Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 69, Stu Kli, 21 Jumadilakir Ehe 1868, 28 Agustus 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Babad Giyanti

Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen.v.K.en W.

Sarisakipun karaton Kartasura ingkang jumênêng nata Sinuhun Pakubuwana II lajêng yasa karaton enggal ing dhusun Sala. Nagari kasantunan nama Surakarta Adiningrat. Sang nata dèrèng dangu anggènipun ngadhaton ing Surakarta lajêng pasulayan kalihan ingkang rayi Pangeran Mangkubumi. Wusana anjalari pêrang ngantos pintên-pintên taun, inggih punika pêrangipun wadyabala Surakarta kabiyantu prajurit Kumpêni mêngsah kalihan para prajurit ingkang sami ngrencangi Pangeran Mangkubumi. Pêrangipun gêntos unggul lan gêntos kalindhih, sarta kanthi ngolah-ngalih panggenan. Dangu botên wontên ingkang mênang tuwin ngawon, pungkasanipun ingkang sami mêmêngsahan lajêng bêdhamèn. Miturut bêdhamèn wau nagari kapalih dados kalih bagean. Ingkang sabagean inggih punika nagari Surakarta dados kagunganipun nata ing Surakarta Sinuhun Pakubuwana III, ingkang anggêntosi ingkang rama nalika taksih wontên pêrang, amargi ingkang rama Sinuhun Pakubuwana II seda nalika taksih wontên pêrang wau. Dene ingkang sabagean malih inggih punika nagari Ngayogyakarta dados kagunganipun Pangeran Mangkubumi ingkang lajêng madêg nata jêjuluk Sultan Hamêngkubuwana.

Sanajan botên kapratelakakên, para maos têmtunipun sampun sami priksa, bilih babad Surakarta ingkang katêlah dipun wastani Babad Giyanti punika pantês sarta inggih sampun samêsthinipun dados waosanipun tiyang Jawi. Botên namung tiyang Jawi ing nagari Surakarta lan ing Ngayogyakarta kemawon, nanging para tiyang Jawi ing laladan sanès-sanèsipun inggih prêlu maos babad wau. Awit punika atêgês kangge nyumêrêpi lan ngèngêt-èngêt babading tanahipun piyambak lan atêgês kangge nyumêrêpi lêlampahanipun para lêluhur Jawi ingkang sami tumut andon yuda nglabêti sinuhun ing Surakarta utawi Pangeran Mangkubumi kasêbut ing nginggil wau. Amargi pêpêrangan ingkang kacariyosakên ing babad Giyanti punika jêmbar têbanipun, botên namung ing salêbêtipun laladan nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon, nanging ngloncok dumugi laladan sakiwatêngênipun nagari kalih wau, sarta ingkang sami tumut andon jurit ugi botên ngêmungakên tiyang ing nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon.

Kajawi punika, babad Giyanti punika ugi andongèngi, liripun nyariyosakên pêpêrangan, lêlampahan, lan kawontênan warni-warni, ingkang pantês dipun waos kangge nyênêngakên manah. Jalaran ingkang andhapuk pujăngga agêng ingkang sampun misuwur, inggih punika suwargi Tumênggung Yasadipura, ing Surakarta. Basa tuwin othak-athiking cariyos runtut lan sarwa nêngsêmakên.

Babad Giyanti ingkang kawêdalakên dhatêng Bale Pustaka punika ngantos satamatipun, sarta murih ènthèngipun ingkang sami mundhut, kawêdalakên dados pintên-pintên jilid. Samangke sampun kenging wêling ingkang jilid: 1 -7, a f 0.50.

--- [1073] ---

Ăngka 69, Stu Kli, 21 Jumadilakir Ehe 1868, 28 Agustus 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhèlminah - Kabangsan ing Papuah - Kawontênan ing Tiongkok - Pawartos saking Pakaryan Pos - Bab Sêsakit Edaning Sêgawon - Toko Pakaryan Surakarta - Jambore ing Nagari Walandi - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhèlminah

[Grafik]

Ing dintên Salasa tanggal 31 Agustus 1937 punika, kalêrês dintên wiyosan dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhèlminah, têtêp yuswa 57 taun. Ingkang punika, ing pamuji, mugi Sri Bagendha Maharaja Putri pinanjangna ing yuswa, sampun kirang satunggal punika.

--- 1074 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Kabangsan ing Papuah.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 67.

Ing salêbêtipun kabangsan Marin taksih kaperang dados 27 golongan, alit-alit, nama-namanipun miturut namanipun sêsêpuh ingkang nurunakên utawi namaning papan padununganipun, inggih punika: 1. Saringe, 2. Goce, 3. Urum, 4. Dhotce, 5. Atih, 6. Onamce, 7. Wandhês, 8. Bès, 9. Samrauk, 10. Tumid, 11. Sanim, 12. Aboi, 13. Apai, 14. Adkahce, 15. Dhimarce, 16. Gapur, 17. Sawab, 18. Kambarah, 19. Senam, 20. Badhê, 21. Saror, 22. Kupêr, 23. Pim, 24. Kesrauk, 25. Yao, 26. Kondho, tuwin 27. Ikam.

[Grafik]

Têtiyang Papuah nuju ngawontênakên wilujêngan.

2. Băngsa Dhigul

Wontên satunggaling băngsa, manggèn saurutipun lèpèn Dhigul. Têtiyang Marin amastani: băngsa Dhigul. Cacah jiwanipun namung sakêdhik sangêt.

3. Băngsa Kanum

Ing sawatawis panggenan sakidul kilènipun banawi Maro, dipun ênggèni sawênèhing băngsa, padhusunanipun pêncar, nanging cacah jiwanipun kalêbêt kathah, gêsangipun têntrêm, tiyang Marin mastani: băngsa Kanum (Kanoem-anim).

Wontên malih garombolan kabangsan alit, miturut kawontênanipun botên sanès momoring pêthalanipun băngsa Marin kalihan băngsa Kanum, nanging têtiyang Marin mastani dhatêng golongan alit punika băngsa Mangat.

--- 1075 ---

4. Băngsa Jaubi

Dèrèng sagêd katiti pariksa cacah jiwa lan sipating kabangsanipun, amargi papan padununganipun botên têtêp, pindhah-pindhah ngêtut pikantukipun papaning têtanèn.

[Iklan]

5. Băngsa Najab

Ugi botên sagêd katêrangakên, sababipun botên beda kados băngsa Jaubi.

6. Băngsa Makli

Namung sagêd katêrangakên pamanggènipun wontên sakiwa têngênipun lèpèn Maokle (Makli), ing pasitèn-pasitèn ingkang êloh, cacah jiwanipun ugi sakêdhik sangêt.

7. Băngsa Jae

Manut pakêcapanipun tiyang wanan ngriku, limrahipun: Jait. Papanipun pindhah-pindhah manut pikantuking têdha.

Inggih băngsa Jait punika ingkang taksih tulèn tiyang wanan, botên namung doyan nêdha daging kewan mêntahan kemawon, malah sêngaja ngupados mêmangsan sasamining tiyang, sasampunipun pinêjahan, dagingipun dipun têdha sakănca.

Katêrangan. Têmbung-têmbung ingkang kangge mastani băngsa-băngsa ing nginggil punika miturut basanipun băngsa Marin, amargi Marin punika ingkang sampun tata piyambak.

S. Sudirja.

--- 1076 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Ing bab pasulayanipun Tiongkok kalihan Jêpan ing wêkdal punika pinanggihipun sarwa mrojol saking pangintên. Mirid lêlampahan ingkang sampun-sampun, Tiongkok punika namung tansah kasoran kalihan Jêpan, tăndha yêktinipun kathah laladan Tiongkok ingkang kalêbêt dados jajahan Jêpan, ingkang pikantukipun botên sanès jalaran saking unggulipun daya Jêpan.

