Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 22-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 32, Rê Lê, 10 Sapar Ehe 1868, 21 April 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Jayaprana - Layonsari

Sajakipun ing tanah Bali saantero kinanipun kalêbêt limrah para pangagêng ngrêsakakên semahipun tiyang sanès. Awonipun tindak ingkang makatên wau sampun gênah, botên namung tumrap tiyang ingkang kataman, nanging inggih tumrap băngsa saumumipun, mila inggih tansah dados pangrêsulanipun tiyang kathah. Tumrap para pujăngga lêlampahan wau dados panggigahing manahipun, purun nganggit-anggit dongèng kadosdene Sritanjung utawi Jayaprana Layonsari.

Cêkakipun cariyos Sritanjung, kula aturi mriksani papan sanès. Dene cêkakanipun cariyos Jayaprana Layonsari kados ing ngandhap punika.

Jaman kina ing Kaliangêt tanah Bali, wontên pagêblug agêng, kathah tiyang ingkang tiwas, agêng alit, sêpuh anèm tanpa wicalan kathahipun, ngantos wontên griya ingkang suwung, jalaran tiyangipun pêjah sadaya. Wontên satunggaling brayat katrajang pagêblug pêjah sadaya. Kantun anakipun wuragil taksih alit ingkang wilujêng, lajêng dipun kukup ingkang bupati sarajadarbèkipun sadaya. Lare wau nama Jayaprana, sarêng sampun agêng katingal bagus lan sugih kasagêdan, ingkang bupati sakalangkung asih, dipun anggêp kados putranipun piyambak. Jayaprana kadhawuhan rabi, kapurih milih tiyang èstri ingkang dipun sênêngi, ingkang bupati ingkang badhe nêmbungakên dhatêng tiyang sêpuhipun. Kalêrêsan Jayaprana lajêng angsal padikan lare èstri ingkang sae warninipun, nama Layonsari. Enggaling cariyos lajêng kadadosan rêmbagipun. Panggihipun Jayaprana ing kabupatèn mawi pasamuwan agêng-agêngan, bibar panggih pangantèn jalêr èstri lajêng ngabêkti dhatêng ingkang bupati. Jayaprana dipun paringi griya, rencang tuwin băndha sacêkapipun. Samangke Jayaprana mêngku balegriya piyambak, sênêng gêsangipun.

Kacariyos, nalika ingkang bupati dipun bêktèni pangantèn jalêr èstri, dumadakan priksa endahing warninipun Layonsari, lajêng kasmaran, katrêsnanipun dhatêng Jayaprana ical babarpisan. Ingkang bupati ngantos botên karsa dhahar lan botên sagêd sare, Layonsari tansah cumithak wontên ing paningal kemawon.

Wontên satunggaling abdi ingkang gêthing dhatêng Jayaprana, mangrêtos dhatêng wêwados punika, mila lajêng ngaturi pamrayogi dhatêng ingkang bupati, murih sagêd kalêksanan karsanipun. Ingkang bupati lêga panggalihipun. Jayaprana lajêng kautus dhatêng palabuhan anindhihi prajurit, awit kawartosakên ing ngriku kadhatêngan bajak. Punika kapurih nyirnakakên. Wusana sarêng dumugi ing palabuhan, Jayaprana lajêng dipun pêjahi dening satunggaling prajurit ingkang sampun dipun kêthik ing sadèrèngipun.

Layonsari dipun boyongi dhatêng kabupatèn, nanging puguh botên purun angladosi karsanipun ingkang bupati, awit sampun mirêng pawartos bilih pêjahipun ingkang jalêr punika pancèn dipun paeka, wusana Layonsari lajêng pêjah suduk sarira. Ingkang bupati priksa Layonsari pêjah, lajêng salah paningal ngasta pêdhang ngamuk para abdi, têlas-têlasanipun lajêng suduk sarira piyambak.

Cariyos Jayaprana kalihan Layonsari punika nêngsêmakên saèstu, asring kangge lampahan kêthoprak.

Gancaran, aksara Jawi, rêgi f. 0. 40

Wêdalan Bale Pustaka-Batawi Sèntrêm

--- [481] ---

Ăngka 32, Rê Lê, 10 Sapar Ehe 1868, 21 April 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f. 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pasiraman - Jumênêngan Pangagêng Kadipatèn Pakualaman - Bosa[1] Dhayak saha Tatacaranipun - Kawontênan ing Sêpanyol - Blilu Tau - Bab Padpindhêr - Kabar Warni-warni - Waosan - Jagading Wanita.

Pasiraman

[Grafik]

Papan padununganipun pasiraman Kalibacin ing Tambakwaringin, Purwakêrta.

--- [482] ---

Jumênêngan Pangagêng Kadipatèn Pakualaman

[Grafik]

Kala ing dintên Sênèn tanggal 12 wulan punika, ing Ngayogyakarta wontên pahargyan jumênêngipun pangagêng Kadipatèn Pakualaman.

Ingkang kacêtha ing gambar nginggil: upacara Kadipatèn Pakualaman, sisih kiwa kreta titihan.

Têngah sisih kiwa: Gupêrnur kala mêdhar sabda ngaturakên kasugêngan.

Têngah sisih têngên: K.G.P.A.A. Prabu Suryadilaga mangsuli mêdhar sabda.

Ngandhap piyambak, para amtênar ingkang sami anjumênêngi.

--- [483] ---

Ing Pakualaman

[Grafik]

Nginggil têngên: upacara sabibar jumênêngan. Sisihipun, titihan sabibar jumênêngan dumugi pura Pakualaman.

Kiwa têngah: K.G.P.A.A. Prabu Suryadilaga, nampèni rawuhipun Tuwan Gupêrnur Ngayogyakarta wontên dalêm Pakualaman.

Ngandhap sisih têngêh: para abdi Pakualaman sami sowan. Ngandhap sisih kiwa: ombyakipun tiyang ningali.

--- [484] ---

Paargyan ing Gupêrnuran

[Grafik]

Nginggil piyambak: ing dalêm gupêrnuran kawontênakên paargyan, ingkang lênggah saking kiwa: Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, Nyonyah Gupêrnur Tuwan Gupêrnur tuwin K.G.P.A.A. Prabu Suryadilaga.

Ing têngah: para agung sawêg sami sontit.

Ngandhap sisih kiwa: bêksa srimpi, ingkang bêksa para putri sadhèrèk dalêm K.G.P.A.A. Prabu Suryadilaga tuwin sanès-sanèsipun.

Ing ngandhap sisih têngên: para abdi niyaga ingkang sami nabuhi bêksan srimpi, sami mangangge agêng, mawi kalung samir.

--- 485 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Băngsa Dhayak saha Tatacaranipun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 28

Manawi wangsiting pêksi andang dhumawah sae, têtiyang ingkang kapasrahan padamêlan nigas jangganing mêngsah sami bidhal. Dene bêktanipun awarni:

Ha. tamèng, kangge nadhahi dêdamêling mêngsah.

Na. parang, kangge nigas jangganing mêngsah.

Ca. lading, kangge ngiris-iris.

Ra. gêndul isi lisah, kangge anjampèni sintên ingkang sakit.

Ka. gêgodhongan ingkang kenging kangge jampi, untuning kewan warni-warni kangge rêrênggan.

Da. êrining ulam ingkang agêng tur lancip, prêlunipun, manawi sawêg dipun bujêng mêngsahipun, êri wau lajêng dipun sêbar, supados mêngsahipun kêcublêsa.

Ta. jêmparing ingkang pucukipun dipun osèr-osèri tlutuhing tanêman ingkang mawa racun.

Sa. watang saha sanès-sanèsipun.

Cêkap samantên prakawis tatacaranipun tiyang ngupados sirahing mêngsah, sumăngga sapunika sami metani tata ngadatipun tiyng dhayak manawi wontên tiyang pêjah.

Manawi tiyang ingkang sakit sampun mèh dumugi ing janji, lajêng sanak kadangipun sami ngupados găngsa gangsal iji, kajèjèr wontên ing ngajêngipun griya. Ing sacêlakipun găngsa wau dipun sadhiyani sanjata satunggal.

Kacariyos, manawi ambêkanipun ingkang sakit sampun cêkak, găngsa lajêng dipun tabuh sarosanipun, samăngsa ambêkan pêdhot, găngsa sirêp, saha sanjata kaungêlakên.

Jisim dipun tênggani dening para sanak kadang èstri ingkang sami nangis pating sênggruk. Mripatipun jisim dipun tutupi arta. Kajawi saking punika, sadaya bandhanipun ingkang pêjah dipun tumplêk ing sênthong ngriku. Mênggah kajêngipun supados:

Ga. dipun wastani sugih.

Na. sadaya băndha ngêtutakên ingkang pêjah ing akerat.

