Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 84, Rê, Pn: 15 Ruwah, Ehe, 1868, 20 Oktobêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50

Bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Rêdi Api - Wajibing Wiji - Jaarmarkt ing Surabaya - Patilasan Kina - Pamrayogi Utawi Pitêdah sawatawis tumrap tiyang wawrat - Kawontênan ing Tiongkok - Kyai Cok Brosot - Kabar Warni-warni - Wêwaosan -Jagading Wanita.

Rêdi Api

[Grafik]

Rêdi Api ing Bandhah, dipun tingali saking pasisir sagantên Bandha Neirah

--- 1314 ---

Raos Jawi

Wajibing Wiji

[Asmaradana]

Kudu laku lair batin | punton pratingkahing titah | purba wisesa anggone | nênanggung anak myang semah | pralêbde[1] upa boga | nawung kabêgyan kang agung | tata têntrêm karta arja ||

Ujaring pra sujanma di | kang samya marsudi lampah | pakolèh olèh nalare | nalurine jaman kuna | kongsi têkèng samangkya | kayêktène kang kêlaku | lumrah padha ingalaman ||

Lamun ta kanggo palupi | lêpiyaning para wrêda | widada anak putune | padha nêmu kanugrahan | tinunggu ing kabêgyan | gêgantunganing pamandum | kukum sakuwating murwat ||

Wawrat sapangkating dhiri | undha-usuk mawa êmpan | kudu anggawa papane | ana ugêring wong tuwa | paribasane ana | dhêmên ngiwa liring wuwus | wau sêmuning wasita ||

Ngiwakna karêping ati | kang marang rèh kabungahan | kabèh bungah iku wite | grêbane saka kalêgan | karêpe kêturutan | ala bêcik bênêr luput | sok uga katêkan: bungah ||

Mêngkono manungsa sami | marma kang para wong tuwa | wajib marsudi sêdyane | dèn sêtya dahat santosa | sanityasa mangarah | ngêngurangi karêpipun | pinriha kêpara cuwa ||

Upamane wong abukti | yèn krasa enak dèn êndhak | aja kudu imbuh manèh | turu ya sêmono uga | sanadyan wus darbea | kasur lawan singêp kampuh | tan prayoga dèn anggoa ||

Glethak-glèthèk bae apik | poke arip wong anendra | ya ing kono kêpenake | nyandhang nganggo padha uga | ugêre wong atuwa | anggêre wus rêsik wutuh | wus tan kusut kasat mata ||

Balik wong tuwa upami | angadi busana endah | sarwa rêtna murub mompyor | angêrempyong manik sotya | sayêkti tanpa guna | kaya rêca kayu watu | sinotyaa tanpa karya ||

Kang kaya mêngkono yêkti | tuture wong tuwa-tuwa | yèn tan mangkono arane | nora trêsna marang suta | enake lan kêpenak | dipèk dhèwèk ngenak-enuk | anak putune tan uman ||

Sungkan angèngèh-ngèngèhi | tuwa tuwas kari ampas | apês saanak putune | tan pantês tinêpa-têpa | tuna dènnya tinitah | tan ana paedahipun | bangun brahala branahan ||

Anona ing tăndha yêkti | ngêndi ana wong kêpenak | kang tanpa lara sangkane | iku bae uwis kêna | kinarya sudarsana | wus sinaksèn para sêpuh | tuwuh prasamya sanyata ||

Tan bisa onya sanyari | kariyin têkèng samangkya | ya têtêp kayêktèn kabèh | dene mungguh kang prakara | karananing sangsara | tumanduk mring anak putu | pati papa tanpa sama ||

Tan kaya wong kang karêm mrih | sukan-sukan dhêmên lungan | tan pisan ana prêlune | mung maligi golèk bungah | ènthèngan ninggal omah | karêm ngambah saba purug | nutug suka-parisuka ||

Susahe kêtêmu wuri | wus kalêbu ngila-ila | bungah iku kêkêmbange | kasusahan kasangsaya | măngka mungguhing bungah | wus tan ana timbangipun | lir wong lungan pêplêsiran ||

--- 1315 ---

rana-rana buwang dhuwit | jare nyang polatan jêmbar | jajah nambahi kawruhe | yèn mung kawruh darma nyawang | mung murka kang kasandhang | sandhungane êntèk purug | êntèk ngomah kari susah ||

kêjaba ta yèn marêngi | karana kêrêpe lungan | wigati ana parlune | luru pangan dagang layar | lan parlu liyanira | iku wus nora rinêmbug | wajibing wong bara pangan ||

balik lungan parlu plêsir | amung ngusir paran suka | saking tan kamot kasange | kaêsong kudu binuwang | ngubungi ati bungah | tambuh tumibaning kukum | susah sangsayaning ngomah ||

saya ywan tumrap parèstri | suka bungah saba paran | kang tan ana parigawe | mung kagawa srêgêp lungan | ngandhut karêp pameran | busanane adi luhung | myang tuduh endahing warna ||

nora mugên munggwing panti | tanpa têgên nyambut karya | nora rigên pangruktine | kabèh kabutuhan ngomah | bungah lungan lêng-lêngan | yèn durung kaur-milaur | ala nganggur angur năngga ||

cacad-cacading pawèstri | watak bungah ninggil[2] omah | apangawak dandang botol | tan yogya kinarya garwa | sanadyan sinung kaya | piranga jong pirang prau | banyu sinaring kewala ||

nyilakani maring laki | kêlunta kêtula-tula | kawlas asih salawase | darbe rabi kang awatak | tegan atinggal omah | tăndha mangro ing pandulu | tan kandêl sêtyaning priya ||

bisaa nuwuhke wiji | iya mung dêdawa ala | anglêluwihi alane | yeka saking yayah rena | dadi dènira murwa | winih ananing tumuwuh | mung anake wuwuh ala ||

mênawa uwong ngaurip | mung arêp kanggo pangarsa | nganakke piala gêdhe | pedahe apa tumitah | yèn ngakua wong bungah | têmah bali dadi lêbu | kanggo ngrèh awak wong wungwang ||

P.

[Iklan]

Pawartos saking redhaksi

K. 2966 ing Kêbumèn. 10-8-1885, dhawah Sn, Kli, 28 Sawal, Je 1814, Arab 28 Sawal 1303, Kuningan, Karo. 2-2-1908, dhawah A, Kli, 28 Bêsar, Jimawal 1837, 29 Dulkijah 1325.

Pawartos saking admistrasi[3]

Lêngganan nomêr 2017 ing Kaliwungu. Tumrap kuwartal III.

Lêngganan nomêr 2601 ing Tamansari. Wissêl f 3.- punika tumrap kuwartal punika saha kwartal I taun 1938.

Lêngganan nomêr 4528, R.Ng. Dirdjodoeto ing Solo. Makatên punika: "dubbel" namanipun. Jalaran K. 4528 ngangge ngalamat Abdi dalem gandèk tengen, nanging sarêng panjênêngan ngintunakên yatra pambayaran namung: R.Ng. Dirjaduta. Amila lajêng kakintên lêngganan enggal.

--- [1316] ---

Jaarmarkt ing Surabaya

Ing bab wontênipun Jaarmarkt ing Surabaya, kados para maos sampun botên kêkilapan, amargi wontênipun sampun ajêg sabên taun. Nanging kawontênan tuwin kawigatosanipun Jaarmarkt wau, bokmanawi kathah ingkang dèrèng patos migatosakên, awit umumipun lajêng namung katingal dados papan kasênêngan. Măngka lugunipun, babagan ingkang kados makatên wau, inggih punika kawontênanipun Jaarmarkt dados satunggiling papan mitongtonakên kagunan, padagangan, kawêkêlan tuwin sanès-sanèsipun, ingkang pikantukipun sagêd anênangi dhatêng manah, saha adamêl kamajêngan.

[Grafik]

Patamanan ingkang sakalangkung nêngsêmakên salêbêting Jaarmarkt Surabaya.

Ingkang ajêg wontên karamean ingkang kados makatên punika ing Surabaya, nama Jaarmarkt, ing Bandhung nama Jaarbeurs, ing Batawi nama Pasar Gambir. Tuwin sanès-sanès panggenan malih.