Nanging pinanggihipun ing sapunika, tandangipun Tiongkok pinanggih beda sangêt kalihan ingkang sampun, botên kenging dipun angge sêmbrana. Kajawi tandanging prajurit sarwa sae, dêdamêlipun inggih sarwa mitadosi, malah tumraping motor mabur pinanggihipun ngungkuli motor mabur Jêpan, amargi mênang enggal gagragipun, makatên ugi mênang langkung kathah. Mila sawarnining tandangipun Tiongkok namung sarwa damêl gawok.

Kados ingkang mêntas pinanggih ing Soko, wadya Tiongkok sagêd ngundurakên wadya Jêpan saking laladaning wêwêngkonipun nagari măncapraja. Kintên-kintên wontên motor mabur Jêpan cacah 30 ingkang dhawah dipun sanjata dening wadya Tiongkok ing salêbêtipun kalih dintên. Malah wadya mriyêman Tiongkok sagêd nêmpuh wadya barisaning mêngsah ing wêwêngkon Hongke, nanging barisaning paprangan ing Syanghai têtêp botên sagêd ewah.

Wadya gêgana Jêpan gêntos nêmpuh kitha Kiyangkin, kaprênah ing sungapanipun lèpèn Yangce. Cacahing motor mabur ingkang nêmpuh ing ngriku wontên 11, kanthi andhawahi bom mawa gas racun. Tindak panêmpuh mawa gas racun punika sakalangkung ambêbayani.

Pancèn nyata sawarnining tindakipun tiyang mêmêngsahan punika sarwa ngêtog kanêpson, pundi ingkang kasoran, pamalêsipun gêntos sumêngit, mila tandanging para senapati Tiongkok ing paprangan kados sampun liwung, botên kenging dipun pênggak malih. Jendral Sang Si Sung pangigit-igitipun dhatêng mêngsah botên kadosa, pangajêng-ajêngipun manawi sagêt ngundurakên mêngsah saking Soko, kêdah lajêng sèlèh dêdamêl, manawi lumuh anglampahi badhe têrus dipun ubêr. Nanging kawontênanipun wadya Jêpan ing laladan lèr katingal têntrêm kemawon. Dene ingkang dipun samarakên dening wadya Jêpan, punika panêmpuhing wadya pilihan ingkang pêng-pêngan tuwin tansah angsal bêbantu ingkang dhatêngipun lumintu, manawi kalampahan sagêd ngèrêmakên kapal pêrang Jêpan ingkang labuh ing lèpèn, punika ambêbayani sangêt tumraping Jêpan.

Ingar-ingêripun Jêpan anggèning badhe nêmpuh mêngsah botên kêkirangan, inggih punika angadani nêmpuh barisan ing Nanko, nanging panêmpuhipun wau botên kasêmbadan. Dene kandhêging panêmpuhipun wau jalaran saking kathahing toya ingkang mandhap saking rêdi ngantos adamêl ewahing margi punapadene angêlèbi papan-papan pandhêlikan, malah pinanggihipun angosokwangsul, sandening panêmpuh gêntos nanggulangi panêmpuhing mêngsah ingkang dipun anggêp ngrêridhu.

--- [1077] ---

[Iklan]

Pinanggihipun ing Pèiping, jalaran saking wontên ingkang mêmêngsahan kêpang-kinêpang ing pundi-pundi, lajêng nuwuhakên awis têdha, botên wontên têtêdhan ingkang malêbêt ing ngriku, amargi sêpur-sêpur prêlu kangge ngangkuti wadyabala. Indhaking rêginipun barang têtêdhan ngantos tikêl. Makatên ugi wontênipun arta sampun cumpèn, ing sakawit têtiyang mlarat ingkang sami kêluwèn sami gêgrombolan lumampah urut margi, nanging dangu-dangu kêpêksa lajêng sami oncad saking ngriku.

Ingkang pinanggih sakalangkung rame punika campuhipun ingkang sami pêrangan ing Syanghai, campuhipun langkung sumêngit, latu kêbêsmèn ingkang jalaran paprangan, sunaripun amadhangi pêtênging dalu, para ingkang sami campuh katingal cêtha ing sasolahipun, urubing latu kêbêsmèn saya andados, pugawa[1] pămpa botên sagêd tumindak ing damêl, dening dhawahing mimis sanjata tuwin mriyêm kados jawah. Para wadya ngamănca kêpêksa masang tembok karung isi pasir prêlu kangge ngayomi wêwêngkonipun.

Mênggah karisakan ingkang pinanggih ing Syanghai kenging dipun wastani agêng-agêngan, gêdhong agêng-agêng ingkang dumunung wontên ing papan ingkang rame piyambak, wontên gêdhong-gêdhong ingkang waragading pandamêlipun ngantos 5 yuta dholar, kêdhawahan granat ngantos rêmuk bosah-basih. Wah ing ngriku punika papan dununging panggaotan băngsa Inggris. Kintên-kintên cacahing tiyang ingkang tiwas wontên 250, kêtaton 350. Kala panjêblosing granat wau sakalangkung sora, saindênging kitha ngantos orêg, kaca-kaca jandhela ing sakubênging kitha ngantos laladan 1½ kilomètêr sami rêmuk. Ing ngriku katingal mênggah ramening paprangan ing Tiongkok.

--- 1078 ---

Pawartos saking Pakaryan Pos

Pêpèngêt tumraping umum, ing bab sêrat-sêrat ingkang botên dumugi.

Tumrap têtiyang kintun sêrat tuwin kintunan sanès-sanèsipun ingkang dipun ngalamati cêtha tuwin jangkêp, dipun prangko punapa lêrêsipun, punapa malih mawi dipun dèkèki ngalamatipun ingkang kintun piyambak, punika botên badhe kapitunan, ingkang jalaran sêratipun wau botên dumugi.

Nanging cuwa sangêt, dene panêdhanipun pakaryan pos ingkang namung makatên punika, botên têtêp dipun wigatosakên ing umum.

Sêrat-sêrat ingkang botên jangkêp ngalamatipun, punika kathah sangêt. Sêrat-sêrat ingkang kados makatên punika ugi kathah ingkang sagêd dumugi, nanging limrahipun dumuginipun wau sampun kasèp, tuwin malih amêwahi padamêlanipun pakaryan pos.

Pakaryan pos kêrêp mrangguli pakèwêd-pakèwêd ingkang nglangkungi, jalaran saking bab lampahing sêrat-sêrat wau. Cobi kagaliha ing bab wontêning alamat ing ngandhap punika:

His Excellency Gouv. Goed Postdienst Batavia.

Aan den Heer Dr. Pieterse, Batavia tijdelijk Nederland (Batavia sawatawis dangunipun ing nagari Walandi).

Aan den Heer Jansen, overleden (sampun ngajal) Batavia.

The Director Luchtpost Papier, Buitenzorg.

Ngalamat sêrat ingkang ngandhap piyambak punika sêratan ingkang dipun cap ing sisih nginggil tumrap sêrat pos gêgana, bokmanawi kakintên dening ingkang kintun sêrat, nama wau namaning tiyang ingkang badhe nampèni sêrat wau.

Cobi kagaliha malih tumraping ngalamat ing ngandhap punika:

Aan den Heer Soedah lama pinda, Soerabaja.

Aan den Heer en Mevr. Roemah Kosong, Bandoeng.

Monsieur Kebon Katjang, Batavia.

Kepada toean en njonja jang terhormat toean roemah dari roemah No. 235, Batavia.

Culikan ngalamat ingkang botên jangkêp punika taksih kathah tuwin taksih wontên sêrat-sêrat ingkang ing nglêbêtipun tanpa ngalamat babarpisan. Kawontênan ingkang kados makatên wau tamtu ngeram-eramakên, nanging saya ngeramakên malih manawi nyumêrêpi kathahing sêrat-sêrat bangsanipun kados makatên punika ingkang namung lajêng dipun cêmplungakên ing bis tanpa ngalamat tuwin botên mawi namanipun ingkang kintun. Sêrat ingkang pinanggih kados makatên punika ingkang kathah awarni kartu pos tuwin pos bêlad. Sampun tamtu ingkang kintun sami kapitunan, dening sêrat-sêratipun botên dumugi.

