Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 87, Stu, Pn: 25 Ruwah, Ehe 1868, 30 Oktobêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi, Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Pêrang-pêrangan ing Surakarta - Banawi: Silugăngga - Bab Nama-namaning akik - Kawontênan ing Tiongkok - Bab Pahargyan ing Kêbumèn - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Kautamèn

Kautamèn punika limrahipun dipun padosi ing tiyang, awit tabêtipun badhe lêstantun ing salami-laminipun, ngantos dumugining kubur pisan, taksih anggănda ngambar. Mila sintên tiyangipun ingkang botên ngudi dhatêng kautamèn, inggih badhe kapitunan ing salami-laminipun.

Minăngka pangarêm-arêm, tiyang nglampahi kautamèn wontên ing donya, punika badhe dados sangu wontên ing akeratipun. Mila tumrap ingkang kêbuka ing manah, mupung gêsang, prayogi nindakna kautamèn, awit badhe ngundhuh wohing kautamèn ingkang langgêng.

Tiyang nilar nama sae, punika pancèn angèling angèl, mila tiyang sok lumuh anglampahi. Nanging manawi dipun manah panjang, sayêktosipun botên wontên tiyang ingkang botên nêdya lampah sae, sanadyan durjana juti, niyatipun botên sanès inggih saking anggènipun badhe anglampahi sae, tandhanipun anggènipun anglampahi kadurjanan wau inggih prêlu badhe kangge sangu ngêdêgakên gêsangipun.

Nanging tiyang manawi angugêmi tindak kados makatên wau dipun wastani lêrês, nama badhe ngrisak tataning jagad. Namung kosokwangsulipun, tiyang nglampahi awon ingkang kados makatên wau inggih botên kenging dipun têtêpakên awon ing salaminipun, sagêd ugi lajêng pinaringan èngêt, santun ngambah ing kautamèn. Makatên ugi tumraping tiyang ingkang tansah manggèn ing kautamèn, sagêd ugi lajêng santun ngambah ing kanisthan.

Sayêktosipun sadaya wau namung kangge ngasah dhatêng landhêping panggraita, tiyang sampun sok gadhah panganggêp bilih lêlampahan ing donya punika botên sagêd ewah.

Tumraping dêdongengan, punapa wontên tiyang mursal kados tabe-tabe Kangjêng Sunan Kalijaga, ewasamantên icaling mursalipun malah dados wali linangkung.

Bab makatên wau sabên tiyang sampun mangrêtos, malah adhakan ngangge ginêm bab Kangjêng Sunan Kalijaga, badanipun piyambak dipun embakakên, nanging ing kalanipun nuju lampah awon. Bab saenipun mangke rumiyin.

Mila manawi dipun manah panjang, tindakipun Kangjêng Sunan wau pancèn menginakên, dene dèrèng seda kemawon sampun ngraosakên manggèn ing kadhaton kautamèn.

Cêkruktruna.

--- [1362] ---

Pêrang-pêrangan ing Surakarta

Kados ingkang sampun kawartosakên, ing Surakarta mêntas wontên ajar-ajaran pêrang. Ing kala punika Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya Saha Ingkang Wicaksana ugi rawuh mariksani.

[Grafik]

Ingkang kacêtha ing gambar nginggil piyambak: Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya Saha Ingkang Wicaksana lênggah jajar kalihan Jendral Ilgen, Gusti Kangjêng Ratu Êmas tuwin Gusti Kangjêng Ratu Pambayun.

Gambar bundêr sisih têngên: Satunggiling golongan wadyabala ingkang dipun tindhihi dening 2e luitenant S.H. Alkadrie (ing têngah) putranipun Sultan Pontianak.

Gambar ing ngandhap: Krêtêg ing Lèpèn Grogol ingkang dipun damêl dening wadya Genie, rampung salêbêtipun 33 jam. Ingkang saperangan risak dening dhinamit (bundêran), karisakan wau sagêd rampung dipun dandosi sawatawis jam.

Gambar têngah: Para ingkang mriksani pêrang-pêrangan saking krêtêg tosan, mriksani patraping pangrisakipun tuwin anggèning andandosi krêtêg wau.

--- 1363 ---

[Iklan]

Banawi Silugăngga

Kala rumiyinipun, kala Juwana taksih dados kitha kabupatèn, kapetang rame sangêt, plabuhanipun agêng, têtiyangipun kathah ingkang sugih. Ingkang bupati ing ngriku kalangênanipun ringgitan.

Ing satunggaling dintên, nuju malêm Jumuwah, ingkang bupati ngarsakakên ringgitan, ngangge nimbali para priyantun barang. Tiyang ningali tanpa wicalan. Mênggah lampahanipun ringgit: Kăngsa Adu Jago. Sarêng têngah dalu, nêdhêng-nêdhênging ramenipun ringgit, ratunipun baya ingkang ambaurêksa banawi awujud baya pêthak, lajêng manjalma dados manusa, mangangge sarwi cêmêng, mêntas saking banawi, prêlu ningali ringgit, amor kalihan tiyang kathah. Anggènipun ningali kasênêngan, ngantos supe wanci.

Sarêng ngajêngakên bangun enjing, sawêg èngêt, enggal wangsul. Sadumuginipun ing pinggir banawi kagèt sangêt, sabab sampun kathah tiyang, rumaos yèn kamanungsan. Enggal ngundang tukang nambangi, kapurih nyabrangakên. Sarêng dumugi ing satêngah-têngahing banawi, nuntên ambyur, malih dados baya pêthak malih. Tukang nambangi sumêrêp, sangêt ing ajrihipun, baitanipun enggal dipun pinggirakên kalihan andhrêdhêg wel-welan. Sadumuginipun pinggir, nuntên wara-wara punapa ingkang mêntas kalampahan. Sakêdhap kemawon, wartos wau sampun sumêbar dumugi ing pundi-pundi.

Kawontênan wau lajêng dados: ila-ila, ngantos sapriki, manawi têtiyang ing ngriku ringgitan, ajrih mawi lampahan Kăngsa Adu Jago.

Pangantèn enggal dipun gondhol baya.

Kabaripun kala jaman kina, wontên tiyang sakilèn banawi [ba...]

--- 1364 ---

[...nawi] besanan kalihan tiyang wetan banawi, nalika pangantèn dipun undhuh mantu, pangantèn jalêr èstri dalah pangiringipun pisan sami numpak baita. Sarêng dumugi ing têngah-têngahing banawi, pangantèn èstri dipun sarap baya kabêkta amblês ing banawi, ical botên kantênan. Gègèripun tiyang botên kenging winiraos.

Kocapa, pangantèn èstri ingkang ical wau, rumaosipun tumut dhatêng satunggaling jêjaka ingkang bagus sangêt warninipun, sarta griyanipun asri lan endah sangêt. Gumunipun, dene manggèn ing griya ingkang sakalangkung sae, namung kuciwanipun sakêdhik, dene wontênipun ing ngriku wau, kajagi kêncêng, botên kenging mêdal saking griya. Ingkang anjagi wau sadaya tiyang èstri tur sae-sae warninipun. Malah yèn piyambakipun nuju nglongok ing jandhela, sumêrêp tiyang pating blulung, lan nate sumêrêp sanakipun punapa. Nanging sarêng badhe aruh-aruh, enggal dipun cêgah dening ingkang jagi, sarta lajêng kapurih mlêbêt.

Nuju satunggaling dalu, ngajêngakên wanci têngah dalu, têtiyang ingkang sami jagi wau lena, sami tilêm sadaya. Sarêng sumêrêp bilih ingkang jagi sami tilêm, enggal ambikak kori kanthi ngatos-atos sangêt, sampun ngantos kêmirêngan ingkang jagi. Kori sagêd mênga, tanpa wontên tiyang ingkang mirêng, nuntên mêdal. Kadospunapa kagèt tuwin ajrihipun, sabab sarêng nolih, griya agêng ingkang magrong-magrong wau ical sipatipun, ingkang katingal namung ara-ara sapinggiring lèpèn. Saking ajrihipun, nuntên malajêng, mantuk dhatêng griyaning tiyang sêpuhipun.

Kacariyos, saicalipun pangantèn wau, tiyang sêpuhipun susah sangêt, sabab anakipun namung satunggal thil punika. Dumuginipun punika, kalêrês sampun kawan dasa dintên, malah sontênipun wau mêntas wilujêngan ngawan dasa dintên anakipun ingkang kasarap baya wau. Sarêng dalu, watawis têngah dalu, wontên tiyang gugah-gugah. Enggal dipun sapa, ngakên anakipun èstri ingkang mêntas dados pangantèn. Bapakipun saya ajrih, botên purun ngêngakakên kori. Nanging sarèhning anggènipun nêdha kori wau ngasih-asih sangêt, dangu-dangu bapakipun wêlas, kori lajêng kabikak, lare èstri wau enggal lumêbêt. Bapakipun sumêrêp, yèn nyata anakipun, nuntên dipun rangkul, sami tangis-tangisan. Êmbokipun kagèt, lajêng tangi. Tăngga-tăngga ingkang mirêng sami dhatêng ngrubung. Sarêng sampun sami lilih, sami lênggah. Lare èstri nyariyosakên sadaya lêlampahanipun, botên wontên ingkang kêlangkungan. Ingkang mirêngakên sami muji sukur dhatêng Pangeran, dene sagêd wangsul mantuk, sarta sami gumun, mirêng kaelokan ingkang kados makatên wau.

Lêlampahan wau lajêng dados pangèngêt-èngêt ngantos sapriki, yèn tiyang kilèn banawi, botên purun bêbesanan kalihan tiyang wetan banawi. Ingkang makatên wau botên ngêmungakên têtiyang ingkang cêlak banawi kemawon, nanging nglanjak ngantos têbih. Jalaran manut piandêlipun, pangantèn botên kenging nglangkungi banawi Silugăngga, ing sadèrèngipun salapan dintên saking anggènipun dados pangantèn.

Upami wontên ingkang kapêksa, sami mawi ihtiyar: [ihti...]

--- 1365 ---

[...yar:] I. Tumrap tiyang ingkang ringkih, dhawahing damêl nglêmpak dados satunggal, II. Tumrap ingkang birawa, lampahing pangantèn mubêng, nglangkungi Dêmak, Purwadadi, Blora, Rêmbang. Makatên wau sumrambah ing salaladan Pathi.

Alun-alun ing Juwana sagêd mumbul.

