Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 26, Rê Kli, 19 Sura Ehe 1868, 31 Marêt 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

SRITANJUNG

GANCARAN AKSARA LATIN.

Radèn Sidapêksa suwita dhatêng Raja Adikrama ing Sinduraja, kanggêp pangawulanipun, lajêng dipun junjung dados patih. Abdi sanèsipun sami mèri dhatêng kabêkjanipun Radèn Sidapêksa, sami wadul dhatêng sang prabu. Sang prabu ndhahar atur ngamandaka. Radèn Sidapêksa dipun tundhung alus. Sang prabu api-api gêrah, Radèn Sidapêksa kadhawuhan pados jampi, lajêng bidhal. Lampahipun dumugi ing pratapan Pêrangalas, kapanggih sang pandhita Têmbangpetra. Sang tapa ngandika bilih karsanipun sang prabu nyalawados. Radèn Sidapêksa matur badhe andhèrèk martapa, sang pandhita botên marêngakên, awit sang radèn taksih panjang lêlampahanipun, malah lajêng kapundhut mantu, kadhaupakên kalihan wayahipun ingkang nama Dèwi Sritanjung sarta lajêng dipun dhawuhi wangsul dhatêng nagari.

Dumugi nagari Dèwi Sritanjung dados gumunaning akathah saking ayunipun. Prabu Adikrama kèlu dhatêng pawartos. Radèn Sidapêksa dipun timbali, dipun utus dhatêng kaendran mundhi sêrat.

Sapêngkêripun Radèn Sidapêksa, sang prabu rawuh dhatêng kapatihan kapanggih Dèwi Sritanjung. Dèwi Sritanjung badhe dipun garwa botên purun, malah lajêng ngesahi. Sang prabu duka sêmu lingsêm ing panggalih, amargi katampik ing wanita. Lajêng kondur ing kadhaton kanthi cuwaning panggalih.

Sawangsulipun saking kaendran Radèn Sidapêksa têrus sowan sang prabu ngaturakên lêlampahanipun dipun utus. Ing lair sang prabu katingal suka ing panggalihipun. Lajêng ngandika ingkang botên-botên. Dhandhang diunèkake kuntul, kuntul diunèkake dhandhang. Dèwi Sritanjung dipun cariyosakên lambang sari kalihan tiyang sanès.

Radèn Sidapêksa, bawanipun taksih mudha, mirêng pangandikanipun sang prabu wau panon sumrêpêt kados katapuk, lajêng pamit mantuk kanthi ngêmu duka.

Sadumuginipun ing dalêm dipun papagakên ingkang garwa, botên ananggapi. Dèwi Sritanjung lajêng ngandharakên tindakipun sang prabu. Radèn Sidapêksa botên pitados, kagalih aturipun ingkang garwa wau botên nyata. Sang dèwi lajêng badhe dipun antukakên dhatêng Pêrangalas.

Sarêng tindakipun Radèn Sidapêksa sagarwa dumugi ing wana, dukanipun dhatêng ingkang garwa botên kenging kaampah malih. Sang dèwi lajêng dipun pêjahi. Nalika badhe dipun suduk, Dèwi Sritanjung matur: manawi rahipun anggônda awon nyata saliranipun pancèn lêpat. Nanging kosokwangsulipun manawi anggônda arum angambar, Radèn Sidapêksa ingkang kirang titi. Radèn Sidapêksa botên angrèwès dhatêng aturing garwa. Ingkang garwa èstu dipun têlasi. Nalika badhe angrêsiki wangkinganipun dhatêng lèpèn, Radèn Sidapêksa priksa yèn kampuhipun kenging rah sarta ambêtipun wangi. Sanalika Radèn Sidapêksa kagugah katrêsnanipun dhatêng garwa, lajêng gandrung dadakan. Kasupèn bilih ingkang garwa sampun seda.

Kacariyos yitmanipun Dèwi Sritanjung minggah dhatêng kaswargan, kapanggih kalihan Hyang Dwarakala. Sang dèwi lajêng dipun têdahakên dhatêng panggenaning yitma ingkang dipun siksa, jalaran nalika gêsangipun mandamêl ingkang botên lêrês. Sasampunipun tutug anggènipun mriksani, yitmanipun Dèwi Sritanjung lajêng dipun wangsulakên dhatêng raganipun. Dèwi Sritanjung gêsang malih, sarta warninipun saya wêwah ayu. Lajêng wangsul dhatêng pratapan Pêrangalas.

Kocapa Radèn Sidapêksa ingkang tansah anggêtuni sedaning garwa, lajêng dipun rawuhi dening Hyang Nini, punika kalêrês eyangipun Dèwi Sritanjung. Hyang Nini paring dhawuh bilih Dèwi Sritanjung gêsang malih, samangke sampun wangsul dhatêng Pêrangalas. Radèn Sidapêksa bingah sangêt, lajêng nusul ingkang garwa dhatêng pratapan. Sadumuginipun ing pratapan, Radèn Sidapêksa asrah kalêpatan dhatêng Sang Bagawan Têmbangpetra, sang tapa ugi paring pangaksama. Dèwi Sritanjung dipun panggihakên kalihan Radèn Sidapêksa, nanging sang dèwi nyuwun tumbasan: inggih punika sirahing ratunipun, prêlu badhe kangge kèsèd. Radèn Sidapêksa nyagahi, lajêng nyuwun pamit dhatêng ingkang eyang sang bagawan. Sang bagawan marêngakên, sarta paring pusaka.

Prabu Adikrama mirêng yèn badhe kadhatêngan mêngsah, lajêng mêpak bala. Sasampunipun sami samêkta lajêng sami campuh prang. Bala Sinduraja têtumpêsan. Prabu Adikrama tiwas wontên ing paprangan. Prajurit ingkang gêsang lajêng sami têluk dhatêng Radèn Sidapêksa. Rajabrana ing Sinduraja dipun jarah rayah kabêkta dhatêng Pêrangalas.

Radèn Sidapêksa lajêng kadhaupakên malih kalihan Dèwi Sritanjung, wilujêng tanpa sambekala.

Makatên cêkakipun cariyos Sritanjung. Ing sarèhning namung cêkakan, sêngsêming cariyos botên katingal. Môngka saèstunipun cariyos Sritanjung punika kêbak ngês lan kêbak sêngsêm. Kajawi punika ugi wontên piwulangipun ingkang sae sangêt. Kados ta nalika Dèwi Sritanjung ningali kawontênaning yitma ingkang sami nandhang dosa.

Kula aturi nyatakakên maos piyambak. Têmtu marêm. Rêginipun namung f 0.30

WÊDALAN, BALE PUSTAKA, BATAVIA-CENTRUM.

--- [385] ---

Ôngka 26, Rê Kli 19 Sura Ehe 1868, 31 Marêt 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Wanci Sontên - Bab Warisanipun Tiyang Jawi - Kawontênan ing Mêsir - Têtiyang Dhayak saha Tatacaranipun - Pamardi Tumrap dhatêng Pamiyaran Menda - Rawuh Dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagara - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

--- 386 ---

Bab Babagan Kukum

Bab Warisaning Tiyang Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 24-25

Miturut ngadat tatacara Jawi: pokokipun ingkang dados waris pun anak pupon. Yèn wontên kulawangsanipun ingkang pêjah ingkang cakêt kawangsanipun (upami sadhèrèk) punika sok tumut angsal, nanging pun anak pupon mêsthi angsal. Malah yèn ingkang pêjah atilar anak piyambak, pun anak pupon mêksa angsal bagean.

Kados sampun cêkap samantên kemawon anggèn kula ngaturi conto-conto bab punika (bab Ha).

Na. Sapintên bageyaning sabên waris.

Bab punika pranataning khukum phêkih botên pêrlu kula jalèntrèhakên ingkang ngantos tapis, ugi cêkap kula ngaturi conto sawatawis kangge katrangan botên mathukipun tumrap tiyang Jawi.