Kajawi punika sêrat-sêrat wau kathah ingkang botên dipun tampèni dening ingkang wajib tampi, amargi prangkonipun kirang. Măngka sêrat ingkang kados makatên wau manawi botên wontên namanipun ingkang kintun, botên sagêd dipun wangsulakên. Wontên malih sêrat ingkang dipun tèmplèki plak sègêl, ingkang lêrêsipun ngangge pos sègêl (prangko).

Kawusananing kintun-kintunan wau, ing sabên wulan kakintunakên saking kantor-kantor pos dhatêng pangagêng pakaryan pos, tuwin wontên ing ngriku lajêng dipun [di...]

--- 1079 ---

[...pun] priksa sadaya. Sêrat-sêratipun lajêng dipun bikaki prêlu badhe nyumêrêpi bokmanawi isi barang-barang ingkang mawa aji, manawi pinanggih makatên, badhe kawangsulakên dhatêng ingkang kintun.

Barang-barang ingkang pinanggih wontên salêbêting sêrat wau warni-warni sangêt, kados ta: arta kêrtas nagari-nagari ngamănca, sêrat tăndha kalairan, èrloji tangan, pilpèn, mêndhali, sêrat pêgat, sêrat gantosan, sêrat paturan, sêrat karampungan, buku, kalawarti, pola-pola barang, sêrat pajêg, badhean cangkriman, sêrat wara-wara, sêrat pèngêtan tuwin sanès-sanèsipun.

Manawi barang-barang wau mawa rêgi utawi ingkang ngintunakên pinanggih, lajêng kakintunakên wangsul. Tumrap sêrat-sêrat ibêr, dipun rêksa sangêt supados botên kawaos ing liyan. Bab pambikaking sêrat wau dipun tindakakên dening punggawa pos ingkang sampun kasandhangan sumpah, badhe anganggêp wados dhatêng sawarnining isinipun, mila bab wados wau katindakakên rêmit sangêt.

Kintunan-kintunan wau, ingkang botên majaji lajêng dipun sirnakakên sadaya. Kalawarti-kalawarti dipun sukakakên dhatêng griya sakit. Barang ingkang majaji dipun sade, inggih punika manawi tiyang ingkang absah anggadhahi botên pinanggih. Pêpajênganipun katur nagari.

[Iklan]

Sanadyan kintunan-kintunan ingkang botên sagêd dumugi wau dèrèng sapintêna manawi dipun timbang kalihan ingkang sagêd katampèkakên, ewasamantên ing sabên wulanipun ingkang dipun sirnakakên wau kirang langkung kalih ewon. Cacah samantên wau nandhakakên bilih ngalamating sêrat punika taksih kirang dipun wigatosakên ing tiyang kathah.

Manawi ngalamating sêrat wau dipun sêrat jangkêp, têrangipun: mawi mratelakakên margi utawi kampungipun tiyang ingkang dipun kintuni, tuwin kapratelakakên nomêring griya, punapa malih prangkonipun jangkêp, saha nama tuwin ngalamatipun ingkang kintun kasêrat wontên ing sêrat wau, sêrat-sêrat utawi kintunan-kintunan wau kenging dipun pasthèkakên tamtu dumuginipun.

--- 1080 ---

Bab Kasarasan

Bab Sêsakit Edaning Sêgawon (hondsdolheid).

Sambêtipun Kajawèn nomêr 68.

Garwanipun Tuwan Pasteur matur: Punapa lêrês wisa sêsakit edaning sêgawon, dipun angge dening dhoktêr Charbonnet kasuntikakên lêngênipun.

Tuwan Pasteur: Iya, ora ana liyane manèh, ya mung iku anane wisa lêlara kuwe.

Ingkang garwa: Punapa wisa wau taksih enggal, punapa sampun dangu anggènipun năndha, sampeyan rumiyin dhawuh wisa punika kakiyatan utawi dayanipun sagêd ical gumantung enggal laminipun anggènipun ngrimat.

Tuwan Pasteur kagèt anjênggirat, èngêt lajêng enggal lumêbêt ing Laboratorium, andangu dhatêng Dr. Roux: Apa wis ana 14 dina lawase anggonmu ngrumat wisa mau. Tuwan Pasteur andangu makatên punika kalihan ngêpak-êpak pundhakipun Roux, tuwin ngandika: Pancèn wisa iku sabên saya lawas anggone ngrumat, saya kurang mandine. Kang iku uwong utawa kewan kang awake kuwat, iya bisa kalis dening wisa kang wis lawas mau. Yèn mêngkono, saiki kudu bisa gawe serum kanggo nanggulangi lan nyêgah thukuling lêlara mau. Saiki serum kang wis lawas disimpên mau disuntikna marang kewan kang waras, sabanjure sabên dina disuntik, serum kang rada anyar, têrus nganggo serum kang saya anyar nganti serum kang anyar (tulèn) pisan, supaya kewan mau bisa kuwat utawa kalis dening lêlarane edaning asu.

Tuwan Pasteur, Dr. Emil Roux kalihan Dr. Jean Martel nyuntik ngangge serum ingkang sampun 14 dintên dipun tăndha, lan serum ingkang kirang saking 14 dintên majêng-majêng ngantos ngangge serum ingkang langkung enggal, dipun suntikakên dhatêng sêgawon 10 ingkang saras, sarta ing salêbêtipun 14 dintên kemawon Tuwan Pasteur sampun sagêd damêl cathêtanipun suntikan ingkang têlas-têlasan saha angsal-angsalanipun, ingatasing kirik sêgawon nèm, 10 ingkang sami sakit sampun kasuntik rambah-rambah, sagêd sami saras sadaya.

Ing nalika Tuwan Pasteur nyêrat wau wontên kirik 10 dipun culakên lajêng sami ngrubung sukunipun Tuwan Pasteur.

Garwanipun Tuwan Pasteur lumêbêt ing kantoripun saha matur: Wontên tamu dhoktêr namanipun Dr. Pfeiffer klayan nyonyah saha anakipun ingkang sakit badhe pinanggih panjênêngan, kula sampun pratela yèn panjênêngan sanès dhoktêr, botên mangrêtos anjampèni tiyang sakit, nanging piyambakipun mêksa badhe pinanggih panjênêngan.

Tamu dipun tampi dening Tuwan Pasteur. Dr. Pfeiffer matur: Kula nuwun Tuwan Pasteur, kula sami dhatêng saking Elzas, prêlu sowan panjênêngan, nyuwun tulung jampi kangge anakipun Nyonyah Meister nama Joseph, punika sakit dipun cakot sêgawon edan.

Ing sasagêd-sagêd inggih sampun kula jampèni

--- 1081 ---

piyambak, nanging kula mêksa kuwatos bokbilih sagêd thukul malih sêsakitipun wau. Sarèhning kula sampun mirêng pawartos, bilih panjênêngan sampun nyinau lan angudi bab sêsakit punika, saha sampun manggihakên jampinipun, mila kula lajêng enggal sowan mriki.

[Iklan]

Wangsulanipun Tuwan Pasteur: Lêrês, nanging papriksan utawi cobèn-cobèn kula wau namung tumrap dhatêng sêgawon, kula botên sagêd nulungi putranipun Nyonyah Meister punika, saupami kula suntika mawi serum ingkang kangge ing sêgawon, mangke gèk andadosakên tiwasipun, punika adamêl susah lan kula lajêng nampi ukuman, kula botên purun damêl cobèn-cobèn, dhatêng tiyang utawi lare punika.

Sarèhning biyungipun lare wau mêksa nyuwun supados anakipun dipun jampèni utawi dipun suntik sarta kenging dipun cobi, Dr. Pfeiffer matur: Inggih sakrêsa panjênêngan tuwan, upami lare punika dados ing tiwasipun, inggih sampun bêgjanipun piyambak.