Sabên rêndhêng ing Juwana mêsthi kêbênan, botên ngêmungakên pasabinan kemawon ingkang katrajang, malah dumugi pakampungan punapa. Kala rumiyin nate bêna agêng sangêt, têtiyang ingkang griyanipun kêbênan, kathah ingkang sami ngili dhatêng alun-alun, sami angsal cadhong. Wiwit kina mila alun-alun Juwana botên nate kêbênan, sanajan bêna agênga kados punapa. Ingkang makatên wau manut gotèk ing ngriku, yèn sangandhaping alun-alun ing Juwana, kadhatonipun ratuning baya, mila yèn bêna lajêng kaumbulakên. Sapunika wringin kurung.

Tumrap tiyang ing ngriku, manawi badhe nyapih anakipun ingkang taksih nêsêp, wontên ingkang lajêng kabêkta dhatêng alun-alun, sirahipun lare wau katatabakên wringin kurung ing iringan lèr, sarana ngucap punapa pikajêngipun. Limrahipun milih dintên Jumuwah, jam kalih wêlas siyang.

K. 4088, Boen. Sêmarang

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 3661 ing Purwakêr.[1] Kula aturi sarêmbag kalihan priyantun ingkang nomêr lênggananipun panjênêngan gêntosi. Ing Bale Pustaka nomêr punika sampun têlas.

Lêngganan nomêr 488 ing Prambanan. Tumram kuwartal 4 taun punika sakuwartal 1 taun ngajêng.

Lêngganan nomêr 605 ing Sala. Kajawèn nomêr 80 dumugi 83 ingkang panjênêngan tampi kantun, punika kula aturi maringakên dhatêng mitra darma panjênêngan, ingkang dèrèng dados lêngganan.

[Iklan]

--- 1366 ---

Bab Nama-namaning Akik tuwin Dêdongenganipun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 86

Jalaran wontêning cariyos, akik ingkang kawastanan tirus, ingkang limrahipun kawartosakên, kenging kangge ngusadani tiyang sakit bêntèr, utawi kêpêrang ing barang landhêp, punika kacariyos asli saking tiganing pêksi tirus, ingkang gêsang wontên ing tanah Ngarab. Wondene akik widuri ingkang sajati, kados ingkang kacariyos, kenging kaangge tumbaling durjana, utawi ngiyatakên napas, punika pinanggih ing dêdongengan, asli tuwuh wontên ing salêbêting ulam loh. Malah wontên akik ingkang kawastanan mirah dêlima, punika pinanggih ing cacriyosan warni-warni. Wontên ingkang nyariyosakên, lugu mêdal saking uwohing dêlima, ingkang dados pratăndha ubayaning putri Ngajrak (Dèwi Kuraisin).

Wontên malih ingkang wêwarah: Asli saking gêmpilaning lintang Jaka Bèlèk. Lan ing cariyos sanès, wontên ingkang andhorèngakên, bilih mirah dêlima wau aslinipun saking êluh, ingkang miyos ing socanipun Dèwi Prêtimah. Inggih punika nalika muwun, awit katilar seda ingkang rama S.W. Kangjêng Nabi Muhkhamat. Jalaran sruning wigêna kabyatan trêsna ing rama wau, kacariyos saking sêngkêling panggalih, anggèning muwun socanipun ngantos angêmu êrah, mila wijiling waspa alinang-linang abrit kados êrah. Têmahan tumètèsing waspa, lajêng mahanani wontêning mirah dêlima, ingkang kacariyos ing sapunika. Makatên mênggah dêdongenganipun.

Rèhning cariyos sadaya wau, wontêning sapunika nama kantun nampi, tuwin nalurèkakên, mila awonipun punapa, bilih sadaya punika lajêng katampi mathuk tuwin sae, awit sajatosipun para manungsa awis ingkang andungkap, mênggah kawontênaning mirah dêlima wau. Wondene mirid katrangan ingkang kantun, upami mulabukanipun makatên sayêktos inggih mèmpêr, awit ngèngêti mukjijating putri linangkung, măngka ing wêkdal punika, nama sakalangkung putêk ing panggalihipun, dahat sruning duhkita. Tur limrahing cariyos, sang dèwi wau samăngsa nuju sungkawa, têmtu adamêl rêtuning bawana.

Wontên cariyos malih, ingkang kajêngipun nama nunggil misah, kalayan dêdongenganing akik tirus, tuwin akik widuri utawi mirah dêlima, kados ingkang kacariyos ing nginggil.

Ing Kayangan Dalêpih, bawah ondêr dhistrik Tirtamaya, inggih punika siti kagungan dalêm praja Mangkunagaran, wontên pamêdaling sela akik, ingkang dumadosipun botên sarana pakartining manungsa, wondene pinanggihing wujud inggih sakalangkung elok, punapadene pamanggènipun, ugi asring anggawokakên. Kados ta: nuju-nuju pinanggihipun wau karakêt utawi wontên ing salêbêting sela ingkang atos, trêkadhang ing wanci dalu nuju ing măngsa pêtêngan, sami katingal pating karêlip. Malah elokipun anggèning kala-kala asring purun ngambang ing toya, lajêng lumampah milir utawi mudhik.

Pak Wira, Kêbumèn.

--- 1367 ---

Kawontênan ing Tiongkok

Gêlaripun Tiongkok tuwin Jêpan ing paprangan sami botên nguciwani, tansah gêntos ngangsêg gêntos mundur. Kados ingkang pinanggih ing Tiongkok sisih lèr, campuhipun ingkang pêrang pinanggih langkung rame, wadya Tiongkok dipun senapatèni dening Cutèh, ingkang misuwur wantêr tuwin mumpuni dhatêng kridhanipun pêrang. Senapati wau ngangsahakên wadyanipun nêmpuh wadya Jêpan ingkang pacak baris ngantos gangsal atus mil, inggih punika baris wiwit saking Sansi dumugi pasisir. Manawi mirid wontênipun pabaraisan wau, pancèn rêkaos dipun têmpuh, dening kawontênanipun sarwa santosa. Nanging tumrap Cutèh botên badhe ulap nêmpuh kasantosaning mêngsah. Kalampahan senapati Tiongkok sagêd ngobrak-abrik pabarisan wau ing pintên-pintên panggenan, ngantos adamêl mowat-mawutipun pabarisan Jêpan. Cutèh panêmpuhipun palêncatan, ingkang lajêng sagêd damêl pêdhot-pêdhoting baris.

[Iklan]

Tandangipun senapati Tiongkok wau sagêd adamêl kandhêging ajêngipun wadya Jêpan ing Propènsi Sansi, tuwin kathah pabarisan Jêpan ingkang dipun kurung, pundi ingkang pabarisan alit dipun sirnakakên, tuwin lajêng sagêd ngajêngakên wadya Tiongkok ingkang pating prênca lajêng sagêd ngalêmpak malih, ing kalampahipun kanthi ngrisak pabarisaning mêngsah, ngantos sagêd anglangkungi watês Opèi kalihan Sansi. Kajêngipun Cutèh, pabarisan [paba...]

--- 1368 ---

[...risan] Jêpan wau badhe dipun pêcah dados kalih, murih suda kakiyatanipun.

Nanging Jêpan inggih botên kirang gêlar, panêmpuhipun mawi gêgêntosan papan, ingkang kêpêksa damêl bingungipun ingkang dipun têmpuh. Makatên ugi pundi papan ingkang kangge pacak baris tamtu wigatos, sagêd damêl karepotanipun Tiongkok.

Salajêngipun Jêpan inggih lajêng santun gêlar, gêntos nêmpuh saking kidul, badhe ngrêbat Cukwan. Sasampunipun nêmpuh ngriku lajêng ngangsêg dhatêng sisih kilèn, urut margi sêpur Cèngtai, ing ngriku lajêng anggathukakên wadya Jêpan ing kalangan sanès. Pangangkahipun Jêpan, manawi sagêd ngrêbat Niyang Cekwan, lajêng badhe sagêd manggih papan ingkang langkung prayogi kangge pacak baris. Sêdyanipun Jêpan wau inggih kasêmbadan, nanging pinanggihipun, ingkang dipun kintên dados papan ingkang langkung santosa wau malah dados papan paprangan ingkang sakalangkung rame, sapintên kêkiyatanipun Jêpan namung dipun tandhingi. Nanging dangu-dangu wadya Tiongkok ragi karoban lawan. Wusana jalaran saking sami kiyatipun wau, papaning paprangan ngantos mingsêr dhatêng sanès panggenan. Ingkang makatên wau pinanggihipun ingkang sami pêrang nama taksih ajêg, dèrèng kenging dipun wastani asor unggulipun. Tumraping Jêpan, cêtha anggèning ngrosani panêmpuhipun, nanging kosokwangsulipun, Tiongkok botên gigrig dipun têmpuh ing mêngsah ingkang kados makatên, awit santosaning barisipun, ukuran kuwawi dipun têmpuh ing mêngsah ingkang santosa.

Ing sapunika tumrap rêribêdipun ingkang sami paprangan, Tiongkok katingal sêsambatipun anggèning sarwa kêkirangan babagan pitulungan têtiyang ingkang nandhang tatu ing papan paprangan. Ing griya-griya sakit sami kêkirangan pirantos ambalêbêt tatu tuwin jampi sanès-sanèsipun. Wontêning sadhiyan jampi sapanunggilanipun, kintên-kintên namung cêkap kangge sadhiyan ing salêbêtipun kawan minggu. Saya tumraping griya-griya sakit pitulungan, pinanggih sampun kebêkan tiyang sakit, malah ngantos kêkathahên tiyangipun sakit. Jalaran saking kawontênan ingkang kados makatên punika, pirantos-pirantosing têtulung ngantos sami kirang, kados ta tandhu pirantos ngusungi tiyang sakit, malah kalampahan wontên tiyang kêtaton lajêng dipun bêkta lumampah ngantos kawan dintên.

Dene tumrapipun Jêpan, ing sapunika sawêg pikiran ing bab tuwuhing têtiyang ambalela ing Mansukuo, sabên dintên tansah mindhak-mindhak kemawon, golongan wadya Tiongkok ingkang rumiyin ambiyantu dhatêng Jêpan, ing sapunika sami ambalik. Kapitadosan ing bab ambelani Jepan samăngsa dipun têmpuh saking Ruslan, ing sapunika sampun botên wontên. Kathah wadya Mansukuo golongan Jêpan ingkang campuh wontên ing Tiongkok lèr sami têluk dhatêng mêngsah, awit ngrumaosi bilih anggèning pêpêrangan punika kalihan kulit daging piyambak, malah kathah laladan ingkang lajêng dipun rêgêm dening golongan ingkang ambalik. Mila tumrapipun Jêpan kêpêksa ngawontênakên pamanahan wigatos, ingkang prêlu kangge mêmulih kalonging kasantosan ing ngriku. Awit icaling kasantosan ing ngriku, tumraping Jêpan nama kecalan sarana ingkang kangge baku nyantosani

--- 1369 ---

paprangan ing Tiongkok.

