f 0,10. dadi kowe ya kari ngirimi rêgane buku lan uga karo waragade ngirimake, kowe rak mêsthi ngêrti pira waragade.

T. Mochamad, Dawami, Muntok, Banka. Kula tumut bela prihatos dhatêng ngajalipun ingkang putra ingkang umur 20 wulan. Mugi-mugi Gusti Allah maringana pangapuntên tuwin margi ingkang padhang.

Timan, Surabaya. Karanganmu bab têmbang-têmbang wis kêtampan, bangêt panrimaku, candhake dakarêp-arêp.

Siti Aminah, Ambarawa. Layangmu silahturachmi wis daktampa, ora liya padha nglanggêngake pangapura bae lan muga-muga kowe pinaringan slamêt sabanjure.

Imam Syuhadi Umar, Purbolinggo. Karanganmu wis daktampa, bangêt panrimaku.

Siti Fatimah, Ngayogyakarta. Andadèkake sênêngku kowe mêrlokake ngirimi layang pitêpungan nyang Bu Mar, lan nandhakake kasênênganmu maca T.B. Bu Mar tansah ngarêp-arêp layangmu manèh.

Surtiyah, Gunungwungkal, Tayu. Layangmu silaturachmi wis daktampa, bangêt panrimaku. Cuwa bangêt, dene kowe ora têka dhewe. Wah Sur, aku kok tansah lam-lamên kirimanmu durèn lan rambutan...!!! Aja pisan dadi atimu ya Ti, gambare ora bisa kapacak, rama redacteur ngêndika yèn kurang apik. Wis lumrahe Ti, wong lagi sinau. Yèn kowe maca karangan bab kutha Singapur, rak banjur ngêrti Uncle Sum kuwi lanang apa wedok.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 202 ---

TUKANG KUWIH ING DAMASKUS

(Candhake)

Lairku ana ing Mêsir, dene ramaku, dhèk biyèn jumênêng patih ing kono. Barêng bapak seda, aku lan kangmasku Samsudin, kang kiraku saiki uga isih urip, nggêntèni bapak dadi patih. Ananging ora suwe aku lan kangmasku padha pasulayan, aku nuli lunga tanpa pamit, nganti saiki iki, anduwèni pangkat lan anak kowe, aku wis rumasa bêgja bangêt. Mêngkono uga kowe dakwènèhi buku cathêtan, kang luwih cêtha, bab kaanan lan lêlakonku kabèh.

Sajrone calathu mangkono mau Nuridin karo anjupuk buku cathêtan kang ditulis dhewe sarta ora tau kèri, mêsthi digembeldigembol. ana kanthongan klambi. Buku mau diulungake marang anake lanang sarta calathu mangkene: "Anakku nggèr, yèn kowe pinuju kobêr, buku iki wacanên. Bokmanawa iki pêrlu bangêt tumrape awakmu, ing têmbe buri."

Barudin Hasan nampani pawèwèhe bapakne karo nangis sarta janji manawa arêp disimpên rêmit. Nalika iku Nuridin kalêngêr, nanging ora suwe banjur eling manèh nuli calathu: "O, anakku nggèr, Barudin, rungokna gunêmku, lan eling-elingên sing têmênan, supaya kowe lan wong-wong ing kene padha nêmu sênêng.

Aja sok grubyag-grubyug sênêng-sênêng karo kanca-kancamu. Yèn arêp gunêman, pikirên dhisik sing têmênan, aja sok clêbang-clêbung ngandhakake pêrkara sing ora dadi cocoging atimu.

Aja pisan-pisan minum; awit kadadeane mêsthi ora apik.

Aja sêngit marang sapadha-padha lan aja pisan-pisan mitênah marang sapadhamu.

Yèn ana wong miala marang kowe, tutupên mripatmu lan kupingmu, awit yèn kowe wêruh lan krungu, mêsthi thukul panêmumu arêp malês. Piwalês kang mêngkono iku pasraha marang Allah, awit panjênêngane wis mêsthi pirsa samubarang ala bêcik.

Aja ngudi marang kasugihan. Sing loma mènèhi pitulungan marang wong sing wajib kotulungi."

Sawise calathu mangkono Nuridin nuli mati. Wis mêsthi bae Barudin susah bangêt ditinggal mati bapakne.

Mèh kabèh wong ing Balsora padha milu ngiring pangubure jisime Nuridin sarta padha ngetokake kasusahane, sarta uga padha mêmuji, wêwatakane Nuridin kang bêcik iku bisaa nuruni marang anake lanang, supaya ing têmbe buri nêgarane bisa ajêg têntrêm kaya sing uwis.