Sarèhning Tuwan Pasteur ing panggalih pakèwêd, lajêng ngaturi Dr. Rossignol ingkang mriksa cobèn-cobènipun suntikan ingkang tumrap dhatêng menda, têmtu sampun kathah pitadosipun. Nanging sarêng dhatêng, aturipun Dr. Rossignol: Kula botên muphakat, lan botên purun malilahi. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 1082 ---

Kawruh Sawatawis

Toko Pakaryan Surakarta

Sampun kasumêrêpan bilih ing mangke sampun kathah para sadhèrèk Jawi ing Surakarta ingkang sampun sagêd dêdamêlan barang warni-warni, saking pambudidayanipun piyambak-piyambak, saking tuntunanipun para narapraja ingkang kuwajiban, bab ngajêngakên kagunan. Dêdamêlan wau saya katingal majêng tuwin èdi, emanipun dene taksih rêkaos panyadenipun, dening umumipun kirang ubêt saha kirang pambudidayanipun pados margi cara pambucal tuwin panyadenipun.

[Grafik]

Rêca padhas, damêlanipun têtiyang ing bawah ondêr dhistrik ing Bulu, ingkang katitipakên ing toko pakaryan Surakarta.

Awit saking punika para abdi dalêm pangrèh praja ing bawah kabupatèn kitha Surakarta, amanah prêlu ambiyantu ngupados margi murih dêdamêlanipun sadhèrèk Jawi sagêd kauningan ing ngakathah, salajêngipun sagêda sae pambucal tuwin pêpajênganipun, ingkang tundonipun amêwahi ing kamajênganipun sadhèrèk Jawi, jêr punika sampun dados kuwajibanipun anggèning dados bapa babuning kawula.

Amila dèrèng dangu sampun madêg bêbadan kumisi, ngangsahakên tuwin ngrosakakên pangudi kamajêngan babagan kagunan, ingkang kanamakakên pakaryan Surakarta.

Mênggah sêdyanipun bêbadan wau, anggêgêsang sarta ngajêngakên pakaryanipun băngsa Jawi, nyatiyarakên saha mitulungi padamêlan kriya băngsa Jawi ing Surakarta, manah dêdamêlanipun tukang Jawi ing Surakarta, supados mindhak sae saha sagêda majêng.

Golonging rêmbag sagêdipun kalampahan sêdya wau lajêng ada-ada angwontênakên toko, kanamakakên: toko pakaryan Surakarta, ingkang sampun kalampahan wiwit kabikak dening pangarsa, Radèn Tumênggung Prawirawadana, kanthi anêrangakên sawatawis panjang mênggah wigatosing ngawontênakên toko wau. Liripun, kangge nampèni barang-barang dêdamêlanipun tiyang Jawi ing Surakarta ingkang katitipakên, prêlu kasadèkakên. Nampèni saha mitontonakên barang-barang ingkang kasade minăngka conto, nawèkakên barang-barang ingkang kasade dhatêng toko-toko sanèsipun, sarana kengkenan, kintun-kinintun sêrat, tuwin macak pariwara, nampèni wêlingan saking para ingkang ambêtahakên, dalah pangintunipun, ngrêmbagakên tuwin mitêdahakên dununging ing- [Hlm. 1083 tidak ada, naskah rusak]

--- [1084] ---

Wêwaosan

II Lêlampahanipun Dhobrinya

7

Sarêng Dhobrinya sampun umur gangsal wêlas taun, lajêng wiwit numpak kapal anjajah ing laladan ngriku prêlu andadar badanipun, tuwin botên watawis dangu, namanipun lajêng kawêntar ing saindênging praja, jalaran saking anggènipun adamêl rêsik praja ngriku saking panggodhaning para begal punapadene para kècu. Kathah tiyang awon ingkang pinêjahan utawi dipun cêpêng, ngantos sadaya sami miris, ajrih nglampahi awon wontên ing sakiwa têngênipun kitha Kiyèph wau. Ingkang makatên wau ngantos kamirêngan dening Sang Prabu Wladhimir, saha lajêng tinimbalan dhatêng ing kadhaton. Lan wiwit punika, manawi ing salêbêting kadhaton wontên paharyan utawi kaprêluan sanès-sanèsipun, Dhobrinya salaminipun tansah tinimbalan, lan wontên ing ngriku, Dhobriya asring kadhawuhan têtêmbangan tuwin nabuh clêmpung minăngka kangge angramèni wontênipun pahargyan. Lan saindênging praja ngriku, botên wontên wira suwara, ingkang sae suwaranipun sarta sagêd rêrumpakan anggambarakên para satriya linangkung ing jaman kina, kadosdene Dhobrinya.

Jalaran saking anggènipun andhap-asor tuwin alus bêbudènipun, Dhobrinya tansah dados sêkar lathinipun para wanita. Lalan[2] jalaran saking kêkêndêlan sarta kaprawiranipun, kathah para prajurit ingkang sampun sami misuwur namanipun, kados ta: suwargi Dhune, Mikayo, lan Bêrmyata, ingkang sami ngatingalakên kadugining manahipun dhatêng Dhobrinya wau. Nalika Dhune kautus ing sang nata nglamar putri dhatêng praja Litowên, kados ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng, inggih botên purun nganthi prajurit sanèsipun, kajawi namung Dhobrinya. Jalaran saking kêkêndêlanipun nalika dados kanthinipun Dhune wau, ingkang anjalari sang nata ing Litowên amasrahakên putranipun Dèwi Aprasiah dhatêng utusan kêkalih wau, ing wusana sawangsulipun dhatêng Kiyèph malih, Dhobrinya katêtêpakên dados têtindhihing prajuritipun Prabu Wladhimir, ingkang katêngên sangêt. Sanadyan wiwit punika Dhobrinya misuwur namanipun sarta kinasih sangêt dening sang prabu, ewasamantên tandang tanduk [naskah rusak].

2. Pêrang ingkang kapisan kalihan naga

Ing satunggiling dintên hawanipun bêntèr sangêt, ngantos botên wontên têtiyang ingkang purun mêdal ing jawi, ngêmungakên sami ngèplèh-èplèh linggih wontên ing salêbêting griya, dene ingkang kalêrês wontên ing jawi, inggih lajêng ngupados papan ingkang asrêp, kados ta wontên ing ngandhaping wit agêng, wontên ing grêdhu, lan sasaminipun. Jalaran saking punika ing pundi-pundi panggenan lajêng katingal sêpên anyênyêt, botên wontên sabawaning walang salisik. Ing kala punika Dhobrinya linggih piyambakan wontên ing kamaripun, sarta botên kèndêl anggènipun tansah nyawang dhatêng langit, kanthi pangajêng-ajêng bokmanawi sagêd andêngangi mêndhung sakêdhik, ingkang nyasmitani badhe wontênipun jawah. Nanging ing pundi-pundi langitipun katingal biru, tanpa kapêtêngan ing mega sakêdhik-kêdhika. Dhobrinya mangrêtos, bilih kawontênan ingkang makatên punika, kenging kangge tăndha yèn hawa bêntèr kados ingkang sawêg dipun alami punika badhe dangu, ingkang anjalari piyambakipun kapêksa kêdah wontên ing salêbêting griya kemawon, tanpa sagêd tumandang damêl punapa-punapa. Dumadakan ing kala punika Dhobrinya kèngêtan cariyosipun tiyang bilih toyanipun lèpèn Pusai punika, sanadyan ing pundi-pundi hawanipun bêntèra kados punapa, tansah asrêp kadosdene ès. Sanalika punika kapengin adus wontên ing lèpèn ngriku, murih badanipun ingkang karaos lêsu sagêda sêgêr, tanpa kenging dipun pênggak, mila piyambakipun lajêng murugi ibunipun prêlu badhe nyuwun pamit nêdya adus wontên ing lèpèn Pusai wau.

