Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Image

Ôngka 18, Rê Pa, 20 Bêsar Alip 1867, 3 Marêt 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

SRITANJUNG

GANCARAN AKSARA LATIN.

Radèn Sidapêksa suwita dhatêng Raja Adikrama ing Sinduraja, kanggêp pangawulanipun, lajêng dipun junjung dados patih. Abdi sanèsipun sami mèri dhatêng kabêkjanipun Radèn Sidapêksa, sami wadul dhatêng sang prabu. Sang prabu ndhahar atur ngamandaka. Radèn Sidapêksa dipun tundhung alus. Sang prabu api-api gêrah, Radèn Sidapêksa kadhawuhan pados jampi, lajêng bidhal. Lampahipun dumugi ing pratapan Pêrangalas, kapanggih sang pandhita Têmbangpetra. Sang tapa ngandika bilih karsanipun sang prabu nyalawados. Radèn Sidapêksa matur badhe andhèrèk martapa, sang pandhita botên marêngakên, awit sang radèn taksih panjang lêlampahanipun, malah lajêng kapundhut mantu, kadhaupakên kalihan wayahipun ingkang nama Dèwi Sritanjung sarta lajêng dipun dhawuhi wangsul dhatêng nagari.

Dumugi nagari Dèwi Sritanjung dados gumunaning akathah saking ayunipun. Prabu Adikrama kèlu dhatêng pawartos. Radèn Sidapêksa dipun timbali, dipun utus dhatêng kaendran mundhi sêrat.

Sapêngkêripun Radèn Sidapêksa, sang prabu rawuh dhatêng kapatihan kapanggih Dèwi Sritanjung. Dèwi Sritanjung badhe dipun garwa botên purun, malah lajêng ngesahi. Sang prabu duka sêmu lingsêm ing panggalih, amargi katampik ing wanita. Lajêng kondur ing kadhaton kanthi cuwaning panggalih.

Sawangsulipun saking kaendran Radèn Sidapêksa têrus sowan sang prabu ngaturakên lêlampahanipun dipun utus. Ing lair sang prabu katingal suka ing panggalihipun. Lajêng ngandika ingkang botên-botên. Dhandhang diunèkake kuntul, kuntul diunèkake dhandhang. Dèwi Sritanjung dipun cariyosakên lambang sari kalihan tiyang sanès.

Radèn Sidapêksa, bawanipun taksih mudha, mirêng pangandikanipun sang prabu wau panon sumrêpêt kados katapuk, lajêng pamit mantuk kanthi ngêmu duka.

Sadumuginipun ing dalêm dipun papagakên ingkang garwa, botên ananggapi. Dèwi Sritanjung lajêng ngandharakên tindakipun sang prabu. Radèn Sidapêksa botên pitados, kagalih aturipun ingkang garwa wau botên nyata. Sang dèwi lajêng badhe dipun antukakên dhatêng Pêrangalas.

Sarêng tindakipun Radèn Sidapêksa sagarwa dumugi ing wana, dukanipun dhatêng ingkang garwa botên kenging kaampah malih. Sang dèwi lajêng dipun pêjahi. Nalika badhe dipun suduk, Dèwi Sritanjung matur: manawi rahipun anggônda awon nyata saliranipun pancèn lêpat. Nanging kosokwangsulipun manawi anggônda arum angambar, Radèn Sidapêksa ingkang kirang titi. Radèn Sidapêksa botên angrèwès dhatêng aturing garwa. Ingkang garwa èstu dipun têlasi. Nalika badhe angrêsiki wangkinganipun dhatêng lèpèn, Radèn Sidapêksa priksa yèn kampuhipun kenging rah sarta ambêtipun wangi. Sanalika Radèn Sidapêksa kagugah katrêsnanipun dhatêng garwa, lajêng gandrung dadakan. Kasupèn bilih ingkang garwa sampun seda.

Kacariyos yitmanipun Dèwi Sritanjung minggah dhatêng kaswargan, kapanggih kalihan Hyang Dwarakala. Sang dèwi lajêng dipun têdahakên dhatêng panggenaning yitma ingkang dipun siksa, jalaran nalika gêsangipun mandamêl ingkang botên lêrês. Sasampunipun tutug anggènipun mriksani, yitmanipun Dèwi Sritanjung lajêng dipun wangsulakên dhatêng raganipun. Dèwi Sritanjung gêsang malih, sarta warninipun saya wêwah ayu. Lajêng wangsul dhatêng pratapan Pêrangalas.

Kocapa Radèn Sidapêksa ingkang tansah anggêtuni sedaning garwa, lajêng dipun rawuhi dening Hyang Nini, punika kalêrês eyangipun Dèwi Sritanjung. Hyang Nini paring dhawuh bilih Dèwi Sritanjung gêsang malih, samangke sampun wangsul dhatêng Pêrangalas. Radèn Sidapêksa bingah sangêt, lajêng nusul ingkang garwa dhatêng pratapan. Sadumuginipun ing pratapan, Radèn Sidapêksa asrah kalêpatan dhatêng Sang Bagawan Têmbangpetra, sang tapa ugi paring pangaksama. Dèwi Sritanjung dipun panggihakên kalihan Radèn Sidapêksa, nanging sang dèwi nyuwun tumbasan: inggih punika sirahing ratunipun, prêlu badhe kangge kèsèd. Radèn Sidapêksa nyagahi, lajêng nyuwun pamit dhatêng ingkang eyang sang bagawan. Sang bagawan marêngakên, sarta paring pusaka.

Prabu Adikrama mirêng yèn badhe kadhatêngan mêngsah, lajêng mêpak bala. Sasampunipun sami samêkta lajêng sami campuh prang. Bala Sinduraja têtumpêsan. Prabu Adikrama tiwas wontên ing paprangan. Prajurit ingkang gêsang lajêng sami têluk dhatêng Radèn Sidapêksa. Rajabrana ing Sinduraja dipun jarah rayah kabêkta dhatêng Pêrangalas.

Radèn Sidapêksa lajêng kadhaupakên malih kalihan Dèwi Sritanjung, wilujêng tanpa sambekala.

Makatên cêkakipun cariyos Sritanjung. Ing sarèhning namung cêkakan, sêngsêming cariyos botên katingal. Môngka saèstunipun cariyos Sritanjung punika kêbak ngês lan kêbak sêngsêm. Kajawi punika ugi wontên piwulangipun ingkang sae sangêt. Kados ta nalika Dèwi Sritanjung ningali kawontênaning yitma ingkang sami nandhang dosa.

Kula aturi nyatakakên maos piyambak. Têmtu marêm. Rêginipun namung f 0.30

WÊDALAN, BALE PUSTAKA, BATAVIA-CENTRUM.

--- [265] ---

Ôngka 18, Rê Pa 20 Bêsar Alip 1867, 3 Marêt 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Bali - Prakawis Kawontênanipun Petangan Warni-warni - Patirakatan Rêdi Taruwôngsa - Petromax - Dayaning Dhuwit, Kawontênan ing Mêsir - Lotre - Dhaharan Agêng - Bab Tayuban tuwin Dhangsah - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

--- 266 ---

Raos Jawi

Prakawis Kawontênanipun Petangan Warni-warni

Tumraping pasatoan (salakirabi) ing jaman kala samantên, bab rêmbag anjodhokakên anak putu punika: purba wisesa gumantung wontên pangwasaning tiyang sêpuh, dados wosing wigatosipun ing petang wau, sapisan supados tiyang sêpuh sagêd aniti anon pamirêng tumrap pamawrating têtimbangan, upaminipun: timbanging warni, timbanging kalakuan, ingkang kaping kalih upami botên pinanggih lan panujuning manah kacondhongan. Gèsèhing petangan sakêdhik kalih kêdhik kenging kangge sêngadi minôngka sangsalaning rêmbag botên kadadosan, prêlu panulak sak-sêriking manah. Saupami têmêna saking sabab awoning petangan, kalih pisan wau têtêp nama nanêm winihing piawon. Wusana kayêktènipun sulaya, petang wau ingkang kathah prasasat botên kagatosakên babarpisan, para tiyang sêpuhing lare, namung ngangge paugêran: amburu rob-rob makatên: kathah liripun. Sarèhning tatacara kados makatên wau nama: mukir dhatêng mênggahing kanyataanipun. Manawi angakêni mênggahing kanyataan, bab jêjodhoan punika purba wisesa kêdah gumantung dhatêng ingkang badhe nglampahi piyambak-piyambak, babarpisan botên kenging dipun timbang ing tiyang ingkang botên badhe nyandhang, amargi kaotipun tiyang ingkang nyawang lan ingkang nyandhang punika, têbih sangêt sungsatipun, botên kenging dipun takêr botên kenging dipun ukur ing liyan. Ingkang kaping tiga, têtêping panganggêp dhatêng awon saenipun pinanggih ing petang wau: sampun kalêbêt nama anglampahi pandamêl awon (nêrak pêpacaking kanyataanipun ing raos kamanungsan). Ingkang kaping sakawan, bab manggihakên saening wicalan, punika sayêktosipun: pangulahing basa wangsalan, ngupadosi kapanggihing petangan: petung kramanipun, wical, jawaban. Ngucali kêpanggihing manah, têgêsipun ingkang dipun upadosi ingkang sami kêpanggih sacondhonging manah, wigatosing raos inggih kêdah ingkang sami nglampahi. Amila dumuginipun ing jaman sapunika, ewahing tatacara kina sampun botên kenging dipun tanggulangi, amargi namung nêtêpi kasantosanipun ugêring kanyataan.

