Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 96, Rê Kli, 28 Pasa, Ehe 1868, 1 Dhesèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Sunglon - Pagêblug sêsakit ingkang nular - Ngèlmi kabatosan - Kawontênan ing Tiongkok - Sajarah dhatêng pasareyanipun Kyagêng Ngliman - Griya wuta ing Bandhung - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading wanita.

Sunglon

[Grafik]

Sêsawangan sunglon Maurits ing pasisir sagantên kidul, Priyangan, sacêlakipun Nusa Kambangan.

--- 1506 ---

Bab Kasarasan

Pagêblug sêsakit ingkang nular

Kadospundi dene ing satunggiling panggenan inggih punika ing dhusun utawi ing kitha têka ujug-ujug sagêd katuwuhan pagêbluk sêsakit nular, kados ta: pest, pokken (cacar), cholera, typhus, dysenterie, mazelen (dabagên), influenza, t.b.c., malaria, diphteritis, kinkhoest utawi sanès-sanèsipun.

Sababipun punapa pagêblug wau têka lajêng sagêd sirêp piyambak sanajan botên dipun tanggulangi dening tiyang utawi dhoktêr ingkang ahli.

Punapa sababipun dene tiyang ingkang kataman sêsakit wau botên sami sakit sangêt utawi pêjah sadaya.

Ing jaman rumiyin sadèrèngipun dhoktêr manggihakên sabab-sababipun ingkang nukulakên sêsakit wau, tuwuhipun sêsakit punika jalaran saking siti ingkang angkêr kenging wisaya utawi pasanganipun dhêmit, kêsiku dening ingkang ambaurêksa ing panggenan ngriku, botên ngluwari ujar pakaulan utawi sanès-sanèsipun. Kangge nanggulangi utawi nulak sêsakit wau, satunggal-satunggalipun băngsa gadhah pratikêl utawi rekadaya piyambak-piyambak.

Yèn băngsa Jawi nulak sêsakit punika manut dhukun ingkang suka pitêdah, kêdah damêl wilujêngan mawi ulam menda kêndhit, ulam ayam cêmêng utawi pêthak mulus, mawi donga utawi rapal-rapal kangge tumbal utawi jimat sapanunggilanipun.

Băngsa kilenan (Eropah) limrahipun sami botên ngandêl ing bab donga rapal utawi jimat wau, awit ingkang kathah donga rapal utawi jimat wau botên tulèn saèstu, kathah ingkang palsu utawi namung tiru-tiru kemawon. Têgêsipun palsu utawi tiru-tiru punika tiyang utawi dhukun ingkang andonga ngucapakên rapal utawi damêl jimat wau, namung niru ngungêlakên donga rapal utawi damêl jimat nanging botên anglampahi. Ingkang mêsthi dipun lampahi, kados ta: dhukun wau kêdah siyam, pati gêni utawi ambisu botên wicantênan salêbêtipun samantên dintên lan sapanunggilanipun. Milanipun donga rapal utawi jimatipun wau botên sagêd andayani punapa-punapa, inggih botên sagêd mitulungi dhatêng ingkang dipun dongani utawi sanèsipun.

Dene yèn donga rapal utawi jimat wau tulèn saèstu, têgêsipun asli saking tiyang utawi dhukun ingkang pancèn sampun nêtêpi lampahipun (dhukun ahli lampah) asring ngedap-edapi, mustajab utawi mandi tumanjaning donganipun dhatêng ingkang dipun pitulungi.

Kados ta: juru ngalir utawi tukang mancing bajul, sagêd nyêpêng bajul, ingkang agêng galak lan langkung rosa tinimbang tiyang kalih tiga, ewadene kenging dipun gêndam sarana donga, baya wau sagêd kacêpêng sarana gampil kenging dayaning donga, baya lajêng tutut dipun tangsuli cangkêmipun, dipun bănda sukunipun ngajêng, dipun sèrèt dening baita dhatêng panggenan [panggena...]

--- 1507 ---

[...n] ingkang cèthèk têrus dipun sèrèt dhatêng dharatan tansah manut, botên budi botên polah, nanging manawi juru ngalir utawi dhukunipun mingsêr ragi têbih, upami lumêbêt ing griya utawi sanèsipun, baya wau lajêng ebah budi badhe mêdhot tuwin malajêng, sarêng juru ngalir utawi dhukunipun dhatêng nyakêti malih, baya lajêng kèndêl dipun lumahakên dipun bêdhèl wêtêngipun botên polah botên punapa, malah ing salêbêting wêtêng baya wau asring pinanggih barang-barang sêsupe, gêlang utawi sanèsipun pangangge lare utawi tiyang èstri ingkang sampun dipun măngsa dening baya wau, sanajan tiyang ingkang dipun măngsa sampun botên maujud, jalaran daging kulit sampun ical, namung kantun balung-balungipun kemawon.

[Iklan]

Punapa punika botên saking dayaning donganipun dhukun utawi juru ngalir wau.

Satunggal-tunggalipun băngsa gadhah kapintêran utawi kasagêdan piyambak-piyambak, kados ta: băngsa tiyang Dhayak (Borneo) punika manawi wontên tiyang ingkang kacakot sawêr ingkang mandi, panggenan perangan badan ingkang tatu kacakot wau dipun boboki pipisan gêgodhongan kanthi dipun dongani, ingkang sakit sagêd saras, blas.

Băngsa Jawi kajawi ingkang sagêd anggêndam baya wau, ugi sagêd nênung utawi sanèsipun. Cariyosipun dhukun ingkang pancèn mandi tênungipun, tiyang ingkang dipun tênung sagêd dados sakit utawi ewah pikiranipun (bingung), dene lampah-lampahipun tiyang nênung punika, kula botên sagêd matur awit botên nate nyipati piyambak.

Cêkakipun băngsa Jawi inggih gadhah kasagêdan utawi [u...]

--- 1508 ---

[...tawi] kapintêran ingkang sok ngedap-edapi, ananging rèhning limrahipun băngsa Jawi punika yèn gadhah kapintêran utawi kasagêdan ingkang anèh-anèh botên purun utawi rila dipun tiru tiyang sanès, kajawi trêkadhang namung purun ambalèbèri dhatêng anakipun piyambak, dados tiyang ingkang gadhah kapintêran wau ingkang limrah, ing samăngsa pêjah, kapintêranipun inggih tumut dipun kubur dados botên wontên ingkang mangrêtos yèn ingkang pêjah wau gadhah kapintêran ingkang prêlu kasumêrêpan dening umum.

Beda băngsa kilenan (Eropah) tiyang ingkang gadhah pamanggih utawi kapintêran ingkang anèh-anèh utawi elok, malah dipun wara-warakakên supados tiyang sanès sami mangrêtos.

Badhe kasambêtan

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

[Grafik]

Papan pamêlikan intên ing Pretoria, Aprikah.

--- [1509] ---

[Iklan]

--- 1510 ---

Raos Jawi

Ngèlmi Kabatosan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 95

Tiyang ngudi murih têntrêming abêbrayan, sayuk rukuning pawong mitran kemawon awis ingkang kaconggah. Ingkang sampun kula sumêrêpi saha kula mirêngakên, kathah para marsudi pangawikaning batos ingkang lajêng sampun rumaos anggadhahi pangawikan, awis sangêt ingkang purun marsudi utamining lampah ingkang anjalari babaring pangawikan, jalaranipun ambokmanawi sampun rumaos marêm gadhah ngèlmi, gagasanipun ing têmbe mêsthi manjing swarga, jumênêng pribadi. Dados nama: anjagakake êndhoge si blorok.

Marsudi utamining lampah utawi lêlabuhan malih puruna, malah ambêlasar, ngêndêlakên wêwarahing gurunipun ingkang sampun kaanggêp mêsthi lêrêsipun, botên purun nyatakakên saha nyaring kalayan wêninging manah.

