Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 7, Stu Pn, 8 Dulkangidah Alip 1867, 23 Januari 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Pikraman Dalêm Rajaputri Juliana - Kasarasaning Têtiyang ing Dhusun utawi ing Kampung - Tiyang Lampung saha Tatacaranipun - Bêna ing Surakarta - Kawontênan ing Sêpanyol - Bab Kasangsaranipun Tiyang Bathik - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Kèndêl (mênêng).

Kèndêl (mênêng) punika tumraping para ngudi ulah kabatosan dados satunggiling lampah ingkang prêmati, kenging dipun upamèkakên sampun ngambah margi ingkang lêrês. Ing paribasanipun sampun wontên: wong mênêng iku ana sajabaning pakewuh. Wontên malih paribasan Walandi: mênêng iku êmas. Wosipun kajênging paribasan wau sarwa sae.

Malah wontên pangandikaning sarjana linangkung, pambudidaya têntrêming jagad punika, botên wontên malih kajawi namung sarana kèndêl.

Angèngêti ajining kèndêl ingkang kados makatên wau, dados mênggahing tiyang punika kêdah sagêd kèndêl. Nanging manawi ngèngêti kajênging kèndêl ingkang kados makatên wau, sajak-sajakipun botên gampil, awit kèndêl ingkang awoh karahayon, tamtu awis patumbasipun.

Wontên tiyang raosan, sanadyan kèndêl sami kèndêl, punika kajêngipun beda-beda, kados ta kèndêling sela, kèndêling toya, tuwin sanès-sanèsipun. Ingkang dipun upamèkakên kèndêling sela, punika tiyang kèndêl ingkang salugunipun atos ing batos, kajêngipun atos ing ngriki, botên purun mêmbat. Dene kèndêling toya, punika kèndêl katingalipun, nanging nglêbêt tansah kumricik kados ilining toya.

Tamtunipun kajênging rêraosan kados makatên punika lajêng dados èsêmaning para ulah kabatosan, awit mênggah kajênging kèndêl punika, ingkang ahli ngèndêlakên, supados tuwuh kaêninganipun, tuwin sarèhning êning wau bangsaning kaalusan, inggih kêdah mawi milih papan.

Manawi muluring panggagas dumugi ing ngriku, lajêng pitados dhatêng kagawatanipun. Nanging tumrap lêpasing kajêng kèndêl, caraning srekalanipun, lajêng amastani bilih kèndêl ingkang kados makatên punika kèndêling patrap, amargi ugi wontên gotèk, ingkang nama kèndêl punika sanadyan wontên ing papan rame inggih kèndêl, tuwin kèndêlipun botên dipun damêl-damêl.

Gotèk ingkang kados makatên wau tamtu saya damêl èsêmipun ingkang ahli kèndêl. Nanging ngantos kasupèn bilih èsêmipun wau nyata sampun sumingkir saking jaman kakèndêlan.

Cêkruktruna.

--- 90 ---

Pikraman Dalêm Rajaputri Juliana

VI. Pahargyan kraman ing nagari Walandi.

Kados ingkang sampun kawartosakên ing ngajêng, krama dalêm Rajaputri Juliana kalihan Pangeran Bernhard punika pinahargya sakalangkung rame. Ing mangke prêlu ngambali malih kawontênan ing nagari Walandi. Mênggah tataning ijab, kaping kalih, sapisan manut tatacara praja, kaping kalihipun miturut agami wontên ing grija, jinênêngan ing para agung pêpak.

[Grafik]

Ingkang kacêtha ing gambar punika nalika pangantèn sakalihan bidhal dhatêng grija, nitih rata kancana pangirid kapal wolu, ginarubyug ing para agêng tuwin kinurmatan baris uruting margi.

Untapipun têtiyang ningali ing kala punika gêbèl urut margi botên wontên sêlanipun. Miturut pangandikanipun Jendral Roel, ing sadèrèngipun ijab, jawahipun ngrêcèh tanpa kèndêl. Sarêng pangantèn bidhal, dumugining ijab, têrang angglinthang. Sabibaring ijab, jawah malih. Ingkang makatên punika dipun anggêp kaelokan.

--- [91] ---

[Grafik]

Utusan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, Bandara Pangeran Arya Purubaya tuwin Bandara Pangeran Arya Pakuningrat. Badhe anjumênêngi pangantèn.

[Grafik]

Utusan saking karajan Dhèli tuwin Sêrdhang, kiwa Têngku Kamil, têngên Têngku Mansursyah. Badhe anjumênêngi pangantèn.

[Grafik]

Gusti Kangjêng Ratu Timur tuwin Bandara Radèn Ajêng Nurul Kamaril Nasarati Kusumawardhani. Badhe anjumênêngi pangantèn. Dene Sampeyan Dalêm Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara andhèrèk têdhak dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri, kêkapalan.

--- 92 ---

Bab Kasarasan

Kasarasaning têtiyang ing dhusun utawi ing kampung gumantung dening rêgêd rêsiking papan pambucalipun rêrêgêd, sêsukêr, sêne lan sapanunggilanipun.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 3-4.

Ing pundi-pundi panggenan ingkang kathah lalêripun, mèh kenging katêmtokakên wontên sêsakit dysenterie, kajawi sêsakit wêtêng ingkang nular, sêsakit mripat (trachoom), korèng utawi borok lalêr sagêd ugi nularakên.

Prêlunipun sêsukêr dipun jagi sampun ngantos kaencokan lalêr punika:

Sapisan ngicali rêribêt kathahing lalêr wau lan sampun ngantos lalêr sagêd nigan utawi tangkar-tumangkar.

Kalih anjagi sampun ngantos lalêr nularakên wiji sêsakit saking sêsukêr ingkang wontên sêsakitipun.

Kadospundi nularipun sêsakit cacing.

Kajawi wiji-wiji sêsakit cholera typhus lan dysentrie ingkang wontênipun sadonya waradin asring nulari saking toya ingkang dipun ombe tiyang ing satunggiling panggenan lajêng dados tuking sêsakit wau.

Saking toya ugi sagêd katularan wiji sêsakit cacing ingkang kawastanan sêsakit.

1. schestosama-haematobium

2. schestosama-mansani

3. schestosama-Japanicum

Tiyang ingkang kataman sêsakit schesto-haematobium: yèn sêne ngêdalakên êrah, manawi sêne wau kapriksa mawi microscoop pinanggih wontên tiganipun cacing wau.

Wontênipun sêsakit cacing haematobium punika saking ing tanah Afrika, Arab, Mesir, lan ing tanah sanèsipun sagêd tular-tumular dumugi tanah ngriki.

Sêsakit schesto-mansani ingkang kataman sami ambêbucal rah kadosdene sêsakit Dysentrie. Tiyang ingkang sakit wêtêngipun, mlêmbung badan bêntèr lan kêra, ing sêsukêripun tiyang ingkang sakit wontên tiganipun cacing wau, wontênipun sêsakit punika saking Afrika, Konggo, Swerinama, Panama, Madagaskar, lan ing panggenan sanèsipun.

Sakit schesto-Japanicum ingkang sakit badanipun kêra lan bêntèr, wêtêng mlêmbung, ing sêsukêr ugi wontên tiganipun cacing punika, sêsakit punika wontênipun saking tanah nagari Tiongkok, Japan, lan Philipina.

Panularipun sêsakit schestosama punika samăngsa sêsukêr utawi sêne ingkang sampun ngandhut wijinipun sêsakit wau kalêbêt ing toya, tigan schestosama sami nêtês mêdal cacing alit-alit (lêmbat-lêmbat), ing panggenan toya ingkang mili sawatawis utawi ing toya ingkang mandhêg ing blumbangan kalenan ingkang wontên thêthukulan (ganggêng) utawi sanèsipun, cacing alit-alit wau katingal ing toya amublak pêthak kadosdene parudan klapa lêmbat-lêmbat makatên. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Kudus.

--- 93 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Tiyang Lampung saha Tata Ngadatipun.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 3-4.

Panggêsanganipun Tiyang Lampung.

Têtiyang Lampung gêsangipun saking têtanèn saha dêdagangan. Ingkang dipun sade inggih punika: mrica, kajêng, pênjatos, karèt. Panyadenipun wontên ing tanah Plembang saha Pasundhan. Pêkên kados ing tanah Jawi ing ngriku namung wontên sawatawis.

