Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 91, Stu Pa, 10 Pasa Ehe 1868, 13 Nopèmbêr 1937, taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, telpon nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Konggrès Java-Instituut ing Bali - Radèn Dr. Sumitra Adibrata - Gêgayuhaning Ngaurip - Pawicantênan Cara Jawi saha Cara Walandi - Kawontênan ing Purwakêrta - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Kêplèsètipun ngilo badanipun piyambak.

Manawi dipun petani, kados mênggahing katrêsnan, botên wontên ingkang ngungkuli katrêsnaning tiyang dhatêng badanipun piyambak. Bab makatên wau mênggah tăndhayêktinipun sampun ngegla. Ingkang pinanggih ing kasaranipun, manawi badanipun kataman ing sakit, enggal-enggal anggènipun jêjampi, wosipun supados badanipun tumuntên saras. Mênggah tumrap alusipun, manawi kataman ing ginêm awon, batosipun lajêng kraos, wusana parêntulipun lajêng ngawontênakên pananggulang, pamurihipun supados saras kabatosanipun. Dados sadaya wau wosipun namung ngangkah supados lair batosipun rêsik, sampun ngantos kataman ing rêrêgêd.

Wawasan kados makatên wau inggih sampun mèmpêr saha sampun nyenggol dhatêng kajênging warsita kina: sapa kang mêruhi awake dhewe, iku saksat mêruhi Pangerane.

Nanging têmbung nyumêrêpi awake dhewe wau, adhakan lajêng nuwuhakên kêlèntuning panampi, upaminipun kados pêpindhan ing nginggil wau, pancèn inggih botên wontên kêlèntunipun, awit, upami tiyang sakit botên jêjampi, punika sami kemawon kalihan tiyang nglalu. Tiyang dipun ungêl-ungêli ing tiyang namung kèndêl kemawon, punika drajatipun asor sangêt. Nanging tumraping tiyang nyumêrêpi badanipun piyambak, punika kados kajêngipun botên makatên, murih cêthanipun kêdah ngangge paesan (kaca). Mênggah cara gampilanipun, mawasa dhatêng sawarnining lêlampahan, kagathukna badanipun piyambak, upami sumêrêp solahing liyan, adamêl botên rênaning manahipun, lajêng mlengos, punika badanipun piyambak inggih kêdah dipun palengosi. Ing batos kanthi mungêl: Aku yèn duwe tindak kaya ngono iya dipalengosi liyan.

Suraos kados makatên punika sanès suraos adèn, nanging tiyang botên sagêd selak lan tansah kêpêthuk. Ing ngriku punika manawi dipun raos lêbêt, lajêng katingal ngeglaning kaca, manawi botên kalêrêsan pangilonipun, badanipun piyambak malah dados pangilon, têgêsipun malah dipun ilo ing tiyang, utawi kados papan ingkang kêbak sêratan, ingkang ungêlipun:

Ngaturi uninga, salugunipun kula punika namung tiyang ngakên-akên.

Cêkruktruna.

--- 1426 ---

Konggrès Java-Instituut ing Bali.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 90.

Mênggahing bab tatacara Bali wiwit salakirabi, lair ngantos sadumugining ngajal, punika makatên:

1. Ing bab tumindaking salakirabi tumrap darah ratu jaman rumiyin ngantos sapriki, punika ugi taksih tumindak, nanging sampun awis-awis. Dene tatacaranipun:

[Grafik]

Têtingalan jogèd Bali.

Tiyang sêpuh sasampuning ngrêmbagakên badhe anjodhokakên anak, lare jalêr èstri katêtêpakên nama pacangan, dipun wastani mêtêtagon. Manawi sampun kalampahan pacangan punika, sabên nuju dhawah dintên Galungan (tumrap Jawi bokmanawi Wuku), lare jalêr kêdah ngêjot. Mênggah kajêngipun ngêjot wau, lare jalêr sabên dhawah dintên wau kêdah nyukani sandhang pangangge sapêpakipun, kandhi arta sawatawis dhatêng pacanganipun, punika kadosdene dados tandhaning têtêngêr. Saupami wontên tiyang mêndhêt lare èstri ingkang sampun dipun kêjot wau, manawi kasêrêg ing prakawis, sagêd kokum. Nanging ing sapunika tindak kados makatên wau sampun awis-awis, santun cara tumindak sami sênêngipun.

Wontên ugi salakirabi mawi cara dipun inggatakên (bokmanawi caranipun jaman purwa ingkang dipun wastani alap-alapan), mênggah caranipun, pun lare jalêr ingkang tanggêl dhatêng èwêd-pakèwêdipun. Lare èstri wau lajêng dipun umpêtakên, salajêngipun dipun bujuk-bujuk ing lare jalêr, manawi lare èstri purun, punika sêpên ing pakèwêd. Nanging manawi lare èstri dipun takèni ing bapakipun, purunipun wau jalaran dipun pêksa, lare jalêr wau sagêd kaukum awrat.

Bab salakirabi wau manawi sampun matêng ing rêmbag, lajêng dipun damêlakên sajèn dening pandhita (pêdhandha), murih pangantèn manggih wilujêng. Cara makatên wau tumindak ing sabên tiyang, nanging ugi wontên beda-bedanipun. Tumrap băngsa agêng mawi têtêngêr ingkang dipun wastani Sanggar Tawang, tumrap tiyang alit dipun wastani Sanggah Kêmahilan.

2. Sasampuning kalampahan dhaup, saha pangantèn sampun wawrat, lajêng dipun damêlakên pahargyan ingkang dipun wastani mêgêwong, murih bayi wilujêng dumugining lairipun.

--- 1427 ---

3. Manawi bayi lair, dipun damêlakên sajèn, nama: pêmapag, supados bayi manggih wilujêng.

4. Bayi sapupaking pusêr, dipun damêlakên sajèn, nama: labahan, akajêng ngicali sêsukêripun bayi.

5. Bayi sasampuning umur 12 dintên, dipun sajèni nama: jêjênêngan, awarni jêjanganan, kangge anyajèni para danawa bajang ingkang damêlipun anggêgodha bayi.

6. Manawi bayi sampun umur 42 dintên, dipun sajèni pêkêkambuhan, prêlu kangge sarana nucèkakên pun bayi tuwin biyung. Wiwit punika pun biyung sampun kenging ngambah ing pura-pura tuwin sanès-sanèsipun, ingkang winastan suci.

7. Sarêng bayi sampun umur tigang wulan, dipun damêlakên sajèn nama pêtlubulanan, akajêng supados pinaringan sêgêr kasarasan dening Pangeran.

8. Sasampuning umur nêm wulan, lare kaandhapakên ing siti, mawi sajèn nama têtingkêp, mawi dipun mantrani ing pandhita. Kajawi punika ugi dipun sarêngi ngêthok rambut.

9. Manawi lare sampun pupak untu, mawi sajèn nama makupak, supados benjing thukuling untu enggal sagêd kiyat.

10. Tumrap lare èstri, manawi anggarap santun, dipun wontêni sêsaji nama pêlabahan, dados tandhaning akil balèg, tuwin mawi dipun sêngkêr wontên ing gêdhong sadintên, mawi sêsaji nama ngêkêban, supados angsal sawabing midadari pêpitu ing kahyangan.

11. Pasah untu ing sadèrèngipun dipun pasahi ugi mawi pangêkêban, kados ing nginggil. Nanging bab pangêkêban, punika limrahipun namung katindakakên ing para agêng, namung bab pasah, dipun tindakakên ing sabên tiyang.

Bab tatacaraning kêpêjahan:

1. Samăngsa wontên tiyang ngajal, mayit lajêng dipun dusi, mawi sajèn nama pêmbêrsihan, ingkang ngêdusi pêdhandha, punika tumrap ingkang lajêng dipun bêsmi. Tumrap ingkang badhe dipun tanêm, sasampunipun dipun dusi lajêng dipun sajèni nama punjung, têgêsipun têtêdhan sarwa mêpêki. Sasampunipun dipun siram ing toya: tirta pêngêntas, lajêng dipun pêtak.

2. Tumrap ambêsmi mayit, pahargyanipun dipun tindakakên ngantos kawan rambahan, dintên kapisan, mayit ingkang dipun rimat, kalêbêtakên ing bandhosa, nama: munggah bênusa.

Dintên kaping kalih, pêdhandha amêmuja. Pahargyan wau dipun wastani: nyawa wêdhana, têgêsipun mêmuja roh, inggih nêbusi dosanipun nalika taksih gêsang. Têbusan wau awarni arta, wos tuwin sanès-sanèsipun. Tumraping para darah luhur utawi pandhita, ingkang ngangge pahargyan nagabănda, inggih lajêng dipun wontêni.

Dintên kaping tiga, mawi pahargyan ngawontênakên sajèn mêpêki, punika minăngka tilaraning mayit. Mangke ing wanci gagat bangun, kawontênakên upacara mindhahakên roh, ingkang dipun wastani sangkan paran.

Ing dintên kaping sakawanipun, mayit dipun bêsmi.

--- 1428 ---

Radèn Dr. Sumitra Hadibrata.

Kala ing dintên Jumungah tanggal kaping 5 wulan punika, ing Batawi wontên promosi, inggih punika tindak caraning panêmpuh angsal sêsêbutan Doctor. Ingkang nêmpuh wau Radèn Sumitra Hadibrata arts ing C.B.Z. ing Batawi, sarana proefschrift awêwarah Het trachoom op de Volksscholen te Batavia.

[Grafik]

R. Dr. Sumitra Hadibrata ingkang lênggah sakalihan garwa R.A. dipun apit-apit ing kulawarga. Ingkang ngadêg sisih kiwa piyambak, Tuwan Wardiman, Kapitein-vliegenier Nederl.-Indisch Leger, sampun pènsiyun, inggih punika satunggiling juru gêgana tiyang siti ingkang wiwitan, sadhèrèkipun ênèm R. Dr. Sumitra Hadibrata.

Ing bab panêmpuhing pandadaran wau, anandhakakên bilih Radèn Sumitra punika satunggiling dhoktêr ingkang majêng babagan ngudi kawruh, saha manawi nitik saking wontêning proefschrift tuwin pikantuking papriksan, ing ngriku katingal sakalangkung nyarambahi dhatêng rakyat, inggih punika tumrap têtiyang ingkang sakit mripat, tur sadaya wau botên tilar dhêdhasar katrêsnan.

Katrangan babadipun sawatawis tumrap Radèn Sumitra, kados ing ngandhap punika:

Ing sakawit Radèn Sumitra sêkolah Jawi, salajêngipun sêkolah Walandi, laminipun 1½ taun. Satamatipun saking pamulangan Walandi, nglajêngakên sinau dhatêng Stovia.