Sawênèh wontên ingkang bosênan, lumuh ngulir nalaripun, sabên-sabên maguru, nanging botên purun anglampahi. Tiyang ingkang kados makatên wau sanadyan angsala guru ingkang pinunjul ing pangawikan, saha luhur bêbudènipun, inggih tanpa damêl, tiwas tuwas kangelan, kecalan, nalaripun botên mulur, nanging malah pating saluwir, hêm, mêmêlas.

Lah inggih jaman edan, sampun malih muridipun, tiyang gurunipun inggih ambêlasar, ngantos adamêl kapitunan, karisakan saha kawiranganing badanipun piyambak punapadene muridipun. Tăndha saksinipun mèh ing pundi-pundi wontên, ingkang para maos tamtunipun sampun anguningani.

Jalaran saking punika, manawi wontên murid ingkang atindak nasar, punika sagêd ugi saking lêpatipun pun murid, lan inggih sagêd ugi lêpatipun pun guru, makatên malih sagêd ugi: têmu karo jae, guru murid padha bae.

Wontênipun paguron pangawikaning batos punika prêlu, anggêgulang utawi maguru pangawikaning batos punika inggih prêlu, nanging pun guru kêdah gadhah kasagêdan cêkap saha sae kalakuanipun, murid kêdah mituhu piwulanging guru. Ngupados guru punika angèl, mila kêdah mulat, sampun ngantos kajalomprong. Dados guru punika inggih angèl saha awrat, awit dipun ênut tiyang kathah. Manawi piwulangipun lêpat, lampahipun awon, punika lajêng nama nyêbar wisa ingkang sakalangkung mandi, ambêbayani.

Dene manawi sampun angsal paguron ingkang saèstu, prayogi lajêng dipun lampahi, awit :

ngèlmu iku kalakone kanthi laku | lêkase lawan kas | têgêse kang nyantosani | sêtya budya pangêkêsing dur angkara ||

--- [1511] ---

Ujaring para sêpuh, milih guru punika kêdah tiyang ingkang:

1. Ahli basa, 2. Ahli sastra, 3. Ahli rasa, 4. Ahli tapa, 5. Ahli têpa, 6. Ahli wicara, 7. Tanpa cacad (calaina), 8. Trahing aluhur.

Guru ingkang kados makatên wau tamtunipun angèl pangupayanipun. Mila sanadyan botên jangkêp wolu, langkung saking sapalih kemawon sampun nama lumayan.

Manawi taksih kathah paguron pangawikaning batos ingkang ambêlasar, kula kuwatos manawi adamêl unduripun para marsudi pangawikaning batos, o, eman-eman.

Wasana masa borong ingkang karsa manggalih.

Ki: Darma Prawira, Kêpancèn - Malang.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni Sêrat: Wirasating Wanita tuwin Sêrat Primbon Usada, saking Toko Buku Sadu Budi ing Pasar Pon, Surakarta.

Sêrat Wirasating Wanita punika mêndhêt saking dintên tuwin pêkênan, lajêng ngawontênakên pamêca kadadosanipun. Dene Sêrat Primbon Usada, nyariyosakên ing bab jampi jawi warni-warni.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

Bale Pustaka botên sade buku punika.

[Iklan]

--- 1512 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Panêmpuhipun wadya Jêpan ing Tiongkok sisih lèr katingal botên patos mêmpêng, măngka manawi mirid nalar, saupami pabarisan Jêpan wau saya dipun indhaki santosanipun, inggih badhe saya nyamari. Nanging nyatanipun tindak ingkang kados makatên punika inggih botên tilar gêlar, awit manawi panêmpuhipun wau nyêngka, sagêd ugi damêl ringkihipun pabarisan ing wingking.

Ing laladan talaga Taihu mêntas wontên wadya Tiongkok nêmpuh sêsarêngan, nanging panêmpuhipun wau lajêng kandhêg, dening pabarisan Tiongkok ing wingking dipun talabung wadya mriyêman Jêpan tuwin dêdamêl sanèsipun ingkang langkung santosa.

Ing salajêngipun Jêpan sagêd tata baris badhe nêmpuh ngêtog ing sisih lèr, kanthi pangangkah sagêdipun dumugi Nanking, salajêngipun ngangkah pêdhoting sêsambêtanipun Nanking kalihan laladan sanèsipun.

Kajêngipun Jêpan badhe ngangkah sagêdipun ngrêbat Wuhu rumiyin, amargi manawi Wuhu wau sagêd kêcêpêng, Nanking lajêng kêpisah sêsambêtanipun kalihan Hanko, Kanton, tuwin laladan-laladan sakidulipun Nanking. Mirit kawontênan ingkang kados makatên punika, Nanking kenging dipun wastani kacakêtan ing bêbaya. Nanging tumrapipun Tiongkok gadhah kapitadosan, sanadyan Nanking bêdhah, inggih botên badhe ngèndêlakên paprangan.

Miturut wartos ingkang kantun, pangêpangipun wadya Jêpan ing Sansi kenging kaundurakên dhatêng Taiyuwan, salajêngipun wadya Tiongkok sagêd majêng dumugi Tungyansèn, kajawi punika ugi sagêd ngrêbat Yuwanping, kaprênah saêlèr Taiyuwan.

Manawi ngèngêti wartos-wartos ing bab paprangan punika, Jêpan ugi anggadhahi kajêng botên badhe ngrêbat Tiongkok, dene kajêngipun ingkang saèstu namung ngangkah murih sagêd tumut ngêmbat punapa kawontênanipun ing Tiongkok. Malah Jêpan botên niyat badhe paprangan kalihan Tiongkok, dene ingkang dipun sêdya badhe nyirêp golongan abrit ingkang nglêbêtakên daya dhatêng Tiongkok. Namung Jêpan gadhah raos botên sênêng dhatêng Inggris anggèning nglêbêtakên dêdamêl dhatêng Tiongkok, ingkang katêmahanipun lajêng dados pêpêrangan ingkang ngămbra-ămbra kados makatên punika. Malah salajêngipun Jêpan nêdya padhami piyambakan, ingkang tanpa lantaran sintên-sintên.

Wartos ingkang kados makatên punika tumrapipun Tiongkok anganggêp botên mantuk ing akal, awit wontêning paprangan sampun kêlajêng kados makatên, wujudipun sampun katingal sami arêrêmpon, dados manawi wontên gêlar kados makatên punika, wontênipun namung botên pitados.

Ing sapunika prêlu nyariyosakên wawasan, ingkang gêgayutan kalihan waragading pêrang. Miturut pinanggihing lêlampahan ing paprangan, campuhipun [campuh...]

--- 1513 ---

[...ipun] tansah dhêsêg-dhinêsêg, nandhakakên bilih sami santosanipun, malah tumrap Jêpan, ing wêkdal punika andhatêngakên wadya wontên ing laladan Syanghai kemawon, tigang prapat yuta. Ing ngriku katingal sapintên wutahing obat mimis tuwin karisakanipun ngrika-ngriki.

Ingkang makatên punika tumraping nagari ingkang sami paprangan lajêng sami ngêdalakên waragad ingkang kenging dipun wastani tanpa wicalan kathahipun, saha botên sande tamtu sami nandhang sambutan. Miturut pangrantamipun Jêpan, sagêd ugi badhe gadhah sambutan ngantos 40 milyar yèn, ing sapunika sampun gadhah sambutan kiwa têngênipun 14 milyar yèn. Măngka manawi mirid kawontênaning pamêdal, tumrap Jêpan ing dalêm sataun wontên 10 milyar yèn, dados mênggahing pangrantam, Jêpan taksih sagêd pados sambutan ngantos tikêl kaping sakawan, inggih punika 40 milyar yèn.

Miturut wawasan ahla[1] militèr băngsa ngamănca, panganggenipun obat mimis wadya Jêpan sagêd ngantos tikêl kaping sadasanipun wadya Tiongkok, dados waragadipun inggih badhe tikêl sadasa kathahipun, tinimbang wadya Tiongkok.