Satunggal-satunggaling panggenan wau cara-caraning rêrênggan beda-beda, tur sarwa adamêl sêngsêmipun ingkang mriksani tuwin sagêd nênarik manah. Nanging tumrap ingkang sampun mangrêtos utawi kêrêp ningali dhatêng kawontênanipun, inggih lajêng sumêrêp dhatêng punapa ingkang dipun kajêngakên, upami badhe sumêrêp dhatêng babagan ulah têtanèn, patukangan tuwin sanès-sanèsipun, ing ngriku sampun wontên sadaya. Makatên ugi tumrap Bale Pustaka, sabên wontên karamean kados makatên wau tamtu ambikak padhasaran buku warni-warni, ingkang raosipun ugi gêgayutan kawontênan ngriku, upaminipun mêntas ningali papan patukangan, têtanèn, kasarasan

--- [1317] ---

tuwin sanès-sanèsipun, ing ngriku sagêd pados buku ing padhasaran Bale Pustaka ing bab babagan wau.

[Grafik]

Padhasaran Bale Pustaka salêbêting Jaarmarkt Surabaya wanci siyang.

[Grafik]

Padhasaran Bale Pustaka salêbêting Jaarmarkt Surabaya ing wanci dalu.

Makatên malih papan padhasaran buku Bale Pustaka punika wontênipun ing papan karamean, gampil dipun padosi. Saya tumrap ingkang nêmbe kawontênakên ing Jaarmarkt Surabaya, para maos sagêd manggalih piyambak mênggahing ringkês, cancingan tur sarwa nyêkapi. Sagêd pindhah sawanci-wanci, sagêd lajêng bikak dadakan.

Ing bab wontêning Jaarmarkt ing Surabaya wau, nyata dados satunggiling sarana ajênging kagunan, kawêkêlan, sêsêrêpan tuwin sanès-sanèsipun.

--- 1318 ---

Cariyos Kina

Patilasan kina

Sambêtipun Kajawèn nomêr 83

Lumpang sela kalih iji punika, ujaring kăndha kadadosan saking sela limrah, ananging sarèhning ing sabên dintênipun tansah dipun thuthuki, prêlu kapêndhêt bubukanipun, kangge srana dipun têdha, ngantos sagêd bolong. Dados lumpang bolong punika ugi minăngka dados pasêmonipun ingkang sawêg ngudi kalangkungan ing wêkdal punika, inggih punika sagêd pikantuk bêbolonganing margi ing ngriku.

[Grafik]

Gubug ingkang isi sela pêpundhèn, dipun jagi ing juru kunci, ing kiwa piyambak juru kunci, sanès-sanèsipun para ingkang sami jiyarah mriku.

Dados manawi ngèngêti ingkang manggèn papan ing ngriku, punika satunggaling titah ingkang sawêg gadhah pambudi, botên anèh bilih papan punika ngantos sapriki taksih sami dipun pêpundhi, dipun luhurakên, ngantos ingkang klèntu panampi, lajêng kêsasar ing pamanggih, bilih panggenan punika utawi selanipun sagêd damêl bêja utawi cilaka, malah kawartos sampun nate sela bundêr punika kangge rêbatan, dipun colong kabêkta dhatêng sanès dhusun, ngantos dados prakawis, kêpêksa pulisi lajêng ngêmori damêl.

Ing nalika taksih jaman ujungan, pêrang alit-alitan ing dhusun, mêngsah sanès dhusun, kintên-kintên jaman 20 taunan, papan ing ngriku dados pangungsènipun para neneman, inggih punika ing sadèrèngipun dhumawah tapukipun ujungan, para sawung ujungan, sami mrêlokakên nênêpi wontên ing ngriku, inggih punika kajawi sami andon adus, inggih prêlu sami alon-alonan anggènipun anjunjung sela bundêr punika. Ingkang sagêd nêtêpi ngantos sagêd ngangkat kaping gangsal, punika ingkang badhe mênang ujunganipun.

Wasana lêrês lêpatipun sumăngga ing para maos, tuwin nyuwun gunging samodra pangaksama.

Lêngganan nomêr 1767.

Pawartos saking administrasi

Lêngganan nomêr 2273 ing Kêbumèn. Panagihan punika kêlintu, lugunipun panjênêngan sampun ambayar dumugi wulan Oktobêr 1937.

Lêngganan nomêr 732 ing Ngayogya. | Lêngganan nomêr 5438 ing Tuban. | Lêngganan nomêr 1226 ing Klathèn. | Lêngganan nomêr 3396 ing Têmanggung.[4] [Têmanggu...]

--- 1319 ---

[...ng.]

Bab Kasarasan

Pamrayogi utawi pitêdah sawatawis tumrap tiyang èstri ingkang wawrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 83

Punapa ingkang wawrat badanipun kiyat nanggulangi manawi wontên sabab ingkang tanpa pratikêl utawi tanpa pitêdahipun dhoktêr.

[Iklan]

Punapa jantungipun (hart) ingkang wawrat kiyat utawi kasarasan.

Punapa tiyang botên nate kataman sêsakit ingkang botên wontên tapakipun, utawi kataman ewahing jêroan, ingkang ngantos dangu, sasampunipun saras, taksih sok kraos utawi kumat.

Têmtunipun tiyang limrah botên sagêd anjawab pitakenan punika. Yèn makatêna, punapa tiyang èstri ingkang wawrat punika botên kuwatos anggènipun ngandhut lan badhe nglairakên bayi wau. Punapa sampun lajêng pasrah kemawon.

Sanajan èstri wawrat punika kinodrat kados ingkang kasêbut ing ngajêng, sarèhning badanipun tiyang èstri sarêng wawrat, jêroan asring lajêng sami sagêd ewah lampahipun, trêkadhang langkung saking mêsthi sarta sok thukul sêsakitipun, kajawi punika [puni...]

--- 1320 ---

[...ka] sumèlèhipun bayi ing pranakan asring botên tata, sajan[5] namung sawatawis sarta asring sagêd jêjêg piyambak, badhe lairipun bayi asring kangelan utawi sok botên sagêd lair. Ingkang makatên punika manut raos utawi pikiran ingkang saras, inggih kêdah nêdha tulung dhatêng dhoktêr utawi Vroedvrouw.

Ingkang langkung prayogi kapriksakna dhatêng dhoktêr ing sadèrèngipun bayi ing wêtêng sampun agêng, dados sagêd sumêrêp kawontênanipun ingkang wawrat, dhoktêr lajêng sagêd suka pitêdah punapa ingkang kêdah dipun jagi, utawi ingkang dipun awisi, kapriksa lampahipun êrah (bloeddruk) tuwin sênènipun.

Asring suku tuwin thothok sukunipun ingkang wawrat kalih pisan sami abuh, punika nandhakakên yèn ginjêl (nier) kuwalahên anggènipun nyambutdamêl, dados sakit, prêlu utawi kêdah dipun priksa dening dhoktêr, awit namung dhoktêr ingkang sagêd nêtêpakên sêsakitipun punika ambêbayani utawi botên.

Ananging yèn sampun kasèp, têgêsipun sêsakitipun sampun ngrêbda, dhoktêr inggih botên sagêd nyarasakên, utawi dangu sangêt sarasipun.

Langkung prêlu malih dhoktêr kêdah nyumêrêpi punapa bekkeningang inggih punika bolongan ingkang kangge mêdalipun bayi ing balung pênyanggi baka utawi pranakan (baarmoeder) ingkang wawrat wau cêkap wiyaripun kangge lairipun bayi. Manawi bekken ciyut botên katingal, yèn botên konangan dhoktêr, damêl susahipun biyung ingkang nglairakên tuwin dhoktêr kangelan anggènipun ngêdalakên bayi, utawi kêdah dipun wiyarakên, utawi sanèsipun.

Măngka yèn bekken ingkang ciyut wau sagêd konangan dening dhoktêr, sadèrèngipun bayi agêng ing wêtêng, dhoktêr lajêng gampil anggènipun nanggulangi. Makatên ugi upami sumèlèhipun bayi wau botên mujur utawi kalintu, konangan dhoktêr, lajêng sagêd damêl mujuripun, upami botên sagêd dipun ujurakên, dhoktêr sagêd sadhiya prabot ingkang prêlu kangge mitulungi bilih bayi badhe lair, utawi sanèsipun.

Mênggah ingkang kasêbut ing nginggil punika pitêdah dhatêng para putri ingkang sami dèrèng mangrêtos (dèrèng nguningani).