Dene kuwajibanipun sanak kadang jalêr inggih punika:

Ga. adamêl bandhosa, kajêng ingkang dipun growongi lan cêkap dipun lêbêti ing tiyang.

NA. ngupados sirahing mêngsah, kadamêl rencang ingkang pêjah.

Tumrap kuwajiban nomêr kalih punika, tiyang Dhayak kêncêng sangêt. Manawi nuju wontên damêl makatên, [maka...]

--- 486 ---

[...tên,] lajêng salah satunggaling sanak kadang prentah dhatêng anakipun jalêr makatên: E, thole, sarèhne Kangmas Suta (inggih punika ingkang pêjah) saiki mundhut abdi, lan aku uwis tuwa, mulane kuwajiban iki dak pasrahake marang kowe. Yèn kowe pancèn anakku, kowe mêsthi bisa nyangking sirahing mungsuhku, sathithik-sathithike siji, dene yèn kowe bali mulih tanpa olèh gawe, e, hlah, aja takon dosamu, kowe kalakon dak cacah-cacah.

[Grafik]

Karameanipun têtiyang Dhayak nuju wontên tiyang pêjah.

Sarèhning padamêlan ngupados sirahing mêngsah punika mutawatosi sangêt, bêbasanipun amêng-amêngan nyawa, dados inggih botên nama anèh manawi tiyang ingkang tinanggênah botên ambêkta sirahing kêngsah, malah sirahipun piyambak prothol.

Bilih bandhosa sampun rampung, jisim dipun lêbêtakên kothak, sanjata lajêng dipun ungêlakên.

Manawi ingkang pêjah punika mlarat, jisim lajêng dipun pêndhêm kemawon tanpa karamean. Upami ingkang pêjah sugih, hla, punika ragi rame, sadèrèngipun jisim dipun pêtak, mawi kawontênakên upacara warni-warni.

Karamean ingkang badhe kula criyosakên punika kenging kaperang dados kalih golongan, inggih punika:

Ha. wancinipun tiyang Dhayak mêjahi tiyang tawanan saha kewan.

Na. karameanipun tiyang èstri.

Ing dintên ingkang sampun dipun têmtokakên, sadaya tiyang sami nglêmpak wontên ing ara-ara. Sirahing mêngsah sami dipun sujèni saha kadèkèk ing têngah. Kajawi punika wontên tiyang tawanan sawatawis saha kewan kalih utawi langkung, ingkang sami dipin bănda ngantos botên sagêd ebah.

Sasampunipun têngara dipun ungêlakên, têtiyang jalêr ingkang sami nglayat lajêng jêjogedan kadosdene tiyang anjogèdi waranggana. Sintên ingkang sampun anjogèd lajêng nyuduk têtiyang tawanan wau. Dene têtiyang tawanan sagêdipun inggih namung sêsambat.

Manawi têtiyang tawanan sampun mèh pêjah, lajêng pangagênging karamean ngunus pêdhangipun saha nigas gulunipun têtiyang tawanan ingkang kacancang ing ngriku.

Sirah pating galundhung, pangagênging karamean katingal suka pirêna ing manah, saha salah satunggaling dhukun èstri murugi, nêdha pêdhang ingkang kangge nigas guluning têtiyang tawanan sarwi wicantên: Adhuh, adhuh, pancèn kêndêl, sêkti, brêgas têmênan kangmas kuwi, wong nigas gulu kok kaya nyakot gêdhang, le mak nyês, gilo. Badhe kasambêtan.

Suyana - Adinata.

--- [487] ---

[Iklan]

--- 488 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Sêpanyol

Mirid kawontênakên, paprangan ing Sêpanyol punika saya dangu saya adamêl ringkihipun băngsa piyambak, awit kapitunanipun sami dipun sanggi dening golongan kêkalih ingkang salugunipun sami tunggil rah. Dados saupami ingkang sami pasulayan wau wontên ingkang mayangakên, inggih susah ingkang kangge wayangan, dangu-dangu saya kêtêlasên kêkiyatan, kawêkasanipun sampyuh tanpa kukupan.

Ing bab kêkiranganipun ingkang sami pêpêrangan saya dangu saya katingal. Malah ing sapunika wontên pawartos bilih Maroko jajahan Sêpanyol badhe dipun sade dening golongan parentah, prêlu badhe kangge tumbas dêdamêl pêrang. Bab punika golongan kabangsan lajêng ngunyêri, jajahan wau badhe dipun sade dhatêng Inggris tuwin Prancis. Nanging golongan parentah inggih gêntos andakwa dhatêng golongan kabangsan, badhe nyade jajahan wau dhatêng Jêrman. Pundi ingkang lêrês dèrèng wontên katranganipun ingkang maton. Nanging manawi mirid sambung-rapêtipun, anggèning dakwa-dinakwan wau manawi mirid lêlampahan ingkang sampun-sampun, inggih sami mèmpêripun, awit ingkang sami pasulayan wau pancèn inggih sami rêrakêtan kalihan nagari ingkang sami kacariyosakên wau. Namung saupamia nyata utawi kalampahan dipun sade yêktos, kapitunanipun inggih sami sinanggi ing golongan kalih pisan, nama sami kecalan, tuwin ing ngriku lajêng katingal lêpating pasulayan punika. Paribasanipun kêbo ilang tombok kandhang, têgêsipun, sadaya sarwa kapitunan.

Saya malih sarêng wontên wartos bilih wadya kabangsan ing Maroko sami ambalela, ingkang lajêng tumular dhatêng Sêpanyol, kajêngipun badhe ngrêbahakên paprentahan kabangsan, ngantos anjalari kathah saradhadhu kabangsan ingkang sami kaukum pêjah. Ing ngriku Jendral Franco kêpêksa lajêng mêcah damêl nyirêp rêrêsah ing Maroko wau, dipun awaki piyambak. Ing ngriki lajêng katingal, bilih golongan ingkang sami ngawaki paprangan ngraosakên sampun kêsêl, sisip sêmbiripun lajêng ngawontênakên pangoso wontên ing golonganipun piyambak, ingkang lajêng damêl apêsing paprangan.

Kalamăngsa punika manawi sawêg badhe rame, inggih wontên-wontên kemawon jalaranipun, kawartosakên ing sapunika Jendral Franco pasulayan rêmbag kalihan panguwaos prajurit Itali tuwin Jêrman ing Sêpanyol. Kajêngipun Jendral Franco Itali tuwin Jêrman punika nguwalna tuntunan paprangan, ngêmungna nindakakên prakawis paprentahan kemawon.

Mênggah nyatanipun, pancèn sampun sawatawis wulan golongan Jêrman tuwin Itali sami nyêpêng apusing paprangan. Dene tumrap pamawasipun Jêrman, wontênipun gadhah tindak makatên, amargi

--- 489 ---

ulah paprangan punika manawi taksih dipun senapatèni Jendral Franco, botên badhe sagêd unggul.

Ingkang makatên punika tumraping Jendral Franco rumaos dipun têpak sangêt, mila saya kêncêng anggèning ngêkahi panguwaosipun, botên badhe nguja dhatêng tandangipun Jêrman tuwin Itali. Kasamaranipun Jendral Franco, mangke kêladuking lampah, tindakipun Jêrman tuwin Itali wau badhe tanpa dugi-dugi, botên ngeman dhatêng tiwasing wadya kabangsan ingkang manggèn ing laladaning golongan parentah, makatên ugi prêlu kangge anjagi mloroting kaluhuranipun Jendral Franco piyambak. Inggih sampun malih tumrapipun dhatêng golongan sanès, sawêk tumrap dhatêng golonganipun piyambak kemawon, Jendral Franco sampun gadhah sujana, botên niyat badhe ngêlongi panguwaosipun, sanadyan dhatêng golonganipun piyambak, amargi samar manawi panguwaosipun wau lajêng ical.

Ing sapunika tumrap Sêpanyol wiwit wontên osik ingkang tuwuh saking golongan piyambak badhe ngawontênakên padamèn, kanthi ngawontênakên pangayoman militèr ingkang jêjêg botên ilon-ilonên ngrika-ngriki. Ingkang badhe dipun têtêpakên dados pangajênging golongan wau Jendral Miaja. Mênggahing sêdya badhe ngudi murih Jendral Franco tuwin Caballero sagêda kèndêl saking padamêlanipun, para parampara tuwin wadyabala saking ngamănca supados dipun undurakên. Nanging bab sêdya makatên wau dèrèng wontên katrangan kasagahanipun Jendral Miaja.

[Iklan]

Manawi mirid kawontênan ingkang kados makatên punika wiwit katingal bilih sêsulaking paprangan sampun wiwit araos sangêt, awit sapunika katingal anggèning badhe mapras ingkang dados pangajênging pasulayan.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing dintên Ngahad sontên, tanggal 25 April 1937, wanci 1/2 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing Radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Sêrat Driyabrata. Ingkang mêdhar sabda Tuwan Suwignya.

