Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 90, Rê, Wa: 7 Pasa, Ehe 1868, 10 Nopèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pasareyan ing Girilayu - Tèntunsêtèlêng ing Paris - Konggrès Java-Instituut ing Bali - Bab Siyam - Kawontênan ing Tiongkok - Kawontênan ing Purwakêrta - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

[Grafik]

Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Êmas, putri dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, tuwin para putra-putri, wontên ing Pasareyan Girilayu, pasareyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV tuwin V.

--- 1410 ---

Tèntunsêtèlêng ing Paris

Kados ingkang sampun kacariyosakên ing Kajawèn kêpêngkêr, ing bab tèntunsêtèlêng ing Paris. Mênggah papaning tèntunsêtèlêng punika jêmbaripun kintên-kintên wontên 80 hektarê, manggèn wontên sauruting lèpèn Seine, panjangipun ngantos tigang kilomètêr. Ingkang tumut ngêdali ing ngriku wontên nagari 50. Griya-griyanipun agêng alit ingkang sarwa pèni wontên 250. Nagari Walandi ugi tumut ngêdali. Waragading pandamêlipun gêdhong-gêdhong wau têlas samilyarêd prang.

Tèntunsêtèlêng ing Paris punika kenging didipundipun. wastani tèntunsêtèlêng ingkang ing sadonya agêng piyambak. Jalaran saking agênging tèntunsêtèlêng wau, tumrap ingkang sami badhe mriksani dipun sadhiyani tumpakan ing lèpèn Seine, awarni baita motor, utawi ing dharatan ngangge tram lêstrik.

Dumugining wulan Sèptèmbêr tiyang ingkang ningali wontên 15.000.000. Bibaripun tèntunsêtèlêng punika ing wulan Nopèmbêr.

[Grafik]

Gambar ing nginggil piyambak: satunggiling gapura kangge malêbêt dhatêng tèntunsêtèlêng. Ing ngriku katingal mênara tosan ingkang langkung misuwur nama Eiffel. Ngandhapipun: panggenan baita motor sewan, ing lèpèn Seine. Sisih kiwa: tram listrik ing papan tèntunsêtèlêng.

--- 1411 ---

Konggrès Java-Instituut ing Bali

Sambêtipun Kajawèn nomêr 89

Babagan kalihan prêluning kulawarga wau, ing sabên kulawarga gadhah candhi tuwin pura, ingkang sabên satêngah taun sapisan kawontênakên pahargyan ingkang dipun dhatêngi ing kulawarga sadaya. Pura ingkang kados makatên punika dipun wastani pura Paibon utawi pura Dadya. Kajawi punika taksih wontên tatacara malih ingkang majêngipun anglêmpakakên arta kangge maragati pahargyan warni-warni.

[Iklan]

Tumrap golongan tani ugi gadhah pakêmpalan piyambak, ingkang dipun namakakên Sêkees Subak, pakêmpalan wau akajêng tulung-tinulung tuwin nyambutdamêl gotong-royong dhatêng babagan toya, bêndungan tuwin sanès-sanèsipun. Kajawi punika ugi anggadhahi pang-pang, ingkang wosipun nindakakên karukunan babagan têtanèn. Têtiyang ingkang tumandang ing damêl ngriku namung angsal ingon. Tumrap bôngsa Bali langkung mêmêtri dhatêng wontênipun Dèwi Sri, ingkang katindakakên wontên ing pura Ulunsari.

Pamêdal ing Bali ingkang ngantos sumêbar dhatêng nagari sanès, awarni koprah, babi, rajakaya tuwin kopi. Kajawi punika bôngsa Bali misuwur ing bab kagunanipun ngukir kajêng, êmas, salaka, têmbagi, tosan tuwin sanès-sanèsipun. Makatên ugi sami mumpuni ulah krawitan tuwin jogèd.

--- 1412 ---

Ngantos sapriki bôngsa Bali punika taksih têtêp dèrèng sagêd kalêbêtan daya saking jawi ingkang gêgayutan kalihan agami, mila pasupêkêtanipun taksih katingal.

[Grafik]

Têtingalan ringgit tiyang Bali.

Salajêngipun dipun sambêti wêdhar sabdanipun Anak Agung Ngurah Agung, pangagêng praja ing Gianyar, mêdharakên ing bab panggêsanganipun bôngsa Bali. Ing bab punika pamêdhar sabda mratelakakên ing bab pêperanganing golongan, inggih punika ingkang dipun wastani: kasta.

Bôngsa Bali punika dipun perang dados kawan kasta, inggih punika: brahmana, kasatriya, wesya tuwin sudra. Satunggal-satunggaling kasta wau anggadhahi golongan-golongan malih, upaminipun kasta brahma, punika gadhah golongan nama kêmanuh tuwin kênitèn. Kasatriya gadhah golongan: kasatriya dalêm, punggakan tuwin sanès-sanès malih, makatên ugi sanès-sanèsipun.

Sap-sapaning kasta wau, tiyang sagêd mangrêtos namung mirid saking sêsêbutanipun, kados ta: tumrap brahmana gadhah sêsêbutan: Idha, kasatriya sêbutan Idhewa, ngaka tuwin sanès-sanèsipun malih. Wesya sêbutan: I gusti, tuwin sanès-sanèsipun. Dene tumrap sudra namung sêbutan: I, kemawon.

--- 1413 ---

Ing salajêngipun pamêdhar sabda mratelakakên ing bab cara-caraning manawi nindakakên pahargyan sapanunggilanipun, wiwit lair ngantos dumugining ajal.

Sasampuning ngaso, pangarsaning konggrès, Propesor Husèn Jayadiningrat, ngacarani Dr. Stutterheim mêdhar sabda ing bab Bali Kina. Cêkakaning andharan, dhatêngipun bôngsa Walandi ing pulo wau kala ing taun 1597 ing sasampunipun ngambah tanah Jawi.

[Iklan]

Ing kinanipun, sarisaking nagari Majapait, ingkang jumênêng nata ing Bali sakalangkung binathara, ngungkuli kawontênanipun ing Jawi, amargi ing kala punika karajan Islam ing Mataram dèrèng madêg. Beda kalihan jamanipun Prabu Erlangga, ngantos salajêngipun, pancèn binatharanipun pinanggih wontên ing tanah Jawi. Kaluhuranipun karajan Bali, punika sagêd nitik saking wontêning barang-barang yêyasan.

Barang-barang Bali kina punika kenging kaangge pasaksèn dhatêng suda lumungsuring kaluhuran. Ing kinanipun caking wêwangunan barang Bali kalihan Jawi punika iriban kemawon, nanging dangu-dangu lajêng saya têbih.

Tumrap pasrawunganipun tiyang ing Bali kala ing jaman kina, botên patos katingal, awit ingkang kasêbut ing pèngêtan namung pinanggih tumrantumrap. ing bôngsa luhur. Nanging sarêng dipun udi tuwin urut-urut, kawontênan ing jaman kina dumuginipun sapunika botên sapintêna gèsèhipun. Ingkang makatên punika lajêng ngatingalakên bilih kabudayan Bali punika taksih têtêp, mila wajib dipun rêksa sampun ngantos kêsilêp ingkang wêkasan kecalan lari.

Satamating sêsorah punika dipun sambêt sêsorahipun Dr. Goris, ing bab wontênig candhi-candhi ing Bali, punapadene pura-pura, dipun andharakên langkung panjang gambêlang. Wêdhar sabda punika ngantos dumugi jam gangsal sontên.

Ing dintênipun Rêbo tanggal 20 Oktobêr para tamu darmawisata dhatêng kitha Klungkung, mriksani gêdhong pangadilan, tilas Kraton Klungkung, Pura Bêsakih ingkang misuwur, lajêng dhatêng Karangasêm, mriksani bêksan legong, êndhe. Têtingalan wau sumbangan saking I Gusti Bagus Jêlantik, ing Karangasêm.

--- 1414 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Siyam

Sambêtipun Kajawèn nomêr 89.

Na: wiwit siyam ing dintên Jumuwah ping 5 Nopèmbêr, riyadinipun ing dintên Sêtu ping 4 Dhesèmbêr. Dados namung siyam 29 dintên.

Ca: wiwit siyam ing dintên Kêmis ping 4 Nopèmbêr, lan bakda ing dintên Sêtu ping 4 Dhesèmbêr.