Têtiyang Lampung punika mêsakakên sangêt, manawi botên dipun têdha dening sima, saha bajul, utawi dipun cakot ing sawêr ingkang winastan oelaigelling, tanêmanipun dipun risak dening gajah. Kadhang-kadhang têtiyang Lampung sami pêjah, jalaran botên kiyat nanggulangi krodhaning sêsakit warni-warni. Pramila cacahipun têtiyang Lampung inggih botên kathah.

Griyanipun têtiyang Lampung ingkang kathah griya dêling, awis-awis ingkang kajêng.

Griya ingkang ragi brêgas warninipun kados makatên: sintên ingkang badhe lumêbêt ing griya, kêdah minggah bancik, ingkang winastan garang. Bancik wau dumugi ing papan kangge nampèni tamu, ingkang winastan srambi. Papan sawingkingipun srambi ugi kangge nampèni tamu, ing ngriku panggenanipun meja kursi ingkang endah-endah (papan têngah). Sakiwa-têngênipun papan têngah wontên sênthongipun sawatawis, panggenanipun bojo-bojo, saha sêlir-sêliripun ingkang gadhah griya. Bojo nomêr satunggal saha nomêr kalih pikantuk sênthong piyambak-piyambak. Bojo nomêr tiga kapurih ambiyantu bojo nomêr satunggal, tuwin bojo nomêr sakawan kapurih angrencangi bojo nomêr kalih. Dene para sêlir sami tilêm ing papan satunggal.

Sênthongipun bojo nomêr satunggal winastan proempoe, saha sênthongipun bojo nomêr kalih winastan balangan.

Manawi anakipun pambajêng ingkang mêdal saking bojo nomêr satunggal rabi, ingkang gadhah griya (bapakipun pangantèn jalêr) lajêng manggèn ing balangan, saha proempoe kasukakakên anakipun jalêr ingkang mêntas rabi.

Benjing manawi anakipun jalêr ingkang sêpuh piyambak, ingkang mêdal saking bojo nomêr kalih ugi rabi, pun bapa kapêksa nilar balangan, saha manggèn ing sênthongipun bojo nomêr tiga. Makatên salajêngipun, ngantos wontên satunggaling bapa ingkang kapêksa tilêm wontên lotèng.

--- 94 ---

Tumrap băngsa Jawi cara makatên punika ragi anèh. Nanging kadospundi malih: nagara mawa tata, desa mawa cara.

Wêwatêkanipun têtiyang Lampung.

Racak-racakipun têtiyang Lampung punika sae warninipun, ananging ragi gumagus. Ingkang dipun meliki inggih punika: pangkat inggil, sêsêbutan, pêngpêngan, saha griya ingkang endah. Idham-idhamanipun lare jalêr punika: aku besuk nèk wis diwasa pintêr basa, baud anggawe pantun, pintêr ulah pêdhang, banjur... disênêngi para kênya. Sawise kuwi aku rabi, bojo-bojoku padha ayu-ayu, manis-manis. Hla anak-anakku katon brêgas-brêgas, ayu-ayu.

[Grafik]

Wong-wong sing padha nyawang banjur gumun, têbah-têbah dhadha kalawan calathu: E, dèn anu kae, kok brêgas têmên ta.

Têtiyang Lampung punika rêmên sangêt dipun aosi, asring ngalêmbana dhatêng badanipun piyambak.

Sintên ingkang trampil bantah ginêm winastan linangkung.

Têtiyang Lampung rêmên nêdahakên gagasanipun, supados winastana pintêr. Umukipun sampun tanpa tandhing.

Saking ambêkipun, têtiyang Lampung botên purun mêdamêl bêrah, manawi botên kêpêksa sangêt. Sanadyana makatên, mêksa botên purun bêrah wontên ing kampungipun piyambak.

Kajawèn saking punika, têtiyang Lampung punika botên rêmên nampi tamu, saha botên gadhah katrêsnan, têgêsipun, têtiyang Lampung botên rêmên nampi tamu, saha botên patosa gadhah katrêsnan. Tăndha yêktinipun, manawi wontên sêsakit ingkang mutawatosi, têtiyang Lampung, jalêr èstri sami ngili, ananging anak-anakipun ingkang nandhang sakit dipun tilar, botên dipun pêrduli.

Karamean, para jaka tuwin prawan.

Manawi wontên karamean, ingkang rêmên piyambak para prawan saha jaka, awit lare-lare wau lajêng sagêd pêpanggihan.

Mêsthinipun lajêng mragad menda, trêkadhang ugi maesa. Têtiyang sami mangangge miturut tatacaranipun, bale dhusun ingkang winastan sesat dipun rêngga saprayoginipun. Badhe kasambêtan.

Suyana - Adinata.

--- [95] ---

Bêna ing Surakarta

[Grafik]

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, ing Surakarta mêntas bêna agêng. Bêna wau saking lubèraning toya ing banawi Sala, ngantos angêlèbi ing pasitèn-pasitèn ingkang andhap. Wontênipun bêna agêng ingkang kados makatên punika, salêbêtipun 20 taun sawêg kalampahan sapunika malih.

Ingkang kacêtha ing gambar, punika nalika Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Êmas, tuwin putri dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pambayun nitih baita (gambar nginggil têngên). Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana kaparêng têdhak mariksani ing papan kasangsaran (gambar têngah). Dene gambar sanès-sanèsipun, wujuding papan ingkang kêbênan, inggih punika lampahipun tiyang dhusun badhe sêsadean (gambar nginggil). Pura ing Wanagiri tuwin griya ingkang kêlêban (sami gambar ngandhap).

--- 96 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Sêpanyol

Kawontênanipun paprangan ing Sêpanyol mêksa tansah ambêbêkta wiraosaning nagari sanès, kados ta ing bab tumindaking wadya Jêrman ingkang wontên ing Maroko, lajêng nuwuhakên panggrayangan bilih Jêrman gadhah kamelikan dhatêng tanah Maroko jajahan Sêpanyol. Ingkang makatên punika lajêng nuwuhakên kasamaranipun Prancis, awit Prancis ugi gadhah jajahan wontên ing ngriku. Dados manawi sêdyanipun Jêrman wau kasêmbadan, dipun samarakên manawi mrèmèn dhatêng jajahan Prancis.

[Grafik]

Wadya golongan băngsa Moor ingkang kabiyantu golongan kabangsan Sêpanyol.

Ingkang makatên punika Prancis enggal-enggal ambidhalakên kapal pêrang dhatêng Maroko, tuwin manawi Jêrman nyata gadhah tindak kados makatên, punika dados tăndha wêwinihipun pêpêrangan ing Eropah. Ingatasipun Prancis ugi gadhah nang-nangan sakêdhik, dening supitan margi lautan ing Gibraltar dados panguwaosipun Inggris tuwin Prancis. Ingkang cêlak kalihan Maroko jajahanipun. Dados saupami Jêrman gadhah tindak botên lêrês wontên ing laladan ngriku, atêgês ngajap mêmêngsahan kalihan Inggris tuwin Prancis. Nanging sarèhning wartos wau dèrèng wontên nyatanipun, kawontênanipun taksih sarwa nyamar.

Malah miturut wartos sanès, Prancis tuwin Jêrman katingal sêsulakipun badhe rukun, sagêda anunggilakên damêl babagan dagang. Ewasamantên tumraping kasamaran, mêksa taksih wontên kemawon, amargi sanadyan Jêrman botêna katingal adamêl buthêking kawontênan ing Maroko, nanging gadhah wadya tuwin dêdamêl ingkang kathah piyambak wontên ing Sêpanyol. Inggih lêrês Jêrman dèrèng katingal [ka...]

--- 97 ---

[...tingal] methok kêkajênganipun, naging mênggah ingkang dipun melikakên sampun katingal, inggih punika ing bab wontêning pêlikan têmbagi, sèng, timah tuwin tosan ing tanah Sêpanyol, awit ing wêkdal punika Jêrman ambêtahakên sangêt.

Saupami ing têmbe golongan kabangsan Sêpanyol mênang, Jêrman badhe angsal kabêgjan anggening angsal palilah saking Sêpanyol abikak pakaryan wontên ing ngriku.