Petangan dintên, tanggal, wulan, taun, kangge gadhah damêl, pindhahan griya, ngêdêgakên griya lan liya-liyanipun, wosing wigatos sarèhning pandamêl sadaya wau, sami mêsthi kanthi angwontênakên waragad, amila prêlu kêdah mawi dipun watêsi ing wêwaton môngsakalanipun, botên kenging ngangge sakajêng-kajêngipun piyambak kemawon, dados wêwaton saening wulan sapanunggilanipun wau, prêlu mardi supados nata pangatos-atos badhe dumugining damêl sagêda bingah tulus, liripun sabibaring damêl inggih ugi sagêda rampung sayêktos, sampun ngantos taksih anggantung rêribêd lan pakèwêd, dados petang wau môngka sarana pangrêksa karibêdan [karibêda...]

--- 267 ---

[...n] lan pakèwêd ing wingking, cocog lan namaning: petung, dados samubarang kêdah dipun petang ingkang saèstu. Nanging wêkasanipun ingkang sampun limrah kêlampah botên makatên, ingkang ginatosakên namung saening petangan dintên, wulan, taun, petang thok. Takêran lan ukuraning kêkiyatan: dipun pêjahi, sêg. Malah petang saening wulan sapanunggilanipun kangge gêgaran: anumbuk bêntus, botên trimah namung bênjut kemawon, sanadyan buncur inggih dipun têmah. Petang-petang ingkang nêtêpakên panganggêp awon saening kadadosan ingkang sami dèrèng kalampahan, punika têtêp nêrak ugi dhatêng pêpacakipun kanyataaning raos kamanungsan, inggih punika adamêl piawon dhatêng ing liyan lan dhatêng badanipun piyambak. Manawi mênggahing kanyataanipun raos kamanungsan, babarpisan botên kenging angukumi awon dhatêng sasami.

[Grafik]

Pinanggihing pangantèn jaman sapunika, ing tanah Sumatra.

Mênggah anggèn kula anggêlar pamarsudinipun ing kasaenan para linangkung kasêbut ing nginggil wau, tujuning pikajêng kula namung mugi sagêda dados panglimbanging panggalihipun para pamarsudi dhatêng kanyataaning raos kamanungsan, mugi-mugi sami panujua ing karsa kaparêng anyaèkakên dhatêng sadaya pandamêl ingkang sami taksih nawung piawoning pandamêl. Amargi miturut kanyataaning raos kamanungsan, babarpisan botên anggadhahi mêngsah dhatêng sasami (sadaya manungsa) sanadyan silih mêngsah pisan: inggih sasaminipun, dados inggih taksih kêdah tansah pinarsudi supados sagêda dados sae, akalihan sarana pandamêl sae ugi.

Katandhan, Pak Wuryanto.

--- 268 ---

Cariyos Kina

Patirakatan Rêdi Taruwôngsa

Ing sakidul wetanipun kitha kabupatèn Klathèn, wontên satunggaling rêdi botên patosa inggil, nama rêdi Taruwôngsa, ing ngriku dados patirakatan utawi panêpèn têtiyang jalêr èstri. Sabên malêm Jumuwah sakalangkung kathah. Têtiyang jalêr manawi mriku wontên ingkang nêpi, sipêng andêdagan wontên salêbêting cungkup pasarean kina, amargi ing lambunging rêdi èrèng-èrèng, wontên pasareanipun kina kacungkup. Saking cacriyosanipun ingkang sami nêpi, pasarean wau namung satunggal badan, kakijing banon panjangipun watawis 2 1/2 mètêr. Têtiyang ingkang nêpi andêdagan ngriku kêlimrah 1 dintên utawi 3 dintên 3 dalu dangunipun. Manawi têtiyang èstri prasasat namung tulak jug plêncing kemawon, dhatêng wanci jam 1, 2 sontên malêm Jumuwah, lajêng jam 5, 6 sampun wangsul mandhap.

Dongenganipun juru kunci ngriku, kacariyos ingkang sumare ing ngriku asma Pangeran Banjaransari, duk ing kina kaplajêng têrus lêlana lajêng jumênêng êmpu yasa dêdamêl wontên pucaking rêdi Taruwôngsa, ngantos dumugi sedanipun sumare ing ngriku. Nanging kaplajêng saking nagari pundi sarta jalaran saking sabab kadospundi, ingkang cariyos botên sagêd têrang anjalèntrèhakên.

Mangsuli cariyosipun tiyang ingkang sami nêpi, sasampuning dumugi kaniyatanipun anggèning sami andêdagan ing pasarean, 1, 2, punapa 3 dintên sakiyatipun piyambak-piyambak, samêdalipun saking nglêbêt cungkup, pakènipun juru kunci lajêng kapurih minggah pucaking rêdi, ing ngriku wontên sêndhangipun satunggal, agêng wiyaripun watawis sami kalihan pêngaron siti, ing nginggil tinutupan sela bundêr saistha tebok, dados ing nglêbêt botên katingal isi punapa kothong, karaning akathah nama sêndhang Sikopoh. Tiyang-tiyang ingkang anggadhahi panyuwun punapa-punapa, sarana nênêpi andêdagan ing pasarean wau, kêdah lajêng pados tôndha sarana ambikak sela tutuping sêndhang Sikopoh kasêbut nginggil, gêntos-gêntos majêng tiyang satunggal-satunggal. Patrapipun bilih sêsarêngan langkung saking tiyang satunggal, tiyang ingkang kathah-kathah nyingkir nêbih rumiyin, ingkang ambikak sela tutuping sêndhang namung tiyang satunggal, dipun tênggani dening juru kunci.

Sasampuning tutup kabikak, ing nglêbêting sêndhang katingal cêtha wela-wela, kawontênanipun ngriku botên mêsthi, trêkadhang isi toya mêncêp-mêncêp, wontên prêcilipun kodhok ijêm satunggal, kumambang colat-colot ing toya. Trêkadhang isi toya namung satêngah trêkadhang saparatigan, trêkadhangan malih sok katingal asat babarpisan. Wêwarahipun juru kunci dhatêng ingkang ambikak tutup sêndhang, bilih katingal toya agung mêncêp lan wontên [wo...]

--- 269 ---

[...ntên] prêcilipun kodhok ijêm, punika mratandhani yèn tiyang wau badhe nuntên agung rêjêkinipun botên sagêd susut-susut, bilih isi toya sêtêngah, inggih badhe karêjêkèn nanging cêkapan. Bilih isi toya saparatigan utawi saparasakawan, inggih ugi badhe karêjêkèn nanging sakêdhik. Makatên sapiturutipun undha-usuk, mawa-mawa kojur mujuring badan, dene yèn sêndhang katingal asat tanpa wontên toyanipun babarpisan, tôndha tiyang wau badhe botên karêjêkèn babarpisan. Gêntos-gêntos ngantos sakêmputipun têtiyang ingkang mêntas nêpi ing pasarean, sami ambikak sela tutup sêndhang kasêbut nginggil, kawontênanipun adat ingkang sampun-sampun botên sami.

[Iklan]

Kawuningana para maos, bilih kawontênanipun salêbêting sêndhang beda-beda, punika mila pancèn nyata, sabên tiyang satunggal sasêrêpanipun piyambak-piyambak, namung wêwarahipun juru kunci prakawis dados tôndha bêktan kojur mujuring badan, punika kula botên sagêd ngêbabi utawi ngalami. Dados kula namung sadrêmi nyariyosakên dongèngipun juru kunci wau.

Wondene manawi para maos wontên ingkang kaparêng badhe priksa dununging rêdi Taruwôngsa ingkang kacariyos ing nginggil, nitih sêpur mandhap sêtatsiyun Cèpèr N.I.S. lajêng numpak kareta tambangan, ngidul ngetan watawis 15 pal têbihipun kirang langkung. Wasana nyuwun pangapuntên para maos.

P.K. 585.

--- 270 ---

Dayaning Dhuwit

Sambêtipun Kajawèn nomêr 17

[Dhandhanggula]

Pamêcane akèh para alim / kang alime tarlèn mung pulasan / lire mung lamisan bae / ing jaba putih mênthur / balik ing jro kuning gumrining / têgêse putih jaba / katon yèn dinulu / sajak suci têmênanan / kadidene panuntun arjèng dumadi / sungkême trusing driya //

dumadakan ing jêrone kuning / lire kuning iku tindak arda / kagêdhèn kamelikane / dadine ora cundhuk / ing laire kalawan batin / tan pêgat mêmungsuhan / kang satêmah luput / ing sabarang kang dèn arah / lair rusak batine pating saluwir / dadi kopar kapiran //

saka dènnya trêsna marang dhuwit / nganti lali sanak lali kadang / lali tôngga têparone / trêsnane wis ngalumpuk / dadi siji mung marang dhuwit / sawênèh nganti ana / bapa tukar padu / karo anak rêbut bôndha / kang mangkono arane cilaka mêncit / angrusak paugêran //

wus têtela prabawane dhuwit / ngasorake wijine katrêsnan / katrêsnan kang sabênêre / katrêsnan kang satuhu / tarlèn trêsna sagung dumadi / sing sapa sinung bôndha / bungah atêtulung / marang sapa kang kasrakat / wong kang miskin dènira ngupaya dhuwit / akanthi panarima //

lire kudu diprayitnèng ati / saanane ora ngôngsa-ôngsa / ora ngawag ngawur bae / sumingkir sing laku dur / nadyan thithik ugêr basuki / manpangat yèn pinangan / nyandhêt hawa napsu / ora bakal amêmadha / kumacelu kumudu-kudu madhani / karo kang sugih bôndha //

wêwatêkan garang nanging garing / iku yogya padha sinirika / lamun ngarah rahayune / karana dhuwit iku / ora liya iya piranti / manungsa kang iyasa / kanggo srana nyakup / kabutuhan bale wisma / kang satimbang kalawan drajating urip / drajate beda-beda //