[Iklan]

Manawi angèngêti tindaking paprangan ing sacêlakipun Nansiyang, ing sêmu namung katingal sarwa grusa-grusu tumandangipun, nanging manawi dipun wawas saèstu, sadaya sami botên tilar pangatos-atos tuwin kaprayitnan, awit kêslura-kêsluruning tindak, badhe amanggih bêbaya tuwin kasoranipun ing pêrang saèstu.

Unduripun wadya Tiongkok ingkang katêmpuh ing wadya Jêpan, katingal anggèning raos kasoran, nanging mênggah sajatosipun saking Tiongkok mangrêtos bilih kawon santosa, unduripun wau malah masangi gêlar supados ajênging wadya Jêpan wau kecalan daya. Gêlar makatên wau pancèn wontên èmpêripun, awit ajêngipun wau atêgês kados pêpindhaning nglêbêtakên dhatêng pasangan, botên sande wadya Jêpan badhe kingkêman dening calangaping wadya Tiongkok saking kanan kering.

Pancènipun, saupami gêlaripun Tiongkok wau kasêmbadan, wadya Jêpan namung kantun ngrêmêt kemawon. Nanging nyatanipun ragi malèsèd saking tangguh, wontênipun wamya[2] Jêpan purun ngangsêg punika saking sampun sarwa mêpêki dêdamêlipun tuwin sarwa mitadosi, mila Tiongkok kêpêksa ajrih nyakêti, dening ulap dhatêng dêdamêlipun Jêpan wau.

Ing ngriku Jêpan lajêng sagêd masang bandera wontên ing têlênging pabarisan, campuhipun wadya namung kantun ing pinggir-pinggir kemawon. Kitha-kitha ingkang katrajang sami kadamêl karang-abang. Manawi miturut nalar, adêging kasantosanipun Jêpan wau sampun botên kenging dipun cakêti. Ewa samantên tumrapipun Tiongkok kadugi nyakêti, malah pepetan kalihan mêngsah punika, kaanggêp utami.

Tekadipun Tiongkok ingkang makatên wau, nandhakakên bilih panglawanipun dhatêng mêngsah punika nêdya rêrêmpon yêktos, purun angrungkêbi dumugi tapis babarpisan. Măngka manawi mirid nalar, nitik saking wontêning papan paprangan, ing pundi ingkang dipun ambah ing Jêpan, punika namung sarwa nyamari tumraping Tiongkok.

Ing sapunika sagêd katingal, bilih sawarnining tindak ing paprangan punika botên kenging tinampi lămba, wontên ingkang unduripun mawa gêlar, wontên ingkang rukêting campuh jalaran saking kêslêpêk ing wanci. Manawi makatên, kasantosan tuwin guna punika sami wontên damêlipun piyambak-piyambak.

--- 1370 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Pahargyan ing Kêbumèn

I

Garèng : Wah, têrima kasih banyak, Truk, saora-orane wong sadulur lanang, kathik mung siji, êndhil, mêsthine iya tansah eling, tansah kogêl nyang kakangane. Ana ing Kêbumèn, iya banjur eling nyang kangmase: Mendah bungahe kang mas, yèn bakyu dèn ngantèn tak olèh-olèhi bakal kulambi jumputan. Ana ing Magêlang, iya kogêl karo rakane: wah krêsanane mas, nala iki: klobot matêng, têmbako siluk. Ana ing Wanasaba: wah, kang mas tak olèh-olèhane dhèng-dhèng, êmpuk tur gurih. Nyang Purwakêrta: tempene kripik. Lho, samono sadulurku lanang siji iki, mulane tak ambalane manèh uniku ing ngarêp: trima kasih, Truk, trima kasih.

Petruk : We, hla cilaka awakku, gênahe nyêmoni Kang Garèng iki, mulih saka lêlungan aku mung anglênthung bae, tanpa nyangking olèh-olèh apa-apa. Nanging sumurupa, cara santrine jarene: mobah musiking manusa kuwi mung miturut krêsaning Pangeran, mulane iya sok kêrêp bae kalakon, wedang wis pancèn kanggo sadhiyanmu upamane, nanging yèn durung kaparêng dening Pangeran, ora kalakon koombe. Dumadakan ... dipancal kucing, banjur wutah lambah-lambah. Mêngkono uga aku nalikane ana ing Kêbumèn. Sanalika kono pikiranaku iya mak: sranthal, eling nyang kowe, sarta iya banjur tuwuh gagasanaku: Ing Kêbumèn kene kiyi sing kêsuwur jumputane, mendah kaya apa bungahe Kang Garèng, yèn bakyu tak olèh-olèhi jumputan saklambi bae. Nanging wong iya durung dadi krêsaning Pangeran, Kang Garèng, barêng aku mênyang pasar Kêbumèn, iya wis olèh jumputan sing pantês diagêm bakyu, nanging barêng arêp tak bayar, jêbul ... dhumpètku kèri nyang pondhokan. Mangkono uga kalane aku ana ing Magêlang dolan nyang pasar, wêruh klobot matêng pating glethak, têmbako siluk pating jênggunuk, sanalika iya kogêl nyang kowe, Kang Garèng, nanging barêng arêp tak dhuwiti, sêringgit, Kang Garèng, jêbul aku ana sing ngawe-awe karo tawa mangkene: măngga, priyantun, mênika nyamping, lho, sae tur luwês, patut sangêt manawi nampeyan[3] agêm, rêginipun namung mirah kemawon, namung saanggris, priyantun. E, wong iya durung kaparêng karo Ingkang Kuwasa, dumadakan anggonku arêp andhuwiti klobot karo [ka...]

--- 1371 ---

[...ro] têmbako siluk mau lali ...

Garèng : Wis, ora susah omong rupa-rupa, ora olèh-olèh iya ora, kathik banjur ngadpokat mêngkono. Saiki luwih bêcik banjurna dongenganamu ing bab kaanane pahargyan ing Kabupatèn Kêbumèn. Nanging sadurung-durunge kowe ambanjurake caritamu kaanane tongtonan, luwih bêcik caritakna dhisik cara-carane pista ing kono, apa cara Jawa, apa cara Lănda, apa cara kêpriye.

[Grafik]

Petruk : Wèh, mula iya brêgas bangêt, kira-kirane iya cara Lănda sing kaya ngono kuwi, Kang Garèng, sadhela-sadhela sugatane mubêng nganti pirang-pirang rambahan, sing dhisik dhewe bangsaning: sês-sêsan, srutu, sigarèt, banjur inuman, jarene warna-warna, Kang Garèng, iya: wiski sodhah, bir, limun, aer Blandhah, lan sapadhane, sauwise banjur kuwih-kuwih, iya warna-warna bangêt, ... jarene, banjur mubêng manèh: bulyon (duduh iwak) lan roti ... jarene, ensopurut, cêkak aos, sugatane pancèn iya kumplit, tur brêgas bangêt.

Garèng : Iya ora maido, Truk, saora-orane wong iya pahargyane priyayi luhur, têmtune iya ora nguciwani.

Petruk : Apa manèh yèn kowe anêksèni tandange para ladène, wah, mêsthi gumune, anggone: mlandani, sarta tandang, cikat, lan trêngginas. Para ladène kuwi dikêpalani para putri, sing agêm-agêmane padha kabèh, yaiku: nyampinge parang rusak, rasukane sutra biru, lan ing jaja ngagêm kêmbang abang sêmringah., katone mula iya sêmangêr, Kang Garèng. Sabên putri siji didhèrèkake tukang ladèn siji sing anggawa sugatane. Dene putri sing kêjibah ngladèni ing grombolane panggonaku, sajake disêpesialake, tandange pancèn iya: cikat, trêngginas, tandang, tur pancèn iya mlandani bangêt, Kang Garèng, anggêre nyêdhaki tamu, banjur tawa mangkene: Wat wil U gebruiken, Meneer? Nèk dicara Jawakake kira-kirane mangkene: panjênêngan badhe krêsa mundhut punapa, tuwan. Hla, tamune mung kèri milih bae: Limun, bir,

--- 1372 ---

wiski sodhah, lan sapadhane, putri mau banjur: siyut, mundhut saka baki sing digawa ing tukang ladèn, sarta banjur diladèkake marang tamu sing duwe pundhutan mau. Mêngkono para tamu diurut kacang diparani putri mau kanthi ditawani: Wat wil U gebruiken, Meneer ngono kuwi mau, sarta sapiturute nganti aku prasaksat sêtoplasing ora kanggo, mulane ajêg ... ora tau diêndhêgi.

Garèng : Lho, lho, lho, gênahe kowe kuwi kapiran, apa kêpriye, nèk kapiran iya salahmu dhewe, nèk-nèke lungguhmu ana ing buri bangêt, nganti ora katon, dadi paladène yèn ora wêruh nyang kowe, rak iya mèmpêr, ta.

Petruk : Nèk ora katon kuwi mula iya mèmpêr, wong aku dudu bangsane bêndara gêdhe. Nèk lungguhku mono, iya bênêr ana ing larikan kang nomêr têlu, nanging ing ngarêpku ora ana sing mêtêngi, dadi dhong-dhonge mono iya katon ngegla, lan mênjila bangêt. Nanging anggone aku dhur-dhuran diliwati mau, sababe ora liya iya sabab ... cara Lănda mau. Wong iya priyayi putri Jawa, thik kulina ngandikan cara Lănda, têmtune iya akèh rikuhe anggone arêp tawa mau, apa manèh priyayi Jawa kuwi ora bisa cara Walănda kabèh, dadi iya ora kabèh bisa anampani têtawa sing muni: Wat wil U gebruiken, Meneer, mulane sing di: Wat wil U gebruiken, sajake iya mung sing ditêpungi bae, mulane aku kêpêksa kudu sêtêngah ... pati gêni, Kang Garèng.

Gare:[4] We, hla, wong kurang ajar têmênan. Anggone ngarani kuwi kathik pati gêni ...

Petruk : Hla wong tăngga têparo comak-camuk, lêgêndar-lêgêndêr, kenene mung dikon anglangsirake kalamênjinge bae, apa kuwi ora praksasat dikon pati gêni.