Barudin Hasan barêng ditinggal mati ing bapakne, bangêt ing susahe nganti lali marang kuwajibane, yaiku sarampunging pangubure, Barudin Hasan ora ngadhêp sowan mring kêdhaton.

Kang mangkono iku banjur dianggêp nglirwakake marang dhawuhe sang ratu, andadèkake bangêt dukane panjênêngan sang ratu. Para kawula ana kang sêngit marang Nuridin, banjur padha gawe-gawe, ngaturake alaning kalakuane Nuridin, nalika isih urip lan uga madulake Barudin Hasan, kang satêmêne gèsèh karo sanyatane. Sang ratu pitados marang mêmadule para kawula kang sêngit marang Nuridin mau, banjur utusan nimbali kyai patih anyar kang durung suwe diangkat ing sangajale Nuridin. Kyai patih anyar kadhawuhan mênyang omahe Nuridin mbêskup barang darbèke lan marani Barudin, arêp dikunjara.

Kyai patih anyar, kang ora wani mênggak karsane sang ratu kang ora adil mau, enggal-enggal pangkat kadhèrèkake sakèhing kawula ing kêdhaton, mung ngèstokake dhawuh.

Ananging ana salah sawijining bature tukon Barudin, barêng krungu sêdyaning para kawula kêdhaton lan kyai patih mau, nuli enggal-enggaenggal-enggal. ndhisiki lakune, pêrlu ngabari bêndarane. Barudin lagi lungguh thênguk-thênguk ing pêndhapa, ketok lagi nandhang susah.

Batur tukon mau banjur niba ingarêpe Barudin karo calathu: "O, bêndara kula, enggal jêngkara saking ngriki, andhahara atur kula!"

Barudin pitakon: "Ana apa têka kowe ketok wêdi mangkono, ta?"

Batur tukon mangsuli: Sang ratu punika rêngu sangêt dhatêng panjênêngan, sapunika utusan para kawula ing kêdhaton, mbêskup sadaya barang kagungan panjênêngan sarta panjênêngan badhe dipun kunjara."

Barudin gumun bangêt krungu calathun bature kang sêtya mau, sarta gumun bangêt anggone ngangsêg supaya lunga saka panggonane awit para utusane sang ratu wis cêdhak.

Barudin nuli mêncolot saka palungguhane, lunga tanpa ana kang dijujug sarta tanpa anggawa dhuwit lan barang. Kang dipikir mung bisaa oncad saka kutha tanpa kawêruhan sapa-sapa. Kêlakon Barudin uga bisa mêtu saka kutha, banjur enggal-enggal anjujug marang kuburan.

Ing sarèhne wis wayah bêngi lan saka kagète jalaran saka mlaku adoh rêrikatan, awake prasasat wis ora duwe kêkuwatan manèh, mula banjur nêdya lèrèn turu ana ing pasareane bapakne.

Pasarean mau gêdhong apik bangêt, kabèh sarwa marmêr, miturut apa panjaluke Nuridin Ali, nalika isih urip; jaba jêro padha apike, lan sapa wonge kêna mlêbu ing kono. Ana candhake.

--- 203 ---

KAPINTÊRANE JAKSA.

Ana Sudagar duwe sutra pirang-pirang puk. Sudagar mau manggon ing Ngayogya. Sutra pirang-pirang puk mau arêp diêdol ing Sêmarang nunggang kreta, kusire kancane dhewe. Nalika lagi têkan ing Magêlang sudagar mau lara dadakan kang rada bangêt, dadi ora bisa nêrusake lakune. Sudagar mau mung mêling marang kancane (kusire): "Sutra iki gawanên mênyang Sêmarang, ana kana simpênên dhisik, manawa aku wis mari, aku daknusul. Kusir nyaguhi. Sutra mau nuli digawa mênyang Sêmarang. Kusir mau anggone ngêntèni wis lawas bangêt, nganti têlung sasi.

Sarèhne kêsuwèn anggone ngêntèni, sutra mau diêdol dhewe lan dikulakake manèh, mangkono sabanjure, suwe-suwe kusir mau bisa dadi sudagar dhewe.

Kacarita barêng wis lêt limang sasi. Sudagar kang duwe sutra mau lagi mari, têrus nusul mênyang Sêmarang. Satêkane ing kono anjujug ing omahe kusire, banjur anjaluk sutrane kang dititipake marang dhèwèke. Calathune: "Kusir, êndi sutrane, arêp dakêdol."