yèn trêsnane uwong marang dhuwit / kongsi luwih saka ing pamurwat / mêsthi sirna piandêle / marang Hyang Maha Agung / kang sinêmbah sagung dumadi / jêr anggêr paugêran / tumrap para makluk / sapa sugih wajib dana / sapa miskin wajib padha angulari / butuhe bale wisma //

dènnya padha angulari dhuwit / kudu nganggo patrap kang pasaja / ora kêna ganggu gawe / mitênah apus-apus / ambêk siya alaku juti / niaya pala cidra / supadya tan tuwuh / kamlaratan andrêbala / anjalari akèh janma laku silib / suda têntrêming praja //

ing sarèhne dhuwit iku prapti / dadi kudu bisa ngêtrapêna / kapriye mungguh tanjane / kalamun mung tinumpuk / anèng pêthi tansah winilis / kinarya dana eman / malah golèk wuwuh / jare cikbèn kineringan / yèn mangkono arane kuwalik-walik / dadine karèh bôndha //

môngka sapa sing pracayèng Widdhi / lamun sinung sugih rajabrana / abangêt suka sukure / sawise suka sukur / wis tartamtu nêtêpi wajib / tumindak adêdana / akèh tan pinetung / jêr danane para titah / jaman akir tartamtu antuk gêgênti / tikêl matumpa-tumpa //

yèn wong sugih gêlêm mitulungi / mring wong mlarat ing samurwatira / kêna kanggo nyambut gawe / wong mlarat bisa wêruh / mring wajibe dipitulungi / tumuli nambut karya / kanthi anggarêgut / anggêmèni kayanira / dadi aran padha bisa nganggo dhuwit / ing donya karaharjan //

Ki: Darmaprawira. Malang.

--- 271 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Mêsir

Mênggahing panganggêp, jaman punika tansah pinanggih santun-sumantun, manawi dipun pêndhêt petanganipun ingkang cêkak, saumuring kêpala somah punika sampun kenging dipun anggêp sajaman, dene manawi tumap nagari, sajumênênging nata, punika sajaman.

[Grafik]

Sang Nata Faroek nuju badhe têdhak nitih kapal dhatêng bênawi Nil.

Ingkang pinanggih ing Mêsir, ing wêkdal punika kenging dipun wastani sawêg ngancik jaman enggal, inggih punika jumênêngipun nata enggal Prabu Faroek. Ing ngriku kawontênaning praja inggih pinanggih sarwa enggal.

Sasedanipun nata suwargi, punika kapetang kathah cikalan-cikalan babagan wigatos, tuwin kawontênaning golongan ingkang rumiyin tansah damêl orêging praja, upaminipun golongan Wafd inggih sawêg kemawon pinanggih tata.

Dene ingkang langkung wigatos tumraping Mêsir, punika anggèning prajanjian kalihan Inggris. Bab punika pangrêmbagipun sampun wiwit nata suwargi, sarêng nyêlaki badhe rampung, sang nata seda. Dados ingkang manggih wohipun, panjênêngan nata ingkang sapunika.

Mênggah wos-wosing prajanjian, Inggris botên badhe andèkèk wadyabala malih wontên ing Mêsir. Prajanjian punika tumindak ngantos 20 taun. Manawi dumugining watês samantên wau wontên ingkang prêlu dipun ewahi, badhe dipun ewahi. Nanging manawi prêlu utawi sami condhongipun, prajanjian wau kenging dipun ewahi sasampunipun tumindak 10 taun. PranjianPranjanjian. punika adhêdhasar mêmitran, dados sanadyan wontên ewah-ewahan kados punapa, adêging mêmitran botên ewah. Saupami wontên pasulayanipun, badhe kapilênggahakên dhatêng nagari sanès, murih sagêd angsal têtimbangan, ingkang kanthi jêmbaring wawasan.

Prajanjian-prajanjian ingkang kados makatên wau, inggih tinampi ing rakyat kanthi gambiraning manah, rumaos kadumugèn punapa ingkang dados pangajapipun.

Ing salajêngipun, samôngsa wontên paprangan, môngka nyangkut salah satunggalipun ingkang aprajanji, punika tumrap ingkang botên kasangkut kêdah tumut [tu...]

--- 272 ---

[...mut] ambiyantu, adhêdhasar prajanjian ing Polkênbon, ingkang akajêng ambelani golonganipun. Kajawi punika manawi wontên paprangan utawi pangancam ingkang badhe andadosakên paprangan, utawi kasamaran ingkang jalaran pasulayaning rêmbag saking golonganing nagari-nagari, Mêsir kêdah suka palilah ombèr dhatêng Inggris migunakakên palabuhan ing Mêsir, papan anggêgana, utawi margi-margi ingkang prêlu kaambah. Cêkakipun Inggris angsal kamardikan saking Mêsir ingatasing kawigatosan wau.

[Grafik]

Sawangan ing sacêlakipun Suès Kanal ing Porsaid.

Tumraping Suès Kanal, Inggris kawênangakên andèkèki prajurit dharatan wontên ing laladan ngriku, cacahipun botên kenging langkung 10.000. tuwin wadya anggêgana sabragada, kanthi motor mabur 400. Pandèkèking wadyabala ing ngriku punika mawi watês dumugi Mêsir sagêd ngawontênakên wadya pajagèn piyambak wontên ing Suès Kanal. Dene samôngsa wontên pakèwêd saking golonganing nagari-nagari, wadya wau kenging dipun wêwahi. Manawi Mêsir botên kêdugi ngawontênakên pajagèn ing Suès Kanal piyambak, kêdah ngawontênakên rêmbagipun nagari kêkalih wau saha kêdah kapasrahakên dhatêng sintên.

Parentah Mêsir kêjibah damêl tangsi wontên ing laladan Suès Kanal, kangge papaning wadya Inggris. Kajawi punika ugi kawajibakên damêl margi ingkang sambêt kalihan Alexandrie tuwin Cairo, makatên ugi damêl sambêtan margi sêpur ing laladan Suès Kanal. Sadhiyan papan tuwin margi wau prêlu badhe kangge lumèngsèring wadya Inggris dhatêng panggenan ngriku. Nanging tumrap wadya Inggris ing Alexandrie kenging manggèn ing ngriku dumugi wolung taun.

Sawarnining prajanjian sadaya wau tumrapipun Mêsir [Mê...]

--- 273 ---

[...sir] ugi nama sampun manggih kajêmbaran tuwin kamajêngan, amargi panguwaos Mêsir pinanggih sairib kemawon kalihan Inggris, sanadyan tumindakipun taksih kêtitik anggadhahi mênangan sakêdhik, nanging raosipun panguwaos wau dangu-dangu saya suda, amargi punapa ingkang dipun tindakakên dening Inggris wau kadosdene nênuntun, kados ta Mêsir taksih kawênangakên nêdha panimbang dhatêng Inggris, upsir-upsir manut pangajaran Inggris.

Ing bab tatanan makatên punika tumrap Mêsir lajêng minggah drajatipun, lajêng badhe sagêd malêbêt dados warganing Polkênbon. Karajan Irak ambiyantu supados Mêsir sagêda tumuntên kalampahan dados warga. Ing sapunika sawêg dados rêmbag wontên Polkênbon ing bab anggèning Mêsir badhe malêbêt dados warga wau, kintên-kintên karampunganipun pinanggih wontên salêbêtipun wulan Mèi.

[Iklan]

Tumrap Inggris ugi ambiyantu sangêt dhatêng bab panêdhanipun Mêsir punika, malah Inggris ugi ngusulakên supados nagari-nagari laladan Inggris ingkang sampun mandhiri ugi sagêda katampèn dados warganing Polkênbon.

LOTRIJ

[Grafik]

--- 274 ---

Dhaharan Agêng

Tumrapipun pangantèn bôngsa Jawi, ingkang nama dipun pahargya agêng-agêngan, ing papaning kêmbul bujana pangantèn mawi dipun dèkèki dhaharan agêng. Mênggah wujuding dhaharan wau bangsaning kuwih ingkang dipun rêngga-rêngga sakalangkung pèni. Rêginipun awis. Limrahipun dhaharan ingkang kados makatên punika inggih dipun pêcah ing kalanipun kêmbul bujana wau.

Ingkang pinanggih ing Batawi, tumrap tiyangipun siti, manawi nuju gadhah damêl mantu ugi ngawontênakên dhaharan agêng wau, namung caranipun beda sawatawis, dhaharan wau botên kenging dipun êpik-êpik. Ing salêbêtipun taksih wontên tamu, botên ewah wujudipun. Ing mangke samôngsa sampun tuntas-tuntasan, wontên ingkang ngantos sawulan, sawêg dipun pêcah. Malah wontên dhaharan wau ingkang namung nyewa. Patrap nyewa makatên wau kabêkta saking tiyang ingkang sèkèng, kêpêksa ngawontênakên, jalaran saking tatacara. Nanging pinanggihipun ing sapunika, sarèhning rêginipun kapetang sampun mirah, inggih lajêng ngawontênakên piyambak.

Ing bab dhaharan kados makatên punika pancèn sampun kêlimrah, saya malih tumraping bôngsa Eropah.

Ingkang kacêtha ing gambar punika ingkang dipun wastani kuwih pangantèn kala pikraman dalêm Raja Putri Juliana kalihan Sang Pangeran Bernhard. Kuwih wau pisungsungipun para sudagar kuwih.

[Grafik]

Ing ngriki para maos sagêd mriksani mênggahing wujuding kuwih pangantèn wau, dhêdhasaripun kuwih, lajêng rinêngga ing wapênipun sang pinangantyan sinêling ing sêkar, minggah-minggah ngantos dumugi ing pucak, mujudakên makuthaning karajan. Mênggah awiging rêrêngganipun sampun katingal, tur sadaya wau sarwa dhêdhaharan.