Sarêng Dèwi Apimyah mirêng aturipun ingkang putra makatên wau, kagètipun kalangkung-langkung, lan sakala punika wadananipun katingal pucêt. Ing wusana sang putri lajêng angandika makatên:

Rungokna, Dhobrinya, anakku, kowe aja adus ing kali Pusai, awit kali iku kaliwat ambêbayani. Banyune mula iya anyês, nanging mung kang ana ing pinggir bae, yèn rada mêntêngah sathithik, iya wis beda bangêt. Dene ing têngah-têngahe kono, isining banyu warna têlu, kang siji banyune prasaksat gêni panase, kang ăngka loro nganti mêtu mawane, dene kang ăngka têlu iku ngukus, kang bisa anjalari wong ora bisa wêruh apa-apa. Ngandêla nyang aku, Dhobrinya, anakku, aja pisan-pisan [naskah rusak]

--- [1085] ---

Nanging Dhobrinya botên purun migatosakên dhatêng dhawuh pangandikanipun ingkang ibu wau. Tanpa ngucap punapa-punapa piyambakipun ujug-ujug lajêng mêdal saking ing kamar ngriku. Salajêngipun Dhobrinya lumêbêt ing kamar ingkang kangge nyimpên panganggenipun, wontên ing ngriku piyambakipun lajêng ngrasuk busana kaprajuritan ingkang sadaya sarwa pasaja. Sasampunipun lajêng dhatêng ing gêdhogan, saha anglapaki kapalipun. Sasampunipun amêndhêt dêdamêlipun ingkang awujud towok, pêdhang, jêmparing sagandhewanipun, tuwin gada, Dhobrinya lajêng nyengklak kapalipun. Salajêngipun, kanthi kadhèrèkakên dening rencangipun jalêr satunggal, lajêng bidhal nuju dhatêng lèpèn Pusai.

Ing sakawit lampahipun Dhobrinya naratas ing ara-ara, wontên ing ngriku kapal dipun tungkak ing lêmpèngipun. Sarêng kapal ambandhang, Dhobrinya lajêng ngumbulakên gadanipun ingkang lajêng katampenan mawi tangan satunggal, salajêngipun nuntên ngobat-abitakên towokipun wontên ing sanginggiling sirah, kadosdene tiyang ingkang badhe nêmpuh mêngsah.

Ing kala punika surya nêdhêng inggil-inggilipun, bêntèripun sakalangkung-langkung, ngantos abdi ingkang andhèrèk wau, mèh sumaput dening bêntèripun. Ing batos abdi wau sakalangkung ngungun, dene bêndaranipun, ingatasipun samantên bêntèripun, ngagêm-agêm prajuritan, têka sajakipun kados botên karaos bêntèr babarpisan, malah lajêng dolanan makatên. Ingkang makatên punika anjalari wêwahing katrêsnan punapadene ajrihipun pun abdi wau dhatêng bandaranipun.

Sarêng lampahipun sampun sawatawis cakêt saking lèpèn Pusai, Dhobrinya lajêng mandhap saking kapalipun, kêndhali kapasrahakên dhatêng abdinipun, nguculi panganggenipun kaprajuritan, saha lajêng wicantên makatên.

Kowe ngêntenana ing kene, lan jaganên jaran utawa panganggoku iki.

Sasampunipun Dhobrinya wicantên makatên wau, salajêngipun nuntên dhatêng ing sapinggiring lèpèn, saha lajêng nguculi pangangge sanès-sanèsipun. Nanging sarêng Dobrinya badhe anjêgur ing lèpèn, dumadakan lajêng mirêng suwaranipun tiyang èstri sawatawis sami gumujêng. Dhobrinya lajêng nolèh dhatêng prênahipun suwara wau, ing ngriku nyumêrêpi lare-lare èstri ingkang sampun sami prawan, ingkang sawêg sami umbah-umbah wontên ing lèpèn. Salajêngipun lare-lare èstri wau wicantên dhatêng Dhobrinya makatên:

Dhuh, satriya, punapa panjênêngan botên uninga bilih tumrap têtiyang jalêr satunggiling awisan adus wontên ing ngriki tanpa têlêsan, sanadyan tipisa kados punapa, kêdah ngagêm. [Naskah Rusak]

...mirêng, amila wicantênipun para kênya wau namung kaanggêp gêgujêngan kemawon, saha lajêng namung amangsuli makatên.

Bocah-bocah wadon. Kiraku, panampamu ing bab larangan mau kaliru. Sing dilarangi, yaiku: prawan kang ayu, kuwi ora kêna andêlêng jaka nonoman kang adus wuda, mangkono uga prawan kang ayu dilarangi ucul-ucul panganggo, yèn ana jaka kang nyawang.

Sasampunipun wicantên makatên wau, Dhobrinya lajêng anjêgur ing lèpèn Pusai, saha anglangi manêngah. Botên watawis dangu lajêng dumugi ing ilèn-ilèn tigang warni kados ingkang dipun ngandikakakên dening ingkang ibu. Namung ing ngriku wontên bedanipun sawatawis, inggih punika: ingkang satunggal toyanipun asrêp sangêt, lan ilinipun bantêr kalangkung-langkung ngantos mèh kemawon piyambakipun botên sagêd dumugi ing ilèn-ilèn ingkang ăngka kalih. Salêbêtipun anglangi wau Dhobrinya angunandika makatên: Ibu kuwi ambok aja sok krêsa mirêngake omonging uwong. Pangintêne yèn kali iki ambêbayani bangêt, wong iya ora barang-barang mangkene, malah lumrah bae kayadene kali liya-liyane.

Ing wêkdal punika dumadakan wontên lêlampahan ingkang nganèh-anèhi sangêt, inggih punika makatên: ing kala punika botên wontên angin babarpisan, ewasamantên langitipun ujug-ujug katutupan ing mega ingkang pêtêng sangêt, lan sanadyan piyambakipun botên sagêd sumêrêp manawi jawah, raosing badanipun kadosdene dipun êsoki ing toya. Sasampunipun makatên, saking katêbihan piyambakipun mirêng suwaraning galudhug pating galêgêr rame sangêt. Suwara galudhug ingkang samantên ramenipun wau, salaminipunêsang[3] Dhobrinya dèrèng nate mirêng. Kajawi punika kêlaping kilat lan thathit tanpa wontên kèndêlipun, ngantos Dhobrinya kapêksa ngêrêmakên mripatipun. Botên watawis dangu sarêng piyambakipun ngêlèkakên mripatipun malih, wontên ing gêgana inggil sangêt, Dhobrinya sumêrêp satunggiling naga ingkang sakalangkung agêng. Naga wau sirahipun tiga lan ugi anggadhahi têlale tiga. Sanalika punika Dhobrinya lajêng èngêt dhatêng dêdongenganipun tiyang, bilih naga ingkang awujud makatên punika botên sanès kajawi ingkang nama naga Gurindayêksa. Salêbêtipun kêkitêr wontên ing awang-awang wau, Gurindayêksa wicantên makatên:

Ana kang mêca nyang aku, yèn ing besuk sing bakal bisa matèni aku iki ora ana liya kajaba Dhobrinya, nanging wêwêcan kang kaya [Naskah Rusak]. Badhe kasambêtan.

--- 133 ---

Taman Bocah

[Naskah rusak]

--- 134 ---

LÊLUCON.

TANGGA KANG ORA COCOG.