Yèn dipun manah-manah tiyang èstri punika kuwajibanipun utawi tanggêlanipun agêng saha awrat sangêt, langkung-langkung tumrap tiyang èstri ingkang wawrat utawi nglairakên jabang bayi, paribasanipun anguwod ogal-agil, punika têgêsipun tiyang èstri ing salêbêtipun wawrat ngantos nglairakên jabang bayi wau sasat wontên ing nginggilipun wot moglak-maglik, manawi botên kalêrêsan sagêd andadosakên sakit tuwin tiwasipun, kados ta asring wontên tiyang èstri anglairakên mawi sabab pamanggènipun bayi ing pranakan (wadhah bayi) botên lêrês malang utawi ewah nungsang sapanunggilanipun utawi jalaran katularan rêrêgêd (baksil) saking rêgêdipun tanganing dhukun utawi gêpokan barang sinjang utawi sanèsipun ingkang rêgêd, punika asring andadosakên tiwasipun. Mila tiyang èstri ingkang badhe nglairakên bayi punika prayogi wontên ing griya sakit utawi [u...]

--- 1321 ---

[...tawi] yèn pancèn sagêd bayar, nêdha dipun tulungi dhoktêr utawi Vroedvrouw.

Sanadyan kula sampun asring ngandharakên bab sêsakit infectie, sapunika prêlu kula ambali malih, awit tiyang èstri ingkang badhe nglairakên jabang bayi wau, wêkdal bayi lair, manawi anggènipun nulungi utawi barang-barang ingkang gêpokan kalihan ingkang nglairakên punika botên rêsik saèstu, sagêd ambêbayani, inggih punika tiyang èstri sagêd kataman sêsakit infectie, jalaran wontênipun kruma wiji sêsakit (baksil) punika warni-warni, ing pundi-pundi, ing pangangge sinjang, rasukan, ing patilêman, ing guling, bantal, sêpre, urung bantal lan guling, ing kasur, gêlaran, ing tangan lan driji asring wontên. Baksil ingkang nulari dhatêng tatu ing kulit utawi daging lajêng nukulakên infectie (wond infectie) baksil ingkang nukulakên sêsakit: typhus, dysenterie, cholera, pest, diphtheritis, tetanus, malaria, t.b.c. lan sapanunggilanipun.

Botên sadaya baksil utawi baktèri punika mêsthi ambêbayani, namung kintên-kintên wontên 25% ingkang sagêd dados ama utawi mêngsahipun tiyang, kewan utawi têtuwuhan. Dene ingkang ± 75% botên punapa-punapa, botên munasika dhatêng tiyang, malah saperangan wontên ingkang sagêd mitulungi utawi migunani dhatêng tiyang, kados ta: rottings bacterien, awit baksil punika manawi dipun kêmpalakên kalihan rêrêgêd ingkang ngandhut baksil ingkang kêras utawi ambêbayani sagêd mêngsah utawi nanggulangi dhatêng baksil-baksil ingkang kêras utawi ingkang ambêbayani wau.

[Iklan]

Tuladha ingkang cêtha inggih punika lampah-lampahipun baksil ingkang lami nanggulangi baksil kêras ingkang enggal ing sabêlêtipun[6] septietank. Mila ing septietank botên kenging dipun soki karbol utawi creolin kangge nawar utawi ontsmet, awit mangke rottings baktèri sagêd sami sirna utawi pêjah, dados septietank botên sagêd nyambutdamêl punapa lêrêsipun.

Badhe kasambêtan

R. Sumadirja

Ind. Arts. Sêmarang.

--- 1322 ---

Kawontênan ing Tiongkok

Pangangkahipun Jêpan anggènipun badhe ambêdhah Syanghai katingal dipun rosani, mila panêmpuhipun Jêpan saking gêgana ingkang tumuju dhatêng Sapèi tuwin Kiyanggwan katingal dipun kêtog yêktos. Dhasar panêmpuhipun wontên ing ngriku punika gadhah raos sampun unggul, mila kêladuking patrap, Jêpan lajêng nyêbarakên sêrat sêbaran ingkang raosipun suka pêpèngêt dhatêng wadya Tiongkok, supados sami nungkul kemawon, awit sanadyan anglawana inggih badhe tanpa damêl. Malah manawi wadya Tiongkok purun takluk, sabên tiyang 1 badhe dipun sukani arta sadhollar. Ing bab arta punika Jêpan nyadhiyani arta kalih yuta dhollar.

Mirid pawartos ingkang kados makatên wau, tamtu kemawon adamêl botên rênanipun Tiongkok, pitêmbunganipun Jêpan malah angosok wangsul damêl muntabipun ingkang sami kataman. Măngka manawi nitik saking wontênipun paprangan ing Syanghai, dumuginipun sapunika sampun tumindak tigang wulan, kawontênanipun taksih panggah, dèrèng wontên titikipun Jêpan sagêd ambêdhah Syanghai. Malah kosokwangsulipun, sagêd ugi panêmpuhipun Jêpan punika badhe cabar, tuwin kêpêksa pados margi sanès, awit papan ingkang dipun têmpuh ing sapunika katingal sakalangkung wulêt. Dene dhatêngipun bêbantu wadya Jêpan katingal saya majêng, punika ugi dados satunggiling tăndha awrating bobotipun wadya Tiongkok. Bêbantu ingkang katingal wau, wontên kapal pêrang 29, kapal pirantos ngangkat wadya bala 23, sami lumampah nungsung muara Yangce, kaprênah saêlèr kilèn Syanghai.

Ingkang pinanggih ing sisih lèr ugi taksih rame, karosanipun Jêpan tansah angsal tandhing. Sampun sawatawis dintên wontên motor mabur Jêpan gangsal ingkang nuju kêkalangan wontên sanginggilipun laladan Nanking kenging dipun sanjata dening wadya Tiongkok, sami dhawah sadaya. Salajêngipun wontên motor mabur Jêpan, pirantos ambucal bom katingal, saha lajêng andhawahi bom ing sêtatsiyun Suko. Ing ngriku lajêng pun susul ing motor mabur pambujêng Tiongkok, sagêd papagan wontên sanginggilipun Sinkiyang. Motor mabur Jêpan kenging dipun sanjata kumaleyang dhawah ing siti. Nanging botên dangu katingal wontên motor mabur Jêpan 9 nêmpuh gapuraning kitha sisih kidul, dipun êtut ing motor mabur pambujêng 6 sami mêmanuki saking wingking.

Sarêng motor mabur wau sami katingal, lajêng dipun lêpasi mriyêm pananggulang motor mabur. Nanging botên dangu dipun êndhani, prêlu ngangkatakên motor mabur Tiongkok kangge ambujêng motor mabur mêngsah saha lajêng campuh wontên ing gêgana.

Ing ngriku motor mabur Jêpan ingkang langkung rikat panggêgananipun sampun wontên sanginggilipun motor mabur Tiongkok. Nanging motor mabur Yongkok[7] sagêd masang gêlar, ingkang anjalari ti[8] motor mabur Jêpan kêpêksa lajêng ragi mandhap, saha motor mabur Tiongkok sagêd mênang papan, wêkasan sagêd nyanjata motor mabur Jêpan tiga sami dhawah sadaya.

Kados ingkang sampun kawartosakên, para golongan Tiongkok ingkang ing ngajêng mêmêngsahan [mêmêngsa...]

--- [1323] ---

[...han] kalihan bangsanipun piyambak, sami èngêt lajêng ambiyantu dhatêng bangsanipun, paribasanipun: tunggal daging, jiniwit milu krasa lara. Ingkang makatên punika tamtu badhe mêwahi kasantosanipun Tiongkok.

[Grafik]

Sawangan kitha Pèiping, salah satunggiling kitha agêng ing Tiongkok, dipun tingali saking gêgana.

Ing mangke Jêpan katingal saya waringutên anggènipun pasulayan kalihan Tiongkok, dhatênging bêbantu anggili tanpa kêndhat, punapa malih ing bab wontêning dêdamêl, pinanggih saya mitadosi. Nanging ing bab dêdamêl wau Jêpan tanpi[9] panyêrêg saking Tiongkok, bilih Jêpan migunakakên dêdamêl ingkang kapetang dados awisan, inggih punika migunakakên mimis dhum-dhum, punapa malih migunakakên dêdamêl gas mawa racun. Bab punika pinanggih wontên tăndha yêktinipun ingkang nyata, mirid saking kawontênanipun ingkang sami tiwas wontên ing paprangan.

Sayêktosipun pawartos kados makatên punika sampun kêrêp dados rêraosan, nanging dèrèng wontên karampunganipun ingkang maton, mênggah ing nyatanipun.