--- 490 ---

Blilu Tau

Anggitane Wiryawiharja

Sambêtipun Taman Bocah ing Kajawèn nomêr 24/25

[Sinom]

durung rampung gone gagas | ana uwong amarani | mung klambèn akathok cêkak | kalung ikêt kudhung caping | gawanane camêthi | yèn wong kaya ngono iku | diarani panggêrak | yaiku bature blantik | sing anggêrak samăngsa olèh dagangan ||

calathune barêng cêdhak: | kakang dhatêng kula mriki | ajêng mêndhêt sapi dika | sing pun ajêng didhuwiti | Wanajaya mangsuli: | la ana ngêndi lurahmu | kok ora têka-têka | wangsulane têsih kèri | o hla nika êmpun ketok kledhang-kledhang ||

anggone clathu panggêrak | karo mangalor nudingi | Wanajaya wêruh uga | uwonge sing ditudingi | iya sing nganyang sapi | lakune sajak kêsusu | Wana atine lêga | sabab êndang nămpa dhuwit | calathune: Iya kono uculana ||

panggêrak enggal tumandang | kêsusu nguculi sapi | sapi nyêbrit tinututan | wis ora katon saiki | êlêt sadhela nuli | balantik têka kêsusu | takon marang Pak Wana: | hla pripun sapine pundi | napa êmpun dika sade têng wong liya ||

Pak Wana kagèt naratab | wangsulane karo mlirik: | dika rak êmpun kengkenan | têng panggêrak mêndhêt sapi | sêg mêngkêr mawon ênggih | blantik gèdhèg karo clathu: | kula botên rumasa | kengkenan amêndhêt sapi | awit kula dèrèng rumasa ambayar ||

Wana ora bisa ngucap | sauwat nganti mèh nangis | enggal lunga gêgancangan | prêlu karêp nglacak sapi | blantik calathu lirih | karo angguyu ngêcêmut: | măngsa gèk kêcandhaka | wong wis digawa andhêlik | wis anggone wong cidra ngungkurke dalan ||

9 Nglacak sapi

... uwong busuk ngena-ngene ora tau, mula bênêr dibasakna: busuk ora duwe ati.

Pangkur.

Kocapa mau Pak Wana | gêgancangan anggone nglacak sapi | lakune têrus ambacut | ora ngetung rêkasa | turut dalan takon-takon ora rikuh | wangsulane warna-warna | malah mung muwuhi sêdhih ||

sabên ana kledhang-kledhang | lan dikira wong iku nuntun sapi | ditututi diwuh-uwuh | barêng wis kêtututan | gêla bangêt sabab pangirane kliru | banjur takon apa-apa | dianggo tămba kêcêlik ||

sawise olèh wangsulan | nuli pamit têrus mlaku dhisiki | nganti sadina kêcêput | tanpa angrasa sayah | tanpa lèrèn ngêlak ngêlih ora ngrêmbug | lakune kêplantrang-plantrang | ora wêruh têkan ngêndi ||

pancèn mêmêlas têmênan | kêkelangan ora nampani dhuwit | yèn digagas ngono iku | ambok iya narima | diburua wong barang uwis kêtrucut | tiwas mung muwuhi sayah | tangèh lamun bisa bali ||

nanging wong maido gampang | sapa wonge ora bingung ing ati | yèn kataman ngono iku | saya tumrap Pak Wana | uwong busuk ngena-ngene ora tau | mula bênêr dibasakna | busuk ora duwe ati || Ana sambungane.

--- 491 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Padpindhêr

II

Garèng : Mêngko sik, Truk, aku tak takon. Miturut omongmu, ana ing padpindhêr kono bocah-bocah diginau ngudi nyang kautamaning ngaurip. Wèh, kiyi aku kok rada kluthik-kluthik pikiranaku. Gênah-gênahe ana ing kono apa banjur olèh wulangan apa kêpriye. Anggonku kăndha: pikiranaku pating kluthik mau, awit jaman saiki kiyi, kêna diarani: jaman blithuk taruna, luwih-luwih sing gêgayutan kaya kang kok kandhakake: ngudi kautamaning ngaurip kuwi mau, aja manèh sing bocah isih piyik-piyik, lagine bocah sing wis brêngosên sakojur, akèh bae sing kêblithuk. Ora mung kêblithuk pikirane bae, nanging iya kêblithuk dhuwite, malah ana sing kêblithuk... bojone.

[Grafik]

Petruk : Hara, ana kok banjur nyandhak sing ora-ora mêngkono. Iki ora kêna dipadha, Kang Garèng. Sing kokandhakake kuwi mau rak prakara wêjangan. Jaman saiki pancèn iya nyata, akèh wong sing ngaku dadi guru utawa dadi ki dhalang, banjur awèh wêjangan sing mokal-mokal, ambèbèrake jamane isih awang-uwung, kathik basane dirêngga-rêngga nganggo têmbung sing dakik-dakik, kaya ta: soroting: sur-ya, căndra, daru kartika, samya, wèh ana kok banjur kêbablasên nyang gêndhing: rajasuwala, kawuwuhan manèh ngaku bisa: ngrogoh kanthong, e, nas, apa tukang kutil, wong arêp kăndha: ngrogoh sukma, nganti kliru. Wuwuh-wuwuh nambani wong lara, dumadakan bisa mari. Jamane iki jaman rêkasa, Kang Garèng, yèn ing wusana wong sing kaya ngono kuwi mau, kanthi têmbunge kang mrêceka bisa angiming-iming nyang wong akèh mangkene upamane: sing sapa nyêcêp ngèlmuku (dadi muridku) tak tanggung: uripe mêsthi ora kêkurangan, ora bisa kêcandhak ing lêlara, sabab bisa nênambani, kathik ditrêsnani sing nganti kêlèt ing sapadhaning umat. Mara, Kang Garèng, yèn sabanjure nuli ana wong sing kêpilut marang têmbunge sing lêgi madu mau, nganti apa-pane prasaksat didarmakake kabèh, lo, kuwi ora kêna dipaido,

--- 492 ---

Kang Garèng. Sabab iki rak saka putêking pikire, nganti pambudidaya apa bae, yèn kira-kirane bisa ngenakake awake, iya banjur dilakoni bae, hla, wong iya lagi pêtêng pikirane, kathik banjur diiming-iming sing sêgêr-sêgêr, mêsthine iya mak bluwêng bae anggone katut, tanpa nganggo dipikir yèn pêmburine bisa uga dicukur gundhule.

Garèng : Mulane kuwi, Truk, ingatase wong tuwa bisa kêblithuk, aja manèh bocah, sing pancèn durung mêlar nalare. Kuwatirku: mêngko gèk banjur salah wèsêl panampane. Padhane bocah sing digladhi dadi wayang wong kae, karêpe wong tuwa rak bêcik bangêt, yaiku: supaya bocah dhêmên nyang kagunane dhewe, supaya tandang tanduke alus, supaya ngrêti tatakrama, supaya luwês, lan sapadhane, nanging rak akèh bae bocah sing salah wèsêl, banjur dadi: gêmagus, kêmêkèk, pêthenthengan, kêmlênyis ...

Petruk : Wiyah, kathik kêmlênyis, kaya bangsane... mènthèl. Lo, sanadyan sing dadi padpindhêr, akèh-akèhing bocah iya ana bae sing banjur: gêmagus, pêthenthengan lan kêmaki, nanging iki rak wis kêgawa saka dhasare pancèn bocah kêmaki. Nanging mungguhing padpindhêr, kuwi yèn ditaliti têmênan, apa sing digayuh ing kono pancèn iya bêcik bangêt. Yaiku manggulawênthah bocah supaya ing têmbe dadi uwong kang utama, luwih-luwih sing diudi bêciking wêwatêkane, sarta sarasing badane. Iki miturut pranatan sing wis diakoni ing saindênging jagad mungguh ing bêcike, yaiku sing diatur dening priyagung sing gawe padpindhêr mau, asmane prayagung kiyi: Robert Stephenson Smyth Lord Baden Powell of Gilwell.

Garèng : Wèh, wèh, jênêngan kathik sadhêpa mangkono, gênahe apa bangsane ratu, apa pangeran.

Petruk : Iki mula băngsa darah luhur. Miturut caritane mau-maune apangkat jendral pêrang, tur iya jendral pêrang sing pêngpêngan kae, nanging barêng nguningani sangsara apadene kasusahan sing jalaran saka pêrang mau, banjur kagungan ada-ada ngêdêgake padpindhêr, kang sêdyane sing prêlu dhewe: nyêdulurake wong sajagad kiyi, kanthi ora ambedak-bedakake: băngsa, agama, lan warnaning kulit, apa: putih, kuning, irêng, apa ijo pisan.