Inggih lêrês Jêpan sampun anggadhahi pabrik-pabrik piyambak kangge kabêtahan punika, nanging botên anggadhahi badhenipun, punika ugi andadosakên indhaking waragad, ngungkuli waragading wadya ingkang tumindak ing damêl.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, saupami paprangan punika botên kèndêl, asor unggulipun kantun gumantung dhatêng sintên ingkang kuwawi nyanggi bot-repotipun. Măngka miturut rêraosan, saupami wadya Tiongkok ingkang dipun senapatèni Syang Kai Sèk kawon, punika niyatipun băngsa Tionghwa lajêng badhe santun tandang ngangge bêbadan Komunis.

Saupami kalampahan makatên, pinanggihipun tamtu badhe saya rame, awit tumraping nagari-nagari sanès, lajêng nyamarakên dhatêng Ruslan, botên sande Ruslan tamtu angêmori dadêl[2] punika kanthi blak-blakan.

Kadospundi kawusananipun, dèrèng katingal.

Wara-wara

Ngaturi uninga, bab anggènipun Bale Pustaka badhe ngaturi bêbingah dhatêng para lêngganan Kajawèn, awarni gambaripun Prabu Erlangga tuwin Hayam Wuruk, kadosdene ingkang sampun kapacak ing Kajawèn nomêr 90, punika kalampahanipun dèrèng sagêd sapunika, nanging benjing akiring wulan Dhesèmbêr utawi awal Januari 1938. Mila makatên, awit samangke dèrèng sagêd ngintên-intên, sapintên cacahing lêngganan ingkang kêdah nampi bêbingah wau. Măngka lugunipun bêbingah wau sapunika sawêg kagarap.

Amila murih botên adamêl kapitunanipun ngrika-ngriki, mugi para ingkang kagungan wêwênang nampi, kêparênga nyarantosakên rumiyin.

Administrasi.

--- 1514 ---

Cariyos Kina

Sajarah dhatêng pasareyanipun Kyai Agêng Ngliman (Liman)

Ing dhusun Ngliman, ondêr dhistrik Sawahan, Kabupatèn Nganjuk, paresidhenan Kêdhiri, wontên pasareyan kina kalih panggenan ingkang èdi sangêt, sarta kapundhi-pundhi dening tiyang ing pundi-pundi panggenan, langkung malih dening têtiyang ing satêpis-iringing paresidhenan Kêdhiri. Dhusun Ngliman punika kaprênah wontên ing èrèng-èrèng rêdi Wilis sisih lèr wetan, gandhèng kalihan Rêdi Klothok. Wondene pranatan sajarah dhatêng ngriku punika kados kasêbut ngandhap punika:

Ing wulan Sura, wiwit tanggal 1 dumugi tanggal 14 têtiyang sawêg kenging sowan dhatêng pasareyan wau, wulan sanèsipun botên kenging. Ing dintên tanggal kasêbut nginggil, têtiyang sami lumampah dharat wiwit saking griyanipun piyambak dumugi ing pasareyan wau. Măngka pasareyan wau têbihipun saking kitha Nganjuk watawis 14 km. Tumrap pamanggihipun têtiyang ing ngriku ingkang anggadhahi kapitadosan gugon tuhon, manawi badhe sajarah mriku, măngka sarana nênumpak, punika botên badhe kabul sêdyanipun.

Untabipun têtiyang kathah lampahipun kados arak-arakan, sapinggiring margi wiwit saking dhusun Campaka sêsak uyêl-uyêlan, wontên ingkang mikul uwos, wontên ingkang nyangking buntêlan roti, sêkar borèh, ulam punapadene sanès-sanèsipun. Barang-barang sadaya wau minăngka pisungsung dhatêng Kyai Agêng, katampèkakên dhatêng kêpala dhusun ing ngriku. Ramening tiyang jam 12 dalu, nanging ingkang sakalangkung rame inggih punika ing tanggal 12-14. Ing wêkdal wau kêpala dhusun Ngliman amrêlokakên anyadhiyani têtêdhan dhatêng sakathahing para tamu ingkang sami sajarah, punapadene wêkdal amulyakakên kyai agêng. Kêpala dhusun wau amragad lêmbu ngantos 3-4, ing griyanipun kêbak têtiyang kathah. Sadèrèngipun têtiyang wau sami ngaso, botên kakengingakên lumêbêt ing pasareyan.

Têtiyang wau sami nyarantosakên dumugi tanggal 14 Sura kasêbut nginggil, awit sumêdya badhe ningali sakathahing pusaka ingkang badhe kasiraman toya layon ing tanggal 14 lêrês (purnamasidhi, ing wanci jam 12 dalu).

Pusaka-pusaka wau awarni: dhuwung, tamèng, songsong, caluk, têkên, dandang, kêndhil têmbagi lan warni-warni malih. Dene pusaka sadaya wau kagunganipun suwargi Kyai Agêng Ngliman.

Sasampunipun têtiyang sami ngaso sawatawis dangunipun, lajêng sami tumut dhatêng salah satunggiling tiyang ingkang kapatah dados pangajênging lampah, prêlu têdah margi. Lampahipun têtiyang wau mawi pranatan, inggih punika ingkang ngajêng piyambak juru têdah margi, wingkingipun têtiyang èstri, wingkingipun malih têtiyang jalêr. Sarêng lampahipun têtiyang wau sampun dumugi trap (tlundhagan) satunggal, inggih punika banciking [ba...]

--- 1515 ---

[...nciking] margi ingkang dhatêng pasareyan, têtiyang wau sadaya kèndêl, juru pitêdah margi lumêbêt, ngaturi sumêrêp dhatêng juru kunci. Ing sawatawis dangunipun, juru pitêdah margi lajêng angawe dhatêng têtiyang ingkang sami kèndêl wau, kapurih nglajêngakên lampahipun. Sarêng dumugi ing tlundhag ingkang nginggil piyambak lajêng kèndêl malih. Tlundhag punika minggah mandhap, têbihipun watawis 150 m. Sakiwa têngênipun, tlundhag wau katanêman sêsêkaran warni-warni, sêsawanganipun asri, botên beda kadosdene patamanan, botên ngintên bilih pasareyan.

[Iklan]

Ing sasampunipun têtiyang wau sami kèndêl ngaso sawatawis dangu, juru kunci lajêng pitakèn: punapa prêlunipun dene sami sowan. Têtiyang sami mangsuli asaur-pêksi: nyuwun wilujêng, panjang umur, lan sanès-sanèsipun. Sasampunipun juru kunci lajêng anampèni sêkar bêktanipun têtiyang wau sadaya, lajêng kasawurakên ing salêbêtipun pasareyan.

Kathah tiyang-tiyang ingkang sami ajrih botên purun lumêbêt. Kula dalah kănca tiyang 6 mrêlokakên lumêbêt sowan, lan prêlu badhe kêpengin sumêrêp kadospundi kawontênanipun. Nanging sakănca kula sadaya kapambêngan dening juru kunci, kapurih kèndêl wontên lambening kori pasareyan. Saking ngriku katingal sawatawis, nanging têrang bilih ing nglêbêt pasareyan ngriku sae sangêt.

Badhe kasambêtan

R. Sumarya.

--- 1516 ---

Lare-lare Wuta ing Bandhung

[Grafik]

Lare-lare wuta jalêr èstri ing pamiyaran tiyang wuta ing Bandhung nuju sinau nyêrat lan maos, anggèning nyêrat tuwin maos wau mawi aksara ingkang kadamêl ambarênjul, wujuding aksara tuwin ăngka-ăngka kados ingkang kacêtha ing gambar awujud cêcêg-cêcêg.