Pak Wangsa karo Pak Sura, sanajan omahe mung lêt 20 mètêr mêksa uripe tansah ora cocog. Sawijining dina Pak Sura nyêlapani anake lan nganggo kêndhurèn, tangga têparo kabèh diundang, mung Pak Wangsa diliwati. Barêng wong-wong kang arêp nyang nggone Pak Sura liwat ngarêpe Pak Wangsa, Pak Wangsa atine kaya disate kêmropok têmênan, banjur ngadêg ana ngarêp lawang karo malang kêrik, mripat mênthêlêng, anggêr ana wong 3 utawa 4 sagrombol kang arêp nyang nggone Pak Sura, Pak Wangsa mbêngok: "Waaah, gêmrudug kaya ngantèn!" Mêngkono nganti rambah-rambah. Barêng wong wis padha mlêbu lan modin wiwit ndonga, suwarane wong amin barêng, nganti gêmrênggêng. Pak Wangsa ora kuwat, banjur mbêngok manèh: "Waaa! Gêmrênggêng kaya tawon." Bok Wangsa sing awit mau mênêng bae, saiki ora kuwat ndêlêng polahe sing lanang, banjur calathu: "O, Allah, wong lanang, bok aja kaya ngono, dene kok kaya bocah." Pak Wangsa sumaur sugal: "Hus, pancèn aku iki rak bocah ta, nèk wong tuwa tênèh diundang kêndhurèn.

Kho Ngo Kioe, Blabak.

Ing Pamulangan

Guru: "Coba golèka têmbung camboran sarta têgêse têrangna pisan, upamane: guru= digugu lan ditiru."

Amir: "Cangkir= dicancang anèng pikir."

Guru: "Ya bênêr, saiki kowe Samantên."

Samsu: "Puji, donga, dhikir= sapu siji, wadung sanga, wêdhi sacangkir."

Sulas: "Bu Mar= kalêbu asma sing samar."

Handini, Pacitan.

Guru: "Din, Din, wis akèh bangêt anggonmu maca layang wacan, ya?"

Paidin: "sampun!"

Guru: "Hara, layang apa sing ngêrês-êrêsi ati, Din?"

Paidin: "Sêrat ingkang ngêrês-êrêsi manah, punika sêrat gadhèn ingkang ical."

Sularjo, Batavia-Centrum.

CÊDHAK RADIO.

Sasanti: "Pak, nèk diputêr ngene olèh ngêndi?"

Bapake (aras-arasên): "Olèh S.R.I.

Sasanti: "Nèk diputêr ngene?"

Bapake (rada nêsu): "Olèh Nirom II!"

Sasanti: "Nèk di..."

Bapake (nêsu bangêt): "Nèk diputêr [Naskah rusak]

LÊLAGON NGANGGO LAGU KILUR-KILIR

I. Kêmbang gêdhang, kêmbang jambu, kok sênêng aku@Olèh wulang ka pak guru, kok sênêng aku@Kêmbang kawis gula Jawa, kok sênêng aku@Bisa nulis, bisa maca kok sênêng aku.

II. Kêmbang mênur, kêmbang pandhan, dirajang-rajang@Katon pèni ing ndhasaran, gandane arum@Sabên libur aku dolan, yèn bocah lanang@Kanggo ngudi kapintêran, bène kampiun.

III. Ronce-ronce kêmbang pace, ho-yaho-yaho@Pating grandhul ora wangi, lo-elo-elo@Gaweanku sabên sore, ya-ayo-ayo.[Naskah rusak]

--- 135 ---

DONGA KANG BISA AMBADHARAKE WÊWADI

(Candhake)

Ing nalika samono Abdulgani kèlingan manawa sang ratu kagungan langganan tukang cukur, kang sabêne didhawuhi marasi. Abdulgani banjur sêsidhêman nêmoni tukang cukur mau, lan ngandhakake apa kang dadi karêpe. Tukang cukur wiwitane ora gêlêm, nanging barêng dijanjèni yèn niyate patih mau bisa kalêksanan, dhèwèke arêp didadèkake patih. Tukang cukur banjur nyaguhi. Kabênêran nalika iku tukang cukur mau ditimbali sang ratu. Tukang cukur tumuli mangkat lan uga wis sadhiya piranti, yaiku berang kang arêp kanggo nyedani sang ratu.

Satêkane ing kêdhaton tukang cukur mau banjur nyadhiyakake sakabèhing piranti kang kanggo marasi sang ratu, dene berange dislêsêpake ana ing sajêroning klambi, nganti ora kêtara.

Sang ratu sawise pinarak ing kursi, banjur dipirantèni apa sapêrlune dening tukang cukur. Ing wêktu iku tukang cukur arêp miwiti nindakake kêkarêpane nyedani sang ratu, nanging lagi bae tukang cukur arêp ngunus berange saka klambine, dumadakan sang ratu ing wêktu iku kèngêtan marang dongane Ali Chambyah, lan banjur ngandika: "Hèm, hèm, saya sudhah tau." Tukang cukur bangêt ing kagète dene sang ratu wis pirsa apa kang dadi sêdyane mau.

Mula saka wêdine lan saka kumêpyure atine, tukang cukur banjur ilang kêkuwatane, lan têrus ambruk ana ngarsane sang ratu. Dene berange uwal saka tangane lan tiba kumêmprang.

Sang ratu kagèt bangêt dene ana kaanan kang kaya mangkono, mula banjur jumênêng saka kursi, lan ndangu marang tukang cukur mangkene: "E tukang cukur, sabab apa dene kowe banjur nggloso ana ing ngarêpku?"

Tukang cukur: "O, gusti, kula nyaosakên pêjah gêsang."

Sang ratu: "Lo pêjah gêsang priye? Aku ora ngêrti karêpmu kuwi."

Tukang cukur: O, makatên gusti. Ndadosna kauningan, ing suwau kula dipun pinta sraya dening Patih Abdulgani, kula kapurih nyedani panjênêngan. Kalêrêsan punika wau kula kadhawuhan marasi panjênêngan, dados kaniyatan kula badhe kalêksanan. Nanging panggagas kula ingkang kados makatên wau, dumadakan kosok-wangsul, awit nêmbe kemawon kula badhe mêndhêt berang ingkang kula tlêsêpakên ing rasukan, dumadakan panjênêngan lajêng ngêndika: "Hèm, hèm, saya sudhah tau." Ing sarèhning kula ngintên bilih panjênêngan sampun pirsa punapa ingkang dados sêdya kula, pramila saking kagèting manah tuwin ajrih kula, kula lajêng gumêtêr tuwin pêtêng panon kula ngantos kula lajêng dhawah ing ngarsa panjênêngan punika.

Sang ratu barêng midhangêt ature tukang cukur mau, bangêt ing dukane lan banjur nimbali senapatine kèhe 15, diutus nyêkêl Patih Abdulgani. Ora antara suwe senapatine wis padha bali karo anggawa Patih Abdulgani wis dibanda. Patih Abdulgani satêkane ing kêdhaton, barêng wêruh tukang cukur wis ana kono lan dibanda, bangêt ing kagète lan sarèhne dhèwèke ngrumasani ing dosane, sanalika iku pêtêng panone lan banjur ambruk sanalika. Barêng dhèwèke wis eling, nuli didangu sang ratu lan diwêlèh-wêlèhake apa kang dadi pikarêpane mau. Patih Abdulgani wis ora bisa selak manèh lan banjur ngakoni apa kang dadi kaluputane.

Lêt sawatara dina sarèhne Patih Abdulgani wis cêtha kaluputane banjur dilèrèni saka pagaweane dadi patih lan dipatrapi paukuman kunjara salawase urip.

Dene tukang cukur dipatrapi paukuman kunjara lawase 10 taun. Dene Ali Chambyah banjur diangkat dadi patih, anggêntèni kalungguhane Patih Abdulgani.

Amien Sumari.

--- 136 ---

CRITANE ANTÊPING JAKA

(Candhake)

Sawuse Sucipta rong dina ana ing omahe bapakne, têlung dinane banjur sowan bêndarane lawas lan nêmoni kanca-kancane, apadene sêdulur-sêdulure. Kabèh kang padha kêtêmu karo Sucipta padha sênêng atine. Sêdulur-sêdulur sing padha duwe anak lanang, banjur kêpengin nyêkolahake anake, supaya bisa cêkêl gawe kaya Sucipta. Sarta para tangga têparone lan sanak sêdulure, kang biyèn padha mênging kêkarêpane Kyai Sudagar lan Sucipta, saiki malah padha ambênêrake. Sabên dina dhayohe Kyai Sudagar tanpa kêndhat. Barêng pamite Si Sucipta kari rong dina, dhèwèke nuli mulih nyang Bêtawi, niyate sing rong dina kanggo ngaso.