Garèng : Wiyah, iya ora mèmpêr, ana uwong kathik warnaning kulite ijo. Wèh, nèk mêngkono sêdyane pancèn iya luhur bangêt, ewasamono, Truk, kabare antarane padpindhêr bangsane dhewe iki ana sing sêrik atine karo Paduka Tuwan Baden Powell mau, sabab jarene idham-idhamane: ora ambedak-bedakake băngsa, arêp nyadulurake wong sajagad, nanging jêbulane, biyèn rawuh ing Batawi, padpindhêr băngsa apa bae padha sowan, barêng padpindhêr bangsane kowe inyong iki, arêp mèlu sowan, ora kêrsa nămpa. Mara, apa ora ambêdhêdhêg wêtênge.

Petruk : Iki kowe aja guru-guru nyalahake Paduka Tuwan Baden Powell mau.

--- 493 ---

kuwi rak tamu, kathik băngsa mănca, sapa wêruh anggone ora krêsa nămpa mau, rak bisa uga ana kalirune rêmbuge, lan bisa uga padpindhêre dhewe iki pranatane ora cocog karo pranatan sing wis dianggêp sah ing wong sajagad iki.

Garèng : Iya êmbuh, dhing, aku ora wêruh. Wong aku dhewe iya durung patia wawuh bangêt karo padpindhêr, dadi yèn ing jêrone kono ana sing pating krabang aku iya ora ngrêti.

Petruk : Yak, kaya gabagên, pating krabang, saiki takcaritani carane anggone ngudi apa sing dadi gêgayuhane mau, Kang Garèng, wis mêsthi pangudine mau sarana dalan kang absah, yaiku: a. Siji-sijining warga diwajibake ajak-ajak kancane anêtêpi kuwajibane ingatase agamane.

Garèng : Wèh, Truk, dadi nèk agamane mau Islam upamane, iya kudu nêtêpi sêmbahyange limang wêktu, dadi têmtune iya ora kêna nèk arêp main bon bae, lan mêsthine iya ora ana sing ngarani: wèyèh, kathik kaya bèbèk, esuk-esuk wis kêcipak-kêcipik ana ing kalèn.

Petruk : Nèk miturut wèting padpindhêr sing têmênan, nèk agamane pancèn Islam iya kudu nêtêpi kuwajibane sing têmênan. Dene yèn ana wong ngerang-erang wong banyu wulu ing wanci subuh kaya kandhamu mau, wajibe mung diarani: wong edan. Awit yèn wong waras mêsthine ora duwe unèn-unèn sing mêngkono kuwi. Wis saiki tak banjurne: b. Nênuntun supaya trêsna nyang nagarane dhewe, nênuntun marang tindak tata lan angajèni marang parentah kang absah.

Garèng : Bab trêsna nyang nagarane dhewe, kanggone bangsane dhewe iki, wis wiwit bayèn-biyèn, Truk. Wong aku gèk cilik kêrêp bae ngalami rêmbugane wong loro sing ngalêm nagarane dhewe-dhewe, mangkene upamane: wah, botên kados nagari kula Ngayoja, tiyangipun sae-sae lan rêsik-rêsik, tumrapipun tiyang Ngayoja botên prêlu sandhang sae utawi èdi, botên ngangge-angge inggih sampun brêgas-brêgas. Banjur sijine mangsuli, Truk: inggih, mila pancèn beda kalihan ing nagari kula Surakarta, tiyangipun mila awon-awon, nanging sami pintêr ngangge-angge. Tiyang rupinipun botên pakra, sarêng sampun macak, inggih, wah, sampun, sampun, punapa malih manawi tiyangipun ayu kados ing nagari samang Ngayoja, wèh, bokmanawi ngrisakakên tata sayêktos.

Petruk : Wayah, kuwi ora jênêng dhêmên nyang nagarane, nanging mung arêp umuk-umukan bae. Dene sing diarani trêsna nyang nagarane dhewe, kuwi kudu tansah anjagaa aja nganti nagarane olèh ala, dadi iya tansah dijaga aja nganti adat kalakuane ala, sing bisa ngrêgêdi jênênge nagarane, dadi cara padon kaya sing kok kandhakake mau, kuwi rak mung nuwuhake sêsêngitan lan pasulayan karo bangsane dhewe bae, iki ora jênêng trêsna nyang nagarane dhewe, nanging mung malah agawe onar thok bae.

--- 494 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Dr. Sutomo dipun paargya. Ing gêdhong Nasional ing Surabaya mêntas ngawontênakên paargyan angurmati Dr. Sutomo anggèning mêntas wangsul saking lêlana. Ing papan paargyan ngriku sakalangkung rame saha rinêngga-rêngga sae. Ingkang sami rawuh kathah. Wêdhar sabda minangka pamage[2] arja katindakakên dening Mr. Suwono, kanthi sêsorah sawatawis. Dr. Sutomo magsuli sapêrlunipun. Ing dalu wau pinanggih sami gambira.

Tiyang Madura dhatêng Borneo. Gêgayutan kalihan wontêning yasan margi ing Tanah Grogot mêdal Balikpapan ingkang panjangipun 500 km. pêrlu badhe ngangge kuli bangsa Madura. Ingkang kangge waragad yasa margi punika badhe mêndhêt saking arta karèt. Pamêndhêting kuli badhe kaangkah sakulawarga.

Darmawisata. Sampun sawatawis dintên, atas namaning pakêmpalan D.A.J.I.T.A. ing Magêlang, wontên priyantun kirang langkung 300, sami darmawisata dhatêng kraton Ngayogya, Sanabudaya, pasarean Kutagêdhe lan Imagiri, mawi numpak bus 11 iji (7 bus para kakung lan 4 bus para putri). Dene wontênipun ingkang darmawisata, sadaya sami manggih kacuwan. Awit nalika sabibaripun saking kraton lan Sanabudaya, wanci jam 11 siyang wiwit jawah ngantos jam 5 sontên. Mila sadumuginipun ing pasarean Kotagêdhe lan Imagiri, punika kajawi kacuwan saking anggènipun klêbus kajawahan, ugi botên kalilan anggènipun badhe sumêrêp pasarean kalih wau. Dados anggènipun sami darmawisata prasaksat tanpa angsal damêl. Mila ngaturi pèngêt, bilih wontên priyantun badhe priksa pasarean kalih wau, mugi kaangkaha sagêd sowan wontên ing dintên utawi malêm Jumuah, jam 8 enjing lan jam 5 sontên.

Kajawi punika, wontên wartos, bilih pakêmpalan R.T.O. (Rukun Tri Utama) saking golongan priyantun "Waterstaat" ing Magêlang, ugi badhe darmawisata dhatêng rêdi Dièng. Mugi-mugi kasêmbadana kajatipun R.T.O. wau K. 1909.

Bab rajapêjah ing Grêsik kala rumiyin. Pangadilan Landraad ing Grêsik mêntas mriksa rajapêjah ing wulan Augustus 1936, inggih punika tiwasipun Tuwan Van der Pauwert tuwin Jordan. Pasakitanipun tiyang 20. Kaji Dulhalim, ingkang gadhah anak dipun sanjata dening Tuwan Jordan, saha rumiyin ngakên ingkang mênthung Tuwan Van der Pouwert, sapunika selak. Nyariyosakên bilih kala samantên namung nyumêrêpi grubyuging tiyang kemawon.

Mariksa Krakatau. Kapal Valk mêntas dhatêng Krakatau ambêkta Dr. Ch. Stehn, pêrlu nitipriksa kawontênanipun. Dhatêngipun ingriku punika ugi sarêngan ahli babagan rêdi latu Prof. H. Williams saking Californie, ngkang[3] nuju nyatitèkakên kawontênaipun rêdi latu. Salajêngipun Prof. Williams bidhal dhatêng Jêpan badhe nitipriksa kawotênaning rêdi latu ing Jêpan.

Barang ingkang ambêbayani kakintunakên mêdal post. Sampun sawatawis dintên wontên kintunan postpakket saking Gombong dhatêng Ngayogya. Sadumuginipun Ngayogya, kanthong post ingkang kangge wadhah barang wau katingal risak. Sarêng kabikak sêrat-sêrat ingkang wontên salêbêting kanthong sami gosong. Ingriku kasumêrêpan jalaran saking barang ingkang kakintunakên postpakket wau wutah, awarni koningswater. Wontên arta-arta kêrtas ingkang sami risak, rahayu nomêripun taksih kenging dipun waos, dados taksih sagêd kalintokakên.

Umuk-umukanipun tiyang ing nagari karèt. Jalaran saking majênging padagangan karèt tiyang siti, têtiyang ingkang sami gadhah kêbon karèt sami umuk-umukan, ingkang rumiyin mawi nêdha ngangge ajang godhong, sapunika ngangge ajang arta kêrtas f 10.~. Wontên tiyang numpak pit ngangge bandera arta kêrtas dipun gandhèng-gandhèng. Wontên malih jajan nêdha wisuh bir.