--- 1517 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Agami Jawi-Sunda. Sampun dangu ing Cigugur, Kuningan, wontên gêgolonganing tiyang ingkang ngrasuk agami ingkang dipun wastani Jawa-Sunda, ingkang dados pangajêng nama Madrais inggih jêjuluk Pangeran Madrais. Cara kados makatên punika kathah ingkang ngênut, ngantos tumular dhatêng Cirêbon, Majalêngka, Ciamis, Bandung tuwin sanès-sanèsipun. Nanging dangu-dangu pakêmpalan wau lajêng saya sirêp. Malah ing sapunika wontên wartos têtiyangipun sampun sami èngêt saha lajêng ngrasuk agami Islam, kados ingkang sampun dipun lampahi ingajêng.

Ambêbujêng banthèng ing Garut. Ing bab ambêbujêng banthèng ing pasisir kidul tanah Jawi katingal taksih kathah ingkang migatosakên. Nanging ingkang ambêbujêng wau sami tiyang ahli ambêbujêng. Malah wontên ingkang mêntas ambêbujêng, bangsa Walandi saking Bandung, dhatêng Garut sisih kidul, dhatêngipun ingriku mawi numpak motor mabur. Miturut pranatan, tumrap anyanjata banthèng punika sabên banthèng 2 ambayar f 100.-.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan M. Hoedojo alias Tirtohadisoebroto, asistèn wêdana paresidhenan Malang, dados wêdana ing Magêtan, kabupatèn Magêtan, paresidhenan Madiun. Sastrowinangoen, mantri pulisi klas 1 paresidhenan Surabaya, dados asistèn wêdana klas 2 ing paresidhenan Kêdiri.

Utusan P.G.B. dhatêng nagari Walandi. Miturut rêmbaging congres P.G.B. ing Pêkalongan, badhe ngawontênakên utusan dhatêng nagari Walandi, pêrlu badhe ngusulakên ing bab balanja.

Tiwas jalaran kêluwèn. Pastur A.J. van Rossum, nalika nuju malampah wontên ing wêwêngkon Sungai Mahakam, Banjarmasin, kêsasar ing lampah ngantos 22 dintên, namung ubêngan wontên ing wêwêngkon ngriku kemawon. Ingriku lajêng dados padosaning tiyang kathah tuwin militèr, nanging tanpa damêl. Wusana lajêng dipun panggih ing tiyang bangsa Bugis, tuwan pastur sampun tanpa daya. Ing salêbêtipun kalih dintên ingkang wêkasan, namung nêdha ulam mêntah alit-alit kalih. Sasampunipun kabêkta dhatêng griya sakit ing Banjarmasin lajêng dumugi ing tiwas jalaran sampun botên gadhah kêkiyatan, tuwin jalaran kêtaman ing sêsakit typhus tuwin malaria.

Arta talèn tuwin kêthip enggal. Kasêbut ing wêwahan rantaman Nagari taun 1937 nêtêpakên damêl arta talèn tuwin kêthipan enggal rêrêgèn f 2.000.000.-, tuwin ing salêbêtipun taun 1938 badhe anggiyarakên arta kêthipan tigang yuta iji, dene tumrap arta talèn ugi tumuntên kakintunakên dhatêng tanah ngriki.

Mèh kêtiwasan jalaran pados susuh sêndawa. Wontên tiyang kalih saking Bêtawi badhe pados susuh sêndawa dhatêng Segalaherang-Lembang laladan Bandung. Sarèhning panggenan ingkang dipun purugi punika sakalangkung sungil tuwin dèrèng kasumêrêpan cêtha panggenanipun, tiyang kalih wau sampun mirantos sangu têdha sêkul aking kangge sawatawis dintên. Wusana tiyang kalih wau lampahipun kêsasar-sasar tuwin botên sagêd manggihakên papaning pêksi lawèt, malah nalika badhe malêbêt ing guwa mirêng suwara anggêrêng, ingkang kakintên suwaraning sawêr agêng. Sarêng lampahipun sampun nêm dintên sawêg sagêd manggih margi saha lajêng sagêd wangsul dhatêng dhusun ingkang dipun jujug ingajêng, badanipun sampun sakalangkung kêra, amargi sampun kawan dintên namung nadha[3] gêgodhongan tuwin têtêdhan sakapanggihipun.

Paargyan padvinder ing Malang. Anyarêngi wartos ing bab jumênêngipun Prins Bernhard dados Koninklijke Commissaris Padvinderij ing nagari Walandi, para padvinder ing Malang lajêng ngawontênakên baris dalu mawi obor kairing ing musik militèr langkung sangajêng dalêm paresidhenan, ingkang wigatosipun maargya dhatêng ingkang nêmbe jumênêng wau.

Haji R. Mustapha. Sampun sawatawis dangu botên wontên wartos ing bab kawontênanipun Haji R. Mustapha, satunggiling padvinder ingkang angubêni jagad. Ing sapunika wontên wartos, tuwan wau ing sapunika wontên Weenen, sawêg nêngah-nêngahi nyinau ing bab babagan jurnalis tuwin babagan padamêlan pangêcapan, saha kadosdene nyambutdamêl wontên satunggiling kantor pangêcapan.

Pagantosan ing Jawi-Wetan saya majêng. Jalaran saking saya majênging pagantosan ing Jawi-Wetan, ing sapunika pêrlu badhe mêwahi punggawa 300, mêndhêt lare wêdalan H.I.S. utawi ingkang dipun samèkakên, umuripun botên kenging kirang saking 18 taun, botên kenging langkung saking 22 taun. Tumrap ingkang badhe gadhah panyuwun kêdah sowan piyambak dhatêng Inspectie kantor Pandhuisdienst 3e afdeeling ing Gressee Weg Surabaya kanthi ambêkta sêrat katrangan saking pulisi ingkang ambawahakên.

Pindhahan ondervoorzitter Landraad. R. Sahrib, onder voorzitter Landraad Bêtawi tuwin Tangêrang, kaingsêr dados ondervoorzitter landraad ing Bandung tuwin Sumedang.

Toko Jêpan ngangge zender pêtêng. Wontên wartos, ing wêkdal punika ing Surabaya sawêg rame dados rêraosan, bilih wontên satunggiling toko Jêpan ingkang kapetang agêng nggadhahi radio-zendstation pêtêng. Bab wau sagêd kasumêrêpan dening satunggiling punggawa gemeente ingkang nuju ndandosi margi wontên sacêlakipun ngriku, sumêrêp wontên kawat salêbêting siti malêbêt dhatêng toko wau. Salajêngipun P.I.D. lajêng nindakakên papriksan, saha nyumêrêpi nyata ingriku wontên radionzendstation pêtêng. Miturut katrangan saking juru jagi toko wau, sabên jam 12 dirêkturing toko dhatêng ingriku ngantos jam 1 dalu, nanging botên sagêd mratelakakên dhatêngipun ngriku pêrlu punapa. Ing sapunika taksih dados papriksan.

Panèn ingkang botên sagêd kêdadosan. Ing mangsa panenan punika ing bawah Bojonêgoro tuwin Lamongan sami botên kêdadosan. Dumugi sapunika têtiyang ingriku sampun angsal pitulungan saking Parentah kintên-kintên f 130.000.-. Salajêngipun nyuwun pitulungan malih f 18.000.- ingkang Departemen van Economische Zaken sampun nimbang marêngakên. Malah miturut taksiran, kapitunan wau badhe nêlasakên waragad kalih ton. Pitulungan wau badhe kangge tumbas wiji pantun utawi jagung. Kapitunanipun wau jalaran saking malesat-malèsèting mangsa.

Waragad nanggulangi sêsakit malaria ing Cianjur. Miturut pèngêtan ing provincie Jawi-Kilèn wontên sadhiyan arta f 28.000.- kangge ambiyantu ananaggulangi[4] sêsakit malaria ing Cianjur. Ing wêkdal punika sampun katingal bab kawontênanipun sabin ingkang sampun dipun ndandosi sae saha andadosakên kasarasan, kados ta ing Cianjur, Pacêt tuwin Ciranjang. Kajawi punika, dokter ingriku katingal mêmpêng anggèning ngawontênakên cathêtan bab lare-lare ingkang sami sakit.

