Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 08-12-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 98, Rê Pa, 5 Sawal Ehe 1868, 8 Dhesèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1557] ---

Ăngka 98, Rê Pa, 5 Sawal Ehe 1868, 8 Dhesèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Cilauteureun - Kajênging Pralambang - Wara-wara - Lotre - Kawontênan ing Tiongkok - Sajarah dhatêng Pasareanipun Kyai Agêng Ngliman (Liman) - Pagêblug Sêsakit ingkang Nular - Dhialèkipun Tiyang Pathi - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita

Cilauteureun

[Grafik]

Sêsawangan ing pasisir sagantên kidul, Priyangan.

--- 1558 ---

Raos Jawi

Kajênging Pralambang

[Dhandhanggula]

Sinarkara krana rasa jati | wêwijangan wijil jroning layang | Nitisastra pralambange | kono ana kasêbut | caritane kang kocap nguni | ana sawijinira | naga gêng binuru | garudha krodha sêdyarsa | amisesa ing mau naga dèn usir | ngungsi mrih srana gêsang ||

rakêt mulêt mring Sang Hyang Pramèsthi | mêsthi pêpês krodhèng grudha brastha | kasok kêkês kasurane | kumêl mulat Hyang Guru | garudhanggung asăngga-runggi | kagiri ewuh-aya | dènira yun mundur | bawur pamurwèng panêmbah | tambuh-tambuh mungsuhe worsuh mor dhiri | maring Hyang Girinata ||

kaèmêngan mangu-mangunêngi | arsa mentar tarpa parikrama | sakamantyan ing tyas jrihe | bêndunira Hyang Guru | gênging siku kaèsi panggih | ananging mêksa panggah | lumuh nêmbah puguh | têmah mung mèngêt têtêngah | mundur sarwi asinamur kêmeron ati |[1] amung: tur tăndha mêndhak ||

randhat dahat anapak wiyati | ya ta wau têranging pralambang | dèn golèki gêlitane | sagaduging apunggung | iya mungguh ugêring urip | kang para angupaya | sraya sarana yu | dèn samya mrih dayaning lyan | kang ngayêmi ngayomi saraya jati | dadi srana pangrêksa ||

kinawulan mrih pakolih urip | sraya mau ya ugi ingaran | bêbotoh pitêmbungane | ananing bobotipun | botoh iku malah ngluwihi | lawan toh baranarta | myang guna bisanung | sinung gung daya prabawa | liring botoh wong kang wênang anduwèni | pangwasa sarwa mênang ||

piridaning paribasan muni | wong kang gawe abang biru bisa | pama abanga nyatane | nanging ora pakewuh | mungguhing wong kawasa bangkit | agal rêmpit tar kewran | ngruwat dadi biru | têgêse ing samubarang | panggawening kabèh uwong kudu mawi | srana pitulunging lyan ||

kontap watak têpaning ngaurip | aywa klèru surup salah tămpa | tumonên tăndha yêktine | kèh pinton kang kêlakun | kêna kangge anênitèni | kayêktèning kaanan | anon rungon tirun | ratu iku ya mung titah | janma lumrah ewadene andarbèni | daya gêng amrabawa ||

purba miwah misesa linuwih | wèh nugraha samaning manungsa | sinambadan sakarsane | sinung wênang ananggung | gêsanging lyan mung bisa kardi | bêgya lawan cilaka | klakone kawêngku | kawasanirèng narendra | anggêr antuk sih nugrahaning narpati | matumpa-tumpa bêgya ||

nalurine wong kang angulari | sih wilasa kang saking narendra | kalawan liya-liyane | kang dèn padhakke ratu | iku kabèh ugêring margi | pinanci măncawarna | nora nganggo guru | paugêran marga juga | dening maksih ngrusak sênêng parênging sih | pilih bisa miluta ||

pratandhane yèn mung lumrah janmi | nora têtêp tansah sarwa owah | nyênyiwah mring sanyatane | kaya ta abang tuhu | paripêksa bisa kinardi | dadi biru wêkasan | mau kang sinêmu | bêcik bisa dadi ala | bênêr bisa digawe dadine sisip | sakosokbalinira ||

narambahi ing sêmbarang kalir | kalakuan kang nora sanyata | datan [data...]

--- 1559 ---

[...n] nyatuhu tindake | tuna dungkaping tanduk | kausuke kêdudon dadi | kang mangkono mung măngka | pasaksèn linuhung | ala bêcik bênêr salah | salir titah têtela margane saking | lawan pitulunging lyan ||

tatacara carêming dumadi | duk dumunung doning ngarcapada | tanpa bisa mêntas dhewe | gawe dalaning laku | gumantung nèng liyan kang kardi | kasidaning sasêdya | munggwing lyan kang nanggung | mung ana prabedanira | manawa wong kang nanggung ing awal akir | akaran kanyataan ||

tuladhane mung marga sawiji | bênêr bêcik kanggo paugêran | sangkan paran sampurnane | tarlèn pinurwèng laku | tuhu marang panggawe bêcik | nyirik panggawe ala | alugu kang nanggung | ing guna têkan panggonan | jati paran kasampurnaning ngaurip | sipat purba wisesa ||

kang wus têtêp tanpa owah gingsir | saranane laksana mangkana | kudu lawan pitulunge | maring lyan kang ananggung | lire asung panuduh margi | ugêring kasampurnan | pranatèng tyas ayu | ywan tuhu sêtyèng laksana | sayêktine tumamèng don kang utami | tinêmu nora cidra ||

nityasèng tyas mawas tăndha yêkti | yèn mungguh wong jaman mêngko măngka | pasaksin pasrasehane | iyèku para guru | paugêran pananggung murid | sampurnaning pruwita | watone pakantuk | pratăndha aran: dhiploma | mung kacèke cak-cakakan paguron lair | nlisir lan kanyataan ||

tibèng pada sok blenjani jangji | sabab saka isih kawoworan | karêp nora sanyatane | bau kapi tinêmbung | dening nêmbing mung pilih kasih | basane mau ana | waton watak wantu | wus adate wong kawasa | dhêmên murba wisesa maring sasami | suka karya sakarsa ||

prayoganing duga tan dèn goni | ninggal lagu lugu kanyataan | ambungahi dumèh duwe | pangwasa gêdhe dhuwur | bisa gawe bawur pangèksi | kaya ta yêkti abang | didadèkke biru | ruba bisa nuju karsa | bangun turut sapakon sarwa nglakoni | kono karêpe têkan ||

lamat ing tyas ingèstu sasami | wus tan mawas pangwasane tiwas | agêmpal kaluhurane | lir mau kang sinêmu | Sang Hyang Guru suka dèn ungsi | naga sung marga gêsang | nèng jăngga kumalung | têgês panggawe utama | amung kanggo ing gita kang amigati | ngalingi ing kanisthan ||

pinilaur kaurmatannya nir | wanuh wani grudha ngrusak tata | umadêg kadiksurane | bubrah sêmbah Hyang Guru | wus ugêre nyarang pakêrti | kang para murang marga | mring rèh panggawe yu | kasonyan ing kanyataan | antuk cacad rusaking jagad wus ngancik | pancèning para cidra ||

talitining tuladha kinardi | amardèni yêktining pratăndha | sapadha wong bisa gawe | marganing ala ayu | yogya samya dèn sumurupi | sapa nurut piala | ya ala tinêmu | papa[2] manut kabêcikan | iya uga padha têmah nêmu bêcik | iku wus nora cidra ||

nora nana kêna dèn kilapi | pola laku nistha lan utama | tan kawêngku awak dhèwèk | mawela wêtunipun | salwir tuwuh pinasthi margi | adhapur pinurwèng lyan | lananing lêlakun | têkaning pra kang parasdya | daya guna ginantung lyaning mêrgèni | madyarsa slira rata |[3]|

P.

--- [1560] ---

Wara-wara

Gêgayutan kalihan badhe wontênipun bêbingah, kasêbut ing wara-wara Kajawèn nomêr 90 tuwin 96, administrasi ngaturi uninga, bilih sawatawis dintên êngkas, blangko pos wisêl badhe tumuntên kakintunakên. Ingkang dipun kintuni blangko pos wisêl wau, sadaya lêngganan ingkang dèrèng nyêkapi pambayaranipun tumrap kuwartal I ing ngajêng punika. Dados ingkang botên dipun kintuni, namung para ingkang sampun lunas pambayaripun.

Kajawi saking punika, bab pangintuning blangko wau botên badhe ngangge ampêlop kados adat, nanging badhe dipun sêsêlakên ing salêbêting Kajawèn.

Murih botên adamêl kalêpatan, mugi para ingkang badhe mangsulakên bêlangko wau, kêparênga nyêrat asma, utawi nomêring lênggananipun ingkang... cêtha sangêt.