Prakawis batu api pêtêng. Sampun sawatawis dintên kawartosakên , pulisi ing Têgal nyêpêng baita wangkang[4] nama Jong Kit An, kanggenan batu api pêtêng. Ing sapunika sampun kapriksa ing pangadilan, tiyang ingkang dados dakwa kadhêndha f 5000.- utawi kakunjara 5 wulan. Dakwa dipun êmbani dening Mr. Visser, nêdha revisie. Ing sapunika batu api ingkang dados bukti kakintunakên dhatêng Sêmarang, gêgayutan kalihan prakawis sanès.

Dhukun alit pintêr ngapusi. Ing Ngayogya wontên lare ngumur 5 taun ngakên nama R.M. Cipta Sêjati Kusuma, luguning namanipun Tukimin, asli saking dhusun Paya, ondêr distrik Piyungan. Wontênipun ing Ngayogya ngakên putranipun Bêndara Bêkêl Prawiropurbo suwargi. Lare wau dipun suyuti ing lare kathah, ngakên sagêd dados dhukun tuwin gadhah kalangkungan warni-warni. Naging dangu-dangu lare wau dipun cêpêng ing pulisi jalaran ngapusi baranging tiyang warni kalung. Sapunika kathah tiyang ingkang ngraos kenging apus.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana dumugi Bali. Têdhak dalêm K.T. Ingkang Wicaksana sampun dumugi ing Bali, tinampi mawi pakurmatan ingkang damêl karênan. Salêbêtipun wontên ing Bali rawuh dhatêng panggenan-panggenan ingkang nêngsêmakên, tuwan tansah pinaargya ing têtingalan warni-warni. K.T. Ingkang Wicaksana sagarwa putra nalika mriksani kawontênan tuwin sawangan ingkang anggawokakên, sakalangkung suka ing panggalih.

Papriksan kèrêmipun kapal Van der Wijck. Badhe pamriksa prakawis kèrêmipun kapal Van der Wijck punika badhe panjang papriksanipun, amargi badhe kathah sangêt têtiyang ingkang dipun priksa. Sakawit badhe mriksa tiyang ingkang sami gêgayutan, inggih punika punggawaning kapal K.P.M. ingkang tumut wontên ing kapal ngriku, salajêngipun mriksa têtiyang ingkang sami numpak ingkang sapunika taksih sami kenging dipun dhatêngakên. Sasampunipun punika lajêng ngundang dhatêng para ahli layaran. Wiwit adêging raad layaran ing taun 1928, prakawis kapal Van der Wijck punika kapetang ingkang agêng piyambak.

Paguyuban darah Tus-Pajang. Ing Surakarta mêntas wontên parêpataning paguyuban darah Tus-Pajang. Inggih punika darahipun R. Ng. Yosodipuro I. (R. Ng. Yosodipuro I. punika Tus-Pajang) pujangga dalêm Ingkang Sinuhun kaping III-IV-V, ing Surakarta. Suwargi R. Ng. Yosodipuro I punika kathah karanganipun sêrat-sêrat ingkang misuwur, cariyos-cariyos ingkang ngêmu wulang saha nêngsêmakên, kados ta Sêrat Rama, Sêrat Menak tuwin sanès-sanèsipun. Kathah ingkang sampun kawêdalakên ing Bale Pustaka tuwin pangêcapan sanès-sanèsipun. Mênggah ingkang sami ngawontênakên paguyuban wau sami darahipun ingkang suwargi. Rêmbaging parêpatan, I badhe nyupakêtakên pasadherekan, II angajèkakên tuwin andandosi panggêsangan. III adamêl sêrat sajarahing kulawarga. IV rumêksa kaluhuranipun ingkang suwargi. Sintên ingkang ambêtahakên babagan ingkang gêgayutan kalihan darah Tus-Pajang, sêsambêtana rêmbag kalihan R. Atmohudyana ing kampung Wirengan Surakarta.

--- 495 ---

Kawontênanipun rajakaya ing tanah Priyangan. Ing salêbêtipun wulan Maart kêpêngkêr ing Bandung pinanggih wontên rajakaya sakit mond tuwin klauwzeer, cacah 35, asli saking Jawi Têngah. Kintên-kintên rajakaya wau asli saking Purworêja. Rajakaya (lêmbu) ingkang sakit tuwin ingkang kintên sakit sami dipun priksa dening doktêr kewan, wontên ingkang kapragad utawi namung kapisah kemawon. Ing papan pamragatan inggih sampun kêlêbêtan kewan sakit. Salajêngipun katindakakên papriksan kêncêng.

[Grafik]

Sêsêbutan Doktor tumrap R. Suharto. Kala tanggal 14 wulan punika ing pamulangan luhur doktêr ing Bêtawi wontên promotie tumrap R. Suharto, arts. Angsal sêsêbutan doktor. Ingkang dados pangarsa Prof. A. Grenstuk, ingkang dados promotor Prof. Bonne tuwin prof. sanès-sanèsipun. Proefschrift ingkang kaajêngakên "Over zweren in maag en duodenum" tumrap tiyang siti tuwin bangsa Tionghoa ing tanah ngriki.

Inginggil punika (gambar ing têngah) R. Suharto sêkalihan.

Pamulangan enggal. Ing Bandung wontên pamulangan enggal nama "Instituut tot opleiding voor kantoorwerkzaamheden", manggèn ing Riouwstraat. Pamulangan wau nampèni lare saking pamulangan andhap dipun wulang babagan padamêlan kassier, archief, expeditie, ngêtik, mêsin etang, kasregister tuwin sanès-sanèsipun, sadaya wau pêrlu kangge nyambut damêl ing kantoran. Ugi nyadhiyani kangge lare-lare saking Mulo.

Andandosi candhi-candhi. Kados ingkang sampun nate kawartosakên, ing bab andandosi candhi Prambanan angsal wragad saking peranganing arta salangkung yuta saking nagari Walandi, kathahipun f 75.000.-. Sasampunipun punika lajêng badhe andhudhuki candhi Pananggungan tuwin patilasan kina sanès-sanèsipun, kados ta candhi Sumberawan, Watugêdhe, Sanggariti tuwin Jawi. Kajawi arta samantên wau ugi taksih angsal panduman malih f 25.000.- kangge nitipriksa kawontênaning siti ing salêbêtipun tigang dintên.

Pitulungan jampi saking pakaryan kasarasan. Dèrèng dangu ing tanah Têgal tuwuh sêsakit malaria, kaprênah sakilèn kitha ing dhusun Têgalsari tuwin Todan. Sarêng ingriku kasumêrêpan tuwuh sêsakit malaria, ingkang wajib lajêng ambage tablèt kina dhatêng têtiyang padhusunan, punapadene mriksa dhatêng griyanipun têtiyang ingkang sami sakit, pamardinipun botên sanès namung kêdah rêsikan, dene tumrap ingkang sampun sangêt sami dipun suntik. Sarêng sampun tumindak sawatawis dangunipun, pinanggih suda.

Gambaripun R. A. Katini. Ingkang sampun pinanggih, gambaripun R.A. Kartini punika kados ingkang sampun sumêbar punika. Nanging nalika Dr. R. Soetomo wontên ing Den Haag sagêd angsal gambaripun R.A. Kartini ingkang beda sangêt kawontênanipun, inggih punika mangagêm kados sacaraning putri Jawi sajati. Gambar wau ingkang kagungan Nyonyah Deventer, dipun suwun ngampil dening Dr. Soetomo badhe dipun umumakên, Nyonyah Deventer marêngakên. Sapunika gambar wau sampun kadamêl.

Para neneman kangge punggawa kapal dagang. Miturut wartos, ing wêkdal punika wontên panêdha tumrap para neneman wêdalan K.W.S. tuwin pamulangan bangsanipun punika kangge padamêlan ing kapal dagang, kalêbêt K.P.M. Tumrap ingkang katampèn badhe kakintunakên dhatêng Rotterdam kangge sinau laminipun 5 wulan utawi 7 wulan, kanthi angsal bayaran f 50.- sawulan. Ing benjing badhe dipun papanakên ing kapal dagang tumrap lampah dhatêng Amerika utawi Aprika, blanja wiwit f 90,- dumugi f 900,- sawulan. Ingkang katêdha wau, ingkang rumiyin bangsa Eropa, lajêng bangsa Tionghoa tuwin tiyang siti.