Salêbêtipun taun 1915 lulus pandadaran Ind.Arts lajêng katêtêpakên nyambut damêl wontên ing Wilhelmina Gasthuis ing Bandhung, maligi namung anjampèni tiyang sakit mripat, ngantos dumugi taun 1920. Wiwit taun 1920 dumugi taun 1928, Radèn Sumitra nyambut damêl ing pintên-pintên panggenan.

Ing taun 1928 Radèn Sumitra sakulawarga bidhal dhatêng nagari Walandi prêlu nglajêngakên pasinaonipun. Ing salêbêtipun taun 1930 lulus ing pandadaran. Dados sinaunipun wontên ing nagari Walandi 2½ taun.

Anggènipun dhatêng nagari Walandi sakulawarga tuwin anggènipun anglajêngakên sinau salêbêtipun 2½ taun wau, sadaya awaragad piyambak. Bab punika kenging kangge titik, bilih Radèn Sumitra nyata adhêdhasar kêncêng ing panggalih, ajêng dhatêng padamêlan rêkaos.

Manawi miturut pangajaran ingkang dipun udi sakawit, punapadene ing bab dhêdhasaring kasagêdanipun, saèstunipun dèrèng nyêkapi kangge nglajêngakên sinau dhatêng nagari Walandi, saya malih manawi [ma...]

--- 1429 ---

[...nawi] ngèngêti kathahing waragad lampah punapadene gêsang wontên ing nagari Walandi, punika botên sakêdhik, ewadene dipun têmpuh, kanthi adhêdhasar purun.

Saya manawi ngèngêti kala nindakakên promosi punika sampun ngumur 49 taun, punika ugi sampun kenging kangge titikan langkung. Awit limrahing tiyang siti, ngumur samantên punika namung kantun pinanggih ngalokronipun.

Miturut suraosing proefschrift, punika pinanggih sakalangkung wigatos, saha ing ngriku ngêmu raos ingkang sumarambah saha ingkang pantês dipun alêmbana. Inggih punika:

a. Sukadaya, supados sêsakit trakum, inggih punika sêsakit mripat ingkang anggêgirisi panularipun dhatêng rakyat, sagêd dipun tanggulangi ingkang sumrambah.

b. Ngawontênakên tatanan, supados têtiyang ingkang sampun risak kabatosanipun, tuwin sampun botên sagêd saras sakitipun babarpisan, supados dipun sukani padamêlan, upaminipun nênanêm sapanunggilanipun, wontên ing papan ingkang dipun sadhiyakakên.

Dados kajênging proefschrift wau, wosipun prêlu kangge nyampurnakakên kawuh ingkang migunani tumraping rakyat, ingkang sami nandhang sakit limrah tuwin sakit mripat.

Manawi angèngêti kawontênanipun têtiyang ing tanah ngriki, wontênipun têtiyang ingkang nandhang sakit mripat, pinanggih langkung kathah tuwin maradini ing pundi-pundi, punika sagêda nocogi kados pangajêng-ajêng ing nginggil. Makatên malih manawi angèngêti wohing tindak têtulung wau, ing pangintên botên sande, dangu-dangu wontêning sêsakit mripat, ingkang kenging dipun wastani dados sêsakiting rakyat, tamtu badhe saya suda. Cundhukipun malih, manawi rakyat sampun têtêp pitados dhatêng pitulunganing dhoktêr, saha ngrumaosi bêtah dhatêng dhoktêr, sêsakit wau tamtu botên dados bêbaya agêng.

[Iklan]

Mila tumrap Radèn Dr. Sumitra Hadibrata anggèning lulus angsal sêsêbutan Doctor kanthi proefschrift babagan sêsakit mripat, punika badhe agêng sangêt pigunanipun, ing golongan babagan kasarasan nama manggih kabêgjan.

Botên langkung ing pamuji, mugi Radèn Dr. Sumitra Hadibrata manggiha suka bagya, tuwin nêrusna kados pangajêng-ajênging ngakathah.

Pawartos saking Redhaksi

K. 5313 ing Tuban. Bab pandangu panjênêngan, pancèn dèrèng wontên katrangan. Supados langkung cêtha, panjênêngan kintuna sêrat piyambak dhatêng Borneo Sumatra Handel. Mij. Kalibesar Oost 9 Batavia-Stad.

K. 40 ing Bangil. Pandangu panjênêngan dhawah 4 Juni 1898 Ehe 1828 Wuku Madhangkungan.

K. 1198 ing Kêtandhan. Re Le, 15 Bakdamulud, Jimawal 1829 utawi 23 Agustus 1899. Limrahipun mêndhêt saking pamêdal baku.

K. 228 ing Watês. Kula aturi nyrantosakên sawatawis.

--- 1430 ---

Raos Jawi

Gêgayuhaning Ngaurip

Sambêtipun Kajawèn nomêr 89

[Kinanthi]

sawênèhe wong anggayuh | kabungahan direwangi | amitênah liyan janma | mrih tumêka ing bilai | akêkudhung lulang macan | pangarahe dèn wêdèni ||

janma dhêmên adu-adu | mrana-mrene cêcariwis | ngêdu kene karo kana | pangarahe mrih pradondi | kalamun wis padha êcrah | tukang ngêdu sukèng ati ||

wong kang dhêmên nămpa wadul | măngka ana kang maduli | kaduk manis pangucapnya | wiragane amantêsi | wis tan nganggo titipriksa | saujare dèn iyani ||

tukang wadul sukèng kalbu | wêwadule dirêgani | lawas-lawas dadi tuman | bungahe ngancur-ancuri | luput kene ngalih kana | dènira ngancur-ancuri ||

wong kang jail sukèng kalbu | lamun bangkit anjaili | wong druhaka ngrasa bungah | lamun bangkit angalani | wong kang watak ambêk siya | bungah lamun mêmatèni ||

wong panastèn sukèng kalbu | yèn wêruh wong nandhang miskin | bungah wêruh wong sangsara | gêla lamun ngudanèni | kabêgjane liyan janma | rumasa yèn dèn ungkuli ||

wong kang ambêg budya tulus | bungah bangkit anulungi | marang janma kang sangsara | bungah bangkit amadhangi | pêpêtênging liyan janma | angrêrapu wong kang sêdhih ||

wong kang dhêmên tukar padu | bungah lamun antuk tandhing | luwih manèh lamun mênang | tyase agung pindha wukir | sawênèhe ana janma | ngrasa bungah marga ngimpi ||

akèh bangêt yèn winuwus | kaanan kang anjalari | sukaning tyas para janma | dadi cêtha yèn ngaurip | kabèh padha butuh bungah | tan ana kang butuh sêdhih ||

mula iya ora luput | sok janmaa anulari | saranane kang mrih bungah | nanging lamun wis mangrêti | yèn sok wonga butuh bungah | lire datan angijèni ||

kang mangkono wis tartamtu | tumindake ing pangudi | saranane kabungahan | kudu titi ngati-ati | lire aywa angrêrusak | kamardikane lyan janmi ||

lire ngrusak iku mau | pratingkah kang anjalari | bilai lan kapitunan | apadene êsak sêrik | upamane amitênah | iku harak nyilakani ||

êmbuh susah êmbuh lampus | datan bangkit angarani | têkèng pati apa susah | karo pisan datan yukti | lire gawe kapitunan | kaya dene amêmaling ||

wong melikan tindak rusuh | datan darbe wêlas asih | dènnya ngarah wuwuh băndha | wong liya tan pinraduli | kasangsaran kapitunan | awak dhèwèk kang pinikir ||

gêlêm tulung tulung mênthung | anjalari saya miskin | saya mundhak kasangsaya | iku kabèh tan pinikir | anggêr awak dhèwèk bungah | awit uwis sugih dhuwit ||

karya êsak-sêrik iku | lire nglarakake ati | upamane wong darajat | iya iku dadi pyayi | dadi lurahing pakaryan | kuwasa mangrèh pra janmi ||

banjur ambêg kumalungkung | gumunggung anggunggung dhiri | tumindak sawênang-wênang | ngêndêlake nguwasani | sapa wani malangana | iku gawe êsak-sêrik ||

Wis lumrah wong asor

--- 1431 ---

[Iklan]

iku | anane mung sarwa wêdi | nanging wêdi kang kapêksa | ing batine êsak-sêrik | datan bangkit antuk marga | kanggo malês êsak-sêrik ||

dupèh darbe brana agung | ngêndêlake lamun sugih | patrape sawênang-wênang | marang para pêkir miskin | dumèh pintêr amaeka | ngrèmèhake liyan janmi ||

dupèh darbe warna bagus | dupèh sugih lawan singgih | wani ngrusak paugêran | pagêr ayu dèn rusaki | iya iku wani ngalap | wanodya kang darbe rabi ||

ing sarèhne para makluk | padha butuh sukèng ati | mula lamun nêdya bungah | ambok aja angijèni | nêdya bungah iya bungah | bungahing lyan ywa digêmpil ||

donya iki luwih agung | sèn-isène anyukupi | kanggo srana ambêbungah | tyase sagung kang kumêlip | mula aywa rêrêbutan | têmahane nêniwasi ||

yèn wong tansah rêbut unggul | arsa bungah angijèni | tinêmune malah susah | dadi malah kosok bali | ngarah bungah antuk susah | lan manèhe wajib eling ||

lamun bungah susah iku | salawase gênti-gênti | diakala kaya ngapa | mrih sumingkir saka sêdhih | wis tartamtu ora bisa | anggêr bungah iya sêdhih ||

lan manèhe lamun tuhu | tan kaduga nandhang sêdhih | dadi aywa karya susah | iku lagi aran adil | luwih bêcik ambêbungah | marang wong kang nandhang sêdhih ||

lah ta sapa datan ngaku | yèn têtulung iku bêcik | suprandene akèh janma | kang tan sudi gawe bêcik | malah dhêmên tindak ala | saka ngarah sukèng ati ||

Ki Darma Prawira. Kêpanjèn - Malang.

--- 1432 ---

Pawicantênan Cara Jawi saha Walandi

(Javaansch-Nederlandsche Gesprekken)

Dr. M. Priyautama, lèktor ing Onipêrsitèit ing Utrecht (Nederland) mêntas yasa sêrat "Javaansch-Nederlandsche Gesprekken" isi pawicantênan cara Jawi dipun sisihi cara Walandi, ngrêmbag prakawis warni-warni ingkang limrah utawi asring kasrambah dening tiyang gêsang ing jaman samangke. Upami kemawon:

1. Prakawis badhe mondhok ing hotèl, wicantênipun tamu kalihan jongos.

2. Ginêmipun tiyang wontên ing restoran.

3. Rêmbagan badhe nyewa griya.

4. Wontên ing toko.

5. Ngundang lan nampèni dhoktêr.

6. Wontên ing panggenanipun tukang cukur, lan sanès-sanèsipun.

Badhe nêlas-nêlasakên papan, saupami prakawis 30 bab ingkang kawrat ing sêrat wau kula priksa satunggal-satunggal, kula aturakên sadaya. Wosipun kemawon pêpak.