Garèng : Wis, wis, Truk, ana kok banjur mêtu watake sudra mêngkono, nèk wataking satriya, kuwi ora bakal ngrêmbug ing bab isining têlèh, sabab iki jênêng: asor, nistha lan saru, mulane sanadyan tumêka ing pati, yèn watak satriya mêsthi ora gêlêm ngandhakake prakara pangan kuwi.

Petruk : Ora mêngkono mungguh karêpku ngandhakake sing samono kuwi mau. Aku prêcaya lan yakin, yèn krêsane sing kagungan dalêm mêsthi sing disugatakake iku bisaa gawe bungahe para tamu kabèh, lan kiraku para tamu racake iya padha kalêgan panggalihane. Mung bae ing kene karêpku arêp ngemutake marang bangsaku kabèh, ambok aja bangêt-bangêt anggone mêndêm cara Walănda, nganti kayadene banjur sungkan migunakake basane dhewe, kuwatir yèn ora diarani: mlandani. Hla, barêng ana prêlu têmênan, sing sêsrawungan karo bangsane dhewe, banjur: kikuk, têgêse: ora lêwês.

--- 1373 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Bupati Lamongan. R.P. Moerid Tjokronegoro, patih ing Situbondo, dados bupati ing Lamongan, angsal sêsêbutan Radèn Tumênggung Panji.

Ingkang angsal prijs saking Obat Cap Macan. Kala dintên Rêbo tanggal 20 October 1937 jam 2.30 sontên sampun ambikak badhean (prijsvraag) Obat Cap Macan ing sangajênging jury. Ingkang angsal ganjaran f 100.-, inggih punika tuwan Thori, ing Passar Straat, Martapura, Palembang.

Sumbangan kadamêl dêrma. Tuwan Khoe Tjin Sèng ing Cikampèk, mêntas gadhah damêl mantu, mantokakên anakipun èstri. Ing kala punika sawarnining arta sumbangan saking para tamu tuwin sanès-sanèsipun sami dipun wadhahi ing celengan, kalêmpakipun sadaya wontên f 714.50. Arta sadaya wau ajêng dipun pasrahakên dhatêng Fonds Tiongkok kangge dêrma.

Nonah Amerika angubêngi buwana. Nonah Amerika nama Miss Hart, tumindak angubêngi buwana kalihan numpak kapal ingkang lamining kapalipun wau sampun 30 taun. Ing sapunika lampahipun dumugi ing Makasar, kapalipun dipun dandosi. Lajênging lampahipun taksih 1½ taun malih, mêdal Nieuw-Guinea tuwin Polynesie. Bidhalipun nonah wau saking Amerika.

Lampahipun Dr. Cator wontên Nieuw-Guinea. Miturut wartos, Dr. Cator, ingkang lumampah anjajah tanah Nieuw-Guinea, sampun wangsul saking laladan têngah, lampahipun sagêd pasrawungan kalihan têtiyang Papuwa ing parêdèn Zonggunu saha sagêd ambêkta tiyangipun 3. Basanipun tiyang wau beda sangêt kalihan tiyang Papuwa sanèsipun. Bab punika lajêng dipun damêlakên pratelan basa-basanipun. Pakulitanipun langkung pêthak, tuwin pawakanipun langkung agêng tinimbang tiyang Papuwa sanès-sanèsipun. Golonganipun tiyang wau namung sakêdhik, wontênipun ing dhusun sami nanêm pisang, rosan, talês tuwin pohung. Ing papan wau pinanggih wontên bangsanipun badhe pêlikan tuwin sarêm enggal.

Bangsa tiyang siti ing tanah ngriki tuwin Bangsa Tionghwa dhatêng nagari Walandi. Wontên tiyang siti ing tanah ngriki cacah 135 numpak kapal Pulu Rubiah dhatêng nagari Walandi. Têtiyang wau sami badhe katêtêpakên nyambutdamêl wontên ing kapal Boissevain, satunggaling kapal ingkang sae piyambak kangge layaran dhatêng tanah Afrika gadhahanipun K.P.M. Kapal wau benjing taun ngajêng badhe dhatêng ing tanah ngriki. Kapal ingkang ngêwrat têtiyang saking tanah ngriki wau, sadumugining Singapura ambêkta bangsa Tionghwa, ingkang ugi kangge punggawa kapal. Kapal Boissevain wau dhatêngipun ing tanah ngriki benjing ing wulan Januari taun ngajêng, dipun pangagêngi dening Kaptin Blankestein.

Saening rabuk damêlan Z.A. Wontên golongan têtiyang tani ing bawah Purwodadi, rumaos sami bingah dene pamêdaling tanêmanipun ingkang mawi dipun rabuki rabuk damêlan Z.A. pinanggih mindhak 33%. Ing bab punika ingkang wajib lajêng sarêmbag supados manawi tumbas rabuk wau sêsarêngan, pêrlunipun lajêng sagêd tumbas dhatêng pabrikipun piyambak, langkung mirah tinimbang tumbas ing toko. Malah badhe panumbasipun malih sagêd angsal sambutan arta saking kas dhusun.

Congres J.I.B. Miturut wartos, congres J.I.B. ingkang kaping XI ing taun punika badhe wontên ing Ngayogya, dhawah tanggal 23 dumugi 27 December.

[Iklan]

Nijlpaard ucul. Kala ing dintên Sênèn kêpêngkêr nijlpaard ing Kêbon-binatang Bêtawi, ucul. Kewan wau lajêng dados padosan kanthi pambiyantunipun têtiyang pakampungan, nanging mêksa botên angsal damêl. Nijlpaard wau sawêg umur sangang taun, nanging kiyat sangêt. Uculipun kewan wau jalaran saking sêmbrananipun juru anjagi, amargi kêsupèn nalika ngrêsiki kandhang botên dipun tutup lawangipun. Miturut katrangan, kewan wau sasampunipun ucul lajêng nyêmplung dhatêng lèpèn Ciliwung. Wusana sanès dintên sagêd kacêpêng malih.

Nyathêti kawontênaning lindhu. Gêgayutan kalihan wontênipun lindhu ingkang kawastanan agêng ingkang mêntas kêlampahan punika, Directeur Observatorium ing Bêtawi ngintunakên sêrat kalowongan babagan lindhu wau lumantar Pangrèhpraja, kakintunakên dhatêng sawarnining punggawa Pangrèhpraja ngantos dumugi mantri pulisi saindênging tanah ngriki. Sêrat kalowongan wau isi pitakenan warni-warni ingkang gêgayutan kalihan babagan wontênipun lindhu tuwin ugi ngêwrat pitakenan samangsa wontên lindhu malih. Kalowongan wau mawi dipun tandhatangani dening ingkang damêl.

Ewah-ewahan punggawa praja. M. Soemali Gouv. Ind. Arts ing Pakaryan Kasarasan ingkang kapindhah saking Bêtawi dhatêng Tobelo, wiwit benjing tanggal 5 November kabantokakên dhatêng Gupêrnur Jawi-Wetan laminipun sawulan, kêbêwah dhatêng Residentie Arts ing Surabaya. Pêrlu sinau padamêlan wigatos babagan sêsakit lepra. M. Soewandi Wirjohardjo, analist Pakaryan Kasarasan, ingkang makili padamêlan wau, têtêp manggèn ing afdeeling laboratorium ing Surabaya.

Nanggulangi ulêr ama klapa. Sampun sawatawis dintên, R. Iskandar Landbouwconsulent ing Surakarta kanthi pambantu sawatawis sami dhatêng Ngayogyakarta pêrlu nanggulangi ulêr klapa ing bawah Bantul. Wit klapa ingkang katrajang ama wau wontên 600.000 wit, laminipun sampun kalih têngah taun. Ing sakawit ama wau dipun srantosakên dumugining mangsa jawah, kintên-kintên badhe lajêng sirna, nanging pangintên wau malèsèd. Pananggulangipun wau ngangge jampi kasêmprotakên, nanging lampahipun rêndhêt, sadintên namung sagêd angsal 300 wit. Salajêngipun karekadaya kadospundi sagêdipun tumuntên rampung.

Wêwahan punggawa praja. Wontên wartos, para pangagêng nagari sami tampi sêrat sêbaran saking Parentah. Paring sumêrêp, bilih ing taun ngajêng badhe ngindhaki cacahing punggawa praja kathah.

--- 1374 ---

Pakêmpalan Buwana. Ing Ngayogya wontên pakêmpalan enggal nama Buwana, ingkang dipun adani dening para abdidalêm Kasultanan. Nama buwana wau saking cêkakaning Budi Wadu Narendra. Kajênging pakêmpalan: a. badhe ngluhurakên panjênêngandalêm Nata tuwin anjêmbarakên kaluhurandalêm wau; b. rekaja[5] angajêngakên praja Ngayogyakarta. Tumraping abdidalêm ing Ngayogyakarta, tindak makatên wau nama sampun wajibipun. Dene rekadayanipun: a. para abdidalêm kêdah gadhah sêsêrêpan ingkang jêmbar; b. para anaking abdidalêm kêdah angsal pangajaran ingkang nyêkapi.

Paringdalêm Sampeyandalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana. Awit saking kaparêngdalêm Sampeyandalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, aparing dhatêng Sono-Budoyo awarni joli gagrag kraton ingkang kaanggêp pusaka, nama Kyai Kudus, Kyai Purbonagoro, Kyai Wimonoputro, Kyai Gêrbong tuwin Kyai Krêmun.

Ngindhakakên rêgi, kasêrêg. Pulisi ing Surabaya mêntas nindakakên papriksan dhatêng satunggiling bangsa Tionghwa dagang ing Pasar Kêmbang, jalaran ngindakakên rêgining sêmèn ingkang rumiyin namung rêgi f 1.10 dados f 1.90. Salajêngipun babagan punika dados papriksaning pulisi, kalêbêt nêrak awisan.

Palabuhan Cilacap badhe agêng malih. Ingajêng nalika taksih jaman rame, para dagang agêng tuwin S.S. sami numbasi pemahan badhe kangge papan ngagêngakên pakaryan, nanging lajêng kandhêg dening jaman malèsèt. Ing sapunika wontên wartos bilih sêdya wau saèstu badhe dipun lajêngakên. Manawi saèstu kalampahan, palabuhan Cilacap tamtu badhe saya rame, amargi palabuhan ingriku punika pinanggih mapan.

Pakêmpalan P.G.I. sampun ngadêg 25 taun. Pakêmpalan P.G.I. ingkang rumiyin nama P.G.H.B. inggih punika pakêmpalaning para guru tiyang siti, ing salêbêtipun wulan November ngajêng punika badhe ngawontênakên congres ngiras mèngêti adêging pakêmpalan sampun 25 taun, manggèn wontên ing Bandung. Papaning congres badhe manggèn wontên ing gêdhong Pasundan tuwin ing panadhapi[6] kabupatèn.