Audientie. Benjing ing dintên Rêbo tanggal 19 Januari 1938 wanci jam 9 enjing, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ngawontênakên audientie wontên ing Pura Koningsplein. Sintên ingkang badhe gadhah pêrlu, supados macak atur kawrat ing sêrat ing sadèrèngipun tanggal 12 Januari 1938 dhatêng Ajudant van Dienst ing Bogor, kanthi amratelakakên nama, panggenan punapadene pêrlunipun.

--- 1518 ---

Kenging racun ulam. Ing Boom lami, Sêmarang, wontên juru misaya ulam saking Dêmak, bapa kalihan anakipun kalih, sami sakit jalaran mêntas sami nêdha tigan mimi, lajêng sami kabêkta dhatêng C.B.Z. Salajêngipun ingkang satunggal kêlajêng tiwas.

Congres Inlandsche Politie Bond. Benjing tanggal 18-19 tuwin 20 December punika I.P.B. badhe ngawontênakên congres manggèn ing Surabaya. Tumrap waragad ingkang kangge andhatêngakên warga saking sajawining kitha dipun sadhiyani arta f 2500.-

[Grafik]

Pabrik tênun "Shamsoeddin". Kados ingkang sampun kasumêrêpan punapadene sumêbar ing pundi-pundi, bilih ing Cirêbon wontên salah satunggiling pabrik tênun gadhahanipun tuwan Shamsoeddin, inginggil punika ngêwrat gambaripun ing salah satunggaling perangan inglêbêt pabrik wau.

Tanêman gadhu ing Dêmak pinanggih sae. Ing Dêmak kawontênakên tanêman gadhu minangka cobèn-cobèn, pinanggihipun langkung sae, ing dalêm sabau sagêd mêdal 40 dumugi 50 pikul, dene rêginipun ing dalêm sapikul f 1.30 dumugi f 1.80. Panenan pantun punika kenging kangge lêlintuning kirangipun pamêdal kapas. Epahan kuli ing sapunika antawising 15 dumugi 20 sèn sakintên. Epahan samantên punika sampun kapetang mindhak tinimbang padatan.

Rupèlin ing Cirêbon. Awit saking rêrigênipun bestuur Parindra ing Cirêbon, ambudidaya murih ingriku kawontênakên pang Rupèlin, saha bab punika sampun kalampahan dipun sayogyani dening pangajêng Ropèlin ing Surabaya. Wontênipun makatên pancèn sampun dangu ingriku kamanah pêrlu wontên wêwakil Rupèlin wau, amargi kêtingal gênging kabêtahanipun babagan punika.

Muhammadiyah ing Ngayogya ngurmati panjênênganipun tuwan Gobee. H.B. Muhammadiyah ing Ngayogya mêntas ngaturi panjênênganipun tuwan Gobee, pêrlu ngaturakên panuwun dhatêng panjênênganipun bab anggèning sampun kathah pitulunganipun tumrap dhatêng Muhammadiyah, saha ngaturakên kasugêngan anggèning badhe kundur dhatêng nagari Walandi. Bab punika sampun kalampahan, tuwan Gobee rawuh ing Ngayogya dipun paargya ing sapêrlunipun saha dipun aturi tandha pangèngêt-èngêt.

Rajapêjah ingkang sampun wolung taun kadêngangan. Ing dhusun Gêmênggêng, ondêr distrik Pacee, Nganjuk, wontên tiyang dhudhuk-dhudhuk siti manggih lumpang kajêng, ing sangandhaping lumpang wau pinanggih wontên balungipun tiyang. Sarêng bab punika dipun titipriksa, lajêng kasumêrêpan bilih punika balunging tiyang ingkang sampun wolung taun anggèning pêjah jalaran dipun pêjahi ing tiyang. Salajêngipun pulisi angsal katrangan saha tiyangipun ingkang anglampahi kalêpatan sampun ngakên.

Boyongan saking tanah Jawi. Benjing salêbêtipun wulan Februari 1938 badhe wontên têtiyang boyongan saking tanah Jawi dhatêng tanah sabrang cacah 5000, sami dhatêng Lampung. Ing wulan April 1000 kulawarga tuwin ing wulan Juni 500 kulawarga, sami dhatêng Palembang. Ing wulan Juli wontên ingkang kaangkatakên dhatêng Sêlêbês 1700.

Angsal-angsalanipun Pakaryan Post. Angsal-angsalanipun Pakaryan Post wiwit wulan Januari dumugi October 1937, tumrap post f 10.830.559.-, telegram f 4.025.448.-, telefon f 6.258.382.-. Tumrap pêpetangan makatên ing taun kêpêngkêr, post f 10.296.757.- telegram f 3.630.560, telefon f 5.706.728.-.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah, M. Mohamad Noerwi, asistèn wêdana ing Limbangan, distrik Boja, kabupatèn Kendal, paresidhenan Sêmarang, dados asistèn wêdana pulisi ing kitha Sêmarang. M. Danar, Aib. nindakakên padamêlan mantri veldpolitie, dados asistèn wêdana paresidenan Sêmarang.

NAGARI WALANDI

Telefoon saking nagari Walandi dhatêng Malaka. Miturut wartos, wiwit tanggal 1 December punika wontên bikakan sêsambêtanipun radio-telefonisch saking nagari Walandi dhatêng Malaka. Ingkang dipun angge miturut lampah Amsterdam-Bandung tuwin Bandung-Kualalumpur. Waragadipun ing dalêm tigang mênit f 36.-

Kapal kandhas. Kapal mail gadhahanipun Mij. Zeeland nama Prinses Juliana kandhas wontên sacêlakipun Cadzand, jalaran saking kandêling pêdhut. Ingriku kêpêksa andhatêngakên kapal kangge têtulung. Bêbaya botên wontên, saha kakintun botên pêrlu kapitulungan ing kapal sanès sampun sagêd uwal piyambak.

EROPA

Jendral ingkang dipun cêpêng. Ing bab wontêning ebah-ebahan ing Prancis saya pinanggih rame. Satunggaling jendral nama Duseigneur, ingkang rumiyin nate nglampahi dados minister babagan anggêgana, dipun cêpêng ing pulisi saha griyanipun dipun gledhah, amargi kadakwa ngêdêgakên pakêmpalan ingkang nêdya nêrak anggêr-anggêripun Nagari, tuwin wontên tiyang sanèsipun malih ing golongan katingal ingkang dipun cêpêng. Mênggah pakêmpalan wau sajatosipun nama C.S.A.R. saking ringkêsaning nama Comite Secret Action Revolutionnaire. Pakêmpalan wau ugi gadhah sêdya nênarik têtiyang siti ing Afrika-Lèr, ingkang katindakakên dening golongan militèr.

Anggènipun nyarèkakên layonipun Mc. Donald. Ing tanggal 25 November kêpêngkêr, layonipun Mc. Donald ingkang dipun bêkta ing kapal pêrang Apollo sampun dumugi ing Devonport, dipun hurmati dening wadya lautan 100. Layon dipun andhapakên dening matroos 8, lajêng kainggahakên ing gêrbong ingkang sampun dipun sadhiyakakên. Layon lajêng kajujugakên ing Westminster Abbey. Hertog Gloucester rawuh ingriku minangka wêwakil nata Inggris.

AMERIKA

Pakèwêd ing salêbêtipun pabrik waja. Jalaran saking mandhaping panggaotan waja, pabrik kêpêksa ngirangi wancining nyambutdamêl têtiyang cacah 500.000. Kawontênan ingkang kados makatên punika lajêng nuwuhakên raos botên sakeca.

