Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 68 Rê, Pa, 18 Jumadilakir, Ehe 1868, 25 Agustus 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi, Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun : Syanghai - Tlêcêring agêranggêr. - Bab sêsakit edaning sêgawon - Kawontênan ing Tiongkok - Pontianak - Blilu tau - Jambore ing Vogelenzang - Kabar warni-warni - Wêwaosan - Jagading wanita.

Syanghai

[Grafik]

Sêsawangan kitha Syanghai, ingkang ing wêkdal punika nuju dados rêmbag wigatos tumraping pêrang Tiongkok - Jêpan.

--- 1058 ---

Raos Jawi

Tlêcêring anggêr

[Sinom]

sababe apa wong tuwa / biyèn têkane saiki / ora bosên ora kêmba / kabèh pijêr mituturi / criwis ora wis-uwis / ambolan-balèni wuwus / kongsi ambal-ambalan / ênggone ngêlèngi kuping / kaping-kaping pelinge padha kewala //

tan ana maning mung prentah / marang para ahli waris / malah wong liyaa pisan / mung padha dikon nglakoni / panggawe bênêr bêcik / nyirik nyang sing ala luput / iku mêrgane saka / kabèh sakèhe wong urip / sanyataning karêpe iya mêngkana //

kêna diukumi padha / ing sajagad pêsthi ugi / ora nganggo beda-beda / dhasar kandhutaning ati / mung padha andhêmêni / nyang bênêr bêciking laku / lumuh kidak ing tindak / ala luput diêmohi / kêcak thithik bangêt suthik kipa-kipa //

kêpêthuk bae prasapa / sapati urip ywa panggih / pinanggih ginawe ala / lan luput saking sasami / dene badan pribadi / sanadyan kulinèng laku / dhêmên gawe piala / gawe luput sajêg urip / pangrasane jare ora dadi ngapa //

dadi nèk ngono wus cêtha / wela-wela yèn wong urip / karêpe padha kewala / dhêmên mênyang bênêr bêcik / cihnane wus kêtitik / katôndha yêkti satuhu / atine padha bungah / padha dhêmên dibêciki / nora ana wong kang nampik binêcikan //

nadyan satru bêbuyutan / upama anggawe bêcik / ya wus mêsthi tinampanan / panrimane lair batin / mula kabèh wong urip / karêpe mung padha gandrung / mênyang ing kabêcikan / mêrga iku pancêr ati / pancêr karêp pancêr uripe wong donya //

dadi dènnya para wêrda / pijêr padha amêmêrdi / mênyang ing sapadha-padha / padha gêlêma nglakoni / kulina gawe bêcik / satêmêne mung miturut / karêpe wong sadonya / kabèh-kabèh sami ugi / padha dhêmên padha karêm kabêcikan //

ananging sababe apa / kabèh mêsthi padha suthik / laku gawe kabêcikan / sathithik bae diucik / iku jênêng bêkicik / bok nlusur srira sakojur / ukure padha bungah / awake digawe bêcik / yèn bênêre gawe bêcik rak ya bungah //

iya ngono apa ora / dadi aran sami-sami / aja kok padha balela / nyang karêpe kang sajati / tujune mênyang bêcik / titikane yèn arêp wruh / wus cêdhak krakêt ngawak / ora bisa anggorohi / anggêr uwong padha bae ora ana //

sing bungah digawe ala / lan susah digawe bêcik / sing sapa digawe ala / iya mêsthi êsak sêrik / singa digawe bêcik / iya suka iya sukur / yagene padha sungkan / anglakoni gawe bêcik / bok iya ta rada nganggo thithik edhang //

olèhe anggalap mênang / nèk êmoh agawe bêcik / ya mung aja gawe ala / puwungan wus makolèhi / waton gêlêm nglakoni / lan santosa kang satuhu / iku ya bisa têkan / panggonan agawe bêcik / okèh thithik jênêng [jê...]

--- 1059 ---

[...nêng] uripe tan tuna //

tinitah suwitèng Allah / sinung murah dipawiti / budi luwih amardika / karêp tanpa diwatêsi / nganti satêkan pati / pintune lagi tinutup / marma padha manuta / karêping ati pribadi / dadi anggêr kang wus bênêr ing sanyata //

[Iklan]

bodho pintêr ora beda / padha bisa maca ati / têtêp ora bisa owah / wong sajagad angênggoni / yèku anggêr sajati / wuta tuli bisu lumpuh / padha bisa kasrambah / wêwarah karêping ati / singa nêrak pêpacak tinêmu ngawak //

iku tulis tanpa sastra / kari ngukur anakêri / karêping ati priyôngga / yèku anggêring wong urip / arêp digawe bêcik / yèn digawe ala lumuh / iku dèn pituruta / padha gêlêm anglakoni / gawe bêcik aja agawe piala //

ya kadi badan pribadya / tan beda karêping ati / nanging iki klêbu mokal / bisane padha nglakoni / kaanane wong urip / sing akèh isih mrêkewuh / durung ngawruhi marang / barang panggawening dhiri / marma mawa pangon kang môngka pangarsa //

pangrêksaning karaharjan / ratu satriya myang rêsi / lan pra sarjana sujana / padha wajib tuduh margi / mrih manggih anggêr jati / tujuning sarwa tumuwuh / wruha ing kanyataan / nuhoni karêping ati / môngga karsa ngèsthi purnamèng pranata //

(1868).

Panjurung

--- 1060 ---

Bab Kasarasan

Bab sêsakit edaning sêgawon (hondsdolheid)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 67

Kula punika tiyang Rus, utusanipun nagari, kula tampi dhawuh, kêdah nyinau lan mriksa kawontênanipun papriksan lan pangudinipun Tuwan Pasteur ing bab sêsakit edaning sêgawon tuwin jampinipun. Asmanipun Tuwan Pasteur sampun misuwur ing nagari utawi ing dhusun-dhusun bawah Ruslan. Rajakaya ing ngrika mèh têlas katrajang sêsakit miltvuur, lan kathah têtiyang utawi kewan ingkang pêjah jalaran katrajang sêsakit edaning sêgawon.

Tuwan-tuwan, kula ngalêmbana sangêt, lan kula purun nyêmbah dhatêng tiyang ingkang sagêd manggihakên jampinipun sêsakit wau. Tuwan pangarsa, kula sadaya dèrèng sagêd sumêrêp punapa kruma kewan ingkang lêmbat-lêmbat punika ambêbayani punapa botên tumrap tiyang utawi kewan ingkang saras. Namung kula kamipurun ngaturi rêmbag dhatêng parêpatan, yèn Tuwan Pasteur botên karsa rawuh ing parêpatan ngriki, kula sadaya kêdah dhatêng ing dalêmipun Tuwan Pasteur.

Dr. Charbonnet: Punapa kula sadaya kêdah andhap-asor dhatêng Pasteur.

Dr. Zaranoff: Andhap-asor dhatêng sanès punika tatakrama ingkang prayogi, saya malih tumrap dhatêng tiyang ingkang badhe pikantuk pitulungan jampi.

Têtiyang ing parêpatan sami kêplok-kêplok rame saha nyuwara: cocog, parêpatan kêdah sowan dhatêng Pasteur, dene ingkang dados pangarsa utusaning parêpatan dhatêng dalêmipun Tuwan Pasteur inggih Dr. Charbonnet.

Nalika Dr. Charbonnet dhatêng ing dalêmipun Tuwan Pasteur, Tuwan Pasteur pinanggih sawêg nyinau lan damêl cobèn daging sacuwil ingkang dipun gandhulakên ing pipa ingkang isi wisa sêsakit.

Dr. Charbonnet ngandika mêmiringi: Dr. Zaranoff ing ngriki (sêrat kabar) mratelakakên manawi sampeyan sagêd anjampèni utawi damêl saras tiyang ingkang sakit edaning sêgawon.

Tuwan Pasteur mangsuli: Sampun limrah kabar ing sêrat kabar punika asring kêladuk utawi nasar, kula namung damêl cobèn-cobèn rumiyin.

Dr. Charbonnet: Ing palapuran sampeyan dhatêng Geneeskundige kring mratelakakên, yèn manggihakên jampi ingkang sagêd nyirnakakên kewan alit-alit wau.

Tuwan Pasteur: Inggih mangke tamban-tambanan, kula mêsthi sagêd nyatakakên yèn kruma alit-alit wau dados sabab ingkang sagêd anukulakên sêsakit warni-warni, lan saking sakêdhik padamêlan utawi pamanggihing tiyang punika têmtu sakêdhap majêng sakêdhap kèndêl, yèn wontên pikiran inggih lajêng majêng malih, sami kadosdene lare ingkang sinau lumampah anjangkah sajangkah kalih jangkah kèndêl utawi dhawah andheprok, ngadêg anjangkah malih salajêngipun.

Biyungipun lare wau asring wontên ingkang wicantên: Ayo ngadêg mlaku manèh, aja wêdi

--- 1061 ---

lan aja mondhag-mandhêg mêngko kêsuwèn anggone bisa mlaku têmênan.

Dr. Charbonnet mèsêm ngèncêpi dhatêng Tuwan Pasteur, lajêng tindak dipun dhèrèkakên para dhoktêr ingkang botên mathuk dhatêng Tuwan Pasteur wau.

Tuwan Pasteur sêmu muring-muring ngandika: Sarèh rumiyin, yèn panjênêngan sadaya botên pitados wontênipun kruma, lah ing gêbyas alit (buisje) punika isi baksil wisanipun sêsakit edaning sêgawon, cêkap kangge ngrisak jiwanipun tiyang sanagari ngriki.

Dr. Charbonnet ngandika: Kaparingna baksil ingkang sampeyan asta punika, gêbyas alit dipun rêbat dipun bikak tutupipun.

Tuwan Pasteur ngèngêtakên, ngatos-atos, 1/1000 gr. baksil punika manawi tumèmpèl ing kulit ingkang busèt utawi babak sagêd aniwasi.

Dr. Charbonnet mêndhêt lading kangge nyudhèt lêngênipun, wisa ing gêbyas dipun sokakên ing tatu wau. Dr. Charbonnet: Tuwan Pasteur sapunika sampeyan kantun nêtêpakên jam pintên pêjah kula.

Para dhoktêr lajêng sami mêdal saking Laboratorium-mipun Tuwan Pasteur, namung Dr. Zaranoff ingkang taksih nêngga ing ngriku. Tuwan Pasteur lêngêr-lêngêr.

Enjingipun wontên satunggiling sêrat kabar martosakên: satunggaling dhoktêr ingkang agêng pangkatipun sampun purun nyuntik sariranipun piyambak mawi wisa (baksil) edaning sêgawon, nandhakakên yèn thukulipun sêsakit punika botên saking wisa (baksil) kados pamanggihipun.

[Iklan]

Tuwan Pasteur wau nasar utawi kalintu.

Ing sanès dintên wêkdal Dr. Charbonnet lêlênggahan wontên ing restoran kalêrês wontên têtêpangan ing ngriku wicantên: manawi manut pamanggihipun Pasteur panjênêngan têmtu sampun dipun kubur.

Dr. Charbonnet: Kula botên kraos punapa-punapa malah raosipun sakeca, langkung kathah baksilipun Pasteur kalêbêt ing badan, kangge kula malah wêwah lêma.

Têtiyang ingkang wontên ing restoran mirêngakên makatên wau sami gumujêng cêkakakan. Tuwan Pasteur dipun anggêp kadosdene badhud ingkang sagêd damêl lêlucon.

Badhe kasambêtan

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 1062 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Manawi ngèngêti kawontênaning paprangan ing Tiongkok, punapa malih manawi maos pawartos ing bab kawontênanipun ing ngriku, raosipun ngantos ambingungakên, awit gêgayutanipun ngrika-ngriki, namung sarwa ruwêd, punapa malih ing bab wontêning papan-papan ingkang wontên pasulayan, ngantos kisruh botên kantên-kantênan. Wontênipun makatên, botên sanès jalaran saking kathah ingkang ngêmori damêl. Mila kados prayogi kapêndhêtakên wartos sawatawis ingkang prêlu-prêlu kemawon.

[Grafik]

Lèpèn Pagoya, ing Kanton

Ingkang pinanggih langkung wigatos ing paprangan punika, 1 ing bab badhe wontêning campuhan umum, 2. katingalipun Inggris badhe ngêmori damêl, saha badhe nyupêkêtakên rêmbag, ingkang wigatosipun badhe ngayomi dhatêng golongan ngamônca ingkang kêjêpit wontên ing laladan Tiongkok. Bab punika sampun wontên raosipun bilih rêmbag punika badhe kathah gêgayutanipun kalihan nagari ngamônca, awit ingkang nama kêcêpit wontên ing tanah ngriku botên namung bôngsa Inggris piyambak. 3. Ing Cing Tao badhe wontên paprangan ingkang anjalari Jêpan kêpêksa ngêlong kêkiyatanipun kangge nindakakên damêl ing ngriku. 4. Tumraping wadya lautan Tiongkok, botên sagêd selak tamtu ngêmori damêl ing ngriku, malah sagêd ugi anggayut rêndhêting dagang layaripun Tiongkok punapadene Jêpan. Bab punika mênggahing kanalaranipun pinanggih sarwa wigatos, awit namung badhe sarwa ngèngingi tataning panggêsangan ingkang baku dados tatananing donya. Mênggahing gampilanipun, sintên ingkang risak pangupajiwanipun, inggih atêgês risaking panggêsanganipun. Manawi kalampahan makatên, tamtu badhe damêl kapitunan ing sadayanipun.

--- [1063] ---

[Iklan]

Mirid sêsulak kados makatên punika, lajêng katingal bilih ingkang pasulayan punika sami babagipun, tamtunipun anggèning sami babag wau atêgês sami badhe agêng karisakanipun, inggih risaking jiwa, inggih risaking bôndha tuwin inggih risaking bawana.

Kados ingkang dipun wastani kêjêpit, punika sayêktosipun botên Inggris piyambak, inggih ngengingi Prancis tuwin Amerikah. Kados ta wontênipun ing Syanghai, tumraping nagari tiga wau ngrumaosi sampun rupêk sangêt, botên sagêd badhe namung kèndêl kemawon, inggih lajêng kêpêksa tumut cawe-cawe, sanadyan wohipun dèrèng katingal, nanging nama sampun tumandang.

Tumrap dêdrêging rêmbagipun Jêpan kalihan Tiongkok, botên sagêd dipun êlukakên salah satunggal. Mênggahing kajêng, Jêpan kapengin kasambadana sêdyanipun, ing bab unduring wadyanipun saking Syanghai, sagêda sêsarêngan kalihan wadya Tiongkok.

Pangajêng-ajêngipun Jêpan ingkang kados makatên punika, Tiongkok botên nyuwawèni. Wontênipun makatên, saking Tiongkok sampun botên gadhah kapitadosan dhatêng sawarnining prajanjian saking Jêpan. Makatên ugi manawi ngèngêti rêkaosipun anggèning ngrêbat laladan ingkang sampun dhawah ing tanganing liyan, punika inggih awrat sangêt mituruti. Kajawi punika Tiongkok inggih rumaos sêmang-sêmang dhatêng tindakipun Inggris anggèning dados juru pamisah, botên kok mastani ambaukapine, namung samar, punapa inggih rêmbagipun badhe dipun condhongi dening ingkang sami pasulayan.

Cêkakipun nagari kêkalih punika, saupamia grabah, sampun ngêmprok-êmprok, badhea dipun dalit kadospunapa, sampun botên sagêd pulih. Malah adhakanipun sagêd anjalari rêmuk babarpisan.

Ing bab pinanggihing lêlampahan ing Tiongkok, wontênipun namung ewah gingsir, kados ta ing ngajêng pandhêsêking wadya Jêpan tansah majêng, tandangipun sarwa nyamari. Nanging sarêng campuhipun ingkang sami pêrang tuwuh ing pundi-pundi, tandangipun Jêpan ing Syanghai lajêng pinanggih kêndho. Ing kala punika wadya lautan Tiongkok katingal kuthuk, nanging dangu-dangu lajêng wontên kapal torpedho Tiongkok nêmpuh kapal pêrang Jêpan Izumo tuwin adamêl kèrêming kapal-kapal dagang Jêpan.

Sarèhning pinanggihipun kados makatên, mênggahing nalar mèmpêr sangêt bilih tindak makatên punika saya damêl jalaran agêng paprangan.

--- 1064 ---

Tanah Dalah Tiyangipun

Pontianak

Pontianak punika satunggiling nagari ing Borneo sisih kilèn, mêngku laladan ing Pontianak, Landhak, Sanggo tuwin Sêkadho. Wêwêngkonipun Pontianak punika ingkang sisih kilèn amangku sagantên Cina, ing sisih lèr têpang-watês kalihan Mampawah tuwin Landhak, ing lèr wetan têpang-watês kalihan Landhak, ing sisih wetan têpang-watês kalihan Tayan, dene ing kidul wetan têpang-watês kalihan kubu, katrajang ing lèpèn Kapuas, kalêbêt lèpèn agêng ing Borneo.

[Grafik]

Patandhon toya jawah ing tong.

Têtiyangipun ing ngriku kêgolong campuran, bôngsa Walandi, tiyang siti (Dhayak), wontên malih tiyang siti ngamônca, inggih punika bôngsa Malayu, Bugis tuwin Jawi, bôngsa Tionghwa, bôngsa Arab tuwin sanès-sanèsipun. Ingkang dipun wastani bôngsa Malayu ing ngriku punika golongan sampun turunan, dene tumrap ingkang taksih asli (tulèn) ingkang kathah dhatêngan saking ngamônca ingkang sakawit niyat manggèn ing ngriku. Têtiyang wau lajêng sami ulah têtanèn, ingkang kathah sami ulah kêbon kalapa. Dene tumraping bôngsa Bugis, kapetang ingkang kina piyambak dhatêngipun ing ngriku.

Tumraping bôngsa Dhayak ingkang dipun wastani tiyangipun siti ing ngriku, panggêsanganipun ugi ulah pakêbonan, nanging malah kapetang botên sapintêna.

Bôngsa Arab ingkang wontên ing ngriku, kathah ingkang sami ulah kêbon kalapa tuwin dagang koprah. Dene gêsangipun wontên ing laladan ngriku kapetang ingkang angsal pangaji-aji piyambak. Wontênipun makatên, amargi bôngsa Arab punika kapetang ingkang mancêr para agêng.

Bôngsa ingkang kapetang majêng piyambak ing bab anggèning among dagang ing ngriku, punika bôngsa Tionghwa, kenging dipun wastani ing pundi-pundi ingkang nama papan rame sami wontên bôngsa Tionghwa ingkang dados sudagar agêng anampèni wulu pamêdalipun ing ngriku.

Nagari ing ngriku punika winêngku ing raja sêsêbutan sultan, ingkang ugi mêngku paprentahan piyambak. [piya...]

--- 1065 ---

[...mbak.] Saha pinanggihipun kasultanan ing Pontianak punika ugi misuwur ing pundi-pundi, awit panjênênganipun sultan punika kêgolong sumrambah tuwin sagêd ngêmori dhatêng kamajênganing jaman.

Nagari Pontianak punika kapetang nagari ingkang majêng tataning panggêsanganipun, mila pinanggihipun saya dangu saya tata raharja. Namung nagari ngriku punika kapetang awis toya tawa, mila tumraping tiyang gêgriya sami gadhah patandhon toya mêndhêt saking toya jawah. Malah ing ngriku kenging kadosdene kangge ukuran, bilih tiyang ingkang sugih patandhon toya, punika dados tandhaning kacêkapan. Nanging kosokwangsulipun, papaning kitha ing sacêlaking sagantên, kenging dipun wastani kitha wontên sanginggiling toya, baita-baita alit-alit pating sliri sami sagêd malêbêt ing pakampungan ingkang awujud griya wontên sanginggiling toya.

Namaning nagari: Pontianak, punika asring dados rêraosan, têgêsipun punapa. Ing bab punika ugi wontên dêdongenganipun, ingkang gêgayutan kalihan karaning nagari wau. Pontianak punika basanipun Malayu atêgês lêlêmbat, miturut kapitadosan, lêlêmbat wau kêdadosan saking tiyang pêjah konduran, saha gadhah wêwatêkan awon. Nama wau tumrap satunggil-satunggiling nagari inggih irib-iriban kemawon, kados ta bôngsa Sundha mastani kuntiyanak. Ing Borneo kidul wetan mastani kungkiyanak. Bôngsa Nias mastani matiyana. Bôngsa Manilah mastani patianak, ingkang kajêngipun: mêjahi lare. Ingkang punika lajêng nuwuhakên piandêling gugon-tuhon, manawi wontên tiyang èstri manak enggal, tansah samar manawi dipun ganggu damêl ing lêlêmbat punika.

Tumrap cêcriyosan Minahasa, wontên kapitadosan, Pontianak punika kadadosan saking alusing tiyang pêjah ingkang jalaran wawrat tanpa gurulaki, mila manawi sumêrêp tiyang jalêr lajêng ngancap kemawon.

Kapitadosan ing Minahasah punika sairib kados kapitadosan Jawi. Pontianak punika tumrap bôngsa Jawi ugi nama makatên, nanging kêlimrahipun dipun wastani sundêl bolong. Kacariyos sundêl bolong punika lêlêmbat awujut tiyang èstri arambut panjang, gêgêripun bolong, rêmênipun ganggu damêl tiyang jalêr angangkah tiwas. Dene sababing bolong ing gigir wau, nalika taksih dados tiyang gêsang, petan wontên ngandhap wit jambe, gigiripun kadhawahan upih, andadosakên jalaraning bolong. Mila tumraping bôngsa Jawi ngawisi tiyang petan wontên ngadhap wit jambe.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni Sêrat Sandi Masjid Dêmak, saking H.B. Suci Rahayu ing Purwakêrta.

Sêrat wau aksara Latin, isi 25 kaca, ukuran alit. Rêgi f 0.25, mratelakakên ing bab sandi-sandi ingkang gêgayutan kalihan masjid Dêmak, dados pambukaning ngèlmi kabatosan.

Buku punika Bale Pustaka botên sade.

Redhaksi Kajawèn ugi nampèni buku ngèlmu wangun, anggitanipun Radèn Pandayawursita, mantri guru Vervolgschool ing Nagasari, Bayalali.

Buku wau aksara Latin, isi 27 kaca, mratelakakên ing bab pangajaran ngèlmu wangun. Rêgi f 0.20, manawi tumbas langkung 10 buku, rêgi f 0.12 satugalsatunggal. iji.

Panumbasipun dhatêng R. Sastrodihardjo, Reksonitèn Solo.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 1066 ---

Blilu Tau

Anggitane : Wiryawiharja, sambêtipun Kajawèn nomêr 64.

[Sinom]

Dhayoh mau ora liya / sing dadi têlênging ati / iya Nyai Wanajaya / ning têkane mung ijèn thil / saya krasa ing ati / apa ta sababe iku / cêkake Nyai Wana / uwis dipapanke linggih / nganti suwe anggone tangis-tangisan //

sawise Wana carita / lêlakon sing dilakoni / gênti Nyai Wanajaya / nyritakke sing dilakoni / o anakku gèr Kunthing / dhèk biyèn ing saungkurmu / kaananku mêmêlas / mèh bae anglalu pati / rahayune bojomu têtulung enggal //

Si Wana krungu carita / atine karasa mak sir / sauwat banjur kèlingan / bojone gèk mênyang ngêndi / pitakone nyêlani / hla êndi anakmu biyung / durung rampung gunêman / biyunge enggal mangsuli / mêngko dhisik durung tutug gonku crita //

mundhak dina saya mundhak / anggonku nandhang prihatin / bojomu banjur angajak / nusul kowe anggolèki / dene bapakmu Kunthing / saprene durung kêtêmu / Si Wana saya susah / krungu kabar ngono kuwi / Nyai Wana nêrusake gone crita //

suwe olèhku ngumbara / jajah desa milang kori / karo dak sambi dodolan / kaku kidhung dak tekadi / sanguku bêras sithik / dak êdol payu sasuku / iku dakgo pawitan / mung ngarah bathi sathithik / dadi awèt ana sing dianggo jajan //

sabên-sabên ana pasar / ya nindakke ngono kuwi / yèn nuju ngliwati desa / sing sajake rada sêpi / ing kono aku nyambi / idêr-idêr bumbu-bumbu / srana urup-urupan / kaya uyah trasi kuwi / diurupi apa wêtune ing desa //

gaplèk jagung apa-apa / samurwate ing pangaji / olèh-olèhane murwat / dak êdol ya olèh bathi / malah sing ngono kuwi / sing gampang olèhe untung / mangkono sabên dina / nganti têkan ngêndi-êndi / ora lali aku tansah golèk kabar //

nuju sawijining dina / dilalah sing dak pondhoki / ana wong gawe gegeran / ngamuk punggung mêmatèni / kabèh wong padha giris / salang-tunjang padha mlayu / aku samono uga / mung mikir olèhku ngungsi / iya iku jalarane pêpisahan //

bubare ana gegeran / bojomu ya dak golèki / mênyang desa-ingadesa / sabên uwong dak takoni / ora ana sing ngrêti / pikiranku saya bingung / aku têrus ngumbara / nganti têkan kene iki / ora nyana kêtêmu lan kowe Wana //

Si Wana krungu carita / karasa-rasa ing ati / mênyang bojo bangêt wêlas / kaya kudu anggolèki / nanging gèk mênyang ngêndi / anggone arêp angluru / ora wurung ya sida / kalakon kaya sing uwis / ubang-ubêng gênti golèk-ginolekan //

tumuli salin gagasan / ngira bojone wis mulih / trêkadhang bapakne barang / ngono iku yèn lastari / padha ginanjar urip / ora nêmoni pakewuh / mula atine Wana / uwis têtêp kudu mulih / Nyai Wana dikandhani ya mupakat //

mung kari ngêntèni dina / anggolèki dina bêcik / ngiras karo nata gawan / sing prêlu lan sing pangaji / barang sing ora aji / diwèhake wong sing butuh / kocapa barêng mangkat/ [mang...]

--- 1067 ---

[...kat/] ora kurang wong sing ngiring / ora kocap mêmanise ana dalan //

22. Dhayohe Wanajaya

... sasêlane anandur / bisa nyambi dadi undhagi

[Dhandhanggula]

salin ngrêmbug Wanajaya gênti / kocap nuju sawijining dina / kaki Wana ana ngèmpèr / lungguh ing kursi mungguh / nyandhing kênap iyasan pèni / sajak laras têmênan / dhasar wayah esuk / langite pinuju padhang / ngombe wedang nyênyamikan kambi nyambi / ngulur-ulur gagasan //

yèn dak gagas kaananku iki / kaya-kaya ora kêkurangan / sarwa kapenak sajêge / pamêtuku lumintu / nadyan sithik nanging nyukupi / malah kapara turah / kêna kanggo gajul / yèn pinuju ora ana / mula aku ora tau pisah dhuwit / ora ketang sagobang //

muga-muga bisaa lastari / têtêp kaya sing uwis tumindak / janji aku tlatèn bae / sabên ing wayah esuk / isih pêtêng aku wis tangi / tumuli mênyang jaba / banjur nyandhak sapu / awakku krasa kapenak / yèn wis ngono arêp apa-apa masthi / iya sarwa kapenak //

sing ajêgan banjur dadèk gêni / godhog wedang lan gawe sarapan / jalaran aku wong ijèn / kêlan ngliwêt ya kudu / aku dhewe sing angrampungi / cêkake apa-apa / kabèh ana ngaku / sarampunge olah-olah / aku wiwit nyambutgawe golèk asil / supaya bisa mangan //

kanggo baku atase wong tani / ora liya ya anggarap têgal / nênandur kaya adate / sasêlane nênandur / bisa nyambi dadi undhagi / bêburuh ngarah opah / yèn ana sing butuh / yèn ora ana buruhan / ana ngomah iya bisa nyambi thak-thik / anggarap apa-apa //

dadi kêna disêbut ngabèhi / iya tani sarta iya tukang / disêbut bakul ya kênèk / ya lurah iya buruh / ya bandara lan iya abdi / ya pladèn iya padang / ya bapa ya babu / ya wong tuwa iya anak / têkan kono kaki Wana gone mikir / banjur guyu dhewekan //

Bakal disambung.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing dintên Ngahad sontên, tanggal 29 Ogustus 1937, wanci ½ 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab kolonisasi. Ingkang mêdhar sabda Tuwan S. Harjadibrata.

--- [1068] ---

Jambore ing Vogelenzang

[Grafik]

Pakuwon-pakuwon ing Vogelenzang, katingal ngadêg ing saênggèn-ênggèn. Punika dèrèng katingal sadaya.

Ing ngandhap: untabing pandhu tuwin tiyang ningali nalika jambore dipun bikak dening Sri Bagendha Maharaja Putri tuwin Lord Baden Powell.

[Grafik]

Têmpuking jambore ing Vogelenzang, nagari Walandi, sakalangkung rame, cacahing pandhu ingkang nglêmpak ing ngriku ngantos dasanan ewon, ugi kalêbêt pandhu saking tanah ngriki.Tumraping para maos ingkang gêgayutan raos kalihan kawontênaning pandhu punika, tamtu tansah ngajêng-ajêng badhe nguningani gambar-gambaripun, amargi gambar-gambar wau lajêng kenging kangge mêmêtha dhatêng kawontênanipun para pandhu ingkang sawêg kêklêmpakan, punapadene nguningani cara-caranipun anggènipun sami tumindak ing damêl.

Ing kala punika kêmpaling para pandhu wau ugi atêgês kêmpal saha pasrawunganipun pandhu saking nagari-nagari saindênging bawana, lôngka wontênipun lêlampahan kados ingkang pinanggih ing kala punika.

--- 1069 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Inheemsche Mulo Muhammadiyah. Inheemsche Mulo Muhammadiyah ing Ngayogya ingkang nêmbe kabikak nampèni murid cacah 40, saking vervolgschool Muhammadiyah tuwin sanès-sanèsipun. Para murid wau katamtokakên dhatêng ing pamulangan ing Bintaran Lor benjing tanggal 1 Sèptèmbêr 1937. Mulo punika ancasipun kados Mulo Jawa ingkang ugi nêmbe kabikak ing Surakarta.

Wos saking sajawining praja tumrap Mênado tuwin Maluku. Sarèhning langkunganing wos ing tanah Jawi ing mangsa punika katingalipun kirang, botên kados padatan, tuwin jalaran saking kathahing wos ingkang kawêdalakên dhatêng tanah Sabrang sawatawis wulan kêpêngkêr, mila wiwit tanggal 1 Sèptèmbêr ngajêng punika, têtiyang sampun kenging nglêbêtakên wos malih saking sajawining praja dhatêng laladan Mênado tuwin Maluku.

Tandha pangèngêt-èngêt konjuk Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan. Nyarêngi dhawahing kalih windu jumênêngdalêm Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya, pêpatihdalêm angunjukakên tandha pangèngêt-èngêt awarni jam agêng kangge rêrênggan kitha, saking para punggawa Gupêrmèn, para partikêlir tuwin bangsa Tionghwa. Jam punika badhe dipun pasang wontên sakilèn Pagêlaran. Nanging ugi taksih ngêntosi kêparênging dhawuh timbalandalêm. Kajawi punika, kabupatèn Gunungkidul angunjukakên gapura minangka tandha watêsipun Ngayogyakarta kalihan Surakarta. Gapura punika kaêdêgakên wontên ing dhusun Jênthir, kêlurahan Tancêp, ondêr distrik Sêmin.

Sami angsal ganjaran anggangsal atus rupiyah. Kados ingkang sampun nate kawartosakên, tuwan K.E. Schutt ingkang mêntas manggih bêbaya motor mabur, punika suka ganjaran dhatêng tiyang kalih, satunggal-satunggaling tiyang f 500.-, amargi tiyang kalih wau sami têtulung nalika kasangsaran. Tindaking tiyang kalih wau, nalika motor mabur nêngah-nêngahi kêbêsmi, sami malêbêt dhatêng têngahing latu murub nulungi tuwan Schutt.

Mangsulakên langkungan pajêg siti. Miturut karampunganipun ingkang wajib, pajêgipun siti pakêmpalan Oei Tiong Ham ingkang sampun pintên-pintên taun dados papriksan, ing sapunika sampun katêtêpakên. Sagêd ugi gemeente Sêmarang badhe mangsulakên arta f 75.000.-, miturut pambayaran pajêg ing taun 1930 dumugi taun 1932.

Griya pangupakaran tiyang sakit ewah. Pakaryan Kasarasan badhe ambikak griya sakit tiyang sakit ewah ingkang sampun botên nyamari, kanthi dipun sadhiyani pasitèn kangge ulah têtanèn. Ingkang sampun kasuwun dhatêng Parentah, tumrap Madiun tilas griya sakit, cêkap tiyang 200, ing Ambarawa, tilas griya militèr. Kajawi punika ugi badhe ngêdêgakên ing Banyuwangi. Tumrap tanah Sabrang badhe ngadani ing Samarinda tuwin Pontianak.

Candhi kina ing Gêbang. Dèrèng dangu ing Gêbang, Ngayogya, pinanggih wontên candhi kina, saha sampun kapriksa dening Pakaryan babagan barang kina. Pikantuking papriksan candhi wau yasan kala abad ingkang kaping wolu. Nanging sarêng kalajêngakên pandhudhukipun, candhi wau pinanggih botên wêtah, ing perangan têngah sampun kathah ingkang ical, saha kakintên tiyang botên badhe sagêd mulihakên. Risaking candhi wau kakintên ingajêng kapêndhêtan pêrlu kangge yêyasan têtiyang ingriku.

[Iklan]

Putra bangsa agêng Kutai ngabêkti dhatêng karaton. Putranipun Pangeran Sosronagoro ing Kutai ingkang badhe nglajêngakên sinau dhatêng Bandung, kairid sowan ingarsadalêm Sampeyandalêm Ingkang Wicaksana, pêrlu kasuwunakên ngabêkti.

Badhe dhatêng Amerika. Wontên wartos, awit saking kaparêngipun ingkang wajib, Dr. Soemedi, pangagênging Pakaryan Kasarasan ing Purwokêrto, kadhawuhan dhatêng Amerika, kawigatosanipun badhe kadhawuhan mara-marakakên ing bab kasarasan wontên ing pundi-pundi. Anggèning wontên ing Amerika kintên-kintên 3 taun.

Karajan Surakarta sampun madêg 200 taun. Miturut petangan Jawi, benjing 20 wulan malih adêging karaton Surakarta sampun jangkêp 200 taun, kapetang wiwit pindhahipun saking Kartasura. Miturut pêpetanganipun para golongan abdidalêm ing Surakarta, dhawah wontên ing dintên Rêbo tanggal 17 Sura taun Je 1870, utawi tanggal kaping 8 Maart 1939. Ing bab punika tumraping abdidalêm ing Surakarta badhe ngawontênakên pèngêtan kanthi paargyan, saha sapunika sampun kalampahan wontên comite ingkang madêk saking golonganing Kanayakan Gêdhong Kiwa.

Rukun Santana Dalêm. Ing Surakarta wontên pakêmpalan ingkang namanipun kados irah-irahan punika. Ancasing pakêmpalan punika badhe mitulungi para darah kraton ingkang sami nandhang sangsara.

Golongan boyongan angsal sudan saking S.S. Kawartosakên, Pakaryan Sêpur nyuda waragad 25% tumrap para tiyang ingkang sami badhe boyongan dhatêng Lampung tuwin Sumatra Kidul, tumrap klas 3 tuwin 4. Sudan wau tumrap margi S.S. ingkang dumugi Tanjung Priok, tuwin margi S.S. ing sawetan Surakarta.

--- 1070 ---

Gunggungipun têtiyang ingkang sakit T.B.C. saya mindhak. Awit saking pinanggihing paniti ingkang katindakakên dening panyêgah sêsakit T.B.C. gunggungipun malah saya mindhak. Kala têngah-têngahaning taun punika wontên 3344, pêpetangan makatên kala wontên ing taun 1935 - 1600.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan, tuwan-tuwan: Soediman bin Haji Tajibnapis, M. Mohammad Ali Soeparto Wasitohardjo, Be Kiem Yan, Andi Zainal Abidin tuwin nonah R. Hadidjah. Lulus candidaatsexamen perangan kalih, tuwan-tuwan: R. Roby Moedjaswardi, Lie Kian Kim, Abdoelkarim tuwin R.A. Moeh Sis Tjakraningrat.

Pamulangan luhur Dokter. Lulus artsexamen perangan kapisan, tuwan Soegiri tuwin tuwan Liem Tjeng Giok.

[Grafik]

Sêtelêngan ing Sukabumi. Dèrèng dangu punika ing Sukabumi ngawontênakên sêtelêngan barang-barang didamêlipun têtiyang ing laladan ngriku, inggisinggih. punika sêtelêng Kêma'muran (Welvaartstentoonstelling). Inginggil punika ngêwrat gambar salah satunggiling bangonipun "Pakas" inggih punika pakêmpalanipun tukang tosan (pande) ingkang katuntun lan dipun apèn-apèni dening Departement Economische Zaken.

Buku pèngêtan adêging Kraton 200 taun. Tuwan K.H. Abaras, redacteur Solo-Post, ing wêkdal punika sawêg ngarang buku adêging Kraton Surakarta 200 taun, mawi rinêngga-rêngga ing gambar, basa Walandi tuwin Mêlayu. Kintên-kintên badhe rampung wontên ing wulan Januari 1938. Dumuginipun sapunika sampun kathah ingkang sami mêling. Tuwan Soengkar mêling ingkang mawi kasamak adèn, badhe kapisungsungakên dhatêng Nata ing Irak tuwin ing Mêsir.

Padagangan kajêng ing Sangkulirang majêng. Kawartosakên, bangsa Jêpan ingkang ngawontênakên kabudidayan mêndhêt kajêng ing Sangkulirang, Borneo, katingal saya majêng. Majêngipun wau jalaran kintunan kajêng saking Amerika dhatêng Jêpan namung sakêdhik sangêt, tuwin kintunan saking Tiongkok sampun katutup. Malah wontên wartos, kabudidayan wau nyuwun palilah malih badhe anjêmbarakên têbanipun panggaotan.

Sêpur Pasar Gambir. Benjing Pasar Gambir ing Bêtawi, S.S. ing Bandung badhe ngawontênakên sêpur mirunggan saking Bandung dhatêng Bêtawi, kadhawahakên wontên ing dintên Sabtu tanggal 4 Sèptèmbêr.

Darma dhatêng Tiongkok. Adêging panitya pados darma tumrap Tiongkok ing tanah ngriki, sampun sagêd ngintunakên arta langkung sayuta dollar dhatêng Syanghai.

Pambêsmèn mayit. Wontên wartos, B. en W. ing Bêtawi badhe usul dhatêng Parentah kêparênga ngêdêgakên papan pambêsmèn mayit wontên ing landhof, waragadipun badhe dipun sanggi dening gemeente. Waragadipun kintên-kintên wontên f 20.000.-. Tumrap golongan bangsa Jêpan badhe urun f 2000.-, amargi pinanggihipun sapunika tumrap bangsa Jêpan wau manawi ambêsmi mayit namung mawi pirantos ingkang prasaja sangêt. Papaning pambêsmi badhe wontên ing wingking, dene tumindaking upacara wontên ingajêngan. Namung wontên pakèwêdipun sawatawis, dene cara ambêsmi mayit wau tumrapipun ingriki dados awisan.

Wilujêngan ing station Cirêbon. Sampun sawatawis dintên ing station Cirêbon dipun wontênakên wilujêngan mawi têtingalan warni-warni. Mênggah wigatosipun wilujêngan wau naluri padatan, amargi saking kapitadosanipun têtiyang ingriku, manawi botên kawontênakên wilujêngan makatên, kêrêp wontên kasangsaran. Wilujêngan wau katindakakên sabên taun sapisan.

Wêdalipun wos saking tanah Jawi. Uwos tanah Jawi ingkang kakintunakên dhatêng tanah Sabrang wiwit wulan April dumugi Juli 1937 punika wontên 78.050 ton. Ing taun kêpêngkêr pêpetangan makatên wontên 31.171 ton. Dados indhakipun langkung kathah.

Malsu nomêr lotrij. Kantor Escompto ing Bêtawi mêntas kêdhatêngan bangsa Tionghwa badhe nglintokakên lotrij ingkang angsal pamênang f 500.-, dhawah nomêr 19229. Nanging sarêng kapriksa nomêripun 9 ingkang wêkasan punika ewah-ewahan saking nomêr 0. Sarêng bab punika dipun titipriksa, tiyang wau ngakên bilih lotrij wau asli kintunan saking kuwanuhanipun ing Palembang, kakintunakên sarana aangeteekend, supados kacadhongakên.

NAGARI WALANDI

Prins Bernhard. Kawartosakên, benjing tanggal 2 tuwin tanggal 8 Sèptèmbêr ngajêng punika, Prins Bernhard badhe ajumênêngianjumênêngi. ajar-ajaran baris kapalan. Kajawi punika, miturut wartos, panjênênganipun badhe kajumênêngakên kaptin mriyêman kapalan ing Arnhem.

Lampah anggêgana saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki. Miturut wartos, wiwit benjing tanggal 1 October ngajêng punika, K.L.M. badhe ngawontênakên lampah anggêgana saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki ing dalêm saminggu tigang rambahan. Bidhalipun katêtêpakên sabên dintên Salasa, Kêmis tuwin Sabtu. Tumrap ingkang bidhal saking tanah ngriki ingkang kawitan wontên tanggal 9 October.

EROPA

Inggris tuwin Prancis nutup margi. Miturut wartos, parentah Prancis sampun suka sumêrêp dhatêng Inggris, bilih sapunika Prancis botên anampèni rakyat Sêpanyol ingkang ngungsi dhatêng laladanipun. Dumuginipun sapunika rakyat Sêpanyol ingkang wontên ing Prancis 45.000. Tumrap Inggris inggih lajêng suka kabar dhatêng pakaryan-pakaryan layaran, wiwit sapunika ugi botên purun nampèni têtiyang ingkang badhe numpak ing golongan punika.

ASIA

Lindhu ing Manilla. Ing Manilla mêntas wontên lindhu ingkang kêgolong agêng, adamêl pêjahing urubipun lêstrik, punapadene damêl kadhêging tilpun, jandhela-jandhela kaca sami pêcah. Têtiyang ingkang nuju wontên ing papan karamean sami sumingkir. Lindu punika kapetang ingkang agêng piyambak ing salêbêtipun 40 taun kapêngkêr. Ing wanci sontên kathah tiyang ingkang sami wontên ing margi agêng, jalaran sami ajrih mantuk dhatêng griyanipun.

--- 1071 ---

Wêwaosan

Kramanipun Prabu Wladhimir

6

Dhune lajêng ngêdêgakên sêsupe wontên ing sanginggiling mastakanipun sang putri, masang lading ing sawingkingipun sêsupe, saha nuntên mundur gangsal atus pêcak, sarta lajêng nyandhak gandhewanipun. Ing ngriku Dhune lajêng nglêpasakên jêmparingipun ingkang kapisan, nanging dhawahing jêmparing anglangkungi têbih sangêt. Jêmparing ingkang kaping kalih lajêng kalêpasakên, nanging cupêt. Ing wusana lajêng nglêpasakên jêmparing ingkang pungkasan, nanging inggih mêksa botên angsal damêl, dhawahing jêmparing têbih saking punapa ingkang dipun sêjakakên.

Sadaya pangeran, satriya tuwin prajurit sami gumujêng, dalasan para panakawan kraton ingkang kala punika sami ningali saking katêbihan, ugi lajêng sami gumujêng kêkêl. Sintên ingkang dipun sawang dening Dhune, punika katingalipun lajêng kadosdene ngerang-erang dhatêng piyambakipun. Salaminipun gêsang Dhune punika satunggiling satriya ingkang sampun kasuwur mênggahing kaprawiranipun, dèrèng nate rumaos ina lan asor kadosdene ing dintên punika, langkung malih têka ingkang adamêl ina tuwin asoripun wau, satunggiling wanita ingkang ing salêbêting pêrang tandhing kalihan Dhune kasoran jurit tuwin ngantos lajêng dados momonganipun. Ngèngêti ingkang makatên wau, nêpsunipun Dhune tanpa upami. Ing wusana Dhune ujug-ujug lajêng mêndhêt jêmparing satunggal malih saking bumbung, sarta lajêng wicantên makatên: He, panah, rungokna kang dadi uniku iki, aku anjaluk tulung nyang kowe, walêsna kasoranku kiyi. Kowe taklêpasake saka gandhewa, aja pisan-pisan kowe ngênani banyu utawa ibu prêtiwi, nanging tumancêba ana ing jajaning garwaku, Dèwi Natasiyah.

Sarêng pramèswari nata, Dèwi Aprasiyah mirêng cariyosipun Dhune ingkang makatên punika, enggal-enggal lajêng anyêlaki, saha kanthi tawan-tawan tangis nuntên angandika makatên: O, kakang Dhune, kula aturi èngêt, bilih sadaya punika namung gêgujêngan kemawon, mugi sampun lajêng katampi lêbêt. Jêmparing panjênêngan kula aturi madhahi malih, lan sumôngga samangke kondur kemawon dhatêng kadhaton.

Nanging pun Dhune babarpisan botên mirêngakên dhawuh pangandikanipun sang pramèswari, inggih sêsêmbahanipun piyambak.

Dene mênggahing Dèwi Natasiyah, satunggiling prajurit wanita ingkang sampun kawêntar mênggahing kaprawiranipun, sarta ingkang dèrèng nate kalindhih juritipun. Kajawi dening ingkang raka piyambak, ing kala punika sarêng uninga jêmparing ingkang kaêlèsakên ing sariranipun, ajrihipun kagila-gila.

Sang putri lajêng enggal-enggal ngrungkêbi sukunipun Dhune, sarta kalayan adus êluh lajêng ngarih-arih ingkang raka makatên:

Dhuh, guru lakiku, ngapuranên tindakku kang kurang duga prayoga iki. Aku wis rumasa, yèn aku iki mula wong bodho sarta tanpa tata. Jalaran saka iku tak pindhoni panuwunku, ngapuranên kabodhoanku iki. Tak aturi sabar nganti tumêkane ing dina sesuk, aku duwe kapitayan, yèn ing dina sesuk panggalihmu mêsthi beda karo saiki. Tak èngêtake manèh, anggone tansah luput panjêmparingmu iku ora marga saka kurang titis, nanging jalaran saka dayaning inuman kêras. O, guru lakiku, tak aturi èngêt, yèn nganti panjênêngan mrêjaya nyang aku, apa ora kêduwung ing têmbe burine.

Nanging Dhune botên mirêngakên babarpisan dhatêng pamuwunipun sang putri, malah ing sêmu saya ajaja bang mawinga-winga. Manahipun kapengin badhe nyedani sang putri, dene sampun angasorakên dhatêng sariranipun wontên ing ngajênging tiyang kathah, saya botên kenging dipun ampah malih. Dalasan gênging katrêsnanipun dhatêng sang putri, ing kala punika kadosdene sampun ical babarpisan.

Ing wusana para pangeran, mantri bupati tuwin para prajurit sadaya sami anyakêti Dhune, saha sami angrimuk supados sampun kalajêng-lajêngakên anggènipun nêdya nuruti hawa nêpsunipun wau. Nanging niyatipun Dhune nêdya nyedani sang putri wau botên lajêng kêndho, malah lajêng kadosdene dipun sêngkakakên. Jêmparing lajêng kapasangakên ing gandhewa, saha lajêng kalêpasakên dhatêng jajanipun sang dèwi. Tanpa sambat Dèwi Natasiyah dhawah ing siti, kalayan adus êrah.

Sarêng Dhune sumêrêp ingkang garwa dhawah ing siti sarta adus êrah, ing sakala punika lajêng èngêt ing purwa duksinanipun. Piyambakipun enggal-enggal amurugi, nyandhak astanipun sang putri nêdya kajunjung. Nanging ing kala punika sang putri sampun seda, sarta tindakipun Dhune ingkang sakalangkung têgêl wau, sampun botên kenging dipun dandosi malih. Kalayan kamitênggêngên Dhune ngêmungakên nyawang dhatêng ingkang garwa kemawon, kadosdene gadhah pangajêng-ajêng, bilih sang putri sagêd wungu malih. Sarêng sampun tita bilih ingkang garwa punika seda saèstu, ing sêmu Dhune lajêng kadosdene botên anggadhahi daya malih, saking gênging kêduwungipun. Ing wusana lajêng kawêdal têmbungipun makatên:

Ing sarèhne garwaku wis kapundhut dening ibu pratiwi, aku êmoh kèri, sarta nêdya anglabuhi garwaku mau.

--- 1072 ---

Dhune lajêng ngunus pêdhangipun ingkang lajêng kasudukakên ing sariranipun, ing sanalika punika piyambakipun dhawah tiwas ing siti, anjèjèri ingkang garwa.

Miturut dêdongènganipun, papan ingkang kadhawahan ing mastakanipun sang putri wau, lajêng tuwuh tuk sirahing lèpèn alit, ingkang lajêng dipun namakakên: lèpèn Natasyah, dene papan ingkang dipun dhawahi sirahipun Dhune, ugi lajêng tuwuh tuk sirahing lèpèn, inggih punika lèpèn: Dhona, agêng-agênging lèpèn ing tanah Ruslan sisih wetan. Ing sakawit ilining lèpèn kalih wau pêpisahan, nanging botên watawis têbih lajêng kêmpal dados satunggal, saha dados lèpèn ingkang agêng. Kajawi punika ing papan sedanipun Dèwi Natasiyah tuwin ingkang raka wau, lajêng kêtuwuhan wit cêmara kalih, ingkang godhongipun ing nginggil angrêmbuyung pêpulêtan dados satunggal.

Dumugining samangke lare-lare alit ingkang sami dêdolanan wontên ing ngriku, jalaran saking ayoming panggenan, sumêrêpipun namung sami sênêng kemawon. Para mudha ingkang sami langkung ing ngriku, ingkang kathah têmtu gumun ningali kawontênanipun wit kalih ingkang agêng-agêng saha ngrêmbuyung godhongipun wau. Dene tumrapipun para sêpuh, ingkang mirêng dêdongènganipun Dhune tuwin Dèwi Natasiyah wau limrahipun lajêng sami wêlas asih, saha karaos-raos manahipun, sarta lajêng sami angèngêtakên dhatêng para wanita mudha, sampun gampil mêmancahi rêmbagipun ingkang jalêr.

II. Lêlampahanipun Dhobrinya

1. Nalika Dhobrinya taksih lare

Ing kitha Kiyèf, ing gumuk sapinggiring lèpèn: Nyèpêr, wontên griya agêng, ingkang dipun ênggèni warandhaning satriya. Warôndha wau nama: Apimyah, dene suwargi ingkang raka nama: Nikita. Anggènipun jêjodhoan tiyang kalih punika botên dangu, namung wontên kalih taunan. Sawêg nêdhêng-nêdhênging sami sih-sinihan wau, ing satunggiling dintên pun Nikita kesah ambêbujêng, dumadakan wontên ing papan ingkang sêpên, Nikita dipun jêmparing ing tiyang saking wingking, ingkang ngengingi gêgêripun. Sanalika punika Nikita dhawah ing siti sarta lajêng tiwas.

Wiwit punika warôndha mudha wau, prasasat lajêng botên nate mêdal ing jawi, lan botên purun semah malih, sêdyanipun namung badhe momong putranipun jalêr satunggal, inggih punika ingkang nama: Dhobrinya.

Mênggah ingkang dados ingdham-idhamanipunidham-idhamanipun. Dèwi Apimyah, supados putranipun ing têmbe, botên ngêmungakên dados satriya ingkang prawira saha wasis mênggahing ulah dêdamêl kemawon, nanging ugi sagêda dados tiyang luhur bêbudènipun, jêmbar wawasanipun sarta sugih kawruh. Amila wiwit alit, mangsanipun lare-lare sanès sami dolanan utawi têtêgaran numpak kapal, putranipun wau malah kapurih sinau. Ing sarèhning ingkang ibu punika kacêkapan, inggih sagêd mragadi putranipun sinau kawruh warni-warni, sarta ugi sagêd andhatêngakên guru pintên-pintên ingkang kapintêranipun sampun kawêntar ing saindênging praja Ruslan. Botên ngêmungakên tiyang bôngsa satunggal kemawon ingkang suka wulangan dhatêng Dhobrinya, nanging tiyang mawarni-warni bôngsa, awit mênggah panggalihanipun ingkang ibu satunggal-satunggaling bôngsa punika anggadhahi kaprigêlan utawi kapintêran piyambak-piyambak. Lan murih tiyang punika sagêda sampurna kawruhipun, sasagêd-sagêd inggih kêdah ngangsu kawruh dhatêng bôngsa warni-warni, jalaran saking punika Dèwi Apimyah andhatêngakên guru bôngsa Yunani, ingkang suka wulangan ing bab agami. Tiyang bôngsa Nur, ingkang damêlipun lêlana dhatêng ing nagari pundi-pundi, punika dipun wajibakên suka sêsêrêpan kawontênanipun ing môncapraja. Tiyang bôngsa Rus, saking kitha: Nopgorod, inggih punika kitha padununganipun para sudagar sugih, kapasrahan mulang: ngungêlakên calêmpung, ngrumpaka têmbang kina, lêlampahanipun para satriya ing jaman kina ingkang sami kêndêl-kêndêl tuwin prawira, lampahipun among dagang, lan sasaminipun. Kajawi punika taksih wontên guru sanès-sanèsipun malih, ingkang kajibah mulang kawruh warni-warni, ingkang dados kabêtahanipun satriya ingkang utama.

Ewasamantên Dèwi Apimyah mêksa inggih botên supe, mulangakên putranipun dhatêng tatananing pêrang, sabab panjênênganipun anguningani, bilih satunggiling satriya punika kêdah limpat dhatêng ulah pêrang, sarta botên badhe sagêd ngawula nata, manawi kasagêdanipun punika ngêmungakên ngompak, nanging manawi wontên baya pakèwêd lajêng kaplajêng. Inggih punika baya pakèwêd ingkang awujud mêngsah, badhe anggêpuk praja Ruslan. Ngêmungakên tiyang ingkang wani ngêtohakên nyawanipun minôngka kangge ambelani bôngsa tuwin tanah wutahrahipun, ingkang pantês kawastanan satriya sêjati.

Makatên mênggah pamanggihipun Dèwi Apimyah tumrap ing putranipun wau. Ingkang dados idham-idhamanipun, sagêda putranipun ing têmbe dados satriya ingkang kêndêl ing jurit tuwin prawira bêbudènipun, ingkang sasampunipun pêjah taksih dados pangèngêt-èngêtipun tiyang saindênging praja. Jalaran saking punika amila Dhobrinya angsal guru-guru, ingkang sagêd mulang ing bab ulah turôngga, punapadene ulah dêdamêl.

Badhe kasambêtan.

--- 129 ---

Nomêr 33, Taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Kawontênanipun nagari Magêlang

Ing Kajawèn nomêr 54, tanggal 7-7-'37, bagean Jagading Wanita, wontên wêdhar sabdanipun juru pangripta, bilih sasagêd-sagêd para sadhèrèk supados ngrakêtakên anggènipun sami sadherekan, sarana nyriyosakên kawontênanipun kitha padununganipun piyambak-piyambak. Ingkang makatên wau rèhning wêkdal sapunika kula kalêrês manggèn ing dhusun, dados kula botên sagêd nyariyosakên kawontênanipun papan padunungan kula ing wêkdal sapunika, jêr kawontênanipun ing dhusun punika namung sarwa sêpi. Tujunipun rumiyin kula sampun nate dêdunung wontên ing kitha, najan alit, namung ragi rame, inggih punika ing kitha Magêlang.

Nalika kula wontên ing ngriku, èngêt-èngêtan ing taun wolulasan, wêkdal samantên kawontênanipun kitha dèrèng rêja kados sapunika, ewadene manawi dipun tandhing kalihan kitha sanès-sanèsipun sasumêrêp kula, sampun kalêbêt onjo, inggih punika kathahipun sadhèrèk wanita ingkang sampun sami majêng ngrumiyini tinimbang sanès-sanèsipun panggenan. Wêkdal samantên kamajênganipun sampun sagêd ngêsuk golongan priya, inggih punika nitik kathahipun sadhèrèk wanita ingkang sami ngasta padamêlan wontên ing krèdhit bang, sasumêrêp kula ingkang kathah punggawanipun sami wanita, malah wontên pangkat bêhirstêr.

Botên namung samantên kemawon kamajênganipun wanita ing Magêlang, malah ing wêkdal samantên, èngêt-èngêtan ugi sampun sagêd damêl pakêmpalan kanamakakên: Jaya Wanita. Manawi nuju pakêmpalan ugi asring ngulêmi golongan priya saking Osvia. Manawi nuju wontên kêramean, kados ta: pasar malêm utawi balapan kapal ing Tidhar, sagêd damêl warung mawi dipun sadhiyani meja bolah kados sacaranipun susitit Walandi, tur ingkang ngladosi sadaya golongan wanita ingkang sampun inggil-inggil pasinaonipun. Kajawi punika taksih kathah malih sanès-sanèsipun, upami kula aturna bokmanawi Jagading Wanita botên wontên papanipun, sabab sêmunipun kamajênganipun para wanita ing ngriku, kala samantên botên kèndêl wontên ing salêbêting kitha kemawon, [ke...]

--- [130] ---

[...mawon,] malah nglonjok ngantos dumugi sajawining kitha, kados ta ing Têmanggung, ambak kitha dhusun, kadayan saking kamajênganipun para sadhèrèk wanita ing Magêlang, ugi kathah kamajênganipun para wanita ing kitha ngriku, kados ta sinau nabuh dalah gerongipun, malah sampun nate adamêl têtingalan tonil, ingkang dados sadaya putri, tur garwa utawi putrinipun para priyantun sadaya, èngêt-èngêtan wêkdal samantên lampahanipun: Cêmporèt. Dene kathahipun para mriksani, ngantos kirang papan. Tamu saking Magêlang lan Ngayogya tanpa wicalan kathahipun, môngka wêkdal samantên margi saking Magêlang dumugi Têmanggung dèrèng sae kados sapunika.

Dados kamajênganipun sadhèrèk wanita Magêlang punika, botên sapunika kemawon, ugi sampun wiwit rumiyin mila.