Kajawi panyêrêg babagan punika, Jêpan ugi tampi sêrêgan saking Inggris, ing bab anggènipun Jêpan andhawahi bom dhatêng oto-oto wêwakil Inggris ingkang botên têbih saking Syanghai. Bab punika Jêpan amangsuli, wontênipun wadya

--- [1324] ---

Jêpan andhawahi bom dhatêng oto-oto wau, amargi Inggris nêrak wêwalêr langkung ing margi ingkang sanès lêrêsipun, mila lajêng nuwuhakên panganggêp bilih oto wau sanès oto Inggris.

Ing sapunika wontên wartos malih ing Mansukuo wontên ebah-ebahan ingkang sagêd ugi dados wêwinih paprangan malih, inggih punika para rakyat Tionghwa ing ngriku ingkang sampun kabawah Jêpan, sami badhe ambalela, wadya băngsa Tionghwa ing ngriku ingkang sami sikêp dêdamêl langkung kathah, ngungkuli cacahing wadya Jêpan ingkang badhe nyirêp rêrêsah.

Kyai Cok Brosot

Ing sawetanipun kitha Bojanagara wontên dhusun, nama Prayungan. Bokmanawi ing kinanipun dhusun wau panggenan galagah rayung. Ing dhusun ngriku wontên pasarean agêng, namanipun Dhayuhan, katingal saking margi agêng utawi saking sêpur, saantawisipun haltê Sraya lan Sumbêrêja N.I.S. Ingkang dipun mêmule wontên ing ngriku nama Kyai Cok Brosot. Rumiyin ing sacakêtipun pasarean, ugi cakêt sangêt saking margi agêng, wontên selanipun pêthak alus, tanpa sêratan, watawis panjang wiyaripun 80 X 60 cm., sela wau sapunika sampun botên wontên. Kula botên sagêd mastani, punika sela punapa, punapa têtêngêring kubur, punapa golongan piagêm saking karaton.

Ing pasarean Dhayuhan punika wontên waluku ingkang sumlagrang ing kajêng agêng, kacriyos punika waluku gadhahanipun Kiyai Cok Brosot.

Dhusun kilènipun Prayungan punika dhusun Talun, têgêsipun siti ingkang sawêg kabubak. Ing ngriku wontên umpak sela cêmêng sawatawis sami glethakan ing wêwêngkonan sabin. Inggiling umpak watawis 80 cm. Kintên-kintên umpak wau sami bêktan saking liya nagari, awit ing ngriku botên wontên sela cêmêng, ingkang wontên sela gamping saking Rêdi Kêndhêng.

Wontên malih dhusun alit, namanipun Kêlumbung, kacriyos punika panggenan lumbungipun Kiyai Cok Brosot. Wontênipun Kiyai Cok Brosot cakal bakal ing ngriku, bokmanawi saking dhawuhing ratu, sabên taun kêdah atur bulu bêkti awarni pantun utawi uwos. Wontên padhêkahan cêlak ing ngriku, namanipun Badhug, têgêsipun lêsung, dados panggenan nutu pantun ingkang badhe kangge bulu bêkti wau.

Kacariyos Kiyai Cok Brosot gadhah bojo ingkang endah ing warni. Saking kayungyunipun dhatêng ingkang èstri ngantos botên sagêd pisah, sanajana namung sakêdhap. Mila satêngahing nyambut damêl wontên ing sabin, asring ambrobos malajêng mantuk, prêlu nuwèni ingkang èstri. Ngantos anggènipun anggarap sabin botên jênak, botên pikantuk damêl. Ingkang èstri piyambak inggih susah, ngraosakên lêlampahanipun ingkang jalêr makatên punika. Wontên ingkang cariyos, salajêngipun manawi nyambut damêl dipun tênggahi dhatêng ingkang èstri. Wusana Kyai Cok Brosot sagêd dados ratu, anggêntosi ratu ingkang ambawahakên dhusun ngriku.

X.

--- 1325 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Lêbêt wêdaling barang dagangan ing tanah ngriki. Miturut cathêtan saking kantoor voor de Statistiek, lêbêt wêdaling barang dagangan ing tanah ngriki ing salêbêtipun wulan Augustus. Malêbêt 158.100 ton, rêgi f 43.600.000,-. Mêdal 991.900 ton, rêgi f 84.300.000,-

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus doctoraalexamen perangan I nona M.Oy Hong Nio. Lulus doctoraalexamen perangan III Tuwan P.H. de Veer.

Lulus ing pamulangan luhur ing nagari Waalndi.[10] Miturut wartos ingkang dumugi ing tanah ngriki, Tuwan Soeharto Sosrohadikoesoemo, putranipun tuwan Sosrohadikoesoemo, warga College van Gedelegeerden, lulus angsal diploma ingenieur ing pamulangan luhur ing nagari Walandi. Diplomanipun wau wontên kalih, satunggal babagan têtanèn, satunggalipun babagan among dagang. Tuwan Soeharto sasampunipun angsal diploma wau badhe taksih wontên nagari Walandi ngantos dumugi wulan Januari 1938, pêrlu pados diploma malih tumrap têtanèn ing nagari Walandi.

Lulus ing pamulangan luhur ing nagari Walandi. Miturut Têngah, M. Aboetalip Sastrotênojo, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Mangkang, kabupatèn Kêndal, paresidenan Sêmarang, dados asistèn wêdana paresidenan Japara-Rêmbang.

Badhe ngajêngakên padangan wowohan salêbêting blèg. Awit saking ada-adanipun ingkang wajib badhe ngawontênakên pabrik wowohan wontên salêbêting blèg, saha sampun dangu dipun tindakakên cobèn-cobènipun. Kintên-kintên bab punika tumuntên badhe kasêmbadan, namung ngêntosi jangkêping pirantosipun.

Pêrlu kawontênakên jampi sakit bêntèr. Awit saking panyuwunipun schoolopziener I ing Purworêjo, supados ing sabên sêkolahan dipun wontêni sadhiyan jampi sakit bêntèr, awit miturut palapuran saking pamulangan-pamulangan, kathah sangêt lare-lare ingkang botên malêbêt sêkolah, ingkang jalaran sakit. Ing sapunika ing laladan Purworêjo sawêg ungsum sêsakit Influenza.

Angsal bintang saking Tiongkok. Tuwan A.C.W. Wardenier, asistèn-residèn-titulair ing Bênkulên, kawartosakên angsal bintang saking Tiongkok Orde van Jade klas 7.

Andandosi karisakan ing Kutorêjo. Ing nalika wontên lindhu, ing laladan distrik Kutorêjo wontên griya ambruk kirang langkung 150, ing sapunika griya-griya wau wiwit dipun dandosi. Ing bab punika Pangrèhpraja ambiyantu maringi pirantos-pirantosipun. Kintên-kintên botên dangu griya-griya wau sampun sami rampung panggarapipun.

Karisakan griya-griya ing bawah kabupatèn Klathèn. Jalaran saking wontêning lindhu ingkang mêntas kêlampahan punika, tumrap bawah kabupatèn Klathèn kathah griya ingkang sami risak tuwin ambruk. Mênggah pratelanipun: Ing bawah kaondêran Kêbonarum, ambruk 48, risak 44. Kaondêran Wêdi, ambruk 191 risak 100. Kaondêran Cawas, ambruk 79, risak 110. Kaondêran Bayat, ambruk 9, risak 100. Kaondêran Gondhangwinangun, ambruk 12, risak 60. Kaondêran Prambanan, ambruk 45, risak 149. Kaondêran Gantiwarno ambruk 68, risak 134. Dados gunggungipun sadaya, ingkang ambruk 452, ingkang risak 652, gunggung sadaya 1104. Kapitunanipun sadaya f 15.560,-

[Iklan]

Kasangsaran motor mabur T. 13. Kawartosakên, layonipun Overste De Bruyne sagêd pinanggih ngambang, lajêng dipun pêndhêt dening motor mabur, salajêngipun dipun bêkta dhatêng Surabaya. Motor mabur T. 16 sampun dumugi ing Surabaya. Ing kala panguburipun layon 7 ingkang jalaran saking kasangsaran motor mabur wau, kathah ingkang sami anjênêngi, sadaya sami katingal anggèning bela sungkawa, kathah ingkang sami abela tangis. Pakurmataning pangubur mawi cara militèr, nalika pêthi layon kalêbêtakên ing kubur, dipun urmati drèling wadya Marine. Uruting pangubur, sakawit layonipun tuwan Uurbanus, lajêng tuwan Spronk, salajêngipun layon gangsal sanèsipun. Sawarnining tindak ingkang pinanggih wontên ingriku, sarwa damêl kêraos-kêraosing manah.