--- [275] ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Tayuban tuwin Dhangsah.

III

Garèng : Nèk tak pikir-pikir wong Jawa kuwi têka dhêmên têmên ngothak-athik. Hla wong anjogèd bae, dupèh tangane saka ing buri ditarik mangarêp lan sabanjure disêblakake mêmburi manèh: akêthuk, akêmpul, akêthuk, akênong, tiba kêmpul tangane kabênêr ana ing pulung ati karo anggênjot, tiba kênong sampure disêblakake mêmburi: byak, banjur diunèkake: saka ing buri barang sing apik dilêbokake ing sanubarine, saka sanubari barang sing ala dibuwang mêmburi. Kiraku, barêng tiba gong: pacak gulu, salin adêge, nanging isih manggon bae, ora lunga-lunga, iya ana têgêse manèh.

Petruk : O, dhinês, Kang Garèng, ing ngarêp rak wis tak andharake: kêthuk ngangkat ngoyog mangiwa, tangane têngên kaya ngêtutake lambung, banjur ukêl ana ing ngarêp, tiba kêmpul gênjot bêbandulan, ènsoporut, iki karêpe jarene: kudu awas, kudu prayitna marang sasmitaning Pangeran, kadhangkala sok disaranani pacak gulu, kuwi jarene gèdhèg: durung mas, durung, têgêse: durung ana sasmita apa-apa, mulane iya mung owah adêge bae, nanging ora ngalih saka panggonane. Dene nèk anggone anjogèd anggarudha iki wis têlung rambahan, kêndhang banjur muni ngungkung: thung thung, blang, thung thung, blang, iki jarene: sasmitaning Pangeran yèn wis kaparêng ambanjurake lakune, mulane wiwit kuwi panjogède kêna tumindak maju, yaiku sing diarani anjogèd: lampah sêkar.

Garèng : Wèh, hla iya kaya ngono kuwi rêmbuge wong sing doyan tayuban, suwe-suwe bokmanawa Petruk mêntala kôndha mangkene: Sasmita yèn wis kacêdhak bangêt ing Pangerane, ya kuwi yèn wis bisa... nyruput warangganane.

Petruk : Wong sêmbrana, kuwi rak gêgambarane wong tayuban ing jaman saiki. Kala jaman samono sing dadi pêpêthane: Pangeran mau, diaji-aji bangêt, paribasane: mundur nyêmbah, maju nyêmbah, iya ora wani yèn nganti cêdhak bangêt kuwi. Mulane ing kala samono têgêse: jogedan, iya beda karo ing jaman saiki. Yaiku: anggone tumindak gawe kanthi rêkasa mau, anjoge badan, mung sumêdya arêp anêmbah marang pêpundhène, iya kang kapêtha dening waranggana mau.

Garèng : Hara ta kono, apa iki ora mung ilmu othak-athike wong kang dhêmên tayuban bae.

Petruk : Iki aku mung arêp anduduhake kaanane tayuban ing sakawit. Miturut caritane uwong, tayuban kuwi jarene pêpêthane [pêpêtha...]

--- [276] ---

[...ne] uwong anggone nêmbah marang Pangerane. Ing wusana bangsane dhewe banjur ngrasuk agama Islam, nanging tayuban mêksa isih dilêstarèkake, nanging wiwit kuwi malih sipate, wis dudu carane manêmbah ing Pangerane manèh, nanging banjur malih dadi kagunan. Wiwit iku têgêse: jogedan, iya isih: anjoge badan, nanging sêdyane wis malih dadi: sumêdya mitongtonake kagunane anjogèd lan gêndhing. Mulane ing kalasamono tayuban pancèn iya kêna ditongton têmênan.

[Grafik]

Garèng : Iki aku rada: asese, Truk. Pancèn iya nyata, ana ing tayuban kuwi bisa nonton kapintêrane uwong ing bab anjogèd lan gêndhing. Nanging ana ing tayuban iya bisa nonton: wong gêmagus, wong kêmênthus, wong gêmaib, lan sapadhane. Mara, apa ora nganyêlake, wong panjogède mêkungkung kaya wong lagi tandur, kathik mesam-mèsêm, aku wani totohan, batine rak duwe pikiran: sakalangan kiyi aku sing bagus dhewe.

Petruk : Aja kaliru tômpa, Kang Garèng, kuwi wis gawane wong anjogèd, nèk wong lanang iya kudu anggêmagus, nèk wong wadon iya kudu ngêmayu. Mara, pikirên, yèn ana wong anjogèd, matane dipênthêlêng-pênthêlêngake, kathik cangkême mêcucu kaya wong bêbêlên, kiraku wong sing padha nonton padha bubar kabèh. Mulane saradane wong anjogèd kuwi, ing batin kudu duwe pikiran: aku bagus, utawa: aku ayu. Ing sarèhne pikirane mau mêngkono, ulate iya banjur dimanis-manisake, diluwês-luwêsake, digandês-gandêsake. Saora-orane wong ulate padhang, mulane sathithik-sathithik iya banjur mundhak bagus, utawa: mundhak ayu. Kosokbaline: bagusa utawa ayua dikaya ngapa, yèn ditongton uwong: ulate pêtêng, mrêngut, ambêsêngut, utawa mêcucu, mêsthine: baguse utawa ayune iya mêksa dibêsinêh sathithik.

Garèng : Wèh, kathik ana bae wangsulane. Saiki wangsulana manèh, ana ing tayuban kuwi bisa nonton: wong jor-joran macak.

Petruk : Wis dadi adating manusa, kêpengin diarani luwih unggul katimbang sapadhane. Wong dagang kêpengin: luwih unggul bêbathène katimbang sapadhane. Bêndara priyayi kêpengin luwih unggul brêgase katimbang bangsane priyayi. Dalasan bangsaning santri bae, iya akèh sing kêpengin luwih unggul: kirate katimbang kancane santri. Apa manèh wong lumrah ana ing pasamuwan, kayadene [kaya...]

--- 277 ---

[...dene] ana ing tayuban mau, kaya-kaya rak iya wis lumrah, ta, yèn siji-sijining uwong kêpengin luwih unggul, êmbuh brêgase, êmbuh panganggone, katimbang kônca-kancane, kang anjalari tuwuh ing jor-joran macak mau.

Garèng : Wèthèh thithèh, mangsuli manèh. Saiki apa kowe iya ambênêrake manèh, yèn ing tayuban ana wong sing duwe tindak: ambêjujag, saru, nistha, lan êmbuh apa manèh.

Petruk : Kang Garèng, ing alam dunya kuwi sajake têka wis mratah, kaanan kuwi bisa ambêkokrok jênênge, mung saka tandang tanduke wong loro têlu bae. Kayadene: sawijining pakumpulan, kang karêpe pancèn bêcik têmênan, nanging dupèh ana wargane sawatara: onthal-onthalan, ora gênah, ora patrap, saru, lan sapadhane, iya andadak diunèkake: pakumpulan èlèk, pakumpulan bisae, pakumpulan nguwatiri, wajib kudu dibubrah sacindhil abange. MêngkenoMêngkono. uga tayuban, dupèh ana wong sawatara sing duwe tindak ora bêcik, saru, nistha, banjur bae diarani: tayuban kuwi: saru, nistha, ala, wajib kudu diilangake saka ing dunya iki.

Garèng : We, hla sêmbrana, têka banjur ngungkat-ungkat krêmi mêngkono. Karêpmu kuwi apa supaya tayuban urip manèh. Saiki kiyi tayuban wis kêna diunèkake: ora ana manèh, têka banjur sêsorah ngandhar-andhar kaya lid polêksrad.

Petruk : Iya ora arêp andilat idu bacin mêngkono. Tayuban saiki wis diobralake babar pisan, aku iya wis mupakat, sabab anane tayuban kuwi pungkasane banjur ilang sipate babar pisan. Dudu carane manêmbah nyang Pangerane, lan uga dudu ngudi nyang kagunan, nanging dadi kasênêngan kang mung arêp ngumbar hawa napsune bae.

Garèng : Kajaba iku, Truk, anggone banjur le padha ora idhêp isin kuwi sing tak wêgahi. Ingatase wong asal, wong pangkat, pyayi-pyayi, ndara-ndara, ora duwe isin: kêkitêr kaya pitik ngèrèki, pêncolat-pêncolot kaya pinjal, kathik barêng-barêng karo tlèdhèk. Mara, Truk, tlèdhèk kuwi apa, jênênge bae wis: anglêlèdhèk. Êndi isine: ndara pyayi ndara pyayi mau.

Petruk : Bab sing kok unèk-unèkake kêkitêr kaya pitik ngèrèki, utawa pêncolat-pêncolot kaya pinjal, iki wis dadi kasênêngane wong sadunya, têgêse: wong sadunya kuwi kabèh padha anduwèni kasênêngan, kang kêlaire mujudake pratingkah kaya sing kok unèkake mau, dene alus kasaring pratingkah, kuwi miturut alus kasaring bêbudène bôngsa kang nindakake. Pratingkah sing kaya ngono mau, tumrape bôngsa Jawa diarani: anjogèd. Dening bôngsa mônca diakoni: mula iya alus bangêt. Nèk tumrape bôngsa Walônda diarani: dhangsih-dhangsih. Kowe êmbuh wis tau wêruh êmbuh durung, carane wong wadon Walônda dhangsih-dhangsih dhewe, lo kuwi akèh bae sing: colat-colot, colat-colot, apêthèthèk, apêthanthang, apêlêngkang...

Garèng : Hus, hus, sê-top.