Ing pundi-pundi sabên kula takèn punapa sami mangêrtos paugêraning phêkih bab prail (môngka ingkang kula takèni punika kathah ingkang sampun khaji. Malah wontên ingkang sêbatan kiyai) wangsulanipun: pangêrtosipun namung: pambagening warisan dhatêng anak jalêr èstri punika awêwaton: anggendhong amikul, liripun: yèn anak jalêr angsal 2 bagean (amikul) anak èstri angsal sabagean (anggendhong). Ing Panaraga wontên ingkang sagêd anjalèntrèhakên pranataning khukum phêkih bab prail, kalayan lêrês lan têrang, mratandhani yèn phaham dhatêng bab punika, nanging ngakêni piyambak botên mathukipun yèn pranatan punika katindakakên tumraping tiyang Jawi.

Mangsuli bab pambagening warisan dhatêng anak jalêr èstri awêwaton anggendhong amikul, punika miturut pranataning khukum phêkih mila kêdah makatên, lan ing sawatawis dhusun utawi laladan (upami ing Kudus kulon) pambagening warisan dhatêng anak jalêr èstri mila makatên, nanging ingkang kalimrah ing ngakathah ing pundi-pundi: botên makatên, kenging kawastanan umum katindakakên ing pundi-pundi: anak jalêr èstri bageanipun kadamêl wradin. Wondene yèn ingkang pêjah wau ugi gadhah anak pupon, punika ugi tumut angsal bagean kadosdene anak piyambak, dêstun namung sok wontên kawonipun kalihan anak piyambak, nanging têmtu dipun sukani bagean. Môngka yèn miturut khukum phêkih anak pupon botên angsal bagean.

Kajawi punika yèn ingkang pêjah wau kajawi anak-anakipun têksih tilar kulawôngsa sanès-sanèsipun, punika miturut khumum phêkih kulawôngsa wau ugi sok têksih tumut angsal bagean, upami: bapa lan biyung (dawul prail), nanging yèn miturut ngadat tatacara Jawi: kulawôngsa sanès-sanèsipun punika katutupan ing anak utawi putu.

Bab punika katawisipun sangêt yèn pranataning khukum phêkih punika botên sagêd marêmakên tumraping tiyang Jawi, yèn ingkang pêjah punika namung tilar anak èstri.

Kala kula mêntas mantuk saking naliti bab punika

--- 387 ---

ing Banyumas, nampi pradulipun sadhèrèk ing Banyumas ingatasing warisan kados ingkang kasêbat ing ngandhap punika.

Wontên tiyang jalêr pêjah, atilar kulawôngsa anak èstri 5.

Semah (biyung kuwalonipun anak 5 punika), sadhèrèk èstri 1.

Sadhèrèk èstri wau angucik nyuwun panduman ing ngarsaning pradata rad agami, ingkang amutus:

Warisan kabage dados 24 bagean,@semah angsal 3 bagean,@anak-anak èstri 5 angsal 16 bagean,@sadhèrèk èstri angsal 5 bagean.

Dados sabên anak èstri satunggal angsal 1/5 ling 16 bagean = 3 1/5 bagean kawon kathah kalihan bageaning sadhèrèk èstri (5 bagean).

[Iklan]

Punika ingkang botên dados trimahipun para anak èstri wau, awit (makatên ingkang kangge wêwatoning botên trimahipun): kala sakitipun ingkang pêjah, ingkang angrimat lan tumut angraosakên ngrakaosipun inggih namung anak lan semahipun, pun sadhèrèk èstri botên nate angaruhakên, têka sapunika angsal bagean tur kathah piyambak.

Yèn miturut tatacara Jawi ingkang angsal warisan inggih namung pun anak èstri lan pun semah. Punika mirit saking kupiya ingkang kula sumêrêpi. Badhe kasambêtan.

Kandhiyur.

--- [388] ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Mêsir

Nagari Mêsir punika kapetang nagari ingkang misuwur, malah wiwit kina pisan, misuwuripun angèbêki jagad, saya gêgayutanipun kalihan bab donya, Mêsir punika satunggiling nagari ingkang tansah kocap, dening anggadhahi pasitèn ingkang sakalangkung loh jinawi, têtiyangipun misuwur ing bab kagunan, kasusastran tuwin sanès-sanèsipun. Ngantos dumuginipun sapunika mênggahing babagan pangajaran dhêdhasar Islam pinanggih langkung misuwur. Inggih punika pamulangan luhur Al Azhar.

[Grafik]

Sang Nata Faroek kalihan ingkang ibu nuju nitih kareta ngambah ès nalika têdhak dhatêng Switsêrlan.

Saya manawi ngèngêti wontênipun sêsukan ing Suès, punika tumraping Mêsir pinanggih gêgayutanipun ingkang langkung wigatos. Wah ing samangke Mêsir katingal wiwit badhe ngambah kamardikanipun yêktos bababagan[1] ing ngriku, katitik saking wontêning ewah-ewahan tatananipun pajagèn gêgayutanipun kalihan Inggris.

Sajumênêngipun nata enggal Prabu Faroek, nagari Mêsir saya katingal ujwalanipun, gêgayutanipun Mêsir kalihan Inggris sakalangkung rakêt. Malah miturut wartos, benjing jumênêngipun nata Inggris ing wulan April ngajêng punika, nata Mêsir badhe anjumênêngi dhatêng Inggris. Wontênipun Inggris nyewa panggenan piyambak 2500 pon Mêsir, kagêm salêbêting kawan wulan. Dados anggèning nata Mêsir dhatêng Inggris punika manawi miturut dangunipun, ugi mêngku kawigatosan sanès.

Angèngêti kawontênanipun nagari kados makatên punika, inggih punika gêgayutaning ewah-ewahan kalihan Inggris, tamtu kemawon tumraping praja piyambak inggih ngawontênakên tatanan ingkang langkung prayogi, lajêng ngawontênakên komite badhe tumbas motor mabur kangge kasantosaning nagari. Kalêrêsan dhasar ing wêkdal punika kawontênaning rakyat sarwa lêga-lêgawa sêtya dhatêng nagari tuwin trêsna dhatêng gusti ratunipun, kalampahan lajêng sagêd anglêmpakakên arta 125.664 pon Mêsir. Sasampunipun punika komite taksih nglajêngakên ambudidaya sagêdipun angsal arta ngantos sayuta pon. Kajawi punika Mêsir ugi mêwahi [mêwah...]

--- 389 ---

[...i] wadya bala 20.000 kangge mêwahi kêkiyatan, waragadipun 536.000 pon.

Tindaking praja ingkang dipun sayogyani dening rakyat, punika pinanggih sarwa nglêgakakên, saha katingal bilih nagarinipun badhe majêng yêktos, inggih lêganing para rakyat wau ingkang lèrègipun sakalangkung jêmbar, sagêd numrapi dhatêng babagan warni-warni. Kados ta parentah nêtêpakên supados para nara praja anglilakakên balanjanipun sawulan ing salêbêtipun taun punika, prêlu kangge kasing komite labuh bôngsa. Tumraping rakyat sami suka lila, dene tindak punika ugi kangge bêtahing rakyat piyambak.

Katingaling grumêgahipun rakyat Mêsir, punika sarêng dêrêng pangudinipun dhatêng kamardikan, pangangsêgipun dhatêng Inggris katingal yêyêktosan, ugi lajêng sagêd nuwuhakên raos kêbranang, wontên ingkang lajêng rêbat dêg, ingkang wosipun sadaya ngangkah enggaling kasêmbadanipun sagêd mardika, malah kaduking kanêpsonipun, wontên ingkang kadugi nglairakên têtêmbungan: Mêsir botên badhe angsal kamardikan yêktos saking Inggris manawi botên sarana kurban jiwaning saradhadhunipun. Ingkang makatên wau katingal bilih Mêsir tuwuh kapurunanipun yêktos. Rahayunipun dene kalampahaning mardika kanthi margi gampil tanpa sangsaya.