Papriksan ing Krakatau. Ir. W. Holleman tuwin Dr. M. Neumann van Padang mêntas mriksa kawontênanipun Krakatau. Pinanggihing papriksan: tumrap pulo Panjang, ingkang rumiyin wontên awu ingkang kandêlipun 3 cm. ing sapunika sampun ical babarpisan. Salajêngipun mriksa pulo Krakatau alit, ingriku namung pinanggih awu tuwin arênging sela ingkang kêbêsmi, inggiling siti pinanggih mindhak 9 m. Tanêman ingkang kala botên wontên, sagêd ugi sami pêjah ing kalanipun nuju ing taun 1935 pinanggih wontên 8 warni, ing kala punika sampun wontên blêdhosan. Tindakipun tuwan-tuwan wau ugi pêrlu nyantuni para ingkang jagi ing papan pajagèn Krakatau, tuwin pajagèn-pajagèn ing dilah manara.

Brêsih dhusun gagrag enggal. Ing kalurahan Ngagêl, Gunung Kidul, Ngayogya, mêntas ngawontênakên brêsih dhusun ingkang mawi gagrag enggal, inggih punika anggèning brêsih dhusun wau dipun sarêngi kalihan ngawontênakên tentoonstelling rajakaya, asil siti tuwin barang dêdamêlan tangan. Ingriku katingal sae saha dipun wigatosakên ingakathah.

Badhe ngawontênakên kapal kangge minggah kaji. Miturut rêmbag ingkang kagêlêngakên kala congres Muhammadiyah, pakêmpalan saèstu badhe ada-ada yasa kapal maligi badhe kasewakakên dhatêng para ingkang sami badhe minggah kaji, babadanipun badhe kadapuk kados dene vennootschap, kanthi ngawontênakên pawitan f 500.000,- kabage dados 2000 aandeel, satunggalipun rêgi f 250,-. Sintên ingkang sampun sagêd ngêsahi panumbasipun aandeel, kawênangakên kesah dhatêng Jeddah lêlahanan mlampah mantuk.

Ingsêr-ingsêran Pangrèhpraja. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan R. Soetijono, wêdana ing Kêdiri, kabupatèn tuwin paresidenan wau, dados wêdana ing Surabaya kabupatèn tuwin paresidenan wau. M. Ngabèi Soedibjo tijd. wd. wêdana ing Utêran, kabupatèn tuwin paresidenan Madiun, daos[7] wêdana ing Kêdiri, kabupatèn tuwin paresidenan wau. R. Kodratsamadikun, ugi nama R. Sastrohadinoto wêdana ing Surabaya, kabupatèn tuwin paresidenan wau, dados wêdana ing Utêran, kabupatèn tuwin paresidenan Madiun.

Majênging padangan[8] ing tanah ngriki. Ing wêkdal punika kathah sangêt koprah ingkang kasimpên wontên gudhang ing Makasar, koprah wau badhe kabêkta dhatêng Eropa, nanging dèrèng wontên baita ingkang badhe ambêkta. Ing bab punika pambêktanipun koprah wau ngantos kawontênakên kapal mirunggan. Koprah wau ingkang kathah badhe kaandhapakên wontên ing Eropa sisih Kidul.

Wowohan tuwin sayuran angsal pêkên. Ing bab paniti badhe anjêmbarakên sumêbaring wowohan tuwin sayuran ing tanah ngriki dhatêng sanès panggenan pinanggih angsal damêl. Ingkang badhe purun nampèni barang-barang wau ing Hongkong. Ingkang punika, awit saking dhawuhing Parentah, ajunct-landbouw consulent tanah ngriki ingkang wontên ing Saigon dipun dhawuhi pindhah dhatêng Hongkong.

NAGARI WALANDI

Niti calon ambtenaar tanah ngriki. Wontên pawartos, Departement Jajahan sawêg nimbang supados langkung titi ing bab pamriksanipun para mahasiswa ing pamulangan luhur ing nagari Walandi, ingkang kacalonakên dados ambtenaar ing tanah ngriki. Wontênipun makatên, amargi kathah ambtenaar ingkang dumuginipun tanah ngriki taksih kêkirangan kawruh ing bab tanah ngriki, ingkang gêgandhengan kalihan pêrlunipun.

Motor mabur kangge tanah ngriki. Wontên wartos, pabrik motor mabur Aviolanda nampèni wêlingan motor mabur 18 iji, kangge kabêtahaning wadya lautan tanah ngriki. Pandamêlipun manut gagrag Dornier.

EROPA

Wadya parentah Spanyol kasoran. Papan pabarisan ing Spanyol Lèr pinanggih taksih rame anggèning pêpêrangan, nanging kawusananipun kitha Giyon kenging dipun broki ing wadyanipun Franco, saha lajêng wontên wartos bilih pangagênging paprangan ing kitha ngriku lajêng têluk, kitha Giyon lajêng dipun lêbêti wadya kabangsan. Malah wontên wartos bilih golongan wadya Asturie, lajêng anggolong dhatêng wadya kabangsan. Salajêngipun wontên wartos malih bilih wadya parentah ing Oviedo cacah 60.000 ingkang dipun kurung dening wadya kabangsan ugi lajêng têluk.

AMERIKA

Kapal pêrang enggal. Miturut wartos saking Amerika, wiwit tanggal 22 wulan punika, Amerika Sarekat miwiti damêl kapal pêrang ingkang agêngipun 36.000 ton, ingkang dipun namakakên North Carolina. Pandamêling kapal pêrang wau badhe 4 taun, waragadipun 60 yuta dollar. Dêdamêlipun mriyêm 40 cm. 9 iji. Dene taun ngajêng badhe miwiti damêl kapal pêrang sanèsipun malih.

Pêdut ingkang anggêgirisi. Miturut wartos, sampun sawatawis dintên ing laladan Inggris wontên pêdhut sakalangkung kandêl, ngantos adamêl kandhêging lampahipun sêpur tuwin autobus ing salêbêting kitha Londen. Motor mabur ingkang lêrêsipun bidhal ing wêkdal wau kêpêksa mundur, mangka motor mabur wau kangge pêrluning rêbatan lampah rikat saking Inggris dhatêng Australie.

--- 1375 ---

Wêwaosan

Pêpisahan ngantos pitung taun, sagêd pinanggih malih (dongèng)

Dening Slamêt

3

Wangsulan kula: Nami kula Tamim, asli saking nagari Madinah. Mênggah dhatêng kula punika, botên gadhah prêlu punapa-punapa, lugu namung kêblasuk. Dumugi samantên wangsulan kula, kula lajêng nyariyosakên lêlampahan wiwit sakawit dumugi wêkasan. Pandhita lajêng angampirakên kula dhatêng ing griyanipun, wontên ing ngriku lajêng sami omong-omongan.

Kula (Tamim): Anggèn panjênêngan dhêdhukuh wontên ing ngriki punika, sampun pintên taun.

Pandhita: Kirang langkung sampun wontên gangsal atusan taun.

Tamim: Prakawis panggêsangan panjênêngan, kados ta bab têtêdhan, utawi pangagêman sapiturutipun, punika saking pundi.

Pandhita: Namung trimah nêdha wowohan pawêdalipun èrèng-èrènging jurang punika, namung bab sandhang pangangge, punika angsal saking kadarmanipun para sudagar nagari Indi, ingkang sabên taun piyambakipun sami lêlayaran dhatêng mănca, ambêkta barang dêdagangan warni-warni, punika asring sami mampir ing pulo ngriku, prêlu kapanggih kula, kalihan ambêkta angsal-angsal rasukan jubah sup (badhenipun wulu) tuwin kopyah sup. Saking cariyosipun sudagar, pawèwèhipun wau, minăngka ngluwari nadaripun (kaul), sanèsipun malih sampun botên wontên. Sawêg dumugi samantên cariyosipun pandhita, katungka dhatêngipun sudagar Indi, kampir ing griyanipun pandhita, kanthi ambêkta angsal-angsal rasukan jubah tuwin kopyah kados adat sabênipun. Sasampuning dipun panggihi saha katampi angsal-angsalipun, sudagar lajêng pamitan badhe wangsul mantuk. Sudagar sawêg mêdal saking griya sarta lumampah dèrèng sapintêna têbihipun, pandhita nututi mêdal anyandhêt lampahipun sudagar, prêlu dipun bisiki makatên: Ki sanak, sampeyan napa dhangan têtulung, ambêkta tamu kula niki, sampeyan ulihake têng nagarane, amarga lêlakone dhayoh kula wau mêmêlas bangêt, mula sampeyan kula prayogakake mitulungi kalayan dhanganing manah. Wasulanipun[9] sudagar: Inggih prayogi, tamunipun mugi lajêng kadhawuhan nusul mariki kemawon, kula êntosi, badhe kula ajak bidhal mantuk tumuntên.

Enggaling cariyos, kula lajêng dipun ajak sudagar minggah dhatêng baita, wontên ing ngriku taksih sipêng sadalu, enjingipun wanci malêthèking surya ramyang-ramyang, angin ngidit antêng lan sae, baita lajêng bidhal nilar palabuhan. Kula wontên ing baita bingah lan sênêng, nyumêrêpi sêsawangan endah warni-warni ing sakiwa têngêning sagantên. Nanging sarêng lampahing baita sampun sakawan dintên, pinuju ing wanci sontên, ing ngriku baita katêmpuh ing prahara agêng, lampahing baita montang-manting botên kantênan, baita lajêng pêcah, para ingkang numpak sami ribut pados gêsang piyambak-piyambak, wusana sadaya sami kêlêm, kula (Tamim) pinaringan rahayu wilujêng sagêd mêntas ing dharatan. Kula lajêng lumampah kalih dintên, dumugi ing satunggiling panggenan kathah têtanêmanipun ingkang sami awoh ambiyêt, tuwin kathah lèpènipun pating sarèwèh, wontên ing ngriku kula anjajah ningalki[10] kawontênanipun, wasana kula dumugi ing satunggiling nagari agêng botên kasumêrêpan watêsipun, tuwin botên mawi gapura watêsing kitha, kawontênanipun rêja lan rame, kathah griya agêng, nanging botên wontên ratu tuwin patihipun, wontên ing ngriku kula sipêng sadalu.