Sampun watawis kawan siyam punika, parentah ing nagari Surakarta, ambudidaya murih tapuking siyam punika, sagêd sarêng, ngantos mawi ngêdalakên wragad ingkang botên sakêdhik, ewadene mêksa dèrèng sagêd kasil brêng sadaya sami mupakat, wangsul namung para abdi dalêm thok ingkang purun miturut karampunganipun nagari, dene tumraping kawula dalêm têtiyang alit taksih pating srênthil. Malah sanadyan abdi dalêm pisan manawi dipun taliti, inggih taksih kathah ingkang anggêga pikajêngipun piyambak sarana lampah dhêdhêmitan.

Ing taun punika tuwuh pakêmpalaning para pangulu satanah Jawi lan Madura, ingkang ringkêsanipun kanamakakên P.P.D.P. sajakipun anggèning badhe angguyubakên prakawis punika wau, katingal kabudi sangêt, cobi sami dipun yêktosi, sagêd sinêmbadan punapa botên.

Wigatosing siyam ing dalêm kaislaman.

Mênggah wigatosipun nindakakên siyam punika, mênggah kajêngipun kaislaman, kenging riningkês prêlu ambangun ing bagas kasarasaning badan jasmani, jujuring tindak lair, luhuring bêbudèn, saha kawaskithaning raos kabatinan (kasunyatan) mênggah jerenganipun makatên:

Ha: Ambangun murih bagas kasarasaning tadanbadan. wadhag. Miturut pitêdahing para tongib Islam, tuwuhing sêsakit punika ingkang kathah saking tabêting têtêdhan, utawi ombèn-ombèn. Mila tiyang kaprayogèkakên, kala-kala ngothongi wêtêng, lajêng dipun isèni têtêdhan ingkang sarwa rêsik, saking sakêdhik, ingkang supados daya (sarining) têtêdhan enggal wau mahanani ing rêsiking êrah, daging, saha balung sungsum. Têmahanipun sagêd santun daya enggal ingkang rêsik. Mila têtiyang nindakakên siyam, buka, lan sauripun, kaangkaha ingkang kikrik, tur dipun kirangi saking adat. Sampun kok lajêng malah ngindhaki tadhahipun. Bêbasan nyaur mawi rèntên, saking anggèning botên nêdha sadintên muput. Yèn tumindak makatên, malah gampil kataman sêsakit.

Na: Ambangun nyaèkakên ing tindakipun lair. Ing salêbêting nglampahi siyam, solah bawa, lan muna-muninipun, dipun budidaya sangêt ingkang sarwa alus, jatmika, sarta mangangge sarwa prasaja. Sampun ngantos ngêdalakên ucap ingkang kasar, (mêmisuh) tuwin tindak maksiyat.

Ca: Ambangun murih luhuring bêbudèn. Gêsanging manungsa ing donya punika, anggadhahi watak (bêbudèn) trimurti. Inggih punika: 1. bêsato [bê...]

--- 1415 ---

[...sato] (kêbo sapi) ingkang pakarêmanipun namung nêdha, tilêm, lan sacumbana. Mila salêbêting siyam sadintên muput, nêbihana ing watak ingkang kados makatên wau, supados sagêd beda kalihan gêsanging sato. 2. Wataking setan (iblis) ingkang pakarêmanipun namung angênggèni ing watak drêngki, srèi, jubriya, kibir, gumêdhe, tukar pabên, ngôngsa-ôngsa, cêguk, tuwin sasaminipun. Mila tiyang nglampahi siyam, sagêda ngunjara (nêlukakên) ing hawa napsunipun, ingkang tansah ngajak ing budi ingkang kirang sae wau sarana lampah riyalat, ngluwèkakên wêtêng = ngirang-irangi têdha. 3. Wataking malaekat, inggih punika tansah mastuti ring dhawuhing Gusti, ènthèng asung pitulung, andhap asor, tuwin sapanunggilanipun. Dados kajênging nglampahi siyam punika, anyranani murih sagêdipun angangge ing watak kamalaekatanipun, nyirik ing watak kakhewanan, tuwin kasetananipun.

[Iklan]

Pangkat-pangkating têtiyang nglampahi siyam.

Awit andharan kasêbut ing nginggil wau, para têtiyang ingkang sami nindakakên siyam punika lajêng kenging kapangkat-pangkat dados tigang sap, kados ing ngandhap punika:

Ha: Siyamipun tiyang ngam (limrah) inggih punika namung saugi tilar nêdha, tilar ngombe, lan tilar sarêsmi, sadintên muput, sampun gadhah panganggêp sampun sah siyamipun. Inggih kados makatên punika wujudipun tiyang siyam ingkang cinôndra dening hadis nabi makatên: pirang-pirang wong kang puwasa, pakolèhe amung ngêlak,lan luwe thok, (tanpa ngundhuh paedah babarpisan).

Badhe kasambêtan,

Ihsanudin, Pacitan.

--- 1416 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Loking ngakathah miturut pawartos, pêrangipun barisan Tiongkok tansah kêsêsêr. Nanging ugi wontên wartos bilih campuhipun ing paprangan inggih taksih rame. Ingkang pinanggih ing pabarisan sisih lèr, wadya Tiongkok ing Pinghan sampun sagêd nyabrang lèpèn Cang tuwin sagêd malêbêt ing Hopèi, sadèrèngipun malêbêt ngriku sampun campuh rumiyin kalihan wadya Jêpan. Salajêngipun wadya Tiongkok têrus nanggulangi wadya Jêpan ingkang golonganipun kantun botên sapintêna. Dados pinanggihipun kala punika wadya Tiongkok sagêd ngundurakên wadya Jêpan ingkang ing ngajêng sampun sagêd ngangsêg dhatêng laladan Tiongkok.

Unduripun wadya Jêpan ing ngriku punika, pinanggihipun lajêng mêdhotakên pabarisanipun ing Suntèhpu, saha pabarisan wau lajêng ambyar botên kantên-kantênan, wontên ing dhusun-dhusun, sami tilar pêpêjah kathah.

Wadya Jêpan ingkang kêsêsêr ing prang lajêng sami tata-tata mulihakên kêkiyatan, botên dangu sagêd wangsul nêmpuh malih, nanging wadya Tiongkok pinanggih saya mapan, ewadene dipun têmpuh purun, saha kêpêksa damêl piyaking baris. Wadya Tiongkok ingkang tinêmpuh ing mêngsah wau lajêng pating slêbar, sami mapan baris wontên ing papan ing parêdèn, ingkang pinanggih langkung mikantuki kangge nanggulangi mêngsah. Salajêngipun sarêng wadya Tiongkok angsal bêbantu, lajêng ngayati nêmpuh malih. Dados pinanggihipun paprangan ing ngriku nama taksih tandhing.

Dene ingkang pinanggih ing sisih kidul inggih taksih rame, nanging manawi mirid kawontênan, wadya Jêpan kenging dipun wastani sampun sagêd ngêbroki ing papan-papan ingkang wigatos, inggih punika wontên sauruting lèpèn Suko. Sarêng wadya Jêpan pinanggih mapan wontên ing ngriku, wadya Tiongkok lajêng ngangsêg nêmpuh, ingkang wêkasan sagêd nyuda kasantosanipun pabarisan Jêpan. Namung pabarisan Jêpan ing Lukiace ingkang dèrèng ebah, amargi langkung santosa tinimbang wadya Tiongkok, mila wadya Tiongkok botên sagêd ngrosani panêmpuhipun.

Ing papan ngriku punika pancèn dados kalangan pêrang ingkang sakalangkung rame, campuhipun gêntos asor gêntos unggul, sadaya sami manggih karisakan. Nanging pêrangipun tansah lajêng tuwin tansah sami andhatêngakên bêbantu, ingkang saya adamêl ramening paprangan.

Jêpan tansah ngudi pados margi sagêdipun saya ngangsêg, sampun botên mawang baya pakèwêd, malah Jêpan gadhah sêdya badhe nêmpuh papan-panan ing pêpasir saking kapal pêrang, inggih punika ing urutipun pasisir Pukin, ing ngriku sampun dipun barisi kapal pêrang 43. Ing bab punika tumrap Tiongkok nyamarakên dhatêng kitha palabuhan ing Puko, Amoi tuwin Sato.

--- 1417 ---

Wara-wara

[Grafik]

Ngaturi uninga, tumrap para lêngganan Kajawèn ambayar rêgining Kajawèn ing wulan Januari 1938 kangge sakwartal, tuwin lêngganan enggal ingkang ambayar makatên, badhe dipun aturi bêbingah gambar Prabu Èrlangga 1 tuwin gambar Prabu Hayam Wuruk 1. Gambar wau agêng mawi cèt sakalangkung sae, kados ingkang kacêtha punika.