Kasangsaran motor mabur Marine malih. Ing dintên Sabtu tanggal 16 October wontên wartos, bilih motor mabur T. 1 nalika nuju anggêgana wontên sanginggilipun pulo Banda badhe malêbêt dhatêng Sunglon Lontor, ingkang botên sapintêna inggilipun, panggenanipun wau dhawah. Motor mabur wau karisakan, punggawanipun sami nêmahi tiwas. Ingkang tiwas wau luitenant-ter-zee E. van Haften, majoor-telegrafist G.J. Radstaat, sergeant-vlieger G. van der Hooft, korporaal-vliegtuigmaker P.L. Bogert, milicien matroos-telegrafist E.F. Nolten.

Layonipun para ingkang kasangsaran motor mabur Specht. Kapal K.P.M. Generaal van Geen sampun dumugi ing Tanjung Priok ambêkta layonipun para ingkang sami kasangsaran ing motor mabur Specht. Pêthi-pêthi layon sami dipun tutupi ing bandera Walandi, pêthi wau dipun pasangi sêkar saking juru nglampahakên motor mabur nomêr kalih ingkang kêtulungan, saha ing kala punika ugi tumut ngêtêrakên nênggani wontên sacêlaking pêthi layon. Sadumuginipun Tanjung Priok, kapal van Geen labuh wontên ing papan labuh S.M.N. Salajêngipun layon-layon wau kabêkta dhatêng nagari Walandi.

--- 1326 ---

Karampungan nyalingkuhakên arta. Landraad ing Salatiga sampun angrampungi prakawisipun dakwa tuwan Soetama, dokter kewan ing Salatiga, kalêpatan ngangge arta panyadean sarêm kathahipun f 10.176,-. Dakwa kaukum kunjara 2 taun. Karampungan wau taksih dipun manah-manah rumiyin dening dakwa.

[Grafik]

Murid Mosvia ing Magêlang. Kados ingkang sampun kawartosakèn ing Kajawèn, murid Mosvia ing Magêlang ingkang klas inggil sami darmawisata dhatêng Bali, katuntun dening T. Haji S.A. Bachtiar, leeraar Volkenkunde lan Economische Aardrijkskunde, tuwan J.C.J. Mastenbroek Internaatshoofd ing sêkolahan wau.

Inginggil punika gambaripun Murid ing Mosvia wau punapadene panuntunipun.

Agèn pulisi ngamuk. Kawartosakên, satunggiling agèn pulisi tiyang siti ing Blitar ngamuk mawi dêdamêl revolver. Wontên agèn pulisi kalih ingkang kenging dipun sanjata, ingkang satunggal bangsa Walandi. Sasampunipun nyandayata[11] tiyang kalih wau, tiyang ingkang ngamuk lajêng nyanjata badanipun piyambak, kenging kalêrês ing wêtêngipun. Tiyang tiga pisan lajêng sami kabêkta dhatêng griya sakit.

Dr. R. Soetomo kalihan pakêmpalan ing Ceylon. Wontên wartos, Malay Progressive Union, inggih punika satunggiling pakêmpalan turunan têtiyang tanah ngriki ing Ceylon, kala tanggal kaping 12 Sèptèmbêr, pakêmpalan wau adamêl congres ingkang kaping IV, dipun pangajêngi dening Dr. M.P. Drahaman. Ing congres ngriku ngawontênakên rêmbak saha sampun kagêlêngakên, angangkat Dr. R. Soetomo dados kondhanging pangayoman.

Warga pangrèh U.S.I. Pakêmpalaning para maha siswa pamulangan luhur ing Bêtawi ingkang nama Unitas Studiosorum Indonesiensis, ingkang cêkakanipun U.S.I. nêtêpakên warga pangrèh enggal, inggih punika: Pangarsa tuwan Ribowo, Muda pangarda tuwan Darma Sêtiawan, Panitra I A. Rachim Kartadjoemêna, Panitra II nonah Hadidjah, Artaka I tuwan T. Mh. Djajadiningrat, Pambantu umum tuwan Adil Poeradirêdja.

Panyadean sarêm alit saya majêng. Ingajêng nate wontên wartos bilih sarêm alit ingkang rêgi 1 tuwin ½ sèn botên majêng. Miturut katrangan ing sapunika, panyadean sarêm alit wau malah pinanggih majêng sangêt, ngantos damêl munduring panyadean sarêm ingkang agêng ingkang katindakakên dening juru kilak. Mirid nalar, tuwuhing wartos mundur wau sagêd ugi jalaran saking pandamêling juru sade sarêm agêng. Ing sapunika Pakarya Sarêm ngawontênakên sarêm ingkang nyaprapat banon, rêgi 2 sèn.

Bab wanita ingkang dados punggawa nagari. Miturut wartos saking Bogor, kawrat sêrat idêran saking 1 ste Gouvernements Secretaris, ing sapunika wontên ewah-ewahan, tumrap wanita ingkang cêpêng damêl Nagari botên katêtêpakên kados pranatan rumiyin, lajêng kakèndêlan samangsa laki.

Manggih barang kina. Kawartosakên, punggawa assaineering ing Ngayogya kala nindakakên dhudhuk-dhudhuk wontên ing Kampementstraat, nalika pandhudhukipun wontên 1½ m, manggih rêca prunggu sae, cacah 2 iji. Rêca wau awujud Kuwera tuwin Dhyani Bodhisattwa. Ingriku wontên tandha-tandhanipun agami Buddha. Salajêngipun ing papan ngriku dipun priksa.

Mr. R.M. Sartono. Wontên wartos, Mr. R.M. Sartono kaangkat dados advocaat tuwin procureur ing Hooggerechtshof.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, Kiai Hasan Moeliodisastro, Aib. nindakakên padamêlan ajunct jaksa Landraad ing Situbondo, paresidenan Bêsuki, dados ajunct jaksa Landraad ing panggenan wau. M. Hoetomo, Aib, nindakakên padamêlan mantri kabupatèn Kêdiri, paresidenan Kêdiri, dados asistèn wêdana paresidenan Kêdiri R. Soemarsono tijd. Wd. Jaksa Landraad ing Magêtan, paresidenan Madiun, dados asistèn wêdana paresidenan Surabaya, R. Soemakto, Aib. nindakakên padamêlan ajunct jaksa Landraad ing Magêtan paresidenan Madiun, dados jaksa Landraad ing panggenan wau. M. Soetimboel, Kartowisastro, tijd. Wd. Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi paresidenan Kêdiri, dados Aib. nindakakên padamêlan ajunct jaksa Landraad ing Magêtan, paresidenan Madiun. R. Moeljani, juru sêrat klas 1 ing paresidenan Kêdiri, dados mantri pulisi paresidenan Kêdiri.

EROPA

Darma agêng. Kawartosakên Lord Nuffield ing Londen, suka darma malih cacah 300.000 pondsterling dhatêng griya sakit Radcliffe ing Oxford. Griya sakit wau rumiyin ugi sampun nate tampi darma saking panjênênganipun 50.000 pondsterling. Gunggunging arta darma ingkang sampun dipun wêdalakên dening Lord Nuffield wau wontên 8½ yuta pondsterling.

ASIA

Rêrêsah ing Palêstina. Ing sapunika jalaran saking wontêning rêrêsah, ing Yeruzalem kawontênakên undhang-undhang paprangan. Tuwuhing undhang-undhang wau jalaran mêntas wontên golongan ingkang ngêbom sêpur antawising Lydda kalihan Raselei. Miturut wartos ngantos sapriki bab rêrêsah punika dèrèng manggih katranganipun. Kajawi ingriku, ing sanès panggenan ugi tuwuh rêrêsah.

AFRIKA

Ura-uru ing Ngabêsi. Wontên wartos, kala têngah-têngahaning wulan Sèptèmbêr wontên saradhadhu Italie 200 sami dipun prajaya dening têtiyang Ngabêsi ing Adua. Nanging panêmpuhipun tiyang golongan rêrêsah wau kenging dipun undurakên. Kala wêkasanipun wulan Augustus wontên têmpuhan ing Makêlê. Margi saking Dessie dhatêng Massana kathah panggenan ingkang dipun risak dening bangsa Ngabêsi. Miturut wartos ing pundi-pundi tuwuh panêmpuh ingkang sakalangkung ngêgèt. Ingajêng tanah Ngabêsi misuwur satunggiling nagari ingkang ngêdalakên têdha, nanging kosokwangsulipun, ing sapunika malah dados damêl, kêdah dipun jogi têdha saking jawi. Umumipun ing sapunika ing tanah Ngabêsi dados satunggiling nagari ingkang awis têdha.