Sudagar (kusir) mangsuli: "Lo kowe sapa? Têka-têka njaluk sutra, apa aku koarani kusir, aku iki wiwit biyèn dadi sudagar kok!"

Ana ing kono dadi padu nganti rame, si kusir mungkir yèn dhèwèke dititipi sutra.

Kang duwe sutra banjur lapur mênyang nêgara, yèn dhèwèke diapusi kusire. Kusir nuli ditimbali, satêkane nuli didangu:

Jaksa: "Kowe biyèn apa dadi kusir?"

Kusir: "Dèrèng nate dados kusir wiwit rumiyin."

Jaksa: "Kowe apa wis têpung karo wong kuwi?"

Kusir: "Dèrèng."

Jaksa: "Ya wis saiki aku durung bisa ngrampungi, saiki padha mundura, sesuk balia mrene manèh.

Kusir lan sudagar mau padha bali, lagi têkan ingarêp lawang ditimbali manèh: "He kusir balia dhisik."

Wong kang maune dadi kusir lali saplêngan ditimbali muni kusir, banjur bali.

Ing kono jaksa ngêrti yèn wong iku maune dadi kusir. Mulane banjur dirampungi, si kusir diukum, lan dikon ambalèkake sutrane marang si sudagar.

CANGKRIMAN

I. Ora mêtu-mêtu, yèn durung nggawa mas lan salaka.

II. Ora mêtu-mêtu yèn sêdulur 4 durung tumpês dadi siji.

III. Kutha êndi kang ana saantarane têmbung-têmbung iki. "Ki Sêmar anggawa arit." "Disabêta wingi rak uwis!"

IV. Ana manuk jênênge ana 8 aksara. Yèn rong aksara kang buri dhewe kokbuwang, panganggone kewan mau. Dene yèn aksara kang ngarêp lan buri dhewe kokbuwang atêgês aku. Kewan apa iku?

Sum, Kêbumèn.

BOCAH SASÊDULUR.

[Grafik]

Gambar ing dhuwur iki para kêponakane Bu Mar, yaiku Suyatmi ing Lasêm sasêdulur. Ing sarèhne nalika dina lêbaran ora padha bisa têka ing Bêtawi, mula banjur ngirimi potrèt minangka sêsulih têkane lan uga kanggo tandha katrêsnan.

Dêlêngên ta cah, sêdulur kok mrêsêl ngono.

RÊRÊPÈN

I. Pra sadulur yèn sirarsa ngudi / uriping pikir têntrêm nalanya / kulinakna angrêronce / ukara nganggo lagu / kang prasaja nanging kang isi / kêkarêpan utama / karsa kang kadyèku / dudu sêdya angêthoprak / lugu iku sinau nglandhêpkên pikir / têmbe akèh gunanya //

II. Kang mangkono aja ge nuruti / manawa tan rujuk kaanannya / mung agawe pitunane / sinaon sapiturut / iku dudu karêpku yêkti / tinimbang têtêmbangan / nuju kang tan patut / bêcik angripta ukara / ingsun yakin yèn têmbe candhakan pikir / tur kulina ayêman //

D. Karsi.

--- 204 ---

KUTHA SINGAPUR

(Candhake)

Ing ngisor wis ora ana kamar kang suwung manèh, dadi aku diwènèhi kamar ana ing lotèng nomêr êmbuh aku wis lali. Barêng aku nyangking tas arêp munggah "upstairs," diêndhêg dening nyonyah mau. "Bukak kasut dulu lah!" -Aku lingak-linguk, awit sêpatuku mung siji thil, la mêngko yèn ilang gèk kêpriye, mangka ana ing paran, nèk ana ing kuthane dhewe ngono gampang, bisa golèk... silihan! -Nanging barêng aku wêruh sêpatu pirang-pirang pasang ana ngisor meja, aku banjur manut, nyopot "Bata"-ku, takjèjèrake liya-liyane.

Aku iki ana ing ngêndi-êndi doyanku mangan kêsuwur, apa manèh ana ing kapal tansah ngêtokake bae, arang-arang klêbon, dadi ngêlihku kaya wong bar patigêni 40 dina kae, wêtêngku wis ora kêna disêmayani manèh.