Administrasi

Ing salêbêtipun paprangan punika, tumrap nagari ingkang kêtênggêl, panggaotanipun kenging dipun wastani kandhêg babarpisan, dening rintên dalu namung ura-uru, karisakan saênggèn-ênggèn, gêdhong-gêdhong ambalasah rêmuk amor siti. Tumrap ingkang botên kêtênggêl inggih sami giris, botên kobêr ngudi tataning panggêsangan. Nanging dangu-dangu sarêng sampun ragi mapan, parentah manggalih murih lampahing panggaotan sampun ngantos kandhêg, salajêngipun ing laladan Syang Hai kalampahan wontên pabrik 30 sampun sagêd tumindak ing damêl malih. Pabrik-pabrik wau ingkang agêng bangsaning pabrik badhe, sutra tuwin sigarèt, lajêng sagêd suka padamêlan dhatêng tiyang pintên-pintên dasa èwu. Kapitunan ingkang tuwuh saking karisakan griya-griya kintên-kintên 20 yuta yuwan.

Ing sapunika wontên gêgayutanipun Jêpan kalihan Inggris ingkang wontên raosipun botên sakeca, inggih lêrês tumrapipun Jêpan punika mêmêngsahan kalihan Tiongkok, nanging ugi wontên raosipun mêmêngsahan kalihan Inggris, awit Inggris kenging panggrayangan ambiyantu dhatêng Tiongkok, tandhanipun tansah kintun dêdamêl dhatêng Tiongkok. Kajawi punika ugi nyukani sambutan arta 20 yuta yèn, ingkang kadèkèk wontên ing pêkên arta ing Syang Hai, kanthi wawasanipun Inggris.

Sayêktosipun pancèn sampun dangu, Jêpan tansah mawas dhatêng tindakipun Inggris, mila ing bab tindakipun Inggris ingkang makatên punika malah kenging lajêng kangge garan panyêrêgipun Jêpan dhatêng Inggris. Pangangkahipun Jêpan, botên sanès supados Inggris icala dayanipun samôngsa wontên parêpatan ingkang gêgayutan kalihan prakawis ingkang ngengingi paprangan Jêpan kalihan Tiongkok.

Nanging punapa pangangkahipun Jêpan ingkang sèlèhipun angengingi babagan punika, tansah dipun wawas dening nagari sanès, kanthi wêweka sampun ngantos Jêpan gadhah tindak anggutuk lor kêna kidul. Malah ugi anjawil dhatêng Inggris supados tansah nindakakên kaprayitnan.

--- 1418 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Kawontênan ing Purwakêrta

Garèng : Ora, Truk, jarene nalika kowe nyang Kêbumèn, nganggo mampir nyang Purwakêrta barang. Apa iya, Truk, yèn iya, aku tak takon, andak iya jarene Purwakêrta kuwi saikine maju bangêt.

Petruk : Wah, mula iya nyata, Kang Garèng. Nanging iya mèmpêr, ta, yèn Purwakêrta kuwi banjur maju mêngkono, sabab saikine Purwakêrta kuwi dadi kutha karajan, papan padunungane rêsidhèn. Kawuwuhan kabupatèn ing Banyumas disuwak, lan didadèkake siji karo Purwakêrta. Iki atêgês: ing Purwakêrta didalêmi: rêsidhèn, iki muwuhi jiwa sing ora sathithik, Kang Garèng, sabab lumrahe rêsidhèn kuwi akèh... èmbèl-èmbèlane.

Garèng : Wayah, wong kathik le sêmbrana mêngkono, kangjêng rêsidhèn têka diunèkake akèh èmbèl-èmbèlane.

Petruk : Lho, aja kaliru tômpa, Kang Garèng, wis jamak lumrah anggêr bôngsa luhur iya akèh èmbèl-èmbèlane. Apa manèh bangsane kangjêng rêsidhèn, èmbèl-èmbèlane iya mêsthi sasayahiranèki, kaya ta: bangsaning komis, klèrêk, juru tulis, êlêp sêtripêr, opas, lan êmbuh apa manèh, apa iki ora muwuhi cacah jiwa...

Garèng : Iya bênêr, mung bae ambok aja diunèkake: èmbèl-èmbèl, sêtun-sêtun rak iya: pandhèrèk.

Petruk : Salah, Kang Garèng, yèn diunèkake: pêndhèrèk, sing bênêr iya: èmbèl-èmbèl mau. Kaya ta upamane: èmbèl-èmbèling bakul saoto kuwi: angkring, kuwali, mangkok, lan sapadhane, apa iki kabèh kêna diunèkake: pandhèrèke bakul saoto, rak iya ora, ta. Mêngkono uga pangkat-pangkat: komis, klèrêk, juru tulis, êlêp sêkripêr, lan sapiturute, kuwi mula nyata èmbèl-èmbèling pangkat rêsidhèn, dudu pêndhèrèking rêsidhèn. Hla nèk pangkat-pangkat mau jênêng pêndhèrèk, tênèh iya padha andhèrèk, saupama kangjêng rêsidhèn tindak... kamarbolah arêp ngasta brij upamane.

Garèng : Wèh, hla wong sêmbrana, ana kok banjur mrono parane. Dadi karêpmu, sing koarani: èmbèl-èmbèl kuwi mau, kêkanthi, ta. Dadi pangkat-pangkat: komis, klèrêk, lan sapiturute, kuwi kêkanthine pangkat rêsidhèn. Iya wis, aku sing salah panômpa mau.

--- 1419 ---

Petruk : Mulane yèn ana wong omong kuwi, aja guru-guru arêp andhebat, dirasakake dhisik, Kang Garèng, mara, dening anane rêsidhèn kuwi mau, cacah jiwane ing Purwakêrta rak banjur tambah, tur sathekruk. Banjur kawuwuhan, Banyumas didadèkake siji karo Purwakêrta, kathik sing kanggo padalêmane ingkang bupati kuwi dudu Banyumas, nanging Purwakêrta, iki têmtune sathithik-sathithik iya ana èmbèl-èmbèlane manèh, kang uga jênêng muwuhi cacah jiwane ing Purwakêrta manèh. Hla, wuwuhing cacah jiwa kuwi mau, ing sarèhne wong anyar sing pindhah nyang Purwakêrta kuwi pangkate sênenjong godhog, têgêse rupa-rupa, ana juru tulise, klèrêke, komise, bokmanawa malah ana: up kêmise utawa sukêtarise, dadi sing pindhah nyang Purwakêrta mau iya ora mung priyayi Jawa bae, nanging iya priyayi Walônda barang.

[Grafik]

Garèng : Malah kiraku ora mung samono bae, Truk, nèk-nèke iya ana bae sing kayadene kêna ing... jaran guyang, dening rêjane Purwakêrta, banjur padha mèlu kêpencut sarta nuli mèlu-mèlu pindhah nyang Purwakêrta, kaya ta: tuwan-tuwan toko, iya toko bôngsa Eropah apadene toko bôngsa Tionghwa.

Petruk : Pambatangmu kuwi mula iya bênêr bangêt, Kang Garèng, nalikane aku mêlancong-mêlancong mubêng ing kutha Purwakêrta, mula iya akèh omah-omah anyar padha pating jênggunuk, pating prongkal....

Garèng : Wayah, apa iris-irisan gêthuk, kathik diunèkake pating prongkal. Sêtun-sêtun rak iya pating jênggunuk, pating pêthuthuk.

Petruk : Hara, andhebat manèh. Aku rak ngandhakake prakara omah-omah anyar. Nèk omah-omah anyar iki wis gênah dadi, iya mèmpêr, ta, yèn diunèkake: pating jênggunuk, pating pêthuthuk, awit mula wis wujud omah. Balik sing dadi utawa rampung kuwi lagi pêndhêmane, utawa temboke nanging lagi sêparo, apa iya ora luwih mathuk diunèkake: pating prongkal. Mulane ambok aja guru madoni dhisik, yèn pikirane mula durung nyandhak. Wis, wis, rungokna, tak banjurne dêdongenganaku. [dê...]

--- 1420 ---

[...dongenganaku.] Cêkak aos, majune Purwakêrta, sanadyan mung ditongton sacleretan, wis cêtha wela-wela, yaiku katitik saka akèh omah anyar kang wus padha dadi, lan kang isih lagi padha digarap, Kang Garèng. Luwih manèh sêmune mas krisis wis gêmprit, dadi rupane wis akèh dhuwit manèh, mulane iya saya akèh sing padha yasa omah. Malah jarene ing kono arêp diyasani dalêm rêsidhenan sing anjênggarang têmênan, Kang Garèng, ongkose wis disadhiyani sêwidak èwu rupiyah, Kang Garèng.