Wasana pangajêng-ajêngipun administrasi, mugi-mugi panjênêngan sadaya sagêd angsal bêbingah ingkang èdi sarta pèni punika.

LOTERIJ

[Grafik]

--- 1561 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok.

Ingkang pinanggih rame ing wêkdal punika ing papan paprangan sisih lèr. Mirid wartos ingkang sampun, pandhêsêkipun wadya Jêpan tansah angsal papan prayogi, nanging tumraping paprangan, botên kenging lajêng katêtêpakên makatên, amargi mingsar-mingsêring lêlampahan gampil sangêt malihipun. Ingkang sampun, Jêpan kawartosakên unggul, kathah papan ingkang sampun kenging dipun êbroki. Nanging sanès dintên wadya Tiongkok gêntos unggul, sagêd ngrêbat Sean lan laladan Sekiyang. Ing kala punika tandangipun wadya Tiongkok angeram-eramakên, sagêd ngrêbat papan ingkang sampun rinêgêm ing mêngsah, sagêd anjarah dêdamêl tuwin sagêd nawan mêngsah.

Wadya Jêpan sarêng sumêrêp pêrangipun ing ngriku kasoran, lajêng ngunduri dhatêng Sianghing, unduripun tansah dipun bujêng ing mêngsah. Sarêng sampun mundur ragi têbih sawêg purun campuh malih, ing ngriku lajêng katingal bilih unduripun wadya-wadya Jêpan punika prêlu mulihakên kêkiyatanipun tuwin nyêngkakakên dhatênging bêbantu, tuwin inggih nyata ing ngriku lajêng wontên bêbantu wadya Jêpan, lajêng nêmpuh saking gêgana. Ewasamantên wadya Tiongkok botên gigrig, tansah dipun tanggulangi kanthi karosan.

Wiwit punika adêging baris Tiongkok saya mapan, praja Nanking ingkang tansah dipun incih ing mêngsah lajêng dipun santosani pajagènipun, manggèn ing garising paprangan ing Sinkiang, Tanyang tuwin Kamtan. Ingkang manggèn ingkang sisih lèr piyambak wontên ing Singkiang, urut sapinggiring lèpèn Yangce, têbihipun saking Nanking kintên-kintên wontên 70 km. Gêlar sapisan punika katingal pinanggih wohipun.

Tumrap pamawasipun Tiongkok, lăngka saupami wadya Jêpan badhe malêbêt saking lèpèn Yangce. Amargi ing sapunika Tiongkok sampun sagêd mapanakên wadyanipun ingkang kangge nyantosani papan-papan ingkang kakintên badhe dipun ambah ing mêngsah.

Jêpan sarêng sumêrêp tatanan baris kados makatên punika lajêng santun gêlar, panêmpuhipun dhatêng Nanking pados margi sanès, saha sampun sagêd nyêlaki Nanking malih, kintên-kintên kantun antawis 70 km. Nanging sanadyan Jêpan santuna gêlar kados punapa ugi tansah tinampi ing gêlar gêntos, malah wadya ingkang dipun tindhihi dening Jendral Sahyusan lajêng nêmpuh ngêgèt ing wanci dalu wontên ing sacêlakipun Taming. Ing ngriku wadya Tiongkok sagêd unggul, tuwin tansah ngêlut dhatêng wadya Jêpan ingkang sami kêplajêng. Salajêngipun wadya Tiongkok sagêd kêmpal kalihan wadya sanès-sanèsipun ingkang saya mêwahi kasantosanipun.

Mirid kawontênan punika, têtela bilih ingkang dados kawigatosanipun ingkang sami paprangan punika Nanking, tumrap ingkang nêmpuh botên nêdya ngunduri manawi dèrèng sagêd ngêbroki Nanking. [Dilanjutkan pada hal. 1563]

--- [1562] ---

Rêmbag padhamèn

Ing salêbêtipun măngsa paprangan tansah wontên rêmbag angudi murih têntrêming donya. Dene ingkang ngadani rêmbag padhamèn punika nagari sasanga, manggènipun wontên ing Brussel.

[Grafik]

Ingkang kacêtha ing gambar: nginggil piyambak, Ministêr Bèlgi Spaak amurwani pambikaking parêpatan.

Sisih kiwa nginggil: Wakil Amerikah Norman Davis mêdhar sabda.

Ngandhapipun: wêwakil Tiongkok mêdhar sabda babagan paprangan Tiongkok Jêpan.

Ngandhap têngên: Shrap Ciano năndha tangani sêrat ing sacakêtipun wêwakil Jêpan Horita.

--- [1563] ---

[Lanjutan dari hal. 1561: Pawartos Sanès Praja]

Dene tumrap Tiongkok têtêp angandhêmi, dumugining lêbur luluh pisan badhe dipun wujudi. Nanging botên kok Tiongkok lajêng badhe nanggulangi ingkang tanpa dugi-dugi tuwin tanpa ukuran, malah sadaya punapa tindakipun botên atilar wawasaning prajurit wêgig ing ulah paprangan.

[Grafik]

Sêsawangan lèpèn Yangce, Tiongkok.

Garis paprangan ing sakubêngipun Nanking saya dipun santosani, sanadyan kawontênanipun ing ngriku sampun mrênding, saupami karêbat ing mêngsah sampun ngantos uwalipun punika kanthi tilar kanisthan. Awit Jendral Syangkaisèk inggih sampun mangrêtos, bilih kêdah gadhah tindak kados makatên punika, dados sanadyan kasoran inggih utami, saya manawi sagêd unggul, lajêng badhe saya katingal.

Tumrap Syanghai, kawontênanipun namung sarwa manggih tatanan enggal, ing golonganing sêrat kabar mêntas ngawontênakên rêmbag ing parêpatan, badhe ngèndêli wêdaling sêrat-sêrat kabar ing Syanghai, prêlu kangge sasmita panduwa ing bab anggèning Jêpan badhe niti dhatêng kawontênanipun ariwarti. Wontên ariwarti sakawan ingkang badhe lêstantun dipun wêdalakên, nanging botên wontên ing Syanghai.

Kajawi punika tumrap pakaryan pabean, samăngsa panguwaos pabean ing Syanghai kaliyêr dhatêng Jêpan, para punggawanipun badhe sami kèndêl. Măngka manawi kalampahan para punggawa ing ngriku sami kèndêl, lampahing padamêlan ing ngriku badhe rêndhêt sangêt, malah gêgayutanipun kalihan nagari-nagari sanès ing bab babagan arta, tamtu badhe manggih pakèwêd. Mila ing bab punika lajêng kathah ingkang ming ngêmori damêl.

--- 1564 ---

Cariyos Kina

Sajarah dhatêng Pasareanipun Kyai Agêng Ngliman (Liman)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 6

Ing nglêbêt sênthong pasarean kaplêstèr gilap saha kasumêdan dilah gantung kina, katingal gumrining sae. Klambunipun pasarean lawon pêthak, karangkêp-rangkêp watawis wontên pitung lêmbar mubêng. Sakubênging pasareanipun ki agêng lan nyai agêng wau dipun pagêr tembok, lan ing capuri dipun kubêngi gêbyog kajêng jatos, payonipun gêndhèng, awangun sênthong. Dene sajawining cungkup pakuburanipun para darahipun kyai agêng wau.

Sasampunipun juru kunci lajêng prentah dhatêng kula sadaya kapurih wangsul mandhap. Sawênèhing tiyang wontên ingkang angetang kathahing tlundhagan wau, cariyosipun, sasampuning kapanggih cacahing tlundhagan, punika minăngka tăndha badhe panjanging umuripun. Upami pinanggih 50 cacahipun, umuripun inggih badhe 50 taun. Pinanggihing pangetangipun tlundhagan tumraping tiyang satunggal-tunggalipun botên sami, wontên ingkang pinanggih 43, 105, 90, dene kula piyambak pinanggih 80. Ananging lêrês lan botênipun tumraping kapitadosan kasêbut ing nginggil wau, kula botên sagêd ngaturakên. Ing măngka saking pandugi kula tlundhagan wau wontên 202-300 iji. Ingkang kadamêl banon kina, wiyaripun wawis[4] 1/2 mêtèr.