Tumrap têtandhinganipun ingkang pasulayan, inggih sampun pinanggih babag, kabangsan mênang saening dêdamêl, wadya parentah mênang sugih bala. Diwasanipun wadya parentah ugi angsal bêbantu saking Ruslan tuwin Prancis, ewasanantên ingatasing dêdamêlipun mêksa dèrèng ngiribi wadya kabangsan. Mila tumraping wadya kabangsan tandangipun tansah ngangsêg, dening gadhah dêdamêl ingkang mitadosi.

Manawi tumrap pangintêning sanès, ing bab pêpêrangan ing Sêpanyol punika, tamtu badhe unggul ing golongan kabangsan. Malah tumraping Itali pamawasipun dhatêng tindakipun Jêrman ing Sêpanyol, dipun titi sayêktos. Lêpasing pamawawasipun botên namung bab punika kemawon, ugi anggagapi badhe dumugi ing têmbenipun. Awit, Itali ing sapunika gêgandhengan kalihan Jêrman, dados punapa ebahipun Jêrman, inggih badhe tumut angêmori, dhasar ing wêkdal punika tumindaking pulitikipun Jêrman sarwa titis. Ingkang katingal, sanadyan Jêrman nuju ulah damêl wontên kilèn (Sêpanyol) nanging tansah mulat ing wetan, nyamarakên dhatêng tindakipun Ruslan anggèning badhe ngêlar daya wontên ing Tjsecho-Slovakije. Punika tumrapipun Jêrman amrayitnani sangêt. Makatên ugi tumrapipun Ruslan, inggih sampun ngrêtos manawi dipun prayitnani, mila saya nyantosakakên dêdamêlipun.

Pinanggihipun panguwaos Sopyèt wontên ing Sêpanyol saya agêng, sapunika malah nyêpêng panguwaos wontên ing Catalonie. Konsul jendral Sopyèt Vladimir Antonoff-Ovsjenko nyêpêng panguwaos agêng wontên ing ngriku. Sawarnining pranatan utawi undhang-undhang ingkang dipun têtêpakên ing parlêmèn kêdah dipun sarujuki Antonoff rumiyin. Kajawi punika Antonoff nindakakên damêl sêsambêtan kalihan para militèr abrit, supados sami ngêtog karosan. Ing sapunika tumrapipun wadya kabangsan, sarêng adêging wadya mêngsah saya santosa, tandangipun malah saya waringutên. Sasampunipun sagêd ngrêbat Estepona têrus ngangsêg dhatêng palabuhan Marbella, nanging lampahipun mriku punika sakalangkung rêkaos, amargi ngambah parêdèn, punapadene jawah. Ewadene tandangipun wadya kabangsan tansah ngangsêg. Makatên ugi panêmpuhipun wadya ingkang dhatêng Madrid botên pisan-pisan angêndhoni. Sayêktosipun campuhipun ingkang sami paprangan punika sakalangkung nyamari, amargi namung awur-awuran wontên salêbêting pêdhut ingkang sakalangkung pêtêng, lampahing sanjata mêsin waton lumêpas, mila pundi ingkang santosa gêgamanipun, kapara kaduk ing panêmpuh.

Saèstunipun pasulayan punika taksih panjang ing wingking.

--- 98 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Kasangsaranipun Kaum Bathik

III

Petruk : Kaya sing wis tak caritakake lagi anu, Kang Garèng, ing kala samono, ya kuwi ing jaman salawenan taun saprene, kaum bathik: anjêlêgêdhag, kaum importir: ambaludag, nagara narike: saglodhag, cêkake têlu-têlune olèh kasil: mambrag-mambrag. Kocapa, Kang Garèng, ing wusana banjur ana wong sawatara nglêbokake rêkès, lan rêkèse mau iya banjur katampan, malah tumêkane saiki isih têtêp. Ya kuwi kala samono rêkès nyuwun dibênum dadi... congkog.

Garèng : Mêngko sik, Truk, aku arêp takon dhisik. Sing kok karêpake têmbung: congkog kuwi mau, apa cara Bêgêlèn apa cara Surakarta. Nèk cara Bêgêlèn, congkog kuwi padhane: kamituwa. Nèk cara pyayine mono: patih, nanging patihing mas lurah. Ing sarèhning siji-sijining desa kuwi wis ana kamituwane dhewe-dhewe, dadi mêsthine iya dudu kuwi sing kok karêpake. Saiki yèn karêpmu nganggo têmbung congkog mau cara Sala, kathik kok kandhakake tumêkane saiki isih têtêp, iki cara Landane: bêlèdhêging, yaiku: gawe isin, ngina, ngasorake, nyênyêrikake, lan êmbuh apa manèh. Awit saiki jaman modhèrên, wong wis ora butuh nyang congkog, wis bisa têmon dhewe, malah yèn prêlu, wong tuwa kêna diêpringake, sabab jarene, sing arêp laki rabi kuwi dudu wong tuwa, nanging... aku dhewe.

Petruk : Lo, lo, lo, salah wèsêl, Kang Garèng, sing lagi dirêmbug dudu prakara laki rabi, nanging ing bab kaanane kaum bathik. Sing tak arani congkog, kuwi wong kang dadi lantarane kaum importir lan kaum bathik.

Garèng : O, iki nèk cara Sala anggone ngarani: têsèn, iki saka têmbung Lănda: Têsênhandhêl (tusschenhandel) nèk cara Jawane: bakul lantaran.

Petruk : Iya, iya Kang Garèng, kêtrima bangêt aku, wèh, nganti lali cara Landaku. Wis, saiki tak balènane omongku ing ngarêp. Ing wusana ana wong sawatara sing kêpengin dibênum dadi: têsèn mau. Sing disowani mau ing sakawit, êmbuh kaum importir, êmbuh kaum bathik. Saupama kaum importir, kira-kira panêmbunge, mungguh cara Jawa mêngkono, kurang luwih mangkene: tabik, tuwan, kaparênga kula

--- 99 ---

matur. Tumrap tuwan, têmtunipun rêkaos sangêt, manawi sabên-sabên kêdah manggihi utawi nagihi dhatêng kaum bathik tut satunggal. Kajawi tuwan namung badhe ambucal wêkdal ingkang kathah ajinipun tumrap tuwan, ugi tuwan namung badhe ambucal waragad ingkang sasayahiranèki kemawon, lan malih tuwan rak dèrèng priksa dhatêng adat tatacara tuwin wêwatêkanipun tiyang Jawi punika. Amila kapasrahakên kula kemawon, tanggung bèrès, kula narimah dipun paringi prêsenan kemawon.

[Grafik]

Garèng : Wèh, kaum importir kuwi sing akèh-akèh mêsthine iya Lănda grès, sing ulêse isih kaya kèju kae, dadi iya lumrah saupama durung ngrêti nyang gêdhungdhang-gêdhungdhonging bangsane dhewe kiyi, dadi yèn banjur ana panuwunan sing kaya ngono kuwi, dhasar rupane sajak kêna dipracaya, apa manèh yèn bangsane sing kathokan lan gundhulan, têmtune iya enggal-enggal diwangsuli: bolih, hur, bolih, kapan mulai, sèh.

Petruk : Sêmu-sêmune iya mêngkono kuwi, Kang Garèng, sabanjure kandhidhat têsèn mau, rupa-rupane banjur sowan nyang kaum bathik, sarta anggêdabrul mangkene upamane: wah, mas bèi, tingalipun padamêlan nampeyan punika, saya dangu saya ribêt sangêt makatên. Têmtunipun manawi dipun tilar nampeyan sakêdhap kemawon, wèh, inggih repot sangêt. Ambok inggih, timbanganipun nampeyan nilar padamêlan, manawi badhe prêlu mundhut prabot bathik kapasrahakên kula kemawon, kula tanggêl, mêsthi bèrèsipun. Priksa-priksa maringi têdha dhatêng kula. Tiyang kula inggih narimah pun paringi rebelan sapalihipun.

Garèng : Watake wong Jawa kuwi sugih wêlas, lan lumuh pêpadon karo băngsa Walănda, apa manèh Walănda sing isih abang kae. Têmtune yèn banjur ana panjaluke wong kaya ngono kuwi, kathik bangsane wong sing gundhulan lan kathok komprang, iya banjur prêcaya bae, sarta iya tumuli: klunthung, mituruti bae. Wah, têmtune si têsèn iki ora suwe, iya banjur plêmpung, mrênthêl bae, sabab, bisa nyikut mrana, nyikut mrene.