ASIA

Bab prahara ing Philippina. Sampun sawatawis dintên, ing Manila katrajang ing prahara ing dalêm saminggu kaping kalih, ingkang kêtênggêl ing pulo Visayani, adamêl tiwasing tiyang 125. Miturut wartos rikating lampahipun angin, ing dalêm saêjam 160 km. adamêl kapitunan 800.000 pond sterling. Ing satunggiling pulo kemawon wontên griya ambruk ngantos 10.000.

--- 1519 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya

30

Ing batos, Ilya anggraita makatên: He, têka anèh bangêt, ana satriya nunggang jaran kathik kêturon. Geneya têka ora ngaso ana ing pakuwone, yèn pancèn ngrasa sayah. Kira-kirane iki dudu satriya băngsa Rus, nanging wong mănca.

Ing kala punika manahipun inggih lajêng kêmropok kapengin apêrang tandhing ijèn sami ijèn kalihan satriya numpak kapal ingkang agêngipun tanpa tandhing punika. Ilya lajêng nyêmêthi kapalipun sarana cêmêthi sakiyatipun sêdya nusul lampahipun satriya mănca wau. Sakêdhap kemawon Ilya inggih lajêng sampun sagêd anututi, sarta lajêng asêsumbar ngajak apêrang tandhing. Nanging satriya rasêksa botên tangi saking anggènipun tilêm, dene kapal ingkang dipun tumpaki lumpah[5] têrus. Panantangipun Ilya ngantos dipun ambali kaping kalih kaping tiga, nanging tanpa dipun wangsuli. Ingkang makatên wau andadosakên nêpsunipun Ilya, awit angrumaosi manawi panantangipun botên dipun rèwès babarpisan. Salajêngipun, Ilya nuntên nyandhak gadanipun sarta kadhawahakên ing baunipun kiwa satriya rasêksa botên kenging botên têmtu pêjah. Nanging kawontênanipun botên makatên. Satriya rasêksa botên dhawah saking kapalipun, nanging malah taksih têrus tilêm.

Ilya lajêng angudaraos makatên: He, anèh bangêt. Sapa sing nyana dene ana satriya tak tibani gada ora tiba saka ing jarane. Jajal tak cobane sapisan êngkas.

Kapalipun Ilya lajêng kaundurakên sawatawis, salajêngipun nuntên kabandhangakên sakiyatipun anututi lampahipun satriya rasêksa wau. Sarêng sampun cakêt, lajêng dipun ancang-ancangi gada kadhawahakên sakiyatipun dhatêng badanipun satriya rasêksa wau. Pangrahipun[6] Ilya, satriya rasêksa samangke botên kenging botên têmtu dhawah ing siti. Nanging nyatanipun, kapalipun taksih lumampah têrus, lan satriya rasêksa taksih têrus numpak, tur inggih taksih têrus tilêm. Dados dhawahing gada ingkang samantên soranipun wau, ing sêmu botên wontên dayanipun babarpisan tumrap satriya rasêksa punika.

Ilya anggraita malih: E, ladalah, sêmune anggonku nibakake gada iki kurang sêru. Jajal tak kaping têlune, yèn pancèn mêksa ora pasah, êmbuh mêngko kapriye kadadeyane.

Ilya nuntên anyêmêthi kapalipun sora sangêt, ngantos kapalipun angadêg mêncolot nututi satriya rasêksa, sarêng sampun katututan malih, gada lajêng kadhawahakên sarosanipun, ngantos prasaksat adamêl orêging rêdi-rêdi ing sakiwa-têngênipun ngriku. Ing kala punika satriya rasêksa anglilir saking anggènipun tilêm, ngucêk-ucêk mripatipun, saha lajêng awicantên makatên:

Tobat, tobat, panyokote lêmut ing Ruslan iki kok iya lara.

Sasampunipun wicantên makatên wau, satriya rasêksa lajêng nyandhak Ilya tuwin kapalipun sarta lajêng kalêbêtakên kanthongipun. Sasampunipun makatên, botên watawis dangu satriya rasêksa mêrêm malih mripatipun, lan salajêngipun kalihan tilêm, anglajêngakên lampah tanpa mandhap saking kapalipun. Sarêng lampahipun sampun sadintên sadalu, ing sêmu kapalipun sampun botên kiyat malih, ing wusana kêsandhung saha lajêng dhawah ing siti. Satriya rasêksa gregah tangi, nyandhak cêmêthinipun, anyabêt kapal sarwi awicantên sêmu nêpsu makatên:

He, geneya kowe têka tiba, apa kowe wis kaplak bangêt, nganti ora kuwat tak tunggangi. Apa kowe wêruh bêbaya kang ngancam nyang awakmu, nganti kowe banjur kasandhung lan tiba, ayo tumuli kăndhaa nyang aku.

Botên beda kadosdene suwaraning jalma manusa, kapal amangsuli makatên:

Kadospundi anggèn kula botên lajêng kasandhung, ingatasipun mêntas lumampah ingkang sakalangkung sayah makatên, salami-laminipun kula namung anggendhong panjênêngan piyambak, nanging sampun kalih dintên punika, kula kêpêksa kêdah anggendhong satriya kalih ingkang sami santosa-santosa, kawêwahan kapal satunggal malih. Măngka kula aturi amanggalih piyambak, punapa inggih adil, dene kula kamomotan ingkang samantên awratipun punika, kathik kawêwahan kanthi dipun gêbagi.

Sakala punika satriya rasêksa kemutan dhatêng punapa ingkang sampun kalampahan kala kalih dintên ingkang sampun kapêngkêr. Ilya tuwin kapalipun lajêng kapêndhêt saking kanthonganipun, kaglethakakên ing siti sarta lajêng dipun pitakèni makatên: he, satriya, sapa aranmu, têka kowe wani-wani anêmpuh nyang wong kaya aku.

Ilya amangsuli: yèn kowe takon nyang aku, aku iki satriya saka ing praja Ruslan, papan padununganaku ing Kiyèp, kutha karajaning praja kono. Dene jênêngku: Ilya. Têkaku ing kene iki, kautus ing Prabu Wladhimir, andikakake anêksèni apa nyata, yèn Swatogor iku isih urip. Yèn pancèn isih

--- 1520 ---

urip, geneya nganti tumêkane saiki mung ana ing gunung Kramat kene bae, sarta ora gêlêm mêdhun ana ing praja Ruslan, awit saupama nganti gêlêma ana ing Ruslan, tak pêsthèkakê yèn para kawula ing Ruslan mêsthi bakal ngaji-aji nyang dhèwèke. Wis sawatara minggu anggonku anggolèki Swatogor, lan gunung Kramat iki kêna tak arani wis kêmput anggonku ngubêngi, ewasamono aku mêksa durung bisa katêmu karo Swatogor.

Satriya rasêksa amangsuli: Bangêt andadèkake bungahku, Ilya, dene kowe wis amrêlokake anggolèki satriya kang aran Swatogor. Mungguh sanyatane kowe ora prêlu anggolèki adoh-adoh, sabab wong kang jênêng Swatogor iku saikine ngadêg ana ngarêpanmu. Sanyatane iya aku iki sing jênêng Swatogor. Sabênêre mono aku kêpengin bangêt bisa mudhun ana ing praja Ruslan manèh, prêlu arêp anyatakake kaanane para satriya lan para prajurit ing saiki, apa iya isih padha kêndêl lan prawira kayadene ing jaman biyèn-biyèn. Nanging emane dening ingkang Murbèng Kawasa aku ora kaparêng ngambah ing praja Ruslan manèh, kajaba kudu ngêmungake têtêp ana ing gunung Kramat bae. O, Ilya, mendah kaya ngapa bungahku saupama kowe gêlêm têrus ana ing kene bae, dadi sadulurku lanang, aku kang dadi sadulurmu tuwa, kowe kang anom.