Kula nglajêngakên lampah malih kalih dintên, sumêrêp satunggiling guwa korinipun malongo, lajêng kula lêbêti, ing ngriku sapintên kemawon kagèt bingahing manah kula, dene nyumêrêpi kawontênan ing nglêbêtipun guwa wau, botên wujud pasir sela utawi padhas, nyatanipun isi intên barlean, tuwin mutyara lan marjan, kula lajêng mêndhêti sapurun-purun ngantos angsal kathah, ing batos wicantên: Kabênêran bangêt lakuku iki, upama praune ora pêcah, aku ora olèh kabêgjan kang kaya mangkene. Wusana ing ngriku lajêng wontên suwara elik-elik: E, e, manungsa, gawanmu sèlèhna manèh, kapan ora kok balèkake, bakal cilaka awakmu. Kula lajêng enggal mangsulakên bêktan kula intên barlean, kalihan nolèh dhatêng panggenan dununging suwara punika, jêbul ing ngriku wontên tiyang neneman lênggah mawi lèmèk pasujudan, kula lajêng nyêlak kalihan pitakèn: Panjênêngan punika sintên, wangsulanipun: Muga ampun andadèkake manah, pitakèn sampeyan botên kula wangsuli piyambak, mangke mawon èntên tiyang sing awèh katrangan, tumrap kawontênan kula lan tiyang sanès, cêkap samantên mawon wangsulan kula.

Kula (Tamim) nglajêngakên lampah malih kalih dintên, dumugi ing kraton payonipun mênga, kula lajêng malêbêt, ing ngriku wontên raja jim asmanipun Ngaflag, nuju lênggah ing kursi tosan. Kula lajêng dipun dangu makatên, kowe apa ngêlèh. Wangsulan kula: Inggih sakalangkung luwe sangêt. Raja jim lajêng nyêgah dhêdhaharan warni-warni pintên-pintên rampadan, kula lajêng nêdha ngantos tuwuk. Raja Jim tumuntên nyêlaki kula kalihan ngandika: Kowe apa kaduga nuruti panjalukku, nèk kowe saguh, aku kaduga ngulihake mênyang ngomahe bojomu. Wangsulan kula: Mênggah ingkang dados karsa panjênêngan punika punapa, kula kaprênga nyuwun sumêrêp rumiyin.

Ing ngriku Raja Jim Ngaflag, lajêng ngêdalakên mimis, sakawan iji, kalih dipun asta piyambak, ingkang kalih dipun paringakên dhatêng kula. [ku...]

--- 1376 ---

[...la.] Sasampuning mimis wau kula tampèni, kula lajêng dipun ajak mêdal kêkesahan dhatêng kraton sanès, dumugi ing ngriku, kraton wau korinipun wontên ingkang anjagi, sima agêng. Jim Ngaflag, lajêng ambalangakên mimisipun, sima kesah lumajêng anggêblas sanalika. Kula kalihan Raja Jim lajêng sami malêbêt ing kori ingkang ăngka kalih, ing nglêbêt ngriku wontên krobongan utawi kathil ingkang bêbalunganipun kajêng sana tuwin gadhing, ginêlaran lèmèk sutra manekawarni, dipun angge sare tiyang neneman ngagêm sêsupe yakut abrit katingal gumêbyar ing nginggil pasarean kalêrês mastakanipun neneman ingkang nuju sare sakeca wau kajigi[11] ing sawêr cêmêng, ing ngandhap kalêrês sampeyanipun kajagi ing sawêr abrit.

Jim Ngaflag wicantên bisik-bisik dhatêng kula makatên: Tamim, aku arêp anjupuk ali-aline wong turu kae, nanging kowe tak wêkas dhisik, mêngko nèk aku katiwasan, kowe banjur enggal ambalanga mimismu mênyang aku sing nganti kêna, aku mêsthi banjur waluya manèh. Jim lajêng murugi dhatêng ingkang sawêg sare sakeca wontên ing kathil gadhing sumêdya badhe amêndhêt agêmipun sêsupe wau, wusana sawêr ingkang jagi ing sanginggil pasarean anyandêr lajêng nyokot, jim wau dhawah sanalika têrus pêjah kapisanan. Sasampuning katiwasan, lajêng kula balang mimis, jim wau sagêd waluya malih, saha anglajêngakên sêdyanipun anggèning badhe mêndhêt sêsupe, naning mêksa botên sagêd kalampahan, amargi dipun sandêr dening sawêr ingkang jagi ing ngandhap sampeyanipun sang binagus wau, jim dipun cokot pêjah malih sanalika. Lajêng kula balang mimis, ingkang katiwasan sagêd waluya malih. Raja Jim lajêng cariyos anglairakên bingah suka sukuring manah, têmbungipun: Tamim, awit saka kasêtyan anggonmu rumêksa têmênan marang kaslamêtanku, saiki kowe tak aku kănca sajati. Aku mêksa durung lêga atiku nèk durung klakon bisa anjupuk ali-ali kae, saiki arêp tak ambali manèh sêdyaku. Wusana sawêg thumuk-thumuk badhe anglolos sêsupe, Raja Jim Ngaflag, badanipun kobong dados awu. Kula botên sagêd mitulungi malih, jalaran mimisipun sampun têlas.

Sapêjahipun Raja Jim Ngaflag, kula lajêng wangsul mantuk dhatêng kratonipun ingkang nêmbe tiwas dados awu, dumugi ing ngriku, sapintên kagèt lan ngunguning manah kula, dening salêbêting kadhaton wau wontên putrinipun, lan sajak susah angandhut prihatos. Kula lajêng marak ing ngarsanipun, sang putri lajêng andangu makatên: Kapriye wartane Jim Ngaflag, apa wis tămpa bêbênduning Pangeran. Wangsulan kula (Tamim): Sampun, samangke jim wau sampun dados awu mathuthuk kados rêca. Sang putri midhangêt atur kula makatên wau, katingal bingah lan lêga panggalihipun, saha lajêng anglairakên pangandikanipun makatên: Muga-muga Raja Jim Ngaflag iku, ora olèh rahmat, lan ora olèh pangapura salawase. Kula lajêng matur: Mugi sampun andadosakên rênguning panggalihipun sang putri, kaparênga kula nyuwun sêsêrêpan, panjênêngan punika sintên, saha panjênêngan wontên ngriki punika mênggah mulabukanipun kadospundi.

Wangsulanipun sang putri: Muga andadèkna sumurumu,[12] aku iki putrane Raja Andalus, dene têkaku ing kene iki, sakawit mangkene: nuju sawiji dina, aku ana kaputrèn ing jêro kadhaton, lagi ambênêri dijungkati karo kangjêng ibu, dumadakan jim laknat mau nylorot saka dhuwur, aku digawa mumbul, sabanjure nganti têkan ing kene iki, nganti mêtoni loro mung kari siji. Kula mirêng pangandikanipun sang putri punika, botên kenging kula ampêt lajêng nangis sanalika. Sang putri ngantos andangu: Tamim, kêna apa kowe banjur nangis angglolo kaya ngono. Wangsulan kula: Nun inggih sa[13] putri, têmênipun sarêng kula mirêng ngandikanipun sang putri punika, sakalangkung trênyuh manah kula, karaos karănta-rănta èngêt dhatêng ingkang kula tilar wontên ing griya, punapa saèstu botên kalampahan, anggèn kula gadhah sêdya badhe mantuk punika. Sang putri malah ngandikakakên bab rêkaosing lêlampahan, ing nagari jim kalihan nagari kula, punika têbih anglangut, nglangkungi pintên-pintên parêdèn, pintên-pintên sagantên wêdhi lan ara-ara, tuwin wana punapadene sagantên, botên wontên tiyang ingkang kuwawi nrajang. Pangandikanipun putri punika mêwahi sêdhihing manah kula, nanging wêkasanipun, sang putri lajêng ngarêm-arêmi, sagah madosakên ingkang sagêd ngantukakên kula dhatêng ing griya kanthi gampil.

Sang putri lajêng nimbali abdinipun jim, sarana anjêrit sora, ing ngriku lajêng wontên jim ingkang dhatêng, warninipun angajrih-ajrihi, matur makatên: Wontên karsa punapa sang putri nimbali dhatêng kula. Dhawuhipun sang putri jim wau kapundhut damêlipun, supados angantukakên kula dhatêng ing griya kula. Jim anyandikani, kula lajêng kapanggul ing pundhakipun jim, lajêng kabêkta minggah ing awang-awang lan ngambah pintên-pintên dharatan, nglangkungi sagantên kalêrês pêcahing baita ingkang kula tumpaki nalika kalihan sudagar Indi, saha pulo ingkang kula inggahi nalika mêntas kula saking sagantên, tuwin margi-margi ingkang sampun nate kula ambah.

Botên antawis dangu lampah kula kalihan jim, dumugi ing satunggiling panggenan, ing ngriku kula sumêrêp tiyang sêpuh mripatipun têngên pece, dêdêg pangadêgipun agêng inggil, cêluk-cêluk dhatêng kula, nanging botên kula rèwès, lajêng kula tilar nglajêngakên lampah malih kalih dintên, sumêrêp tiyang sêpuh ingkang pawakanipun agêng, mripatipun picak satunggal ingkang sisih têngên. Tiyang wau dipun cancang sangandhaping wit-witan, mawi tangsul rante sarta kablênggu, tiyang wau pitakèn dhatêng kula: Sampeyan niku sintên. Lan pitakèn kathah-kathah, pungkasanipun tiyang wau lajêng ambêngok, ing ngriku lajêng wontên tiyang dhatêng botên kantênan sangkanipun, tiyang sêpuh wau dipun gada tosan, lajêng ical.

Badhe kasambêtan.

--- 169 ---

No. 43, Taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR.

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Tas, Tulungagung. Kirimanmu Sandi pêpêthan warna têlu wis daktampa kanthi sênênging atiku. Kaya-kaya wis rada lawas kowe ora ngabari bab kaslamêtanmu, lagi saiki iki. Nanging ya andadèkake bangêt bungahku, dene kowe isih eling nyang Taman Bocah.

S. Har, Surakarta. Wah, Har, sênêngku tanpa upama kokirimi potrètmu nalika kowe didadèkake Gathutkaca. Cuwa dene aku ora bisa wêruh dhewe jogèdmu lan kanca-kancamu, ayake apik têmênan. Har, potrètmu bakal daktèmplèkake ing album kanggo pangeling-eling. Sandi pêpêthan uga wis kêtampan.

As. p/a Dr. Soewarsa Têmênggungan M.N. Solo. Aku bungah bangêt kokirimi tandha katrêsnan, yaiku gambarmu, kang bakal nuli daktèmplèkake ing album kanggo sawangan. As, apa kowe saiki isih sêkolah, yèn isih, ing pamulangan apa? Salamku nyang adhimu, ya As. Wis lawas dhèwèke ora kirim layang nyang aku.