Prakawis suntik ing Bandung. Sampun dangu kawartosakên ing bab tindak nyuntik ing Bandung ingkang damêl tiwasing tiyang. Ing sapunika sampun rampung papriksanipun, dakwa Thiele kadhawahan paukuman 1 taun, dipun icali wêwênangipun nindakakên padamêlan apotheker salêbêtipun 2 taun. Dene Dr. Rizzi kaukum kalih wulan kanthi prajanjian cobèn-cobèn salêbêtipun kalih taun ing jawi.

ASIA

Bêbaya pacêklik kêsaru ing bêbaya sanès. Miturut wartos, bêbaya kêluwèn ing Honan manawi botên tumuntên angsal pitulungan, wontên tiyang tigang yuta sami badhe pêjah kalirên. Ing laladan ngriku punika sampun 10 wulan botên wontên jawah, pêpetangipun sabên 100 griya ingkang gadhah têtêdhan namung sagriya. Miturut wartos saking Chengchao, ing papan ingkang katrajang bêbaya kêluwèn kêtimbrung kêtêmpuh ing prahara ambêkta pasir. Prahara ingkang kados makatên punika salêbêtipun 20 taun sawêg pinanggih sapunika. Tilpun sami risak, motor mabur Eropa dhatêng Asia botên sagêd mandhap ing Chengchaow, lampahing sêpur sami rêndhêt. Tanêman gandum ingkang taksih nèm sami risak. Ing kitha Kaifeng ngantos pêtêng dening kombuling pasir ingkang kabêkta angin.

Nyamarakên sêsakit pest. Parentah Tiongkok nyamarakên tumularing sêsakit pest ing Anwei dhatêng Homan kidul. Ing uruting lèpèn Yangtse tuwin lèpèn Huai kasamarakên sangêt manawi katularan. Griya sakit Amerika ing Huai-Yuan sampun mitulungi tiyang sakit pest wudun 2500, ingkang tiwas 140 sanèsipun saras, sampun mêdal saking griya sakit.

EROPA

Minggah rêdi Himalaya. Miturut wartos saking Berliyn, expeditie bangsa Jêrman ingkang badhe nginggahi rêdi Himalaya badhe dipun ayati dening De Karl Wie saking Munchen, ingkang sampun misuwur nginggahi rêdi-rêdi. Kala tanggal 11 wulan punika sampun bidhal saking Genua dhatêng Bombay. Ingkang tumut lampah punika wontên tiyang 7 ingkang sampun kulina minggah rêdi Alpen, ingkang kalih bangsa pasinaon inggil. Golongan punika badhe minggah saking Nanga Porbat, inggiling pucakipun 8125 m. ingkang sampun dipun inggahi dening golonganipun Wilby Merkel kala ing taun 1934, sami manggih sabab.

--- 496 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun Baronesse Orczy

52

Dene ingkang sawêg dhatêng punika botên sanès kajawi: Dhèsgas saprajuritipun. Kalih utawi tigang mênit malih, têtiyang wau tamtu sampun sagêd dumugi ing ngriku, lan sakêdhap malih kemawon Sêr Blakêne tamtu dados tiyang tawanan. Sakala punika tuwuh malih panggalihipun sang putri nêdya ngaturi priksa dhatêng ingkang raka, nanging kuwatos bilih namung badhe nyêngkakakên dhatênging bêbaya wau. Ing wêkdal punika Sêr Blakêne jumênêng ing sacêlaking meja, ingkang mêntas kangge dhahar wau. Jumênêngipun wau mêngkêrakên Sopêlin kalayan calumak-calumik ngandikakakên warni-warni ingkang tanpa têgês, kadosdene caraning tiyang ingkang kirang èngêtanipun. Nanging saking kanthong jasipun Sêr Blakêne lajêng mêndhêt wadhah sênggruk ingkang nuntên kaisèn mrica ngantos kêbak. Salajêngipun nuntên murugi Sopêlin, sarana gumujêng lajêng angandika makatên: Tuwan, panjênêngan ngandika punapa.

Jalaran saking anggènipun tansah amirêngakên kanthi yêktos suwaraning têtiyang ingkang dhatêng wau, ngantos botên sumêrêp punapa ingkang dipun tindakakên dening mêngsahipun wau. Salajêngipun sarêng Sêr Blakêne andangu kados ingkang kacariyosakên ing nginggil wau, wangsulanipun Sopêlin makatên: Kula botên matur punapa-punapa. Malah kados panjênêngan ingkang mêntas dhawuh punapa-punapa.

Sêr Blakêne: Inggih, inggih, kula wau namung cariyos, yèn sapisan punika anggèn kula tumbas sênggruk botên kalêrêsan. Cobi tuwan kula aturi nyobi.

Salêbêtipun ngandika makatên punika, Sêr Blakêne kalihan nyêlaki Sopêlin. Dene Sopêlin piyambak, ingkang manahipun namung katujokakên dhatêng Dhèsgas tuwin para prajuritipun, ing kala punika botên gadhah gagasan babar pisan manawi badhe kaapusan dening Sêr Blakêne. Amila sarêng dipun tawèni sênggruk wau, dumadakan inggih lajêng nyênggruk.

Ngêmungakên tiyangipun piyambak ingkang sagêd anggambarakên raosing tiyang ingkang nyênggruk kaladuk punika. Makatên ugi mênggahing Sopêlin, sarêng nyênggruk, sakala punika raosing sirahipun kadosdene pêcah-pêcaha, saha lajêng wahing-wahing tanpa kèndêl, raosipun kadosdene badhe wuta, lan botên sagêd mirêng tuwin botên sagêd wicantên. Salêbêtipun Sopêlin sawêg makatên wau, kanthi sasêkecanipun Sêr Blakêne tindak saking ngriku.

XXV. Tiyang Yahudi.

Lèdhi Blakêne ngantos sêmlêngêrên anggèning ngraosakên lêlampahan kados ingkang mêntas kacariyosakên ing nginggil wau. Ingatasipun Dhèsgas saprajuritipun sampun cêlak sangêt, inggih punika kirang langkung namung tigang atus pêcak saking lusmèn ngriku, têka sagêd kalampahan ingkang makatên punika.

Sarêng sang putri sampun èngêt malih saking anggènipun sêmlêngêrên wau, rumaos bingah panggalihipun, sarta ing batos sakalangkung gumun, dene samantên kadibyanipun ingkang raka wau.

Anggènipun nindakakên sandi upaya, ngantos Sopêlin tanpa daya malih, sayêktos julig sangêt. Saupami Sopêlin kalampahan dipun pisakit, bokmanawi dayanipun ingkang dhumawah dhatêng Sopêlin wau, botên patos rêkaos kados ing samangke punika. Sabab ing kala punika sêmunipun Sopêlin kadosdene lajêng botên sagêd mirêng, sumêrêp tuwin botên sagêd wicantên.

Mênggah gagasanipun sang putri, Sêr Blakêne nilar lusmèn ngriku, têmtunipun badhe amanggihi para golongan miruda ing gubugipun blangkar. Inggih lêrês, bilih ing samangke Sopêlin prasaksat tanpa daya babar pisan, ngantos Saribang sagêd oncat saking ngriku, nanging sadaya margi, makatên ugi margi-margi ing uruting gisik, sami kajagi kêncêng dening para prajurit, ingkang ngulat-ulatakên sangêt dhatêng sintêna kemawon ingkang langkung ing ngriku. Ing măngka tamtunipun Sêr Blakêne botên uninga dhatêng parentahipun Sopêlin prakawis pambudidayanipun anggèning nêdya nyêpêng sariranipun wau.

Dumadakan ing kala punika kamirêngan suwaraning para prajurit ingkang sawêg sami kèndêl ing sajawining lusmèn.

Ing kala punika sêmunipun Sopêlin sampun ragi saras, wahing-wahingipun sampun suda, lan sanadyan kanthi rêkaos piyambakipun sampun sagêd mênyat malih. Kanthi gloyoran Sopêlin lajêng murugi kori, lan botên watawis dangu kori lajêng sagêd kabikak.

Sarêng Dhèsgas lumêbêt ing ngriku, dèrèng ngantos sagêd kawêdal aturipun, kalayan wahing-wahing Sopêlin sampun apitakèn: Enggal - êndi wong dhuwur mau. Salah siji apa ana sing wêruh.

Sajak gumun Dhèsgas apitakèn: Wontên pundi, tuwan.

Sopêlin: Ana ing kene, goblog, mêtu lawang kuwi - durung nganti limang mênit saprene.

Dhèsgas: Kula sadaya botên sumêrêp punapa-punapa, tuwan, tiyang rêmbulanipun inggih dèrèng mêdal. Badhe kasambêtan.

--- 57 ---

Nomêr 15, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Nagara Mawa Tata, Desa Mawa Cara

Ing satunggal-satunggaling nagari, punika tumraping jêjodhoan, inggih punika andhaupakên pangantèn, sami anggadhahi cara piyambak-piyambak. Mênggahing wigatosipun manawi dipun padosi kajêngipun, ingkang kathah lèrèg dhatêng pamuji wilujêng tumrap pangantèn jalêr èstri.