Miturut bêbuka, sêrat wau ingkang dipun sadhiyani tiyang-tiyang ingkang niyat badhe nyinau basa Jawi, utawi basa Walandi. Dados kajêngipun ingkang ngarang, mikantukana dhatêng băngsa Walandi ingkang badhe ngulinakakên basa Jawi, utawi băngsa Jawi ingkang badhe ngulinakakên têmbung Walandi. Tumrapipun băngsa Walandi, sagêda mungêl: e, dadi nèk aku arêp muni mangkene, upamane, kuwi cara Jawane mangkene. Dene tumrap băngsa Jawi sagêda mungêl: e, dadi cara Walandane nèk aku arêp muni anu, kuwi anu. Makatên sapiturutipun.

Saya kêrêp lokipun tiyang ingkang kados makatên wau, saya sae. Saya kathah saya prayogi, mratandhani bilih ingkang kapratelakakên ing mriku punika pancèn kathah ingkang dèrèng kasumêrêpan, utawi pancèn dados kabêtahanipun tiyang, ingkang waunipun botên patos dipun raosakên.

Wontên ing Sêrat Wulang Basa, inggih wulang basa punapa kemawon, punika limrahipun botên kobêr nyumêrêpakên prakawis-prakawis wau, jalaran sawêg mrêlokakên mulang bab pangrimbaging têmbung, nata basa, utawi tètèhipun ing bab migunakakên basa, nêpangakên kalihan basanipun tukang cukur, manuhakên kalihan basanipun dhoktêr, sapiturutipun, botên kobêr, utawi inggih botên cêkap wêkdalipun. Măngka tumrapipun tiyang gêsang, sadaya wau prêlu, prêlu tiyang gêsang nyumêrêpi têmbung-têmbungipun utawi basanipun ngasanès. Dados guru upaminipun, prêlu sumêrêp têmbung-têmbung ingkang kangge wontên ing kantor pos. Dados priyantun B.B. prêlu nyumêrêpi basanipun tiyang sêpuran. Dados bêlantik, prêlu sangêt sumêrêp basanipun tiyang tani, basanipun bakul, sapiturutipun. Jalaran tiyang gêsang punika kathah kabêtahanipun, wontên kalamangsanipun kêdah srawungan kalihan tiyang sanès. Manawi lajêng kirang mudhêng dhatêng basa, têmbung utawi têtêmbunganipun ngasanès, srawungipun tamtu lajêng kuciwa, kuciwaning srawung anjalari badhe kirang cêkap anggènipun kasampêdan ing bêtahipun. Dados sumêrêp dhatêng basaning asanès, punika ngindhaki dhatêng kaprigêlan.

--- 1433 ---

Kula matur basaning asanès, têgêsipun punapa wontênipun kadosdene ingkang limrah kangge ing asanès wau. Dados sampun (aja) wontên kajêng badhe anacad, agêngipun badhe ngewahi. Nacad punika dede tindakipun tiyang badhe srawungan. Ngewahi têgêsipun ambibrah margi ingkang sampun wontên, yasa margi sanès ingkang dèrèng kantênan manawi kangge, utawi dipun ajêngi. Dados kalih-kalihipun botên prayogi sadaya. Dene ingkang prayogi piyambak, kados ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng, inggih punika kêdah namung satumut-tumut ngangge. Rêmbagan kalihan tukang cukur, ingkang samangke sampun limrah dipun wastani bar-bir, inggih kêdah ngangge têtêmbunganipun bar-bir. Wontên ngajêng lokèt kantor pos, rêmbagipun kalihan priyantun pos, inggih kêdah ngangge têmbung utawi têtêmbungan ingkang sampun limrah kangge wontên ing kantor pos. Makatên sapiturutipun.

Nêpangakên kalihan têmbung-têmbung wau, punika manawi dipun sarêngakên kalihan mulang basa, adhakanipun botên kabujêng. Dados kêdah dipun sumêrêpakên mawi lampah sanès. Upaminipun kemawon kadosdene lampahipun Dr. M. Priyautama, anggènipun nganggit sêrat Pawicantênan ingkang sawêg kula rêmbag punika. Dados tumrapipun pasinaon basa, sêratipun Dr. M. Priyautama wau botên mêngku sêdya nyumêrêpakên pamrêtalipun têmbung utawi ukara Jawi dhatêng basa Walandi utawi kosokwangsulipun, (bab punika, kados atur kula ing nginggil, dados bêbahanipun Sêrat Wulang Basa), nanging sampun nyandhak dhatêng tataran ingkang langkung inggil, inggih punika nyumêrêpakên dhatêng ingkang sinau: nèk cara Jawane kowe arêp mêngkene, kuwi cara Walandane mêngkene, utawi kosokwangsulipun.

[Iklan]

Prakawis punika, sampun kula aturakên ing nginggil, tumrap pasinaon basa pancèn prêlu. Dados wêdalipun sêrat anggitanipun Dr. M. Priyautama ingkang isi pawicantênan Jawi-Walandi, punika pantês manawi sami kula tampi kanthi bingahing manah. Awit nama nyampêdi kabêtahan, ingkang sadèrèngipun sêrat wau mêdal, dèrèng kasampêdan. Jalaran saking wontênipun sêrat wau, băngsa Walandi ingkang sinau cara Jawi utawi băngsa Jawi ingkang sinau cara Walandi, cara tiyangipun malampah wontên ing panggenan ingkang rêmêng-rêmêng makatên, angsal colok utawi obor.

--- 1434 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Kawontênan ing Purwakêrta

II.

Garèng : Wah, Truk, aku ngrasakake caritamu ing bab kamajuwane kutha Purwakêrta, lho, kuwi rasane nyang ati kok mak: cês, cês, sênut, sênut.

Petruk : We, hla, ora ngrêti aku, Kang Garèng, ana rasaning ati têka sajak: ngrujak sêntul mêngkono. Nèk: cês, cês, kuwi kêna diupamakake wong sing disiram ing banyu sêwindu, rasane mêsthine iya adhêm kêpenuk. Hla ing kono kanggo ambasakake adhêming ati utawa pikir. Nanging têmbungmu: cês, cês, têka kok jodhokake karo: sênut, sênut. Ing măngka rasaning mak: sênut, sênut kuwi upamane rasaning wudun sing arêp mêcah. Hla, iki kêna diibaratake rasaning ati sing: gêtun utawa gêla. Hara, apa iki ora ambingungake: wong ati ayêm, têka dibarêngake karo gêtun, utawa: gêla.

Garèng : Rasa sing mak: cês, cês, kuwi wis kok têrangake ati ayêm. Mula atiku iya ayêm têmênan, sabab jalaran saka majune Purwakêrta kuwi mau, têmtune iya banjur murah dhuwit, wusanane băngsa inyong iya ora pati bangêt-bangêt anggone kudu ... pati gêni, nanging atine banjur rasa: sênut, sênut, awit miturut kandhamu, omah anyar, pating jênggunuk, pating prongkal, pirang-pirang bangêt, lho, kuwi têka saperangan gêdhe bangêt, duwèke băngsa Walănda lan băngsa Tionghwa.

Petruk : Wayah, wong băngsa loro kuwi sing duwe dhuwit, mêsthine iya băngsa loro kuwi sing padha yasa omah. Nanging sanadyan bangsane dhewe, ing Purwakêrta kono, iya akèh sing padha yasa omah, pating plênuk.

Garèng : Iya wis ngrêti aku, omah-omah duwèke bangsane dhewe, ora kok unèkake pating jênggunuk, nanging narima disêbut, pating plênuk, rak iya wis pira-pira, ta, bisa yasa omah. Ora, Truk, kajaba sing wis kok kandhakake ing ngarêp, apa manèh ing Purwakêrta kuwi sing maju.

Petruk : Ana manèh ing Purwakêrta kang katon maju têmênan, Kang Garèng, yaiku sakèhing pakumpulan-pakumpulan kang padha ngudi marang kautamaning ngaurip. Kaya ta pakumpulaning kaum muslimin kuna, pakumpulan Ahmadiyah, pakumpulaning kaum Kristên, iya sing Katolik, apadene sing Protestan, banjur pakumpulan :

--- 1435 ---

Ardapusara, Suci Rahayu, malah biyèn pakumpulan: Kamanungsan, lan êmbuh apa manèh. Kabèh kuwi mau maju, Kang Garèng, têgêse: para wargane rata-rata sathekruk-sathekruk.

Garèng : Hla, iya, wong kabèh mau padha ngudi nyang kautaman, mêsthine iya ora ana sing bakal ngarubiru. Tumrape wong-wong ing Purwakêrta mung kèri milih bae, ing ngêndi sing kêpenak lan sing ... gampang lakune.

Petruk : Wayah, Kang Garèng kiyi kathik le sêmbrana mêngkono. Golèk kautamaning ngaurip kuwi, apa manèh yèn gêgayutan karo jaman kalanggêngan, kuwi têmtu ora ngèlingi kêpenake lan gampange lakune.

Garèng : Lho, wong kuwi lumrahe iya sok ngono kuwi, kaya ta niru cara Lănda, kuwi sing akèh-akèh sing ditiru rak iya sing gampang lan sing kêpenak bae, ta. Kaya ta: tiru adus andhuk-andhukan, iki pancèn iya kêpenak, rasane nyang awak: kêsat. Banjur tiru anggone nyang sapa bae, têrus: nganyêr, iki pancèn iya gampang lan kêpenak, nanging niru tatakramane băngsa Walănda sing têmênan, sing akèh-akèh: gêmang, sabab iki pancèn iya angèl têmênan. Banjur sing ditiru manèh kuwi: mangan-mangan bangsane: podhêng, konêngêskrun, tar, lan aja lali anggone tiru ... jogèd rangkul.

[Grafik]

Petruk : Hara, hara, kok dibanjur-banjurake mêngkono omongane. Nanging wis lumrah, Kang Garèng, titahing Pangeran kuwi umume anduwèni watak: lumuh kangelan, kêpengin enak-enakan, luwih-luwih bangsane dhewe iki. Mara, sing kanggo pangarêm-arêm wong kuna bae kêpriye, nèk ora kliru kaya-kaya rak sing mangkene kae: enak eca, anggêbêg răngka, mangku răndha. Kuwi karêpe rak: enak-enake wong urip kuwi, ora tumandang gawe apa-apa, nanging bisa kêtutugan kasênêngane. Sabab, anggêbêk răngka, kuwi rak panggawe timbang nganggur. Banjur mangku răndha, apa manèh yèn ayu kathik sugih, iki dianggêp kasênêngan kang tanpa ana tandhingane.