Ilya anyagahi. Salajêngipun satriya kêkalih wau lajêng sami lêlintonan kris tăndha tiyang agami sarta sami prasêtya, salami-laminipun nêdya tulung-tinulung, miturut cara-caranipun têtiyang ingkang sadhèrèkan sinarawèdi manut dhasaring agami ingkang dipun rungkêbi, ing ngriki wontên bedanipun sakêdhik, tiyang kalih wau botên rêrangkulan. Jalaranipun botên sanès, awit badanipun Swatogor punika sakalangkung agêng, ingkang anjalari Ilya botên sagêd dumugi saupamia badhe angrangkul. Sasampunipun rampung anggènipun sami nindakakên tatacara ingkang makatên wau, kalih-kalihipun lajêng sami anglajêngakên lampahipun, têtêgaran mêdal ing perengan ingkang julêg-julêg, anglumpati jurang ingkang lêbêt-lêbêt, tuwin angambah margi ing sangandhapipun wit-witan ingkang kawak-kawak. Sarêng lampahipun wau sampun sawatawis dangu, lajêng dumugi ing margi ingkang mêdal ing antawisipun rêdi kalih ingkang andêdêr, sarta ingkang lampahipun tansah menggak-menggok. Sarêng lampahipun wau dumugi ing tegongan, ing ngriku ujug-ujug wontên barang ingkang sayêktos nganèh-anèhi, inggih punika: wontên satunggiling trêbêla agêng sangêt malang ing têngah-têngahing margi, ingkang rinêngga-rêngga ing mas tuwin salaka, sarta wontên tutupipun ingkang mawi irah-irahan sêratan salaka. Mênggah ungêling irah-irahan wau makatên: trêbêla iki kanggo papane wong kang srêg manggon ana ing kene. Kanthi gumun Swatogor lajêng nyawang dhatêng trêbêla wau, awit piyambakipun sampun wongsal-wangsul ngambah margi punika, nanging salaminipun dèrèng nate amrangguli trêbêla wau. Amila piyambakipun lajêng wicantên dhatêng Ilya makatên:

He, sadulurku nom, coba kowe turona ana ing trêbêla iki. Prêlu kanggo ngyêktèkake, apa trêbêla iki kanggo madhahi kowe, yèn ing besuk kowe tumêka ing pati.

Ilya enggal-enggal mandhap saking kapal saha lajêng tilêman wontên ing trêbêla ngriku. Nanging tumraping Ilya trêbêla wau kêpanjangên tuwin kêwiyarên. Salajêngipun Swatogor nuntên cariyos makatên:

Ora, adhiku, trêbêla iki ora kanggo kowe, dadi saupama kowe mati ora bakal dipêndhêm nganggo trêbêla iki. Saikine aku kang arêp têturon ana ing sajêrone trêbêla kiyi. Jajal tak nyatakne, apa trêbêla iki pancèn kanggo aku.

Swatogor lajêng mandhap saking kapal saha lajêng mapan tilêman wontên ing salêbêtipun trêbêla ngriku. Wontênipun trêbêla kadosdene pancèn dipun damêl kangge Swatogor, awit tumraping Swatogor pancèn inggih srêg sayêktos. Salajêngipun Swatogor cariyos makatên:

Sêmune anggone yasa trêbêla iki mula pancèn iya kanggo aku. Sajake têka kêpenak têmên manggon lan ngaso ana ing sajêrone trêbêla iki. Jajal, adhiku Ilya, tutup trêbêla kuwi angkatên, sarta banjur tutupna ing kene.

Nanging Ilya botên purun mituruti pakènipun Swatogor sarta lajêng amangsuli makatên: Kakang Swatogor, sapisan iki aku êmoh miturut pakonmu, iya iku nutup trêbêla iki, sajrone kakang isih turon ing kono.

Swatogor botên ngucap punapa-punapa. Piyambakipun piyambak lajêng nyandhak tutup wau saha katutupakên ing trêbêla punika. Nanging sarêng tutup wau sampun tumumpang ing trêbêla, sanalika punika kadosdene lajêng nutup piyambak, kêncêng sangêt. Nanging Swatogor tuwin Ilya botên sami sumêrêp dhatêng kadadosan ingkang makatên punika, nanging ing wusana sarêng Swatogor badhe mênyat saking anggènipun tilêman wontên ing salêbêting trêbêla wau, piyambakipun angraos bilih tutup wau, sanadyan kaangkat dening Swatogor sakiyatipun, inggih sampun botên sagêd mênga malih. Swatogor enggal-enggal ngundang Ilya kanthi sêsambat makatên.

Badhe kasambêtan.

--- 185 ---

Nomêr 47, Taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Pamulangan lan lare èstri

Băngsa-băngsa ingkang sampun majêng limrahipun sami ngaosi sangêt dhatêng wontênipun pamulangan, jalaran sami sampun mangrêtos saèstu dhatêng agênging paedahipun.

Pamulangan, kangge papanipun anggêlarakên kawruh warni-warni ingkang botên sakêdhik aosipun. Kangge papanipun mêdharakên panggulawênthah warni-warni ingkang agêng gunanipun.

Pamulangan, pirantos ingkang prêmati piyambak kangge ngajêngakên satunggal-tunggalipun golongan, utawi satunggal-tunggagalipun[7] băngsa. Mila tumrap tiyang ingkang sampun mangrêtos botên mawi wigih-wigih mêksa anak-anakipun supados sami mlêbêt sinau dhatêng pamulangan.

Pamulangan botên namung maedahi dhatêng lare jalêr kemawon, nanging inggih migunani ugi dhatêng lare èstri, jalaran botên namung para lare jalêr kemawon ingkang prêlu majêng, lare èstri samantên ugi. Para lare èstri inggih prêlu sangêt pintêr, prêlu sangêt gadhah kawruh kathah, prêlu sangêt tampi panggulawênthah ingkang lêrês ing sacêkap-cêkapipun. Dhasar mênggahing tujunipun ingkang saèstu pancèn makatên, wontênipun pamulangan ingkang kathah-kathah punika botên namung kangge para lare jalêr kemawon, nanging inggih kangge para lare èstri ugi.

Tumrap băngsa kula Jawi ing saperangan agêng dèrèng sami ngaosi dhatêng pamulangan. Ing sêmu sami botên ngandêl bilih pamulangan dados sumbêripun kawruh warni-warni ingkang migunani. Para têtiyang wau sami botên sagêd nyêrat sarta maos, anak-anakipun sami botên kalêbêtakên sêkolah, sami kaumbar wontên ing griya kemawon utawi kapurih nglampahi salah-satunggalipun padamêlan ingkang kenging winastan: botên wontên kasilipun babarpisan.

Wontên ingkang nêrangakên: Băngsa kula Jawi ingkang sagêd nyêrat tuwin maos namung wontên 8% kemawon. Nitik saking katrangan punika, yèn pancèn lêrês, têtela: băngsa kula Jawi kamajênganipun dèrèng sapintêna, kamajênganipun dèrèng anggadhahi têgês punapa-punapa wontên [wontê...]

--- 186 ---

[...n] ing antawising băngsa sanès-sanèsipun ingkang sampun nama sami majêng saèstu.

Langkung-langkung tumrap anak-anak èstri, wontên ingkang gadhah pamanggih, bilih sampun sagêd maos utawi nyêrat sawatawis, sampun kaanggêp cêkap, botên prêlu kasêkolahakên pintêr-wintêr.[8] Anggêr wontên ing griya sampun sagêd olah-olah.

Ingkang sawênèh botên purun nyêkolahakên anak èstri jalaran gadhah pamanggih: lare èstri ingkang pintêr punika ambêbayani.

Badhe kasambêtan, Murtini.

Rêsèp dhêdhaharan

Bika Ambon

Pathi pohung 1 katos, gêndhis 1 katos, tigan 20, babon (glêpung roti, dhig) panili, toya klapa, santên kalapa 2 iji, kênari, mêrtega.