--- 1327 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya

22

Sakesahipun putra raja têtiga sawadyabalanipun saking ngriku, Ilya lajêng anyawang ngiwa nêngên aningali kathahing prajurit ingkang sami pêjah jalaran saking pangamukipun wau, sami pating galethak, pating kalumpruk, ing ngriku Ilya katuwuhan manah wêlas dhatêng têtiyang ingkang sami nêmahi pêjah, namung jalaran saking amituruti bandaranipun anggèning sami rêmên anjarah-ayah wontên ing sanès praja. Sêmu sungkawa Ilya lajêng ambandhangakên kapalipun lumêbêt ing kitha ingkang mêntas dipun kêpung wakul binaya mangap dening mêngsah wau. Dene papan ingkang kajujug, inggih punika: ing greja. Sadaya têtiyang ing kitha ngriku sami ngêmpal wontên ing greja, sami nênuwun dhatêng Pangeran supados dipun lêbura dosanipun, lan ing kala punika sadaya sampun sami sumadhiya manawi kapundhut ing pangayunaning Pangeran, sampun kanthi lêga rila pamitan kalihan donya punika. Dumadakan ujug-ujug korining greja kabikak saking jawi saha botên watawis dangu wontên tiyang lumêbêt ing ngriku ingkang mangangge kaprajuritan, ingkang adamêl sakalangkung kagètipun têtiyang ingkang sami ngêmpal wontên ing salêbêtipun greja wau sadaya. Sadumuginipun ing nglêbêt prajurit wau suka sasmita, bilih piyambakipun punika angrungkêbi agami Kristên, inggih punika sarana nêlungakên badanipun kanthi andhap-asor sangêt dhatêng pundi-pundi panggenan. Ingkang rumiyin sampun tamtu dhatêng prênahing gambar nabi ingkang dados sêsêmbahanipun, salajêngipun dhatêng ibu Mariyah, saha nêlungakên badanipun malih dhatêng sadaya tiyang ingkang ngêmpal wontên ing salêbêting greja wau, ing wusana piyambakipun lajêng cariyos dhatêng tiyang kitha Cèrnogop wau kirang langkung makatên :

Kula ngaturi sugêng dhatêng sadaya ingkang sami dêdunung wontên ing kitha Cèrnogop ngriki. Kula kalawau mirêng anggèn panjênêngan nyuwun pangapuntên dhatêng ingkang Kuwasa mênggahing dosa panjênêngan sadaya. Ingkang makatên punika kula anyarojani sangêt, awit mênggahing tiyang gêsang punika, sampun limrah anandhang dosa, amila inggih sampun wajibipun bilih nyuwun pangapuntên mênggahing dosanipun, dhatêng ingkang aparing gêsang. Nanging ingkang kula botên mangrêtosi, dene panjênêngan sadaya katingal prihatos kadosdene têtiyang ingkang badhe nilar donya punika.

Mênggah wangsulanipun ingkang tinakenan kirang langkung makatên :

Walèh-walèh punapa, anggèn kula sadaya sami angêmpal wontên ing salêbêting greja ngriki punika, sajatosipun botên sanès pikajêngipun, kajawi nyuwun ngapuntên mênggahing dosa kula sadaya dhatêng ingkang Murbèng Kuwasa, sarta nêdya ngêsrahakên jiwa raga kula sadaya dhatêng ingkang paring gêsang. Awit botên watawis dangu malih kula sadaya tamtu pinêjahan dening mêngsah, awit ing samangke kitha ngriki kinêpung wakul binaya mangap dening putra raja tiga cacahipun, sawadyabalanipun ingkang botên kantênan kathahipun, ingkang sumêdya amêjahi kula sadaya, sarta anjarah-rayah barang darbèk kula sadaya.

Ilya mèsêm saha wicantên:

Măngga, sami mêdal ing sajawining kitha, dhatêng ing ara-ara ingkang angubêngi kitha. Ing ngriku mangke panjênêngan sadaya badhe uninga, kadospundi badhe kadadosanipun prajurit ingkang panjênêngan ngandikakakên botên kantênan kathahipun wau.

Mirêng wicantênipun Ilya ingkang makatên punika, têtiyang sadaya wau katingalipun sami bingah sangêt, sarta lajêng sami sarêng-sarêng bidhal mêdal ing jawi kitha ningali kawontênanipun ing ara-ara, gumunipun têtiyang kathah wau sakalangkung-langkung sarêng nyumêrêpi bilih ing papan ingkang suwaunipun kêbak prajurit sapunika katingal rêsik mamring. Nanging saking katêbihan katingal wontên pakuwon pintên-pintên anggrêmbêl dados satunggal, ingkagn dipun banderani sanès bandera Rus. Anèhipun, dene ing ngriku sêpên botên wontên prajuritipun satunggal-satunggala. Sarêng têtiyang kathah wau anyakêti mriku, gumunipun tanpa upami, awit ing ngriku dhacah[12] mayiting mêngsah, sami pating glethak, pating lêmpuruk wontên ing sakiwa têngênipun pakuwon-pakuwon wau. Sakala ngriku têtiyang kathah wau inggih lajêng mangrêtos, bilih sadaya punika botên sanès kajawi pandamêlipun satriya ingkang mêntas dhatêng punika. Dados inggih satriya punika, ingkang ngluwari kitha padununganipun saking pangêpanging mêngsah wau. Saking gênging panarimahipun, têtiyang sadaya wau lajêng sami nêlungakên badanipun ngantos tumêlung sangêt, saha lajêng sami wicantên makatên:

Dhuh, tuwan, kula sadaya botên sagêd anglairakên gênging panuwun kula sadaya dhatêng panjênêngan anggèn panjênêngan sampun angluwari kula sadaya saking pangêpanging mêngsah. Nanging kaparênga kula sadaya nyuwun sumêrêp, asli panjênêngan punika saking pundi, sintên ingkang pêputra, tuwin sintên asma panjênêngan piyambak. Panuwun kula sadaya, mugi panjênêngan krêsaa mangagêngi kitha ngriki, sarta angadili ngriki.

Nanging Ilya nampik panuwunipun têtiyang sadaya wau, sarta lajêng amangsuli makatên:

Mugi-mugi ingkang Murbèng Kuwasa botên amarêngakên, bilih wontên rencang kaangkat dados bêndara, tuwin kosokwangsulipun, makatên ugi sampun ngantos kalampahan, wontên singa nagara kaangkat dados pangagênging agami, makatên ugi kosokwangsulipun.

--- 1328 ---

Dados inggih botên utami, manawi panjênêngan sadaya lajêng ngangkat satunggiling prajurit ingkang asor kadosa kula punika, dados pangagênging kitha ngriki. Mênggah asli kula punika saking dhusun: Karacarop, botên têbih saking kitha: Murom. Dene ingkang anak-anak kula punika namung tiyang tani limrah kemawon. Nama kula Ilya. Anggèn kula anampik kaangkat dados pangagêngipun kitha ngriki, awit kula gadhah gêgayuhan sanès, inggih punika: kula kapengin ananggulangi mêngsahipun nagari kula piyambak punika, supados sampun ngantos kêkathahên cacahing răndha tuwin lare yatim. Samangke kula kasêsa badhe dhatêng Kiyèf, prêlu sowan dhatêng Sang Prabu Wladhimir. Pundi margi agêng ingkang anjog dhatêng Kiyèf punika.