Garèng : Iya wis, wiyah, kok banjur sing-sing

--- 1436 ---

mêngkono. Ora, Truk, saiki aku arêp takon dhisik. Kowe mau ngandhakake yèn ing Purwakêrta akèh pakumpulan-pakumpulan kang ngudi mênyang kautamaning ngaurip, kaya ta: pakumpulan kaum Muslimin, kaum Kristên, kaum Ardapusara, kaum Suci Rahayu, lan sapadhane, kathik kabèh-kabèh padha ngrêbda. Hla, saiki pitakonku, pakumpulan kautaman samono kèhe mau, jarene sing apik dhewe êndi.

Petruk : Sing apik dhewe, Kang Garèng, mungguhing aku iya sing ... lagi dilakoni.

Garèng : Wèh, hla iki wangsulan sing ora nalar têmênan. Iki rak padha bae karo wong sing ditakoni mangkene kae: mihun sing lagi kok pangan kuwi, enak apa, ya. Wangsulane: enak ... kanggone aku. Iki rak wangsulan sing gawe ambêdhêdhêging ati têmênan.

Petruk : Lho, rak iya wangsulan sing bênêr bangêt, ta, Kang Garèng. Enak, nanging kanggone aku. Wong aku dhewe wis tau ngalami, wong Arab mangan sêga gorèng nganggo samin, dicampur karo: êndhog, gêdhang, malah nganggo durèn barang, Kang Garèng, lho, kuwi kandhane nyang aku mangkene: enak, enak, makanan nomêr wahid, suwe-suwe aku kêpengin, banjur ngicipi ... blokeran aku, Kang Garèng. Dadi: iya bênêr enak, lan makanan nomêr wahid, nanging iya kanggone wong Arab mau, nanging kanggo wong liya, rak bisa uga ngajak ora agama, ta, Kang Garèng. Mulane iya bênêr bangêt, wangsulan sing muni: enak, kanggone aku mau.

Mêngkono uga pitakonmu: pakumpulan ngudi kautaman mau, ngêndi sing apik dhewe, wangsulanaku: sing apik dhewe iya sing lagi dilakoni. Lire mangkene, Kang Garèng.

Wong lagi kelut marang sawijining prakara, kuwi lumrahe iya wis ora andêlêng ngiwa nêngên manèh, iya mung prakara kuwi sing apik dhewe, brêgas dhewe, lan utama dhewe, liyane bisae kabèh. Sanadyan dielingna: iki mêngkene, iki mêngkono, lumrahe ora kok banjur katrima lan manut, bokmanawa malah ngajak bijigan. Kowe bae kêpriye, lagine kelut karo Mas Ajêng Kanthil kae, apa kowe ora ngrumasani: iya manis, iya ayu, iya brêgas, iya sêngklik-sêngklik, iya utama, sajagad ora ana sing madhani. Sing ngelingake nyang kowe rak iya pirang-pirang, ta, kaya ta: yak, Mas Nala, ambok èngêt, wong mung Kanthil mawon kok, rak botên pati ayu, botên mungguh lan mathuk, yèn sampeyan alap, sing luwih brêgas ... kathah, mas. Kalih malih ayua nika ... nèk ngilêr ênggih mambu, mas. Mara, ing kala samono kowe rak iya ora trima kasih marang wong kang ngelingake kowe mau, malah kowe bêgita-bêgitu, wonge kok ajak êmbèk-êmbekan. Lho, samono dayane wong kang lagi kelut kuwi, Kang Garèng.

Garèng : Wèh, kok rupa-rupa mêngkono wangsulane. Iya, aku tak ngalah, banjurna bae caritamu sing aèng-aèng kuwi.

--- 1437 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Gladhèn ringgit tiyang. Kawartosakên, wiwit sapunika ing salêbêting Karaton Ngayogya ngawontênakên gladhèn ringgit tiyang. Wigatosipun badhe kagêbyagakên salêbêtipun tigang dintên, manawi Paduka Rajaputri Juliana ambabar.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, M. Soekadi Koeswodisapoetro, Aib. ingkang nindakakên padamêlan mantri pulisi paresidhenan Pêkalongan, dados asistèn wêdana paresidhenan Pêkalongan. Sanoen, juru sêrat klas 1 kantor paresidhenan Magêlang dados mantri pulisi paresidhenan Kêdhu.

Andhapan ngrêrisak. Ing satunggiling dalu pasabinanipun têtiyang ing dhusun Plakaran, Pêmalang, dipun têmpuh ing andhapan kirang langkung suwidakan, sabin ingkang dipun têmpuh têlas 6 bau. Ing sanalika wau ugi dipun tandangi, wontên ingkang pêjah 4, sanèsipun lumajêng. Ing salajêngipun têtiyang dhusun ingriku nêdha biyantu dhatêng veldpolitie.

Sumur mawa koolzuur. Ing dhusun Karangbanyu, Ngawi, wontên tiyang nama Bêngkring damêl sumur, ngantos lêbêt, toyanipun dèrèng mêdal. Ing satunggiling dintên anakipun Bêngkring wau malêbêt ing sumur wau, pêrlu mêndhêt klapa ingkang kêcêmplung ingriku, sarêng dumugi ngandhap lare wau lajêng tiwas. Bêngkring sarêng sumêrêp inggih lajêng nututi nyêmplung, ugi lajêng tiwas. Salajêngipun, sarêng sumur wau dipun priksa dening tiyang ahli, kasumêrêpan bilih wontên koolzuuripun.

Lesus ing bawah Klathèn. Kala tanggal 3 wulan punika wanci jam sêtêngah tiga sontên ing bawah kawadanan Bèji wontên lesus anggêgirisi sinarêngan ing jawah dêrês sangêt. Ingriku anjalari kasangsaran tuwin karisakan. Miturut palapuran, tumrap bawah kaondêran Karangdawa, griya ingkang ambruk wontên 73 wuwung, bawah pamijèn dhistrik wontên 142 wuwung. Kasangsaran tiyang, ingkang pêjah 1, tatu rêkaos 9, tatu ènthèng 4, lêt dalu wontên ingkang nusul pêjah malih 1. Pangagêng nagari ing Klathèn ugi lajêng rawuh papriksa.

Badhe sinau dhatêng Eropa. Wontên wartos, R.M. Hoedojo Hoeksamadiman, rumiyin murid Middelbare Journalisten School ing Bandhung, ingkang lajêng dados hoofdredacteur De Ksatria, ingkang ugi kawêdalakên ing Bandhung, badhe dhatêng Eropa, pêrlu nglajêngakên pasinaon Kunst-academie ing Weenen babagan damêl gambar pêpêthan (caricatuur), laminipun 4 taun. R.M. Hoedojo punika putranipun wêdana ing Sêdayu, kabupatèn Surabaya. Kala taksih wontên ing Mulo Mojokêrto sampun kêtitik kalangkunganipun anggambar, saya sarêng dados hoofdredacteur De Ksatria punika, kêrêp damêl gambar ingkang dados pangalêman. Kajawi punika wontên malih ugi tilas murid ing pamulangan wau nama R.M.P. Soerjonegoro, putranipun ingkang Bupati sêpuh Bangkalan, badhe nglajêngakên anjêmbarakên kawruh journalistiek dhatêng Eropa.

Pilihan warga Provinciale raad Jawi-Têngah. Miturut wartos, ingkang kaajêngakên ing pilihan kangge warga Provinciale raad ing Jawi-Têngah, golongan tiyang siti, tumrap kiesdistrict Sêmarang, ingkang Bupati Grobogan, ingkang Bupati Sêmarang, R.M. Soeprapto, hoofddjaksa Sêmarang. Kiesdistrict Pêkalongan, ingkang Bupati Brêbês, Pêmalang, Têgal, tuwin Pêkalongan. Kiesdistrict Japara-Rêmbang, ingkang Bupati Japara-Rêmbang, tuwan Prawoto Soedibjo, wêdana Pathi.

[Iklan]

Têlaga Bernhard. Miturut wartos, Dr. Cator, badhe ngadani bidhal saking Fak-Fak numpak motor mabur dhatêng tlaga Bernhard, pêrlu titipriksa, têlaga wau kaprênah wontên Nieuw-Guenea Têngah.

Ulam malaria. Kapal Marnix ingkang bidhal saking tanah Jawi dhatêng Singapura, ambêkta ulam-ulam ingkang taksih gêsang, pêrlu kakintunakên dhatêng Singapura ngriku. Ulam-ulam wau nama ulam Puntius Javanicus, dene pigunanipun ulam wau kangge nulak sêsakit malaria.

Kapal ngamanca badhe ngêwrat gêndhis. Ing palabuhan Surabaya kêdhatêngan kapal saking Griekenland nama Zografia Nicolaou. Ing sadèrèngipun dumugi ing Surabaya mêntas labuh wontên ing Miiki, Jêpan. Kapal wau dumuginipun ing Surabaya badhe ngusungi gêndhis gadhahanipun firma Wellenstein-Krause.

Tiyang ngamuk natoni tiyang 10. Sampun sawatawis dintên ing dhusun Margorêjo, sacêlakipun Wonokromo, Surabaya, wontên tiyang nama Oembar, asli saking Wonocolo, dhatêngipun ingriku nyarêngi mantri pulisi tuwin lurah dhusun nuju nariki pajêg. Tiyang wau criyos, dhatêngipun ingriku punika lapur bilih ing dhusun ngriku wontên tiyang kêrêngan ingkang pêrlu dipun tulungi pulisi. Mantri pulisi tuwin lurah dhusun wau lajêng dhatêng panggenan ingkang dipun cariyosakên dening Oembar, Oembar lumampah wontên wingking. Ingriku Oembar ujug-ujug lajêng ngunus dêdamêl saha lajêng dipun sudukakên dhatêng mantri pulisi wau, kenging rainipun ngantos gobrah-gobrah. Lurah dhusun lajêng badhe nulungi nanging ugi lajêng dipun dhawahi dêdamêl. Sasampunipun makatên Oembar lajêng mlajêng dipun bujêng ing tiyang kathah, nanging samargi-margi tansah natoni tiyang, ngantos angsal tiyang 10. Salajêngipun Oembar kenging kacêpêng ing pulisi saha têtiyang ingkang kêtaton, botên sapintêna tatunipun. Dene sababipun punapa, dèrèng kasumêrêpan, taksih dados papriksan.