Garèng : Wadhuh, aku kok iya sênêng ngrungu caritamu nagara arêp yasa dalêm karesidhenan sarana ongkos sawidak èwu rupiyah iki, sabab iki nandhakake nagara wis banyak uwang manah,manèh. nganti ambuwang waragad samono kèhe: ora gigrik, sèh. Môngka nèk dipikir kaya-kaya dalêm asistenan rêsidhèn sing wis ana saiki kiyi, wis: anjênggarang, angganthêng, sêmruwêng, ngêngrêng, sêmangêr, kathik... moblong-moblong.

Petruk : Wayah, le ora mèmpêr, ana omah têka diunèkake: moblong-moblong. Ora, Kang Garèng, mula iya bênêr unimu kuwi, dalêm asistenan rêsidhèn ing Purwakêrta pancèn iya wis brêgas, ngêngrêng, lan sêmangêr, nanging rak tumrape pangkat: asistèn rêsidhèn, pangkat rêsidhèn kuwi luwih dhuwur lan luwih luhur manèh. Nèk banjur dêdalêm ana ing dalêm ngasistenan, kurang mungguhe, kurang sêmangêre, lan kurang wêrite, Kang Garèng. Karo mahèh tumrape wong kang ora wêruh, mêngko rak bisa diarani: padha mawon, iki nyuda kaluhurane pangkat rêsidhèn, Kang Garèng. Kajaba iku, nagara yasa dalêm sing gêdhêm kaya ngono kuwi, rak akèh gunane, ya kuwi: para tukang batu, tukang kayu, kuli-kuli, rak akèh sing padha olèh pangan, kang angundhaki rêjaning kutha, Kang Garèng.

Garèng : Wèh, Truk, nèk tak pikir-pikir nagara kuwi kok bisa kanthi dadakan, agawe rêja utawa agawe sêpining kutha. Kaya ta ing kutha Purwakêrta iki bae, sapa nyana lan sapa ngira, yèn sajêrone sawatara taun bae, bisa samono rame lan raharjane, kosokbaline, mara dêlêngên kaanane kutha-kutha kayadene: Banyumas, Gombong, Karanganyar, Kuthaarja, lan sapadhane, iki kabèh, saka mundure, wong mrono, ora kêna diunèkake: arêp plêsir nyang Kuthaarja, Banyumas, lan sapadhane, nanging arêp... layat.

Petruk : Yah, ambok aja siya-siya ta Kang Garèng. Nanging mula iya nyata, nèk dipandhing karo sawatara taun kang kapungkur, kutha papat mau mula iya beda bangêt karo kaanane ing saiki, saora-orane ing Banyumas, Karanganyar, lan Kuthaarja, kuwi biyène kabupatèn, saikine mung kawêdanan bae, iya wis mêsthi bae yèn mundure bangêt. Mêngkono uga ing Gombong, dhèk biyèn pancèn iya rada rame, saiki dadi sêpi, kuwi sabab militère dijabêl, Kang Garèng.

--- 1421 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Kalawarti enggal. Ing Surabaya wontên kalawarti enggal nama Pênting ingkang sêdyanipun madêg piyambak, botên gêgayutan kalihan golongan punapa kemawon. Ingkang ngêmudhèni Tuwan W. Wondoamiseno. Isinipun babagan kawigatosanipun rakyat ing tanah ngriki, adhêdhasar Islam.

Sêsakit damêl tiwas ingkang agêng piyambak. Miturut katrangan, wontênipun sêsakit ing tanah ngriki ingkang damêl tiwas kathah piyambak, punika ingkang jalaran saking sakit T.B.C. petangipun wontên 135 pct, malaria wontên 5 pct, typhus 4 pct, ambêbucal rah-umbêl 3 pct. Dados ingkang agêng piyambak bêbayanipun punika T.B.C.

Arta ical ing Handelsbank Surabaya. Ing Handelsbank Surabaya mêntas kasumêrêpan wontên arta f 480.- dipun wadhahi ing amplop ical botên kantênan, arta wau dipun rimat dening hulpkassier tuwan Tan Sing Giauw, badhe kangge ambalanja punggawa ing ngriku. Kajawi punika wontên malih arta kathahipun f 10.010,88 ingkang dipun pasrahakên dhatêng kassier Tuwan-tuwan Lie Khing Tjo, Phoa Thian Sik tuwin Lo Liep Tjie ugi ical botên kantênan. Bab punika lajêng dados papriksan pulisi.

Kongsi kapal Nederland tuwin Rott. Lloyd. Jalaran saking kathahing momotan kopra tuwin sanès-sanèsipun ingkang kakintunakên dhatêng Eropa, mangka kêkirangan kapal, Kongsi Nederland tuwin Rott. Lloyd kêpêksa nyewa kapal Tjikandi, gadhahanipun J.C.J.L.

Tablèt kininê palsu. Pangagênging Pakaryan Kasarasan ing Bêtawi martosakên bilih kathah tiyang ing tanah ngriki nyade tablèt kininê palsu, ingkang botên wontên gunanipun punapa-punapa. Malah tumrap têtiyang ingkang nêdha jampi wau sagêd ambêbayani. Ingkang punika supados tiyang ngatos-atos, sampun ngantos tumbas jampi tablèt kininê sakenging-kengingipun. Miturut wartos, sampun wontên tiyang pintên-pintên ingkang nêmahi tiwas jalaran saking nêdha jampi kados makatên wau, inggih punika ing Kotaraja, Borneo, Jawi-Têngah tuwin laladan Padang. Dene jalaranipun kasumêrêpan bab wau, wontên tiyang siti ing Pathi kintun sêrat dhatêng pabrik kina ing Bandhung, nyariyosakên bilih anggènipun ngangge tablet kininê botên wontên dayanipun punapa-punapa. Sarêng bab punika dipun titipriksa, lajêng kasumêrêpan bilih wontên tablèt palsu ingkang sumêbar.

Barang tahanan ingkang agêng. Sampun sawatawis dangu ing Surakarta wontên salingkuhan barang-barang agêng. Ing salajêngipun barang wau gumantung ing pulisi, sawêg kapriksa prakawisipun. Dumuginipun sapunika, barang-barang ingkang kagantung ing pulisi wau ngantos rêrêgèn f 90.000.-. Barang wau wontên ingkang awarni dhuwung rêgi f 4000.-.

Gilingan pantun tiyang siti. Wontên wartos, O.L. Mij. Bumiputera sampun ngrampungi rêmbag badhe ngêdêgakên panggilingan pantun wontên laladan Banyumas, kanthi pawitan saking O.L. Mij. wau. Ing sadèrèngipun wontên ingkang katêtêpakên dados directeur, ingkang kasampiran padamêlan punika Tuwan Dwidjosewojo.

Dynamit ical. Sampun sawatawis dintên, kapal Tanimbar, gadhahanipun S.M. Nederland ambêkta dynamit gadhahanipun B.P.M. sapêthi, ingkang badhe kabêkta dhatêng Banjarmasin, ical. Ing kala punika dynamit wau dipun pindhah saking kapal Blinjoe, wusana lajêng ical tanpa lari. Salajêngipun bab punika lajêng dipun lapurakên dhatêng ingkang wajib.

[Iklan]

Pamêdal nagari. Ing wulan Sèptèmbêr taun punika pamêdal nagari wontên f 45.300.000.-. Kala wulan makatên ing taun kêpêngkêr namung wontên f 34.200.000.-. Dene gunggunging asil nagari salêbêtipun 9 wulan taun punika wontên f 376.600.000.-. Pêpetangan makatên ing taun kêpêngkêr wontên f 289.900.000.-. Indhaking pamêdal samantên punika saking kawêwahan lêbêting pajêg f 56.300.000.-. Kajawi punika inggih taksih wontên pamêdal sanès-sanèsipun malih.

R.R. Bandung badhe mranata babagan balanja. Regentschapsraad Bandung badhe ngawontênakên usul tatananing balanja. Tumrap punggawa ingkang asli wêdalan Mulo utawi ingkang dipun samèkakên, kenging kaangkat dados 1e Klerk. Tumrap commies ingkang wêdalan H.B.S. 5 taun utawi A.M.S. sagêd dados 1e commies. Golongan kalih punika sasampunipun nglampahi mindhak balanjanipun kalih rambahan ing salêbêtipun kalih taun, sagêd minggah pangkatipun.