--- 100 ---

Petruk : Iki wis lumrah, Kang Garèng, lakune ing dunya padagangan kuwi, sing sapa prigêl, cukat lan pintêr, iya sing bakal panèn. Wong iya bisa olèh mrana olèh mrene, sadi mrana sadi mrene - èh, nganti kèlingan anggone lagi ngèplèh-èplèh - ora watara suwe têsèn-têsèn mau ana sing banjur: pêthèngkrèng angraja Pirngon.

Garèng : Hus, wong sêmbrana, kowe kuwi gênahe apa panas, apa kêpiye. Karêpmu rak arêp ngandhakake, yèn têsèn-têsèn mau dadi braèwu, sugihe prasaksat Raja Pirngon. Mula iya nyata Raja Pirngon kuwi jarene sugihe ora karuan têmênan, nanging aja kok banjur kok unèkake: angraja Pirngon, awit iki têgêse: ora mung sugih băndha sugih dhuwit bae, nanging iya sugih... ati sing pating kriwil, alias: drêngki lan èlèk atine sing ora karu-karuan kae.

Petruk : Awas, Kang Garèng, aja nganti kliru panampane omongku. Mula iya nyata para têsèn mau akèh sing banjur padha dadi sugih-sugih, nanging antarane têsèn-têsèn kuwi banjur ana - ora kabèh, Kang Garèng - sing banjur angraja Pirngon, têgêse: mula iya nyata: sugih lan kuwasa, nanging uga olèh warisan watake Raja Pirngon sing paribasane: rêsik pêcêrèn kae. Sabab, barêng sugih lan kuwasa, sêmune banjur tuwuh pikirane: kabèh kauntungan ora kêna kècèr nyang wong liya, kudu tiba nyang tanganku kabèh, yathuk-yathuk.

Garèng : Iki ora klêbu nalar, Truk. Awit miturut kandhamu mau, têsèn kuwi pagaweyane mung dadi lantarane kaum importir karo kaum bathik. Dadi cara-carane kira-kira rak iya mangkene upamane:@Kaum bathik butuh: malam, nila, kudhu lan liya-liyane, banjur dhawuh nyang têsèn mangkene: kula saniki butuh malam sêmèntên, kudhu sêmèntên, nila sêmèntên, êmpun saniki sampeyan tukokake têng ndara tuwan importir. Niki prêsène kangge sampeyan: krupyuk. Têsèn banjur amangsuli: Inggih kêsuwun. Banjur sranthal lumayu nyang tuwan importir, sarta matur mangkene: Tuwan, Mas Cagopla nyuwun dipun kintu:[1] malam sêmèntên, enso purut, punika artanipun. Tuwan importir mangsuli: Baik, ini prêsèn buat kowe: kropyak. Dadi Jawane têsèn kuwi iya kayadene upas bae...

Petruk : Ing sakawit kiraku iya mangkono, Kang Garèng, nanging suwe-suwe, barêng wis diprêcaya bangêt dening tuwan importir, banjur rada salin haluan. Upamane bae banjur anjawab nyang importir mangkene:@Wah, tuwan, rêkaos, yèn kula kêdah wira-wiri mriki. Botên kobêr sayêktos. Punapa botên sae manawi tuwan simpên prabot bathik sawatawis ontên griya kula, dados yèn ontên tiyang bêtah, kula sagêd: glodhag, nyukani mawon. Hla, sabên sawulan kaping sapisan utawi kaping kalih kula ngaturi palapuran têng tuwan. Wong tuwan importir wis pracaya bangêt, têmtune wangsulane iya: baik, hur.

--- 101 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

TANAH NGRIKI

Bêna ing Nganjuk. Jalaran saking dêrêsing jawah, lèpèn Widas, Nganjuk, bêna. Dhatênging toya nuju têngah dalu, saya dangu saya agêng, ngantos damêl kandhêging lampah saking Kêdhungsoko dhatêng Ngrajêg. Sabin-sabin sakiwa-têngênipun ngriku sami kêlêban, adamêl kapitunan.

Anggêgana dhatêng Austraie mirunggan. Motor mabur Knilm mêntas wontên ingkang kasewa mirunggan kangge dhatêng Sydney, Australie. Wangsulipun dhatêng Bêtawi namung lampahan 2 dintên. Nalika motor mabur dumugi ing Australie dipun tampi kanthi gambira dening pangagêng tuwin sanès-sanèsipun. Motor mabur wau wangsulipun ambêkta pisungsung wowohan katur K.T. Ingkang Wicaksana.

Kapal kaji ingkang wangsul. Kongsi Tiga nêtêpakên wangsulipun kapal kaji saking Jedah dhatêng tanah ngriki. Kapal "Kota Pinang" ing tanggal 3 Maart. Kapal "Poelo Bras" tanggal 6 Maart. Kapal "Tarakan tanggal 17 Maart. Kapal-kapal wau dumuginipun ing Sabang tanggal 15, 17, 21 tuwin 28 Maart. Kintên sabên lêt 5 dintên dumugi Tanjung Priok.

Wanita kaukum. Pangadilan Landraad ing Sêmarang mêntas ngrampungi prakawisipun nonah S.K. Trimurti, pangarsaning pakêmpalan "Persatoean Marhaeni Indonesia" ing kampung Wonodri, Sêmarang, kalêpatan nyêbar sêrat sêbaran ingkang akajêng ngojok-ojoki. Dakwa angakêni, sêrat sêbaran wau dipun damêl piyambak, dipun cap kalihan gudir, botên wontên ingkang ambiyantu. Karampunganing pangadilan dakwa katêtêpakên kalêpatanipun, kaukum 9 wulan, kaêlong salaminipun dados tahanan. Dakwa manah-manah rumiyin.

Dhatêng Nieuw Guinea. Ing bab badhe lampahing golongan dhatêng Nieuw Guinea ingkang pêrlu nitipriksa kawontênan ingriku sampun samadhiya. Golongan wau badhe nyewa kapal K.P.M. kangge layaran dhatêng Soengei Eilanden, salajêngipun manggèn ingriku kangge papan paklêmpakan. Ing kapal ngriku badhe ambêkta baita motor, pêrlu kangge papriksa urut lèpèn. Kajawi punika ing kapal wau dipun pasangi radio, supados anggampilakên sêsambêtanipun kalihan sanès panggenan. Golongan punika dipun pangagêngi tilas kaptin Becking. Lampah punika ugi nganthi ahli babagan kawruh siti, dhoktêr, tuwin dipun ayomi ing golongan militèr.

Ngawontênakên papan pajagèn ing Nieuw Guinea. Kala tanggal 15 wulan punika kapal Gupêrmèn Albatros bidhal saking Ambon dhatêng Fak-fak kanthi ambêkta veldpolitie sabragada, badhe kapapanakên ing Japero, kaprênah ing sungapanipun lèpèn Otakwa. Saking papan ngriku badhe nglajo papriksa dhatêng sauruting lèpèn, pêrlu badhe pados papan pajagèn baku ing Mimika. Kapal Alabatros badhe lajêng layaran dumugi Bivak-eiland, pêrlu nindakakên papriksan, supados veldpolitie sagêd têtêp manggèn ingriku ing salêbêting wulan Februari utawi Maart. Kajawi punika kapal Reiger ugi tumindak makatên dhatêng Manokwari.

Malaria ing Malang Kidul. Ing dhusun Tambakrêja, Malang Kidul, tuwuh sêsakit malaria. Dhusun wau pêrnahipun wontên sungapaning lèpèn ingkang kêbak rawa. Tiyang ingkang katrajang sêsakit wontên 163, tiwas 10. Têtiyang ingriku sami dipun têdhani tablèt kina. Dununging papan panggenan lêmut nigan wontên ing sisih kidul ingkang rêkaos dipun dhatêngi.

[Grafik]

Lampahing sêrat post ingkang rikat. Kala dintên Jumuwah kêpêngkêr, kapal Pulau Tello saking nagari Walandi ambêkta sêrat-sêrat post dumugi Medan. Wanci jam 8 motor mabur Knilm bidhal saking Medan ambêkta sêrat-sêrat post dhatêng tanah Jawi. Jam 5.35 sontên dumugi Cililitan. Sêrat-sêrat wau lajêng katampi auto-auto ingkang sampun sumadhiya, têrus kabêkta dhatêng Weltevreden. Sêpur dalu ingkang badhe bidhal dhatêng Surabaya ing sontên wau kaundurakên 5 mênit, pêrlu nampèni sêrat wau. Dintênipun Sabtu, têtiyang ing Jawi Têngah tuwin Jawi Wetan sampun sami sagêd nampèni sêrat saking nagari Walandi.