--- 278 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI

Têtanèn tumrap tiyang ewah. Ing Lèntèng Agung, Bogor, kawontênakên papan têtanèn kangge tiyang ewah, pinanggihipun sae. Kajawi ing ngriku ugi sampun wontên ing sanèsipun, kados ta ing Wêdhi (Klathèn). Sadaya wau tumindakipun kanthi dipun apèn-apèni dening ahli têtanêman punapadene doktêr. Ing Sêmarang tuwin Ngayogja ugi badhe ngawontênakên tindak kados makatên. Tumrap tanah sabrang dèrèng pêrlu kawontênakên pangupakaran kados makatên, amargi wontêning panggêsangan wiwit katingal sae, tumrap têtiyang ingkang nandhang sakit kados makatên sagêd dipun opèni dening sanak kadangipun piyambak.

[Grafik]

Sawêr sawa. Ing nginggil punika gambar sawêr sawa ingkang dipun pêjahi dening salah satunggiling Walandi punggawa fabriek Dralle ing Surabaya jalaran lumêbêt ing pakawisan fabriek wau. Agênging sawêr wau para maos sagêd ngintên-intên piyambak.

Boyongan kapisanan dhatêng Lampung. Kapal Speelman tuwin Van Overstraten, gadhahanipun K.P.M. sampun bidhal ambêkta têtiyang boyongan saking tanah Jawi dhatêng Lampung tuwin Sukadana, kathahipun 294 tuwin 1850. Boyongan punika kapetang ingkang kapisanan ing taun 1937. Têtiyang ingkang kabidhalakên punika sami pilihan, kintên-kintên badhe botên nguciwani ing damêl.

Sultan Buton seda. Kawartosakên Sultan ing Buton seda dadakên.dadakan. Panjênênganipun sultan punika sampun angsal ganjaran bintang kasêtyan saking parentah.

Sêpur Acèh badhe ngawontênakên lampah dalu. Wontên wartos, wiwit benjing 1 Sèptèmbêr ngajêng, sêpur Acèh badhe ngawontênakên lampah dalu, saking Lho Seumaweh dhatêng Besitang. Lampah saking Medan dhatêng Kutaraja ingkang rumiyin 2 dintên, namung badhe 26 jam.

Secretaris Gezantschap Nederland ing Jedah. Kawartosakên ingkang katêtêpakên dados secretaris Gezantschap Nederland ing Jedah, Mr. R. Mohamad Musa Suria Nata Jumêna, fungerend mantri pulisi Paresidhenan Bêtawi.

Pest tuwuh malih. Kawartosakên, ing Purbalingga tuwuh sêsakit pest, sakawit ing laladan Mrebet lajêng tumular dhatêng Tlahap, ing sapunika tumular dhatêng dhusun Kemujing, Tlagayasa, sami laladan Bobotsari. Ing sabên Minggu wontênipun tiyang ingkang tiwas 5-7, ing salêbêting 1 1/2 wulan ingkang tiwas 50. Ing sapunika badhe kaêdêgan griya barakan.

Arta kêrtas enggal. Arta kêrtas nyadasa rupiyah enggal sampun wiwit kasêbarakên dening Javasche Bank. Botên dangu tamtu badhe kasumurupan ing umum. Arta wau wontên gambaripun ringgit tiyang. Ulêsipun wontên nêm warni, wujudipun rêmit, badhe angèl dipun tiru.

Kêmasan ing Bangil pados tuntunan. Awit saking ada-adanipun warga Parindra Tuwan Mustari, nglêmpakakên kêmasan ing Bangil, ingkang padatan sampun dhawah panguwaosing tiyang sanès. Ing bab punika Tuwan Mustari sampun sagêd têpang rêmbag kalihan Ir. Darmawan ing Surabaya, supados sagêd paring pitêdah punapadene ngrigênakên pawitan. Miturut sumêbaring barang-barang damêlan Bangil, sagêd ugi angsal margi sae.

Tulage tumrap guru ingkang angsal acte Klein Handel tuwin Landbouw. Kawartosakên, awit saking pangudinpunpangudinipun. Pêrsatuan Guru Indonesi, tumrap guru tiyang siti ingkang gadhah acte Klein Handel tuwin Landbouw, wiwit tanggal 1 Januari 1937 tumrap ingkang nyambut damêl ing pamulangan angka II, angsal tulage f 7.50 sawulan.

Salingkuhan ing Kêndal. Ing bab salingkuhan ing Kêndal, wontên mandor 5 malih tuwin hoofdmantri dipun tahan. Sadaya wau lajêng dados papriksan minangka praboting prakawis ingkang sapunika taksih pêtêng.

Lindberg langkung tanah ngriki. Kolonel Lindberg, juru anggêgana ingkang misuwur, kalihan ingkang èstri, kala Saptu kêpêngkêr anggêgana dumugi Karachi badhe dhatêng Australie. Samangsa dumugi tanah ngriki badhe mampir, nanging dèrèng katamtokakên wontên ing pundi.

Bela sungkawa. Miturut wartos saking Bogor, paduka Minister President Dr.H.Colijn, mahyakakên bela sungkawa seda dalêm sampeyan dalêm K.G.P.A.A. Pakualam.

Pênyu agêng tuwin anèh. Tuwan Bernhard, sudagar wacucal kewan Nemrod ing Surabaya, mêntas angsal pênyu ingkang anèh saking ingkang Bupati Pamêkasan. Anèhipun tuwan wau amastani bilih pênyu ingkang kados makatên punika ingkang wontên ing pasisir Florida tuwin Brazilie (Amerika). Limrahipun pênyu ingkang kados makatên punika botên nate saba têbih, punapa inggih pênyu wau saking Amerika kêsasar dumugi tanah ngriki. Pênyu wau panjangipun 1.10 m. Manawi kapetang dalah sukunipun wontên 2 m. Sukunipun tanpa kuku, êndhasipun botên sagêd minglêp. Buntutipun mèh 1/2 m. Dagingipun botên kenging katêdha, amargi mawa wisa, gandanipun amis sangêt.

Bupati Bojonêgoro. Kawartosakên R.A.A. Kusumo Adinêgoro, Bupati Bojonêgoro, dipun kèndêli. Dene ingkang anggêntosi Mas Ngabèi Prawiro Sujono, Patih Sidoarjo, angsal sêsêbutan Radèn tuwin Tumênggung.

--- 279 ---

Kaangkat dados Directeur Onderwijs. Kawartosakên officieel saking Bogor, bilih Paduka Tuan Dr. P.J.A. Idenburg, Hoofdambtenaar ingkang kabantokakên dhatêng Onderwijs, kaangkat dados Directeur Onderwijs.

Mèh botên wontên salingkuhan batu api. Jalaran saking wontêning wartos badhe mandhaping pajêg batu api, kenging dipun wastani mèh botên wontên tindak salingkuh babagan punika. Malah wontên tiyang ingkang klintu ing pangintên, dipun wastani beyanipun sampun mandhap, lajêng ambêkta barang wau dhatêng pêbeyan.

Congres P.P.B.B. Wontên wartos P.P.B.B. benjing tanggal 17, 18 tuwin 19 April ngajêng punika badhe ngawontênakên congres wontên Sêmarang. Ingkang badhe ngrawuhi warga-warga Raad Kawula, ingkang ugi sami warga P.P.B.B. kados ta R.A.A. Danusugondo, Bupati Magêlang, P.A. Gondosubroto, Bupati Banyumas sêpuh, Têngku Machmud, a.t.b. Residèn Aceh. R. Prawotokusumo, patih gedelegeerde, M. Sutarjo, patih tuwin Lanjumin Datuk Tumênggung, patih.

Ing bab badhe adêging pabrik sêpatu Bata. Ing bab wartos badhe adêging pabrik sêpatu Bata wontên ing tanah ngriki sampun rame. Ingajêng wontên wartos pasitèn ingkang dipun pilih kangge pabrik ing Bogor, nanging sande, amargi anggèning ngrêgèni siti awis sangêt. Lajêng wontên wartos malih milih pasitèn ing Citayam (Depok). Sapunika sawêg awis-awisan rêrêgèning siti.

Cursus Nijverheid. Manawi tanpa pambêngan, wiwit benjing 1 April ngajêng punika, Departement Pangajaran badhe ngawontênakên cursus sontên, laminipun sataun wontên ing Gourvernements Lagere Nijverheidsschool voor Meisjes ing Batavia Centrum. Cursus punika botên ngêmungakên tumrap guru kemawon, ugi tumrap wanita ingkang botên gadhah acte Onderwijzeres. Wulanganipun saminggu sapisan, wiwit jam 4 dumugi 6. Sasampunipun sataun kawontênakên pandadaran. Bayaranipun f 5.- sawulan, kalêbêt tumbasan prabot. Sintên ingkang gadhah panêdha kasèp-kasèpipun wontên tanggal 20 Maart, panêdhanipun dhatêng pangagêng Gouvernements Lagere Nijverheidsschool voor Meisjes Batavia-Centrum (Comidiebuurt 1).

Kajêng saking tanah ngriki. Pakaryan Wana ing tanah ngriki gadhah sêdya badhe nanêm kajêng warni-warni ing pundi-pundi ingkang kenging kangge pirantos. Ing sapunika sampun nyobi nanêm kajêng ingkang kenging kangge rèk. Cobèn-cobèn wau katindakakên wontên ing tanah Priyangan, Bantên kidul tuwin laladan Pasuruan. Kintên-kintên sawatawis taun malih sampun sagêd mêndhêt aslinipun. Miturut wartos ing sapunika padagangan kajêng saking tanah ngriki pinanggih majêng. Ingkang sampun, kakintunakên dhatêng Perzische Golf, Ceylon tuwin Hongkong.