Makatên ugi tumraping bôngsa Mêsir ugi gampil katarik ing daya ingkang raos murina dhatêng golongan ingkang rinaos tunggil bôngsa, kados ta nalika rame-ramening pasulayan ing Palèstinah, para golonganing mahasiswa ing pamulangan luhur, sami saiyêg ngawontênakên darma dhatêng bôngsa Arab ingkang sami pasulayan. Tindak kados makatên punika tumraping bôngsa Arab ing Palèstinah lajêng katêtangi manahipun, rumaos dipun murinani, nanging kaduking nêpsonipun saya majêng, ngrumaosi bilih pambantunipun Mêsir ingkang warni arta dhatêng bôngsa Arab ing Palèstinah punika kados botên cêkap namung samantên kemawon. Salajêngipun supados ngawontênakên raos kamanungsan, ambelanana yêktos dhatêng golongan bôngsa Arab wau. Malah bab pangunêk-unêk wau ngantos kalair: bôngsa Arab jalêr èstri ing Palèstinah rumaos dèrèng marêm dhatêng sih pitulunganipun Mêsir ingkang samantên kathahipun, inggih punika awarni arta, jampi-jampi tuwin sanès-sanèsipun, pangajêng-ajêngipun inggih ambiyantua kanthi tandang tuwin toh jiwa.

Dados makatên èwêd pakèwêding nagari ingkang badhe nêdya mardika, sabab-sababipun tansah wontên kemawon, sukur dene sapunika Mêsir sagêd marêm yêktos.

Wangsulan Redhaksi

Langganan ing Bêndungan, Pracimantara.

I Sasumêrêp kula dèrèng wontên buku nut gêndhing Jawi ingkang kangge wulangan kawitan. Bale Pustaka inggih kêpengin ngêdalakên, namung dèrèng angsal tiyang ingkang sagêd anggarap. Dados bab sinau nabuh kangge wiwitan prayogi nêdha tulung niyaga. Ewadene prayogi pitakèn dhatêng museum Sriwêdari Surakarta.

II Kolonisatie = bêbadan wontên ing tanah sabrang. Emigratie = kesah saking siti wutah rahipun.

III Botên.

Langganan nomêr 2793. Darah Barata (gambar ringit) botên dipun sade eceran, dados kêdah mundhut saprangkat.

K. 3911 ing Kajajar. 1 Nopèmbêr 1917 dhawah: Kê Kli, botên Stu Wa. 3 Januari 1920 dhawah: Stu Lê, botên A Wa.

--- 390-391 ---

[Iklan]

--- 392 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Tiyang Dhayak saha Tatacaranipun.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 24-25

Dene tatacaranipun tiyang alakirabi kados makatên:

Sadèrèngipun lare jalêr nêdha palilah dhatêng tiyang sêpuhipun, piyambakipun angyakinakên rumiyin punapa lare èstri ingkang dados idham-idhamanipun punika yêktos rêmên kalihan piyambakipun. Manawi lare èstri pancèn rêmên, sawêg rêmbagan kalihan tiyang sêpuhipun. Ambokbilih tiyang sêpuhipun nayogyani pikajêngipun, lajêng tiyang sêpuhipun utawi sanak kadangipun ingkang cêlak bidhal dhatêng panggenaning bapa biyungipun lare èstri, prêlu ngrêmbag pikajêngipun lare jalêr. Saupami tiyang sêpuhipun botên mupakat, tiyang sêpuh utawi sanak kadangipun lare jalêr ingkang kapasrahan ngrêmbag prakawis punika, kêdah ngêtog budi sagêda tiyang sêpuhipun lare èstri mupakat. Upami dipun jawèkakên, anggènipun ambudidaya wakilipun lare jalêr supados bapa biyungipun lare èstri mupakat makatên:

Kangmas saha bakyu, kula botên mangrêtos dene panjênêngan sakalihan sagêd botên mupakat kalihan atur kula. Cobi dipun galih, putra panjênêngan punika sampun wancinipun gêgriya, warninipun sae. Dados eman sangêt manawi botên pikantuk jodho ingkang tandhing. Hla, sapunika sintên ingkang patut dados jodhonipun gêndhuk, tiyang sadhusun botên wontên ingkang pantês kajawi thole (inggih punika lare jalêr ingkang kasêbut ing nginggil), kula botên kok badhe ngalêmbana, namung lugu ngaturakên punapa kawontênanipun. Thole punika angganthêng, brêgas, pintêr, cêkap, kula eman manawi botên pikantuk bojo ingkang sababag. Sampun dangu anggèn kula manah bab punika, wêkasanipun, namung ingkang putra ingkang kula anggêp pantês. Sapunika badhe punapa malih.

Dangu-dangu bapa biyungipun lare èstri kèlu dhatêng ginêmipun wakiling lare jalêr, lajêng mangsuli: Inggih dhimas, pancèn lêrês dhawuh panjênêngan, sumôngga ingkang putra kadhaupakên kalihan anak kula, ananging sadèrèngipun, panjênêngan kêdah anggalih bab arta tumbasan.

Arta tumbasan ingkang winastan oewang ditjoeran utawi oewang batako punika kathah sakêdhikipun gumantung inggil andhaping drajatipun lare èstri, saha ênèm sêpuhipun tuwin sae awonipun.

Ingkang kajibah ambayar arta tumbasan punika tiyang sêpuhipun lare jalêr, katampèkakên dhatêng bapa biyungipun lare èstri. Badhe kasambêtan.

Suyana - Adinata.

--- 393 ---

Bab Ingah-ingahan

Pamardi tumrap dhatêng Pamiyaran Menda

Sambêtipun Kajawèn nomêr 24-25

Titikanipun menda èstri tuwuh birai, inggih punika: 1e gêmboran, tansah ngungak dhatêng jalêran, botên purun nêdha. 2e kancanipun èstri samidene èstri dipun tumpaki. Lan wontên malih pasaksènipun, nanging samantên sampun cêkap. Awit saking punika menda mandhap saking kandhang prêlu kaumbar sawatawis jam, punika kangge niti pirsa wau, utawi ugi kangge kasarasan anggènipun pêncolotan, bêrik-bêrikan tuwin sanès-sanèsipun.

[Iklan]

Patilan makatên ragi angèl tangguhipun, liripun, dintên punika sampun kapatilakên, 5 dintên malih taksih katingal brainipun malih, lajêng 7 dintên êngkas makatên malih. Manawi pinanggih makatên, punika kêdah dipun turuti, sarta manawi mardi dhatêng turuning jalêran ingkang sampun cocog dhatêng manah, inggih kaping-kaping wau kapatilna punika kemawon. Kajawi manawi lajêng pinanggih botên sagêd nuruni utawi kirang jodho, sawêg kasantunan jalêran sanès, punika mamrih rêsiking turun ingkang pinardi.

Manawi patilan wau dados titikanipun sampun [sampu...]

--- 394 ---

[...n] botên birai malih, menda wau manawi panuju tilêm anggruguh, hêhêh, hêhêh... makatên. Danguning dangu kapur katingal saya agêng. Wasana 5 wulanipun kirang 3-6 dintên badhe anglairakên, ingkang katingal rumiyin kêndhangan, sapêcahipun lajêng ngêdalakên kawah, lajêng katingal tracak mungup-mungup, lajêng congor katingal, punika botên dangu lajêng brol mêdal cêmpenipun.

[Grafik]

Menda-menda èstri jawi.

Menda ingkang susunipun agêng sarta pênthilipun panjang cêmpenipun asring botên sagêd nyêsêp piyambak, inggih makatên wau kêdah dipun pitulungi kasêsêpakên, ing mangkenipun 1-2 dintên tamtu lajêng sagêd piyambak. Manawi toya susu katingal langkung kêdah dipun pêrês kawêdalakên, kangge piyambak utawi kadospundi. Awit manawi ngêndhong kirang prayogi, susu dados bantat, makatên punika asring mahanani nierontsteking, punika badhe dados rêksan. Manawi ngumur 3-4 wulan prayogi dipun sapih, rumiyinipun êmbok gêmboran undang-undang anakipun, cêmpe makatên ugi ngupados biyung. 3-4 dintên mantun, susu kaêpuh têrus ngantos biyung birai malih, lajêng kapatilakên, sarta manawi patilan wau dados, kapur (susu) badhe susut, lami-lami kêmpès, ananging mek-mekanipun mêndut-mêndut, botên mêndhokol bangkak. Makatên punika botên dangu kapur badhe katingal mêthênthêng malih, jalaran nyêlaki badhe nglairakên.