Sanadyan wangsulanipun Ilya wau sampun cêtha botên sagah anglampahi dados pangagênging kitha Cèrnogop ngriku, ewasamantên têtiyangipun sajak dèrèng narimah, malah saya ngangsêg panarosipun, awit salaminipun gêsang têtiyang sadaya wau dèrèng nate sumêrêp satunggiling satriya prajurit ingkang samantên mênggahing kêkiyatan punapadene kadibyanipun. Makatên ugi dèrèng nate amêningi satriya ingkang jêmbar kawruh tuwin luhur bêbudènipun kados satriya ingkang angakên namung anaking tiyang tani limrah kemawon wau. Salajêngipun têtiyang kathah wau sami suka pisungsung bokor tiga, ingkang satunggal dipun kêbaki êmas, satunggalipun malih dipun isèni salaka, lan bokor ingkang ăngka tiga isi sêsotya. Klayan anyukakakên bokor tiga wau, botên kèndêl anggènipun ngarih-arih supados Ilya puruna dados pangagêng ing kitha ngriku, kanthi prasêtya bilih sadaya tiyang salami-laminipun badhe sami tansah sêtya lan mituhu punapa pakènipun. Nanging Ilya, botên namung botên sagah anglampahi dados pangagêngipun ing kitha ngriku, malah ugi botên purun anampèni ingkang dados pisungsungipun têtiyang sadaya wau. Ingkang dipun kajêngakên ngêmungakên têtiyang wau puruna suka sumêrêp ing pundi margi agêng ingkang anjog dhatêng ing kitha Kiyèf punika. Sarêng têtiyang ing kitha Cèrnogop sami cêtha, bilih sêdyanipun Ilya punika kêncêng badhe tumuntên anglajêngakên lampahipun, sadaya wau lajêng kèndêl anggènipun sami ambujuk murih puruna dados pangagêngipun. Ing wusana lajêng sami cariyos kirang langkung makatên:

Dhuh, tuwan, andadosakên cuwaning manahipun sadaya kănca ing kitha ngriki, dene panjênêngan botên krêsa amagêngi kula sadaya, ananging ing sarèhning adrêng krêsa panjênêngan sumêdya anglajêngakên lampah, amila kapêksa kula sadaya kêdah anarimah. Nanging kaparênga kula umatur: mênggah sajatosipun margi ingkang anjog dhatêng Kiyèf, punika ing samangke sampun botên kenging dipun ambah malih, jalaran sampun katuwuhan têthukulan inggil-inggil ngantos sampun botên katingal malih sipating margi. Dene margi wau anggènipun botên kaambah ing tiyang sampun taunan. Mênggah jalaranipun, ing ngriku wontên sambekalanipun tigang warni, ingkang adamêl mirising tiyang, inggih punika: ingkang kapisan, ing sacakêtipun wana Brinêski wontên rawanipun agêng. Sintên ingkang kasasar mriku, sagêd ical tanpa lari. Sambekala ingkang ăngka kalih, wontên ing sacakêtipun wit agêng ing sapinggiripun lèpèn: Smaradina, ing ngriku wontên wit agêng tiga ingkang pang-pangipun sami pêpulêtan dados satunggal, sarta dados pandhêlikanipun satunggiling begal nama: Solowe. Mênggah kadibyanipun begal punika tanpa tandhing, sintên ingkang dhawah ing tanganipun, tamtu tiwas. Sampun kathah para satriya utawi prajurit ingkang kumapurun ananggulangi begal wau, nanging botên wontên satunggal ingkang sagêd waluya, sadaya-sadaya sami kenging dipun pêjahi. Dene sambekala ingkang ăngka tiga, punika ingkang dados griya padununganipun begal: Solowe watu,[13] ingkang prênahipun botên watawis têbih saking papan pandhêlikanipun wau. Mênggah papan padununganipun punika awujud griya agêng ingkang kaêdêgakên wontên ing sanginggiling wit agêng pitu. Dene ingkang manggèn wontên ing ngriku, bojonipun ênèm tuwin anakipun sanga, ingkang tiga èstri, ingkang nêm sami jalêr. Tiya[14] sadasa punika saklangkung ambêg siya, punapadene botên pisan-pisan gadhah wêlas dhatêng sasami-sami. Sintên tiyangipun purun langkung mriku, punika têmtu lajêng dipun cêpêng, sarta lajêng kangge dêdolanan kadosdene caranipun kucing dolanan tikus. Kèndêlipun anggèning misakit tiyang wau, manawi sampun dumugi pêjah. Samantên mênggah ambêgsiyanipun tiyang sadaya wau. Amila sabên tiyang inggih lajêng sami jinja langkung ing ngriku punika. Jalaran saking punika panuwun kula sadaya mugi panjênêngan sampun ngantos miyos margi punika, langkung sae mêdala ing margi sanès, lêrês langkung têbih sawatawis, nanging marginipun sakeca, botên wontên godha rêncananipun punapa-punapa.

Ilya amanah sakêdhap saha lajêng cariyos makatên:

Kula isin manawi ngantos botên mêdal ing margi ingkang langkung cêlak punika. Sêdya kula badhe mêdal ing margi wau, lan panuwun kula dhatêng Pangeran, mugi-mugi kula sagêda ananggulangi ingkang dados sambekalanipun wau, ingkang ing wusananipun margi wau sagêda kaambah malih.

Salajêngipun, Ilya lajêng nyengklak kapalipun, saha kabandhangakên anuju dhatêng Kiyèf, mêdal ing margi ingkang kacariyosakên kathah sambekalanipun wau.

Badhe kasambêtan.

--- 161 ---

Nomêr 41, Taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn. Juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Wangsulan katur sadhèrèk Arun ing Sêmarang.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 82.

Bab I. Punapa têgêsipun gêsang cara modhèrên.

Gêsang cara modhèrên, modhèrên makatên gênah cêtha têmbung ngatas angin, ingkang anggadhahi têgês: sarwa enggal. Dados sok tiyanga ingkang sumêdya badhe gêsang cara gagrag enggal wau, inggih punika gêsang cara jaman samangke punika, punika kêdah mriksa rumiyin dhatêng kawontênaning jamanipun, măngka yèn nitik jaman samangke punika sampun cêtha sangêt manawi kawontênanipun namung sarwa rêkaos, sarwa pait, sarwa mlilit, lan sapanunggilanipun. Punapa inggih ta yèn kawontênaning jaman ingkang sarwa rêkaos kados makatên punika gêsang kula sadaya badhe risak. E, inggih duka dhing yèn panjênênganipun sadhèrèk Arun dèrèng nate kataman pait gêtêring jaman rêkaos punika. Nanging kados lăngka sangêt yèn manungsa saindênging bawana punika botên sami kraos lan rumaos katrajang pangamuking lesus malèsèt. Mila botên wontên malih pananggulangipun kajawi kêdah wani gêsang cara gagrag enggal, inggih punika kêdah wani gêsang prasaja, gêsang sarwa ngirit (gêmi nastiti ngati-ati). Hla, inggih punika ingkang nama gêsang cara modhèrên. Duka panjênênganipun sadhèrèk Arun, kadospundi tumrap sariranipun mênggah gêsang cara modhèrên wau saking pamanggihipun, punapa kêdah sarwa brêgas: sarwa kèju, martega, radhiyo, mèbêl wêdalan Andrisê, sapanunggilanipun.

Bab II. Kadospundi gêsangipun wanita mudha ingkang winastanan modhèrên. Bab punika kados sampun katêrangakên dening sadhèrèk Landêp (mariksanana Kajawèn ăngka: 74), namung ing ngriki kula inggih andhèrèk nguruni pamanggih sawatawis murih saya cêtha.

Wanita mudha ingkang winastanan modhèrên punika saking pamanggih kula kenging kagrêba dados kalih, sapisan, inggih punika kadosdene katêranganipun sadhèrèk Landêp, kaping kalih kados ngandhap punika:

Wanita mudha ingkang niru tatacara utawi kasusilan [kasusila...]

--- 162 ---

[...n] kilenan, jalaran kabêkta saking sêsrawungan lan pakulinan ing sabên dintênipun nalika taksih sinau wontên ing pamulangan ingkang adhêdhasar kilenan, upaminipun Mulo., H.B.S., A.M.S. lan sanès-sanèsipun. Măngka daya pandhêsêking kawruh lan kasusilan kilenan wau tumanduking dhatêng băngsa kula anggêgirisi sangêt, mila inggih botên lăngka yèn lajêng para wanita mudha băngsa kula kasupèn utawi ngêmohi dhatêng kasusilanipun piyambak, sanajan kasusilanipun piyambak wau botên kirang ingkang taksih prayogi dipun angge, kosokwangsulipun tatacara utawi kasusilan kilenan wau inggih dèrèng kantênan sae sadaya. Namung sarèhning manungsa punika kawon dening daya pandhêsêking jaman, dados sok inggih lajêng wontên lêlampahan salah kaprah. Kados yèn kalajêng-lajêngakên ngrêmbag bab punika, rêkaos sangêt ingkang dados juru panimbang.

Badhe kasambêtan

Mbok S. Wir, Rêmbang

Bab olah-olah

Bothok jagung nèm

Mundhuta jagung nèm sadasa iji, yèn sagêd miliha ingkang mêntas ngundhuh, awit raosipun lêgi, punika kaparud, kaulêg sarêng kalihan urang têlês ingkang sampun kaoncekan. Bumbunipun: sarêm, lombok, brambang, bawang, kêncur, godhong jêram purut, laos, kêtumbar, jintên, gêndhis pêthak sasendhok tèh.