Ing nginggil punika gambaripun sêrat-sêrat post wau dumugi ing Cililitan kaandhapakên saking motor mabur.

Nglajêngakên lampah dhatêng Autralie.[2] Tuwan Oscar Spek, bangsa Jerman sampun bidhal saking Bêtawi dhatêng Australie namung ngangge baita alit ingkang kenging dipun lêmpit. Kathah bangsa Jêrman ingkang nguntapakên, dalah consul jendral Jerman Dr.A. Vallette. Ing baita ingriku ing perangan ngajêng isi pêti tosan pirantos kangge ngrimat sêrat-sêrat, supados botên têlês, gêndul-gêndul isi toya tawa, lisah kangge anggosok badan murih kulitipun botên gosong. Ing perangan wingking isi têtêdhan, susu blèg tuwin soklat. Bidhalipun linut ing surak mawurahan.

Siti jugrug. Kawartosakên, jalaran saking jawah, ing dhusun Ngipar, laladan Gunungkidul, wontên siti jugrug, angurugi griya pintên-pintên. Wontên tiyang ingkang tiwas satunggal, kêtaton kathah.

Kecalan barang agêng. Mantunipun Dr. Ong Kiem Hok, ing Kêtabang, Surabaya, kecalan kalung platina rinêngga ing barliyan agêng tuwin barliyan alit-alit 40 iji, rêgi f 36.000.- ical botên kantênan. Sapriki dèrèng angsal titik.

--- 102 ---

Pranatan sêpur enggal. Kawartosakên, wiwit benjing tanggal 1 Mèi ngajêng punika, lampahing sêpur snel saking Bêtawi dhatêng Bandung tuwin kosokwangsulipun badhe kaewahan. Ingkang bidhal saking Bêtawi kapisan, makatên ugi ingkang bidhal saking Bandung, kintên-kintên jam 6, sêpur ingkang kaping kalih têtêp kados sapunika, sêpur ingkang kaping tiga bidhalipun saking panggenan kalih pisan wau jam 2, dene sêpur ingkang wêkasan bidhalipun kintên-kintên sami jam 5. Ewah-ewahan wau pêrlu kangge mikantukakên murih têtiyang ingkang kêkesahan tulak sagêd tanak wontên ing purug.

[Grafik]

Bupati enggal. Dèrèng dangu punika Mas Prawirowijoyo, patih ing Kêdiri (kacêtha ing gambar) katêtêpakên dening pamarentah dados bupati ing Nganjuk, saha kapatêdhan sêsêbutan R. Tumênggung. Ingkang bupati enggal wau putranipun suwarga M. Prawirasêntono Ass. Wêdana pènsiun ing Rêjotangan, Tulungagung.

Ringgit tiyang ing karaton Ngayogya. Ringgit tiyang ing karaton Ngayogya ingkang kangge maargya krama dalêm Raja Putri Yuliana sampun wiwit kagêbyagakên. Ringgit tiyang punika kêgolong agêng-agêngan. Ulam-ulamanipun tamu 400. Paduka Vice President Raad van Indie ugi dipun aturi.

Kawontênaning paniti-priksa ing Lampung. Tuwan Van Hulst, Residhèn Banyumas, sasampunipun papriksa 4 dintên ing Lampung, mahyakakên pangalêmbana dhatêng tumindaking damêl Residhèn Rookmaaker. Ing sakawit padamêlan ing papan paboyongan punika kalangkung awrat, nanging tumindakipun sae. Irrigatie ing Sukadana, dados satunggiling pakaryan agêng. Film ingkang kapitongtonakên dening residhèn Rookmaaker, mujudakên majênging têtiyang ingkang sami nyambut damêl ingriku. Tatananing nanêm tuwin margi-margi pinanggih sae.

Pêjah ingkang damêl nalangsa. Satunggiling tiyang èstri ing kampung Sawah, Bêtawi, lapur dhatêng pulisi bilih ingkang jalêr kesah botên kantênan purugipun. Sanès dintên tiyang èstri wau mirêng bilih ing jêmbatan Serong wontên satunggiling kaji kasangsaran, tiyang wau lajêng gadhah pangintên bilih ingkang kasangsaran wau ingkang jalêr. Nalika tiyang èstri wau pados katrangan dhatêng C.B.Z., angsal katrangan bilih kaji wau sampun ngajal tuwin sampun dipun kubur. Sarêng tiyang èstri wau nitik sandhang panganggenipun ingkang ngajal, nyata bilih sandhang panganggènipun ingkang jalêr.

Sagantên rob ing Japara. Sagantên ing Jêpara mêntas pinanggih rob toyanipun, ilining toya lèpèn ngantos nungsung. Ing sanalika ngriku tiyang sami kuwatos, nanging wusananipun toya wau lajêng surut malih. Ing kala robing toya wau wontên juru misaya ulam, baitanipun kêpêksa wangsul minggir.

Mêjahi sima gembong. Kawartosakên, inspecteur politie Van Leuven ing Kota-Nopan mêntas mêjahi sima gembong agêng. Sima wau sampun 2 wulan tansah ngrêrisak ing bawah Tamiang tuwin Manambin. Kewan ingkang sampun kabahak, lêmbu 14 maesa 3.

Auto ing tanah ngriki. Miturut katrangan saking Kon. Ned. Ind. Motor Club, cacahipun auto ingkang kalampahakên, ing tanggal 1 Januari 1937 wontên 51.446, ing tanggal 1 Januari 1936 wontên 49.352. Sumatra petangan kados makatên 18.108 tuwin 16.340. Borneo 2.221 tuwin 2.090. Selebes 2.664 tuwin 2.253. Molukkên 185 tuwin 175. Timur 266 tuwin 206. Bali tuwin Lombok 1.046 tuwin 962.

Sarêm ingkang kadamêl alit. Miturut rêmbag, para wajib ing Bantên anocogi badhe wontênipun sarêm ingkang kadamêl alit-alit.

Kasangsaran baita. Ing sacêlakipun pulo Roti mêntas wontên baita kèrêm jalaran katêmpuh angin agêng. Baita wau isi punggawa 5 tuwin tiyang numpak 22. Wontên tiyang 4 ingkang sagêd nglangi dumugi pinggir. Ingkang kakintên ical 3 punggawa baita tuwin tiyang jalêr 14 èstri 6.

Panggaotan misaya ulam ing Madura. Ing Sumênêp wontên Walandi Indo misaya ulam, manggèn ing pasisir Kaliangêt tuwin Kêrtasada. Pamisayanipun mawi sero, panjangipun 1000 m. wiyaripun 350 m. Pamisayanipun sagêd majêng, ulamipun sae-sae. Sacêlakipun sero wau kadamêlakên blumbangan, pêrlu kangge wadhah ulam sawarni, dados sagêd taksih gêsang, samangsa ngintunakên taksih sêgêr. Manawi ulamipun botên pajêng, lajêng dipun ingah ingriku, malah sagêd agêng. Rêkadaya makatên punika kajawi ajêg angsal ulam enggal, samangsa-mangsa wontên ulam punapa ingkang dipun kajêngakên, kantun nyidhuk kemawon. Wah panyadenipun sagêd kabêkta mawi têtumpakên dhatêng pundi-pundi, pêrlunipun enggal ing lampah.

ASIA

Sêpur kabêsmi. Sampun sawatawis dintên, nalika sêpur expres saking Kowloon Shihtan mlampah, kêbêsmèn. Wontên mayit 85 ingkang dipun bêkta dhatêng Canton. Mayit samantên wau ingkang èstri 35. Tuwuhing kabêsmèn wau kakintên saking gêrbong barang-barang. Ing sêpur ngriku botên wontên pirantos ingkang sêsambêtan kenging kangge suka sumêrêp dhatêng masinis, mila salêbêtipun kabêsmèn sêpur têrus lumampah kemawon. Gêrbong tumpukan ingkang kabêsmi 3. Kathah mayit ingkang sami gumantung ing jêndela, kintên-kintên sami nêdya badhe oncat. Miturut pawartos ing wingking, sagêd ugi kasangsaran wau saking padamêling tiyang, amargi kêtitik ing gêrbong ngriku wontên tiyang ingkang ambêkta barang-barang ingkang sagêd anjêblos.