Suntik pèst ing Priyangan. Ing wêkdal punika ing Priyangan nindakakên suntikan pèst ingkang kaping kalih, wontên ing laladan Bandhung tuwin Sumêdhang, dipun tindakakên dening Dr. Thierfelder saking Bandhung. Tumindaking damêl nyuntik punika pinanggih sae. Ing bab suntikan ingkang katindakakên punika gêgayutan kalihan mangsa jawah, awit manawi nuju mangsa jawah punika gampil tuwuhipun sêsakit pèst, saha gampil panularipun. Mila ing sadèrèngipun pêrlu kajagi rumiyin, sampun ngantos nindakakên damêl sasampunipun kêlajêng.

--- 1438 ---

Rêgining pantun tuwin rajakaya ing Lombok mindhak. Miturut wartos rêgining pantun ing Lombok mindhak 15% dene rêgining rajakaya mindhak 25%, nanging pangintunipun rajakaya dhatêng sanès panggenan langkung kathah tinimbang taun kêpêngkêr. Ing bab têtanèn, sarêng wontên tatanan irigatie ing Lombok Têngah, pinanggih saya majêng. Mirid kawontênan ingkang makatên punika, ing Lombok badhe saya majêng.

Prangko Asib. Kawartosakên, sintên ingkang badhe tumbas prangko Asib kathah, panumbasipun sagêd dhatêng pangarsa Plaatselijke Asib Comite (garwanipun para residhèn). Tumrap Bêtawi dhatêng Nyonyah van Loghem, Tanjunglaan 17, telefoon 6174 antawising jam 8 tuwin 9 enjing. Prangko-prangko lami dipun sade wiwit tanggal 1 December 1937 dumugi 9 Januari 1938 ing kantor-kantor post tuwin sanès-sanès panggenan. Pakaryan post suka kamirahan kapurih andamêlakên cap ingkang dipun maligèkakên mawi cap mêsin listrik ing Batavia-C., Bandhung tuwin Surabaya. Cap wau sampun kadamêl badhe kangge wontên ing tanggal 1 dumugi 6 December tuwin saking tanggal 10 December 1937 dumugi 5 Januari 1938 lajêng lêt sadintên, saking tanggal 7 dumugi 9 December 1937 tuwin wiwit tanggal 6 dumugi 9 Januari 1938.

[Grafik]

Lulus saking Landbouw Hoogeschool ing Wageningen. R. Ng. S. Sosrohadikoesoemo, lulus ingeninieursexamen Koloniale Landbouw ing Wageningen. Tuwan punika sampun nate kawartosakên ing bab lulusipun wontên ing pamulangan luhur ing nagari Walandi.

Pindhahan asistèn-residhèn. Tuwan R. Meijers, asistèn-residhèn ing Bondowoso, kabantokakên dhatêng residhèn ing Surabaya, dene ingkang anggêntosi, Tuwan A. Deeleman, asistèn-residhèn ingkang kabantokakên dhatêng residhèn Bondowoso. Dr. B. Ockers, asistèn-residhèn ingkang kabantokakên dhatêng residhèn Surabaya, katêtêpakên dados asistèn-residhèn ing Surabaya, anggêntosi Tuwan L. E. van Hecking Colenbrander, asistèn-residhèn Surabaya ingkang verlof dhatêng Eropa.

Tuwan Nataraj Vashi. Tuwan Nataraj Vashi, bangsa Indhu ingkang nyinau jogèd wontên ing tanah ngriki, sampun wangsul saking Bali badhe wangsul dhatêng Indhu. Wangsulipun wau mampir ing Surakarta, perlu ngampiri paring Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saka Ingkang Wicaksana awarni gong pitu iji tuwin pangangge ringgit tiyang Arjuna, dene paring dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagoro awarni gambang tuwin pangangge srimpi.

Lindhu ing Fak-Fak. Kala tanggal 4 wulan punika wanci jam 6.28 ing Fak-Fak kraos wontên lindhu ragi agêng, dangunipun ngantos 1 mênit. Dhatênging lindhu saking Kidul-Mangalèr, kajawi lindhu ing dharatan, ing sagantên inggih ngantos kocak ngawontênakên ombak ingkang inggilipun 1 m. Têtiyang ing ngriku sami mêdal saking griya.

Panyadean sarêm. Wontên wartos, Pakaryan Sarêm sampun nandhatangani sêrat prajanjian kalihan Jêpan, kangge ngladosi sarêm saking Madura kathahipun 25.000 ton. Ing sawatawis wulan kêpêngkêr sampun ngintunakên sarêm 15.000 ton. Kirangipun ingkang 10.000 ton badhe kakintunakên wontên ing wulan punika. Tumrap panyadean agêng ingkang makatên punika, mikantuki sangêt dhatêng têtiyang ing Madura, kintên-kintên angsal-angsalaning epahan têtiyang ingriku ngantos f 400.000.

Wontênipun tiyang ingkang ngajal ing Bêtawi Batavia-C. tuwin Mr. Cornelis. Ing salêbêtipun wulan Juni taun 1937 wontênipun tiyang ngajal ing Bêtawi Batavia-C. tuwin Mr. Cornelis, tumrap bangsa Eropa 35, ing salêbêtipun wulan Juli, Augustus tuwin September wontên 104. Tumrap tiyang siti, ing wulan Juni wontên 1022, wulan Juli, Augustus tuwin September wontên 3223. bangsa Tionghwa, wulan Juni wontên 148, wulan Juli, Augustus tuwin September wontên 430. bangsa Arab tuwin sanès-sanèsipun, wulan Juni 26, Wulan Juli, Augustus tuwin September wontên 41.

Examen vroedvrouw. Kala wulan kêpêngkêr ing C.B.Z. ing Bêtawi kawontênakên Examen vroedvrouw, tumrap murid saking I.E.V. Vereeniging De Twee Kruisen wontên murid 6 ingkang tumut examen, sadaya lulus, inggih punika nonah-nonah E.H. Wasch, Yap Djioe Kiok, J. Tan Tjian Nio, Kho Lan Hoa, Doepi tuwin Rr. Soepiah.

NAGARI WALANDI

Pêdhut kandêl. Sampun sawatawis dintên ing nagari Walandi sisih Kilèn wontên pêdhut kandêl sangêt, ngantos anjalari sandening kapal ingkang badhe bidhal cacah 8 kalêbêt kapal Johan van Oldenbarnevelt, kapal wau sami badhe bidhal dhatêng Indiya, kêpêksa lajêng kèndêl wontên Noordzee Kanaal antawising Hemburg kalihan Velzerburg. Makatên ugi lampah anggênana ing Schiphol amanggih karisakan kathah, ing Waalshaven, motor-motor mabur kêpêksa sami mandhap wontên ing papan anggêgana ing Twente.

EROPA

Jean Batten. Royal Aero Club anyukani mêdhali êmas dhatêng juru anggêgana Jean Batten saking Australie, minangka pamaargya anggèning anggêgana têbih tuwin ngluhurakên darajating anggêgana Inggris salaladanipun.

Bangsa Yahudi kaawisan malêbêt dhatêng Turki. Ing wêkdal punika Turki sawêg ngrancang anggêr-anggêr kangge ngawontênakên awisan têtiyang Yahudi malêbêt dhatêng Turki, kajawi bangsa têtiyang pangajaran inggil tuwin para ahli yêyasan. Rancangan wau dipun ajêngakên dening ministêr babagan Têtanèn Topraki. Ing kala jaman kèngsêripun bangsa Yahudi saking Jêrman, Turki nganggèkakên professor bangsa Yahudi 100.

Rumiyin anggêgana sapunika amblês. Kawartosakên Professor Piccard ingkang misuwur ing Bèlgie, ingajêng ngayati damêl ballon ingkang sagêd anggêgana ngantos dumugi ing lapisaning gêgana ingkang inggil piyambak. Ing sapunika santun ada-ada badhe nyatakakên kawontênan salêbêting sagantên, ingkang lêbêt piyambak. Professor wau badhe nyobi slulup ingkang lêbêt piyambak ngantos 9000 m. Ing rancangan badhe mawi ambêkta timah, supados dados awrat, samangsa badhe minggah, timah wau lajêng kabucal, dados kadosdene ambucal bandhul. Dene anggènipun nyobi benjing punapa, dèrèng wontên wartosipun ingkang têtêp.

--- 1439 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya.

25

Sasampunipun cariyos makatên wau, Ilya lajêng nyêmêthi kapalipun, ingkang lajêng ambandhang rikat sangêt, ngantos sakêdhap kemawon Akulinah lan anak-anakipun sadaya sampun botên sagêd sumêrêp malih. Kadosdene jêmparing ingkang kalêpasakên saking gandhewa lampahing kapal mêdal tuwin lumêbêt ing wana, punapadene anglumpati lèpèn pintên-pintên. Saking rikating lampahipun kapal wau, dèrèng ngantos sêrap sampun dumugi ing ngajêng gapuraning kitha Kiyèf. Ilya enggal lumêbêt ing kitha, sarta ingkang kajujug rumiyin, inggih punika ing greja. Sadumuginipun ing ngajênging greja, kapal lajêng kacancang, dene piyambakipun piyambak, kanthi ajrih lan angaji-aji lajêng lumêbêt ing greja, prêlu manêmbah ing Pangeranipun. Awit mênggah ingkang dados raosing manahipun, botên sanès kajawi namung makatên:

Adhuh, adhuh, aku rumasa dosa bangêt, dene aku kêpêksa cidra ing janji, yaiku: agawe wutahing gêtihe manusa, kang jalaran tak lêpasi panahku iki, mulane sadurunge aku sowan ing ngarsane Prabu Wladhimir, utamane aku tak nyuwun ngapura dhisik marang Ingkang Murbèng Kuwasa.

Wontên ing salêbêtipun greja ngriku, Ilya lajêng nêdha dhatêng pangagênging agami supados puruna angimani anggènipun badhe anêmbah Pangeran, prêlu nyuwun ngapuntên anggènipun sampun cidra dhatêng prasêtyanipun ing ngajêng, ing ngriku inggih lajêng kalampahan, kanthi ajrih saha angaji-aji sangêt, Ilya manêmbah ing Pangeranipun nyuwun ngapuntên mênggah ingkang dados dosanipun. Sasampunipun rampung, Ilya lajêng pamitan dhatêng pangagênging agami, enggal-enggal nyengklak kapalipun, saha lajêng anglajêngakên lampahipun anuju dhatêng kadhatonipun Prabu Wladhimir.