Mêndêm gadhung. Ing satunggiling kampung ing Tulungagung, wontên tiyang gadhah pêrlu nyambat ngêdêgakên griya, têtiyang ingkang dipun sambat wontên 15. sarêng têtiyang wau sabibar nêdha sami mêndêm, ingkang dipun wastani mêndêm gadhung. Wontên tiyang 8 ingkang lajêng kêbêkta dhatêng griya sakit. Mênggah jalaranipun, têtiyang ingkang sami dipun sambat, nalika nêdha sami dipun sukani nêdha lawuhipun brêgêdèl kênthang dipun mori gadhung, jalaran saking kêlèntu.

Baita pulisi sampun kakintunakên dhatêng panggenanipun. Ing ngajêng sampun kawartosakên ing bab baita pulisi nama Bantam sampun kacobi. Ing sapunika baita wau sampun kakintunakên dhatêng panggenanipun. Baita pulisi kados makatên wau sapunika sampun ambabar kalih, satunggalipun nama Seroei. Baita wau satunggal kapapanakên ing Japên, Geelvinkbaal, satunggilipun wontên ing Hollandia, sami pasisiripun Nieuw-Guinea sisih lèr.

--- 1422 ---

Pabrik gêndhis ing Ngayogya ingkang giling. Ing taun punika pabrik gêndhis ing Bantul, ingkang misuwur sae, badhe katutup, dene tumrap pabrik Cebongan sagêd ugi badhe nanêm rosan tuwin giling malih. Tumrap pabrik Dêmak Ijo tuwin Rewulu ugi badhe katutup. Dene ing bab aandel-aandel badhe kagamblokakên dhatêng pabrik sanès.

Damêl balapêcah cangkir piring. Awit saking rêrigênipun Departement van Economische Zaken, sampun dangu nindakakên gêsanging padagangan bangsaning cangkir piring, ingkang sampun tumindak wontên ing Trênggalèk. Barang-barang wau kapetang sampun sae, saha sampun sumêbar. Ing sapunika ing Banjarnêgara ugi dipun wontênakên pamulangan babagan makatên, minangka cobèn-cobèn. Salajêngipun pabrik alit-alit bangsaning damêl barang punika ugi badhe dipun dêgakên ing Berjo, sacêlakipun Ngayogya, Klathèn, Krawang, Plèrèt, Depok tuwin ing Minangkabau. Barang-barang wau kaangkah sagêda sampun kasade wontên ing taun 1938, tuwin sagêda ngirangi dhatênging barang-barang saking sajawining praja.

Pangajêng kitha Surabaya. Ing ngajêng kawrat ing kêkancingan tanggal 11 Mèi 1935, kitha Grêsik kangge cobèn-cobèn kadadosakên pangajênging kitha laladan kabupatèn Surabaya. Ing sapunika wontên dhawuh kêkancingan wau sampun dipun suwak.

Ngindhaki epahan kuli. Ing ngaêng nate kawartosakên, parentah tansah ngudi murih epahaning kuli ing kabudidayan dipun indhaki. Ing bab punika ing sapunika sampun kalampahan, wiwit tanggal 1 wulan punika, kabudidayan-kabudidayan gêndhis sampun sami ngindhaki epahan. Tumrap kuli ingkang botên wêdalan sêkolahan, ingkang rumiyin balanja 20 sèn sadintên, sapunika mindhak dados 25 sèn. Tukang-tukang ingkang balanja 50 sèn, angsal indhakan 5 sèn, dene tumrap tukang ingkang angsal epahan 50 dumugi f 1.- angsal indhakan 10 sèn.

Damêl plaat garamofoon ing tanah Mêlayu. Dr. Karl Halusa, conservator babagan musicologie ing Bataviaansch Genootschap ingkang gêgayutan kagunan tuwin kawruh, sampun kêlampahan damêl plaat gramofoon wontên ing Rampah, satunggiling kampung ing antawising Tarutung tuwin Sibolga. Wontênipun ingriku nglêmpakakên para ahli têtabuhan, punapadene têtiyang jalêr èstri ingkang sami nêmbang pêrlu badhe kapêndhêt gêndhingipun. Ingriku mêndhêt lêlagon sêmbahyang, lagu panglipur, lagu têtiyang kêsripahan, lagu tiyang prihatos dipun tilar ing guru laki tuwin lagu sanès-sanèsipun.

Barang wêdalan tanah ngriki botên malêbêt dhatêng Jêpan. Ing wêkdal punika barang-barang wêdalan saking tanah ngriki ingkang malêbêt dhatêng Jêpan saya suda, dene jalaranipun saking Jêpan botên purun tumbas. Kajawi tanah ngriki, tumrap nagari sanès-sanèsipun ugi pinanggih makatên.

Kadhêndha babagan loonbelasting. Tuwan W. sudagar bathik ing Singosarèn, Surakarta, katêtêpakên ambayar loonbelasting dalah dhêndhanipun gunggung f 2748.30, amargi nalika dipun titipriksa dening punggawa loonbelasting, pinanggih wontên pambayaran ing taun 1936 dumugi wulan Sèptèmbêr 1937 botên salêrêsipun.

Kursus têmbang. Ing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr tuwin Oktobêr kêpêngkêr, ing Kusumayudan kawontênakên pandadaran bab têmbang. Têmbang ingkang sampun kawulangakên wontên 178 warni. Murid ingkang lulus wontên 12. Benjing wulan Sawal sawêg miwiti malih.

Jakat dalêm nata ing Surakarta. Kados ingkang sampun tumindak adat sabên, nata ing Surakarta sampun aparing jakat awarni bokor kêncana, ingkang lajêng kapundhut wangsul dipun lintoni arta f 2000.-. Bokor wau kabêkta ing abdi dalêm anggandhèk kaparingakên dhatêng panguludalêm.

Ratu adil ing Amuntai. Ing ngajêng sampun nate kawartosakên ing bab wontêning orêg-orêgan ing Amuntai. Ing bab punika parentah sampun miji Tuwan Gobee adviseur Inlandsche Zaken nitipriksa dhatêng kawontênanipun panggenan wau. Pinanggih ing papriksan, babagan wau botên nyamari. Adêging ura-uru wau namung kadosdene caraning ratu adil, botên niyat badhe ngayoni dhatêng parentah, saha tumularipun namung wontên ing panggenan ngriku kemawon. Pangajêngipun nama Amid, satunggiling tiyang ingkang botên pangajaran, botên gadhah sêdya ngapusi utawi kangge pados arta.

Kaundur. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, M. Woelangsoepeno, asistèn wêdana paresidenan Bojonêgoro, kakèndêlan, jalaran saking botên lêrês anggèning nindakakên wajib. Kèndêlipun wau ngêntosi katrangan, kanthi urmat punapa botên.

Pakêmpalan ingkang kasamarakên. Wêdana ing Arjawinangun tuwin commissaris politie sawatawis mêntas gledhah dhatêng dhusun Suramênggala, jalaran wontên wartos bilih ingriku wontên pakêmpalan nama Burung Garuda, ingkang sêdyanipun badhe tumindhak kadurjanan. Panggledhahipun wau angsal damêl, manggihakên barang-barang ingkang kenging kangge bukti.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, Anoewar, tijd. wd. Aib. ingkang kabantokakên dhatêng wêdana Cilacap, kabupatèn tuwin paresidhenan Banyumas, R. Soetedjo Nario Adiredjo, tijd. wd. Aib. Ingkang kabantokakên dhatêng wêdana Batang, kabupatèn tuwin paresidhenan Pêkalongan, Mandjoni, tijd. wd. Aib. ingkang kabantokakên dhatêng wêdana ing Wiradesa, kabupatèn tuwin paresidhenan Pêkalongan, Darnawi, tijd. wd. Aib, ingkang kabantokakên dhatêng patih ing Rêmbang ingkang ngrangkêp wêdana Waru, kabupatèn Rêmbang, paresidhenan Japara-Rêmbang, Ngajadi, tijd. wd. Aib. ingkang kabantokakên dhatêng wêdana ing Sidarêja, kabupatèn Cilacap, paresidhenan Banyumas, tuwin M. Moestadjab, tijd. wd. Aib. ingkang kabantokakên dhatêng wêdana Wêlèri, kabupatèn Kêndhal, paresidhenan Sêmarang, sami kaangkat nindakakên padamêlan mantri pulisi ing paresidhenan Sêmarang.

NAGARI WALANDI

Prins Bernhard paring dêrma. Kawartosakên, Prins Bernhard aparing dêrma kathah dhatêng fonds pambela praja tumrap panêmpuh saking gêgana; gêgayutan kalihan wontêning dêrma wau anjalari kathah para neneman Walandi ingkang sami sinau dados juru anggêgana partikêlir.