B.K.P.W. ing Wajak. Ing Wajak wontên pakêmpalan nama B(udi) K(autamaning) P(riyantun) W(ajak). Pakêmpalan wau sabên wulan ngawontênakên pêpanggihan wontên griyaning warga gêgêntosan, sarana ngawontênakên sêsorah warni-warni, manut sêsêrêpanipun ingkang sêsorah. Tumrap ingkang ngrumaosi botên gadhah sêsêrêpan, kenging maos buku. Pakêmpalan wau inggih gadhah crediet-cooperatie, nama C.C.B.K.P.W. Ancasing C.C. wau, a. nindakakên tulung-tinulung, b.sinau gêmi, c. nanggulangi juru potang, tuwin d. suka pitulungan kasripahan. Pinanggihipun sadaya wau majêng. Ingkang dados pangarsa asistèn wêdana ingriku.

Ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, Joko Chaeruminanur, asistèn wêdana Paresidenan Bêsuki, pindhah dhatêng Paresidenan Surabaya. Mas Iskan, asistèn wêdana Paresidenan Madiun, pindhah dhatêng Paresidenan Bêsuki, R. Mukijo, asistèn wêdana Paresidenan Surabaya, pindhah dhatêng Paresidenan Madiun.

Badhe têdhak dalêm K.T. Ingkang Wicaksana. Miturut rancangan, benjing 1 April K.T. Ingkang Wicaksana têdhak Sêmarang, Surabaya, Bali tuwin Lombok. Têdhak dalêm sakalihan tuwin putri dalêm ingkang sêpuh. Tanggal 5 April bidhal dhatêng Bojonêgoro, mriksa wadhuk Pacal, salajêngipun dhatêng Surabaya. Wontên Surabaya dumugi 8 April, mriksani Marine-etablissement, papan anggêgana tuwin sanès-sanèsipun. Tanggal 8 bidhal dhatêng Pasuruan, mriksa prufstation tuwin ilèn-ilèn toya, lajêng dhatêng Tosari. Tanggal 9 dhatêng rêdi Bromo, sontênipun dhatêng Prabalingga, ingriku kapal Rigel sampun sumadhiya, têrus dhatêng Bali tuwin Lombok.

Kawontênakên "Rumah-Piatu-Muslimin" Bêtawi. Dumuginipun sapunika para ingkang paring darma wulanan dhatêng R.P.M. wontên 325. Kajawi punika ugi kathah darma ingkang namung sapisan, tuwin inggih taksih kathah darma awarni têtêdhan, pangangge, barang tuwin sanès-sanèsipun, punapa malih jakat pitrah awarni wos utawi arta. Dumugining wêkasan taun 1936 lare-lare ingkang dipun opèni wontên 73, asli saking pundi-pundi. Ing sapunika R.P.M. manggèn ing Stoviaweg no. 4A Batavia-Centrum. Bab kasarasan dipun tindakakên dening panjênênganipun R. Suharto. Arts. R.P.M. gadhah pamulangan piyambak nama Madrasatu'laitam, inggih punika H.I.S. Punggawa R.P.M. guru kangge pamulangan 2, guru agami Islam 1, verpleegster 2 tuwin punggawa sanès-sanèsipun. Warganing R.P.M. punika R.A.T. Hasan Sumadipraja, pangayoman, nyonyah Gunawan, pangarsa, nyonyah Ramenun Abdul-Chalik, panitra ngiras artaka, nyonyah-nyonyah W. Susman, D. Mohamad Rum, tuwin H. Mukadis, pambantu, nyonyah-nyonyah H.A. Salim, rangkayo Datu' Tumênggung tuwin tuwan Alim Gêlar Sutan Maharja Bêsar tuwin Tuwan Gunawan, sami warga paniti.

Film ringgit wacucal. Sampun sawatawis dintên ing pandhapi Tejokusuman, Ngayogya, mêntas ngawontênakên lêlangên ringgit wacucal, lampahan Suryatmaja Maling, dhalangipun wêdalan kursus dhalang Abiranda. Ing kala punika ringgitan wacucal wau dipun pêndhêt film dening juru damêl film. Pamêndhêtipun wau mawi dilah lêstrik 1000 wat 10 iji. Pamêndhêtipun namung dumugi gara-gara, jam 12 dalu. Manawi cobèn-cobèn punika pinanggih sae, ugi badhe dipun tindakakên malih.

EROPA

Pogokan ing Prancis. Ing kitha Besancon wontên pogokan punggawa pabrik auto Peugot, pabrik wau kêpêksa ngantos tutup. Dangu-dangu pogokan wau tumular dhatêng tukang roti. Pangagêng militèr ngawontênakên papan parotèn piyambak, kangge tiyang 60.000 ing salêbêting kitha. Punggawa pangêcapan ing kantor-kantor pangêcapan du Lyon tuwin St. Etienare ugi mogok.

ASIA

Bètèng Inggris ing Hongkong. Wontên wartos, Inggris badhe damêl bètèng wontên ing laladan Stanley, pulo ing Hongkong, laladan wau wontên 2 mil pasagi. Bab wiwitipun anggarap dèrèng katêtêpakên, nanging sampun ngawontênakên lelang borongan, damêl tangsi agêng awaragad 120.000 pondstêrling. Kajênging anggènipun yasa bètèng wau pêrlu kangge papan nanggulangi motor mabur, kanthi pirantos jangkêp.

AFRIKA

Bab bom ing Adis Abeba. Raja muda Ngabêsi, maarschalk Rodolfo Graziani, ingkang kawartosakên kenging bom, saha nandhang tatu ènthèng, ing sapunika sampun kathah mayaripun. Sadaya tiyang ingkang kadakwa nêmpuh maarchalk Graziani sami dipun pêjahi. Tumrap tiyang ingkang kêcêpêng ingkang sagêd mratelakakên botên dosa, sami dipun luwari. Sasampunipun wontên lêlampahan punika, têtiyang ingkang dipun cêpêng wontên 2000.

Ras Desta dipun cêpêng. Ras Desta, putranipun mantu tilas Nata Ngabêsi kenging dipun cêpêng dening wadya Italie, kaukum pêjah.

--- 280 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun Baronesse Orczy

39

Sêmu susah Sêr Andre ngêmungakên gèdhèg kemawon, ing wusana lajêng umatur makatên: Ing ngriki ingkang andadosakên pambêngan sanès ing bab waragad. Nanging ing samangke angin ingkang saking pasisir Prancis bantêr sangêt. Jalaran saking bantêring angin punika, botên sagêd kangge lêlayaran.

Mirêng aturipun Sêr Andre ingkang makatên wau, sang putri lajêng pucêt sangêt, awit panjênênganipun botên kagungan pangintên babarpisan, bilih badhe kapambêng ingkang makatên punika.

Sêmu sêrêng sang putri wongsal-wangsul angandika makatên: Kula kêkalih kêdah pangkat ing dalu punika ugi. Botên kenging botên, kêdah pangkat ing dalu punika. Panjênêngan rak priksa piyambak, sadaya-sadaya gumantung saking ngriki, punapa panjênêngan botên sagêd manggih akal sanèsipun, murih sagêdipun pangkat ing dalu punika.

Sêr Andre: Kula sampun dhatêng palabuhan amanggihi tiyang kapal pintên-pintên, nanging botên wontên satunggal-tunggala ingkang sagah lêlayaran ing wêkdal punika. Botên sabab têtiyang wau sami botên purun, nanging sabab botên sagêd, manawi anginipun bantêr makatên.

Ledhi Blakêne sanalika mangrêtos, mênggah ingkang dipun lajêngakên dening Sêr Andre anggènipun migunakakên têmbung: botên wontên satunggal-tunggala ingkang sagah lêlayaran, inggih punika pikajêngipun: sanadyan Sopêlin piyambak inggih botên badhe sagah nyabrang ing dalu punika. Amila sang putri lajêng anarimah saha andhawuhi dhatêng Jèliban makatên: Apa kowe sadhiya kamar kanggo panginêpanku.

Jèliban: Wontên, Lèdhi. Malah kula ugi sadhiya satunggal malih kangge panjênênganipun Sêr Andre.

Kalayan ngêpuk-êpuk gêgêripun Jèliban sajak bingah, Sêr Andre ngandika makatên: Sukur, sukur, yèn mêngkono. Wis, saiki kamar loro kuwi tatanên sing bêcik, yèn uwis rampung kowe tumuli angasoa, mêsthine kowe rak iya sayah bangêt.

Jèliban matur sandika saha lajêng kesah saking kamar tamu ngriku.

Sasampunipun Jèliban kesah, sang putri enggal-enggal lajêng dhawuh dhatêng Sêr Andre makatên: Sêr Andre, môngga sapunika kula aturi ngandika punapa ingkang panjênêngan uningani ing bab-bab ingkang gêgayutan kalihan lêlampahan punika.

Sêr Andre: Sajatosipun botên wontên prakawis ingkang prêlu kula aturakên, jalaran wontênipun angin ingkang bantêr punika, botên wontên kapal ingkang sagêd nyabrang. Ingkang punika manawi panjênêngan tuwin kula ing dalu punika botên sagêd pangkat dhatêng Prancis, makatên ugi Sopêlin inggih botên sagêd.

Lèdhi Blakêne: Dados mênggahing pangintên panjênêngan, Sopêlin punapa ing samangke taksih wontên ing Dhopêr ngriki.

Sêr Andre: Kados inggih makatên. Punapa kaparêng samangke kula ngupadosi piyambakipun prêlu badhe kula pêjahi. Awit ngêmungakên manawi Sopêlin punika pêjah, sagêdipun kula sadaya kanthi gampil luwar saking bêbaya pêjah ingkang tansah angancam punika.

Lèdhi Blakêne: Sampun, sampun, Sêr Andre. Mila lêrês, bilih ing batos kula gadhah pangajab mugi kewan pangawak manusa punika sagêda dipun cabut nyawanipun, ananging punapa ingkang panjênêngan krêsakakên wau, kados kirang utami.