3. Ing kadhatonipun Prabu Wladhimir

Kacariyos, sarêng Ilya lumêbêt ing gapuraning kadhaton anjog ing plataran, ing ngriku sampun sêpên. Awit para satriya sampun sami wontên ing bangsal sami boja andrawina, dene para abdi dalêm ingkang kajibah nampi tamu, ingkang sami botên gadhah pangajêng-ajêng bilih badhe wontên tamu malih, sampun sami ngêmpal wontên ing satunggiling papan ingkang maligi kangge para abdi dalêm. Ilya nuntên anancang kapalipun wontên ing salah satunggiling saka ing ngriku, saha lajêng nuju dhatêng ing bangsal. Piyambakipun minggah ing undhak-undhakan marmêr, ambikak kori ingkang anjog ing bangsal saha lajêng lumêbêt ing bangsal ngriku, ing kala punika Prabu Wladhimir tuwin para tamunipun sadaya sampun wiwit boja andrawina. Ing sadèrèngipun, Ilya atur tăndha sarana anyêdhakêpakên tanganipun rumiyin, minăngka tăndha bilih piyambakipun satunggiling tiyang ingkang angrungkêbi agami Kristên, saha lajêng andhingklukakên badanipun, kadosdene cara-caranipun ing salêbêting kadhatonipun Prabu Wladhimir. Andhingkluk ingkang kapisan punika tumuju dhatêng sang prabu tuwin sang pramèswari, andhingkluk ingkang kaping kalih, dhatêng para Pangeran, andhingkluk ingkang kaping tiga, dhatêng para prajurit tuwin para satriya, dene andhingkluk ingkang kaping sakawan, punika tumuju dhatêng para tamu sanès-sanèsipun.

Sarêng Prabu Wladhimir uninga dhatêng tamu ingkang mêntas dhatêng punika, enggal-enggal lajêng andangu makatên:

He, satriya kang lagi prapta. Aja wêdi lan rikuh tumuli majua ing ngarsaningsun kene, saka nagara ngêndi aslinira, sapa aranira, lan sapa wong tuwanira.

Ilya amangsuli:

Dhuh gusti pêpundhèn kawula, ingkang anguwaosi ing praja Ruslan, mênggah asli kawula punika saking dhusun Karansaro, ingkang papanipun botên têbih saking kitha: Murom. Kula punika prajurit Ruslan, sanadyan namung anaking tiyang tani kemawon, dene nama kawula punika pun: Ilya, anakipun tiyang tani nama: Iwan.

Prabu Wladhimir lajêng dhawuh dhatêng salah satunggiling abdi, supados amaringana gêlas agêng isi anggur dhatêng Ilya, salajêngipun, Ilya ayandhak gêlas agêng isi anggur pêparingipun sang prabu wau, lan kanthi bingah lan lêganing manahipun, saha piyambakipun lajêng ngucap makatên: mugi-mugi gusti pêpundhèn kawula, Prabu Wladhimir, kaparingana panjang ing yuswa. Sasampunipun anggur sagêlas agêng wau lajêng namung dipun ombe saclêgukan kemawon. Sasampunipun makatên, Ilya lajêng andhingklukakên badanipun ngantos adhap sangêt sarta anyèlèhakên gêlasipun wontên ing meja.

Badanipun Ilya ingkang jajag dhasar gagah prakosa punapadene rainipun ingkang katingal padhang, adamêl rênaning panggalihipun Prabu Wladhimir, ing salajêngipun sang prabu nuntên andangu makatên:

Andadèkake bungahing panggalih ingsun, dene sira wis sowan ana ing ngarsaningsun iki. Saiki sira matura marang ingsun, kapan pangkatira saking kutha Murom, lan tumêkamu ing Kiyèf iki mêtu dalan ing ngêndi.

Ilya amangsuli:

Kala kawula wontên ing Murom, kawula aprasêtya lampah kawula [ka...]

--- 1440 ---

[...wula] saking Murom dumuginipun ngriki punika sagêda namung lampahan tigang jam. Ananging wontên ing margi kawula amanggih pambêngan warni-warni, ngantos sawêg samangke kawula sagêd sowan wontên ing ngarsa nata pêpundhèn kawula. Mênggah lampah kawula wau mêdal ing margi agêng, ingkang anglangkungi Cèrnigop. Saking ing ngriku lajêng ngambah ing wana Brinêski, anglangkungi wit agêng ingkang sampun kacêluk awon, tuwin anglangkungi lèpèn Somorodihana ingkang kacariyosakên saklangkung ambêbayani, inggih wontên ing ngriku punika anggèn kawula amanggih bêbaya warni-warni.

Para tamu sadaya sami gumun mirêng aturipun tamu enggal ingkang makatên punika, saha sadaya lajêng sami nyawang dhatêng Ilya. Satunggal-satunggalipun tamu lajêng sami sawang-sinawang sarta mèsêm, ing sêmu sami botên pitados dhatêng sadaya aturipun Ilya wau, nanging botên wontên ingkang purun ngucap, sadèrèngipun Prabu Wladhimir angandika. Namung Alyasa, ingkang botên sagêd ngampêt ingkang dados bêbatosanipun, sarta lajêng ngadêg saking palinggihanipun saha lajêng matur dhatêng sang prabu makatên:

Dhuh, gusti pêpundhèn kawula, kaparênga kawula matur ing ngarsa nata. Satriya ingkang mêntas sowan punika, goroh dhatêng panjênêngan nata, punapadene dhatêng kawula sadaya. Kadospundi anggènipun sagêd kalampahan, ingatasipun tiyang anakipun tiyang tani, ingkang sanadyan ngakêna dados prajurit, nanging salêrêsipun dèrèng katitik mênggahing kaprawiranipun, têka purun nyariyosakên, bilih lampahipun wau anglangkungi ing kitha: Cèrnigop. Ing măngka kawula piyambak mêntas nampi wartos ingkang kabêkta ing playangan, bilih ing samangke kitha wau sawêg kakêpang wakul binaya mangap dening mêngsah ingkang tanpa wicalan cacahipun. Manawi ingkang angakên prajurit punika, sayêktos lampahipun mêdal ing kitha wau, têmtunipun rak sampun dangu dados tawananipun mêngsah, utawi sampun pêcah sirahipun, gumlethak wontên ing siti dados mangsanipun pêksi êngkak tuwin dhangdhang. Kajawi punika margi mêdal ing wana Brinêski punika sampun kêbak rawa. Sintên kemawon ingkang ngambah ing ngriku, botên kenging botên têmtu badhe tiwas jalaran kasêrot ing êmbêling rawa wau. Sawêg bangsaning truwèlu kemawon botên sagêd ngambah ing rawa ngriku, punapa malih satunggiling prajurit ingkang mangangge sarwa waja makatên, botêna lajêng amblês sakapal-kapalipun pisan. Kajawi saking punika, piyambakipun ngaturakên, bilih lampahipun wau mêdal ing sacêlakipun wit agêng ingkang kasuwur mênggahing wingitipun, mêdal ing lèpèn: Somorodihana, lan sasaminipun. Ing măngka ing ngriku punika papan dunungipun rêrêgêding donya, pun begal Solowe, ingkang manawi sumêrêp tiyang saking katêbihan, lajêng ngêrik kados rasêksa, anggêrêng kados sato galak, sarta ngakak kados naga. Dening suwaraning begal Solowe ingkang makatên wau, limrahipun sadaya pasukêtan sami bosah-bosih, sadaya sêsêkaran sami rontog saking pangipun, wit-witan ingkang angrêmbuyung gêgodhonganipun, sami tumungkul ngantos dumugi ing siti, lan têtiyang ingkang botên têbih saking ngriku, sami dhawah pêjah kados sinambêr ing blêdhèg. Kadospundi sagêdipun tiyang punika sakapalipun wilujêng botên kirang satunggal punapa.

Ilya botên ngêntosi dhawuh pangandikanipun sang prabu, nanging lajêng umatur makatên:

Dhuh, gusti pêpundhèn kawula, Prabu Wladhimir, mênggah aturipun abdi dalêm prajurit punika pancèn inggih lêrês sadaya. Namung pun begal Solowe samangke sampun botên wontên ing papan padununganipun ing wit agêng pojok tiga, samangke sampun gumandhul wontên ing sănggawêdhinipun kapal kawula, ingkang samangke kawula cancang wontên ing saka plataran kadhaton sisih ngajêng. Kawula lêpasi jêmparing, saha kenging mripatipun ingkang sisih têngên. Sasampunipun lajêng kawula tawan, tuwin kawula bêkta dhatêng Kiyèf ngriki, prêlu kawula caosakên dhatêng gusti pêpundhèn kawula, Prabu Wladhimir.

Sarêng Prabu Wladhimir mirêng aturipun Ilya ingkang makatên punika, sang prabu enggal-enggal jumênêng saking palênggahanipun, sarta kanthi kadhèrèkakên sang pramèswari, lajêng enggal-enggal jêngkar nuju dhatêng plataran kadhaton ingkang sampun kaaturakên dening Ilya wau. Awit sang prabu pancèn sampun uninga, bilih sampun kathah para satriya tuwin para prajurit ingkang sami nyobi ananggulangi kridhanipun Solowe wau, nanging tanpa damêl, malah sadaya wau sami tiwas pinêjahan ing begal wau. Makatên ugi sang pramèswari sampun asring mirêng dêdongenganipun begal Solowe ingkang saklangkung ambêg siya wau, amila inggih sangêt-sangêt anggènipun kapengin nguningani wujuding begal punika, ing batos sang putri tansah anguda raos, salaminipun wontên ing Kiyèf, têka sampun anguningani lêlampahan ingkang anèh-anèh pintên-pintên. Ing ngriku nyata, bilih dongèng-dongèng kina ingkang asring kangge cêcriyosan wontên ing salêbêting kadhatonipun ingkang rama, punika têka lajêng atingan tanpa têgês, ing nagarinipun piyambak ing Litowên, sang putri asring mirêng mênggahing kakêndêlan tuwin kaprawiranipun para prajurit kina, nanging sadaya wau manawi kapandhing kalihan wontênipun ing kitha Kiyèf, sayêktos dèrèng paja-paja angiribi. Jalaran saking punika amila sang pramèswari ugi lajêng enggal-enggal jêngkar saking ngriku tumuju dhatêng plataraning kadhaton wau. Sarêng sang prabu tuwin sang pramèswari sami jêngkar, sadaya para pangeran, para prajurit, para satriya tuwin para tamu sadaya, inggih lajêng sami ngadêg saking palinggihanipun, prêlu andhèrèkakên tindakipun sang prabu tuwin sang pramèswari, aningali kawontênanipun ing plataran kadhaton. Salajêngipun sadaya wau nuntên angubêngi kapalipun Ilya ingkang kacancang wontên ing saka antawisipun para prajurit ingkang wontên ing ngriku, ingkang sampun nyata kêsuwur mênggahing kêkêndêlan lan kaprawiranipun, inggih punika: Samson, Suhan, punapadene satriya: Dhubrinya, sarta Alyasa kasêbut ing nginggil. Kajawi punika ugi sadhèrèk pitu ingkang kacêluk nama: Sorodhowit, sadhèrèk kalih nama: Sapilowi, tuwin satriya ingkang sampun kondhang nama: Salyasa.