Wasana mênggah lajênging atur kula, menda makatên watakipun ajrih toya, pramila bab kandhang kêdah ingkang rapêt, kadamêlakên panggungan, prêlunipun têmêndhil sagêd ambrojol saking sêla-sêlaning gladhag sarta toya sêne ugi makatên. Toya sêne ingkang ngèngingi badaning menda-menda murugakên sêsakit ambrondhoili wulu, utawi menda wau lajêng katingal kopros. Kala-kala kandhang dipun rêsiki mawi toya jarang, punika sae. Menda makatên ugi kala-kala kêdah dipun êdusi, mawi sabun inggih utami.

Ingkang awrat bab pamiaran menda, punika anjagi cêkaping pakan rambanan wau, ananging punika kenging dipun ikhtiyari nanêm turi, ing pagêr-pagêr, ing turut galêng-galêngan saha wangan-wangan. Turi ingkang sae ingkang sêkar pêthak, turi sêkar abrit mirid pamanggihing para sagêd sagêd ngêndêmi. Ing Têgal sadhèrèk padhusunan kathah ingkang nanêm turi, panyadenipun [panyadeni...]

--- 395 ---

[...pun] dhatêng kitha tamtu pajêng, awit ing kitha ngriku klêbêt majêng dhatêng pamiaran menda. Menda dipun têdhani godhong turi, kajawi mamrih kasuburan ugi andayani lêburing toya susu, awit jating turi kathah sari-sarinipun.

Godhong pohung (bodin) ugi sae kangge pakan menda, ananging pohung taunan asring ngêndêmi. Sanadyan pohung têgalan supados botên damêl mutawatos, kaalumakên rumiyin. Rèhning tanêman pohung katingal majêng sangêt, nanêm turi papanipun inggih taksih lêga, dados dhusun-dhusun ingkang ngajêngakên menda inggih sagêd kemawon. Kajawi punika godhong nôngka ugi sae sarta ing dhusun-dhusun inggih kathah tiyang nanêm nôngka.

Tumrap têdha ingkang winastan kracht voer punika inggih nyuburakên, ananging punika kêkathahên wragad, sabab racikanipun:

1e Bungkil kacang, 2e kacang ijêm, 3e pantun kadhêplok alus, 4e dhêdhêk alus, 5e sarêm. Racikan wau mawi timbangan saking etangan, ingkang ing sapunika kirang prêlu, awit tamtu badhe kêkathahên wragad. Bab 2 prakawis: 1e majêngipun tanêman turi, 2e migunakakên godhong pohung têgalan, punika sampun sagêd damêl kamajênganing pamiaran menda.

Nyuwun gunging pangapuntên atas kêkiranganing andharan prakawis nginggil.

Sumadi - Pangarasan.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar salah satunggiling panggenan ingkang katrajang bêna êndhut ing Malabar, kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn ingkang sampun kapêngkêr.

--- [396] ---

Pèngêtanipun Petruk

Rawuh Dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagara

Timbangane aku nganggur, kang banjur pikirane kêloyongan sêparan-paran, luwih bêcik aku tak gawe pèngêtan sathithik, nalikane aku mêthuk rawuh dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ana ing Tanjungpriuk. Prêlune yèn ing besuk aku wis jêmpo, gawene mung wotak-watuk bae, sathithik rong ithik bisa umuk marang anak putu: huk huk huk, aja kok kira le huk huk sanadyan aku kiyi saikine kaya ngene, huk huk kalane aku isih rada nom, aku wis tau kêmbul karo Kangjêng Gusti Mangkunagara ing Surakarta. Apa kêmbule mau, kêmbul dhahar, kêmbul lênggah, apa mung kêmbul... panjênêngan dalêm ana ing prau, aku iya ana ing prau, kuwi luwèh-luwèh panampane anak putu, nanging katone ana ing kono, rak wis brêgas bangêt, sabab diunèkake: aku kêmbul karo Kangjêng Gusti.

Murih runtute pèngêtan kiyi tak gawene saka kawitan pisan. Mung bae iki pèngêt-pèngêtan butuhku dhewe. Kanggone wong liya ora ana gunane saupit-upita. Mulane iya ora prêlu maca, ewadene yèn mêngkone ana sing kasdu maos, aja kok banjur: anggêgujêng, duka, mêcucu, sanadyan mung mlerok bae, iya wis tak arani mêkruh, awit tak balèni manèh, iki butuh-butuhku dhewe, wong liya ora prêlu priksa. Wis saiki tak wiwitane.

Satêngah sasi sadurung-durunge, kabare wis sônja nyang ngêndi-êndi, yèn rawuh dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara ana ing Tanjungpriuk, tanggal 25 sasi iki, dene wayahe jam 8 esuk.

Dhasar iya Makne Kamprèt, krungu kabar sing mêngkono kuwi mau, banjur enggal-enggal tutur nyang aku mangkene: Pakne, tanggal 25 ngarêp iki ambok padha nyang Tanjungpriuk, ya, munggah nyang kapal Oldenbarnevelt. Wong aku kêpengin wêruh Gusti Kangjêng Ratu Timur, apadene Gusti Nurul sing cêdhak bangêt kae.

Aku banjur mangsuli mangkene: Ambok sing duwe rikuh sathithik, ta bune. Dina kuwi mêsthine ana ing Tanjungpriuk, akèh gusti-gusti, akèh ndara-ndara, akèh dèn ayu-dèn ayu. Gèk awakmu banjur arêp kok sêlapake nyang ngêndi. Mêngko têkane ing ngomah ora wurung sing kok rasani ngêmungake: wah, gusti anu agême sêngkang sajagung-jagung, wah, dèn ayu kae rasukane kinclong, wah, mopro si anu nyampinge bisa anjogèd, lan êmbuh anggumuni apa manèh. Ambok uwis nyang ngomah bae. Timbangane dhuwit diêcèh-êcèh kanggo nyang Priuk, ambok diênggo tuku pitik, banjur diopor, wah, nyamlêng bune.

Nèk Makne Kamprèt mono, sanadyan nganggo mêcucu, lumrahe iya banjur mung monat-manut bae, wong iya bojoku. E, dilalah yatallah, adhiku wadon Si Kunyil: Bu Mar, banjur nambrung bae mêngkene: Ambok iya ta, mas, tindak nyang Tanjungpriuk, hla, aku banjur andhèrèk, wong aku durung tau wêruh kapal sing gêdhe-gêdhe, durung wêruh palabuhan, mêngko

--- [397] ---

yèn bocah-bocah ponakanaku padha takon kêpriye kaanane Tanjungpriuk, nganti kalakon tak wangsuli: durung tau wêruh, apa kangmas ora lingsêm, mêngko diaran-aranana aku ana ing Batawi kene rak mung dipingit bae.

Ing batinku: dupèhane ngêmong bocah-bocah sasayahiranèki, ngajak mênyang Tanjungpriuk kanggo dhadhakan, nèk-nèke ing besuk ana bocah sing takon kaanane ing kono. E, timbangane ana ing ngomah wêruh bojo mêcucu, adhi wadon lambene dijêdhir-jêdhirake, luwih bêcik tak saguhane bae.

[Grafik]

Dumadakan ing tanggal 25 mau aku diutus pisan karo panggêdhe ing kantor Bale Pustaka mênyang Tanjungpriuk prêlu nyaosake buku ing sampeyan dalêm kangjêng gusti, aku iya saguh kanthi prajangjian: anggêre kula sêdintên muput diparingi hari bêsar, alias ing dintên punika kula kaparêng botên lumêbêt dhatêng kantor babarpisan. Sabab niyatku, lêbar mêthuk ana ing kapal, banjur arêp kiyah-kiyah.

Cêkak aos, ing tanggale sêlawe, aku karo Makne Kamprèt, apadene sêdulurku wadon, Bu Mar, jam sêtêngah wolu esuk wis padha sumadhiya ana ing palabuhan Tanjungpriuk. Ing kala samono wis akèh para luhur lan para priyayi, kakung putri, sing wis padha ana ing kono. Malah jarene akèh sing rawuhe ana ing kono kuwi sadurunge jam 7, ing môngka miturut kabar, labuhe kapal sing dititihi kangjêng gusti kuwi jam 8 thèng, dadi sing akèh-akèh rawuhe kêgasikên. Sanalika kono aku têka banjur kèlingan sing diarani: jam Jawa kae. Nèk diundang pênggandêring, diundang slamêtan, utawa prajangjian apa-apa, sing ditêtêpake kudu têka jam 8 upamane, têkane sok jam 10, nanging nèk arêp nyêpur, arêp mêthuk kapal, lan sapêpadhane, sing wis ditêtêpake têkane jam 8, bokmanawa mêthongkrong ana ing kono wis wiwit jam 6, sing kapisan, anjagakake: kana mêsthine durung ana wong, mulane banjur ngasèp. Kang kapindho: kuwatir nèk kêpancal, mulane banjur ajêg kêgasikên.