Sabanjure Si Sucipta anggone nyambutgawe kanthi ngati-ati lan srêgêp kaya sing uwis.

Lêt rong taun dhèwèke ditêtêpake dadi klerk. Uripe Sucipta prasaja, mulane sajrone limang taun dhèwèke wis duwe celengan cukup kanggo tuku omah.

Mundhak taun umure, mundhak akèh pikirane, samono uga sangsaya têmuwa, saka panggagase supaya bisa mundhak têntrêm uripe, nduwèni niyat arêp omah-omah dhewe, lan bisaa entuk bojo pisan, sing kêna kanggo têtimbangan. Sabanjure Sucipta anggone manggon ana ing omahe Pak Wangsa, iya wis krasa sênêng ora paja-paja kaya manggon ing panggonane wong liya. Mungguh saka panjangkane, besuk ngalihe saka kono mau ngêntèni yèn wis duwe bojo utawa mawa sabab liya kang andadèkake jalaraning ngalih, supaya aja andadèkake pinggêting wong saduluran.

Si Sucipta tansah mikir-mikir, yaiku apa golèk bojo dhisik, apa tuku omah dhisik, ananging tuwuhing pikir kang maton, bêcik tuku omah dhisik, lan nyukupi apa kang dadi kabutuhaning omah. Barêng wis mantêp têmênan niyate anggone arêp tuku omah, banjur ngirimi layang nyang bapakne, mungguh surasane dijaluki timbangan. Kyai Sudagar barêng maca layang mau, bangêt ing bungahe dene panêmune anake lanang banjur tumuju kang mêngkono. Layange mau tumuli diwangsuli, yèn dhèwèke rujuk bangêt manawa arêp tuku omah dhisik, lan uga ngabari yèn kira-kira saminggu manèh arêp têka ing Bêtawi, kêpengin wêruh omahe kang arêp dituku.

Sucipta sauwise tuku omah, kanthi cocoging atine bapakne, sarta wis ngalih sawatara dina, Kyai Sudagar banjur mulih nyang desane manèh. Nalika Kyai Sudagar isih ana ing Bêtawi, dhèwèke nyaritakake bab kaanane Radèn Sujana sagarwa putra lan uga ngandhakake manawa Radèn Sujana kagungan putra kêponakan kang wus lola lan wis rong taun dhèrèk ana ing dalême kono. Putra kaponakane mau jênênge Radèn Rara Suprapta,[4] lagi mêtu bae saka pamulangan H.I.S. Kira-kira lêt sêsasi saulihe bapakne, Sucipta nuli ngaturi kabar mênyang Radèn Sujana, manawa dhèwèke wis tuku omah sarta matur, ing sarèhne saiki wis duwe omah, nyuwun digolèkake bojo kang sakirane nrima blanja sathithik, nanging sabisa-bisa sing isih sêntanane Radèn Sujana. Pancèn Radèn Sujana iku trêsna bangêt marang Sucipta, karo manèh dhêmên marang adat kêlakuane bocah iku, mula ya andadèkake sênênging panggalihe Radèn Sujana. Satampane layang kang surasane mêngkono mau, niyate Radèn Sujana, Si Sucipta arêp dijodhokake karo Radèn Rara Suprapti.

Layange Sucipta lêt saminggu diwangsuli dikanthèni gambare Radèn Rara Suprapti. Ing layang, dingandikakake kaanane kabèh.

Bangêt kagèt lan bungahe Si Sucipta, barêng wêruh gambar mau, awit dhèwèke wis tau têpung karo bocah wadon mau, sarta kêna diarani mitrane lawas. Mula ya banjur cocog bangêt, yèn dhèwèke arêp didhaupake karo bocah wadon mau.

Barêng wis dirêmbug matêng karo bapakne, têlung sasi manèh Si Sucipta didhaupake karo Radèn Rara Suprapti, ana ing dalême Radèn Sujana. Lêt saminggu sing wadon diboyong mênyang Bêtawi.

Si Sucipta lan bojone anggone padha omah-omah kanthi têntrêm, tansah êmong-kinêmong, agawe sênênging atine wong tuwane.

Saya lawas Sucipta anggone omah-omah akèh kaundhakane bêcik, samubarange tansah padha dirêmbug wong loro.

Nuju sawijining dina ing wayah sore wong loro mau lagi padha lêlungguhan barêng, kang wadon calathu mangkene: "Mas, sarèhne bapak wis sêpuh, ambok iya diaturi ana kene bae, ora susah dodolan; yèn bapak isih ana desane bae, atiku kok durung têntrêm babar pisan, tansah sumêlang bae, awit bapak iku wis piyambakan. Yèn ana kene rak aku dadi bisa ngladèni, karo manèh kêna kanggo sêsêpuh lan kêna dijak rêrêmbugan. Kapriye mungguh rêmbugmu, saupama sasi ngarêp iki aku sakloron padha nyang Cakra pêrlu amboyongi bapak?"

Sucipta ngrujuki rêmbuge sing wadon, lan barêng wis têkan titimasane pamit, wong loro padha budhal nyang Cakra pêrlu amboyongi bapakne.

Sajrone Sucipta omah-omah kêtunggon bapakne, kaanane sangsaya têntrêm, sarta luwih akèh bêcike, [Naskah rusak]

Cuthêl.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Babaran enggal! Babaran enggal!

MARGANING URIP

Cariyos satunggaling malaekat kasiku dhatêng Ingkang Damêl Gêsang, dipun dadosakên manungsa limrah, nama Misèl. Sarêng sampun sawatawis laminipun kêmpal kalihan manungsa, Misèl sagêd nyumêrêpi punapa ingkang dados awisanipun Ingkang Kuwaos. Wusana Misèl wangsul dados malaekat malih.

Lajêng dipun sambêti cariyosipun: ILYAS. Satunggaling tiyang sugih ingkang lajêng mlarat. Nanging sarêng mlarat malah rumaos bêgja lan sênêng gêsangipun.

Dipun sambêti malih cariyos LAS-LASAN BÊRAS SAÊNDHOG PITIK. Satunggaling ratu kagungan barang ingkang sakalangkung anèh, agêngipun satigan ayam, wujudipun kados las-lasan uwos. Para sagêd botên wontên ingkang sagêd mastani barang wau. Lajêng wontên tiyang sêpuh ingkang sagêd nêrangakên bilih barang wau sajatosipun inggih uwos. Uwos jaman rumiyin.

Cariyos tigang warni kasêbut ing nginggil punika nênarik manah saèstu, sarta ngêmu piwulang ingkang lêbêt. Prayogi dipun sumêrêpi ing para mudha tuwin para wrêdha.

Kangge icip-icip ing ngandhap punika pêthikanipun:

Cariyosipun Misèl: "Saikine aku ngrêti, yèn uwong iku uripe ora jalaran saka anggone ngrêmbug marang awake dhewe, nanging jalaran saka katrêsnan, kawêlasan utawa asih.

Wong kang dadi biyung, ora kaparingan wêruh apa kang dadi kabutuhane anake murih bisane urip. Wong kang sugih-wugih ora pinarêngake wêruh apa kang prêlu tumrap awake. Sarta iya ora ana wong kang pinaringan wêruh, sing dibutuhake iku apa? Apa sêpatune kanggo wong urip, apa trumpah kanggo wong arêp mati.

Anggonku bisa urip nalika tinitah dadi uwong iku ora sabab saka olèhku njaga marang uripku dhewe, nanging sabab saka anane rasa asih, rasa wêlas utawa rasa trêsna, kang dumunung ana ing atine wong lanang kang liwat sandhing panggonanku andheprok, utawa kang dumunung ana ing atine bojone.