Badhe kasambêtan.

--- 177 ---

No. 45, taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM. RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN. BAYAR DHISIK, LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Soetardi, Bawang. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Di, bênêr ing Bawang sêpi, nanging hawane kêpenak, adhêm. Apa manèh banyu pancuran, Di, wah sêgêre. Aku banjur kêpengin nyang Bawang pêrlu andon adus. Sukur, dene mbakyumu saiki ginanjar slamêt, waras ora kaya nalikane isih ana ing Kêdungwuni, tansah laranên bae. Di, yèn pinuju ora duwe huiswerk, nglayangana ibumu manèh.

Siti Hardjanti, Sri Soedèwi, Djakawidjijatma, Soepanasari, Wonosari, Ngayogya. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênêng lan karanganmu uga wis kêtampan.

Sanjoto, Gondhangdia, Batavia-Centrum. Aku wis tampa layangmu tutupan karo-karone, sing siji isi lêlucon lan cangkriman, dene sijine karangan dêdongengan, ora liya bangêt panrimaku. Nanging sing bab kacamata, sarèhne wis kaprah bangêt ora bisa kapacak, muga aja pisan dadi atimu.

Uncle Sum Box 404 Singapore. Wah bangêt andadèkake bungahing atiku kokirimi layang tutupan têlu pisan, sing siji isi karangan dongèng lan lêlucon, sijine uga karangan manèh, dene sijine koran "The Sunday Tribune". Karangan sing têkane kari dakpacak dhisik, dene sing dhisik besuk liya dina bae, ya? Salammu sing dititipake nyang Soeharta uga wis daktampa kanthi sênêng.

Soebarti, Cirêbon. Layangmu kang isi karangan lêlucon wis daktampa, bangêt panrimaku.

M. Rachmat. Aja pisan dadi atimu karanganmu lêlucon ora bisa kapacak, awit kurang apik.

Sriharti, Sleman, Mêdari, Ngayogya. Aku ora rumasa nampa layangmu, upama aku tampaa sanajana kasèp, rak ya mêsthi dakwangsuli. Nanging dakpikir-pikir, bisa uga layangmu kuwi wis ditampa nang rama redacteur, nanging sarèhne kurang prayoga ora kapacak, lan layang nyang bu Mar ora diwènèhake, awit kurang prayoga uga, miturut ukara lan têtêmbungane kang katulis ing layang nyang bu Mar kuwi, têtêmbunganing ratu ing kêthoprak nyang rerehane (patih), anggone basa ya: niki, niku, ngotên lan napa. Yèn arêp ngoko, ya ngokoa babar pisan, yèn arêp kromo ya sing bênêr sisan, dadi kulina.

Boentarta, Sêmarang. Karanganmu sing isih, loro, ora bisa kapacak, bêcike ngirimana karangan liyane manèh. Panulismu sing dhisik, ya wis sêdhêngan kandêl tipise.

Soepartinah. Limpung. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Sukur yèn kowe saiki langganan Kajawèn. Upama anggonmu dadi langganan wiwit sasi October, bayare manèh ya besuk Januari. Ibumu tansah ngarêp-arêp layangmu manèh.

As. Tumênggungan, Surakarta. Bangêt panrimaku kowe mêrlokake ngirimi layang nyang bu Mar. Iya, aku mula êntas ndhèrèk nyang Kêbumèn, nanging ora nyang Borobudur, awit wis kêrêp mrana.

Sri Koenarti, Pacarkêling, Tambangbaya g. 3 No. 48 Surabaya. Aku wis tampa layang pitêpunganmu kanthi sênênging atiku. Yèn kowe arêp milu ngisèni Taman Bocah, ya mung ngirimana karangan bae nyang bu Mar, ora susah nganggo bayar dhisik, mung bayar francone bae. Dene yèn kowe arêp milu langganan T.B. kuwi kudu bayar f 0,75 ing dalêm nêm sasi. Potrètmu mula ya wis ana dalême R.A. Soewarsi.

S. Broto, Kadipira, Ngayogya. Kowe saiki olèh liburan 35 dina, la kok ora plêsir nyang Bêtawi. Niyatmu banjur arêp plêsir nyang êndi bae?

Karanganmu wis kêtampan, bangêt panrimaku.

M. Diesel, Magêlang. Aku wis matur nyang rama Redacteur, bab "Kêjawèn" kang kotampa sabên-sabên tampane wis bukakan.

Nanging kowe apa ora wani matur dhewe nyang ndara asistèn bab iku, nyuwun supaya panjênêngane bêndara asistèn dhawuh marang para punggawa kantor supaya aja dibukak dhisik. Sabab upama anggone ngêlim sêntosa, mangka ya mêksa dibukak lan kowe mênêng bae, kuwi pangirane para punggawa kowe diarani lila bae.

Sri Hartini, Cèpèr. Aku wis tampa layangmu, bangêt panrimaku. Aku iki dudu bu Siti Mariyam, wis dikandhani dudu, kok tansah ngarani bae. Bu Siti Mariyam kuwi dalême ana ing Bogor, balik bu Mar ing Bungur.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 178 ---

SAWANGAN GUNUNG LAWU

[Grafik]

Sêdulur-sêdulurku, ndhuwur iki ana gambare pak Suta karo pak Naya bêbarêngan angon babi. Anggone angon sêmbrana, ditinggal slewengan wae, babine ilang ora karuwan. Wong loro mau judhêg bangêt, mangka babine mung siji ndil. Sing padha nggolèki rukunan, siji ngalor, sêjine[1] ngidul, mêksa padha ora olèh gawe.

Bocah-bocah ayo padha ewangana nggolèki êndi sing jênênge pak Suta karo pak Naya lan babine siji sing ilang mau.

S. Har, Surakarta

WANGSULANE BOCAH NAKAL

Bapa : "Ana apa Ya, kowe ora mlêbu sêkolah?"

Kiya : "Aku wêdi karo pak guru."

Bapa : "Apa pak guru nakal?

Kiya : "Dhèk wingi naboki bocah nganti nangis."

Bapa : "Ana apa kowe ndadak wêdi?"

Kiya : "Aku wêdi, jalaran mêsthi bakal diukum."

Bapa : "Salahmu apa diukum?"

Kiya : "Dhèk wingi ... aku naboki bocah nganti nangis."

Bapa (rada nêsu): "Dadi kowe sing naboki bocah nganti nangis? Dakkira pak guru. Iya ngati-ati, mêngko kowe mêsthi dakaturake pak guru karêbèn diukum.

Timan

KÊDUWUNG BARÊNG

Ana santri têlu A.B.C., padha lêlungan ing laladan liya. Antara jam 1 awan durung nêmu desa, ora suwe wêruh langgar, banjur padha bungah atine, têrus padha wulu ing kulah kang wis sumadhiya, mlêbu ing langgar kabênêran ora ana wong liya. Wong têlu padha rêmbugan sapa kang dadi imam, pêpuntoning rêmbug, A kang ngimami, banjur padha salat. Têngah-têngah salat ana curut tiba, kêbênêr sandhinge santri C, C ora eling lagi salat, banjur aruh-aruh: Curut kok tiba. A nyambungi: "Wong sêmbahyang dituturi aja omong-omong kok omong-omong." B muni dhewekan: "Dadi aku dhewe kang ora omong."

Wusana têlu pisan padha kêduwung atine.

Soebarti

PASA

Bocah-bocah mêsthine saiki padha pasa, nanging kiraku akèh sing mung milu-milu bae, ora wêruh apa paedahe. Mulane Uncle Sum arêp nêrangake sathithik bab iki. Pasa iku kajaba bêcik kanggo nurut apa kang kadhawuhake ing Quran, uga luwih apik manèh kanggo kawarasan, sabab sing lumrah wong kuwi olèhe mangan kakehan bangêt, apa manèh yèn sugih (Manut paniti, luwih akèh wong mati jalaran kakehan mangan tinimbang wong mati kalirên). Saking akèhe panganan ing jêro awak, wêtêng nganti ora kobêr giling apa kang kajêjêlake mlêbu, luwih-luwih yèn wonge kêsèd, ora tau nyambutgawe abot utawa ulahraga. Panganan kuwi digiling dadi rong perangan:

a. diarani kakuwatan, b. diarani ampas. Yèn anggone mangan kakèhan têrus-têrusan, awake ora duwe wayah kanggo mbuwang ampas mau, dadi padha nglumpuk ing jêro. Mangka ampas kuwi ngêmu racun, ing mulane yèn ora enggal dibuwang, awake dadi saya suwe saya akèh racune, têmahan wonge lara. Nanging yèn kowe kadhingkala pasa, wêtêngmu bisa kobêr ngêtokake ampas sing mbêbayani mau. Pakolèhe: kowe bisa mundhak waras. Mulane yèn kowe dudu wong Islam, utawa yèn wong Islam ora pati mêrduli marang kuwajibane, sêthithik-sêthithike sêpisan sêsasi mêrlokna pasa kaya Uncle Sum dhewe. Manut carane Mussolini, pasa kuwi uga kêna kanggo nulak lêlara. Anggêr awake krasa ora kêpenak, dhèwèke têrus pasa 24 jam, mêsthi ilang rasane sing pating krêkês mau, ora sida têrus ambruk. Wis 10 taun Mussolini ora tau mambu "dhoktêr". Dêlokên awake, kêntut apa ora?"

Mulane wêlingku marang kêponakanku kabèh, ing dalêm sasi iki pasaa sêdina rong dina lan kadhingkala uga mêrlokna, sanadyan sasine dudu sasi pasa.

Uncle Sum, Singapore.

--- 179 ---

CRITANE KÊTHÈK LAN BULUS

(Candhake)

Kêthèk calathu: "Pêrduli apa pagêre pak Tani, aku rak ya bisa mbopong kakang munggah pagêr kuwi, ta."

Wangsulane si bulus: "O, dudu kuwi sing dakrêmbug, sing dakwêdèni mung yèn pak Tani têka, gèk priye anggonku lumayu?"

Calathune si kêthèk: "Iku pêrkara gampang, kakang dakbopong mlumpat pagêr lan banjur dakgawa mènèk wit-witan; pak Tani mêsthi ora bisa nyandhak aku."

Bulus calathu: "Yèn mangkono, iya bêcik lan apa kowe wani sumpah?"

Wangsulane kêthèk: "Iya aku pinaringana kithing, yèn ora nêtêpi janji!"

Calathune si bulus: "Iya bêcik."