Salajêngipun Sêr Andre nuntên ambujuk dhatêng sang putri supados krêsaa dhahar tuwin ngunjuk, awit anggènipun kapêksa kêdah sami ngêntosi wontên ing ngriku ngantos sagêd anyabrang dhatêng Prancis, punika dangunipun kirang langkung kalih wêlas jam. Tumrap sang putri ingkang panggalihipun tansah ing salêbêtipun kuwatos kemawon, têmtunipun botên sae, saupami panggalihipun botên dipun êyêm-êyêm. Saking kumêdah-kêdahipun Sêr Andre badhe adamêl ayêming panggalihipun sang putri, ing wusana Sêr Andre lajêng anyariyosakên lêlampahanipun ingkang raka, salaminipun ngagêm asma sêsinglon Saribang. Sêr Andre andongèngakên mênggah kaprawiran tuwin kêkêndêlanipun Saribang kala mitulungi para darah Prancis ingkang badhe mêmiruda saking nagari wutah rahipun. Kadhang kala sang putri ngantos gumujêng kêkêl, nalika mirêng kawantêranipun Saribang anggèning sagêd mancala putra mancala putri, ngantos marambah-rambah kalampahan para prajurit panjagi gapura sagêd dipun apusi. Langkung-langkung kala nginggatakên Grapin, dhê Turne, punika satunggiling pandamêlipun Saribang ingkang tanpa tandhing mênggahing kawignyanipun.

Jalaran saking dêdongengan wau, ngantos saêjam langkung sagêd manggih kasênêngan. Nanging taksih dangu malih anggènipun kêdah ngêntosi wontên ing ngriku. Kalayan ngunjal uswa sang putri lajêng jumênêng saking palênggahanipun.

Sang putri tansah anggagas, gèk wontên pundi kemawon samangke ingkang raka. Baita kapal ingkang dipun titihi Sêr Pèrsi punika kiyat, nanging punapa sagêd ngambah ing toya salêbêtipun kawontênan ingkang kados makatên punika. Miturut katêranganipun Sêr Andre, kintên-kintên baita kapal wau sampun lumêbêt ing palabuhan Prancis, sadèrèngipun wontên angin agêng wau.

Sarêng kintên-kintên mèh enjing sasang. putri sawêg krêsa tindak dhatêng kamaripun badhe sare, lan jalaran saking sayahipun wau, sakêdhap kemawon inggih sampun sagêd angliyêp sare. Badhe kasambêtan.

--- 29 ---

Nomêr 8, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Sêsêrêpanipun Tiyang Sêpuh ingkang dipun Awaki

Tatakrama tuwin kaprigêlan

Ing bab basa kados ingkang kula andharakên ing Kajawèn kala Rêbo, punika pinanggihipun kala jaman samantên, sanadyan wujudipun botên kados tiyang mulang, nanging sajatosipun malah tumindak kêncêng sangêt, awit mênggahing basa, punika dados satunggiling titikan ingkang adhakan sangêt, saupami wontên tiyang ingkang botên lêrês basanipun, adhakan dados raosan. Dados ingkang dipun wastani anak priyayi, punika akajêng jêmbar, ingkang lèrègipun akajêng sae, mila manawi wontên lare botên mriyayi, pinanggih kuciwa.

Makatên ugi bab tatakrama, punika tumraping anak èstri dipun prêdi sangêt, manawi kula manah, pamrêdining tiyang sêpuh dhatêng babagan makatên punika ngungkuli anak jalêr. Mênggah nyatanipun inggih lêrês, awit pinanggihipun ing kala samantên, anak èstri punika botên gadhah pasrawungan tiyang sanès kajawi namung tiyang sêpuhipun piyambak.

Ingkang kula wastani tatakrama, punika bab tataning lêlados tuwin ngadhêpi tiyang sêpuh, upaminipun angladosi dandos, ngladosi dhahar, ngadhêp tuwin sanès-sanèsipun. Pinanggihipun kala jaman samantên, priyantun ingkang sampun gadhah anak èstri prawan, anak wau kenging dipun wastani dados wêwakiling biyung angladosi dhatêng bapa, kados ta nyêrati, nyadhiyakakên agêm-agêman, mirokakên nyamping, nglinting sês. Manawi ngladosi dhahar, ananduki sêkul, lajêng ngadhêp wontên sacakêtipun.

Limrahipun kala jaman samantên, dhahar punika lênggah ing ngandhap, mawi bangku andhap, inggih ing ngriku punika tumindakipun tata lampah dhodhok, tandang sarwa alon, punapa-punapa sarwa alon.

Dene bab panyaruwe, punika botên wontên kèndêlipun, mlampah kêrikatên, dipun ruh-ruhi, nyèlèh piring ngantos gathik, dipun srêngêni, nanduki kêkathahên, dipun wastani ngoso, utawi dipun wastani nyamèkakên kuli. Saya manawi [mana...]

--- 30 ---

[...wi] gadhah ulat awon, wah, punika sampun têlas-têlasan, lajêng dipun srêngêni ngantos sangêt, dipun wastani awoning awon.

Cara ingkang kados makatên wau ing sêmu sajak ambaturakên anak, nanging nyatanipun botên, awit ingkang dipun wastani padamêlaning rencang, punika padamêlan ingkang kasar, kados ta asah-asah, umbah-umbah sapanunggilanipun. Pinanggihipun malah dados tiyang prigêl yêktos, botên gadhah watak calingus tur tatakramanipun tansah kêbêkta.

Tiyang sêpuh.

Bab Olah-olah

Wiyosipun para sadhèrèk putri, mugi sampun dados panggalih, awit andharan kula punika sapele sangêt, nanging inggih lowung, sumôngga kula aturi nyobi, kadar ragadipun namung sakêdhik, kados ing ngandhap punika.

Sambêl pêcêl mawi cokak kecap

Sambêl pêcêl limrah, inggih punika kacang cina kagorèng sangan, lajêng kadhêplok, bumbunipun: lombok agêng alit dipun kukus, bawang, gêndhis, asêm, traos eca, sarêm, sadaya kadhêplok. Manawi sampun lêmbat sadaya, lajêng kaêjeran mawi toya, saantawis kênthêl, lajêng kaparingana cokak landi, lan kecap sakêdhik, (ingkang eca) godhong jêram pêcêl utawi purut, karawis lêmbat, brambang karawis bundêr tipis, lajêng kacampurakên, sapunika sampun rampung. Dene pandhaharipun, inggih mawi kuluban limrah, wondene bumbu-bumbu wau kathah sakêdhikipun, kakintên-kintêna piyambak.

Pècêl santên tuntut pisang kluthuk.

Tuntut pisang kagodhog, yèn sampun matêng kapêrês, lajêng kadamêlakên sambêl, inggih punika: lombok agêng alit, bawang, kêncur sakêdhik, lan traos eca, sarêm sacekapipun, sadaya kaulêg lêmbat, tuntut godhogan lajêng kacampurakên, nuntên kaparingana santên mêntah nyêmêk-nyêmêk, sarta godhong kêmangi, bumbu-bumbu wau kaangkaha ingkang cêkapan. Pêcêl punika mathukipun kagêm dhahar siyang, dene bakunipun, ingkang kapêcêl punika warni-warni, kados ta: tempe bakaran, kaulêg runyah-runyah, utawi tigan godhogan, kasigar-sigar, ulam ayam ugi mathuk, kabakar mawi sarêm, lajêng kasuwir-suwir, sadaya wau, bumbunipun sami kemawon, godhong kêmangi ugi kalêbêt bumbu, kaot botên kaulêg, wusana namung samantên atur kula.

Olah-olahan punika prasaja sangêt, tuwin gampil dipun tindakakên.

Bok Wir.

Lêngganan Kajawèn No. 675

Ing Surakarta.

--- 31 ---

Bab Dhêdhaharan

Sambêtipun Jagading Wanita ing Kajawèn nomêr 16

9. Sida Sênêng

Katela 1/2 katos kaêdang, manawi sampun matêng kaoncekana kulitipun lajêng kaulêg ingkang lêmbat, lajêng kacampurana pathi pogung pangaos 1/2 sèn, kacarub ingkang wradin, lajêng dipun galindhingi agêngipun watawis satigan ayam, nanging kadamêl gèpèng, lajêng kagorèng, pandhaharipun ngangge gêndhis pasir.

10. Jênang isi salak

Katela matêng satunggal iji kaoncèkana, lajêng kaulêg kalihan pathi pohung pangaos 1 sèn, ingkang ngantos wradin, lajêng kaglintiran alit-alit agêngipun saisi salak, lajêng numpangna panci wontên anglo dipun toyani sakobokan, gêndhis Jawi salêginipun, godhong pandhan, manawi sampun umob, glindhingan wau kacêmplungna saking satunggal, manawi sampun kêmambang tôndha sampun matêng, lajêng kaêntas, pandhaharipun kalihan santên. Patrapipun manawi santên supados botên kêcut, anggènipun mêrêsi mawi toya umob, mawi sarêm sakêdhik.

11 Cokotêng (jênang lima)

Pathi pohung sakobokan, dipun juri toya mêntah nanging sampun ngantos kêlêmêsên, lajêng kadèkèkna ing piring ingkang cèpèr ing nginggil dipun dèkèki tèrès abrit, lajêng dipun pe sawatawis dangunipun, numpangna panci kadèkèkana toya saha gêndhis salêginipun, manawi sampun umob, pathi ingkang dipun êpe wau, kairisana alit-alit, têrus kacêmplungna, manawi sampun matêng pandhaharipun kalihan santên.