Dene bocah kang ditinggal bapa biyungku iku bisane slamêt uripe iya ora saka anggone njaga marang uripe dhewe, nanging jalaran saka anane rasa wêlas, rasa trêsna kang dumunung ana ing atine wong wadon kang dudu apa-apane.

Mangkono uga wong-wong kabèh mau, bisane urip ora jalaran saka anggone rumêksa marang uripe dhewe, nanging jalaran atine wong-wong padha kadunungan rasa asih, rasa wêlas lan rasa trêsna.

Dhèk biyèn sing dakngrêtèni mung Pangeran olèhe paring urip marang uwong-uwong, sêbab krêsane pancèn supaya uwong-uwong bisaa urip. Saiki liyane kuwi ana manèh:

Yaiku ora dadi kaparênge Sing Kuwasa yèn wong urip mung arêp mikir marang awake dhewe. Saka krêsane Sing Kuwasa urip kudu kanggo sapadha-padha. Jalaran saja kagungan krêsa mangkono mau, mula iya ora dhawuh apa kang dadi kabutuhane siji-sijining wong urip tumrap awake dhewe. Sing didhawuhake apa kabutuhane wong urip tumrap wong akèh, dadi iya tumrap awake dhewe, lan tumrap sapadha-padha.

Kajabane iku aku saiki iya ngrêti, yèn wong kang duwe rumangsa yèn uripe iku saka pangrêmbuge dhewe, iku satêmêne klèru. Wong ora bisa urip saka pangrêmbuge dhewe, nanging kudu saka katrêsnan, saka asih, saka kawêlasan. Awit sapa kang winêngku ing katrêsnan, ing asih, utawa wêlas, iya kawêngku ing Pangeran. Kosokbaline Pangeran, iku iya mung bisa winêngku dening uwong kang kadunungan trêsna, wêlas lan asih. Awit sanyatane sipate Pangeran iya wêlas, iya trêsna, iya asih.

__________

Ngètên nggih, mas, nèk kula pikir ngotên, pancèn inggih sanès lêpate kasugihan, dene dhèk kula sugih, botên sênêng, sarta nggih sanès panggawene si kêmlaratan dene barêng mlarat kula lajêng sênêng. Ontêne dhèk kula sugih ati kula botên sênêng, botên jênjêm, niku sababe awit angsal kula pados kasênêngan luput panggonane. Kula wastani kasênêngan niku dununge mung èntên bandha mawon. Dados sing kula udi nggih mung bandha. Rina wêngi angsal kula golèk tanpa lèrèn. Lèrèn-lèrèn jam tilêm. Botên nate kula tiyang kalih sok mijèkakên jam kangge omong-omongan, kangge rêmbugan. E, ngrêmbug kautaman, karêp kula. Niku botên nate. Pikiran kula mubêng mungsêt mung têng bandha. Awan kula golèki, bêngi kula kuwatirake yèn dicolong uwong. Têng wong liya, têng batur anane mung sujana. Kuwatir yèn nganti gawe kurange bandha sing kula kêpengini. Dadi ati kula niku mung tansah ngandhut dosa. Dosane dene ndakwa sing botên-botên têng wong sing botên punapa-punapa." Awit satêmêne batur-batur kula niku sae-sae sadaya. Lajêng jaran, sapi, wêdhus, sapiturute, niku anggêr diêngon, digawa lunga saka ngomah, ati kula ênggih êmpun dhêg-dhêgan, sumêlang nèk dibadhog kewan galak.

Lajêng ontên malih sing saya damêl rungsêbing manah, ênggih niku angsal kula kêrêp pabên kalih kanca jalêr. Ing bab ngumpulake bandha; kula tiyang kalih nika padha mêmpênge. Kula mêmpêng, kanca jalêr inggih mêmpêng. Jalaran saka mêmpênge wau sok lajêng cêngkah. Ngriku kêncêng, kula kêncêng, dados lajêng pabên!"

Dhayohe takon: "La sanikine pripun?"

Sanikine êmpun ewah, sabab sêdantên mawon sing marakake rungsêb têng manah êmpun sami kula bucali. Kuwatos napa-napa botên gadhah. Sujana têng wong liya ênggih botên. Nèk sêla pagawean kula tiyang kalih sami mrêlokakên omong-omong, ngrêmbug bab kautaman, ngrêmbug kuwasane Sing Gawe Urip. Sêdantên wau anjalari manah kula lajêng sênêng, têntrêm. Dèrèng nate kula ngraosakên sênêng kados saniki. Sèkêt taun angsal kula krênggosan mlayu-mlayu, golèk kasênêngan. Ning tibane katêmune jêbul barêng êmpun mlarat.

Krungu katrangane bojone Ilyas mêngkono mau, dhayoh-dhayohe padha gumuyu, katon yèn ora anggugu. Ilyas satêngah nêsu, kandha: "Sampun sami gumujêng, sadhèrèk. Mênika sanès gêgujêngan, nanging kanyatahan, inggih punika kanyatahaning gêsang. Ingkang Kuwaos sampun paring èngêt dhatêng kula tiyang kalih. Pêparingipun Ingkang Kuwaos wau dening semah kula kala wau sampun dipun aturakên dhatêng panjênêngan. Botên awit saking nuruti manah sênêng, nanging awit saking pangeman. Inggih punika ngeman dhatêng panjênêngan sadaya, sampun ngantos anggènipun manggih sênêng, ndadak mawi patumbas kadosdene kula."

__________

Andadosakên kauningan dalêm gusti. Pantun ingkang wosipun samantên, punika jamanipun kawula taksih tumindak ing damêl, nama limrah. Sarta ingkang sami kawula têdha, inggih wos ingkang samantên-samantên punika. Ingkang nanêm kawula piyambak, ingkang ngênèni inggih kawula piyambak.

Sang prabu gumun, kêpengin ndangu manèh: "Mungguh sawah kang koktanduri, iku sawah kang kaya apa?"

Wong tuwa mangsuli: "Nuwun inggih sabin limrah, sabin kagunganipun Ingkang Kuwaos. Awit jaman samantên, sabin ingkang dados sabinipun tiyang punika inggih sabin ingkang sawêg kagarap. Botên wontên caranipun tiyang ndhaku siti kaakên dados gadhahanipun. Ingkang nama gadhahanipun tiyang, punika namung baunipun. Wondene siti têtêp dados kagunganipun Ingkang Kuwaos."

Sang prabu gèdhèg-gèdhèg saka gumune, banjur ndangu manèh: "Ana manèh, paman, sing arêp daktakokake marang kowe. Sapisan: yagene jaman kunane pari bisa mêtu samono, nanging saiki ora. Kang kapindho: yagene putumu olèhe mlaku nganggo têkên loro, anakmu mung siji, barêng kowe ora têkênan babarpisan. Mangkono uga pandêlêngmu, pangrungumu, lan untumu isih sarwa wutuh, tur caturanmu iya isih cêtha. Ngungkuli anakmu apadene putumu."

Wong tuwa munjuk mangsuli: "O, kawuningana, gusti. Wontênipun kados makatên, awit tiyang-tiyang punika gêsangipun botên awit saking anggènipun nyambut damêl piyambak, utawi malih rêmên melik dhatêng darbèking sanès. Botên kados tiyang jaman kawula rumiyin. Tiyang gêsang namung ngèstokakên dhawuhipun Ingkang Kuwaos. Sampun marêm utawi narimah kalihan gadhahanipun piyambak, botên kêpengin utawi mamrih dhatêng gadhahanipun sanès."

__________

Manawi badhe priksa jangkêping cariyos, kula aturi nyatakakên mundhut Sêrat "MARGANING URIP", têmtu botên badhe kacuwan. RÊGINIPUN NAMUNG f 0.24

WÊDALAN - BALE PUSTAKA - BATAVIA-CENTRUM.

 


punggawa. (kembali)
Lan. (kembali)
salaminipun gêsang. (kembali)
Suprapti. (kembali)