Lêngganan K. No. 643. Surakarta. Kirimanmu lêlucon wis daktampa kanthi bungah.

Oemi Kajatoen, Madiun. Andadèkake bangêt kagèt lan susahing atiku barêng kokabari, manawa kang rama wis seda. Ora krungu bab gêrahe, ujug-ujug kok wis kondur nyang jaman kêlanggêngan. Nanging aja tansah kokpikir bae, Mi, puluh-puluh wis pêsthine, oraa saiki, besuk ya dipundhut nang sing Kuwasa.

Yèn tansah kokpikir, mundhak kowe banjur lara lan banjur kapriye kang ibu.

Sri Sabarijah, Ngadisimo No. 362. D. Kediri. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênênging atiku lan karanganmu uga wis kêtampan. Aja kapok ngirimi layang bu Mar, ya!

Soekartijah, Boldystr. 17. Malang. Wah, kok cuwa têmên, dene aku ora bisa milu nonton Pasar-Malêm, ya kowe bae tutugna anggonmu nonton, apa manèh saiki kowe wis tampa rapport mangka apik, dadi wis bênêre banjur sênêng-sênêng. Aku ya bungah bangêt, Ti, bijimu apik-apik, mung kari Fraaie Handwerken sing kudu kokpeng, bisaa dadi 7 besuk kwartaal ngarêp iki. Sajrone rong minggu iki kowe ngasoa sing têmênan.

S. Brato, Ngayogyakarta. Urunanmu isèn-isèn Taman Bocah wis kêtampan, ora liya bangêt panrimaku.

R.A. Siti Samsijah c/o R.M. Soemosoedirdjo Japara. Layangmu pitêpungan sarta isi crita bab kaananmu apadene kaanane sêdulur-sêdulurmu ing Bêtawi lan Rangkasbitung wis daktampa kanthi sênênging atiku. Wah, kok le wasis têmên, anakku anyar iki ta. Yèn maca layange, banjur kêpengin wêruh rupane, ambok iya ibumu dikirimi gambarmu, yèn bisa ya karo sêdulur-sêdulurmu. Dadi upama kowe sida sowan bu Mar, bu Mar ya têrus ngêrti yèn kowe kuwi Siti Samsijah ing Japara. Pêrkara kowe ngandêl utawa orane, yèn bu Mar iku ana tênan ora mung ethok-ethokan bae, ya mangsa bodhoa, aku wis kêsêl anggonku nêrang-nêrangake. Bangêt panrimaku, Sam, aku koktawani nyang Japara lan disêdhiyani pêlêm golèk, nanging kok cuwa, dene aku durung bisa tilik kowe. Saiki isih kêsêl êntas lêlungan nyang Kêbumèn, dadi besuk bae yèn isih pinaringan slamêt.

Soenarjo, Ngayogyakarta. Kirimanmu isèn-isèn Tamah Bocah wis kêtampan, kêtrima bangêt.

Mumpangati Srie Widoemarti, Oro-oro Ombo, Madiun. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Sukur yèn kowe arêp mêrlokake ngirimi layang manèh lan uga arêp milu ngramèkake Taman Bocah.

S. Lantarsih c/o S. Soeroamidjojo Crani w./b Ondern Tolan, post. Pangkatan S.W.K.

Andakèkake[14] bangêt sênêngku tampa layang pitêpungan saka kowe lan kowe arêp milu lêlumban ana ing Taman Bocah. Sadurung lan sawise bangêt panrimaku. Pambatangmu cangkriman uga bênêr kabèh. Ibumu tansah ngarêp-arêp layangmu manèh.

Soeprapti p/a Mantri Guru 2e Inl. school Soekaraja (Banyumas). Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Ti, aja pakewuh yèn arêp milu lêlumban ing Taman Bocah. Coba gawea karangan, idhêp-idhêp kanggo sinau. Upama karanganmu ora kapacak, ya aja cilik atimu, coba gawea manèh.

Sajid Harno, Gambuhan, Baluwarti, Surakarta. Aku wis tampa layang pitêpunganmu, ora liya taktrima bangêt. Ora kêna ngirimi karangan cara Walanda, kudu cara Jawa.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

bu Mar

--- 170 ---

ULAH RAGA

[Grafik]

Bocah-bocah, padha tamatna, iki lo wujude bocah-bocah kang padha waras awake. Kêkuwatane kêna kanggo tontonan.

LÊLUCON

Wong budhêg loro

Ana wong budhêg aran Haria, duwe kanca jênênge Krama.

Karia: "Ma, kowe lagi apa?"

Krama: "Apa iya, ayo padha mancing."

Karia: "Tak arani kowe arêp mancing."

Soenarja, Kadipira

CANGKRIMAN ANÈH

A: "Ayo cangkriman, apa sing rikate ngungkuli pikiran?"

B: "Listrik ayo!"

A: "Dudu, bêdhèkane: Andhong ngglewang, kusire durung mikir, andhonge wis ngglewang."

S. Broto, Ngayogyakarta

KÊTHÈK LAN BULUS

(candhake)

Kêthèk calathu: "Iya bêcik, ananging barêng nggagapi karunge, kêthèk bangêt gumune, dene karunge mau kothong, banjur pitakon marang si bulus mangkene: "Kakang, karunge iki têka kothong, apa sababe, lan ana ing ngêndi gêdhang kang samono kèhe mau?"

Wangsulane si bulus: "Mêngko ta dhi, dakcritani. Karung iku satêmêne ngisore dakbolongi, dadi gêdhang kang dilêbokake ing karung, nrobos têrus tiba ing lêmah, kabèh êntèk takpangan. Wah enak têmênan rasane, yèn aku kèlingan, iduku kêmocor!"

Barêng kêthèk krungu kandhane si bulus iku, banjur dhêlêg-dhêlêg sadhela, ora ngêrti apa kang arêp diomongake, awit rumasa isin êntas kapusan dening si bulus.

Sawise, si kêthèk banjur muring-muring, sarta nuli arêp lunga, ananging si bulus banjur mbujuki nganggo têmbung kang manis, kêthèk diajak bali nyang omahe. Barêng wis sawatara si bulus anggone ngarih-arih, wêkasane si kêthèk nurut, apa manèh barêng krungu, kandhane bulus manawa ing omahe nyimpên yuyu pirang-pirang. Mitra loro mau banjur padha mulih nyang omahe si bulus. Satêkane ing kono, si kêthèk uga banjur mangan yuyu. Sawise mangan, awake krasa lêsu bangêt, mulane banjur nginêp ing panggonane si bulus.

Esuke si kêthèk calathu marang si bulus, mangkene: Kakang, mau bêngi aku ngimpi, yèn kowe lan aku padha mêngulon banjur wêruh wit nangka. Aya,[15] coba padha mrana!" Si bulus lan kêthèk nuli barêng-barêng nggolèki wit nangka. Karo lumaku mitra loro mau padha omong-omongan.

Pitakone si kêthèk: "Apa ta bedane nangka tuwa karo nangka kang isih ênom, kang bulus?"

Barêng si bulus krungu pitakone si kêthèk iku, banjur thukul panêmune mangkene: "O, si kêthèk iki, mêsthi arêp ngapusi aku manèh!" Si bulus nuli mangsuli mangkene: "Bedane nangka kang tuwa lan nangka kang ênom iku gampang bisane wêruh, yèn diêpuk-êpuk unine plêk, plêk! mêsthi nangka tuwa, nanging yèn unine pluk, pluk! ora kliru manèh, mêsthi isih ênom."

Kêthèk calathu karo mèsêm: "O mêngkono, pamriksane nangka iku, saiki aku wis ngêrti."

Karo omong-omong mitra loro mau ora suwe têkan ing panggonan wit nangka. Si Kêthèk enggal-enggal nuli mènèk, karo ing batin mikir mangkene: "Aja kokira, aku bakal mêthik nangka matêng takwèhke kowe, e bulus. Tumrap rupamu wis cukup sing ênom bae." Barêng têkan ing dhuwur nuli ngêpuk-êpuk sawijining nangka: pluk! pluk! unine, banjur ditibakake, karo nggrundhêng:[16] Na iki: Kowe, saiki aku dhewe golèk sing tuwa matêng.

Ana candhake

DONGA KÊDUL

Ana wong desa jênênge Pak Rêksadrana. Ing kono omahe katon rame. Wong pating Sliwêr, pating brêngok. Sing padha rewang lanang wadon, tuwa ênom, gêdhe cilik sapirang-pirang. Sajatine pak Rêksadrana duwe gawe slamêtan, nylamêti anake, diarah bisane mêngko sore rampung.

Barêng wis sore suwarane ing jêro omah ora pati rame, mrêtandhani nèk wis rampung anggone padha olah-olah. Wiwit jam nêm sore pak Rêksa wis ulêm-ulêm tangga têparone dikon kêndhurèn. Kira-kira jam sêtêngah pitu sing diulêmi wis padha têka kabèh. Pak Rêksa lingak-linguk sajak ana sing digolèki, cêlathune marang bature: "Din, kaume, kok ora ana katon, coba susulên."

Sidin mangkat nusul pak kaum. Ora lêt suwe bali, calathune: "Mênika wau pak kaum sampun mangkat, nanging cilaka, wontên ing margi kasangsaran kêtunjang pit. Sapunika kapurih mamitakên."

Sawise rampung anggone kandhan karo bature, pak Rêksa têrus mênyang pêndhapa linggih sila karo cêlathu: Nuwun, kula kêparênga matur sakêdhik, sarèhning sampun wancinipun, angkah kula badhe kula wiwiti, nanging kawuningana, pak kaum nyuwun pamit, amargi wontên pambêngan. Sapunika kula nyuwun pamrayogi lajêng kados pundi?"

Sing padha ngêpung mak cêp mênêng kabèh, ora suwe ana wong kumêcap, karan pak Mulus: "Kaumipun botên wontên, saupami kula kados pundi.

Andhonga[17] kula inggih sagêd, nanging bontên gumrêmêng kados pak kaum, namung kula batin kemawon."

Pak Rêksa: "Hla mangke ingkang ngamini kados pundi?"

Pak Mulus: "Prakawis amin gampil. Donga kula punika nama kêdul, têgêsipun makatên: mangke kula kudhung sarung, sadaya kêdah ingkang mulat, manawi tangan kula ndudul manginggil mak dul, sadaya kêdah mungêl amin."

Pak Rêksa manthuk-manthuk karo mangsuli alon: Inggih, sapunika dipun wiwiti."