12 Kêlak kêling

[Grafik]

Rara Sutinah

Pathi tela 1/2 katos, tigan ayam 12 iji, gêndhis pasir 1/2 katos lajêng kaublak, kacarub kalihan pathi wau, lajêng kadamêl kêlak kêling warni-warni tumuntên kagorèng, manawi sampun matêng kagôngsa ing gêndhis pasir.

13. Bangketan

Pathi tela 1/2 katos, tigan 12 iji, gêndhis pasir 1 katos, bubukan manis jangan kaublak dados satunggal, lajêng kacarub kalihan pathi, manawi sampun wradin nuntên dipun cithak, lajêng kaêpan.

Sutinah

Cililin - Bandhung.

--- 32 ---

Tuwi Tiyang Sakit.

Sambêtipun Jagading Wanita ing Kajawèn nomêr 16

Sadaya ingkang kasêbut ing nginggil punika kêdah wontên watêsipun. Nuwèni tiyang sakit punika inggih sae, asring damêl bingahipun ingkang sakit. Nanging kados sampun cêkap, manawi ingkang tuwi punika namung martosakên kemawon, ing griyanipun tiyang ingkang sakit wau sampun kadangon anggènipun pêpanggihan kalihan tiyang ingkang sakit.

[Grafik]

Rara Siti Mariyam

Ing jaman sapunika, manawi dipun timbang kalihan jaman rumiyin, ing bab ngupakara tiyang sakit sampun kathah majêngipun. Nanging ing padhusunan lan ing pakampungan ingkang lêbêt-lêbêt dèrèng katingal majêng, ing ngriku taksih asring sangêt kalampahan, papan panggenanipun tiyang sakit punika wontên ing papan pajagonganing tiyang ingkang sami tuwi, ngantos dados êlek-êlekan.

Mênggah bab wontênipun tiyang èstri gadhah anak, punika inggih winastan tiyang sawêg sakit. Ing Kajawèn babagan kasarasan sampun asring karêmbag ing bab kaprêluaning tiyang ingkang mêntas gadhah bayi. Nanging kados-kados botên wontên awonipun, manawi ing ngriki kula badhe atur rêmbag sakêdhik ing bab tuwi tiyang gadhah lare.

Ing kitha-kitha ingkang kêbawah reh-rehanipun sang maha kucing utawi bêdor, sampun dados padatanipun, tiyang ingkang mêntas ambayèni asring katamuan para têpang-têpanganipun, badhe tuwi biyung lan bayinipun, sinambi ngêlèki pun jabang bayi, ganjêlipun mêlèk inggih punika cêki. Padatanipun mêndhêt dintên ingkang gadhah sapêkênan, puputan, salapan lan salajêngipun. Wosipun ingkang sami tuwi wau lajêng kangge ngabên sawung.

Wontên malih golongan sanès, inggih punika golonganipun para putri, anggènipun tuwi tiyang ambayèni ngantos sok jam-jaman. Ngantos ingkang dipun tuwèni kraos sayah, jalaran tansah ngladosi atur dhatêng para tamu.

Ing ngriki botên badhe dipun panjangakên ing bab punika, cêkap kagalih piyambak, bilih tuwi sadhengah tiyang sakit punika sampun ngantos kadangon. Manawi badhe ambêbingah ingkang sakit, prayogi tuwi sakêdhap kemawon, ngiras ambêkta sêgêran wowohan utawi dhaharan ingkang sanès sirikaning tiyang sakit. Wowohan ingkang sêgêr punika sok dipun doyani tiyang sakit.

Samantên mênggah atur kula ing bab tuwi tiyang sakit.

Siti Mariyam.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Radèn Bangsal

Prabu Brawijaya ing Majapit sakalangkung misuwur asmanipun. Panjênênganipun kineringan sasamining ratu. Para kawulanipun sami ajrih asih. Para senapati, para bupati, saha para punggawaning praja sanèsipun sami sêtya tuhu dhatêng sang prabu, mila nalika samantên tanah Jawi sakalangkung gêmah ripah tata raharja. Têtiyang alit waradin sami ayêm-ayêm, dening botên sami kêkirangan sandhang têdha, ingkang dados pamanahanipun amung murih kuncaranipun tanah Jawi, saha misuwuring asmanipun sang prabu. Para sudagar sami kêndêl-kêndêl adagang layar dhatêng môncanagari. Dhatêng Banjarmasin, Makasar, Palembang, Jambi saurutipun. Wontên ngriku tiyang Jawi sami damêl pakampungan piyambak, katingal rêgêng saha adamêl rêjanipun nagari ingkang dipun dunungi. Têtiyang mônca sami ering dhatêng tiyang Jawi, amargi tiyang Jawi pancèn tatag-tatag sarta rukun, ciptanipun anggêr sampun tumindak lêrêp botên adamêl susahing liyan. Botên wangwang dhatêng sintên-sintên. Ingkang makatên punika katarik saking kumandêlipun dhatêng prajanipun ing Majapait. Samôngsa para among dagang wau dipun munasika dening raja ingkang dipun dunungi, enggal lapur dhatêng Majapit, ing ngriku nagari Majapait enggal ngangkatakên baita pintên-pintên, prêlu angayomi kawulanipun ingkang wontên ngamônca wau, kalampahan kêrêp andadosakên pêpêrangan, ingkang wêkasanipun adamêl têlukipun nagari wau dhatêng Majapait.

Para raja kathah ingkang kêkês manahipun mirêng têmbung Majapait, mila kathah sangêt raja-raja ingkang lajêng nungkul aris tanpa ginêbag ing pêrang, sabên taun sami asok bulubêkti, punika saya amêwahi kaluhuran saha rêjanipun Majapait.

Nalika samantên kajawi tanah Jawi, nagari-nagari ingkang kalêbêt jajahan Majapait inggih punika: tanah Borneo sisih kidul saha wetan, tanah Palembang, Jambi, Acèh, Makasar, Sumbawa, Ambon, Têrnate sasaminipun.

Kacariyos wontên salah satunggiling putranipun Sang Prabu Brawijaya ing Majapait, apêparab Radèn Bangsal, punika botên kocap wontên ing sêrat Babad Tanah Jawi, kintên-kintên patutan saking garwa ampeyan. Tumrap ing sêrat punika, Radèn Bangsal wau dados bakuning lêlampahan.

Radèn Bangsal sampun diwasa, karsanipun ingkang rama badhe kakramakakên, nanging Radèn Bangsal wangkot botên purun anglampahi, ingkang makatên punika anuwuhakên dukanipun sang prabu, sêrênging pangandika ngantos kawiyos têmbungipun nundhung dhatêng ingkang putra.

Radèn Bangsal sangêt merang ing galih, ing wanci dalu panuju sirêp tiyang, lajêng lolos mêdal ing kori bêbutulan, tindakipun ijèn tanpa kanthi, têtiyang salêbêting kadhaton botên wontên ingkang sumêrêp. Sakêdhap tindakipun Radèn Bangsal sampun dumugi sajawining kitha. Nalika samantên pêtêngipun anglangkungi, dhêdhêp sirêp botên wontên sabawanipun walang alisik, sêmunipun dalu punika kados kenging prabawanipun Sang Prabu Brawijaya, ingkang sawêg duka dening wangkoting putra. Lintang-lintang botên wontên ingkang katingal kumêlip, mêndhungipun kupêng angêbaki langit, sêmunipun kados badhe ngukup dhatêng sang rajaputra. Radèn Bangsal sakalangkung ngêrês saha karaos ing galih, rumaos dipun sêrtu saisining buwana, ewadene kabêkta saking sangêt merang, sêdyanipun botên badhe angunduri, ingkang kacipta amung aluwung lajêng pinundhuta dhatêng Ingkang Murbèng Gêsang.

Tindakipun Radèn Bangsal tanpa kèndêl, dumugi byar raina saya dipun gêlak, awit sumêlang manawi dipun tututi wadya Majapait. Srêngenge mancorong wontên wetan, saya adamêl mirisipun sang rajaputra, ing pangraos kados utusaning rama, angodhol saliranipun, mila Radèn Bangsal lajêng lumêbêt ing wana, tindakipun mangilèn angungkurakên soroting surya, minggah rêdi tumurun jurang, êri bêbondhotan galagah alang-alang kasasak purun.

Radèn Bangsal sakalangkung sangsara. Têla-têlaning siti ingkang dangu botên kajawahan adamêl pêdhêsing sampeyanipun. Êri bondhotan ingkang tinrajang, anyangkol-nyangkol rema, punapadene adamêl tatuning sarira, ngantos pating parêntul mêdal ludira. Lèpèn-lèpèn sami asat, sêmunipun kados botên rila yèn kaunjuka toyanipun dhatêng sang rajaputra. Pêksi wanan sami mungêl pating caruwèt, pancènipun adamêl sêngsêmipun ingkang mirêng, nanging sarêng pêksi pêksi wau sumêrêp Radèn Bangsal, lajêng sami kèndêl andalêlêg, sêmunipun kados sami bela prihatos dhatêng sang rajaputra, nanging ajrih amitulungana, kuwatos bokbilih kenging bêbêndunipun maharaja ing Majapait.

Radèn Bangsal saya putêk ing galih, rumaos dipun mêngsah dening jagad saisinipun, tindakipun tumungkul, saliranipun marlupa, ing wanci surya gumlewang, Radèn Bangsal gumlinting wontên ing gumuk, pasuryanipun pucêt, kados sampun pêcat yitmanipun.

Pêthikan saking sêrat: Karaton Powan, babad carangan nalika jaman Majapait. Cariyos wau ngantos sapriki taksih wontên patilasanipun, dumunung wontên ing sukuning Rêdi Lawu, tapêl watêsipun Surakarta kalihan Madiun. Prayogi dados waosanipun para neneman.

Rêginipun namung... f 0.40

Wêdalan - Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm.