Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 99, Stu Kli, 8 Sawal Ehe 1868, 11 Dhesèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm : tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor Palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun : Pangungsêt, - Nusa Kambangan, - Dhialèkipun tiyang Pathi, - Pagêblug sakit ingkang nular, - Wara-wara, - Sajarah dhatêng pasareanipun Kyai Agêng Ngliman (Liman), - Gambar wontên ing kaca, tuwin pratikêlipun, - Kabar Warni-warni, - Wêwaosan, - Taman Bocah.

Pangungsêt

Indhaking kabatosan

Ingkang dipun kajêngakên indhaking kabatosan ing ngriki, sanès indhaking mulukipun kawruh, awit mênggahing kawruh ingkang limrahipun dipun wastani ngèlmi kabatosan, têtêp anggènipun luhur tuwin sampurna, dados pinanggih têtêp kemawon.

Indhaking kabatosan, punika manawi badhe dipun wawas, mathukipun kêdah mêndhêt dhêdhasar ngèlmu tuwin laku, amargi botên wontên ngèlmu ingkang dados manawi tanpa laku, makatên ugi kosokwangsulipun, botên wontên laku ingkang botên angrabuki dhatêng ngèlmu. Nanging ugi wontên ucap-ucapan, ngèlmu tanpa laku, laku tanpa ngèlmu, namung manawi dipun manah, ngèlmu tanpa laku tuwin laku tanpa ngèlmu punika atêgês botên wontên punapa-punapanipun, sami kemawon kalihan botên anggadhahi punapa-punapa. Wontên pamarêmipun sakêdhik, tiyang sugih ngèlmu tuwin ahli laku, punika adhakan angsal pangalêmbananing liyan. Ingkang angsal pangalêm inggih sampun marêm.

Măngka manawi ngèngêti tiyang kanggenan ngèlmu, punika pinanggih warni kalih, inggih punika ahli ngèlmu tuwin pangawak ngèlmu. Gêgambaranipun makatên :

Tiyang ahli ngèlmu sumêrêp dhatêng pathokan lêrês lêpat, upaminipun: tiyang gadhah pakarêman punika awon, pakarêman makatên warni-warni, kados ta dhatêng têtêdhan, dhatêng kasênêngan, dhatêng ngraosi awon dhatêng liyan tuwin sanès-sanèsipun. Punika tumrap para ahli ngèlmu taksih purun narajang, amargi sumêrêp watês-watêsipun, upami gadhah pakarêman, lajêng sagêd nipisakên, upami nyantên awon, nganggêp manawi ingkang dipun cantên punika awonipun, sadaya mawi waton, sanadyan ing wingking kalajêng dados kandêl malih, inggih dipun tipisakên, punika nama ahli dhatêng ngèlmu.

Dene tumrap tiyang ingkang pangawak ngèlmu, punika ingkang nama sampun anglênggahi dhatêng ngèlmunipun, manawi sampun sumêrêp dados awisan, prêlunipun dipun trajang punapa, awit unggul-ungguling drajatipun tiyang rêmên nyantên awon dhatêng tiyang, nanadyan[1] mawi wêwaton, taksih luhur ingkang botên nyantên.

Sadaya wau taksih grobohan, awit babagan ngèlmu punika tansah minggah-minggah, nanging manawi ngèngêti andharan wau, sanadyan botên damêl pamarêm, ugi sampun dados sela pangleleran.

Cêkruktruna.

--- 1574 ---

Nusa Kambangan

Ing sakidulipun Cilacap, wontên pulo ingkang wujudipun kadosdene dados aling-alinging nagari, mila sanadyan Cilacap punika nagari ngongkang sagantên, nanging botên kêtênggêl ing angin tuwin katêmpuh ing agênging ombakipun sagantên kidul. Pulo wau nama Nusa Kambangan, ingkang têgêsipun pulo kumambang. Mirid namaning pulo wau, inggih mèmpêr saupami dipun wastanana makatên, amargi prênahing pulo wau cakêt kalihan pulo Jawi, ingkang sakalangkung agêng. Nanging wantunipun cêlak sagantên agêng, manawi dalu suwaraning ombak kamirêngan kumrasak tanpa kêndhat, sagêd adamêl gawokipun tiyang ingkang nêmbe mirêng.

[Grafik]

Wêkasaning Nusa Kambangan ing sisih wetan, katingal lowah kadosdene dados lawanging palabuhan ing Cilacap. Ing sajawining pongol punika katingal têbaning sagantên ingkang ngêlangut tanpa têpi. Kaprênah pongoling pulo iring lèr wetan, wontên rêdinipun alit nama Cimiring, ing rêdi wau dipun êdêgi manara dilah kangge ancêr-ancêripun lampah layaran, wujudipun angegla, pantês saupami kapindhakna ngawe-awe têdah margi. Ragi kaprênah kilènipun sakêdhik, wontên panggenan nama Karangbolong (sanès Karangbolong Kêbumèn), ing ngriku kathah pêksinipun sandawa ingkang nusuh wontên ing curi-curi ingkang ngongkang sagantên, susuh wau kenging dipun alap tuwin dados padagangan agêng.

Ujuring Nusa Kambangan punika mangilèn, wêkasanipun kilèn sampun tapêl watês kalihan tanah Pasundhan. Inggih punika ing Pangandharan, saking Pangandharan ngriku wontên marginipun sêpur dhatêng Banjar nglangkungi Kali Pucang, malah namaning margi sêpur wau karan Banjar - Kali Pucang.

Mirid kawontênan punika, ing ngriku ugi wontên sêsambêtaning lampah mêdal saking Cilacap dhatêng Kali Pucang, malah ugi kapetang lampah layaran ingkang lumintu.

Ing kala taksih rêja-rêjaning jaman, palabuhan ing Cilacap punika kapetang agêng, amargi papanipun sakeca, labuhing kapal sagêd mèpèt, sagantênipun antêng, sagêd gathuk kalihan margi sêpur. Saupami kasêmbadana, palabuhan Cilacap badhe dados agêng yêktos, nanging jalaran dipun sulayani ing jaman, palabuhanipun kenging dipun wastani mèh pêjah. Ing sapunika bribik-bribik palabuhan [pa...]

--- 1575 ---

[...labuhan] ing Cilacap wiwit gêsang malih, sagêd ugi badhe kalampahan dados agêng kados pangajêng-ajêngipun ing ngajêng.

Miturut cêcariyosan, Nusa Kambangan punika sampun dados ucap wiwit kala ing jaman purwa, inggih punika kala icaling Sêkar Wijayakusuma ingkang dipun bucal dening nata ing Dwarawati, dhawah wontên ing Nusa Kambangan, lajêng gêsang tuwuh wontên ing pulo ngriku, ing salajêngipun dados babad ingkang gêgayutan kalihan nata ingkang jumênêng ing tanah Jawi.

Sasampunipun punika kocap wontên ing cêcariyosan jaman madya, inggih punika jamanipun Prabu Aji Pamasa nata ing Pêngging Witaradya, ing Nusa Kambangan ngriku wontên ingkang jumênêng nata pandhita, nama Rêsi Kano, raja pandhita wau mêngsahan kalihan nata ing Witawadya,[2] wêkasanipun kasoran.

Ingkang kacariyos ing Sêrat Kamandaka, kala ing jaman Pajajaran, ing Nusa Kambangan wontên ingkang madêg adipati, nama Pulebahas. Adipati ing Nusa Kambangan wau kasmaran putrinipun adipati ing Pasir Luhur, ing sapunika bawah Purwakêrta. Ingkang wuragil, nama Dèwi Ciptarasa. Adipati Nusa Kambangan lajêng nglamar dhatêng Pasir Luhur.

Adipati Pasir Luhur lajêng naros putra sang dèwi, Dèwi Ciptarasa sakalangkung lumuh, botên nêdya krama. Nanging ugi lajêng miturut awit saking pakèning lutung ingah-ingahanipun sang dèwi, ingkang sajatosipun malihanipun Radèn Kamandaka, sarana gadhah panuwun patah putri kawan dasa, lawon sèwu kodhi, tuwin panggihing pangantèn wontên margi.

Panyuwunipun Dèwi Ciptarasa dipun sanggêmi dening adipati ing Nusa Kambangan, saha kalampahan sagêd pêpanggihan wontên ing margi. Ing ngriku Adipati Pulebahas sumêrêp sang putri tansah nganthi kêkasihipun lutung, ing sêmu Adipati Pulebahas botên rêna. Sarêng Adipati Pulebahas badhe mondhong sang putri lajêng dipun kêrêg dening lutung, dados pêrang, wusana Adipati Pulebahas dumugi ing tiwas.

[Grafik]

Ing ngriku anjalari dukanipun Adipati Pasir Luhur, lutung badhe dipun pêjahi, wusana sang putri sajarwa bilih punika sajatosipun Radèn Kamandaka, putra nata Pajajaran, malah lajêng kadhaupakên.

Sêrat Kamandaka punika kawêdalakên dening Bale Pustaka, cariyosipun langkung nêngsêmakên, wontên tigang jilid, sajilid rêgi f 0.30.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 1576 ---

Kawruh Sawatawis

Dhialèkipun Tiyang Pathi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 98

S. Arêp mulih : P. Arêp goyang

S. Anjupuk cangkir : P. Anjupuk cingkir

S. Ditukokake sêga : P. Ditukokna sêga

S. Aku tukokna sêga : P. Aku tukokake sêga

S. Kula badhe adus. : P. Kula badhe siram.

S. Nuntun kapal. : P. Nuntun kuda.

S. Anak ayam nama kuthuk. : P. Lare ayam nama kuthuk

S. Kula punika anakipun Pak Pawira : P. Kula punika larenipun Pak Pawira

S. Punggawa desa. : P. Sarekat.

S. Lagi nyambut gawe. : P. Lagi mêrgawe.

S. Ayo wedangan. : P. Ayo medang.

S. Jajan sate. : P. Anjajan sate.

S. Sampirna ing rana. : P. Sampirake ing sêkèsêl.

S. Botên limrah. : P. Botên limprah.

S. Badhe mlampah-mlampah. : P. Badhe mamplah-mamplah.

S. Dinuduk (calik) : P. Dibajag.

S. Kowe apa bisa. : P. Kowe bisa, ah.

S. Kêcêgur sagara. : P. Kêcêgur mênyang ênggone sagara.

S. Ana Surabaya. : P. Mênyang ênggone Surabaya.

S. Sidin durung têtak. : P. Sidin durung sunat.

S. Wêngku sabak. : P. Bênthung sabak.

S. Aras-arasên. : P. Kêrasa-rasa.

S. Ing buri omah. : P. Lurung.

S. Aja liwat ing jêblogan. : P. Aja liwat ing pênthongan.

S. Sadasa bêngkak. : P. Wilah sabêngkêk.

S. Amburu maling. : P. Anggudag maling.

S. Mung dikêthoki bae. : P. Mung dikêthoki sarasan.

S. Mung sêga thok. : P. Mung sêga sarasan.

S. Wadhah kinang. : P. Kothak.

S. Anggantèn. : P. Mucang.

S. Ngeyub. : P. Ngaub.

S. Klambi potong Cina. : P. Jowak.

S. Gêndhon : P. Gêndhu.

S. Dèrèng sumêrêp. : P. Dèrèng ninga.

S. Rak ya ngono ta. : P. Rak ya ngono ah.

S. Ayo ta. : P. Ayo èh.

S. Êndhog cêcak. : P. Êndhog cêcêk.

S. Têkèk muni. : P. Têkêk muni.

S. Jupuk. : P. Thil.

S. Jupukên : P. Thilah.

S. Jupukên ta jupukên : P. Thilah thil

--- 1577 ---

[Grafik]

S. Gêlêm apa ora. : P. Gêlêm tah ora.

S. Mreneya, ta. : P. Mrene, ga.

S. Panjênêngane lurah. : P. Lêm lurah.

S. Cênggèrèng. : P. Rêmpèyèk.

S. Gêmbukan. : P. Golang-galing.

S. Wis wayahe ngrêmbang. : P. Wis wayahe nêbang.

S. Kumênthus (gumêdhe) : P. Mêndele.

S. Tuku rèk. : P. Tuku rèt.

Sapunika para maos manawi mirêng tiyang ginêman kados ing ngandhap punika mêsthi ngrêtos kajêngipun:

Aku ora ngalong cik lah, mung arêp buwuh sarasan, awakku lagi kêrasa-rasa.

Niki karase sintên, têka cèngèhe bêrah têmên, lah niku èntên pêthête barang, sing sêta sintên.

Dhèk aku arêp goyang, mênyang ênggone dalan kêtudhuk wong nyangking dhunak sarasan, barêng dak êlokna mlayu, darungan dak gudak, kêcandhak mênyang ênggone pênthongan wetan ika.

Dumugi samantên katrangan kula, mugi sagêda dados wêwahing sêsêrêpan.

Darma Cahyana.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka.

Benjing-enjing dintên Ngahad sontên tanggal 12 Dhesèmbêr 1937, wanci jam ½ 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Kesusastraan. Ingkang mêdhar sabda tuwan St. Takdir Alisjahbana.

--- 1578 ---

Bab Kasarasan

Pagêblug sêsakit ingkang nular

Sambêtipun Kajawèn nomêr 98

Sêsakit cacar punika nularipun saking tiyang ingkang sakit dhatêng lare utawi dhatêng tiyang ingkang saras gêpokan rêrêgêdipun tiyang ingkang sakit utawi mayitipun tiyang ingkang pêjah jalaran sakit cacar wau.

Tiyang saras manggèn ing sênthong utawi patilêmanipun tiyang ingkang sakit cacar, sasampunipun kêtularan tiyang wau ing salêbêtipun 9-14 dintên dèrèng katingal sêsakitipun, nanging yèn sampun ngancik 10-15 dintên sêsakitipun nêmbe thukul. Upami tiyang ingkang katularan sêsakit cacar wau ing salêbêtipun 7-8 dintên kêkesahan, wasana ing sanès dintên wontên ing purug sêsakitipun thukul, punika inggih lajêng dados winih (bibit) sêsakit cacar, têtiyang ing ngriku sagêd katularan saha sagêd nukulakên pagêblug sêsakit cacar.

Dabagên, thukulipun kadosdene cacar sarta panularipun sagêd ugi saking rêrêgêdipun ingkang sakit ingkang mêdal saking cangkêm utawi irung.

Sêsakit influenza thukulipun jalaran saking hawa ingkang sampun ngandhut wisanipun influenza, nanging ingkang limrah inggih saking gêpokan utawi sêsrawunganipun tiyang saras kalihan ingkang sakit.

Milanipun ing taun 1918–1919 mèh radin sadonya wontên pagêblug influenza awit ing wêkdal samantên ing hawa sadonya mèh radin sami ngandhut wisaning influenza.

Sêsakit t.b.c. nularipun jalaran:

1. Tiyang ingkang saras sêsrawungan kalihan tiyang ingkang sakit utawi tiyang saras nalika ambêgan kalêbêtan hawa rêgêd (blêdug) ingkang ngandhut baksil t.b.c.

2. Lan wontên ugi tiyang saras ingkang manggèn ing sênthong utawi patilêman ingkang tilas dipun ênggèni tiyang sakit t.b.c.

3. Tiyang saras ngangge wadhah têtêdhan utawi wadhah ombèn-ombèn (piring, cangkir, gêlas, sendhok, porok) ingkang rêgêd sampun katularan baksil t.b.c.

4. Tiyang sakit t.b.c. ingkang taksih ganggas kêkesahan dhatêng pundi-pundi mawi kèndêl sarta mondhok, sêsrawungan kalihan têtiyang ing ngriku, sanajan têtiyang ing ngriku dèrèng nate utawi awis sangêt sêsrawungan kalihan tiyang ingkang sakit t.b.c., tiyang ingkang sakit t.b.c. wontênipun ing panggenan ngriku dados bibit sarta sagêd nukulakên pagêblug t.b.c. ugi.

Sêsakit malaria sagêd thukul dadakan, jalaran tiyang ingkang sampun ngandhut baksil malaria, ing wêkdal badanipun kêsuh amargi saking nyambut damêl awrat, utawi kajawahan saha masuk angin utawi sabab sanès-sanèsipun, baksil malaria lajêng kadosdene dipun gugah, tiyangipun kraos sakit bêntèr (kumat).

Sarêng wanci dalu tiyang ingkang sakit wau dipun cakot lêmut malaria mawi nêdha utawi nyêrot êrahing tiyang ingkang ngandhut baksil malaria wau, samăngsa [sa...]

--- 1579 ---

[...măngsa] lêmut punika nyakot tiyang sanès ingkang saras, tiyang punika inggih lajêng sagêd katularan sêsakit malaria. Yèn ing wêkdal punika pinuju kathah lêmut malaria ingkang nyakot tiyang ing ngriku inggih lajêng kathah tiyang ingkang kataman sêsakit malaria, salajêngipun sagêd nukulakên pagêblug malaria.

[Grafik]

Kajawi makatên tiyang ingkang sampun ngandhut baksil malaria, nanging botên karaos, samăngsa pindhah utawi kesah dhatêng sanès panggenan, ugi asring sagêd kumat sarta thukul bêntèripun.

Sêsakit diphtheritis punika sêsakit ingkang ambêbayani, limrahipun ingkang katrajang lare alit ingkang taksih nêsêp, ngantos dumugi lare ingkang sampun lumêbêt ing pamulangan, malah kadhangkawis lare ingkang sampun agêng utawi diwasa utawi tiyang sêpuh sagêd ugi katularan, kataman sêsakit diphtheritis, kadosdene sêsakit dabagên kinkhoest, influenza makatên, thukulipun diphtheritis ingkang limrah ing panggenan pakêmpalanipun lare kathah, ing pamulangan, ing langgar panggenan lare-lare ngaos kitab Kuran (ngaji), samăngsa ing ngriku wontên satunggil kalih lare ingkang sakit makatên, lajêng nulari lare-lare ingkang saras.

Lare ingkang pancèn sampun katularan sêsakit wau botên dangu lajêng sakit bêntèr awotak-watuk, trêkadhang watukipun botên sapintêna utawi babarpisan botên watuk, nanging ing lak-lakan katingal abrit ambranang kanthi blêntong-blêntong pêthak, ing ngandhap [ngandha...]

--- 1580 ---

[...p] wang kiwa utawi têngên utawi kalih pisan sami mrongkol (klanjêrên) ing sadintên kalih dintên ingkang blêntong-blêntong pêthak wau wêwah ambalèbèr ngantos sagêd radin ing lak-lakan dumugi ing nglêbêt wingking irung êmblèg-êmblegan. Lare ingkang sakit wau angèl ambêganipun, sêsêg rêkaos, manawi sampun kasèp makatên punika, lare inggih botên ngukup. Trêkadhang kabujêng dening dhoktêr, gurung ing sangandhapipun kalamênjing dipun bolongi dipun lêbêti pipa, lare lajêng sagêd ambêgan sawatawis lêga, nanging lajêng sêsêg malih, awit limrahipun gurung ing sangandhapipun kalamênjing sampun kabunton êmblèg-êmblegan pêthak wau.

Manawi sawêg katawis utawi thukul sêsakitipun, dipun suntik serêm diphtherieen sapisan kaping kalih 99% mêsthi sagêd saras blas.

Upami dhoktêr ingkang anggarap tiyang ingkang sakit wau nimbang prêlu rêrêgêdipun saking lak-lakan kêdah dipun priksakakên ing Laboratorium inggih prayogi, nanging sadèrèngipun nampi kabar katêtêpan diphtherie utawi sanès saking Laboratorium, ingkang sakit kêdah dipun suntik sèrêm diphtherie rumiyin, awit manawi diphtherie wau pinuju ingkang kêras lan mandi, ambêbayani, namung jam-jaman kemawon sêsakitipun sampun sagêd majêng sangêt, manawi tanpa jampi suntikan serum, namanipun inggih kirang ihtiyar ing salêrêsipun, dados kasèp lan ambêbayani utawi aniwasi.

Upami sêsakitipun manut papriksan Laboratorium sanès diphtherie punika botên dados punapa, awit suntikan sèrêm diphtherie punika tumrap tiyang utawi lare badanipun malah sagêd kalis sêsakit diphtherie wau. Mila yèn ing satunggiling panggenan wontên pagêblug sêsakit diphtherie, prêlu lare-lare dipun suntik sèrêm diphtherie minăngka panulak utawi panyêgahipun sêsakit punika.

Kinkhoest sêsakit punika thukulipun ingkang adhakan inggih saking lare ing pamulangan, lare ingkang sakit sawatawis watukipun nulari kancanipun ingkang cakêt linggih, utawi anggènipun dolanan gêpokan lare ingkang saras lajêng sagêd sakit watuk kinkhoest punika. Lare ingkang sampun sangêt anggènipun watuk, anggigil, mripat kalih pisan mêndul abrit, samăngsa sampun nuntak têtêdhan ingkang wontên ing wadhuk (maag) katut mêdal, lajêng kèndêl, mêndha sawatawis kintên ¼ dumugi ½ jam, trêkadhang namung 10 mênit utawi ¼ jam sampun wiwit watuk anggigil malih, wêkdal kumat watukipun wau rainipun lare ingkang sakit punika katingal pucêt biru, mripat mêndul abrit, ngêdalakên êluh, mêmêlas sangêt, yèn sampun nuntak katingal lêga malih.

Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

Wara-wara

Administrasi tuwin redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun dhatêng para ingkang sami kintun sêrat tuwin karcis ing dintên Ariadi.

Botên langkung namung sami puji-pinuji, sami linulusna ing sadayanipun.

Adm. tuwin Red. Kajawèn.

--- 1581 ---

Wara-wara

Gêgayutan kalihan badhe wontênipun bêbingah, kasêbut ing Wara-wara Kajawèn nomêr 90 tuwin 96, administrasi ngaturi uninga, bilih sawatawis dintên êngkas, blangko pos wisêl badhe tumuntên kakintunakên. Ingkang dipun kintuni blangko pos wisêl wau, sadaya lêngganan ingkang dèrèng nyêkapi pambayaranipun tumrap kuwartal I ing ngajêng punika. Dados ingkang botên dipun kintuni, namung para ingkang sampun lunas pambayaripun.

Kajawi saking punika, bab pangintuning blangko wau botên badhe ngangge ampêlop kados adat, nanging badhe dipun sêsêlakên ing salêbêting Kajawèn.

Murih botên adamêl kalêpatan, mugi para ingkang badhe mangsulakên bêlangko wau, kêparênga nyêrat asma, utawi nomêring lênggananipun ingkang ... cêtha sangêt.

Wasana pangajêng-ajêngipun administrasi, mugi-mugi panjênêngan sadaya sagêd angsal bêbingah ingkang èdi sarta pèni punika.

Sunglon Miami, Florida.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar sêsawêngan ing pinggir Sunglon Miami, Florida (Amerikah Sarekat), kapal-kapal ingkang kacêtha punika ingkang kathah kangge lêlayaran suka-suka. [suka-...]

--- 1582 ---

[...suka.]

Cariyos Kina

Sajarah dhatêng Pasareanipun Kyai Agêng Ngliman (Liman)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 98

Lumajêngipun Sèh Maolana Magribi, punika lajêng sowang-sowangan kalihan sêkabatipun kêkalih. Sèh Maolana Magribi lumajêng ngalèr ngetan, sêkabat kêkalih mangilèn, têrus kaoyak dening wadyabala Kêdhiri. Lampahipun sêkabat kêkalih wau anusup-nusup wana, wusana dumugi ing dhusun Tiripan lan Cêmara Sèwu, sêkabat wau ical botên kantênan. Kakintên dening wadya ingkang ngoyak sêkabat kêkalih wau kêglundhung ing jurang. Wadyabala lajêng ngunjuki wuninga dhumatêng sang prabu, bilih sêkabat kêkalih punika sampun pêjah. Sang prabu botên pitados dhatêng aturipun wadyabala, tumuntên kadhawuhan têrus madosi ngantos sagêd kacêpêng, saha paring dhawuh bilih sangandhaping rêdi Pandhan, Liman lan Wilis, supados katanêman trucuking ri kêmarung sarta randhu wana. (Dumugi sapriki wit randhu dalah ri kêmarung wau taksih wontên tilasipun).

Sarêng sêkabat kêkalih wau dumugi ing Liman, mangrêtos bilih piyambakipun dipun kêpang ing wadyabala Majapait, lajêng botên purun wangsul mandhap mangetan utawi mangalèr, nêdya têrus mangilèn botên sagêd, jalaran sakilèning rêdi jurang ingkang sakalangkung lêbêt, sakidulipun rêdi sagantên kidul. Sarêng sêkabat kêkalih wau katêlasan akal, wusana nêdya dhêdhêkah ing dhusun Liman kasêbut nginggil, sarana nglampahi tapa (pati raga). Malah cêkakaning dongèng, wontên ingkang nyariyosakên sêkabat kêkalih wau inggih punika Sunan Kalijaga kalihan Sunan Bênawa. Punika lêpat.

Mangsuli andharan ing ngajêng, sarêng wangsulipun têtiyang dumugi ing griyanipun kêplaa dhusun kasêbut nginggil, sasampunipun sami nêdha tuwuk, lajêng kapurih tilêman. Sawênèh wontên para wanita ingkang dipun purih lêlêjar panggalih dhatêng pakêbonanipun kêpala dhusun wau. Ing kêbon ngriku kathah wit-witanipun, kados ta: jêram warni-warni, năngka, durèn, rambutan, manggis, blimbing lan sanès-sanèsipun malih.

Rèhning kala samantên kănca èstri tumut, kula lajêng tumut ngêtutakên lampahing para wanita wau, dados kula sumêrêp cêtha mênggah kawontênanipun kêbon punika. Nanging tumrapipun tiyang jalêr sanèsipun botên kakengingakên lumêbêt dhatêng pakêbonan ngriku, kuwatos bilih kêbon lajêng risak.

Sabên bibar nêdha, kêpala dhusun lajêng omong-omongan, saha nyukani sumêrêp dhatêng têtiyang sintên ingkang botên kêsayahên, kenging nêrusakên lampah dhatêng pasujarahan: Si Dhudha. Dene kawontênanipun Si Dhudha wau katranganipun kados ing ngandhap punika.

Saking dhusun Ngliman kula kalihan kănca tiyang 6 sami minggah têrus dhatêng pucaking rêdi Ngliman, urutipun rêdi Wilis, têbihipun saking dhusun Ngliman watawis 3 km. minggah dêdêl sarta mayat. Rèhning parêdèn, dados inggih susah sangêt yèn badhe ngupados margi ingkang gampil, dados ingkang sami.

--- 1583 ---

kula ambah inggih sarwa rumpil, nusup-nusup êri lan ngambah grumbulan. Saking adrênging sêdya, mêksa sami kula lampahi, wilujêng botên kirang satunggal punapa ngantos dumugi ing Si Dhudha, nanging sami sangêt ing sayahipun.

[Grafik]

Ing Si Dhudha ngriku wontên toyanipun pancuran (waterval) ingkang dhawah saking pucak rêdi lêrês, watawis 60 m. inggilipun. Toyanipun asrêp sangêt, têtingalan asri, botên anguciwani. Dhawahing toya wau dhatêng satunggiling sêndhang ingkang wiyaripun kirang langkung 40 m. Ing ngriku kadamêl pasiraman dening têtiyang ingkang sami sujarah, saking pasiraman ngriku minggah dhatêng tuking toya sagêd nyumêrêpi sagantên kidul, inggih punika sagantên ing Pacitan, Popoh lan Parigi. Dados têtela sangêt bilih rêdi punika tapêl watês paresidhenan Kêdhiri lan Madiun ingkang sisih kidul wetan, sêndhang kasêbut nginggil wau dipun kubêngi patamanan ingkang sarana rinêngga ing sêsêkaran măncawarni, endahing sêsawangan botên sagêd kaandharakên ing ngriki, para maos sagêd nyatakakên mriksani piyambak. Nanging kula aturi priksa rumiyin, bilih margi saking Ngliman dhatêng Si Dhudha punika sangêt rumpilipun, minggah jurang mandhap jurang ingkang lêbêt sangêt. Kula pitados bilih para wanita botên badhe sagêd dumugi. Lampahipun botên sagêd sadintên wongsal-wangsul. Nalika samantên kula bidhal saking Ngliman jam 9 enjing dumugi Si Dhudha jam 1 siyang. Wangsul saking Si Duda[3] jam 3 siyang dumugi Ngliman jam 7 dalu, dados langkung rêndhêt wangsulipun, amargi kêdah ngatos-atos lampahipun, lan sakêdhap-sakêdhap amonga-mangu, prêlu ngupados margi ingkang ragi gampil.

Sanalika lampah kula sakănca dumugi ing Si Dhudha, para kănca botên purun wangsul, nêdya badhe nyipêng sadalu wontên ing ngriku, nanging kula botên purun, jalaran ajrih bab sato wana. Dados inggih sami tumut wangsul mantuk dhatêng Ngliman malih.

Ing pasiraman ngriku kula sami lesehan wontên ing gubug minăngka ngaso sawatawis, hawanipun asrêp sangêt, nêdha eca, tilêm sakeca, amila saking punika para kănca nêdya sipêng. Kula sakănca sami sangu têtêdhan cêkap, kapikul dening tiyang satunggal ngiras pitêdah margi.

Badhe kasambêtan.

R. Sumarya

--- 1584 ---

Gambar Wontên Ing Kaca, Tuwin Pratikêlipun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 94

Mangsi ingkang prayogi piyambak kangge anggambar wontên ing kaca punika: bak (Oost-Indische Inkt), sagêd mundhut ing sabên toko Tionghwa, wujudipun bak punika cêmêng anggalês, wangunipun warni-warni, wontên ingkang gilig panjang, wontên ingkang pêsagi gèpèng, satunggal lonjor rêgi 15-30 sèn.

Patrapipun:

Amundhuta cangkir, lajêng kakurêbna, prênahing lêgokan (silitipun cangkir) katètèsana toya 5-7 tètès, sasampunipun bak lajêng kagosok-gosokna, sampun kèndêl manawi lunturaning bak dèrèng katawis kênthêl.

Pèn ingkang prayogi kangge anggambar wontên ing kaca punika pèn krun (kroonpen) utawi pèn gambaran (teekenpen).

Samangke lajêng sampun sagêd miwiti anggambar.

Pola kabèbèra ing lamak, lajêng katumpangana kaca (lumahing kaca ingkang sampun kagosok mawi wêdhak wontên ing nginggil = ingkang badhe kacorèk).

Kaca lajêng kacorekan miturut pola ing ngandhapipun, mawi bak kasêtut[4] ing ngajêng. Bilih ilining bak saking ing pèn botên sagêd gilig sae, punika tăndha bilih kirang kênthêlipun, inggih lajêng kagosok-gosokna malih. Manawi babarpisan botên purun mili, punika jalaran saking kêkênthêlên, prayogi lajêng kawêwahana toya 1-2 tètès malih.

Bok bilih wontên kalintunipun corekan, utawi wontên jalèmbrètipun, sampun kasêsa dipun êlap, awit manawi kasêsa dipun êlap adhakanipun malah lajêng saya rêgêd, ambibrahakên ingkang lêrês. Prayogi kakèndêlakên kemawon, ngêntosi garingipun sinambi nglajêngakên sanèsipun, bilih sampun garing lajêng kenging kakêrik mawi lading ingkang lancip, têmtu lajêng ical tur botên wontên tabêtipun.

Bilih panyorèking pola sampun rampung, kaca kapundhuta, kapriksanana ing suwalikipun, ing ngriku tamtu lajêng sagêd priksa pundi ingkang kalintu, utawi ingkang kirang sae lajêng sagêd angewahi sarana dipun kêrik kados kasêbut ing ngajêng.

Samangke lajêng sampun sagêd andhasari, inggih punika cara tiyang nyêrat (ambathik) nembok.

Ingkang kangge nembok, cèt, kenging ngagêm cèt umplungan alit-alit, ingkang rêgi 6 senan.

Mênggah pamilihing warni (kleur) ingkang kagêm dhasar punika manasuka, sakaparêngipun ingkang badhe ngagêm. Ananging ing sarèhning plat asma utawi ungêl-ungêlan punika ingkang dipun purih cêthanipun, dados sasagêd-sagêd inggih amiliha dhasar ingkang botên badhe jumbuh akalihan aksaranipun, ugi kajagia supados abêning warni sampun ngantos anjuwarèhi utawi anyakitakên dhatêng paningal.

Ingkang sae tuwin umum, dhasar cêmêng utawi biru, aksaranipun bron (brons) jêne.

--- 1585 ---

Bab angêbron

Bron ingkang mirah tur sae kagêm wontên ing kaca inggih punika bron ingkang dipun wadhahi ing dhus abrit, wêdalan Lindeteves aciri êndhasing maesa, rêgi 10 - 12½ sèn.

Ing salêbêting dhus sampun dipun kanthèni kuwas dalah lisahipun pisan.

Angabênana bubukanipun bron kalihan lisahipun, kaangkaha sampun cuwèr-cuwèr, kapara ingkang ragi kênthêl, sasampunipun kaudhêg waradin, kuwas kacêlupna, lajêng kaosèrakên ing panggenan kaca ingkang prêlu dipun êbron.

Pèngêt:: botên kenging dipun wangsuli, têgêsipun, panguwasipun sampun ngantos wongsal-wangsul, manawi dipun wangsuli ing panguwasipun, bron tamtu lajêng botên sagêd sae (gilap) malah lajêng dados cêmêng.

Bilih sampun rampung, kaca kakèndêlna kemawon, sampun dipun irang-iringakên, awit manawi dipun irang-iringakên, bron ingkang taksih têlês lajêng andèlèwèr, andadosakên awonipun.

Pèngêt: sadaya gambaran wontên ing kaca garingipun botên kenging dipun sêngkakakên sarana dipun pe, kapanggang, tuwin sanèsipun, garingipun kêdah tumindak saking kajêngipun piyambak.

Manawi sampun garing saèstu, lajêng kapasanga wontên ing pigurah kajêng, ingkang wangun sigar pênjalin, lajêng kenging kapasang.

Wontên rekadaya malih, inggih punika dipun tèmplèki mawi dêlancang grènjèng (zilverpapier) ingkang kangge buntêl sês Mascot tèh Goalpara tuwin sapanunggilanipun.

Patrapipun:

Sasampunipun dipun dhasari (dipun tembok) lan sasampunipun garing saèstu, nuntên amundhuta dêlancang grènjèng kasêbut ing ngajêng.

Grènjèng murih sagêd katingal sae, karêmêta rumiyin, lajêng dipun bèbèra malih (nanging ingkang ngatos-atos sampun ngantos suwèk), lajêng dipun tèmplèkakên ing kaca, kalêrês ing kalowonganing aksara (minăngka lintunipun bron kasêbut ing ngajêng).

Manawi pamasangipun sae, dadosipun lajêng pating krêlip amenginakên. Ing salaminipun ugi botên badhe malih.

Bilih wontên ingkang ngarsakakên mawi dipun sêkari utawi dipun lis ing pinggiranipun ugi langkung prayogi, sok ugi kaangkaha murih lêmês tuwin saenipun.

Ringgit

Panggambaring ringgit wontên ing kaca punika mênggahing bab patrap-patrapipun sami kemawon kalayan andamêl plat asma kasêbut ing ngajêng, namung kaot ragi angèl sawatawis.

Pola sasagêd-sagêd kadamêla ingkang sae tuwin ingkang cêtha, sadaya garis-garis kêdah gêsang, jêr benjing dadosipun wontên ing kaca awon saening siku gumantung wontên awon saening polanipun.

Badhe kasambêtan

R. Sutana

--- 1586 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Sêsakit rajakaya ing paresidhenan Madiun ngrêbda. Ing bawah Ngawi tuwuh sêsakit rajakaya mond en klauwzeer. Ing sapunika sêsakit wau sampun tumular dhatêng saindêngipun paresidhenan Madiun. Ingkang wajib nindakakên rêrigên sapêrlunipun.

Kalawarti Pangrewong. Ing Tasikmalaya wontên kalawarti enggal nama Pangrêwong, mêdal saminggu sapisan, dipun pandhegani dening tuwan J. Tan kanthi redacteur sanès-sanèsipun. Basanipun kalawarti wau Sunda tuwin Mêlayu.

Lêbêt wêdaling barang ing tanah Sabrang. Miturut cathêtan saking Centraal Kantoor voor de Statistiek, lêbêting barang ing tanah Sabrang ing salêbêtipun wulan October kêpêngkêr wontên 94.000 ton, rêrêgèn f 16.800.000,- ingkang mêdal 705.800 ton, rêrêgèn f 54.800.000,-. Tinimbang wulan October taun kêpêngkêr, kathah sapunika.

Urunan tumrap kuburanipun J.P. Coen. Miturut wartos wontên kintunan arta kathahipun f 1300.- saking Sêmarang, tumanja urunan tumrap kuburan J.P. Coen.

Momotan kathah ing Cilacap. Kapal Blitar ingkang nuju labuh wontên ing Cilacap wawrat 6000 ton. Momotan samantên punika kapetang ingkang kathah piyambak ing salêbêting taun-taun ngrêkaos punika.

Ngagêngakên palabuhan. K.P.M. gadhah sêdya badhe ngagêngakên palabuhan ing Bêlawan, nyambêti palabuhan ingkang sampun. Manawi kêlampahan panjanging palabuhan ingriku badhe mindhak pintên-pintên atus mètêr.

Tuwan Aw Boon Par dhatêng Bêtawi. Tuwan Aw Boon Par sadhèrèkipun tuwan Aw Boon Hwa, bangsa Tionghwa ingkang gadhah pabrik lisah cap Macan dhatêng ing Bêtawi. Tuwan wau agêng darmanipun tumrap dhatêng bangsa Tionghwa ingriki, kadosta andamêlakên pavilyun griya sakit Yang Seng Ie.

Beya lêbêt wêdaling barang. Miturut petangan wontênipun beya lêbêt wêdaling barang ing palabuhan Tanjung Priok ing taun punika mèh sami kalihan beya kala ing taun 1929. Kala taun 1929 pabeyan nampèni arta beya 158 yuta rupiyah, makatên ugi ing taun punika.

Racun jamur ing Cilacap. Kawartosakên, ing dhusun Cijêruk, Dayeuhluhur, Majênang, kabupatèn Cilacap, kathah tiyang nanêm jamur ingkang pinanggih mawa racun adamêl sakiting tiyang 9, ingkang 7 kêlajêng tiwas, ingkang 2 lajêng dipun suntik, nanging sarêng sadintên sadalu ugi lajêng tiwas.

NAGARI WALANDI

[Grafik]

Karisakaning auto titihandalêm Prins Bernhard. Kados ingkang sampun kawartosakên Kajawèn kêpêngkêr, nêmbe2 punika Paduka Prins Bernhard manggih kasangsaran jalaran nitih auto tumbukan kalihan auto momotan. Inginggil punika ngêwrat gambar auto titihandalêm Prins Bernhard ingkang karisakan.

--- 1587 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya

32

Dêdongenganipun Ilya mêmêngsahan kalihan Idholice.

Ara-ara ing praja Ruslan punika wiwit kina-makina ngantos dumuginipun samangke, mila misuwur mênggahing jêmbar punapadene asrinipun. Wontênipun ara-ara wau, saking jêmbaripun ngantos kenging kasamèkakên kalihan jêmbaring samodra jinêm. Ara-ara ing Ruslan dipun wastani asri, langkung malih manawi nuju măngsa bêntèr, mila inggih nyata, awit ing kala sunaring surya amadhangi ing ara-ara, ing ngriku katingal abyoring sêsêkaran ingkang manekawarni. Kajawi punika ing pasukêtan ingkang inggil-inggil kathah kutu-kutu walang-ataga warni-warni, ingkang suwaranipun adamêl sêngsêming pamirêngan. Mila inggih kapara nyata, kawontênanipun ara-ara ing Ruslan sayêktos sakalangkung asri. Ewasamantên asrining ara-ara wau botên paja-paja anyamèni kados ing jaman kinanipun, nalika ing ngriku dèrèng kaambah ing waluku utawi garu, punapadene nalika sukêt ing ngriku dèrèng katrajang ing arit.

Ing satunggiling dintên, Ilya numpak kapalipun ingkang kiyat, mubêng-mubêng ing ara-ara ngriku, mulat mangiwa manêngên. Mripatipun ingkang sakalangkung waspada, tansah mawas dhatêng katêbihan, bokmanawi wontên garombolaning tiyang awon ingkang sok asring damêl rêrêsah ing padhusunan, ananging botên nate sagêd kacêpêng dening rikating kapal ingkang sami dipun tumpaki. Mênggah tiyang ingkang anggadhahi tindak awon makatên wau, sajatosipun inggih bangsaning prajurit ingkang kêndêl tuwin prawira, nanging ingkang minăngka kangge panggêsanganipun botên sanès, kajawi ambegal, ngècu tuwin ngoyok kemawon. Ing batos, Ilya kêpengin sangêt pinanggih kalihan prajurit ingkang makatên wau, supados sagêd nyobi kêkiyatanipun piyambak ingkang sampun tikêl kalih mindhakipun dening satriya danawa ingkang nama Swatogor, makatên ugi kêpengin nyobi landhêping pêdhang tilaranipun satriya rasêksa wau. Ngantos sawatawis dangu anggènipun Ilya anjajah ara-ara ngupados mêngsah, nanging botên wontên satunggal-satunggala tiyang ingkang katingal wontên ing ara-ara ingkang jêmbaripun ngantos dumugi ing sagantên cêmêng wau. Salajêngipun Ilya nuntên angêculakên kêndhali kapalipun saha anggagas lêlampahanipun satriya rasêksa Swatogor tuwin kawontênanipun rêdi Kramat, makatên ugi anggagas pêjahipun Swatogor ingkang sakalangkung nganèh-anèhi punika. Saking anggènipun tansah anggagas-gagas ingkang makatên wau, Ilya ngantos supe dhatêng kawontênan ing kiwa têngêngipun. Amila lajêng ragi kagèt, sarêng ing ngajêngipun ujug-ujug wontên satunggiling pêkir ingkang ngêndhêgakên lampahing kapalipun. Mênggah wujudipun pêkir punika agêng inggil gagah prakosa. Rambutipun nyambêl wijèn, jenggotipun ingkang panjang ngantos dumugi ing dhadha, sampun pêthak mêmplak. Lampahipun mawi têkên, ingkang wawratipun botên kirang saking sèkêt kilo. Dene anggèn-anggènipun: jubah panjang ngantos dumugi ing polok, tuwin tudhung inggil. Sanalika punika Ilya gadhah pangintên, bilih pêkir wau nêdya ambegal, amila inggih tata-tata nêdya anglawan. Nanging pêkir awincantên makatên:

Tuwan, tumraping panjênêngan, satunggiling satriya ingkang sampun kawêntar mênggahing kêkêndêlan tuwin kaprawiran panjênêngan, kados kirang utami saupami ngantos bănda yuda kalihan satunggiling pêkir kados kula punika. Kula sumêrêp, bilih panjênêngan punika têtungguling para prajurit ing saindênging praja Ruslan, inggih punika Sang Minulya Ilya. Nanging kintên kula panjênêngan botên priksa dhatêng kula. Nalikanipun panjênêngan ing kala rumiyin taksih gêrah wontên ing Karacaro, kintên kula sampun asring panjênêngan mirêng wartos mênggahing kawontênan kula. Sajatosipun kula punika botên sanès kajawi pun: Iwanice.

Ilya: E hla dalah, dadi kowe kuwi Iwanice, sawijining pêkir kang wis misuwur ing saindêng praja Ruslan mungguhing karosan lan kadibyanmu. Ora, Iwanice, kowe kuwi saka ngêndi, lan paranmu arêp mênyang ngêndi.

Iwanice: Andadosna kauningan tuwan, kula punika mêntas saking Kiyèp, nêdya badhe kesah dhatêng kitha sukci, ingkang nama: Baitul Mukadis. Niyat kula wontên ing ngrika badhe sujarah wontên ing pasareyanipun Kangjêng Nabi, sêsêmbahan kula sadaya, lan nêdya adus wontên ing lèpèn Dhorpan.

Ilya: O, iya bêcik bangêt manawa mangkono, kang dadi sêdyamu. Mung sarèhne aku iki wis lawas anggonku ninggal kutha Kiyèf, mara, aku critanana kapriye kaanane ing kutha kono ing saikine. Apa iya isih kaya biyèn-biyèn, apa wis akèh owahe.

Iwanice: O, tuwan, kawontênan ing kitha Kiyèf ing samangke sampun botên anyênêngakên kados rikala panjênêngan taksih wontên ing ngriku. Mênggah sababipun, ing praja Ruslan ing samangke kalurugan [ka...]

--- 1588 ---

[...lurugan] mêngsah lêlêthêking donya, nanging kadibyanipun tanpa tandhing. Mêngsah wau nama: Idholice. Ing sakawit kitha Kiyèp dipun kêpung wakul binaya mangap dening Idholice sabala korawanipun ingkang tanpa wicalan kathahipun. Prabu Wladhimir sawadyabalanipun kêpêksa mundur dhatêng kadhaton, ewasamantên saking kiranging bala wau, kitha Kiyèf botên watawis dangu tamtu sagêd karêbat ing mêngsah. Lan kadhatoning nata tamtu lajêng kadamêl karang-abang. Awit kauningana, tuwan, para panungguling prajurit ing Kiyèf punika samangke kantun wontên kalih ingkang taksih wontên ing kitha, sanès-sanèsipun sampun dangu anggènipun nilar kitha, prêlu anjajah desa milang kori ngudi misuwuring nama. Dene panungguling prajurit kalih ingkang taksih kantun, inggih punika: Alyasa tuwin Dhobrinya. Mênggah kadibyanipun Alyasa punika sajatosipun mila sampun misuwur, nanging kêkêndêlan lan kaprawiranipun kirang. Amila sarêng nyumêrêpi ing sajawining bètèng wontên mêngsah ingkang tanpa wicalan kathahipun, saya malih sarêng sumêrêp kawujudanipun: Idholice, ingkang gagah prakosanipun tanpa tandhing, inggih lajêng ajrih mêdal amangsah pêrang. Dene Dhobrinya, panjênêngan piyambak kados sampun uninga mênggahing kêkêndêlan lan kaprawiranipun, punapadene kadibyanipun, saupami puruna ngêdali pêrang, kados botên badhe anguciwani. Nanging wiwit Dhobrinya punika krama angsal Dèwi Natasiyah ing sêmu botên wontên malih ingkang dados pamanahanipun kajawi Dèwi Natasiyah wau, amila damêlipun rintên kalayan dalu botên sanès kajawi namung pangantenan kemawon. Sarêng Prabu Wladhimir anguningani, bilih para prajuritipun botên kuwagang ananggulangi mêngsah ingkang ngêpung wakul ambaya mangap kitha Kiyèp wau, panjênênganipun nata lajêng asrah jiwa raga saha anyêdhahi Idholice, tiyang ingkang dados lêlêthêking donya wau, lumêbêt ing kadhaton prêlu asêsarêngan bojana andrawina. Idholice mapan linggih wontên ing dhampar kêncana angajêngakên sang pramèswari, nanging angungkurakên sang nata. O, tuwan, saupami panjênêngan uninga anggènipun nêdha Idholice, bokmanawi panjênêngan gumun tanpa upami. Awit nêdhanipun sakalangkung kathah sangêt, inggih punika: saêndhêgan sagêd nêlasakên daging lêmbu satunggal galuntung, ngombenipun sagêdhagan kemawon sagêd nêlasakên bir satus gêndul. Salêbêtipun nêdha têmbungipun ingkang kalair botên sanès, kajawi namung ngerang-erang sang nata tuwin sang pramèswari, makatên ugi angawon-awon dhatêng agami kula sadaya. Wicantênipun kalihan sraweyan makatên: gambar-gambaring nabimu utawa kabèh wong kang dianggêp kramat bakal dak rusak lan tak idêg-idêg, greja-greja ing kene bakal tak anggo gêdhogan kabèh. Lan botên wontên tiyang ingkang purun mancahi wicantênipun tiyang ingkang ambêg siya wau. Makatên, tuwan Ilya, mênggah kawontênanipun ing kitha Kiyèf ing samangke.

Kanthi gumun, Ilya lajêng apitakèn: saka pangrunguku, kowe kuwi kasuwur mungguhing karosan lan kadibyanmu, geneya kowe ora ngluwari kutha Kiyèp saka mungsuh kang ambêg siya mêngkono mau, geneya kowe ora nugêl gulune lêlêthêking donya kang aran: Idholice mau. Aku gumun bangêt, dene kowe ngêtogake bae nyang tindake wong kang wis kumawani angina lan angerang-erang marang agamane dhewe.

Sêmu ajrih Iwanice cariyos makatên: Kadospundi têka panjênêngan sagêd ngandika ingkang makatên. Salaminipun gêsang, kula dèrèng nate sumêrêp utawi mirêng satunggiling tiyang awujud sato galak kados: Idholice punika. Kauningana, dêdêg piyadêgipun tiyang wau tikêl kalih inggilipun kalihan tiyang limrah, agênging êndhasipun mèh sakèncèng, rambut ing bolongan irung punika mèh nyamèni jêmparing. Amila sarêng kula sumêrêp wujudipun: Idholice wau, sanalika kula kagèt sangêt, ngantos kêkêndêlan kula punika rumaos ical babarpisan. Punapa malih ngantos amangsah pêrang puruna, sawêg anyakêt kemawon ajrih kula sampun kagila-gila. Kalihan malih, kula punika namung satunggilting[5] pêkir, pêrang punika dede kuwajiban kula.

Ilya: He, ora ngira babarpisan aku, Iwanice, awit karosan lan kadibyanmu iku wis kawêntar, lan aku ngandêl, yèn karosanmu mêsthi tikêl loro tinimbang aku, ananging sêmune kowe kuwi ora duwe kêkêndêlan babarpisan. Pantêse, sabab saka jirihmu, kowe kuwi kudu tak ukum, nanging luwih bêcik kowe tak ngapura bae, anggêre kowe gêlêm miturut apa kang dadi karêpku. Saiki: jubahmu, topi, sêpatu nam-naman, lan têkênmu sing ora murwat gêdhene kuwi, silihna nyang aku, nêdya tak ênggo. Awit sarana ngemba pêkir aku saiki arêp mênyang Kiyèp. Karêpku ing kana Idholice aja nganti wêruh nyang aku.

Sakêdhap pêkir botên sagêd ngucap punapa-punapa, wusananipun lajêng wicantên makatên:

Tuwan, saupami tiyang sanès ingkang nêmbung dhatêng kula badhe ngangge pangage kula punika, têmtu botên badhe kula sukakakên, awit jubah kula punika rêginipun awis sangêt, lan ing salêbêting sêpatu kula punika kathah sela-selanipun ingkang anggadhahi kasiyat agêng, inggih punika: sintên ingkang kanggenan sela punika, têmtu badhe tinêbihan sadaya sato galak. Ing măngka kula punika sabên dintên kêdah ngambah wana. Gèk kadospundi badhe kadadosan kula, manawi ngantos tinilar ing sela-sela wasiyat wau. Nanging kadospundi anggèn kula badhe mambêngi ing pamundhut panjênêngan. Manawi botên kula turuti punapa pamundhut panjênêngan, botên sande barang-barang kula mêsthi panjênêngan pundhut kanthi roda pêksa, bokmanawi kula malah panjênêngan gêbagi ngantos sêtêngah pêjah, amila sagêd kula inggih namung manut miturut kemawon.

Badhe kasambêtan.

--- 193 ---

No.49, Taun VIII.

TAMAH BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR.

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG.

Soem Poerbatin, Jokya, Kustinah Sawangan, Soekartijah Malang, Senik, As lan Soetrisna, Solo, Zalekah, Probolinggo, Roebigdo Malang, Tjiptoroso Malang, Moehamad Dawami Muntok.

Karcis Silaturachmi wis daktampa, bangêt panrimaku, ora liya padha anglanggêngake pangapura.

Soem Poerbatin, Jokya. Wah mula ya panas bangêt, ing Bêtawi kene, apa manèh ing Bungur, mula ya banjur ngalih nyang Vliegveldlaan, paringane Allah ing Vliegveldlaan ora pati panas, malah silir.

R. Soediro, Dêlanggu. Layangmu wis daktampa, bangêt bungahku. Cuwa bangêt dene Rama Petruk apa dene ibu Petruk lan Bu Mar ora sagêd têrus mênyang Dêlanggu awit ora kêburu, ing mangka ing Magêlang ana gawe kang pêrlu. Ya besuk seje wêktu, yèn pinaringan slamêt ora ana alangan sawiji apa, mbokmanawa disidakake nyang Dêlanggu. Pangabêktiku bae aturna nyang bapak karo ibu ya! Karanganmu uga wis daktampani.

Soenaka, Tuban. Layangmu isi lagu ondhe-ondhe wis daktampa, bangêt panrimaku.

Soepartono, Purwokêrto. Cuwa bangêt dene aku ora bisa kêtêmu karo kowe lan ora bisa nunggoni têtakmu. Mbokmanawa besuk sasi Januari yèn tanpa alangan aku mampir ing Pkt manèh.

Lantarsih Tolan, Pangkatan S.O.K. Bangêt bungahku kowe mêrlokake kirim layang manèh.

Soerti, Sêmarang. Bu Mar kadhang-kadhang ya ngrungokake kinderuurtje saka Sêmarang. Kowe apa ora milu mênyanyi?

Soehardi, Magêlang. E la, kok lagi iki kowe mêncungul manèh, sukur ta yèn isih eling nyang Bu Mar.

Siti Sriwahjoe. Aanggonmu[6] ngajak têpungan wis daktampa, bangêt bungahku.

Sri Sasanti, Surakarta. Sri, aku samono uga, padha nglanggêngake pangapura, muga-muga kowe pinaringan slamêt ora kurang sawiji apa.

Imosoedarmo, Klathèn. Batanganmu daktampa bangêt panrimaku.

Uncle Sum, Singapure. Aku milu muji nyang Pangeran, muga-muga kang slira enggal waras, anggone ginanjar lara. Apa malaria apa kapriye, têka lawas têmên. Yèn waras, enggal ngabarana manèh.

Soetarno, Balikpapan. Layangmu isi karangan wis daktampa, bangêt panrimaku.

S. Har, Solo. Pambadhemu bab rama Petruk lan ibu Petruk bênêr. Karanganmu wis daktampa.

S. Arbanga, Banyung. Lêluconmu wis daktampa. Iya mula macak karangan kuwi nganggo dipilih dhisik.

Soetardi, Pêkalongan. Ach Di, ya aja tansah ngeling-eling Bawang bae, mundhak ora bisa sinau. Wis lumrahe ta pisah karo wong tuwa, wong bu Mar ya wis nglakoni, ajêgan pisah karo wong tuwa. Yèn êntas prèi, mulih nyang pondhokan, iya banjur nangis bae nganti têlung dina dhewe. Nanging banjur kèlingan, yèn bakale entuk prèi manèh, kêtêmu manèh, iya banjur sênêng, malah mêmpêng sinaune. Kowe rak ya ngono ta, ngelingana yèn bakal entuk prèi manèh.

Sri Hartini, Banjarnêgara. Karanganmu kanggo dina lêbaran ora bisa kapacak, awit têkane wis kasèp. Layangmu sing dhisik iya wis daktampa mula lawas ora diwangsuli, awit tansah ribêt bae, iya alih-alihan, iya Lêbaran lan liya-liyane.

Kardono, Japara. Ach mbok iya aja ngiming-ngiming pêlêm bae, mundhak kêmocor iduku. No. impènmu kok ora bênêr, kiraku sabab saka kokehan turu, mula dadi impène ya mblura utawa ya ora ngimpi tênan, mung ngira-ira bae.

R.M. Waskitha, Surakarta. Aku kok gumun, ingatase kowe, kok ora ngêrti. Anggonku nulis Rama utawa Ibu Petruk, kuwi rak nyêbutake kowe kabèh, dadi karêpku, rama lan ibu tumrape kowe kabèh, dudu aku sing nyêbut rama utawa ibu. Geneya aku ngandhakake awakku dhewe kok ya Bu Mar, kowe rak ya nyêbutake kowe kabèh, kok jêbul dikira molah malih.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar

--- 194 ---

SINAU NGÊTIK

[Grafik]

Ing dhuwur iki gambare bocah nuju sinau ngêtik. Sanajan bocah, yèn mula pancèn tabêri iya bisa.

KINANTHI LARAS MOYO

I. Nagari Jawi puniku, | Kalangkung anggrêspatèni,[7]

II. Marma ilining kang banyu, | Karya gêmah loh jinawi, | Ing kêbon lan pasabinan, | Kêbak klapa miwah pari, | Pari paraning pêparab, | Sêsêbutan tanah Jawi.||

III. Karasa-rasa ing kalbu, | Marang kita bangsa Jawi, | Sêmono sihe Hyang Sukma, | Mring titahnya para jalmi, | Tan pêgat ulun mêmuja, | Mring sih kadarmaning Widi.||

Waidjah, Magêlang.

SUBASITA

Watuk, wahing, angob.

Yèn krasa arêp watuk, sêbisa-bisa ampêtên. Dene manawa ora kêna diampêt, olèhmu watuk arêpna mêngisor utawa mengo, cangkêm mingkêm nganggo ditutupi tangan utawa kacu. Mêngkono uga tumrape wahing lan angob.

Uthik-uthik irung lan kuping.

Nguthik-uthik irung ana pajagongan iku, dinêlêng ora pantês, nggigoni tur ketoke nyêpèlèkake mênyang sing dijak jagongan. Yèn kuping utawa irung krasa gatêl, pênêtên bae nganggo kacu.

Usap-usap rai.

Rai kang nglênga, yèn arêp diusapi, prayoga nganggo kacu bae, sabab manawa nganggo tangan, dinêlêng nggigon-nggigoni lan saru apa manèh katon nyêpèlèkake marang pasamuan. St., Solo.

KUTHA SINGAPUR.

Wis mèh têlung taun saprene ing sawijining dina ana bocah nunggang kapal, ngênêr mênyang Singapur. Bocah mau jênênge Uncle Sum, ya sing nulis dongèng iki. Sarèhne ombake gêdhe, dadi rasane wah, wis ta, saking ora karu-karuane, nganti ora bisa ngandhakake, sok ngèngkèl yèn jagad kuwi mubêng. Sarèhning aku iki bocah bêkunung ngono, dadi ya ora pati ngandêl, nanging barêng ana ing kapal kompal-kampul ing ombak sing dhuwure ora mêkakat mau, aku têrus pitaya ngêndikane guruku biyèn, pancèn iya, jagade mubêng, malah dudu jagade bae, kabèh apa-apa sing dakdêlêng padha mubêng kaya diraaimolen. Aku uga kèlingan ngêndikane para sêpuh, jarene wong urip kuwi waton tatag bae mêsthi slamêt. Aku ana ing kapal iya daktatag-tatagake, anggêr ana ombak têka takpênthêlêngi lan taksumbari: "Apa abamu, malah barêng ombake saya gêdhe, anggonku mlintir brêngos nganti mèh mbrodholi kabèh, nanging tanpa guna, anggonku mabuk saya suwe malah saya andadra: sirahku mumêt, wêtêng kaya diudhêk, ambêkan sêsêk, kringêt dleweran, rasane awak adhêm panas, mrinding, cêkake wis ta, yèn kowe arêp ngrasakake coba mênyanga Singapur dhewe, tilik Uncle Sum!

Kocapa, barêng wis cêdhak kutha Singapur, ombake tujune gêlêm rada suda, aku bisa njênggèlèk. Wong gunung ngono, wêruh kutha gêdhe, gumune nganti ngisin-isinake kae. Ning ya ora maido, ta, la wong sajêg urip ana ing ngalamdonya durung tau wêruh kapal nglumpuk samono kèhe, gêdhe cilik, cète putih, irèng,[8] abang, biru, pêgane kêmêluk campur karo pêgane pabrik-pabrik ing dharatan, apa manèh prau sing cilik anggone pating sliwêr kaya sêmut.

Luwih cêdhak manèh aku krungu gêrênge motor mabur, têrus mlayu mênyang railing, verrekijkere, kancaku takrêbut. Aku dhèk isih ana ing sêkolahan, ya tau dirêtèkake dening pak guru kapriye dene barang kang luwih abot dening hawa bisa mumbul lan mabur ing gêgana, nanging sabên wêruh motor mabur aku mêksa isih gumun bae. Apa manèh ing Singapur wêruh sêpirang-pirang, jèjèr mabur barêng, kaya letter "V", ya kuwi sing diarani mabur "in V-formation", anggonku andhangak nganti tèngèng.

Ana candhake.

--- 195 ---

ORA KÊNA DITIRU

Ana sawijining bocah aran Tugiya. Bocah iku nakal bangêt lan ora pisan-pisan gêlêm manut karo karêping wong tuwane. Bapakne Tugiya iku jênênge Pak Karya, satêmêne anake pitu, nanging sing urip mung si wuragil ya iku Tugiya. Karya iku wong mlarat, nanging Tugiya ora pisan-pisan ngrumasani dadi anake wong mlarat. Dhèwèke ora gêlêm kasoran karo kanca-kancane. Nalika wis cêdhak mangsa Lêbaran, sawijining dina Tugiya têka saka dolan, banjur nyêdhaki bapakne karo nangis, calathune: "Pak, ayo saiki aku tukokna mêrcon kang kaya kancaku dolan kae, aku diisin-isin, awit ora nyumêt mêrcon dhewe."

Bapakne mangsuli: "Le, aku ora bisa nukokake, awit ora duwe dhuwit. Diisin-isin ya bèn, kapriye manèh wong bapak wis ora duwe dhuwit kanggo tuku."

Tugiya krungu wangsulane bapakne, banjur nêpsu. Êmbokne diparani, digêbugi, wêruh lading gumlethak dijupuk kanggo nacah-nacah klasa. Bapakne banjur nyêdhaki karo ngandhani, kanthi sabar: "Wis aja kaya ngono le, sesuk-esuk, daktukokake, saiki mangana bae dhisik.

Barêng wayah sore, Tugiya wis turu, Karya rêmbugan karo sing wedok: "Kapriye mbokne, sesuk yèn anakmu ora diwènèhi mêrcon long, ya mêsthi nêsu manèh. Mangka bocahe yèn nêsu nyamari bangêt, apa-apa dirusak. Ya wis mbokne, kowe tunggua omah sadhela aku takgolèk utangan nyang kang Singa."

Bojone mangsuli: "Iya bêcik."

Pak Karya banjur lunga, ora antara suwe têka anggawa dhuwit patang kêthip. Esuke kanggo nukokake mêrcon si Tugiya. Tugiya bungah bangêt, banjur mangkat dolan. Barêng têka, muring-muring manèh njaluk mêrcon long. Pak Karya kapêksa golèk utangan manèh, uga entuk.

Nanging watake si Tugiya yèn ora dituruti karêpe ngamuk, dene yèn dituruti malah ndadra.

Barêng Lêbaran kurang têlung dina si Tugiya têka saka dolan muring-muring manèh, calathune: "Pak, pak, aku njaluk klambi anyar, topi anyar, lan uga tukokna sêpatu kaya kancaku kae, sesuk malêm Lêbaran aku kudu ditukokake mêrcon long manèh sing akèh, mau kurang akèh, dadi sadhela bae ya banjur êntèk. Aku digêguyu dupèh mung anggawa sathithik. Yèn sesuk aku ora ditukokake, aku êmoh mulih, pak!"

Wangsulane bapakne: "O, Allah, le, bapak olèhe dhuwit kanggo tuku mêrcon akèh saka êndi, wong wingi bae anggonku utang-utang."

Tugiya calathu manèh: "Kuwi rak mung kanggo ngapusi aku bae. Yèn sesuk aku ora ditukokake long, omahe daksawati watu."

Pak Karya judhêg pamikire. Barêng Tugiya wis mapan turu, dhèwèke calathu marang sing wadon: "We la, kapriye mbokne, judhêg aku ngrasakake anak siji iki, wis ora pasah pituturing wong tuwa, dakalusi ora ngêrti, arêp dakkasari aku ora têgêl, wong anak mung kari siji. Ya wis mbokne, aku dakgolèk utangan manèh."