AUSTRALIE

Kabêsmèn agêng. Ing Melbourne, Australie mêntas wontên kêbêsmèn agêng, ingkang kêbêsmèn griya ing Victoria-dok. Kapitunanipun 500.000 pondsterling. Mêrtega tuwin sanès-sanèsipun ewon ton sami risak. Wontên kapal 4 mèh kêbêsmi.

EROPA

Wadya tiyang praja. Ing wêkdal punika Jêrman ngiyatakên têtêping tindak wajib ingatasing padamêlan militèr, sarana ngawontênakên dhawuh dhatêng para consul Jêrman sajawining praja supados sami nyathêti bangsa Jêrman kalairan taun 1917. Rakyat Jêrman ingkang kalairan ing taun wau sagêd malêbêt wadya praja.

--- 103 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun Baronesse Orczy

28

Kalayan ngunjal uswa sang putri umatur: Têka tega têmên panjênêngan saiki nyang aku. Ora ngira-iraa yèn nganti samene kadadeane. Ing măngka sawatara sasi kang kapungkur, yèn aku nganti nibakake êluh, katon cêtha anggon panjênêngan bingu[3] sarta susah ing panggalih. Nanging saikine tangisku nganti kandhas ing ati, sêmune panjênêngan ora anggape babar pisan.

Sarana suwara pêdhot-pêdhot, botên beda kadosdene pangandikanipun Lèdhi Blakêne, Sêr Pèrsi lajêng angandika makatên: Lèdhi, aku saiki arêp takon nyang sariramu. Sariramu arêp duwe prêlu apa nyang aku.

Lèdhi Blakêne: Sêr Pèrsi, saiki Arman ana ing sajêroning bêbaya gêdhe bangêt, dhèwèke kuwi gawe layang tumuju nyang Sêr Andre, layange mau tiba ing tangane wong kang kêluwih-luwih trêsnane nyang nagara wutah gêtihe. Bokmanawa sesuk dhèwèke bisa dicêkêl. Sabanjure bisa uga tumuli diukum pati sarana wadung gêjlig, samono kuwi yèn ora tinulungan. Adhuh, rasaning atiku kaya dirontog-rontoga. Panjênêngan ora ngrêtos, lan iya ora sagêd ngrêtos, tumrape aku ora ana kang kêna taksuwuni tulung...

Ing kala punika sang putri botên sagêd nahan waspanipun. Sadaya susahipun, punapadene lêlampahanipun Arman ingkang botên sande tamtu sagêd bilai wau, adamêl rontoging panggalihipun. Saking botên kiyatipun nahan gênging susahipun, sang putri mèh kemawon dhawah ing siti, saupami lajêng botên kêtotog saka ing sacêlakipun ngriku. Salajêngipun sang putri nuntên lendheyan ing saka, nutupi wadananipun kalayan asta kalih, sarta lajêng muwun angguguk.

Kala Sêr Blakêne mirêng sapisanipun ingkang garwa nyêbut namanipun Arman, langkung malih sarêng mirêng bilih Arman wau ing samangke wontên ing salêbêting bêbaya agêng, sanalika wadananipun katingal pucêt sawatawis. Nanging ing ngriku, saking polatanipun, inggih lajêng katingal cêtha, bilih Sêr Pèrsi Blakêne punika sajatosipun satunggiling priya ingkang kêncêng panggalihipun.

Sêmu ngerang-erang Sêr Blakêne lajêng ngandika makatên: O, dadi saikine parentah sing ambêgsiya iki banjur ambalik mungsuh nyang wong kang salawas-lawase awèh umpan. Nanging sarêng anguningani bilih sang putri botên kèndêl anggènipun muwun, Sêr Blakêne nuntên anglajêngakên pangandikanipun kanthi alus makatên: Lèdhi, ambok iya mênênga anggonmu nangis, sabab aku ora tahan andêlêng wong nangis kuwi.

Sêr Blakêne sarêng anguningani ingkang garwa sakalangkung agêng sungkawanipun wau, ing batos sangêt wêlas asihipun. Ing sakawit mila kagungan sêdya badhe nglêlipur panggalihipun sang putri, nanging lajêng dipun sabili, awit sanalika punika lajêng èngêt dhatêng lêlampahanipun ingkang garwa ingkang botên dados cocoging panggalihipun wau. Ing wusana Sêr Pèrsi lajêng angandika sajak botên mrêduli, sanadyan kanthi alus, makatên: Lèdhi, kăndhaa bae nyang aku, kapriye anggonku kudu mitulungi nyang sliramu.

Lèdhi Blakêne ingkang paningalipun taksih kêbak êluh, lajêng mriksani dhatêng ingkang raka saha matur: Apa kira-kirane panjênêngan bisa mitulungi Arman, Sêr Pèrsi. Panjênêngan kuwi kagungan daya gêdhe ing sajêroning kadhaton, mangkono uga mitra panjênêngan kuwi akèh...

Sêr Pèrsi Blakêne: Apa ora luwih bêcik sliramu mundhut tulung marang mitramu kang tunggal băngsa, yaiku: Sopêlin agèning Republik Pêrancis. Yèn aku ora kaliru, gêdhening dayane Sopêlin iki prasaksat pamarentah Pêrancis dhewe.

Lèdhi Blakêne: Aku ora bisa anjaluk tulung nyang wong iki, Sêr Pèrsi. O, ambok iya aku iki bisa nyaritakake kaanane kabèh marang panjênêngan. Nanging... malah Sopêlin iki marak-marakake, sing sapa bisa nyêkêl Arman, bakal nămpa ganjaran gêdhe.

Kados punapa badhe lêganing panggalihipun sang putri, saupami sagêda ngaturakên dhatêng ingkang raka, sadaya wêwados ingkang dipun alami kala dalunipun, makatên ugi saupami sagêd ngaturakên gênging sungkawanipun jalaran saking wêwados wau. Nanging sang putri rumaos ajrih badhe angakêni punapa ingkang sampun katindakakên ing dalu wau. Kuwatosipun, bilih Sêr Blakêne botên mangrêtos utawi kuwatos, bilih namung badhe mêwahi dukanipun ingkang raka kemawon. Sarêng sang putri kèndêl anggènipun angandika, Sêr Pèrsi lajêng ngunjal uswa sarta angandika sajak botên rêna makatên :

--- 104 ---

Lèdhi, ing sarèhne bab iki ing sêmu agawe wuwuhing susahmu, bêcik aja dirêmbug bae manèh. Dene ing bab Arman, aja susah kuwatir. Aku wani nanggung, ora-orane yèn dhèwèke nganti kapriye-kapriye. Wis, saiki aku lilanana pangkat. Sabab saiki wis wêngi bangêt.

Klayan saya nyakêti ingkang raka, tuwin kanthi suwara ingkang mêlas asih, sang putri umatur: Nanging panjênêngan rak iya krêsa nămpa gênging panuwunku marang panjênêngan anggon panjênêngan wis krêsa arêp mitulungi Arman mau.

Ing kala punika Sêr Blakêne mèh kasupèn, saha lajêng badhe angrangkul ingkang garwa, nanging sakala punika ugi lajêng kèngêtan malih dhatêng lêlampahanipun ingkang botên andadosakên rênaning panggalihipun wau. Amila Sêr Pèrsi lajêng mundur saha angandika kalayan sabar makatên:

Aja guru-guru awèh panarima kasih marang aku, Lèdhi. Sabab aku durung nindakake apa-apa. Saikine sliramu bêcik mapana sare, awit iki wis mèh nyêdhaki esuk, mêsthine sliramu sayah bangêt.