Sajêrone padha ngêntèni labuhe kapal ha, lidok aku dipadhakake kantor pos bae, mêsthi wêruhe nyang sapa-sapa, sabên -sabên Mak Kamprèt utawa Bu Mar dulat-dulit nyang aku karo pitakon: Pakne, sapa kae, katone kok mêncorong têmên. Kae,

--- [398] ---

lo, kae, pintêr têmên anggone amêmantês agêm-agêmane. Banjur, kae, kae, wadhuh ayune. Wis mangkêl ngadani Makne Kamprèt sing mung guman-gumun bae, kathik sisihku sing kiwa, Bu Mar, cêkikak-cêkikik karo muni: kae, mas, kulite rada irêng, kathik pipi lan lambene abang mèngèr-mèngèr kaya jambu bol. Tujune kala samono kapale kêburu labuh, dadi aku durung nganti bêgita-bêgitu, wis kêsusu wong-wonge padha munggah kapal kabèh.

Kocapa, ana ing sajêroning kapal, sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, miwah garwa dalêm Gusti Kangjêng Ratu Timur, apadene putri dalêm Gusti Nurul, wis sumadhiya ana ing salon prêlu arêp amanggihi para sing arêp ngaturi sugêng rawuh dalêm mau. Layang-layang kabar wis padha nyêbutake anane para luhur sing padha sowan kangjêng gusti, mulane ora prêlu tak balèni ana ing kene. Sauwise kabèh sing padha caos sugêng, mundur, banjur aku kêthangklung-kêthangklung maju. Sadurung-durunge pikiranaku rada repot bangêt, gèk kêpriye anggonku arêp nyêmbah, sabab tanganku kiwa lagi ewuh nyêkêli buku. Apa kudu nyêmbah nganggo tangan siji, anèh kaya buta pêrpat. Apa buku tak umbulake, nyêmbah, banjur buku tak tampani manèh, mêngko gèk diwêstani buruh sunglap. Pêpuntoning pikiranaku mêngkene: iki rak isih esuk, durung klêpoh bangêt, mulane sajêrone aku nyêmbah buku tak kêmpit ana ing kèlèk bae. Nèk wis rampung aturku, buku tak caosake, banjur: glodhag, nyêmbah manèh.

Gambaranaku sadurunge adhêp-adhêpan karo sampeyan dalêm kangjêng gusti, wong iya mung aku bae sing munjuk, mêsthine iya ora pati digape, kocapa, barêng tak wiwiti aku munjuk mangkene: Adalêm dipun kèngkèn saudara dalêm Tuwan Dr. Hidding - sampeyan dalêm kangjêng gusti anggone migatosake nyang unjukku mau sajak tênan kae, nganti salira dalêm mantêlung majêng mangarêp, sanalika anggonku munjuk banjur rada wel-welan: kang, kang, kang, kapisan, ngaturi su, su, sugêng dalêm rawuh, kang, kang, kang, kaping kalih nyaosakên buku. Barêng buku wis diasta, rasane wêr-wêran, pandêlênganaku pyar-pyaran, nganti dhawuh pangandika dalêm krunguku mung layap-layap bae, wêruhku: guwaya dalêm katon mèsêm, lan krunguku dhawuh pangandika dalêm ngêmungake: kandhakake - Dank U wel. Tujune aku tumuli enggal kaparêng mundur, ajaa, wah, êmbuh bae aku, bokmanawa kalakon sêmaput.

Rawuh dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara mau, kaya sing wis kasêbut ing layang-layang kabar, sêsarêngan karo rawuh dalêm Kangjêng Gusti Pakualam anyar. Mulane kala samono ing salon kono iya dhobêl rame, saka akèhe para luhur lan liya-liyane sing padha mapag utawa ngaturi sugêng rawuh, nganti wong-wong mau kêna dibasakake: tu-slup, tu-slup, karêpe: mêtu, mangslup, mêtu, mangslup.

Jam 9 bubaran, kabèh padha kondur sêsowangan, dene aku, sang bojo lan adhi, kiyah-kiyah putêr kota Tanjungpriuk. Mulih-mulih barêng kanthong wis kothong, lan wêtêng wis kêncot. Cuthêl.

Petruk.

--- 399 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI

Ingkang mênang lotrij. Miturut wartos ingkang mênang loterij ingkang nêmbe dipun mainakên, tumrap ingkang hoofdprijs dhawah ing Malang, nomêr kalih dhawah ing Ngayogya tuwin nomêr tiga dhawah ing Bogor.

[Grafik]

Sanatorium. Ing nginggil punika gambar sanatorium ing Noongan (Minahasa), kapêrnah ing êrêng-êrênging rêdi Katawak. Sanatorium wau ngêmungakên kangge panggenanipun têtiyang sakit dhadha, dipun pangagêngi directeur Tuwan A.Tilaar, Ind. Arts. Ingkang maligi angsal tuntunan ing bab sêsakit wau.

Dhoktêr Soetama dumugi Bêtawi. Dr. Soetama leeraar N.I.A.S. ing Surabaya, pangarsaning Hoofdbestuur Partij Indonesia Raya ingkang verlof angubêngi jagad sampun wangsul ngajawi. Dumuginipun ing Bêtawi dipun papag ing para mitranipun. Nagari ingkang dipun dhatêngi Dr. Soetama, nagari Walandi, Inggris, Turki. Ing sadêrêngipun, anjujug Jêpan tuwin tanah Indu rumiyin.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualan.[2] Miturut wartos, anggèning nandhani prajanjian Kangjêng Pangeran Arya Prabu Suryadilaga jumênêng Pakualam wontên ing tanggal 31 Maart punika, sasampunipun lajêng aprasêtya wontên sangarsanipun gupêrnur. Awit saking kaparêng dalêm G.B.R.A. Pakualam, jumênêngipun wontên ing tanggal 13 April wontên ing gupêrnuran Ngajogya. Ing tanggal 17 April kawontênakên paargyan wontên pura Pakualaman.

Niti priksa kêthêk anthropoidi. Kawartosakên, wontên bangsa sagêd saking Amerika badhe dhatêng Siam, Borneo lêr tuwin Sumatra, pêrlu badhe nyatakakên asal-usuling tiyang ingkang gêgayutan kalihan kêthèk anthropoide. Ingkang tumindak ing lampah wau badhe kapêcah-pêcah dados pintên-pintên golongan. Tuwan Cooligde tuwin Dr. Carpenter dhatêng Sumatra, sami badhe nyinau bab babagan rangutan.

Pamulangan Muhamadiyah II ing Mojokêrto. Kawrat kêkancingan saking Departement Pangajaran, pamulang Muhammadiyah II ing Mojokêrto dipun akêni nama Hollandch Inlandsche School, wiwit wulan Maart 1937. Ing bab punika tumrap para punggawa nagari tuwin pènsiunan ingkang nyêkolahakên anakipun mriku sagêd angsal kindertoelage saking gupêrmèn punapa mêsthinipun.

Salingkuhan arta nagari. Miturut palapuran saking Alg. Rekenkamer, ing taun 1936 cacahing arta ingkang kasalingkuhakên wontên 370 bab. Pêpetanganipun 572 ingkang lugu kasalingkuhakên, 158 kalêbêt babagan kapitunan sapanunggilanipun, inggih punika f 153.069.72,- tuwin f 32.275.37,-

Bab tataning sêsêbutan. Pakêmpalaning para darah karaton Ngayogya ingkang nama Sangkara Mudha, benjing congres badhe ngawontênakên rêmbag anggèning botên nyondhongi dhatêng pranatan gupêrmèn bab sêsêbutaning darah. Congres punika badhe kawontênakên ing wulan Mèi.

Dados adjunct inspecteur. Mr. M. Slamêt katêtêpakên dados adj. inspecteur van Financien babagan pajêg ing Bêtawi, ing sadèrèngipun sampun dados ambtenaar pajêg klas 2 ugi ing Bêtawi.