Pak Karya nêmbung utang nyang sapa-sapa ora ana sing mènèhi, jalaran arêp kanggo kabutuhane dhewe-dhewe. Saking judhêging pikire, banjur thukul panêmune sing ala. Sasuwene lumaku karo mikir-mikir, dumadakan arêp ngliwati omahe wong sugih, kang lagi kanggo kumpulan main.

Pak Karya mlêbu ing pakarangane, lingak-linguk mangiwa manêngên, kabênêran wêruh salah sijine jêndhela kang isih mênga. Enggal-enggal dhèwèke marani jendhela mau, mènèk têrus mlêbu ing kamar. Ing jêro kamar kono ana jas cumanthèl, mangka ora ana wong siji-sijia. Pak Karya gogoh-gogoh ing kanthonganing klambi jas mau, nêmu dhompèt. Enggal-enggal dhompèt mau dijupuk, banjur mlumpat mêtu jêndhela, mlaku rêrikatan mulih nyang omahe.

Satêkane ing omah bojone pitakon: "Ana apa pakne, têka ambêkanmu mênggèh-mênggèh mêngkono lan kringête daleweran."

Wangsulane sing lanang: "Wah mbokne, atiku iki isih dhêg-dhêgan ngene. Aku mau êntas golèk utangan, nanging ora olèh, kabèh-kabèh kandha yèn butuh dhewe. Saking judhêging atiku ngèlingi watakane anakmu kaya ngono kuwi, aku banjur mlêbu nyang omahe mas Taruna sing sugih kae. Ing kono kabênêran lagi padha main, aku bisa mlêbu saka jêndhela kang isih mênga ing kamar, kang ora ana wonge, nanging ana jas cumanthèl. Ing kono aku gogoh-gogoh ing kanthonganing jas mau, nêmu dhompèt iki, gilo mbokne."

Bojone barêng krungu banjur mbêngok nangis karo calathu: "O, pakne, pakne, kowe iki dadi êntas nyolong, o, pakne, kowe kok dadi kaya ngono."

Wangsulane sing lanang: "Iya kapriye manèh, saking bingunging atiku ngrasakake anakmu kuwi."

Dhompète nuli dibukak, wah sênênge pak Karya tanpa upama, isine dhompèt mau dhuwit kêrtas limang rupiyah loro, lan ringgit papat.

Kocapa, mêtune Karya saka jêndhelaning omahe mas Taruna mau kawêruhan dening salah sijine agèn pulisi kang pinuju rondha. Lakune diêtutake saka kadohan. Barêng têkan ing omahe, pulisi mau uga wêruh mlêbune. Pulisi ngrungokake saka jaba, barêng cêtha, manawa êntas nyolong, pulisi banjur thothok-thothok njaluk lawang. Ora nganggo ditakoni manèh, Karya têrus dicêkêl, digawa nyang kawêdanan. Sing wadon mbêngok nangis lan njalukake pangapura sing lanang, sabab salawase durung tau nyolong nêmbe sapisan kuwi, nanging panjaluke mau tanpa gawe. Pak Karya sida digawa, nuli ditahan ing kawêdanan, esuke pêrkarane arêp dirampungi.

Kacarita Tugiya krungu tangise mbokne, banjur tangi sarta pitakon: "Mbok, ana apa ta, geneya nangis, bapak ana ngêndi?"

--- 196 ---

O le, bapakmu digawa pulisi, bakale mêsthi tampa paukuman. Mulane kowe yèn njaluk apa-apa, bapak kandha ora bisa mènèhi, ya aja mêksa. Bapakmu kuwi trêsna bangêt nyang kowe, kowe duwe panjaluk apa-apa, dhèwèke mêsthi kudu arêp nuruti. Sawise, yèn ora duwe dhuwit nanging kowe mbeka njaluk bae, tansah muring-muring, bapakmu nganti nglakoni nyolong. Mangka sesuk êmbèn dina Lêbaran, bapakmu ora ana ngomah. Sanajan ora nyandhang apik, ora mangan enak-enakan, nanging yèn ganêp kabèh ana ngomah, slamêt, têntrêm, aku ya wis sênêng, le. Balik saiki kapriye, gèk pirang dina bapakmu anggone nglakoni paukuman?

Tugiya barêng krungu têmbunge êmbokne, kagèt lan gêtun bangêt. Sanalika iku dhèwèke ngrumasani kaluputane lan watakane sing ala. Dhèwèke banjur milu nangis, kèlingan bapakne lan wêlas ndêlok êmbokne, nuli calathu karo nangis: "O ... mbok ... saiki aku ... arêp manut ... karo bapak ... karo êmbok ... ora arêp mbeka manèh." Barêng dina Lêbaran Tugiya babar pisan ora bisa sênêng-sênêng, pênganggo anyar, sêpatu, mêrcon lan kabèh kang wis diimpi-impi, wêkasane ora bisa anduwèni, malah sêdhih ngrasakake bapakne ana ing pakunjaran. Mêngkono ta cah, wêkasane bocah sing nakal, ora gêlêm ngrungokake pituturing wong tuwane.

SÊNDHANG SANI

Nalika aku lunga mênyang Pathi, diêjak kancaku ndêlêng sêndhang Sani. Dohe saka kutha kira-kira 3 km. Yèn mrono kudu nggawa êndhog lan jajanan liyane, pêrlu kanggo makani bulus. Buluse sing gêdhe mung siji, nanging biyèn jare loro. Wong sing padha mrono kêjaba arêp wêruh, iya akèh sing padha nyadran. Mungguh dêdongengane mangkene:

Dhèk jaman kuwalèn, yaiku jamane para wali ing tanah Jawa isih padha sugêng, kang kondhang dhewe Kanjêng Sunan Kalijaga.

Nuju sawiji dina K.S.K. mau tindak lêlana kadhèrèkake sakabate loro. Barêng tindake K.S.K. têkan têngah alas, mbênêri wayah bêdhug awan, K.S. kraos ngêlak, banjur utusan sakabat golèk banyu ngunjuk; nanging ora bisa olèh. K.S. banjur ngunus kagungane cis, ditancêbake ing lêmah. Barêng cis didudut, têpake mau mêtu banyune kang bêning bangêt. Banyu iku ora tumuli diunjuk, nanging ditinggal sêmbahyang luhur dhisik. Sakabat kadhawuhan nunggu.

Sasuwene K.S. sêmbahyang luhur, sakabat loro mau krasa ngêlak bangêt, nganti ora kêna diampah. Wêkasan padha nyolong ngombe. Rumasane K.S. mangsa pirsaa.

Barêng K.S. lêbar sêmbahyang, pirsa yèn banyune disisani sakabate, banjur ngêndika: "Kowe iku kaya bulus. Dipitaya tunggu banyu bae disisani". Kêna sabdane Kangjêng Sunan sakala sakabat loro mau padha dadi bulus, manggon ana ing banyu mau, kang saiki dadi sêndhang. Dadi têmbung Sani iku pinangkane saka têmbung disisiani.[9]

Bênêr lupute, masa boronga sadulur ing Pathi.

TATA 'ADAT ING SÊMARANG

Sabên bangsa lumrahe padha duwe tata 'adat dhewe-dhewe. Malah ana sawênèhe panggonan kang uga duwe tata 'adat dhewe. Tata 'adat mau ana sing adhêdhasar agama, ila-ila lan gugontuhan.[10]

Tata 'adat iku yaiku kalumrahan kang tumindak ing salah sijining panggonan. Dadi ora sumrambah anane. Tumrap bangsa Mêlayu malah duwe ukum 'adat barang (adatrecht).

Ing kutha Sêmarang ana tata 'adat rong warna:

I Tata 'adat dhukdhèr.

Sing diarani dhukdhèr iku, unine bêdhug ing mêsjid kang katabuh ing tanggal 29 Ruwah, kanggo têngara yèn esuke wiwit pasa. Mulane dina mau banjur karan dina dhukdhèr.

Manawa mbênêri dhukdhèr, ing alun-alun kêbak wong dodolan nganti têkan têngah ratan barang. Sing akèh adol dolanan. Wiwit asar wong kang padha têka byuk-byukan, nganti jam 12 bêngi lagi katon suda. Kang padha mrêlokake têka mau ora mung wong kutha bae nanging iya wong jaba kutha barang. Wong-wong mau sing akèh padha tuku dolanan lan jajan. Gumunku ing ngatase ora ana tontonane apa-apa, wong kok samono kèhe:

II. Kupatan, tanggal 8 Sawal.

Yèn mbênêri kupatan, wong-wong padha plêsir mênyang Bale Kambang, kèhe wong padha bae karo dina dhukdhèr. Mung panganggone luwih mubyar. Mangka ing kono ora ana tontonane apa-apa. Bale kambang iku patamanane tuwan Oei Tiong Ham kang wis ngajal, millionair ing tanah kene.

Tata 'adat rong warna mau tanpa pamrih apa-apa, mung mligi kanggo sênêng-sênêng, jarene manut ila-ila nglêluri jaman kuna.

Boentarta.

--- [1605] ---

 


sanadyan. (kembali)
Witaradya. (kembali)
Dhudha. (kembali)
kasêbut. (kembali)
satunggiling. (kembali)
Anggonmu. (kembali)
angrêspatèni | Ardinya abêbarisan, | Pinulêt ilining kali, | Pindha sarpa ing pasaban, | Luru kang kinarya bukti. ||. (kembali)
irêng. (kembali)
disisani. (kembali)
10 gugon-tuhon. (kembali)