[Grafik]

Ingkang pinanggih ing tanah Simêlungun, Sumatra, wontên caraning para agêng ingkang dipun tindakakên ing kala pangantèn dhaup, tumraping pangantèn èstri sakalangkung dipun wigatosakên.

Dèrèng dangu ing Simêlungun wontên băngsa agêng krama, ing ngriku mawi cara, pangantènipun èstri mawi dipun sirami dhatêng lèpèn. Nalika pangantèn èstri badhe dhaup, kaarak dhatêng lèpèn mawi pahargyan agêng, ing ngriku mawi ubarampe ingkang dipun tindakakên dening dhukun, kangge pirantosing siram awarni jêram purut gangsal iji mêndhêt saking woh ingkang manggèn ing keblat sakawan, tuwin ingkang wontên pancêr (têngah). Godhong pitung warni sami pitung lêmbar. Sêkar kawan gêbung, sêdhah, wos jêne, lisah (candu) ing kajêng jêram ingkang kabêsmi, tuwin sanès-sanèsipun.

Sadaya wau lajêng dipun lêbêtakên ing tuwung, dipun rêmêt kadèkèkan toya. Ing sadèrènging katindakakên prêlunipun dhukun mawi ngucap nyuwun barkahing para dewa supados pangantèn èstri sagêda gadhah anak kathah, wilujêng. Sasampunipun punika [puni...]

--- 58 ---

[...ka] pangantèn èstri majêng, lajêng ngombe toya wau sawatawis cêgukan (kacêtha ing gambar) salajêngipun mêndhêt toya dipun usap-usapakên ing bathuk, sampun rampung.

Manawi angèngêti tatacara ingkang kados makatên punika, têtela bilih wanita punika taksih pinuji murih widada dados biyung ingkang utami, awit sadaya patrap wau katingal dados pasêmon ingkang lèrèg sae.

Bab para Putri ingkang Ngasta Damêl ing Sajawining Dalêm

Sambêtipun Jagading Wanita ing Kajawèn nomêr 30

Anggènipun sagêd angsal padamêlan lan bênuman inggih kanthi gampil, awit nagari taksih ambêtahakên punggawa èstri kathah. Sasampunipun taun 1930, bênuman saya dangu saya suda, papan padamêlan saya dangu saya susud, awit saking suda pakaryan lan karingkês sadaya padamêlan nagari.

Ingkang kadumuk rumiyin sagêdipun mêdal saking padamêlan, para putri ingkang kagungan garwa, tur garwanipun taksih ngasta damêl. Kalanganipun para putri ingkang ngasta damêl dados alit, racakipun ingkang kantun kêparêng nyambut damêl namung ingkang dèrèng krama.

Mênggah bab priyantun putri ingkang sampun krama, punapa saenipun utawi awonipun manawi taksih cêpêng damêl.

Manawi kula manah-manah, pinanggihipun langkung prayogi priyantun putri ingkang sampun krama sampun ngantos nyambi nyambut damêl malih, racakipun nyambut damêl punika wiwit jam 7 enjing ngantos jam 1 utawi jam 2 siyang. Priyantun putri ingkang sampun krama lan ingkang nyambut damêl sajawining balegriya, lajêng kêdangon anggènipun nilar papan kêrajanipun. Lêrês asring sok wontên sadhèrèk èstri ingkang anggajuli ing dalêm, nanging sabotên-botênipun inggih beda, manawi urusan balegriya dipun cêpêng piyambak katimbang dipun pasrahakên ing tiyang sanès. Saya awrat malih manawi anggènipun nyambut damêl punika mawi nilar putra ingkang taksih alit.

Sayahipun sarira, rêribêding griya, anggènipun putra alit satêngah dintên katilar ing ibu, punika botên timbang kalihan arta ingkang kabujêng ing papan padamêlan sajawining griya.

Mila tatanan nagari sapunika kula wastani kasinggihan, dene botên marêngakên malih manawi wontên priyantun putri ingkang sampun krama lajêng cêpêng damêl, măngka ingkang kakung inggih taksih cêpêng damêl. Sanès malih manawi ingkang kakung nuju kêdhawahan apês kêtaman ing pangangguran. Ing ngriku ingkang putri gêntos dados pangagênging bêbrayan, inggih punika ingkang pados padamêlan.

Samantên wau sadaya kula kasumanggakakên dhatêng para maos. Mugi wontêna sadhèrèk ingkang nyambêti atur kula, kangge lêlumban ing jagading wanita.

Rukmini.

--- 59 ---

Anjodhokakên Anak Èstri

Sambêtipun Jagading Wanita ing Kajawèn nomêr 30

Manawi wontên tiyang sêpuh anggèning anjodhokakên anak èstri botên ngangge wêwaton tigang prakawis: bibit, bèbèt saha bobot wau, măngka anggèning jêjodhoan lare ngantos bibar, tansah pasulayan, punika cêtha lêpating tiyang sêpuhipun, dening nilar utawi nrajang paugêran ingkang sampun gênah saenipun punika wau.

[Grafik]

Nyi Darmaprawira

Manawi pamilihing tiyang sêpuhipun sampun lêrês, măngka ing akhiripun anggènipun abêbrayan pinanggih awon, punika ingkang kadunungan lêpat inggih anakipun, dening botên mangrêtos dhatêng tataning tiyang salakirabi, ngantos kadayan awon saking jawi. Anak ingkang makatên wau nama lare murang sarak, adamêl kasusahaning tiyang sêpuhipun, inggih kasusahan saha kawiranganipun piyambak.

Tumrapipun lare jalêr, wontên ingkang milih piyambak, wontên ingkang kapilihakên dening tiyang sêpuhipun. Sanadyan kawênangakên milih jodho piyambak, inggih mêksa dipun kuwatosi dening tiyang sêpuhipun, têgêsipun: tiyang sêpuh kêdah nimbang awêwaton tigang prakawis ing nginggil, manawi tiyang sêpuh botên anyondhongi, pun anak botên wênang nilar tiyang sêpuhipun. Dene manawi tiyang sêpuh ingkang milih, lare kaajak dhatêng griyaning lare èstri ingkang dados panujuning manah, wontên ing ngriku lare jalêr èstri sagêd pêpanggihan sanadyana namung saklebatan, punika dipun wastani: nontoni. Ing salajêngipun, dados utawi botênipun gumantung dhatêng lare jalêr, tiyang sêpuhipun botên wênang utawi botên sagêd mêksa.

Lare jalêr ingkang badhe milih jodho piyambak, wontên piwulang kina ingkang kadhapur paribasan: sadurunge rabi matamu lèkna sing ămba, yèn wis rabi ciyutna êlèke. Mênggah kajêngipun paribasan punika: tiyang badhe rabi punika kêdah mulat, sampun ngantos milih tanpa panitipriksa, supados lêrês pamilihipun. Dene manawi sampun kalampahan, sampun ngantos mraduli dhatêng swara jawi ingkang nênuntun dhatêng êcrahing jêjodhoan.

Kala samantên, lare èstri ingkang lumêbêt sakolah taksih awis. Lare èstri ingkang sampun diwasa kinêkêr sangêt, botên kenging mêdal dhatêng sanès panggenan manawi botên prêlu sangêt, patrap ingkang kados makatên wau kawastanan dipun pingit. Badhe kasambêtan.

Nyi Darmaprawira, Kêpanjèn Malang.

--- 60 ---

Rêsikan

Urun bumbu dhabêng[5] sumbanganipun sadhèrèk S.M. bab rêrêsik bale griya kados ingkang kawrat ing Kajawèn ăngka 22, wosipun sadhèrèk S.M. mrayogèkakên sangêt, bale griya punika botên ketang tigang wulan sapisan kêdah dipun rêsiki. Patrapipun rêrêsik wau botên namung sarana dipun sulaki tuwin dipun saponi kados adat sabên manawi rêrêsik bale griya ing sabên dintên, nanging mawi ngêdalakên bên praboting griya ingkang sakintên pancèn gampil kawêdalakên. Sarampungipun lajêng rêrêsik ing pawon saha plataraning kakus, wêwah prayogi malih, kulah utawi jêdhing ingkang kangge siram, punika ugi prêlu kêdah asring kakuras, sarta dipun rêsiki tandhoning rêrêgêd tuwin lumut-lumutipun. Rêrêsik bale griya sabên wulan utawi kalih wulan sapisan, punika tamtunipun ngrêkaos sawatawis, nanging inggih kathah pigunanipun, sanajan griya awon sawatawis, payon gêndhèng pagêr gêdhèg upaminipun, nanging tabêri rêrêsik, sawanganipun angrêsêpakên, dhatêng sêsakit inggih têbih. Wontên sêkar Asmaradana gangsal pada, pantês kangge wêwahing bumbu bab rêrêsik punika.