Pasarean wau wontên kalih panggenan, inggih punika ingkang satunggal saking margi alit ing dhusun dhatêng parêdèn mangilèn, lajêng minggah ngidul, ingkang satunggilipun malih minggah parêdèn mangalèr, watawis sami têbihipun, ajêng-ajêngan, wangun punapadene rêrêngganipun ugi sami. Ingkang minggah mangidul inggih punika pasareanipun kyai lan Nyi Agêng Ngliman, dene ing sisih lèr dèrèng kasumêrêpan asalipun, dalah juru kunci piyambak botên sagêd mastani. Nanging têtiyang ing ngriku angintên pasareanipun Sunan Kalijaga. Punika kula botên sagêd anêrangakên, jalaran buku Babad Tanah Jawi ugi botên nyêbutakên dhusun Ngliman, ingkang kasêbut namung dhusun Tirip. Ing măngka dhusun Tirip wau aking dhusun Ngliman watawis wontên 50 km, inggih punika mandhap mangalèr, ing sukunipun rêdi Wilis, utawi pucaking rêdi Pandhan ingkang sisih kidul kilèn. Ing pasarean wau ing satunggiling sela wontên sêratanipun Arab pegon, saha sêratan Latin rêmêng-rêmêng, mungêl Sèh…taun 1671, lan wontên malih sêratan-sêratan nanging punika botên sagêd kawaos. Dene anggèn kula mastani taun 1671 punika namung kintên-kintên. Ingkang katingal ragi cêtha namung ăngka 176,[5] dene ingkang ăngka satunggalipun katingal rêmêng-rêmêng. Saking adrêng kula ing batos, kêpengin sumêrêp mênggah dêdongenganipun pasarean wau, kêpala dhusun ing ngriku kula purih andongèng, lan ugi sagêd andongèngakên kados ing ngandhap punika.

Nalika Sèh Maolana Magribi (Sunan Ngampèl)

--- 1565 ---

lêlana ngidêri tanah Jawi, wontên ing Kêrtasana panjênênganipun ngêlak mundhut toya dhatêng satunggiling tiyang èstri ing dhusun Sêmandhing, nanging botên dipun caosi, awit tiyang èstri wau ajrih dhatêng Sèh Maolana Magribi, jalaran mangagêm jubah cara Ngarab. Ing wusana Sèh Maolana Magribi lajêng nyabdakakên dêduka, bilih tiyang ing Kêrtasana benjing ing akiring jaman badhe dados jaka tuwa, prawan tuwa, kirang sênêng panggêsanganipun, saha lèpèn Brantas kapindhah mangilèn ngantos angrisakakên pintên-pintên dhusun, lan pasabinan pintên-pintên bau.

Salajêngipun Sèh Maolana Magribi lajêng nêrusakên lampah dumugi ing dhusun Papar dipun oyak ing têtiyang dhusun, jalaran kadakwa damêl risaking dhusun. Ing wusana lajêng nyabrang lèpèn Brantas mangilèn, dumugi ing kilèn lèpèn pinanggih kalihan ratu dhêmit nama Butalocaya, wontên ing ngriku bêbantahan ngantos rame, wusana Butalocaya kawon wasis. Sarêng Butalocaya kawon wasis lan kawon sêkti, lajêng enggal-enggal lumajêng dhatêng nagari Majapait, atur wuninga dhatêng Prabu Brawijaya. Sang prabu lajêng paring dhawuh dhatêng Patih Gajahmada kinèn anêksèni. Ing wusana sarêng pinanggih ajêng-ajêngan kalihan Sèh Maolana Magribi lajêng bêbantahan bab ngèlmu, Patih Gajahmada[6] kawon. Sarêng kawon, Sèh Maolana Magribi badhe kabănda badhe kaaturakên dhumatêng Prabu Brawijaya. Sèh Maolana Magribi mopo, botên purun, lajêng kapêksa. Nanging Patih Gajahmada botên sagêd nyêpêng tanganipun Sèh Maolana Magribi, amargi lunyu kados wêlut. Ing salajêngipun Sèh Maolana Magribi lajêng nyabda lèpèn Brantas supados asat. Sanalika lajêng asat, Sèh Maolana Magribi lumajêng, dumugi wetan lèpèn, toya kawangsulakên malih. Patih Gajahmada botên sagêd nututi, jalaran kaalang-alangan dening toya. Wasana têrus kabujêng dening wadyabala Majapait, ngantos dumugi kitha Surabaya mêksa botên sagêd kacêpêng, awit Sèh Maolana Magribi lajêng numpak baita dhatêng Dêmak. Badhe kasambêtan.

R. Sumarya.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2739. Ingkang ngêdalakên buku Javaansch-Nederlandsche Gesprakken toko buku W.J. Thieme & Cie-Zutphen nagari Walandi. Rêginipun f 1.75 ingkang samak kandêl f 2.10.

--- 1566 ---

Bab Kasarasan

Pagêblug Sêsakit ingkang Nular.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 96.

Kajawi tiyang ingkang gadhah kasagêdan gagrag enggal, kados ta: dêdamêlan mêsin ingkang dèrèng nate wontên, măngka kêkiyatanipun mêsin wau nglangkungi, tur sagêd irid, lampahipun rikat lan ragadipun mirah, angsal-angsalanipun sagêd langkung kathah tinimbang mêsin sanèsipun. Têgêsipun, upami mêsin limrah namung sagêd damêl utawi ngrampungakên barang 10 iji, mêsin ingkang gagrag enggal wau sagêd angsal barang 60-100 iji, dados tikêl 6-10 tinimbang mêsin ingkang lami. Tiyang ingkang pintêr damêl mêsin gagrag enggal wau lajêng nyuwun patèn dhatêng nagari, têgêsipun nagari supados mriksa mêsin enggal punika, dipun cobi dipun lampahakên, dipun sêksèni dening ingenieur ingkang sampun dipun têtêpakên dening nagari. Manawi sampun nyata, lêrês cocog, lampahipun mêsin wau sae tur migunani dhatêng umum, nagari lajêng paring sêrat pratăndha dhatêng tiyang ingkang manggihakên mêsin enggal punika minăngka palilah. Yèn mêsin enggal wau sampun dipun anggêp dening nagari kalayan sae, kenging dipun lampahakên, salajêngipun botên kenging dipun tiru dening tiyang sanès. Manawi wontên ingkang niru, măngka ingkang gadhah patèn lapur tuwin kadêngangan dening nagari, punika sagêd dipun ukum.

Makatên ugi dhoktêr utawi apotheker ingkang manggihakên jampi utawi serum enggal kangge anjampèni sêsakit sagêd cêsplêng, punika sadèrèngipun dipun angge anjampèni umum, kêdah dipun cobi, dipun trapakên dhatêng kewan rumiyin, salajêngipun dhatêng tiyang ingkang sakit, nanging kêdah dipun sêksèni dening para dhoktêr ingkang pintêr. Dene yèn sampun nyata jampi utawi serum wau pancèn botên ambêbayani tumrap tiyang, cêsplêng saèstu, dhoktêr utawi apotheker ingkang manggihakên jampi punika tampi sêrat patèn saking nagari kanthi dipun sayogyani ing para dhoktêr ingkang pintêr-pintêr wau. Yèn tiyang utawi dhoktêr ingkang manggihakên mêsin gagrag enggal, jampi utawi serum ingkang cêsplêng wau gadhah waragad cêkap lan purun, inggih kenging ngêdêgakên pabrik piyambak kangge damêl mêsin utawi jampi punika, prêlu dipun sade, têmtu sagêd pikantuk bathi kathah. Dene yèn botên gadhah waragad, utawi botên purun kalorohan, patèn wau kenging dipun sade dhatêng tiyang sanès, dhatêng Maatschappij utawi pakêmpalan cooperatie, ingkang cêkap sarta gadhah waragad kangge ngêdêgakên pabrik damêl mêsin utawi jampi wau. Băngsa kula Jawi dèrèng wontên ingkang kalampahan makatên, dados dèrèng sagêd majêng nyamèni băngsa kilenan.

Ing jaman samangke tiyang sampun kathah ingkang sami mangrêtos bab kadhoktêran, langkung-langkung para dhoktêr

--- 1567 ---

mila pitakenan ing nginggil wontênipun ing satunggiling panggenan têka ujug-ujug sagêd thukul pagêblug sêsakit nular punika, têrangipun makatên:

Ing pundi-pundi nagari utawi plabuhan kapal api, malah samangke sampun wontên motor mabur ingkang ngêwrat tiyang utawi barang-barang saking pundi-pundi, kêdah dipun jagi panulakipun sêsakit ingkang nular supados sampun ngantos lumêbêt ing nagari utawi plabuhan ingkang dipun jagi wau.