EROPA

Supêkêtan tigang nagari. Miturut wartos, ing bab prajanjian botên nayogyani dhatêng wontênipun golongan communist, sampun dipun sayogyani dening Italie, Jêrman tuwin Jêpan, saha sampun dipun tandhatangani wontên ing Rome.

Bêna agêng. Dèrèng dangu ing Damaskus laladan iring wetan wontên bêna sakalangkung agêng, kintên-kintên wontên tiyang 50.000 sami kecalan balegriya. Griya-griya sauruting margi antawising Damaskus kalihan Aleppo têlas katrajang toya. Ing Detrastiye wontên tiyang 500 ical, kitha Mouddamiye sirna. Ingriku wontên tiyang kirang langkung 200 pêjah kêblabak. Parentah lajêng tumindak têtulung sapêrlunipun.

ASIA

Kawontênan ing Palestina taksih ruwêt. Gêgayutanipun golongan Arab kalihan Yahudi, dumugi sapunika dèrèng pinanggih rukun. Ing ngrika-ngriki taksih pinanggih pasulayan rame, kathah ingkang nêmahi tiwas. Miturut wartos Moefti Agoeng ing Baital Mukadis, ing sapunika sampun botên wontên ing Syria, sampun wontên ing Lybanon. Parentah ingriku suka palilah kenging manggèn ing satêpining sêgantên.

--- 1423 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya.

24

2. Griya padununganipun Solowe.

Pambêngan kalih warni ingkang anjalari pêjahing margi ingkang anjog dhatêng Kiyèf, ing samangke sampun sagêd kasingkirakên dening Ilya. Salajêngipun, Ilya nêdya ambengkas pambêngan ingkang ôngka tiga, inggih punika ingkang awujud: griya padununganipun Solowe. Mênggah griya punika dipun êdêgakên wontên ing sanginggilipun wit kawak agêng cacahipun pitu. Panjanging griya punika kirang langkung kawan pal, ngantos tiyang ingkang ngadêg wontên ing pojok satunggalipun, botên sagêd sumêrêp pungkasaning pojok sanèsipun. Mênggah kawontênanipun griya padununganipun Solowe wau, sadaya sarwa santosa lan kiyat, kathah mênaranipun ingkang payonipun sami lancip-lancip, sadaya kajêng mawi kaukir-ukir. Lumêbêtipun ing griya ngriku mawi undhak-undhakan inggil mawi cêpêngan ingkang rinêngga-rêngga ing saka, ingkang nginggilipun katancêban sirahing tiyang, inggih punika sirahing satriya utawi prajurit ingkang pinêjahan dening Solowe. Awit sampun dados pakulinanipun Solowe, mêngsah ingkang kawon juritipun, lajêng katigas sirahipun ingkang lajêng kangge rêrêngganing griyanipun. Miturut cacahing sirah tiyang ingkang katancêb-tancêbakên ing saka, Ilya sagêd sumêrêp, bilih sadèrèngipun Ilya dhatêng ing ngriku, sampun kathah para satriya tuwin prajurit ingkang sami nglurug mriku, nêdya angluwari praja Ruslan saking begal sêkti wau, nanging botên wontên satunggal-satunggala ingkang sagêd ananggulangi mênggahing kadibyanipun Solowe wau, sadaya sami dhawah ing tiwas. Sarêng Ilya anyumêrêpi kathahing cumplung tiyang ingkang katancêb-tancêbakên ing saka wau, sanalika punika ing manahipun tuwuh raos ingkang salaminipun dèrèng nate angraosakên, inggih punika raos sêngit lan nêpsu sangêt dhatêng rêrêgêding donya, ingkang sampun adamêl pêjahipun para neneman ingkang samantên kathahipun wau, tuwin botên pisan-pisan anggadhahi wêlas utawi angajèni dhatêng mêngsah ingkang sampun dhawah ing tiwas, inggih jalaran saking anggènipun anancêb-nancêbakên sirahing mêngsah ingkang sampun kawon wau, kadosdene badhe ngerang-erang dhatêng sawênèhing tiyang ingkang nêdya ananggulangi dhatêng piyambakipun. Langkung malih ingkang adamêl nêpsunipun Ilya, jalaran pandamêlipun ingkang makatên wau, prasaksat Solowe wau anganggêp sirahing tiyang botên beda kalihan têtêdhan pêksi kemawon. Sakala punika Ilya anggadhahi kêpengin nigas gulunipun Solowe, nanging kêpenginipun ingkang makatên wau dipun pênggak. Awit mênggahing gagasanipun, kados langkung sae Solowe kabêkta dhatêng Kiyèf, kasowanakên dhatêng Prabu Wladhimir. Lan mênggahing paukumanipun tiyang ingkang samantên dosanipun wau kasumanggakakên kemawon dhatêng sang nata ing Ruslan.

Dene ingkang manggèn wontên ing griya ngriku, semahipun Solowe, satunggiling wanita ingkang endah ing warni nama: Akulinah, kalihan anakipun èstri tiga, nama: Newiyah, Nènilah tuwin Pèlkah. Kajawi punika ingkang tumut dêdunung wontên ing ngriku anakipun jalêr cacahipun nêm. Ing kala punika anakipun èstri tiga pisan sami lêlinggihan wontên ing kamar ing manara, kalihan anêningali mêdal jandhela dhatêng ing jawi, nginguk-inguki wangsuling bapakipun, manawi ambêkta barang jarahan, dumadakan lare èstri têtiga wau sumêrêp Ilya, sanalika punika lajêng cêluk-cêluk dhatêng ibunipun makatên:

Ibu, môngga kula aturi tumuntên tindak mriki, kapriksanana ingkang cêtha: saking katêbihan punika kados rama Solowe nitih kapal rawuh mriki. Lan ing sônggawêdhinipun anyèrèt tiyang ingkang dipun sungsang.

Ibunipun enggal-enggal nyêlak mriku, anganglungakên sirahipun wontên ing jandhela, sarta aningali ing margi anyawang dhatêng tiyang numpak kapal ingkang sawêg dhatêng punika. Sarêng sumêrêp wujuding tiyang ingkang numpak kapal, sanalika lajêng anjêlih sasoranipun. Luhipun tumarocos ing pipi, lan aru-ara cariyos dhatêng anakipun makatên:

O, anak-anakku, têka bodho têmên kowe kuwi. Kang têka nunggang jaran kae, uwong mônca kang anyèrèt bapakmu minôngka dadi tawanane. Iya bapakmu sing disungsang gandhul-gandhul ana ing sônggawêdhi kae, mulane lawang wêsi kae enggal-enggal tumuli bukakên, palange wêsi tibakna ing êndhase wong kae sing nganti pêcah, lan luwarana bapakmu.

Lare èstri têtiga wau enggal-enggal lumajêng nêdya mituruti punapa pakèning ibunipun, dene ingkang lumampah wontên ing ngajêng: Pèlkah. Inggih Pèlkah punika ingkang ambikak kori, nyandhak palang, ingkang badhe kadhawahakên ing sirahipun Ilya. Nanging Ilya tansah prayitna, saha inggih lajêng sumêrêp mênggah ingkang dados sêdyanipun lare èstri wau. Amila lising kapal lajêng kasêngkrèk, kapal mancolot mundur, ingkang anjalari panggêbagipun Pèlkah lêpat lan palangipun ucul saking tanganipun saha dhawah ing siti. Salajêngipun Pèlkah nuntên kajorogakên ingkang lajêng dhawah krengkangan. Ing samangke sadhèrèkipun èstri ingkang kalih enggal-enggal badhe ngrubut dhatêng Ilya, nanging sarana suwara ingkang sora, Solowe egal-enggal ngemutakên dhatêng anak-anakipun, makatên:

--- 1424 ---

He, anak-anakku wadon kowe têtêlune têka bodho têmên. Kêpriye anggonmu bisa arêp matèni satriya iki mung sarana pala wêsi bae, lagine tak gêrêngi, tak kêrik bae, ora tumama. Bêcik kêtêmua ibumu, lan kôndhaa, supaya ngaturana apa-apa nyang satriya kiyi. Kajaba iku supaya ibumu nêbus aku saka tawanan iki, murih aku aja nganti olèh paukuman kang ora wurung mêsthi abot bangêt.