Saksi ingkang wigatos. Tuwan Suyadi tilas assistent laborant ing griya panyadean jampi J. van Gorkom ing Ngayogya, katarik dhatêng Raad van Justitie ing Bêtawi, pêrlu badhe kapriksa katranganipun babagan jampi suntik ingkang damêl tiwasing tiyang, ingkang sapunika taksih dados papriksan. Papriksan punika kados badhe langkung wigatos angsal-angsalanipun.

Angsal-angsalan pakaryan Post. Angsal-angsalanipun pakaryan Post Januari Februari 1937, tumrap post f 2.102.180,- telegram f 784.200,- telpun f 1.192.120,- Januari Februari 1936, post f 2.029.081,- telegram 725.933,- tuwin telpun f 3.831.507,-

ASIA

Hongkong dipun santosani pajagênipun. Miturut wartos, Inggris badhe ngintunakên tumuntên wadyabala dhatêng Hongkong kanthi motor mabur pambucal bom. Tindak punika karancang awaragad 40 juta dollar. Inggih punika kangge waragad padamêlan pajagi kasantosan tuwin ngêdêgakên tangsi. Kajawi punika ugi taksih ngêdalakên waragad sanès-sanèsipun malih.

EROPA

Turki gêgandhengan kalihan Roemenie. Ministêr babagan sajawining paraja Roemenie, Victor Antonescu, sampun dumugi ing Ankara, dipun tampi dening ministêr babagan sajawining praja Turki, Tewfik Rustu Aras. Salajêngipun Antonescu pêpanggihan kalihan Kemal Ataturk ngantos 1 1/2 jam. Mênggah wigatosing rêmbag, nagari kalih punika badhe gêgandhengan gêgayutanipun kalihan supêkêtan ing Balkan tuwin Volkenbond.

AMERIKA

Nyuwak palilah. Kawartosakên, parentah republiek Bolivia ing Amerika Kidul nyuwak panguwaosipun Standard Oil Coy ing Bolivia, dene rajadarbèkipun paguyuban wau sami dipun bêskup. Wontênipun makatên, Standard Oil Coy kadakwa ngapusi arta kas nagari 3 yuta peso, inggih punika sarana ngawontênakên pipa wados kangge mêndhêt lisah kanthi sêsidhêman kabêkta dhatêng Argentinia, botên ambayar bêja.

--- 400 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun Baronesse Orczy

46

Salajêngipun nuntên mêndhêt srêbèt, ingkang ugi sampun kawak sangêt. Srêbèt wau sasampunipun kangge anggosok sendhok, gêlas tuwin piring, lajêng kalêmpit sarta kaglethakakên wontên ing meja ngriku.

Amriksani tumandang damêlipun Brogar ingkang makatên wau, Lèdhi Blakêne kapêksa lajêng mèsêm.

Sasampunipun rampung anggènipun nata meja, Brogar lajêng nyawang sakêdhap, ing sêmu kalêgan manahipun. Salajêngipun nuntên anyrêbèti kursi-kursinipun mawi lêngêning rasukanipun, ngudhêg sop ingkang wontên ing basi, saha kanthi alon-alon lajêng mêdal saking kamar tamu ngriku.

Lèdhi Blakêne lajêng katilar wontên ing kamar lusmèn piyambakan. Sang putri nuntên lênggah wontên ing kasuran pasarean, sarta gagasanipun lajêng saya nglangut.

Dumadakan ing ngriku lajêng kamirêngan suwaraning tiyang lumampah ingkang saya dangu saya cêlak. Bingahipun sang putri kala samantên tanpa upami. Awit rumaosipun, ingkang rawuh punika botên sanès, têmtu inggih ingkang raka Sêr Pèrsi Blakêne. Nanging sarêng katilingakên, saya dangu saya cêtha, nitik suwaraning tumindakipun, dede tumindakipun ingkang raka, nanging ing sêmu ingkang dhatêng anjujug dhatêng lusmèn punika, botên tiyang satunggal, nanging tiyang kalih. Sêmunipun kalih-kalihipun tiyang mônca, ingkang mampir wontên ing lusmèn, prêlu badhe ngaso sakêdhap.

Botên watawis dangu, kamirêngan salah satunggal cêluk-cêluk makatên: He, Brogar, Brogar, nyang ngêndi kowe hèh.

Sang putri botên sagêd uninga wujudipun tiyang kêkalih ingkang mêntas sami dhatêng punika, nanging saking salah satunggiling bolongan ing klambu, sang putri sagêd amriksani saperangan ing kawontênanipun salêbêting kamar tamu ngriku.

Salajêngipun sang purti mirêng Brogar lumêbêt ing kamar tamu, lampahipun kanthi alon-alonan. Sarêng sumêrêp tiyang mônca kêkalih wau Brogar lajêng kèndêl anggêjêjêr wontên ing têngah kamar, ingkang anjalari sang putri lajêng sagêd uninga kanthi cêtha. Anggènipun Brogar nyawang tamu kêkalih ingkang mêntas dhatêng punika, langkung nyênyêngit katimbang kalanipun nyawang sang putri tuwin Sêr Andre.

Kagètipun sang putri sakalangkung-langkung sarêng anguningani wujudipun salah satunggiling tamu ingkang ing kala punika murugi dhatêng Brogar. Tiyang wau mangangge ngemba pandhita. Sarêng ajêng-ajêngan kalihan Brogar, mantêlipun tamu lajêng kacalikakên sakêdhik, ing ngriku katingal srempangipun ingkang awarni tiga. Sarêng Brogar sumêrêp srempang wau, sanalika patrapipun lajêng ewah, sêmbrananipun ical babarpisan, saha lajêng katingal andhap-asor sangêt.

Sarêng sang putri anguningani rainipun pandhita wau, kuwatosing panggalihipun kalangkung-langkung. Sanadyan rainipun botên patos cêtha, jalaran katutupan topi agêng, nanging sang putri sagêd nitik darijining tanganipun, ingkang kêra tuwin prasaksat namung balung thok punika, kajawi punika ugi katitik saking badanipun ingkang ragi wungkuk, sarta lampahipun. Sanalika sang putri sagêd uninga bilih ingkang ngemba pandhita wau, botên sanès kajawi pun Sopêlin.

Wontênipun lêlampahan ingkang kados makatên punika, adamêl gêtêring panggalihipun sang putri. Awit wontênipun Sopêlin wontên ing kamar tamu ngriku wau, kenging kaanggêp kadosdene satunggiling sasmita, badhe wontên bêbaya agêng.

Kanthi sêrêng ing kala punika Sopêlin amarentah dhatêng Brogar makatên: Aku enggal ladènana sop lan anggur. Yèn uwis, kowe tumuli minggata, ngrêti. Awit aku kêpengin dhewe ana ing kene.

Tanpa amangsuli lan tanpa garundêlan Brogar amituruti punapa prentahipun. Sadhatêngipun Sopêlin nuntên mapan lênggah ngajêngakên meja dhahar, ingkang sampun katata kangge sadhiyanipun Sêr Pèrsi Blakêne wau. Dene Brogar anggènipun angladosi sop tuwin ngêsoki anggur katingal tumêmên. Tiyang ingkang lumêbêt ing ngriku sarêng kalihan Sopêlin, ngadêg wontên ing cakêting kori, amila sang putri botên sagêd uninga wujudipun.

Sopêlin kajêng[3] suka sasmita dhatêng Brogar supados tumuntên kesah saking kamar ngriku, saha lajêng nuntên ngawe kancanipun murih anyakêtana mriku.

Sarêng sang putri priksa wujudipun tiyang punika, sanalika inggih lajêng uninga kemawon, sintên tiyang wau, inggih punika: juru sêratipun Sopêlin ingkang sinandi nama Dhèsgas. Kala taksih wontên ing Paris, sang putri kêrêp sangêt pinanggih kalihan Dhèsgas wau. Sadèrèngipun Dhèsgas mapan linggih wontên ing sacêlakipun Sopêlin, piyambakipun niti priksa ing salêbêting kamar ngriku rumiyin, bokmanawi wontên tiyang sanès ingkang mirêngakên punapa ingkang badhe karêmbag wontên ing ngriku. Badhe kasambêtan.