Sang putri rumaos sakalangkung agêng panalangsanipun sarta kaduwung, dene ngantos samantên anggènipun ngatingalakên gênging sungkawanipun, têka ingkang raka sêmu kadosdene botên anggape babar pisan. Sakêdhap sang putri mriksani dhatêng ingkang raka. Ing kala punika Sêr Pèrsi jumênêng anjêjêr malih, tanpa ebah kados ing suwaunipun. Ing wêkdal punika sampun katingal trontong-trontong, ngandhakakên yèn botên dangu malih surya badhe mlêthèk. Pêksi-pêksi sampun wiwit ngocèh. Sadaya ingkang sami tilêm sami badhe tangi malih. Nanging panggalihanipun prayagung kalih wau kadosdene wontên pêpalangipun, ingkang satunggal lan satunggalipun botên purun nisihakên.

Kalayan andhêngkluk mastakanipun kadosdene dhatêng putri sanès ingkang wajib dipun ajèni, Sêr Pèrsi pamitan dhatêng ingkang garwa, sarta lajêng tindak saking ngriku.

Dene sang putri, kalayan alon-alon lajêng lumêbêt ing dalêm. Nanging sadèrèngipun lumêbêt ing kamaripun, kèndêl sakêdhap sarta amriksani tindakipun ingkang raka. Kanthi pangajêng-ajêng, bokmanawi ingkang raka lajêng krêsa wangsul malih, nanging Sêr Pèrsi anglajêngakên tindakipun tanpa nolèh mangiwa utawi manêngên. Ing kala punika paningalipun sang putri kraos ngêcêmbong malih, nanging ing sarèhning kuwatès[4] bilih kauningan dening ingkang raka, amila lajêng enggal-enggal anglajêngakên tindakipun, saha tumuntên lumêbêt ing kamaripun.

Saupami sang putri wau krêsaa wangsul sarta amriksani dhatêng ing jawi, ing ngriku sang putri tamtu sagêd anguningani, bilih Sêr Blakêne anggènipun katingal kadosdene botên anggape babar pisan wau, sajatosipun namung samudana kemawon. Mênggah nyatanipun gênging sungkawanipun ingkang raka wau sakalangkung-langkung. Sabab ing batos Sêr Pèrsi sakalangkung kayungyun dhatêng ingkang garwa. Mênggah tăndha yêktinipun, sarêng suwaraning tindakipun ingkang garwa botên kamirêngan malih, enggal-enggal panjênênganipun jèngkèng ing papan ingkang dipun tindaki dening sang putri, sarta lajêng tanpa kèndêl anggèning nguswani tapaking sampeyan ingkang wontên ing siti, punapadene tabêting astanipun ingkang garwa ingkang wontên ing saka.

XVI Pamitan

Nalika Lèdhi Blakêne dumugi ing kamaripun, taksih katêngga dening abdinipun èstri, ingkang ing sêmu nguwatosakên dhatêng kasugênganing bandaranipun. Nitik mripatipun ingkang ngêlob-êlob, abdi èstri punika sadalu tanpa tilêm. Sarêng bandaranipun wau rawuh, amila lajêng enggal-enggal umatur makatên:

Milèdhi tamtunipun sayah sangêt. Awit ing samangke sampun jam gangsal langkung.

Kalayan sumèh sang putri amangsuli: Mula iya mangkono, Luwis, aku pancèn sayah bangêt. Nanging mangkono uga, kowe mêsthine iya sayah bangêt. Mulane tumuli mapana turu. Aku tak ucul-ucul dhewe.

Abdi, lo, kadospundi Milèdhi, têka panjênêngan botên krêsa kula ladosi.

Lèdhi Blakêne: Ora susah, Luwis, aku bisa dhewe. Saiki bêcik kowe enggal-enggal mapana turu. Lan ora prêlu mikir nyang aku.

Ing batos Luwis ngraos bingah dene kadhawuhan mapan tilêm wau, amila inggih enggal-enggal mituruti punapa dhawuhing bandara. Badhe kasambêtan.

Wara-wara

Sarèhning Kajawèn perangan: Taman Bocah punika sadhiyan kangge waosan lare, murih gampil tuwin sagêd sumrambah, badhe kasantunan aksara latin, kawiwitan benjing dintên Sêtu ngajêng punika. Dene tumrap waosan Taman Bocah ingkang dèrèng têlas, badhe kalastantunakên aksara Jawi, kados ing sanès panggenan.

Mugi andadosakên kauningan.

--- 9 ---

Nomêr 3, taun VIII

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Kudu Trêsna nyang Sadulur

Bocah-bocah, gèk Sêtu kêpungkur Bu Mar mêntas mituturi, kudu trêsna nyang wong tuwa. Kajaba trêsna nyang wong tuwa, ya kudu trêsna nyang sadulur, luwih-luwih sadulur kang Tunggal wadhah, yaiku tunggal bapa-biyung. Yèn kowe ora dhêmên nyang sadulurmu, kowe kêna diupamakake ora dhêmên nyang bapa biyung.

Sanajan sadulurmu ana sing seje biyung, nanging ya anake bapakmu dhewe, mulane aja dupèh dudu tunggal biyung, banjur dibedakake.

Sadulur iku apa.

Sadulur iku kêna diarani: tunggal gêtih. Coba pikirên, apa kowe ora trêsna karo sadulurmu kang tunggal gêtih karo kowe.

Dhuwit nèk uwis êntèk bisa golèk manèh, nanging sadulur nèk wis êntèk, nang ngêndi anggonmu anggolèki.

Nèk kowe besuk wis padha dadi wong tuwa, manawa nêmu susah, ora liya playumu ya nyang sadulur. Sadulur ênom iku mêsthi kudu ering karo sadulur tuwa, saupama mangan, nganggo-anggo, lungguh utawa mlaku, sadulur tuwa kudu didhisikake. Manawa sadulur tuwa nêmu susah kowe sing kudu nulungi, lan manawa lara, kowe kudu ikhtiyar anggolèkake tămba.

Iki nèk kowe wis gêdhe tuwa, nèk isih bocah ya mêsthi bae durung bisa.

[Grafik]

Sanajan wong liya pisan, manawa luwih tuwa, ya wajib diajèni, apa manèh sadulurmu kang tunggal usus, mulane kudu luwih-luwih anggonmu ngajèni, awit sadulur tuwa iku bakal liruning bapa biyung.

Dadi sadulur tuwa kosok baline uga kudu trêsna nyang sadulur kang ênom. Manawa sadulur ênom duwe kêluputan, sing tuwa wajib nuduhi lupute lan ngandhani kapriye mêsthine. Manawa kang ênom anglakoni panggawe ala, kudu diajar, aja kok mung diênêngake bae. Nèk karo sadulure [sadu...]

--- 10 ---

[...lure] dhewe ora bisa rukun, karo wong liya apa manèh.

Sing sapa doyan padu lan tukaran karo sadulure, kuwi ora ngèlingi nyang unèn-unèn mangkene:

Sadulur iku kêna diupamakake tangan lan sikil. Yèn sandhangan rusak, isih kêna disalini sandhangan liya, nanging yèn tangan lan sikil tugêl, apa kang koanggo nyambung. Bisane disambung ya nganggo kayu, nanging ya banjur cacad. Rak iya ta.

[Grafik]

Manawa sadulurmu iku bodho, rumatana kang bêcik, aja banjur kok pilara, awit iku kêna diupamakake tangan loro, tangan sing têngên luwês bangêt kanggo tandang apa-apa, hla nèk sing kiwa kau, apa ya sing kiwa arêp dikêthok, rak ya ora ta.

Yèn kowe padha bisa rukun karo sadulurmu, kaya apa sênênge atine bapa biyungmu. Sabab kabèh ya anake, bodhoa utawa pintêra, uga dianggêp anak. Mulane kowe elinga: yèn kowe congkrah karo sadulur uga jênêng congkrah karo bapa biyungmu. Bisane atut rukun karo sadulur nganti tuwa, kudu dikulinakake wiwit bocah. Mara dêlêngên bae gambar loro kiyi, kang nuduhake karukunaning sadulur.

Saiki tak ambanjurake tutuge dongèng lagi anu kae.

Lêlakone Ahmadin

Sambungane Taman Bocah ing Kêjawèn nomêr 5

Ahmadin mangsuli: Kula inggih sampun ngintên makatên. Calathu mangkono mau karo namakake garane wadung mênyang meja lan upas mau. Mejane banjur bisa pulih manèh kaya maune lan upase banjur urip manèh.

Ahmadin calathu: Sapunika kula nyuwun wangsul sèn kula ingkang bolong wau.

Presidhèn mangsuli: Ya, mêngko kowe bakal tămpa baline dhuwitmu.