Sanajan panjaginipun wau sampun kêncêng saèstu, ewadene sêsakit-sesakit punika mêksa sagêd lumêbêt utawi nulari tiyang ing pundi-pundi, awit kewan-kewan kados ta: tikus ingkang andhêlik ing barang-barang momotan ing kapal, yèn tikus wau sampun katularan baksil pès saking sanès nagari utawi plabuhan, ingkang ing wêkdal punika tiyang ing kapal dèrèng wontên ingkang sakit pès, dados tiyang ing kapal inggih botên mangrêtos bilih ing ngriku wontên tikus ingkang sampun sakit ngandhut wiji sêsakit pès. Sarêng kapal dumugi plabuhan ingkang dipun ampiri, tikus mrambat ing ăndha ingkang sambêt saking kapal dhatêng dharatan, utawi tikus wau katut barang-barang momotan, tamtu ing dharatan ngriku tikus wau sampun sagêd nularakên pinjalipun ingkang sampun ngandhut baksil pès dhatêng tikus sanès. Pinjalipun tikus dharatan ingkang sampun katularan pès punika sagêd nyakot tiyang, tiyang wau têmtu sagêd kataman sêsakit pès, salajêngipun sagêd nukulakên pagêblug pès ing panggenan punika.

[Iklan]

Thukulipun pagêblug sêsakit typhus, cholera, lan dysenterie punika gumantung wontên ing toya ingkang dipun ombe utawi têtêdhan ingkang sampun tatularan wijinipun sêsakit wau, lan inggih saking tiyang ingkang sampun ngandhut wiji sêsakit wau, nanging botên kraos utawi botên rumaos sakit, inggih punika bacillendrager ingkang gêsangipun kados tiyang saras kemawon, tumrap tiyang saras sêsrawungan kalihan bacillendrager punika ambêbayani, awit sagêd nulari sêsakitipun dhatêng têtiyang ingkang dipun srawungi.

Kajawi punika wiji-wiji sêsakit wau kados wontên mangsanipun sagêd kadosdene kagugah galak mandi ampuh utawi kêras, wontên mangsanipun botên kêras utawi botên patos kêras. Mênggah măngsa baksil ingkang makatên wau, para dhoktêr dèrèng sagêd nêmtokakên măngsa lan kenging daya punapa. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja. Ind. Arts.

--- 1568 ---

Kawruh Sawatawis

Dhialèkipun Tiyang Pathi

Sami-sami basa Jawi, basa Jawi Surakarta punika kalêbêt basa Jawi ingkang alus piyambak, mila botên anèh buku-buku basa Jawi ingkang kangge wontên ing pamulangan-pamulangan punika sadaya sami ngangge basa Jawi Surakarta, lan pawicantênan-pawicantênan basa Jawi ingkang sae punika ugi niru cara pawicantênan ing Surakarta. Mirid andharan punika wau pancènipun tiyang ing sakiwa-têngênipun Surakarta utawi langkung jêmbar malih têtiyang satanah Jawi Têngah ginêmanipun sampun sagêd sami utawi apêsipun ngirib-iribi kalihan basa Surakarta, nanging nyatanipun botên makatên, sanajan pamulangan satanah Jawi Têngah punika wulanganipun basa Jawi ngangge basa Surakarta, nanging kabêkta saking cacahing lare utawi tiyang sêpuh ingkang sampun angsal wulangan saking pamulangan wau dèrèng sapintêna, mila ing satunggil-tunggiling panggenan taksih ngangge dhialèking ginêmanipun piyambak. Ing Kajawèn ăngka 95 ingkang mêdal kala tanggal 25 Nopèmber 1936 ngêwrat karangan bab dhialèkipun têtiyang ing Pacitan, punika satunggiling tăndha yêkti bilih satunggil-satunggiling panggenan punika taksih ngangge dhialèk piyambak-piyambak, saya malih manawi para maos kaparêng nyatakakên piyambak, ngrawuhi dhatêng kitha-kitha utawi dhusun-dhusun, ing ngriku masthi saya yakin dhatêng lêrêsing katrangan kula punika wau.

Sarèhning dhialèkipun têtiyang Pathi punika kula manah sawatawis ragi kathah bedanipun kalihan basa ing Surakarta, mila wontên ing Kajawèn ngriki kula badhe ngaturakên dhialèkipun tiyang Pathi wau sawatawis, bokmanawi sagêd dados indhaking sêsêrêpan (ciri S= Surakarta, P= Pathi).

S. akèh têmên - P. bêrah têmên@S. pakarangane sapa - P. karase sapa@S. tuku lombok - P. tuku cèngèh@S. nandur pohung - P. nandur tela@S. banyu krambil - P. duduh klapa@S. karêpmu dhewe - P. karêpêm dhewe@S. jaranmu mati - P. jaranêm mati@S. awakku lagi lara - P. awake aku lagi lara@S. awakmu sing lagi kojur - P. awake kowe sing lagi siyal@S. kesah dhatêng pêkên - P. kesah wontên pêkên.@S. pêjah wontên pêkên - P. pêjah dhatêng pêkên.@S. mangke kula mantuk piyambak inggih - P. mangke tak mantuk piyambak inggih@S. barêng têka banjur nangis - P. barêng têka darungan nangis@S. omah gêndhèng - P. omah kênthèng@S. mangan gêdhang - P. mangan kisang

--- 1569 ---

S usapana, ta - P. sapi, ah@S. kadospundi ta mas - P. kadospundi lèh mas@S. cêdhak bangêt - P. cêrak bangêt = ciruk@S. enak bangêt - P. inuk@S. kula tumut - P. kula andhèrèk.@S. botên ajêng nêdha - P. botên sêta madhang@S. lagi apês (cilaka) - P. lagi sobèk@S. sampun ngatên, ta - P. ampun ngotên, tah@S. benjing enjing - P. mangke enjing@S. wit kêmlandhingan - P. wit pêthêt@S. êmboke têka - P. make têka@S. akèh jingklonge - P. akèh nyamuke@S. duwe bênik - P. duwe kancing@S. mangan pêlêm - P. madhang pêlêm@S. tuku panganan - P. tuku padhangan@S. têlung benggol - P. têlung godhêm@S. sakêlip - P. sabolong@S. patang rupiyah - P. patang jampêl@S. arêp nyumbang - P. arêp buwuh@S. lunga anjagong - P. lunga mêlekan@S. sègêl - P. sègèl@S.dolanan kênèkêr - P. dolanan sêtin@S. nganggo kacu - P. nganggo sap tangan@S. anggendhong tenggok - P. anggendhong dhunak.@S. klambi kae êntasên - P. klambi ika êntasên.@S. kowe kuwi nakal - P. kowe iku nakal@S. aku arêp rewang wong duwe gawe - P. aku arêp ngalong@S. nandur tela - P. nandur tela rambat@S. mangan lotis - P. mangan rujak@S. anjaluk pêgat - P. anjaluk perak@S. cêndhaka kae, ta - P. cêrak cik lah@S. kowe lagi apa (ngapa) - P. kowe lah apa@S. mulih prêlu apa - P. mulih lah apa@S. cik bèn - P. êlah@S. bathon nyambut gawe - P. patungan nyambut gawe@S. mlujêng sabin - P. majar sabin@S. manuk mencok - P. manuk menclok@S. rak ngatên - P. tên ngatên@S. nonton lèdhèk - P. nonton jogèd@S. kêpêthuk kancaku - P. gêtudhuk kancaku@S. kiwa-têngên - P. kanan kantun@S. wulan punapa - P. santun punapa@S. yasa omah - P. galang omah@S. ana ing gisik - P. ana ing kisik.

Badhe kasambêtan.

Darma Cayana.

--- 1570 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Pambayaran N.I.R.O.M. têtêp f 1.50. Miturut wartos saking Hoofbestuur P.T.T. bilih Directeur Verkeer en Waterstaat nêtêpakên kangge pambayaran N.I.R.O.M. ing taun 1938 têtêp namung f 1.50, ing dalêm sawulan.

Inggah-inggahan tuwin kalorot. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, tuwan Mulio, asistèn wêdana Paresidenan Bojonêgoro, dados tijd. wd. wêdana ing Tambakrêjo, kabupatèn tuwin paresidenan ing Bojonêgoro. R.Ng. Sudarmo Joyowidigdo, wêdana ing Tambakrêjo, kabupatèn tuwin paresidenan ing Bojonêgoro, kalorot dados asistèn wêdana Paresidenan Malang.

Pest ing Selo. Ing Kajawèn nomêr 94 mêntas ngêwrat pawartos ing bab pest ing Selo, Boyolali. Ing bab punika miturut katrangan saking lêngganan nomêr 3994, pawartos wau wontên ingkang gèsèh. Inggih punika ing bab ing Klakah, watês Munthilan wontên tiyang ingkang kêtrajang sêsakit pest, punika botên nyata. Dene miturut katrangan wontênipun tiyang ingkang kêtrajang sêsakit pest wiwit tanggal 26 October dumugi tanggal 29 November, tumrap kalurahan Samiran pest wudun 4, pest paru 9, kalurahan Nglonyoh pest wudun 1, pest paru sêpên. Ing salajêngipun pajagèn katindakakên kêncêng, rêrêsik, nyêgah tiyang tuwi, madosi têtiyang ingkang sami sêsrawungan tuwin sanès-sanèsipun.