--- [45] ---

Nomêr 12, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Raos Pangraosipun Tiyang Ningali

Ingkang pinanggih wontên ing têtingalan, ringit tiyang, langêndriyan, kêthoprak sasaminipun, punika tumrap ingkang ningali, gadhah cocogan piyambak-piyambak, upaminipun, ringgit tiyang ingkang Janakanipun èstri, wontên ingkang mastani sae, nanging ugi wontên ingkang mastani cêblèh. Wontên malih kêthoprak ingkang sarwa jalêr, têgêsipun ingkang dados èstri inggih tiyang jalêr, punika ugi wontên ingkang ngraosakên damêl cuwa.

Raos ingkang kados makatên wau bokmanawi namung saking matuh pinanggih ing pakulinan. Upaminipun ringgit tiyang, punika manawi jalêr inggih jalêr yêktos, èstri inggih èstri yêktos, saupaminipun ewahi[4] wontên ingkang botên mathuk.

Nanging manawi langêndriyan, punika panêdhanipun, ingkang dados èstri sadaya, awit saking kêpatuh wiwit wontêning langêndriyan, ingkang dados èstri sadaya.

Raos kados makatên wau kados sampun limrah, nanging bakunipun lajêng nilar dhatêng jêjêr kajênging kagunan, ingkang lèrèg dhatêng jogèd tuwin sêngsêming cariyos.

[Grafik]

Miss Orie Tsusaka wanita ingkang dados sinatriya wontên ing opêrah.

Tumrap ing tanah Jêpan, babagan kagunan ingkang kados makatên wau ugi sairib kemawon, nanging wontên bedanipun, tumraping têtingalan, manawi ingkang dados: tiyang jalêr, inggih jalêr sadaya, manawi ingkang dados èstri, inggih èstri sadaya.

--- 46 ---

Mênggahing têtingalan ingkang dipun tindakakên ing èstri sadaya, kêbêkta saking sêngsêming cariyos, pinanggihipun namung sarwa nêngsêmakên, ngantos botên ngèngêti jalêr èstrinipun ingkang dados.

Dados mênggahing dhapukan tumrap lêlampahan têtingalan, punika wigatosipun wontên sêngsêming cariyosipun, manawi nyata sae, ngantos sagêd nyilêpakên dhatêng kawontênanipun ingkang dados.

Jampi Jawi (Wedang Jêbug)

Wontênipun ing jaman sapunika, sawarnining jampi ing toko-toko agêng alit sami sade. Suprandene kula prêlu ngandharakên sawatawis bab jampi kawruh Jawi kina, ingkang dumugi samangke para tiyang taksih wontên ingkang purun nindakakên.

Makatên ugi bilih para priyantun tuwin para sadhèrèk wontên ingkang ambêtahakên dhatêng bab punika, botênipun inggih namung kagêma mêwahi kawruh sakêdhik, inggih punika bab wedang jêbug. Mênggah pangolahipun botên mawi bumbu punapa-punapa, prasaksat tanpa wragad, mênggah dayanipun kangge ngicali sêsakiting lare agêng punapadene lare alit, ingkang kataman sakit krêminên. Inggih punika satunggiling kewan ingkang nama krêmi wau, ingkang angèl sangêt ical-icalanipun. Sanadyana dipun urus-urusi kastroli utawi sanèsipun botên sagêd mêdal. Ingkang sampun kula tindakakên, lare ingkang mêntas kaombenan wedang jêbug wau krêminipun sok lajêng sagêd gampil mêdalipun.

Mênggah pangolahipun, mundhuta jêbug ingkang sêpuh lan garing, kapêcah dados tiga utawi sakawan, kakumbah rêsik, kagodhoga ing cèrèt agêng (panci). Kathahing toya 3/4 ning wadhah, manawi sampun umob, panggodhogipun sampun nama jampi wedang jêbug, warnining toya godhogan lajêng wujud jêne kados wedang tèh, jêbug satunggal namung kenging kagodhog rambah kaping kalih.

Sasampunipun jêbug wau kenging kabucal, bilih badhe prêlu anggodhog malih mundhuta jêbug satunggal kados ing ngajêng.

Dene pangombenipun tumrap lare, wedang wau kêdah kaasrêpakên rumiyin, saenipun saking cèrèt kapindhah ing lantingan, kangge ombèn-ombèn sabên lare nêdha badhe ngombe, kados adat yèn ngombe toya limrah, sarta kaombèkakên bibar nêdha kados adatipun ugi langkung prayogi, sarta malih sanadyan asring ngombe, inggih botên dados pambêngan. Manawi lare sampun kaombenan rambah kaping tiga utawi kaping sakawan, adhakan manawi ambêbucal sêsukêripun mêdal nyarêngi kalihan krêmi, ingkang maujud pating krêmbik, dalah ing dalunipun lare salêbêting tilêm ugi sagêd mêdal krêminipun, katut ing angin (êntut), mila lare ingkang sawêg salêbêting jêjampi wau, salêbêtipun kalih utawi tigang dintên, tilêmipun kêdah kalèmèkan [kalèmèka...]

--- 47 ---

[...n] mawi prêlak utawi sanèsipun, sarta pinggiring duburing lare kalèlètana lisah Jawi sakêdhik, sasampunipun sawatawis dangu manawi lare sampun tilêm, kapriksanana wêdaling krêmi wau, mili wontên ing pêrlak, kados sami mêndêm. Ingkang sampun manawi lare sagêd mêdal krêminipun, mripatipun lajêng katingal rêsik, panêdhanipun sêkul sagêd majêng kathah sarta katingal eca andadosakên lare antêng. Bokmanawi jalaran saking sari-sarining têtêdhan sampun maligi botên wontên ingkang ngrêsahi nêdha.

Dene tumrap tiyang sêpuh mênggah pangunjukipun, namung gumantung sakarsanipun, kangge ngunjuk bibar dhahar kados sacaraning ngunjuk toya unjukan dhahar inggih kenging, badhe karsa ngabêni wedang kopi utawi wedang tèh, sacaraning tiyang damêl wedang inggih prayogi, malah langkung prayogi. Jalaran raosing wedang jêbug wau botên ewah mênggah raosing toya (botên anggônda punapa-punapa), namung sarèhning mênggah pamanggihing tiyang warni-warni, limrahipun mastani mênggah dayaning jampi-jampi wau mawi jodhon, ingkang punika nyumanggakakên mugi karsaa manggalih, jêr kula sampun asring angyêktosakên damêl kaombe saha nak semah kula. Dene dayaning jampi wedang jêbug kangge tiyang sêpuh murugakên wêwah kêkiyatanipun, raosing mripat mindhak ngraos ragi padhang botên nglamuk.

Pun K. Ing Purwakêrta.

--- 47 ---

Bab Tomat

Wontên ing tanah Pasundhan tomat punika kawastanan kêmir, ing sawênèhing panggenan mastani têrnate, wontên malih ingkang mastani blondhot. Tomat punika sagêd gêsang ing sawênèhing panggenan, langkung-langkung wontên panggenan ingkang hawanipun asrêp, pananêmipun tomat punika sasagêd-sagêd miliha panggenan ingkang bênthak.

Godhongipun tomat punika kenging kangge jangan bobor, sarta kenging kangge kuluban. Tomat ingkang taksih mêntah kenging kangge bothok, ingkang sampun matêng langkung kathah paedahipun, kados ta: kangge sop, sambêl gorèng, sêlat, dipun isèni, manisan, campuran tigan, dipun damêl saos, sarta kaparingakên lare ingkang taksih nêsêp.

Bothok tomat

Pandamêlipun bothok tomat punika makatên: mundhuta tomat ingkang taksih mêntah 10 iji, nuntên karajanga tipis. Pêda siyêm 2 iji, dipun kumbah ingkang rêsik, dipun buntêl ing godhong, nuntên dipun panggang samatêngipun sampun ngantos gosong, sasampunipun kaêntas, dagingipun dipun pêndhêti. Maruta klapa nèm satugêl, lombok ijêm 10 iji, karajanga. Nuntên damêla bumbunipun, inggih punika: bawang, laos, sarêm, gêndhis sakêdhik, bumbu wau lajêng kaulêg ingkang lêmbat. Manawi sampun sadaya wau lajêng kacarub ngantos mulêd, nuntên dipun wungkusi alit-alit, [alit-a...]