Sawise mêngkono karo-karone padha lumaku mênyang kêbone pak Tani. Barêng têkan ing kêbon iku, si kêthèk mbopong si bulus, digawa mênyang jêro pagêr banjur karo-karone padha ngundhuhi jae. Barêng wis padha warêg anggone mangan jae banjur si kêthèk bêngok-bêngok mangkene: "Pak Tani! Pak Tani! Wah jaene pêdhês bangêt, pak Tani!".

Bulus calathu: "Eeee! Mênênga cangkêmmu, yèn pak Tani krungu rak kêtiwasan!"

Calathune si kêthèk: "Wah, kok mêrduli têmên karo dhèwèke! Apa aku ora bisa mènèk sing dhuwur karo nggendhong kakang, takgawa mêndhuwur. Yèn wis têkan ing dhuwur, rak ya ora ketok, ta?"

Si kêthèk bêngok-bêngok manèh: "Wah pêdhêse jaene!" Kabênêran pak Tani lagi bali êntas nagih utang ora entuk dadi muring-muring. Barêng krungu suwarane si kêthèk, dadi saya wuwuh nêsune pak Tani, calathune: "Apa kandhane iku? Wah, saiki aku ngêrti, mêngko dakajar kowe ya!" Pak Tani nuli mlêbu ing kêbone, barêng mêngkono si kêthèk banjur mlayu mènèk wit-witan kang ana ing sacêdhake. Si bulus kèri ing kêbon, banjur ndhêlik ing sukêtan.

Calathune si kêthèk: "E bulus! Saiki rasakna landhêpe ladinge pak Tani!"

Si bulus banjur ora kawêruhan dening pak Tani, nanging si kêthèk kang nuduhake pandhêlikane si bulus mau karo bêngok-bêngok mangkene: "Ing kono pandhêlikake si bulus, nlusup ngisor wit jae, bokonge ketok muncul, bêlèhên bae kuwi!"

Ora antara suwe si bulus kawêruhan dening pak Tani, banjur dicêkêl, nuli diuncalake ing dalan karo calathu mangkene: "Saiki tak ajar kowe!" Pak Tani banjur ngunus lading arêp kanggo mbêlèh bulus. Ing kono si bulus wêdi bangêt, nanging ora suwe dhèwèke calathu marang pak Tani: "He, pak Tani, yèn kowe arêp nyêmbêlèh aku aja kêsusu. Apa pak Tani arêp mangan dagingku mêntah-mêntahan? Rak ya ora enak rasane, yèn ora dibumboni dhisik, banjur diolah, yèn uwis matêng kanthi dibumboni, nêmbe enak dipanggang dagingku iku."

Calathune pak Tani: "Bagus. Apa kokira aku iki bocah cilik kêna diapusi? Yèn aku lunga nyang pasar tuku bumbu, kowe mêsthi minggat."

Calathune si bulus: "Apa iya aku minggat, yèn pak Tani ora pitaya, aku jirêtên, lan gantungên ing ngêndi sakarêpmu."

Ana candhake.

MAIN MUSIK

[Grafik]

Ing dhuwur iki gambare murid-murid sêkolah I.N.S. ing Kayutanam, Sumatra Kulon, lagi main musik. Murid-murid mau kêjabane diwulang: nênukang, anggarap kayu utawa wêsi, anam-anam lan liya-liyane manèh, uga pêrlu disinaoni main musik kang sarana nganggo noot barang; malah pêmaine akèh wong sing padha ngalêm, jalaran padha pintêr-pintêr.

Yèn ngèlingi bangsaning ulah krawitan iya iku gêndhing, ora dupèh-dupèh bocah, uga ora kurang kang padha bisa nabuh, malah padha-padha nabuh, ing besuk dadine, têrkadhang malah bêcik kang disinau ing bocah, tumanême kayadene dadi dhêdhasar.

Mangkono uga ing bab gêndhing Jawa, yèn disinau wiwit bocah, dadine iya luwih bêcik. Mung kuciwa bocah-bocah ing jaman saiki, lumrahe padha dhêmên mênyang têtabuhan musik, akèh kang cotho mênyang gêndhinge dhewe. Nanging nyatane ing saiki uga wis akèh bocah-bocah Jawa kang padha sinau gêndhing lan jogède dhewe.

--- 180 ---

KULDI, SAPI LAN WONG TANI

Ana sawijining Sudagar sugih, anduwèni lêmah pirang-pirang bau lan ngingu kewan warna-warna. Dene sing kapasrahan ngopèni kewan-kewan mau sawijining wong tani. Kacarita ki Sudagar iku bisa ngêrti omonging kewan kabèh, ananging nganggo pêrjanjian ora kêna crita karo sapa bae. Yèn dhèwèke nganti kêlakon malèhake wêwadi mau, dhèwèke mêsthi bakal apês, tumêka ing pati. Anuju sawijining dina ana sapi lan kuldi manggon dadi sakandhang lagi mangan barêng-barêng. Ki Sudagar pinuju lungguh ing sacêdhake disambi nyawang anak-anake kang lagi padha dolanan, dumadakan krungu sapi mau calathu marang kuldi mangkene: "E mitraku, kowe pancèn bêgja tênan, daksawang-sawang kowe bisa ngaso sakêpenakmu sarta pagaweanmu sarwa ènthèng. Manungsa padha anjaga kowe kanthi ngati-ati, kowe didusi rêsik sarta diwènèhi pangan enak lan banyu ngombe kang bêning. Pagawean kang abot dhewe mung kala-kala anggèrèd ki Sudagar, yèn kêpêksa kudu lêlungan. Yèn ora mêngkono sabên dina ya mung thênguk-thênguk bae, mangan lan turu.

Balik kaananku iki seje bangêt. Bêngi têngah wêngi aku ya kudu nggèrèd wluku. Wah rêkasane ora jamak, nganti aku sok kêntekan kêkuwatan. Lan manèh wong tani kang mlaku ana ing buriku ora lèrèn anggone mênthungi aku. Sabab saka narik wluku sabên dina tanpa lèrèn, guluku nganti kari balung lan kulit. La wêkasane, sore yèn aku mulih saka sawah, aku mung diwènèhi sukêt lan kacang garing. Lan saka cilaka manèh, yèn aku wis warêg anggonku mangan pangan kang ora menginake, aku kêpêksa bêngine turu ana ing tlethongku dhewe. Kowe dadi ngêrti ta, yèn ana èmpêre, dene aku mèri nyang uripmu kuwi."

Kuldi ora nyêlani omonge si sapi, barêng wis lèrèn anggone caturan, kuldi nuli calathu marang sapi mangkene: "O, la wong kowe bodho, dikapak-kapakake ya mung tansah manut bae, ora anduwèni kêkêncêngan dhewe. Pak Tani ora bakal anduwèni patrap mangkono, yèn kowe kêndêl upamane: Yèn kowe dicêncang ing kandhang, genea kowe ora mbalela ora mbijig-mbijig karo sungumu, ora kêconcalan sikilmu? Genea kowe ora bêngak-bêngok agawe wêdining pak Tani? Satêmêne kowe rak pinaringan dalan supaya awakmu kajèn, nanging ora tau koklakoni. Yèn kowe diwènèhi sukêt lan kacang garing, ya aja kokpangan, ambus-ambusên bae, nanging ênêngna bae. Yèn kowe gêlêm nurut apa sing dadi pituturku, kowe mêsthi bakal ngrasakake sênêng, uripmu bakal beda bangêt karo sing wis koklakoni."

Pituture si kuldi dirungokake lan di rasakake kanthi têmênan dening sapi mau, nuli clathu: O, iya, bangêt panrimaku, kabèh pituturmu bakal dakturut."

Esuk umun-umun pak Tani têka ing kandhang pêrlu marani sapi arêp dipasangi wluku. Sapi kang ora lali marang pituture si kuldi, ing dina iku bangêt anggone budi. Lan sorene barêng digawa mulih nyang kandhange, lan barêng arêp dicancang, sapi mau banjur mbangkang sarta mundur-mundur karo bêngok-bêngok lan masang sungune arêp mbijig pak Tani. Cêkake apa kandhane si kuldi dilakoni kabèh. Esuke pak Tani marani sapi manèh kaya adat sabên. Ananging barêng wêruh kandhange isih kêbak sukêt lan kacang, kang disêdhiyakake dhèk bêngine lan sapine ngglethak karo mênggèh-mênggèh, pak Tani banjur ngira manawa kewan mau nandhang lara. Dhèwèke nuli thukul wêlase, mulane banjur ora digawa mênyang sawah, banjur enggal-enggal awèh wêruh mênyang ki Sudagar.

Ki Sudagar ngêrti, yèn pituture si kuldi kang ora prayoga mau diturut, nuli thukul pamikire nêdya arêp niksa si kuldi, supaya kapok, calathune marang pak Tani: "Saiki gênti si kuldi konên narik wluku."

Pak Tani nurut apa pakone bêndarane. Kuldi dipêksa narik wluku sadina muput; iku luwih agawe sayah tumrape si kuldi, sabab ora kulina nglakoni pagawean mangkono. Lan manèh ora lèrèn-lèrèn pak Tani anggone nyambuki, nganti barêng têkan ing kandhange, ora bisa ngadêg manèh saking sayahe.

Kacarita sapi mau sênêng bangêt; kabèh pangane ing kandhange êntèk dipangan lan bisa ngaso sadina. Ing batin bangêt bungahe, dene dhèwèke nurut omonge si kuldi. Barêng wêruh kuldi têka, banjur enggal awèh panarima lan ngalêm nyang kabêcikane si kuldi mau.

Kuldi ora mangsuli apa-apa; dhèwèke gêtun bangêt, têka disiya-siya mangkono.

Ing batin calathu mangkene: "Aku dadi cilaka kaya ngene iki sabab saka kurang ngati-ati, biyèn uripku sênêng, tansah tinurutan apa sing dakkêpengini, salahku dhewe, dene saiki aku kaya ngene. Yèn aku ora golèk akal luwar saka sangsaraku, mêsthi nganti dadi patiku." Nalika iku awake si kuldi krasa lêmês bangêt, kaya dene wis ora duwe kêkuwatan babar pisan, nganti niba ing jêro kandhange.

Ki Sudagar barêng krungu kuldine nandhang sangsara, banjur kêpengin wêruh, bakal kapriye kêdadeane si sapi lan si kuldi. Mulane bêngi-bêngi, sawise mangan, sarèhne padhang bulan, mlaku-mlaku karo bojone, têrus marani kandhange kewan loro mau. Barêng têkan ing panggonane, krungu pitakone kuldi marang sapi mangkene: "Mitraku, mara kandhanana aku, yèn sesuk pak Tani nyadhongi pangan, kowe nêdya kapriye?"

Ana candhake.

--- [1441] ---

 


sijine. (kembali)