1. samubarang kudu rêsik | dêdalaning kuwarasan | lan kabêgjaning uripe | sing sapa ora rêsikan | gampang kambah lêlara | de kang kudu rêsik iku | satêmêne rong prakara ||

2. sapisan barang kang lair | iki ana têlung rupa | sapisan rêsik sandhange | loro rêsiking panggonan | têlu rêsiking badan | iku kabèh anênuntun | marang bagas kawarasan ||

3. ping pindho rêking batin |[6] ngêdohi tindak maksiyat | iki akèh pêprincène | sapisan aja culika | melik darbèking liyan | loro aja dhêmên wadul | andêdêr[7] mring pasulayan ||

4. têlu aja dhêmên jail | mitênah marang sasama | ping pat aja dhêmên goroh | ping lima aja sumungah | mamèrke kaluwihan | lumuh asor kudu unggul | iku kabèh singkirana ||

5. yèn iku kabèh sinirik | adoh marang kasangsaran | wis masthi bêgja ing têmbe | ing sajroning kitab Kuran | kaya wus linarangan | sapa nrajang bakal kokum | besuk ana akir jaman ||

Wosipun ngagêsang punika sasagêd-sagêd, prêlu sami ngudi dhatêng sucining lair tuwin batos, awit sayêktosipun tiyang punika, manawi tata lairipun brêgas canthas lan samubarangipun sarwa rêsik gumrining, botên nate tindak dudu, sarta batinipun suci, liripun, pagêdhonganing manah kothong, botên isi ngujub riya takabur, tumbak cucukan (adu-adu) dahwèn panastèn, miyak wêwadosing liyan, pangunêg-unêg awon, drêngki srèi sasaminipun bangsaning jail muthakil, punika nama tiyang suci mulus, ing saênggèn-ênggènipun, tamtu amung badhe rahayu wilujêng ingkang pinanggih.

Ngasura Anêm.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

SRITANJUNG

GANCARAN AKSARA LATIN.

Radèn Sidapêksa suwita dhatêng Raja Adikrama ing Sinduraja, kanggêp pangawulanipun, lajêng dipun junjung dados patih. Abdi sanèsipun sami mèri dhatêng kabêkjanipun Radèn Sidapêksa, sami wadul dhatêng sang prabu. Sang prabu ndhahar atur ngamandaka. Radèn Sidapêksa dipun tundhung alus. Sang prabu api-api gêrah, Radèn Sidapêksa kadhawuhan pados jampi, lajêng bidhal. Lampahipun dumugi ing pratapan Pêrangalas, kapanggih sang pandhita Têmbangpetra. Sang tapa ngandika bilih karsanipun sang prabu nyalawados. Radèn Sidapêksa matur badhe andhèrèk martapa, sang pandhita botên marêngakên, awit sang radèn taksih panjang lêlampahanipun, malah lajêng kapundhut mantu, kadhaupakên kalihan wayahipun ingkang nama Dèwi Sritanjung sarta lajêng dipun dhawuhi wangsul dhatêng nagari.

Dumugi nagari Dèwi Sritanjung dados gumunaning akathah saking ayunipun. Prabu Adikrama kèlu dhatêng pawartos. Radèn Sidapêksa dipun timbali, dipun utus dhatêng kaendran mundhi sêrat.

Sapêngkêripun Radèn Sidapêksa, sang prabu rawuh dhatêng kapatihan kapanggih Dèwi Sritanjung. Dèwi Sritanjung badhe dipun garwa botên purun, malah lajêng ngesahi. Sang prabu duka sêmu lingsêm ing panggalih, amargi katampik ing wanita. Lajêng kondur ing kadhaton kanthi cuwaning panggalih.

Sawangsulipun saking kaendran Radèn Sidapêksa têrus sowan sang prabu ngaturakên lêlampahanipun dipun utus. Ing lair sang prabu katingal suka ing panggalihipun. Lajêng ngandika ingkang botên-botên. Dhandhang diunèkake kuntul, kuntul diunèkake dhandhang. Dèwi Sritanjung dipun cariyosakên lambang sari kalihan tiyang sanès.

Radèn Sidapêksa, bawanipun taksih mudha, mirêng pangandikanipun sang prabu wau panon sumrêpêt kados katapuk, lajêng pamit mantuk kanthi ngêmu duka.

Sadumuginipun ing dalêm dipun papagakên ingkang garwa, botên ananggapi. Dèwi Sritanjung lajêng ngandharakên tindakipun sang prabu. Radèn Sidapêksa botên pitados, kagalih aturipun ingkang garwa wau botên nyata. Sang dèwi lajêng badhe dipun antukakên dhatêng Pêrangalas.

Sarêng tindakipun Radèn Sidapêksa sagarwa dumugi ing wana, dukanipun dhatêng ingkang garwa botên kenging kaampah malih. Sang dèwi lajêng dipun pêjahi. Nalika badhe dipun suduk, Dèwi Sritanjung matur: manawi rahipun anggănda awon nyata saliranipun pancèn lêpat. Nanging kosokwangsulipun manawi anggănda arum angambar, Radèn Sidapêksa ingkang kirang titi. Radèn Sidapêksa botên angrèwès dhatêng aturing garwa. Ingkang garwa èstu dipun têlasi. Nalika badhe angrêsiki wangkinganipun dhatêng lèpèn, Radèn Sidapêksa priksa yèn kampuhipun kenging rah sarta ambêtipun wangi. Sanalika Radèn Sidapêksa kagugah katrêsnanipun dhatêng garwa, lajêng gandrung dadakan. Kasupèn bilih ingkang garwa sampun seda.

Kacariyos yitmanipun Dèwi Sritanjung minggah dhatêng kaswargan, kapanggih kalihan Hyang Dwarakala. Sang dèwi lajêng dipun têdahakên dhatêng panggenaning yitma ingkang dipun siksa, jalaran nalika gêsangipun mandamêl ingkang botên lêrês. Sasampunipun tutug anggènipun mriksani, yitmanipun Dèwi Sritanjung lajêng dipun wangsulakên dhatêng raganipun. Dèwi Sritanjung gêsang malih, sarta warninipun saya wêwah ayu. Lajêng wangsul dhatêng pratapan Pêrangalas.

Kocapa Radèn Sidapêksa ingkang tansah anggêtuni sedaning garwa, lajêng dipun rawuhi dening Hyang Nini, punika kalêrês eyangipun Dèwi Sritanjung. Hyang Nini paring dhawuh bilih Dèwi Sritanjung gêsang malih, samangke sampun wangsul dhatêng Pêrangalas. Radèn Sidapêksa bingah sangêt, lajêng nusul ingkang garwa dhatêng pratapan. Sadumuginipun ing pratapan, Radèn Sidapêksa asrah kalêpatan dhatêng Sang Bagawan Têmbangpetra, sang tapa ugi paring pangaksama. Dèwi Sritanjung dipun panggihakên kalihan Radèn Sidapêksa, nanging sang dèwi nyuwun tumbasan: inggih punika sirahing ratunipun, prêlu badhe kangge kèsèd. Radèn Sidapêksa nyagahi, lajêng nyuwun pamit dhatêng ingkang eyang sang bagawan. Sang bagawan marêngakên, sarta paring pusaka.

Prabu Adikrama mirêng yèn badhe kadhatêngan mêngsah, lajêng mêpak bala. Sasampunipun sami samêkta lajêng sami campuh prang. Bala Sinduraja têtumpêsan. Prabu Adikrama tiwas wontên ing paprangan. Prajurit ingkang gêsang lajêng sami têluk dhatêng Radèn Sidapêksa. Rajabrana ing Sinduraja dipun jarah rayah kabêkta dhatêng Pêrangalas.

Radèn Sidapêksa lajêng kadhaupakên malih kalihan Dèwi Sritanjung, wilujêng tanpa sambekala.

Makatên cêkakipun cariyos Sritanjung. Ing sarèhning namung cêkakan, sêngsêming cariyos botên katingal. Măngka saèstunipun cariyos Sritanjung punika kêbak ngês lan kêbak sêngsêm. Kajawi punika ugi wontên piwulangipun ingkang sae sangêt. Kados ta nalika Dèwi Sritanjung ningali kawontênaning yitma ingkang sami nandhang dosa.

Kula aturi nyatakakên maos piyambak. Têmtu marêm. Rêginipun namung f 0.30

WÊDALAN, BALE PUSTAKA, BATAVIA-CENTRUM.

 


Băngsa. (kembali)
pambage. (kembali)
ingkang. (kembali)
ingkang. (kembali)
dhatêng. (kembali)
Kurang satu suku kata: ping pindho rêsiking batin. (kembali)
andhêdhêr. (kembali)