Tuwan presidhèn enggal-enggal utusan upas anggolèki tukang clêmpung mau. Kira-kira satêngah jam suwene, wong mau bali anggawa dhuwit kang bolong duwèke Ahmadin. Ahmadin nuduhake kasiyate dhuwit mau. Dhuwit diumbulake banjur ditampani. Barêng tuwan presidhèn priksa nuli gumun manèh sarta ngandika mangkene: Sesuk sang ratu rawuh ing kutha kene, coba aturana priksa kasiyate wadung lan dhuwitmu mau, kowe mêsthi bakal dipundhut marang kraton. Ahmadin nuli diêpuk-êpuk kaya ngêpuk-êpuk kancane dhewe.

Esuke nyata sang ratu têdhak lan didhèrèkake

--- 11 ---

para pandhèrèk pirang-pirang. Didêlok endah bangêt, awit sandhangane sarwa bludru, bênike êmas lan padha nyangking pêdhang. Ananging sang ratu katon susah, awit sawarnaning pangan larang rêgane lan saiki gêdhong dhuwit nagara wis mèh kothong.

Barêng sang ratu mirêng Ahmadin duwe dhuwit wasiyat, banjur enggal-enggal kadhawuhan marak sarta didhawuhi nuduhake kasiyate dhuwit mau. Panampane lan dadine dhuwit loro mau andadèkake sukaning panggalihe sang ratu, nganti kapengin anglampahi piyambak. Sang ratu banjur mundhut dhuwit mau nuli diumbulake kaping-kaping, nganti riwene gêmrobyos lan agême rasukan dilukari. Para pandhèrèk padha ngingêtake karo sênêng atine lan padha ketok gêla manawa panampane sang ratu luput.

Barêng sang ratu wis kraos sayah, banjur lênggah, nuli ngandika mangkene: Ahmadin, kowe andhèrèka aku nyang kraton, dak dadèkake panggêdhening gêdhong dhuwit nagara. Ahmadin nuli andhèrèk sang ratu lan banjur olèh pangkat gêdhe kaya kang dijanjèkake sang ratu mau. Manawa sang ratu tindak nitih kreta kêncana, Ahmadin mêsthi kadhawuhan andhèrèk, malah lungguhe jèjèr karo sang ratu. Cêkake Ahmadin ditrêsnani bangêt ing sang ratu. Ing sawatara dina gêdhong dhuwit nagara wis kêbak dhuwit.

Saiki uripe Ahmadin kapenak, sabên dina sandhangane sarwa endah lan mangan ajêg enake.

Sawatara sasi ana kadadean kang anèh bangêt, ana bocah sêkolah ing nagarane sang ratu ditabok ing bocah saka nagara liya banjur nganti dadi gêlut. Bocah mau ora narima bangêt, sabab kukune jêmpol sing têngên nganti coplok lan rambut têlung lêr kari ing panggonan gêlut.

Sang ratu nuli ngaturi layang nyang ratu nagara mau, dawane têlung puluh kaca. Banjur nampi wangsulan sawidak kaca. Saiki panjênêngane kudu mangsuli manèh satus rongpuluh kaca dawane, nanging sarèhning rumaos abot bangêt, nuli ngajak pêrang.

Prajurit-prajurit nuli padha pangkat mênyang panggonan pêrang. Satêkane ing kana prajuriting mungsuhe wis sumadhiya. Ora antara suwe padha miwiti pêrang. Nanging sang prabu sêmune lagi sêbêl, wis rambah kaping têlu olèhe salin prajurit, mêksa kawon bae, nganti prajurite akèh kang padha mati ing pêpêrangan.

Saiki mungsuhe padha mlêbu ing nagara prêlu arêp nêlukake sang prabu. Sang prabu susah bangêt, nuli dhawuh nyêbar pariwara mangkene: Sing sapa bisa nulung nagaraku bakal tak wènèhi anakku wedok, lan samăngsa aku mati bakal anggêntèni aku dadi ratu lan tămpa warisan donyaku kabèh.

Akèh wong kang sowan sang ratu lan saguh nulungi, nanging sabên diparingi prajurit sèwu, banjur iya tansah padha kalah lan prajurite padha mati.

Wêkasane Ahmadin ngadhêp banjur matur mangkene: Gusti, kawula badhe ngrêbat nagari dalêm ngriki.

Sang ratu ngandika: Arêp anggawa prajurit pira. Ahmadin mangsuli: Botên satunggal-tunggala. Kawula badhe piyambakan, gusti.

Sang ratu kagèt, lan gumun bangêt barêng mirêng calathune Ahmadin kang kaya mangkono, nanging ngrêtos manawa Ahmadin ature pancèn têmênan, mulane

--- 12 ---

banjur ngandika mangkene: Iya bêcik.

Ahmadin anjupuk wadunge lan cêpukane kang isi borèh, nuli mangkat mêthukake mungsuhe. Barêng mungsuhe wis ketok, enggal-enggal kupinge kang kiwa dilèlèti borèh, sanalika dhèwèke nuli ora ketok. Ahmadin nuli anjupuk wadunge, lan saiki ana kadadean kang anèh bangêt. Prajurite mungsuh padha tiba anggalethak tugêl dadi loro lan ora antara suwe prajurite êntèk babar pisan, ora ana sing urip siji-sijia. Mung ratune sing isih urip, lagi bingung lan gumun bangêt, dene ora ana apa-apa prajurite têka padha anggalethak.

Ahmadin anglèlèti borèh kupinge sing têngên, sanalika katon, nuli ratu mau digawa diajak ngadhêp sang ratu. Sang ratu bangêt kagèt lan gumun barêng priksa mungsuhe ngadêg ana ngarsane. Ananging saka bêcike panggalihe enggal-enggal diaturi lênggah lan ditămpa klayan sumèh ulate.

Ahmadin matur: Gusti, sapunika kawula nyuwun sadaya tumpakan ing nagari ngriki prêlu kangge ngusungi prajurit-prajurit ingkang sami pêjah.

Sang ratu ngandika: Iya bêcik, dadi padha bisa dikubur ing nagarane dhewe-dhewe.

Ahmadin mangsuli: Botên makatên, gusti, manawi ratu mêngsah dalêm krêsa têluk lan janji, manawi botên badhe pêrang malih, mangke prajuritipun ingkang sampun sami pêjah badhe kawula gêsangakên malih. Ratu mau banjur krêsa janji lan wiwit wêktu iku ratu loro dadi mitra darma. Banjur sakaloron padha tindak mênyang papan pêpêrangan kadhèrèkake dening Ahmadin kang mêsthi anggawa wadunge. Garane wadung nuli ditamakake marang kabèh prajurit kang wis padha mati lan sanalika gregah padha tangi urip manèh.

Ratu kang wis têluk mau nuli pamitan karo sang ratu kadhèrèkake dening para prajurite dhewe. Sang ratu uga kondur kadhèrèkake Ahmadin lan prajurit-prajurit mênyang nagarane piyambak.

Ana ing sangarêpe kraton para murid-murid sêkolah wis têmata, siji-sijine padha nyêkêl bêndera prêlu ngurmati rawuhe sang ratu lan padha bungah-bungah dene nagarane slamêt. Bocah-bocah padha diparingi panganan kang enak-enak, ombèn-ombèn lan liya-liyane.

Lêt saminggu Ahmadin didhaupake karo putrane putri sang ratu. Ing kraton rame-rame manèh nganti pitung dina lawase. Kabèh wong ing nagara kono padha bungah lan sênêng dene Ahmadin kapundhut mantu lan bakal anggêntèni dadi ratu.

Mung bapakne Ahmadin kang uga katimbalan mênyang kraton lan milu sênêng-sênêng ngurmati anake lanang, tansah grundêlan mangkene: Bocah kaya mangkana sing durung bisa angon wêdhus kok wis bisa jêjuluk tumênggung athik bakal bisa dadi ratu pisan. Nèk tak pikir dawa, aku kang wis pintêr angon wêdhus mêsthine sathithik-thithike têrus jumênêng ratu bae, nanging kok iya ora bakal mêngkono.

Ah ing ngalam donya iki kok iya akèh aneh-anehan. Cuthêl

Ibumu: Mar.

 


kintun. (kembali)
Australie. (kembali)
bingung. (kembali)
kuwatos. (kembali)