Sadhiyan waragad benjing pambabar dalêm Sri Paduka Rajaputri Juliana. Benjing pambabar dalêm Sri Paduka Rajaputri Juliana, Gemeente Bêtawi badhe nyadhiyani waragad kangge ramèn-ramèn f 10.000.- Kala pikramèn ugi nyadhiyani waragad samantên.

Punggawaning kapal van Heutz angsal blanja mirunggan. Directie K.P.M. anglahirakên pangalêmbana dhatêng punggawaning kapal van Heutz ingkang nalika kapal wau katêmpuh taifoon wontên ing Hongkong sami tumindak ing damêl yêktosan.

Sanatorium sêsakit T.B.C. Wontên wartos, ing bab angsal-angsalan beya karèt ing tanah Sabrang, ingkang saperangan badhe kangge ngêdêgakên griya sakit kangge tiyang sakit T.B.C. ing Sumatra-Pasisir Kilèn. Waragadipun wontên f 100.000.- Adêging griya sakit punika ugi badhe angsal pambiyantu saking Pakaryan Kasarasan tuwin S.C.V.T.

Pandamêlipun sarêm ing Grêsikputih. Papan damêl sarêm ing Grêsikputih, ing taun punika kawajibakên damêl sarêm kathahipun 15.000.000 kg. Nanging jalaran saking wontêning bêntèr panjang, dumuginipun sapunika sagêd damêl ngantos 22.500.000 kg. Ing padatan sabên wulan November sampun kèndêl pandamêlipun, namung sarèhning wontênipun bèntèr kados makatên, pandamêlipun taksih sagêd kalajêngakên.

Kunst-Ambachtsschool. Miturut wartos, fonds-fonds ingkang kasadhiyakakên kangge tatatêntrêm badhe ngêdêgakên Kunst-Ambachtsschool wontên ing Ngayogya manggèn ing Museum Sono Budoyo. Ing pamulangan ngriku badhe dipun dèkèki papan pasipêngan punapadene papan panyadean. Malah manawi kasêmbadan ingkang dipun êdêgi pamulangan makatên wau botên ingriku kemawon. Dene ingkang kapilih dados muridipun saking pilihan.

Ing Indramayu badhe kawêwahan pakunjaran. Sarèhning kawontênanipun pakunjaran ing Indramayu sampun botên nyêkapi, ingkang miturut wartos, ingriku badhe dipun dêgi pakunjaran enggal.

Banthèng ingkang dados godha ing Blitar. Ing kabudidayan Gondang Tapèn, Blitar, kêrêp kadhatêngan banthèng ingkang damêl pangrisak. Ing kalanipun dhatêng gêgrombolan ngantos 35. Malah sampun wontên papan ingkang jêmbaripun 10 ha. ingkang taksih dipun garap, dipun risak ing banthèng adamêl kapitunan. Tumrap rekadaya ingkang kangge panulak sampun botên kêkirangan, nanging ing sêmu banthèng botên ajrih. Bab punika lajêng dados panggalihanipun ingkang wajib.

Barang ing Kon. Bat. Genootschap wêwah. Meseum Kon. Bat. Genootschap ing Bêtawi mêntas tampi barang têtilaranipun suwargi Mr. J.F. Kramer, tilas Vice-President Hooggerechtshof, ingkang dèrèng dangu seda wontên ing Bandung, yuswa 95 taun. Barang tilaran wau awarni gambar corèk ingkang migunani agêng tumrap topografie. Gambaran wau tapak astanipun suwargi Tuwan Kramer piyambak, wujud papan panggenan ing Pintu Kêcil, Bêtawi, kala ing taun 1893.

Kêbon karèt enggal. Miturut wartos ing sacêlakipun Palembang badhe kawontênakên kêbon karèt enggal, ingkang katindakakên dening têtiyangipun ingkang manggèn ingriku. Wiwit babad dumuginipun dados kêbon karèt dipun tandangi ing têtiyang saking tanah Jawi. Tumindaking paboyongan kawiwitan wontên ing taun 1938. Têtiyang ingkang sami anggarap wau kajawi anggarap kêbon karèt, ugi nyambi anggarap kêbonipun piyambak ingkang kasadhiyakakên.

Ndhatêngakên wos saking sajawining praja. Jalaran saking lêpating panenan ing Paresidenan Bojonêgoro, Madiun tuwin Kêdiri, lajêng andhatêngakên wos saking nagari ingkang tapêl watês, kados ta saking Surabaya tuwin Sêmarang. Ingkang makatên punika ugi pêrlu andhatêngakên wos saking tanah ngamanca kanthi watêsan sapêrlunipun.

Darma saking Bond van Gepensioneerde Inh. Militairen. Nyarêngi dhawahing dintên Lêbaran tuwin Kerstmis, Bond van Gepensioneerde Inh. Militairen ngêdalakên arta f 9600.-, kangge andêrmani dhatêng para warandhaning militèr ingkang botên angsal arta pitulungan saking nagari. Sabên tiyang angsal f 3.-

NAGARI WALANDI.

Vice-admiraal ing tanah India. Miturut wartos, kawrat kêkancingan dalêm nata, Schout-bij-Nacht H. Ferwerda wiwit benjing tanggal 1 Januari ngajêng punika katêtêpakên dados vice-admiraal, dene ingkang dados Schout-bij-Nachit Tuwan J.Th. Fuestner, chef marine staf ing nagari Walandi.

Gêrah dalêm Prins Bernhard saya sênggang. Miturut wartos ing bab gêrah dalêm Prins Bernhard ingkang jalaran kasangsaran nitih auto, sapunika saya sênggang, sare sagêd sakeca, salira dalêm saya sêgêr. Awit saking pamriksaning doktêr, gêrah dalêm wau tumuntên sênggang.

ASIA.

Ngapuntên têtiyang ukuman. Miturut wartos, parentah ing Calcutta amaringi pangapura dhatêng têtiyang ukuman cacah 1100, lajêng kamardikakên wontên ing papan padununganipun kanthi watêsan. Saha sarèhning watêsan wau suwak, têtiyang wau dipun mardikakakên babar pisan. Karampungan punika botên tumrap dhatêng têtiyang ukuman kadurjanan ing bab pulitik ing pakunjaran Andamanen tuwin Bengalen.

AFRIKA.

Mêwahi dêdamêl. Awit saking kaparêngipun nata ing Mêsir, badhe angindhaki dêdamêl ing Mêsir, inggih punika wadya dharatan, kanthi ngawontênakên undhang-undhang enggal. Kajawi punika ugi badhe ngêdêgakên pabrik mimis.

--- 1571 ---

Wêwaosan

III Lêlampahanipun Ilya

31

Saking nglêbêt trêbêla Swatogor salajêngipun nuntên wicantên kalayan nrintih dhatêng Ilya makatên:

O, adhiku, Ilya, gèk kêpriye bakale kadadeanku. Sanadyan tak katogake kakuwatanaku, lan sanadyan anggonku andêdêl tutuping trêbêla sarana tanganku kiyi kanthi sarosaku, ewasamono aku mêksa ora bisa ambukak tutup iki. Bêcike tutup kiyi papane lolosana siji-siji, lan aku luwarana saka trêbêla iki.

Ilya nyandhak salah satunggiling papan tutup trêbêla wau, nanging sanadyan karosanipun dipun katogakên, nanging Ilya mêksa botên sagêd anglolos papan wau. Ing wusana Ilya lajêng sêsambat makatên:

Adhuh, kakang, aku rumasa ora kêconggah nglolos papan iki. Dadi aku ora bisa ngluwari kakang.

Swatotor:[7] yèn mêngkono, nyandhaka pêdhangku bae, lan ênggonên mêdhang trêbêla iki sing nganti ajur.

Ilya nyandhak pêdhangipun Swatogor kanthi tangan kalih, sarta lajêng katamakakên sakiyatipun dhatêng trêbêla wau. Nanging pêdhang lajêng tumancêb ing trêbêla sakalangkung kêncêng sangêt, ngantos Ilya botên sagêd andudut malih. Sambatipun Ilya: o, kakang, pêdhangmu iki tumrape aku kabotên. Aku ora bisa ngangkat manèh.

Swatogor: o, adhiku, dhi. Aku ora maido, yèn kowe ora bisa ngangkat pêdhangku, awit pêdhang iki pancèn mung kanggo aku dhewe, mulane iya ora ana titahing Pangeran kang bisa nganggo pêdhangku iki. Nanging raimu saiki papakna ing bolongan sêla-sêlaning papan sipataning cangkêmku iki, supaya napasku bisa lumêbu ing awakmu, kang bisa anjalari kowe bisa kalêbon dayaning kêkuwatanaku.