--- 48 ---

[...lit,] ing têngahipun dipun sukani daging pêda wau sakêdhik, lajêng dipun kukus ingkang tanêg.

Sop tomat

[Grafik]

Tomat dalah godhongipun

Mundhuta daging ayam utawi balungan lajêng kagodhog. Mundhuta tomat ingkang agêng-agêng 3 iji, nuntên karajanga tipis, nuntên dipun paringi wortêl rajangan, pangrajangipun panjang utawi bundêr, brambang, slèdri, sadaya wau lajêng dipun ungkêb ngangge mêrtega, saalumipun tomat sarta wortêl wau. Manawi ulam utawi balungan wau sampun tanêg panggodhogipun, lajêng dipun cêmplungi ungkêbanipun tomat sarta wortêl wau, nuntên dipun godhog malih, lajêng kasaring, manawi sampun dados saringan lajêng dipun godhog malih samatêngipun sarta kawêwahan pathi ingkang sampun ajur sakêdhik.

Sambêl gorèng tomat.

Mundhuta tomat ingkang dèrèng kêmatêngên, brambang, bawang, lombok, laos, santên, sarêm, gêndhis jawi, salam. Gantilanipun tomat kaicalana, nuntên dipun kumbah, manawi sampun lajêng dipun rajang tipis-tipis. Brambang, bawang, lombok dipun rajang, lajêng dipun gorèng, manawi lombok sampun alum, tomat lajêng dipun cêmplungakên, manawi sampun alum, nuntên dipun sukani santên sarta bumbunipun wau, dipun godhog samatêngipun.

Sla tomat

Pandamêlipun saos (bumbu) mundhuta lisah sladhah 2 sendhok dhahar, dipun bumboni cokak, sarêm, mrica, sarta cacahan brambang, sadaya lajêng kaulêd. Mundhuta tomat, ingkang sampun dipun kum rumiyin ing toya bêntèr, nuntên dipun oncèki, manawi sampun lajêng dipun irisi tipis-tipis. Anggènipun ngladosakên, tomat wau dipun tata wontên piring, sakubênging tomat dipun sukani godhong sladhah, lajêng dipun siram ing bumbu wau. Badhe kasambêtan.

Suparti.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

SÊRAT RAMA

Sêrat Rama wêdalan Bale Pustaka punika têtêdhakan saking sêrat Rama anggitanipun suwargi R.Ng. Yasadipura, mawi katêrangan saking Tuwan J. KATS, ingkang nyariyosakên babad-babadipun tuwin sumêbaripun cariyos Rama. Punapa malih mawi rinêngga ing gambar ringgit tuwin gambar cariyos Rama ingkang pinanggih ing Candhi Prambanan tuwin Panataran.

Pêthikan Saking Katêranganipun Cariyos Rama:

Pangunandikanipun Barata: "Wiwit krungu sapisan mungguh sedane kangjêng rama prabu, kakang mas Laksmana lan kakang êmbok Sinta ora bisa angampêt tangis. Barêng kakang mas Rama ora pisan katon sêkêl, gêdhene muwun. Coba daknyuwun pirsa, apa sababe kakang mas Rama ora sungkawa utawa muwun?" Barata lajêng matur: "Kakang mas, nalika kawula ngaturi wuninga sedaning kangjêng rama, paduka botên pisan sêdhih. Punapa sababipun paduka botên sungkawa, dene wontên nalar ingkang nyêdhihakên makatên?"

Rama mangsuli anggènipun botên sêdhih:

1. "Samubarang kang wus, ora bisa pulih dening sinusahake. Mulane mungguhing wong mursid, susah iku tanpa gawe.

2. Wowohan kang wis matêng, nyêdhaki gigole. Mangkono uga sakèhing titah, sapa sing lair kudu nêmahi mati.

3. Kabèh bae, ênoma, tuwaa, bodhoa, pintêra, mlarata, sugiha, kabèh mêsthi nêmahi mati.

4. Akèh bae esuk isih katon, sore wis ora ana, lan akèh kang sore isih ana, esuke wus ilang.

5. Saupama si cubluk bisa olèh pituwas sarta anggone nangisi utawa anggêtuni, pagenea si pintêr ora tiru-tiru?

6. Sing sapa ambêbingung atine jalaran susah ora bisa têntrêm lan ilang bungahe. Wong mau ora bisa urip jalaran ditangisi. Mulane pasambat angaruara iku tanpa gawe.

7. Mungguhing wong pintêr lan mursid, pangarêping susah gampang bangêt, ora beda karo sirêping gêni kang angobong omah dening banyu, satêmah susahe mau bisa sirna blas kaya kaburing tiras kang katêrak ing angin.

8. Wong iku tumêkane ing alam donya dhewekan, mulane mulihe iya tanpa rowang. Lumrah bungahing titah, yèn bisa kumpul lan tunggal sajroning sadhela.

9. Mulane para mursid lan para sarjana kang ngrêti marang urip ing jagat iki lan ing dêlahan lan kang ngrêti ing darma, ora bakal kataman ing susah.

10. Awit kang mangkono iku, rèhning ingsun sumurup apa prêlu tinindakake, dadi anggon ingsun bakal ngayomi lan angupakara santananingsun mung sarana sun pirsakake lan sun rasakake."

Sadaya ingkang sami mirêngakên pangandikanipun Sang Rama sami lipur sarta kaluhuran sabda, bilih sadaya ingkang wontên punika amêsthi sirna têmahanipun. Satriya Barata matur sarwi ngluhurakên sariranipun Rama: "Mugi paduka karsa jumênêng ratu ing Bênarès".

Rama mangsuli pangandika: "Ora, dhimas, panjalukku mung Laksmana lan Sita bae gawanên mulih; kowe ngêrèha nagara".

Punapa botên paduka ingkang ngêrèh nagari?

Jêr inguni dhawuhe swargi kangjêng rama marang ingsun mangkene: Besuk yèn wus olèh rolas taun, sira jumênêng nata, dadi yèn ingsun kondura samêngko mênyang praja, satêmah aran ora nurut parentahing wong tuwa. Mulane besuk bae yèn wus tumêka wêwangêne, ingsun kondur.

Dhuh sintên ingkang mangrèh nagari, sadèrèngipun panduka kondur?

Kita.

Kawula botên kadugi.

Yèn mangkono, iya trumpah ingsun iki bae konên ngêrèhake, lawase kongsi ingsun kondur. Rama nglolos trumpahipun sukêt pinaringakên dhatêng Barata.

Barata sasêdhèrèk wangsul dhatêng nagari.

Kacariyos trumpah nyêpêng paprentahaning praja ngantos tigang taun laminipun, patrapipun makatên: trumpah wau kadèkèk ing dhampar; para nayakaning praja lajêng nindakakên adiling nagari. Manawi pêpancasaning pangadilan botên lêrês, trumpah lajêng mingêr gathuk. Bilih makatên, prakawis dipun ambali pamriksanipun. Yèn sampun lêrês anggèning andhawahakên adil, trumpah botên ebah-ebah. Sarêng sampun angsal tigang taun, Rama kondur saking wana dhatêng Bênarès. Barata dhinèrèkakên para nayaka mêthuk rawuhing raka wontên ing Sriwadari, Sita jinunjung jumênêng pramèswari pambayun. Rama lan Sita lajêng kakêpyakakên. Sasampuning makatên, Sri Rama nitih rata kaprabon, dhinèrèkakên ing abdi kathah sangêt lumêbêt ing kitha, nampi pêpujinipun tiyang kathah. Ingkang linênggahan (dipun ênggèni) ing Sri Rama lêlotènging kadhaton, ingkang sakalangkung adi. Anggèning ngasta kaprabon ngantos 16.000 taun laminipun sakalangkung adil, lajêng kondur dhatêng Hariloka.

Rêginipun sêrat RAMA jangkêp 3 jilid namung f 3.20

Wêdalan Bale Pustaka, Batavia-Centrum.

Catatan kaki:

1. bab babagan. (kembali)
2. Pakualam. (kembali)
3. lajêng. (kembali)
4. ewah inggih. (kembali)