Landêp

Bab Krècèk

Para maos kintên-kintên sampun sami midhangêt têmbung: krècèk. Inggih punika namaning satunggaling lawuhan ingkang eca, bangsanipun krupuk.

Krècèk punika ingkang dipun damêl wacucal lêmbu utawi maesa, mila inggih sampun layak manawi eca. Krècèk punika kalêbêt lawuhan ingkang pèni. Limrahipun namung kangge padintênanipun para priyantun, utawi kangge lawuhan manawi sawêg gadhah damêl mantu, sunatan lan sapanunggilanipun.

Ing ngriki kula badhe ngandharakên kadospundi caranipun damêl krècèk, jêr eman sangêt yèn ta sêsêrêpan bab punika lajêng ical, dipun panggih bôngsa sanès. Punapa malih pangraos kula krècèk punika kenging kangge dagangan agêng, awit botên sagêd mambêt, kenging kasimpên ngantos têtaunan.

Ingkang kenging kangge damêl krècèk punika wacucal têlês saha garing, nanging ingkang botên bosok. Wacucal maesa ingkang sampun uwal kalihan dagingipun salêmbar, punika dipun iris dados nêm, lajêng dipun jarangi. Patrapipun makatên: kula aturi ngobori toya ing kwali agêng. Kathahipun kakintên-kintên sagêd ngacaki wacucalipun. Manawi sampun mangêt-mangêt, wacucal kacêmplungakên, nanging kêdah dipun udhêg lajêngan kemawon, prêlunipun supados botên kakên. Sakêdhap-sakêdhap kêdah dipun tuwèni, kulitipun ayam sampun gampil dipun klocop punapa dèrèng. Anggènipun nuwèni gampil lan botênipun kaklocop ngangge driji panuduh, panunggul saha jêmpol. Yèn wacucal sadaya wau sampun gampil dipun klonyom kulitipun ayam, lajêng kaêntas. Nuntên wiwit dipun kêrok wulunipun. Pirantosipun ngêrok lading ingkang landhêp kalihan dêbog ingkang ngangge pantèk. Dêbog punika kasèndhèkakên ing dhingklik utawi sanèsipun. Wacucal jarangan wau kabolong, kacanthèlakên ing pantèk ingkang wontên ing dêbog wau. Tangan têngên nyêpêngi garan lading, tangan kiwa nyêpêngi pucukipun, lajêng kakêrokakên, wulunipun têmtu ical sakulitipun ayam pisan. Wacucalipun dados pêthak. Sasampunipun makatên, lajêng dipun irisi [iri...]

--- [131] ---

[...si] watawis sadhèsi mètêr wiyaripun.

Manawi wacucal wau sampun kakêrok lan sampun dipun irisi sadaya, lajêng kagodhog ngantos matêng. Latunipun ingkang ajêg, dangunipun botên têmtu. Manawi wacucal maesa ênèm 5 jam sampun matêng, nanging manawi sêpuh ngantos jam utawi langkung. Wondene têngêranipun matêng manawi warninipun sampun malih abrit nyawo matêng, kapênyèt sampun êmpuk gênjur-gênjur, wujudipun katingal kiyal. Nanging sampun ngantonngantos. lonyoh, awit yèn makatên angèl pangrajangipun. Sasampunipun kaêntas, dipun siram toya asrêp, nuntên kaêlèr ngantos asrêp. Lajêng wiwit ngrajang ngantos dados alit-alit. Pirantosipun nama: rênggês. Wujudipun mèmpêr kacip, nanging ladingipun kenging kacopot, sarta têlênanipun namung papah klapa kemawon, sanès tosan.

Manawi sampun dados rajangan lajêng kaêpe ing anjang-anjang. Nanging yèn plikêt kêdah dipun lisahi rumiyin. Yèn sampun garing kenging kasade dhatêng pundi-pundi, botên sagêd bosok.

Sarèhning ngêlèti wacucal punika asring botên rêsik, mila ing sisih nglêbêting wacucal adhakan katutan daging saha klombrot, punika sadèrèngipun karajang kêdah dipun kêrok, kapiyambakakên, punika nama: rambak, langkung eca tinimbang krècèk.

Pn.

Bab Dhêdhaharan

Sus gorèng

Anggodhoga toya 1 gêlas, mêrtega 3 sendhok dhahar, tuwin sarêm sapucuking sendhok tèh. Panggodhogipun toya dipun satakên sawatawis, lajêng dipun cêmplungi glêpung gandum 1 gêlas munjung, têrus kaudhêg sampun ngantos kèndêl-kèndêl supados botên mrêngkêl. Sasampunipun dados jênang, lajêng kaêntas, kawolak-walik ngantos asrêp. Manawi sampun asrêp lajêng kaparingan jênening tigan ayam 3, lajêng dipun udhêg ingkang waradin. Sasampunipun lajêng kagorèng saking 1 sendhok dhahar. Latunipun ingkang cêkapan, awit manawi kagêngên ing nglêbêtipun mêntah. Pandhaharipun katutulakên bubukan gêndhis pasir.

Ontbijtkoek

Tigan ayam iji, gêndhis arèn ingkang sampun kasisir sacangkir tèh (mangkok) munjung, lajêng kaublêk ngantos uwat, sasampunipun kaparingan galêpung gandum 18 sendhok dhahar munjung. Anggènipun nyampur gandumipun pangudhêgipun sampun ngantos kasêron, namung kambang-kambang (alon-alon), manawi badhe kaêpan kaparingana bumbu: bubukan manis jangan sendhok tèh, bubukan cêngkèh sendhok tèh, parudan jêram purut (wangi) 1 sendhok dhahar. Sasampunipun kadèkèk ing loyang lèngsèr) lajêng kaêpan. Pandhaharipun dipun irisi.

Êndhog mimi

Mênir wos ingkang nomêr 1 sawijikan, kapususan rêsik, lajêng kaêkum watawis 2 jam dangunipun. Lajêng kapususan malih, kaêtus, lajêng kaêdang. Manawi sampun kêkêl, kakaru mawi godhogan gêndhis pasir sacêkapipun. Sasampunipun lajêng kaêlèr ing loyang lèngsèr), kandêlipun kirang [ki...]

--- [132] ---

[...rang] langkung 1 cm., lajêng kaêdang malih. Manawi sampun matêng kaêntas kaasrêpakên. Lajêng dipun irisi kados pangirisipun kuwih lapis, ananging alit-alit.

Pandhaharipun mawi parudan kalapa kasinggat, lan ingkang sampun dipun sarêmi.

Kula pun: Partini, Têmpuran.

Kasêtyaning Wanita

Ingkang dipun wastani kasêtyaning wanita punika tumraping bôngsa Jawi tamtu sampun botên kêkilapan, malah manawi dipun pêndhêtakên saking têtuladan kina, wontênipun ngantos ngewak-ewakakên, amargi sampun botên cocog kalihan jamanipun sapunika. Ingkang dipun wastani ngewak-ewakakên wau, botên sanès, jalaran dununging unggul saksat namung pinanggih wontên ing golongan kakung. Kados sanadyan botên dipun pratelakna, tumraping para maos inggih sampun sagêd anggagapi piyambak.

[Grafik]

Dangu-dangu jamanipun lajêng ewah, kenging dipun wastani bilih jalêr èstri punika pinanggih sami-sami, tuwin inggih nyata kados ing jaman sapunika.

Manawi ngèngêti kawontênan ingkang sampun-sampun, tuwin ing sapunika, kados-kados gêsanging tiyang jêjodhoan, ingkang umumipun kenging dipun wastani jalêr èstri, ugi sampun nama ngênggèni caraning gotong-royong, namung kaot wontên ingkang katingal utawi botên.

Pêpiridan makatên wau lajêng lèrèg bilih raosing gêsang wontên ing jaman rame punika, akajêng dados bêtahing sadayanipun, punika sampun kinodrat botên sagêd oncat. Mila ugi nama botên anèh bilih jalêr èstri punika ebahipun sêsarêngan, dening nunggil kabêtahan.

Kados tiyang wanan ing Kalahari, Kaapstad, Aprikah sisih kidul ingkang kacêtha ing gambar, punika satunggiling wanita ingkang anduwa dhatêng tatanan ngawisi tiyang ambêbêdhag, wosing kajêngipun anyamarakên manawi ngantos andadosakên kiranging têdhanipun. Anggèning sowan dhatêng ngarsanipun ingkang wajib kanthi ambêkta anakipun.

Ing ngriku katingal ing bab raosing gêsang gotong-royong tuwin raosing gêsang ingkang sumrambah, sanadyan tiyang wanan botên wontên bedanipun.

--- [1089] ---