Bumbu wau kaulêg rumiyin, manawi sampun lêmbat, parudan jagung tumuntên dipun ulêg pindhah ngantos lumêr, katoyanan santên samurwatipun. Lajêng ngublaka tigan ayam, satunggal punapa kalih, kaêmoran kêthokan godhong brambang, ulêg-ulêgan kasêbut lajêng kacarub dados satunggal, tumuntên dipun wungkusi, kakukus. Minăngka lawuh nêdha.

Bothok sêkar sêmbadra

Langkung rumiyin nêrangakên godhong sêmbadra, inggih punika jinising tanêm tuwuh băngsa pêthetan marambat, adhakan katanêm ing sangajênging griya utawi ing pagêr, wigatos kangge aling-aling angin. Yèn ing padunungan kula, sawênèh tiyang mastani: sêkar Prabu Kênya, mênggah wujuding godhongipun ijêm, wangun saèmpêr kupu, sêkaripun pêthak, sok karambatakên ing taritising griya utawi payon.

Pêthetan kasêbut nginggil punika kajawi manjing minăngka pasrèn, pupus tuwin sêkaripun kenging kadamêl lawuh nêdha, inggih punika kakukus minăngka kuluban, mathukipun mawi kalethokakên ing sambêl asêm.

Wondene sêkaripun, prayogi sangêt yèn kabothok mawi kacampur kalihan daging cacahan, urang lêmbat, tigan ayam, rajangan lombok ijêm sarta kêthokan godhong brambang. Mênggah bumbunipun: sarêm, traos, kêmiri, brambang, bawang, kêtumbar, laos, godhong jêram purut, lombok abrit watawis 2-3 iji, gêndhis pêthan [pêtha...]

--- 163 ---

[...n] sasendhok tèh, asêm kalih klungsu. Bumbu punika kaulêga ingkang lêmbat sarta lumêr, lajêng katoyanan santên samurwatipun, lajêng sêkar sêmbadra tuwin ubarampenipun wau kacampur ing ngriku, namung pangêrmoring tigan kêdah sarana kaublak langkung rumiyin, kasarêng kalihan rajangan lombok ijêm tuwin kêthokan godhong brambang. Bilih sampun samêkta sadaya, kadadosakên satunggal, tumuntên dipun wungkusi mawi godhong pisang gajih utawi pisang kluthuk ingkang nèm, agêng aliting wungkusan sakêparêngipun ingkang ngolah, lajêng kakukus ngantos matêng. Wah punika miraos yêktos, lowung kangge cagak bêtah. Wosipun yumbang lêlawuhan nêdha.

Badhe kasambêtan

Kula juru dang K. 1815

Ing Malang.

Pawon agêng

Ingkang dipun wastani pawon agêng, punika papan kangge olah-olah ingkang nyêkapi kangge ngingoni tiyang kathah. Namung limrahipun ingkang dipun wastani pawon punika papan kangge olah sêkul, dene lugunipun ingkang nama pawon punika papanipun ingkang kangge nglatoni.

Tumraping karaton, ingkang dipun wastani pawon agêng, punika inggih papan ingkang kangge ngolah sêkul kangge ingoning kawula dalêm ingkang sami angsal cadhong sêkul. Ing ngriku caraning olah (adang beda sangêt kalihan caranipun tiyang adang limrah, dandangipun patèn dipun lepa kalihan pawon, dipun wastani: sablugên, cacahipun pintên-pintên dasa, dipun latoni tanpa kèndêl ngantos sakacêkapipun.

Nanging tumrap cara kilenan, cara ngingoni tiyang kathah sabên dintên, punika kathah, kados ta ing kapal, hotèl ingkang agêng-agêng, saya malih ing tangsi. Mila bab caraning olah sêkul wau inggih dipun wontênakên pirantosipun piyambak, botên beda kados caraning ngliwêt, nanging pirantosipun agêng sangêt, sacêmplungan kenging kangge ngolah uwos saprapat dhacin.

[Grafik]

Ingkang pinanggih ing jaman sapunika, kathah tiyang angguran, golonganing angguran wau wontên ingkang angsal cadhong sêkul saking nagari sabên dintên. Ingkang makatên punika tumrap pangolahing sêkul ugi ngangge pirantos kados ingkang dipun tindakakên wontên ing kapal sapanunggilanipun wau. Wujudipun kados ingkang kacêtha ing gambar. Punika ingkang tumindak wontên ing Bandhung, kangge ngingoni tiyang 1000.

--- 164 ---

Bab palakrama

Cara enggal

Tatacara punika pancèn ewah-ewah, kabêkta kawontênaning jaman ingkang dipun lampahi. Kathah sangêt tatacara Jawi ingkang sampun oncat saking paugêran kina, prêlu kangge nututi lampahing jaman, makatên ugi bab palakrama, punika inggih sampun ewah-ewah tinimbang lampahipun ing kina. Miturut sêrat-sêrat babad, ing kina, nalika tiyang Jawi taksih winastan mulya, inggih punika kala jaman Majapait minggah, lampahing palakrama punika ingkang kathah tiyang sêpuh sarujuk kalihan anak, inggih punika lare dipun taros rumiyin, punapa condhong badhe kadhaupakên kalihan punika, manawi sampun sami condhongipun, tiyang sêpuh ingkang rêrêmbagan. Wontên ugi ingkang pilihan saking lare, tiyang sêpuh ingkang nglantarakên, wosipun tiyang sêpuh kalihan lare kêdah sarêmbag, ewadene ugi wontên lare ingkang gathuk piyambak, nanging punika kalêbêt nyêbal.

Sapêngkêripun punika, sarêng tiyang Jawi suda kuncaranipun, lampahipun palakrama lajêng ewah, kados cara lami ingkang mêntas kula andharakên ing ngajêng.

Dumugi jaman sapunika, sarêng tiyang jawi badhe wangsul kamulyanipun, bokmanawi lampahing palakrama ewah malih ngangge cara enggal, inggih punika ingkang kalimrah katindakakên para mudha pangajaran. Bab sêsemahan punika limrahipun katindakakên (pamilihipun) saking lare piyambak, amargi manawi ngèngêti agênging prêlu, sarta têtanggêlanipun tiyang sêsemahan, mokal sagêdipun nêtêpi manawi angsalipun botên kanthi katrêsnan sayêktos, kalihan malih sêsemahan punika manawi wontên pait gêtiripun, ingka[15] ngraosakên inggih lare ingkang nglampahi piyambak, dados manawi pamilihipun kapasrahakên ing tiyang sanès, punika nama gumluwèh sangêt, sarta tiyang ingkang gumagah purun amilih-milihakên, punika manawi klèntu, ngantos damêl sangsaranipun lare ingkang nglampahi, tiyang wau nama duraka sangêt, awit prasasat nyukani wisa dhatêng anak. Mila prêlu sangêt para lare nèm kêdah ngupados jodho piyambak, sabab ingkang dipun jak nyanggi têtanggêlaning gêsang.

Ing ngajêng sampun kula aturakên manawi sêsemahan ingkang sagêd nêtêpi punika kêdah dhêdhasar katrêsnan sayêktos, kadospundi pamilihipun jodho, ingkang sagêd angsal makatên, amasthi botên cêkap ningali wêwarnèn sarta solah tingkahipun kemawon, nanging prêlu sangêt kêdah nyumêrêpi pamanahan sarta kalakuanipun rumiyin, wusana ngantos sagêd nanêm katrêsnan, aos-ingaosan, ingkang badhe kangge talês dhêdhasaripun ing benjing. Dene sagêdipun makatên, sampun tamtu kêdah katindakakên sarana wêwanuhan rumiyin, nanging sampun kasupèn, tujuning wêwanuhan namung kangge nyumêrêpi kalakuan, sarta nanêm katrêsnan, upami kêdah ngantos langkung saking punika, punika sanès ingkang dipun kajêngakên cara enggal.

Badhe kasambêtan

Brata Raharja

K. 1753

--- [1329] ---

 


pralêbda. (kembali)
ninggal. (kembali)
administrasi. (kembali)
… Kula ajêng-ajêng yêktos, mugi sampun kêsupèn. (kembali)
sanajan. (kembali)
salêbêtipun. (kembali)
Tiongkok. (kembali)
tiga. (kembali)
tampi. (kembali)
10 Walandi. (kembali)
11 nyanjata. (kembali)
12 cacah. (kembali)
13 wau. (kembali)
14 Tiyang. (kembali)
15 ingkang. (kembali)