Ilya miturut punapa pakènipun Swatogor. Sarêng lambenipun kenging hawanipun Swatogor, ing ngriku Ilya ngraos kadosdene kêkiyatanipun Swatogor pindhah dhatêng badanipun sarta angrumaosi bilih mindhak sangêt kêkiyatanipun. Ilya salajêngipun nuntên ngangkat pêdhangipun Swatogor botên patos rêkaos, saha lajêng kapêdhangakên ing tutuping trêbêla. Pamêdhangipun Ilya wau saking rosanipun, dalasan kapalipun Swatogor piyambak kemawon ngantos kagèt sarta badanipun sakojur lajêng andharêdhêg. Ewasamantên tutuping trêbêla botên barang-barang, malah papan tilasipun kenging pêdhang wau, ujug-ujug lajêng wontên wêngkunipun tosan ingkang lajêng ngêndhiti trêbêla wau. Saking adrêngipun Ilya anggènipun nêdya ngluwari Swatogor wau, Ilya botên sumêrêp dhatêng kawontênan ingkang nganèh-anèhi wau. Saking nêpsunipun, dene botên sagêd ngrisak trêbêla, anggèning piyambakipun namak-namakakên pêdhangipun tanpa kèndêl. Swaraning pêdhang ingkang kadhawahakên ing trêbêla punika ngumandhang wontên ing rêdi tuwin wana, nanging trêbêlanipun wêtah kemawon, tanpa wontên tabêtipun punapa-punapa.

Sarêng sampun karaos sayah sangêt, Ilya lajêng kèndêl anggènipun mêdhangi sarta lajêng ningali dhatêng trêbêla. Ing ngriku sawêg kemawon sumêrêp, bilih papan ingkang kataman pêdhang punika lajêng tuwuh wêngkunipun waja ingkang kadosdene ngêrut trêbêla, ingkang anjalari saya kêncêng panutupipun.

Saking salêbêting trêbêla Swatogor bêngok-bêngok makatên:

O, adhiku, dhi, rasane ing jêro kene sumpêg bangêt, jajalên anggonmu mêdhangi trêbêla kuwi ujurna, bokmanawa bisa kalakon rusak.

Ilya nyandhak pêdhangipun satriya rasêksa wau malih sarta lajêng katamakakên dhatêng trêbêla malih, nanging tabêtipun ingkang kapêdhang inggih lajêng mêdal wêngkunipun waja ingkang ngêrut trêbêla wau, nanging samangke pangêrutipun mujur, ingkang anjalari nutupipun trêbêla wau sakalangkung kêncêng. Saking nglêbêting trêbêla, sêsambatipun Swatogor angaru-ara makatên: adhuh, dhi, adhiku, plêpêkên ora bisa ambêgan. Tulungana aku. Raimu athungna manèh ing lompongan trêbêla pênêring cangkêmku iki, supaya kakuwatanku bisa tak liyêrake nyang kowe kabèh, bokmanawa kowe banjur bisa ngluwari aku.

Nanging Ilya lajêng amangsuli makatên: o, kakang, kaya kakang anêksèni dhewe, yèn daya-daya anggonku kêpengin bisa ngluwari kowe, nanging aku ora bisa nuruti kêkarêpanmu sing kèri iki. Kêkuatan sing ana ing aku saiki kiyi kaya-kaya wis nyukupi. Nanging yèn kêkuatanmu kowènèhake kabèh nyang aku, aku samar yèn kaananku banjur kaya kowe kuwi, kakang, ya iku kêpêksa kudu manggon salawase ana ing gunung kramat iki, sarta manèh ingkang kawasa ora marêngake mudhun ana ing praja Ruslan manèh. Anggonku pinaringan kakuwatan, iki supaya aku bisa anjaga nagaraku marang mungsuh kang nêdya ngrusak prajaku, utawa supaya aku bisa angayomi kabèh para golongan ringkih aja nganti disia-sia utawa disawiyah-wiyah marang golongan [golonga...]

--- 1572 ---

[...n] kang ambêg siya. Lan anggonku pinaringan kêkuwatan dening ingkang kuwasa samene iki ora dhinawuhan tapa ana ing gunung kramat kene iki.

Swatogor lajêng awicantên makatên:

O, anggonmu ora mituruti apa pakonku iki, sanyatane pancèn iya bênêr bangêt dhi, awit yèn ambêganku iki tak sêmprotake nyang kowe kabèh, ora wurung kowe mêsthi tumêka ing pati. Kang iku, dhi, kèria slamêt bae, bokmanawa pancèn wis takdiring Pangeran, yèn kudu mangkene iki patiku. Pêdhangku iki ênggonên salawas-lawase, awit ing saindênging jagad iki ora ana pêdhang kang kaya mangkono, mung wêlingku, jaranku tinggalên ana ing kene, sabab ora ana titahing Pangeran kang bisa nunggangi jaranku kiyi. Kajaba saka iku, kaya wis mathuk, saupama jaran iki mati barêng-barêng karo bêndarane. Mulane panjalukku nyang kowe, jaranku cancangên ana ing trêbêla.

Sasampunipun cariyos makatên wau, luhipun Swatogor lajêng daleweran tanpa wontên kèndêlipun, ing wusana nyêdhakêpakên tanganipun saha lajêng ngajal.

Ilya lajêng jèngkèng wontên sangajêngipun trêbêla, nênuwun dhatêng Ingkang Murbèng Kuwasa supados arwahipun Swatogor wau sagêda pinaringan rohmat, saha lajêng nêdya kesah saking ngriku. Nanging sadèrèngipun budhal, Ilya nancang kapalipun Swatogor rumiyin wontên ing trêbêla ngriku, wusana lajêng nyengklak kapalipun, sumêdya wangsul dhatêng Kiyèp, prêlu anglapurakên dhatêng Prabu Wladhimir kawontênanipun ingkang mêntas dipun lampahi wau.

5. Pêrangipun Ilya kalihan Idholice.

Sasampunipun Ilya angsal tilaran saking Swatogor, inggih punika kêkiyatanipun tuwin pêdhangipun, piyambakipun lajêng têtêp kaangkat dados pangagêngipun para prajurit ing saindênging nagari Ruslan, saha kajibah nanggulangi sawarninipun mêngsah, inggih mêngsah ingkang saking sajawining praja, punapadene mêngsah ingkang wontên salêbêting praja, ingkang gadhah sêdya badhe ngrisak katêntrêmaning nagari. Mênggah mêngsah ing salêbêting praja, Ilya sampun wiwit anandhingi, inggih punika kalanipun badhe sowan Prabu Wladhimir ingkang kapisanan, wontên ing margi antawisipun Narasaro dhatêng Kiyèp, sampun sagêd anumpês golongan begal ingkang kawujudakên dening Solowe. Nanging ing samangke Ilya kawajibakên ngawonakên mêngsahing nagari ingkang sakalangkung angèl sangêt, inggih punika icaling têtiyang ingkang sami nyêmbah brahala, mênggah sanyatanipun Prabu Wladhimir sampun ngawisi, ewasamantên mêksa taksih kathah têtiyang ingkang kanthi sidhêman ngrasuk agami makatên wau, malah ing sêmu saya dangu botên saya suda, malah saya ngămbra-ămbra, ngantos botên watawis dangu malih, manawi botên tumuntên lajêng dipun tanggulangi, sagêd ugi adamêl kapitunaning praja.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, bilih satriya ingkang anama Alyasa ugi sampun nyobi angicalakên agami nyêmbah brahala wau, nanging sanadyan ing pambudidayanipun wau, Alyasa ngatingalakên kêkêndêlan lan kaprawiranipun ingkang tanpa upami, ewasamantên agami brahala botên lajêng musna, nanging danguning dangu malah saya ngrêbda. Ing wusana sajakipun ing praja Ruslan badhe saya kathah têtiyang ingkang sami nyêmbah brahala, malah ing sêmu badhe agêng panguwasanipun wontên ing saindênging nagari, rahayunipun dene ing kala punika Ilya lajêng wangsul wontên ing Kiyèp malih, ingkang sanalika lajêng amiwiti mêrangi agami wau, ingkang wusananipun sayêktos sagêd angawonakên.