Semahipun Solowe sarêng mirêng parentahing lakinipun ingkang makatên punika, enggal-enggal piyambakipun lajêng lumêbêt ing papan patilêmanipun anak-anakipun jalêr ingkang kala punika sawêg sami tilêm. Anak-anakipun wau lajêng sami dipun gugah, saha dipun cariyosi makatên:

He, anak-anakku lanang, enggal-enggal padha tangia. Wêruha yèn saiki ana bêbênduning Pangeran kang gêdhe bangêt, yaiku: bapakmu saiki ditawan dening sawijining wong tani, ditlikung lan digandhulake ana sônggawêdhining jaran tunggangane. Yèn bapakmu ora enggal-enggal ditêbus, ora wurung bapakmu mêsthi dipatèni dening wong kae, lan sabanjure kowe kabèh mêsthi padha tanpa bapa. Jalaran saka iku, kunci êmas iki tampanana, sarta bukakên gudhang panyimpênan rajabrana kae, lan anjupuka mas picis donya brana sakuwatmu, kang tumuli gawanên ana ing ngarêpku.

Nanging anak-anakipun jalêr wau botên purun mituruti punapa parentahing biyungipun. Lare nêm punika sanalika ngriku lajêng sami malih dados pêksi gagak acucuk waja, sami mabur mêdal ing jêndhela, nuju dhatêng ing papanipun Ilya, pêksi nêm wau botên dangu lajêng anêmpuh dhatêng Ilya, sêdyanipun sarana cucukipun waja badhe nothol mripating satriya ingkang nawan bapakipun wau, nanging sakala punika Ilya nyandhak cêmêthinipun sutra saha kagêbagakên dhatêng pêksi gagak nêm ingkang sami nêmpuh ing piyambakipun. Dhawahing cêmêthi angèngini suwiwining pêksi nêm pisan, ngantos sami putung sadaya, wusananipun pêksi sadaya wau lajêng sami dhawah ing siti botên èngêt ing purwa duksinanipun.

Sarêng ibunipun sumêrêp kawontênanipun anak-anakipun jalêr makatên wau, sarana ngajak anakipun èstri kalih, piyambakipun enggal-enggal lajêng lumajêng dhatêng ing gudhang papan panyimpênipun rajabrana, saha lajêng wangsul ing sangajêngipun Ilya kanthi ambêkta kanthongan pintên-pintên ingkang isi mas picis donya brana, salajêngipun nuntên sumungkêm wontên ing sangajêngipun Ilya, ngambung sukunipun, sarta sarana ngrintih suwaranipun awicantên dhatêng Ilya makatên:

Dhuh, satriya, mugi krêsaa paring wêlas dhatêng kula sadaya. Môngga kula aturi nampèni sakathahing mas picis donya brana, anggèning kêklêmpak semah kula laminipun tigang dasa taun. Nanging panuwun kula, mugi krêsaa ngluwari semah kula punika, sampun ngantos semah kula kakabêktakêbêkta. dhatêng Kiyèf, awit wontên ing ngrika botên sande piyambakipun têmtu lajêng dipun kisas. Manawi panjênêngan galih rajabrana punika kirang kathah, panjênêngan mundhuta malih. Panjênêngan kenging dêdalêm wontên ing ngriki sarta anguwaosi sadaya isinipun ngriki sadaya punika, kula sadaya narimah dados abdi panjênêngan. Namung Solowe mugi enggal kaluwarana.

Nanging Ilya sêmunipun botên gigrig dhatêng panangisipun Akulinah, semahipun Solowe wau, sarta lajêng amangsuli makatên:

Mas picis donyabrana kang kowènèhake aku iki, aku êmoh nômpa, awit barang kabèh iki olèhe saka anggone ambegal lan mêmatèni. Aku ora bakal wêlas marang kowe, anak-anakmu, apadene bojomu Si Solowe, awit uga Solowe dhewe ora tau wêlas marang sakèhing priya kang padha dipatèni, kang anjalari akèhing rôndha apa dene bocah lola. Anggone Solowe anduwèni ambêg siya, mêmatèni wong kang ora dosa, kuwi lawase wis ana têlung puluh taun. Wusanane banjur jubriya, ngira yèn lakune kang ala mau ora bakal nômpa ukumane. Solowe saikine arêp tak gawa nyang Kiyèf, tak aturake marang Sang Prabu Wladhimir. Pancène kowe kabèh iki, wajibe kudu diukum pati, awit uripmu kuwi salawase saka olèh-olèhane anggone ambegal mêmatèni. Malah mau bae, kowe kabèh wis nyoba arêp matèni aku, nanging kowe kabèh arêp tak ngapura, sarta tak lilani dêdunung têrus ana ing kene. Yèn kowe duwe sêdya nêbus dosamu, mas picis donya brana saka colongan iki, momotên ana ing grobag, sarta banjur aturna nyang Sang Prabu Wladhimir. Nanging aku mêsthèkake yèn kowe ora bakal gêlêm anglakoni, sabab dhêmênmu nyang kadonyan kaliwat saka mêsthi.

Badhe kasambêtan.

Sêrat-sêrat (buku-buku) ingkang katampi dening Bale Pustaka

1. Kawruh Umur Panjang

Zak-formaat, kandêlipun 9 kaca, aksara Jawi rêgi f 0.25, ingkang sade Boekhandel Diwarna, Kota Gêdhe Ngayogyakarta, mratelakakên dintên utawi jaman ingkang prayogi kangge andhawahakên wiji, angsaripun, umuring turunipun sagêd panjang.

2. Jawi Kina dening Sindu Pranata

Bale Pustaka mêntas tampi sêrat kasêbut nginggil formaat 8° kandêlipun 26 kaca, aksara Latin rêgi f 0.25, kaêcap ing Drukkerij H.G. Molia Bojanagara.

Mênggah isinipun, nêgêsi nama-namanipun ringgit, kaulur-ulur kacocogakên kalihan wêwatakanipun, utawi kalihan sêsipatanipun, ngantos cocog, dados nama kêplok kalihan pratelaning isi ingkang kapacak ing samak ngajêng, ingkang mungêl: isi larasan: Gathutkaca, Pandhawa, Ajisaka.

--- 173 ---

Nomêr 44, taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru priksa: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Dèwi Kunthi

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 88

Sang dèwi botên kêndhat anggèning anggulawênthah saha pamardining putra dhatêng kaluhuraning budi. Manawi sakintên sariranipun botên kaconggah, ingkang putra kapuruhitakakên para sagêd, langkung malih dhatêng ingkang eyang piyambak dhatêng pratapan Wukir Rêtawu, Sang Bagawan Abyasa, raja pandhita ingkang mumpuni guna pangawikan, mungkul ing kautamèn.

[Grafik]

Nyi Darmaprawira

Ing salaminipun praja Ngastina kaasta Maha Prabu Dhêstharata dumugi Prabu Suyudana, para Pandhawa wiwit lare dumugi adiwasa dèrèng ngraosakên sakeca, tansah nandhang papa cintraka awit saking pakartining Korawa, ingkang murih sirnanipun Pandhawa. Nanging saking luhuring budi saha santosaning panggalih, sandi upayaning mêngsah punika botên miyatani, nanging malah manjing dhatêng tapa bratanipun, satêmah kinasihan para jawata.

Awit saking kawicaksananipun Sang Dèwi Kunthi, ingkang putra kacêlakakên dhatêng ingkang putra kapenakan, inggih punika Sri Narendra Krêsna, nata sêsotyaning bawana, botên dhatêng Sri Baladewa ingkang raka Sri Krêsna, jalaran Sri Baladewa punika sarêng kacêlak kalihan Sri Suyudana panggalihanipun lajêng miyar-miyur, beda kalihan kalanipun taksih mudha anama Radèn Kakrasana, mulus bêbudènipun. Dados sok makatêna, panggulawênthah saha pamardi dhatêng putra punika botên cêkap namung sarana kawêlêg ing piwulang kemawon, nanging kêdah angulat-ulatakên saha mrênahakên anggèning sêsrawungan, kadosdene ungêl-ungêlan: ala bêciking kalakuan iku mawa-mawa pakumpulane.

Dèwi Kunthi punika kacariyos prasasat botên nate pisah kalihan para putra, panganggêp saha pamomongipun dhatêng Arya Nangkula saha Arya Sadewa sanadyan putraning maru, botên beda kalihan dhatêng [dha...]

--- 174 ---

[...têng] putranipun piyambak. Makatên ugi para putra, sangêt anggènipun ajrih asih, kapundhi-pundhi kadosdene jimat. Malah manawi kêkesahan botên nate kasupèn nyuwun pamit saha nyuwun pangèstu dhatêng ingkang ibu, tarkadhang kabêkta kalêbêtakên dhatêng kancing gêlung.