Pangolahipun: pathi, tigan lan galêpung roti dipun ulèni rumiyin. Lajêng gêndhis, panili, toya klapa lan santên dipun ulèni têrus. Manawi sampun lajêng dipun kèndêlakên sadintên. Salajêngipun dipun pan. Manawi sampun satêngah matêng dipun wur-wuri kênari ing nginggilipun, lan têrus dipun pan samatêngipun.

Widaran banjar

Glêpung cêngkaruk kêtos 1 pon, tigan 10 lan gêndhis 1 cangkir.

Pangolahipun: gêndhis lan tigan dipun ublêk ngantos pêthak, manawi sampun, glêpung kacampurakên. Sasampunipun jaladrèn wau dipun dhêplok ing lumpang ingkang ragi dangu. Manawi sampun dipun cithak lan kawangun warni-warni têrus dipun pan.

Wingka babad

Glêpung kêtos 2 kobokan, tigan 4, gêndhis 1 kobokan, klapa 3 iji, panili 1 sendhok tèh, sarêm 1 sendhok tèh.

Pangolahipun: klapa dipun parud, lajêng dipun campuri tigan, gêndhis, panili lan sarêm. Sadaya wau dipun ulêt têrus kemawon. Lajêng glêpung kacampurakên. Manawi sampun sadaya wau dipun dèkèk ing lèngsèr, têrus dipun pan. Manawi sampun matêng dipun êntas lan dipun asrêpakên, manawi sampun asrêp nuntên dipun irisi.

Wingka babad punika sanajan ngantos saminggu ugi botên punapa-punapa.

Amandhêl kukyês

Amandhêl ½ pon, mêrtega ½ pon, gêndhis ½ pon, glêpung têrigu ½ pon, jênenipun tigan 6, sitrun oli 1 sendhok dhahar.

Pangolahipun: amandhêl dipun rajang lajêng dipun bêbêk kalihan gêndhis. Mêrtega dipun ublêk ngantos pêthak, lajêng jênenipun tigan kalêbêtakên kalih-kalih. Manawi sampun lajêng rajangan amandhêl kalêbêtakên, nuntên sitrun, oli lan galêpungipun. Lajêng dipun cithak lan dipun pan.

Surtinah. Gêdhongan.

--- 187 ---

Linta-lintuning caranipun tiyang nyandhang ngangge

Miturut padatan Jawi kina, kenging dipun wastani nyandhang nganggenipun ajêg, botên purun sontan-santun gagrag, upaminipun rasukan, punika bêdhahanipun sami kemawon, ngantos dumuginipun sapunika kêtêlah dipun wastani rasukan bêdhahan Jawi.

Ing kala băngsa Jawi taksih lugu, rasukan èstri punika tumrap ingkang dipun angge ing tiyang sêpuh utawi anèm, namung kaot, sêpuh tanpa kuthu baru, anèm ngangge. Kajawi punika ugi manut dhêdhasaring rasukan, kêlêm utawi cêmêng tumrap tiyang sêpuh, ingkang madha ulês tuwin mubyar tumrap para anèm. Kajawi tumrap ing tatakrama, upaminipun sowan para agêng tuwin dhatêng ing pasamuwan, punika limrahipun sami mangangge sarwa cêmêng.

[Grafik]

Nanging lampahing jaman sampun botên kenging dipun pambêngi malih, tindak puguh botên badhe ewah punika botên wontên, dangu-dangu inggih lajêng kêdhêsêg, caraning bêdhahan rasukan lajêng santun gagrag kilenan, limrahipun dipun wastani potongan jas. Ing nalika sawêg enggalan, sajak katingal nyalênèh, nanging dangu-dangu, manawi wontên tiyang èstri ngangge rasukan botên makatên, malah gêntos dipun wastani anèh. Gagraging wangun rasukan punika tansah lumintu tanpa kêndhat, punika nandhakakên bilih dados ajênging satunggalipun kagunan, mila inggih lajêng kathah wanita ingkang dipun wastani mumpuni ingatasing damêl rasukan.

Makatên ugi ing bab tataning telad-tinelad, punika pinanggihipun wontên ing jaman sapunika inggih sampun limrah, upaminipun ing satunggiling nagari, têtiyangipun èstri rêmên mangangge sarwa mubyar, punika lajêng santun nelad mangangge kêlêm kados sacaraning nagari ingkang dipun telad. Kosokwangsulipun, têtiyang nagari ingkang rumiyin rêmên ngangge sarwa kêlêm, gêntos rêmên mangangge ingkang sarwa mubyar. Makatên ugi sandhang pangangge sanès-sanèsipun, ingkang bangsaning mas-masan tuwin kêlip-kêlip.

Para maos sagêd nguningani gambaring para kênya ing Minahasah ingkang kacêtha ing nginggil punika, ingkang sarwa rinêngga ing êmas-êmasan. Tumrap ingkang nêmbe uninga tuwin ingkang raos botên cocog, tamtu maoni. Nanging bokmanawi wontên ugi ingkang cocog, trêkadhang malah purun nelad.

--- 188 ---

Sinjang Kêmbang Kênanga

Sinjang kêmbang kênanga punika manawi dipun tingali sabrebetan kadosdene kawung, nanging nyatanipun beda, dene bedanipun wau, pinanggihipun ingkang kangge jêjêr awujut tembokan, sanès malinjonipun, tuwin tembokanipun wau ing sabên saklowongan dipun pêcah, botên blêg, mila ing ngriku katingal bilih sajatosipun sinjang wau latar cêmêng. (Kathah cêmêngipun).

[Grafik]

Sinjang kados makatên punika panyêratipun mawi garisan, kêgolong sêratan ingkang enggal dados. Panyêratipun, sakawit damêl kêlowongan, mangke gathuking kêlowongan lajêng mujudakên mêlinjon. Dadosing sinjang, soganipun pinanggih wontên ing têngah mlinjon, ingkang dipun wastani isèn-isèn: cacah gori, tuwin pinanggihing wêngkuning tembokan. Nanging sajatosipun manawi dipun tingali sabrebetan, cêcêg wau botên patos dipun wigatosakên. Namung tumraping tiyang ingkang nitik awon saening sinjang, punika sagêd angyêtosi saking isèn-isèn, ingkang dipun wastani sawud cêcêg wau.

Sinjang kados makatên punika lênggahipun namung dipun angge ing para sêpuh, tumraping para anèm botên rêmên, jalaran saking anggènipun kirang mubyar. Makatên malih manawi mirid wanguning sêratan, punika namung mathuk dipun angge ing tiyang èstri. Nanging salugunipun raos kados makatên punika dèrèng tamtu sagêd anocogi dhatêng raosing ngakathah. Namung ing ngriku wontên kajêng ingkang miturut raos kina, inggih punika wontênipun tiyang èstri dipun pêpantês ngangge sinjang ingkang kados makatên punika, wosipun kapurih prasaja.

Tumraping para wanita kados sampun botên kêkilapan patraping nyandhang ngangge ingkang angsal laras, ingkang basanipun ngamănca dipun wastani: sêmak, awit saening panyandhang punika botên tamtu jalaran saking sae tuwin mubyar murubing pangangge, trêkadhang namung saking anggènipun sagêd ngêtrapakên gothak-gathuking pangangge wau, upaminipun tapih tuwin rasukan, punika manawi kalêrêsan, damêl ngalelanipun ingkang ngagêm. Upaminipun sinjang kêmbang kênanga punika, dhêdhasaripun latar cêmêng, mathukipun malah dipun ênggèni rasukan ingkang dhêdhasar cêmêng, punika manawi ingkang ngagêm angsal putri ingkang pakulitan jêne, sagêd kalêbêt ing ucap: kaya intên bisa dharat.

Biyang Sri.

[1521]

 


ahli. (kembali)
damêl. (kembali)
nêdha. (kembali)
anênanggulangi. (kembali)
lumampah. (kembali)
Panggraitanipun. (kembali)
satunggal-tunggalipun. (kembali)
pintêr-pintêr. (kembali)