Pambudidayanipun agami Kristên anggènipunnicali[8] agami nyêmbah brahala wau, ing dêdongengan Rus dipun gambarakên pêrangipun Ilya amêngsah Idholice kalihan wadyabalanipun ingkang ambêk rêsah. Mênggahing Idholice punika kintên-kintên gambaranipun luruh ing dewa ingkang dados sêsêmbahanipun têtiyang băngsa Rus ingkang sami nyêmbah brahala wau. Dene ingkang dipun wastani wadyabala ingkang ambêk rêsah wau, inggih punika para dewa sanès-sanèsipun. Awit nalikanipun băngsa Rus taksih nyêmbah brahala, punika dewa sêsêmbahanipun kathah tuwin warni-warni, kados ta: dewaning têtanèn, dipun namèni Jupalo, dewaning pangupakara kewan: Popos, dewaning angin: Sêtribol, dewaning katrêsnan tuwin dewaning tiyang gêgriya ingkang sae: Ladho, dewaning katêntrêman: Kolyadhah lan sasaminipun. Dewa sadaya wau ing praja Ruslan kala jaman samantên dipun wujudakên mawi rêca. Dene rêca-rêca wau murih sagêdipun dipun ajrihi lan dipun aji-aji yêktos dening para kawulanipun, kawujudakên ingkang ngajrih-ajrihi sangêt. Inggih punika: dipun damêl agêng-agêng sangêt, mawi sirah pintên-pintên, lan warninipun kadamêl anggêgirisi sangêt. Kados ta lurahing para dewa, ingkang dipun namakakên: Perun, punika badanipun ingkang kadamêl kajêng mawi kaukir-ukir, sukunipun tosan, êndhasipun salaka, lan brêngosipun mas, tanganipun anyêpêngi gêlap, ingkang pating pêncorong lan pating pêncorot, jalaran rinêngga-rêngga ing sêsotya warni-warni. Badhe kasambêtan.

--- 185 ---

Nomêr 48, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Pamulangan lan Lare Èstri

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 96

Amargi saking gadhah kapintêran lajêng gumunggung, nyapèlèkakên dhatêng tiyang sêpuh, kirang miturut dhatêng rèh prentahipun, botên purun anglampahi padamêlan kasar, upami: nyapu, masuhi, sapanunggilanipun. Enjing sontên kajêngipun namung badhe wêdhak pupur ngadi busana kemawon. Amargi saking sagêd nyêrat gampil nindakakên padamêlan ingkang kirang patut, upami: kintun-kintunan sêrat kalihan lare jalêr, sapanunggilanipun.

Tiyang ingkang mangrêtos tamtu botên cocog kalihan pamanggih kalih warni kados ingkang kapratelakakên ing nginggil punika, inggih nglêpatakên sangêt dhatêng têtiyang sêpuh ingkang sami botên mrêlokakên anak-anakipun èstri supados sami sêkolah, awit lajêng nama nglirwakakên ayahan, botên anglênggahi kuwajiban sêsanggènipun. Pancèn inggih wontên lare èstri ingkang lajêng isin nindakakên padamêlan kasar amargi rumaos dados lare sêkolahan, lan inggih wontên ugi ingkang awit sagêd nyêrat lajêng nindakakên pandamêl ingkang kirang patut.

Nanging kula sami mangrêtos, wontênipun lêlampahan-lêlampahan ingkang kirang prayogi wau, rak botên margi saking panggèndèngipun panggulawênthah ingkang tinampèn wontên ing pamulangan. Panggulawênthah ingkang ginêlarakên wontên ing pamulangan botên pisan-pisan nênuntun supados para lare sami kêsèt, malah kosokwangsulipun: ngatag supados sami srêgêp nyambut damêl, sanajan padamêlan kasar inggih kêdah dipun lampahi kanthi sênênging manah lan tabêri. Inggih botên pisan-pisan nênuntun supados kasagêdanipun kaanggea nindakakên pandamêl maksiyat ingkang ngrêrisak kasusilaning gêsang, nanging malah nênuntun supados kasagêdan wau kaanggea pirantos murih utamining gêsangipun.

Sêsanggènipun tiyang èstri kathah tur sarwa ruwêt, murih botên kêroncèn kula badhe mêndhêt tuladha satunggal kemawon, inggih punika: ngwontênakên têdha kangge brayatipun.

--- [186] ---

Manawi badhe ngwontênakên têdha, ingkang tamtu tiyang èstri blănja rumiyin, numbasi punapa-punapa ingkang sakintên prêlu, kanthi namtokakên rêrêgènipun pisan. Padamêlan punika cêtha sangêt dede padamêlan ingkang gampil, tăndha yêktinipun: botên kirang tiyang èstri ing sawangsulipun saking pêkên ngraos pêgêl ing manah, jalaran kasupèn botên tumbas punika utawi punika, ingkang pancènipun makatên prêlu sangêt. Trêkadhang pêgêl jalaran anggènipun tumbas, nglangkungi saking rancanganipun nalika taksih wontên ing griya, sêdyanipun namung badhe tumbas 3 sèn, nanging amargi saking kasupên lajêng têtumbas 5 sèn.

Kasupèn utawi klintu, sampun dados watêkipun sadaya tiyang, nanging sanajan makatêna cacad-cacad punika kanthi gampil kenging dipun singkirakên, patrapipun sarana dipun pèngêti. Damêl pèngêtan ingkang titi, botên angèl janji sagêd nyêrat.

Trêkadhang tiyang èstri inggih kapêksa kintun wartos punapa-punapa dhatêng sanak sadhèrèkipun ingkang têbih-têbih. Kadospundi tumindakipun manawi botên sagêd nyêrat piyambak. Badhe kasambêtan.

Murtini.

Cathêtan Olèh-olèh Prasaja

Kalêbêt rêrangkènipun lawuh dhahar, kajawi lalaban, punika limrahipun mawi jangan, tuwin sambêl ulêg. Rêrangkèn wau sok kalarasakên kalihan wêkdalipun, upami dhahar ing wanci siyang utawi măngsa bêntèr, janganipun ingkang bêning-bêningan, manawi dhahar dalu utawi ing măngsa asrêp, janganipun ingkang kênthêl-kênthêlan, makatên sasaminipun. Lan malih sambêlipun ugi kacundhukakên akalihan kawontênaning janganipun, upami kados ancêr-ancêr ing ngandhap punika.

Jangan loncom

Jangananipun: godhong bayêm, slèdri, sami karajang alit-alit, ceme kairis tinêngkêl-têngkêl. Bumbunipun: brambang, bawang, godhong salam, laos, tempe wayu sapantêsipun, sadaya sami karajang-rajang, sarêm tuwin gêndhis Jawi. Bumbu punika lajêng kacêmplungakên ing panci utawi kuwali ingkang sampun isi toya, lajêng kagodhog, sasampuning umăb, godhong janganan wau tumuntên kacêmplungakên, manawi janganan kintên[9] sampun êmpuk, nama sampun matêng, panci utawi kuwali lajêng kaêntas kaandhapakên.

Sambêl jenggot

Lombok abrit kalih utawi tiga iji, brambang, bawang, tempe wayu (tempe bosok) sapantêsipun, klapa parudan sacêkapipun, kawungkus ing godhong pisang kadadosakên satunggal, lajêng kakukusakên ing dang utawi liwêt, manawi sampun matêng, kaêntas saha lajêng winadhahan ing lèmpèr, dipun wêwahi sarêm kalihan gêndhis Jawi sawatawis, tumuntên kaulêg. Badhe kasambêtan.

M.

--- 187 ---

Sinjang Cakar

Sinjang cakar punika kagolong sêratan latar cêmêng ingkang kêlêm, mila tumraping para anèm botên rêmên. Nanging mênggahing wujud sarwa mantêsi, katingal prasajanipun, mungguh sangêt dipun angge ing priyantun sêpuh, sanadyan dipun anggea taksih babaran pisan, wujudipun botên ngêgètakên.

Sinjang cakar wau sanadyan wujudipun prasaja, nanging golongan dados sêratanipun tiyang ingkang sampun sagêd nyêrat, awit sêratanipun kêdah cêtha tuwin wijang.

Ingkang dipun wastani cêtha tuwin wijang wau mênggahing caking canthing tuwin isèn-isènipun. Caking canthing kêdah ajêg, awit mênggahing sinjang cakar, mèh sêratanipun sadaya kêmbar ing sogan. Dene isèn-isèn, ingkang wujut tembokan tuwin cêcêgipun, punika prêlu ingkang cêtha awijang, awit isèn-isèn wau dados rêrênggan cêtha.

Wêtahing nama, salugunipun cakar wau cakar ayam, awit pêpêthanipun mirid kados cakaring ayam, nanging lajêng kacêkak nama cakar kemawon. Makatên ugi tumraping sinjang, punika namanipun dipun antukakên ingkang mawa kajêng. Upaminipun kados sinjang cakar wau, supados ingkang ngangge sagêda cêcèkèr, kajênging cêcèkèr punika sagêd pados têdha. Pikajêngan makatên wau sampun nama dados têmbung limrah, ingkang raosipun namung kados parikan kemawon, nanging lèrèg dhatêng pamuji. Upaminipun lare nêdha ulam ayam, punika manawi nêdha cakar, tiyang sêpuhipun mungêl: bèn bisa cèkèr-cèkèr. Manawi nêdha êndhas: bèn bisa cucuk-cucuk. Manawi nêdha suwiwi: bèn bisa kêkêbêt. Wosipun sadaya wau dados pamuji sae.