Para putraning Kunthi punika salaminipun botên nate pasulayan, atut-runtut sabaya pati, bêbasan: êndhog sapatarangan pêcah siji pêcah kabèh. Ingkang sêpuh sumêrêp ing sêpuhipun, ingkang ênèm sumêrêp ênèmipun.

Badhe kasambêtan

Nyi Darmaprawira. Kêpanjèn - Malang

Bab Olah-olah

Jangan Lodhoh

Kêlan lodhoh punika bakuning bumbunipun namung warni saprangkat, nanging sagêd kangge tigang warni, inggih punika:

1. Lodhoh kluwih, jêjangananipun: kluwih, kacang gleyor (kacang panjang), godhong êso, kulit malinjo, sami kairis alit-alit.

2. Lodhoh terong, jangananipun: terong, boncis, êso.

3. Lodhoh kobis, jangananipun: kênthang, kobis, wortêl.

Lodhoh tigang warni punika bumbunipun: lombok abrit karajang, brambang, bawang, salam laos, tempe wayu, gêndhis jawi, sarêm, kaulêg dados satunggal, kacêmplungakên ing panci utawi kuwali dalah jêjangananipun, dipun toyani satêngah andhap, lajêng kagodhog, manawi sampun umob, sarta janganan sampun êmpuk, tumuntên dipun suri santên sacêkapipun. Jangan lodhoh punika abênipun ingkang kalimrah, kalihan pindhang.

Pindhang

Bumbunipun: brambang bawang lombok abrit sami karajang, lajêng kagôngsa, (ginorèng mawi lisah nyèmèk-nyèmèk), tumuntên dipun suri santên ingkang sampun kabumbonan: gêndhis jawi, sarêm, kluwak, kaulêg dados satunggal, lan godhong salam, laos, godhong jêram purut, tuwin ulam saha sungsum ingkang sampun ginodhog rumiyin, sarta ingkang sampun kairisan alit-alit.

Pandhaharipun manawi kokoh: nyidhuk lodhoh rumiyin, lajêng tinungka pindhangipun, nuntên kawuwuran bumbu dhêle. Dalasan kangge sêgah tamu, limrahipun inggih kakokohakên, malah sêkulipun winadhahan ing takir tinumpangakên ing piring, lajêng dipun sukani lodhoh tuwin pindhang, tumuntên kawuwuran ulam abon gorèng, tinumpangan tigan cêplok satunggal, kalihan rambak. Sêgah ingkang kados makatên punika, wontên ingkang namakakên: sêkul lodhoh pindhang pangantèn anyar.

Mur.

--- 175 ---

Putri Bali Sadhar (P.B.S.)

Tuwuhing pakêmpalan ing tanah ngriki saya dangu saya kathah, ing sakawit tuwuh ing tanah Jawi, dangu-dangu lajêng tumular dhatêng tanah sabrang, malah ing pulo Bali, ingkang ing ngajêng kapetang botên wontên wartosipun pakêmpalan babagan wanita, ing sapunika ugi sampun wontên, ingkang namanipun kados ingkang kacêtha ing irah-irahan punika, malah kugiugi. sampun wontên pakêmpalan sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Gambar saking kiwa manêngên: 1. Mevr. Nj. Merta, 2. Mevr. K. Soekrata, 3. Mevr. Ida Bagoes Oka, 4. Mevr. Tj. Ng. Pemajoen, 5. Mevr. Mr. Ig. K. Poedja, 6. Mevr. Poenggawa Kesiman, 7. Mevr. M. Anom (Panitra P.B.S.), 8. Mejuffr. M. Tjatri (Pangarsa), 9. Mejuffr. A.A. Poetra (wakil Pangarsa), 10. Mejuffr. IG. Aj. Rai (Hartaka), 11. Mevr. M. Netja (Pembantu), 12. Mejuffr. A.A. Rai, 13. Mejuffr. IG. Aj. P. Raka, 14. Mejuffr. K. Renjem, 15. Mevr. K. Maroeta lan 16. Mejuffr. IG. Aj. Rapeg.

Putri Bali Sadhar punika wontên ing Dhènpasar, kêgolong pakêmpalan wanita kabangsan. Ancasing pakêmpalan:

1. Ngudi karukunaning para wanita Bali, kanthi dhêdhasar tatacara Bali ingkang laras kalihan jamanipun.

2. Migatosakên tuwin têtulung golongan wanita Bali ingkang warga P.B.S. tuwin ingkang sanès, ingkang ambêtahakên pitulungan utawi wulangan.

3. Ihtiar tuwin ambudidaya murih P.B.S. botên nyulayani undhang-undhangipun nagari.

4. Ambudidaya murih warganing P.B.S. tansah wêwah sêsêrêpanipun umum, ingkang mikantuki dhatêng golonganing wanita.

Ing sapunika pakêmpalan wau sampun sagêd ngawontênakên wulangan a.b.c. tumrap dhatêng para wanita ing Bali sisih kidul. Kajawi punika ugi ambudidaya murih lare-lare èstri ingkang botên sagêd anglajêngakên sinaunipun, jalaran dipun tilar ngajal tiyang sêpuhipun utawi ingkang gadhah têtanggêlan, kanthi ngawontênakên arta pitulungan.

Pakêmpalan punika mêntas ngawontênakên pahargyan mèngêti adêging pakêmpalan sampun sataun, ugi kanthi mitongtonakên barang-barang dêdamêlanipun para warga. Ing kala punika kathah pakêmpalan ingkang sami dipun ulêmi. Ngantos dumugi rampunging prêlu, wilujêng.

--- 176 ---

Pawiyatan Rêtna Murti (Kartini Sêkul) Rêmbang Umur 20 Taun

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 88

Mênggah kawontênaning pêkên malêm kados botên beda lan sanès-sanès panggenan, ing ngriki ingkang wajib angsal pangalêmbana inggih punika:

1. Dhatêng trajanging pakêmpalan putri Susila Rêtna Rêmbang lan dhatêng para pamong siswa Kartini dalah sasiswanipun, ingatasing wanita botên wêgah lan botên ajrih dhatêng rêkaos, sami saiyêg ambiyantu ngramèkakên wontêning pêkên malêm, kados ta: Pakêmpalan Putri Susila Rêtna ngawontênakên rèsturan ingkang sabên dalu dipun sarirani dening para warganing pakêmpalan piyambak, angsal-angsalaning bêbathèn 75% kabantokakên dhatêng pêkên malêm. Makatên ugi Pawiyatan Kartini ugi botên kantun, ngêdalakên barang-barang dêdamêlan asta (handwerken) kanthi angsal pambiyantu barang-barang dêdamêlan asta saking Pawiyatan Wanita Darmarini Blora, Kop Sêkul Juwana, Pakêmpalan Susila Rêtna Rêmbang lan sanès-sanèsipun.

2. Pawiyatan Pêrpolêk ing Rêmbang ugi botên purun kantun, inggih punika ngêdalakên barang-barang saking andhên, arbèt, dêdamêlanipun para murid, kados ta: sulak, kèsèd sêpêt, lap balabag panyêratan, lis pigora, jidharan, gambar-gambar lan pirantosing lare sêkolah sawatawis.

3. Para priyantun kakung ugi ngwontênakên papan, sarana ngwontênakên andhil. Rèsturan Padha Mara alias Soto Tuban, sadaya wau kawon kondhang dening dhawêt: wêdalan Kartini Sêkul Rêmbang, ngantos kathah para priyantun ingkang maringi cap, dhawêt modèrên Kartini Rêmbang. (De beroemde dawet van de Kartini) botên sanès saking nikmatipun.

Tanggal 11 Sèptèmbêr, malêm 12 Sèptèmbêr, dintên Sêtu malêm Minggu tutuping pêkên malêm kangge Kartini, dumadakan bôngsa Tionghwa ing Rêmbang ngwontênakên komite kangge nglajêngakên pêkên malêm punika kalih dalu malih dumugi tanggal 12 malêm 14 Sèptèmbêr. Bêbathènipun rêsik prêlu kangge dêrma Tiongkok. Bab têtingalan lan sêsadean ugi nglajêngakên ingkang sampun, kawêwahan têtingalan sakêdhik.

Kartini lan Susila Rêtna ugi tumandang kangge bab punika.

Ing wasana pèngêtan 20 tauning Kartini Sêkul punika, mugi dadosa pangèngêt-èngêt diwasaning Pawiyatan Kartini, widada kalis ing sambekala, salajêngipun sagêda kasêmbadan punapa ingkang dados ancasipun.

N.B. Bêbathèn rêsik angsal kirang langkung f 1000.

Tukang momong, Bok S.W. Supadma, Rêmbang.

--- [1425] ---