Pak Mulus banjur cucul sarung dikrukupake awake sakojur nganti sirahe ora katon. Kabèh sing ngêpung padha cingak sêmu gumuyu wêruh solahe pak donga kêdul mau. Sajatine pak Mulus kuwi ora bisa ndonga, mung dhèwèke sumêlang manawa slamêtane diwurungake, mangka wis kumêcêr bangêt karo brêkatane.

Kocapa pak Mulus ora sranta banjur ndudul sêru bangêt mandhuwur, mak dul. Sing padha ngêpung muni barêng: "Amin."

Pak Mulus rumasa digugu karêpe nganti kêsênêngan anggone ndudul, dul, dul.

Sing padha ngêpung muni barêng: "Amin, amin."

Dul, dul, dul. Sing padha ngêpung: "Amin, amin, amin."

Mangkono sabanjure nganti bubaran.

S. Har.

TIKUS LAN KODHOK

Ana tikus bêrit siji ana sapinggiring rawa. Ing rawa kono panggonan kodhok. Kodhok mau sok munggah ing dharatan golèk cacing. Anuju sawijining dina, kodhok sênêng atine ngorèk sêru, kalane iku sakèhe manuk kang padha muni kêpêksa mênêng, awit ora kêduga bangêt krungu suwarane kang kliwat mbrêbêgi. Ewadene pangrasane si kodhok, sakèhe kang kêdunungan nyawa, dianggêp padha sênêng ngrungokake pangorèke, mulane saya disêrok-sêrokake. Kaya mêngkono iku upamane wong edan, kang tansah nggrênêngi wong kang padha mênêng bae, ewadene têrkadhang ana wong gêmblung kang dhêmên ngrungokake wong edan. Tikus bêrit sênêng bangêt ngrungokake pangorèke kodhok, banjur alêlewa, pacak gulu lan buntute disolahake minangka pratandhaning bungah. Kodhok bangêt mongkoging ati, awit sumurup yèn dialêm dening tikus, wasana kodhok lan tikus padha mêmitran.

Anuju sawiji dina tikus calathu marang kodhok, têmbunge: "Aku sok duwe pamikir kêpengin rêrasan kambi kowe, nanging ora tumindak yèn aku ngundanga kowe, marga padununganmu ana sajroning banyu, sanajan takuwuha dikaya apa, mêsthi ora krungu, lan manèh aku ora wêruh ana ing têmbing êndi pêrnahe panggonanmu, kajaba saka mangkono aku ora bêtah yèn ngambah banyu nganti suwe. Sarèhne sok bangêt kêpenginku têtêmon karo kowe, nganti aku ngupaya akal. Durung suwe aku nêmu tampar rami, dawane nyukupi, yèn kowe ngira bêcik tampar iku kang sasisih bakal taktalèkake ing sikilmu, manawa aku arêp têtêmon lan kowe, tampar dakdhêdhêti, mêsthi kowe banjur sumurup yèn aku arêp gunêman apa-apa.

Kodhok manut ing rêmbuge tikus, angancani mêngkono iku kalakon, ing sabên-sabên tikus lan kodhok bisa têtêmon, nanging wêkasan mêsakake bangêt, marga tikus kêcilakan disambêr manuk bidho. Kalane bidho nggondhol mabur marang tikus, bangêt eraming ati dene sikile tikus katalenan ing tampar rami sarta ana kodhok lêmu siji katut saka sajroning banyu geyang-geyong. Manuk bidho ora kasuwèn mêmikir, ciptane mung nêmu kabêgjan, tikus lan kodhok banjur dimangsa. Dadi patine kodhok lan tikus padha cilaka bangêt, kang mung jalaran anggone mêmitran karo sato kang seje pasaban.

Adie Soemini, Pamaraga[18]

--- 172 ---

KASANGA

Ing jaman kuna ing tanah Jawa kene ana sawijining tanah kêrajan kang gêdhe bangêt, aran Mêndhang Kamulan. Ratu kang ngêrèh praja mau durung kagungan garwa. Anuju sawijining dina panjênêngane Sang Ratu tindak pêrlu amriksani kaanan ing desa-desa lan kutha-kutha kang uga dipanguwasani Sang Ratu. Ana ing desa Gompèl Payung, Sang Ratu pinanggih sawijining warandha mlarat, kang duwe anak wadon, mung siji sarta ayu rupane.

Bocah wadon mau nuli dipundhut garwa dening Sang Ratu, ananging ora ana wong sing ngêrti, manawa pangantène kakung mau Sang Ratu ing Mêndhang Kamulan. Sawise Sang Ratu dhaup karo wanita ayu, nanging mlarat, mau, nuli kondur mênyang kêdhaton ing Mêndhang Kamulan.

Kacarita ing ngarêp amahe[19] bok randha ana lumbung cilik, ananging isine pari ya mung sathithik, awit dhèwèke wong mlarat bangêt. Anuju sawijining dina bok randha ngêngakake karining[20] lumbung. Bangêt gumune sarta bungahing atine, barêng wêruh, manawa lumbung mau kêbak pari. Tangga-tanggane padha diundangi supaya padha andhêlok[21] ing jêro lumbung. Satêkane ing kono padha kagèt lan bêngok-bêngok sarta padha enggal mêtu ing jaba, awit padha wêruh ula gêdhe bangêt, nglêkêr ing dhuwur pari. Kabar mau sadhela bae wis kêwêntar ing sadesa, manawa ana ula gêdhe kêtêmu ana ing lumbunge bok Kasihan, yaiku arane bok randha.

Wonge lanang padha anggawani pênthung pêrlu kanggo matèni kewan kang ambêbayani mau.

Ananging andadèkake bangêt gumune wong-wong mau, barêng krungu suwaraning kewan kaya calathuning manungsa mangkene: "E ngati-ati, manungsa, aku aja kokpatèni, aku iki putrane Sang Ratu. Yèn kowe padha munasika awakku, bakal nêmu bilai dhewe."

Wong-wong ing desa Gompêl Payung saya wêdi, sanajan ora kuwatir, yèn ula mau bakal matèni. Kabare, ing bab ing desane bok Kasihan ana ulan kang bisa calathu, lan ngaku putraning Ratu, wis kondhang ing desa-desa liya. Wong-wong saka desa-desa adoh padha têka pêrlu andêlok ula lan padha anggawa sajèn.

Ora antara lawas ula mau pangkat mênyang kutha karajane ingkang rama, kaya kandhane dhewe, pêrlu sowan sarta ngaturake sêmbah pangabêkti. Lakuning ula mau diiring ing wong akèh kang padha anggawa tambur, suling, gong lan liya-liyane. Sadalan-dalan unining gamêlan tanpa kêndhat agawe asrining arak-arakan mau. Ing kutha-kutha lan desa-desa kang kêliwatan wonge padha mêtu ndêlok arak-arakan kang anèh iki. Sawênèh ana kang andhisiki nyêgat ing kutha cêdhak Mêndhang Kamulan pêrlu ngabari nyang pawongan ing kono bab têkane ula kang ngaku putrane Sang Ratu.

Wêkasane kabar mau kamirêngan dening Sang Ratu. Panjênêngane uga bangêt ing gumune, manawa ana ula gêdhe arêp sowan ing ngarsane sarta ngaku putrane.

Satêmêne panjênêngane Sang Ratu uga rada ajrih lan kêrsane supaya ula mau enggal bisaa lunga saka kêrajan Mêndhang Kamulan.

Sang Ratu arêp ambalèkake ula mau, ora mêntala sarta ajrih, mulane banjur pados akal. Dayoh[22] kang lagi têka mau bakal ditampa kanthi hurmat supaya salawase ora bakal sowan manèh. Sang Ratu dhawuh tata-tata sapêrluane kabèh, kaya arêp nampani dhayoh agung, dhayoh Ratu saka kêrajan liya kang dadi mitra darmane Sang Ratu ing Mêndhang Kamulan. Kabèh prajurit kadhawuhan baris ing aloon-aloon,[23] dene para pangêdhening[24] wadyabala kadhawuhan mênganggo gêdhèn.

Barêng ula mau têkan ing kutha kêrajan Mêndhang Kamulan anjujug mênyang alun-alun. Satêkane ing kono, kapêthukake dening utusane Sang Ratu, lan takon, apa kang dadi pêrlune. Wangsulane ula mau, ora liya têkane ing kono pêrlu ngadhêp ingkang rama lan ngaturake pangabêkti. Rumasane salawas-lawase dadi putrane têka durung tau ngadhêp, mula saiki dipêrlokake. Ula nuli diirid mênyang ngarsane Sang Ratu. Sawise ngaturake sêmbah pangabêkti, nuli nyaritakake lêlakone kabèh.

Kanthi sabar Sang Ratu mirêngake critane ula mau nanging rumasa lingsêm bangêt karo kawulane kabèh. Sang Ratu banjur pados akal, supaya aja nganti gawe sêrik kewan mau lan uga aja nganti sowan ing sajêroning kêdhaton.

Pangandikane mênyang ula mau: "O, ya, sêmbah pangabêktimu daktampa kanthi bungah. Yèn pancèn nyata, apa sing dadi kandhamu, kowe nyata anakku ya kowe nuruta dhawuhku."

Wangsulane si ula: "O, sandika panjênêngan namung kantun dhawuh kemawon, sadaya badhe kawula lampahi kanthi rilaning manah kawula.

Ana candhake.

BATANGAN CANGKRIMAN KANG KATULIS NALIKA TANGGAL 9 OCTOBER 1937

No. I Jam.

No. II Jaran, kapal, lapak.

No. III Longan.

CANGKRIMAN ANYAR

Bapak pucung

Wontên pandung lêlima kathahe pandung

Kandhêg kang têtiga

Sigra majêng kang kêkalih

Sarêng musna si pandung kari anggana.

 


Purwakêrta. (kembali)
wadya. (kembali)
sampeyan. (kembali)
Garèng:. (kembali)
rekadaya. (kembali)
pandhapi. (kembali)
dados. (kembali)
padagangan. (kembali)
Wangsulanipun. (kembali)
10 ningali. (kembali)
11 kajagi. (kembali)
12 sumurupmu. (kembali)
13 sang. (kembali)
14 Andadèkake. (kembali)
15 Ayo. (kembali)
16 nggrundêl. (kembali)
17 Andonga. (kembali)
18 Panaraga. (kembali)
19 omahe. (kembali)
20 korining. (kembali)
21 andêlok. (kembali)
22 Dhayoh. (kembali)
23 alun-alun. (kembali)
24 panggêdhening. (kembali)