[Grafik]

Dene sinjang cakar wau tumrap tata kêlimrahan Jawi, dados anggèn-anggèning tiyang gadhah damêl mantu, jalêr èstri. Mênggah kajêngipun inggih sairib kemawon, sarèhning tiyang gadhah damêl punika andhatêngakên sanak sadhèrèk kathah, sagêda ingkang sami dhatêng wau kumrutug kados pêpindhaning kuthuk dipun undang ing biyungipun ingkang nuju cèkèr-cèkèr.

Saening sinjang cakar punika manawi wêdêlanipun sêpuh, ing ngriku lajêng katingal ngalelanipun.

--- [188] ---

Bab Sêkar

Botên beda kados ing pundi-pundi, ing tanah Jawi ngriki, sêkar punika inggih dipun aji-aji sangêt. Mênggah sêkar punika peranganing tanêman ingkang sae piyambak. Kathah têtuwuhan ingkang dipun tanêm prêlu kapêndhêt sêkaripun kemawon. Dene ingkang rêmên sêkar punika tiyang èstri. Sêkar punika warni-warni kanggenipun. Tumrapipun têtiyang Jawi manawi nanêm sêkar-sêkaran ingkang dipun rêmêni gandanipun, mênggah warni utawi ulêsing sêkar botên patos dipun wigatosakên. Pamanggih ingkang kados makatên punika gèsèh kalihan pamanggihipun tiyang èstri băngsa Eropah. Tumrapipun băngsa kilenan ingkang dipun rêmêni inggih ulês, inggih gănda. Malah kathah sêsêkaran ingkang dipun tanêm namung dipun angge pajangan, jalaran sae ulêsipun.

Sêkar ingkang dipun rêmêni tiyang Jawi inggih punika sêkar mêlathi, gambir, kênanga, kanthil, rêgulo lan sanès-sanèsipun ingkang anggănda wangi. Sêkar wau dipun angge ing gêlung, dipun lêbêtakên ing rajut utawi kangge cundhuk.

Miturut tatanan jaman kina, sabên malêm Jumuwah lan malêm Anggara Kasih, tiyang èstri punika sêsaji sêkar ing sabên panggenan ing griya, kados ta cakêt lawang, ing pajupat (pojok griya sakawan) ing kobongan, lan ing pasarean. Lan sêkar sataman dipun dèkèk ing bokor mawi toya dipun sandhingakên ing padupan.

Nanawi[10] pinuju wontên pangantèn, ing griya kados dipun soki sêkar, gêlaran palênggahan, sênthong pangantèn sami dipun sêbari sêkar murih asri lan wangi. Makatên ugi toya pasiraman inggih dipun cêmplungi sêkar sêtaman. Pacakaning pangantèn jalêr èstri inggih rinêngga-rêngga sêkar.

Lare èstri ingkang taksih lêgan, botên caranipun cundhuk sêkar, nanging manawi dados pangantèn, lare èstri dipun cundhuki sêkar wangi. Punika mratandhakakên yèn sampun anglênggahi kalênggahan enggal.

Sêkar punika inggih kangge ngiring layon, dene ingkang kangge sêkar kênanga, sêmboja, kanthil.

Tiyang nyêkar dhatêng pasarean punika minăngka sêsaji mêmuji dhatêng lêluhuripun.

Sêkar punika kathah ingkang warninipun sae lan arum gandanipun. Mila asring kangge paribasan: putri endah warninipun, dipun sêbut kusumaning ayu. Turunan ratu dipun sêbut: trahing kusuma.

Kacariyos, Sri Bathara Krêsna punika ngagêm cundhuk sêkar wijayakusuma, ingkang dayanipun sagêd anggêsangakên tiyang pêjah. Amila sêkar punika kenging dipun upamèkakên sambêtaning gêsang. Awit wontênipun woh lan wiji enggal, jalaran saking wontênipun sêkar.

Tiyang manawi nglairakên raos sae lajêng damêl kidung, punapa ingkang dipun sêrat mawi kasêkarakên. Kados kacariyos ing dongèng, manawi wontên satriya linangkung unggul ing ayuda sagêd nêlukakên bêbudèning tiyang ingkang asor, lajêng kêjawahan sêkar mawarni-warni.

Manawi dipun taliti lan dipun padosi, kados taksih panjang lan kathah malih aluranipun mênggah panganggêping tiyang Jawi dhatêng sêkar, nanging samantên kemawon bokmanawi sampun cêkap.

Siti Mariyam.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Babad Giyanti

Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen.v.K.en W.

Sarisakipun karaton Kartasura ingkang jumênêng nata Sinuhun Pakubuwana II lajêng yasa karaton enggal ing dhusun Sala. Nagari kasantunan nama Surakarta Adiningrat. Sang nata dèrèng dangu anggènipun ngadhaton ing Surakarta lajêng pasulayan kalihan ingkang rayi Pangeran Mangkubumi. Wusana anjalari pêrang ngantos pintên-pintên taun, inggih punika pêrangipun wadyabala Surakarta kabiyantu prajurit Kumpêni mêngsah kalihan para prajurit ingkang sami ngrencangi Pangeran Mangkubumi. Pêrangipun gêntos unggul lan gêntos kalindhih, sarta kanthi ngolah-ngalih panggenan. Dangu botên wontên ingkang mênang tuwin ngawon, pungkasanipun ingkang sami mêmêngsahan lajêng bêdhamèn. Miturut bêdhamèn wau nagari kapalih dados kalih bagean. Ingkang sabagean inggih punika nagari Surakarta dados kagunganipun nata ing Surakarta Sinuhun Pakubuwana III, ingkang anggêntosi ingkang rama nalika taksih wontên pêrang, amargi ingkang rama Sinuhun Pakubuwana II seda nalika taksih wontên pêrang wau. Dene ingkang sabagean malih inggih punika nagari Ngayogyakarta dados kagunganipun Pangeran Mangkubumi ingkang lajêng madêg nata jêjuluk Sultan Hamêngkubuwana.

Sanajan botên kapratelakakên, para maos têmtunipun sampun sami priksa, bilih babad Surakarta ingkang katêlah dipun wastani Babad Giyanti punika pantês sarta inggih sampun samêsthinipun dados waosanipun tiyang Jawi. Botên namung tiyang Jawi ing nagari Surakarta lan ing Ngayogyakarta kemawon, nanging para tiyang Jawi ing laladan sanès-sanèsipun inggih prêlu maos babad wau. Awit punika atêgês kangge nyumêrêpi lan ngèngêt-èngêt babading tanahipun piyambak lan atêgês kangge nyumêrêpi lêlampahanipun para lêluhur Jawi ingkang sami tumut andon yuda nglabêti sinuhun ing Surakarta utawi Pangeran Mangkubumi kasêbut ing nginggil wau. Amargi pêpêrangan ingkang kacariyosakên ing babad Giyanti punika jêmbar têbanipun, botên namung ing salêbêtipun laladan nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon, nanging ngloncok dumugi laladan sakiwatêngênipun nagari kalih wau, sarta ingkang sami tumut andon jurit ugi botên ngêmungakên tiyang ing nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon.

Kajawi punika, babad Giyanti punika ugi andongèngi, liripun nyariyosakên pêpêrangan, lêlampahan, lan kawontênan warni-warni, ingkang pantês dipun waos kangge nyênêngakên manah. Jalaran ingkang andhapuk pujăngga agêng ingkang sampun misuwur, inggih punika suwargi Tumênggung Yasadipura, ing Surakarta. Basa tuwin othak-athiking cariyos runtut lan sarwa nêngsêmakên.

Babad Giyanti ingkang kawêdalakên dhatêng Bale Pustaka punika ngantos satamatipun, sarta murih ènthèngipun ingkang sami mundhut, kawêdalakên dados pintên-pintên jilid. Samangke sampun kenging wêling ingkang jilid: 1 -7, a f 0.50.

--- [0] ---

 


Lebih satu suku kata: mundur sarwi sinamur kêmeron ati. (kembali)
sapa. (kembali)
Tanggal: madyarsa slira rata (AJ 1868). Tahun AJ 1868 jatuh antara tanggal Masehi: 13 Maret 1937 sampai dengan 2 Maret 1938. (kembali)
watawis. (kembali)
169. (kembali)
Sèh Maolana Magribi. (kembali)
Swatogor. (kembali)
anggènipun ngicali. (kembali)
kakintên. (kembali)
10 Manawi. (kembali)