Bubar raup, salin dandhangan barang, aku banjur nginthik golèk warung. Tujune ana ing sacêdhake hotèl kono ana "restaurant", banjur taklêboni sanalika, ora nganggo ndêlok-ndêlok dhisik. Kocapa, barêng wis mangan, aku wêruh kaanan ing kono mèh bae mabuk laut manèh, la wong panggonane rêgêd, tur sing olah-olah lan tukange ladèn mung ngliga bae. Satleraman pancèn kaya wong ngliga, ning barêng tak waspadakake jêbul padha nganggo singlêt (kaos) wujude padha karo awake:... irêng klimis. Ajaa ngêlèh bangêt, aku mêsthi ora bisa ngêntèkake sêga sapiring, nanging sarèhning wis kêbanjur mlêbu tur wis takulu pirang-pirang pulukan, dadi ya tak pêksa nêrusake, reka-reka ora wêruh wong sing padha ngliga mau. Ya iki yake sing diarani: "struisvogel politiek."

Sarene wayah jam papat aku wis adus, dandan, mruput arêp ndêlok kutha. Jarene Singapur kuwi akèh bajingane sing gawene ngapusi wong anyar, ananging aku ora wêdi. Dilalah, blusak-blusuk ana ing ngêndi bae aku ora ana sing ngaru-biru. Sakawit jênênge dalan-dalan sing takliwati, takapalake kabèh, nanging suwe-suwe saking akèhe aku kuwalahên, têrus ora takpêrduli manèh. Mêngko mulihe gampang. Wong duwe cangkêm, tur sêkolahku wis taun-taunan, apa iya ora bisa takon-takon.

Wiwit cilik mula pangiraku Singapur kuwi kutha Inggris, nanging anggonku ana ing dharat lagi 1/2 jam bae pangrasaku wis malih.

Ing dalan-dalan sing takliwati prasasat mung bangsa Tionghoa. Mung kadhingkala aku wêruh wong Inggris, Hindu utawa wong Mlayu.

Ing dalan cilik-cilik kêrêp kêbak abang-abang, ijo-ijo, irêng-irêng lan putih-putih.

Wiwitane takarani gêndera pating klebat ing cagak kêna angin. Gagasanku: "Mêsthine dina iki dina gêdhe bangêt, ing êndi-êndi kok kêbak gêndera. Yake iki wiyosane Chang Kai Sek. Nanging kocapa, sawise cêdhak, barêng takdêlêng têmênan, sing pating klebat mau jêbul dudu gêndera, nyatane... klambi, kathok lan... popok, padha dipe. We la, kok ana-ana bae kutha Singapur ki!

Anggonku mlaku ora ana sing takjujug, mung manut sikilku bae, nyambi nolèh ngiwa nêngên nggolèki warung, sabab wêtêngku wis kothong manèh, luwih kothong tinimbang dhompèt yèn wis tanggal 31 kae! Saiki sing tak dêlok wonge ing jêro dhisik, anggêre singlète karo awake padha irênge, aku ora sida mlêbu. Sanajan luwea takbêtah-bêtahake. Barêng wis mèh sêmaput, aku lagi gêlêm mlêbu ing restaurant Tionghoa, ing jêndhela kaca ana tulisane "Cold drinks" (ombèn-ombèn adhêm). Ing jêro kono ngêsir apa wae ana, kajaba - ijs kopyor. Ana candhake.

BAB TÊMBANG

Têmbang-têmbang kaya ta: Kinanthi, Mijil, Sinon,Sinom. Pucung, Dhandhanggula, Pangkur lan liya-liyane iku aran têmbang Macapat. Dene têmbang-têmbang mau kabèh mêsthi nganggo guru lagu lan guru wilangan dhewe-dhewe (beda-beda).

Yèn kowe arêp gawe lagu (têmbang) Kinanthi, guru lagu yaiku pêdhotane sabên sapada komma, mêngkene: 1e u, 2e i, 3e a, 4e i, 5e a, 6e i. Dadi kabèh ana 6 tandha komma.

Sing dakarani: u, i, a lan liya-liyane iku iya kêna sigêg barang aja kliru tampa upama: man, mun, min, mar, tip lan liya-liyane.

Dene guru wilangane (etungane) wanda (kêcap) 8-8, yaiku:

1e u = 8, 2e i = 8, 3e a = 8, 4e i = 8, 5e a = 8, 6e i = 8

Dadi kabèh ana 8 kêcap x 6 (ora kêna yèn gawe têmbang Kinanthi No. 1 tiba i, a, e lan liya-liyane.

Kênane ya kêna, olèhe mlayu nyang êndi? Nanging yèn wong kang wis kulina nêmbang, yèn guru lagune ora olèh, sanajan anggone nêmbang suwarane apik, krungune mênyang kuping mêsthi nggrênjêl (krasa ora kêpenak).

PUCUNG.

Guru lagu lan guru wilangane:

1e u= 12 (kêna dadi 2 komma 4-8), 2e a = 6, 3e i = 8, 4e a = 12.

Cacah, Timan.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1653] ---