Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 64, Rê, Pn, 4 Jumadilakir Ehe 1868, 11 Agustus 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Wanci sontên - Bab sêsakit edaning sêgawon - Aji Côndhabirawa - Kawontênan ing Tiongkok - Ringgit tiyang lampahan: Dewa Ningrat - Kawontênan ing Lubuklinggo - Kabar warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Wanci Sontên

[Grafik]

Sawangan ing pinggir sagantên ing wanci sontên, ing Surabaya.

--- 994 ---

Bab Kasarasan

Bab sêsakit edaning sêgawon (hondsdolheid)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 61

Dr. Lister nyakêti dhatêng Tuwan Pasteur sarta ngandika: kula bingah sangêt dene sagêd têpangan kalihan panjênêngan, satunggiling priyantun ingkang pinunjul makatên, kula mangrêtos, yèn padamêlan tuwin pamanggih panjênêngan punika pancèn lêrês, kula mupakat sangêt kawontênanipun kruma utawi kewan ingkang lêmbat-lêmbat wau sagêd dipun icali utawi dipun sirnakakên sarana dipun godhog utawi dipun sêtum.

Dr. Rossignol kalihan ancik-ancik kursi angandika: Sadhèrèk-sadhèrèk, sadaya ingkang sami kêmpal ing ngriki sampun nêksèni prakawis ingkang wigatos sangêt, kula botên sagêd ngintên-intên, pintên bathinipun tumraping kadhoktêran, Tuwan Pasteur punika botên ngêmungakên kagungan kapintêran ing bab ngèlmu pamisah kemawon ingkang moncèr, malah satunggiling priyantun ingkang pinunjul, sagêd mitulungi lan migunani dhatêng wilujênganing ngakathah.

Dadakan têtiyang ingkang sami ngrubung tontonan draaimolen dhêsêk-dhêsêkan wontên ingkang gêmbor-gêmbor: asu edan, aku dicakot asu edan. Lajêng wontên suwara sênjata, dhul, sêgawon kalengkengan, botên dangu kèndêl pêjah. Wontên ingkang wicantên: enggal gawanên mênyang pandhean. Lajêng katingal tiyang ingkang sakit dipun gotong dhatêng pandhean, ingkang sakit tatunipun dipun bêsmi mawi tosan ingkang mêngangah, ingkang tatu kraos sakit anggêmbor.

Tuwan Pasteur kalihan Dr. Lister mirêngakên panggêmbor wau sami gèdhèg-gèdhèg, ngandika: mêmêlas:

Dr. Lister ngandika: botên wontên dhoktêr ing Eropah ngriki ingkang sagêd mitulungi dhatêng ingkang sakit makatên punika. Tuwan Pasteur manthuk-manthuk, saha matur: menda-menda ingkang sakit sagêd dipun tulungi, punapaa sêgawon ingkang sakit botên sagêd dipun jampèni, kula sadaya kêdah ngupados jampinipun.

Sataun malih, Tuwan Pasteur sampun dêdalêm malih ing Parijs, Annette ingkang sampun nikah (kawin) dados jatukramanipun Tuwan Martel, dipun anggêp kadosdene putra piyambak adêdalêm kêmpal kalihan ingkang rama marasêpuh.

Vaccin Pasteur ingkang sagêd nanggulangi sêsakit miltvuur punika ing Eropah tuwin ing Amerikah sampun kangge suntikan umum dhatêng menda lan lêmbu. Ing wêkdal samantên sêsakit miltvuur sampun kathah sangêt sudanipun.

Tuwan Pasteur ngandika dhatêng Dr. Roux tuwin Dr. Martel: kang luwih ambêbayani lan anggêgirisi iku lêlara edaning asu, aku kabèh wis ngrêti sababe lêlara mau, krumane (wisa) lêlara iki ana ing idu utawa ing ilune asu kang

--- 995 ---

lara kuwe, sanajan aku kabèh ing wêktu iki durung bisa nêtêpake wisane mau, nanging saka tumindaking papriksan lan coban-coban, wis nyata, yèn mêsthi ana wisane kang dadi sabab thukule lêlara mau.

Tuwan Pasteur ngandika dhatêng ingkang garwa: mêngko bêngi dhoktêr kewan têka... anggawa asu kang lara edan....

Tuwan Pasteur katingal sayah sangêt, amargi tigang dintên tigang dalu nyambut damêl mèh botên wontên kèndêlipun, mila piyambakipun inggih ragi lêsu badhe ngaso sare, nanging dèrèng ngantos sagêd ngaso, kadêrêng ngupadosi jampi ingkang kangge nanggulangi sêsakit edaning sêgawon mawi damêl cobèn-cobèn rumiyin.

Ingkang garwa ngaturi kondur dhahar lan kabar sae ingkang damêl bingahipun tiyang sêpuh, têmbungipun: Louis panjênêngan badhe kagungan wayah, Annette anggènipun ngandhêg sampun lèkipun.

Tuwan Pasteur lajêng ngêpak-êpak pundhakipun ingkang garwa, nanging tansah gèdhèg-gèdhèg, anandhakakên botên bingah putranipun ngandhêg wau, awit ing Parijs bab panjagi kasarasan tumrap mitulungi tiyang èstri manak dèrèng majêng, kados ta ing bab panjagi rêsikan dèrèng sae, bab ingkang wigatos dèrèng mangrêtos, dados èstri ingkang manak dipun tulung dhoktêr utawi Vroedvrouw punika taksih mutawatosi.

Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

[Iklan]

--- 996 ---

Raos Jawi

Aji Côndhabirawa

Miturut cariyos ing padhalangan, ingkang anggadhahi aji Côndhabirawa punika pandhita dibya ingkang mumpuni salwiring guna pangawikan, mungkul ing kautaman, anggêntur kasutapanipun padhepokan ing pratapan Ngargabêlah, awarni ditya agung aluhur, apêparab Bagawan Bagaspati, inggih Bagawan Gundha Wijaya. Sanajan Sang Bagawan Bagaspati punika asipat ditya, ewadene labêt saking luhuring bêbudèn saha bantêring kasutapanipun, satêmah sang bagawan kinasihan ing jawata, kadibyanipun adamêl mirising para satru ingkang nêdya gêndhak sikara. Para pandhita sanèsipun sami rêsêp apawong mitran.

Aji Côndhabirawa punika manawi dipun watak sagêd angêdalakên pangabaran awarni ditya alit sakêmbaran, punika lajêng nanggulangi mêngsah ingkang gêndhak sikara. Watêkipun botên purun angrumiyini, tandangipun namung ngêmbari mêngsahipun, têgêsipun: yèn dèrèng dipun wiwiti kèndêl kemawon, yèn tandangipun mêngsah sumêngit, Côndhabirawa inggih sumêngit, yèn mêngsahipun sarèh, Côndhabiwara inggih sarèh tandangipun. Ditya Côndhabirawa punika manawi pêjah satunggal, lajêng dhatêng sadasa, pêjah sadasa dhatêng satus, makatên ing salajêngipun sangsaya wêwah kathahipun, wêwah agêng saha wêwah galakipun, ngantos mêngsahipun kawêkèn, satêmah giris miris, sirna gêmpang tan môngga puliha.

[Grafik]

Radèn Narasoma

Sang bagawan anggadhahi anak èstri satunggal sulistya ing warni, ngasorakên para hapsari ing kadewatan, anama Dèwi Pujawati, punika kagarwa dhatêng Radèn Narasoma, rajaputra ing praja Môndaraka, ingkang ing ngakiripun jumênêng nata ajêjuluk Sri Maharaja Salya. Sang rajaputra sangêt ing asihipun dhatêng sang dèwi, sanajan makatêna, Radèn Narasoma rumaos sangêt lingsêm kagungan marasêpuh ditya, mila sang dèwi lajêng kadhawuhan pinanggih ingkang rama, mundhut pêjah gêsangipun, awit manawi sang bagawan taksih lêstantun gêsang, sang dèwi botên saèstu kapundhut garwa, awit lingsêm sangêt. Dene manawi sang bagawan sampun pêjah

--- 997 ---

lêstantun kapundhut garwa ngantos dumugi ing dêlahan. Sang dèwi rumaos awrat anglampahi karsanipun ingkang raka, labêt saking trêsnanipun dhatêng bapa, mila sapandurat sang dèwi kadya tugu sinukarta, botên ngucap botên sêgu. Nanging sarèhning asihipun dhatêng ingkang raka tanpa pêpindhan agêngipun, mila karsanipun sang rajaputra dipun turuti, lumampah dhatêng pratapan akanthi tawan-tawan tangis, ingkang raka ngênut wingking.

Sarêng sampun ngancik ing pratapan sang dèwi lumêbêt piyambak, sang rajaputra ngêntosi wontên ing jawi, sang dèwi matur kalihan apêgat-pêgat punapa ingkang dados karnipunkarsanipun. sang rajaputra, sang bagawan anuruti, nanging kumêdah pêpanggihan piyambak kalihan Radèn Narasoma, mila Radèn Narasoma kaaturan lumêbêt. Cêkaking cariyos sang bagawan anglêgani karsanipun ingkang putra mantu, saha wiwit kala samantên sang dèwi dipun namakakên Dèwi Sêtyawati, awit saking sêtya tuhunipun dhatêng guru laki ngantos tega dhatêng pêjahing bapa. Sasampunipun makatên sang bagawan lajêng andhawah pêjah tanpa sarana. Sang rajaputra uninga ingkang kados makatên wau botên rêna ing galih, sang bagawan dipun gugah, sarêng sampun gêsang malih dipun pangandikani: bapa, yèn patimu kaya mangkono ora gawe lêganing atiku, karêpku si bapa kudu sirna saka gêgamanku. Sang bagawan botên suwala, lajêng angungalakên dhadhanipun, sang rajaputra narik katga, sang bagawan linarihan butul dumugi ing walikat, nanging botên pêjah, mêdal êrahipun kemawon botên. Sang rajaputra duka, rumaos yèn dipun mêjanani, lajêng angandika sora: si bapa jare wis tega patine. Ya gene têka ora mati, malah mêtu gêtihe satètès bae ora. Mirêng pangandika makatên wau sang bagawan lajêng angêdalakên êrah saking tatunipun.

Badhe kasambêtan.

Ki Darma Prawira. Kêpanjèn - Malang

[Iklan]

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing dintên Ngahad sontên, tanggal 15 Ogustus 1937, wanci ½8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Yasadipura I. ingkang mêdhar sabda Tuwan S. Sastra Suwigya.

--- 998 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Tumêmpuhing wadya Jêpan tansah angsal tandhing dening pananggulangipun wadya Tiongkok, campuhipun sakalangkung rame, tuwin katingal anggèning campuh wau adhêdhasar kaprajuritan.

Ing ngajêng wontên wartos ing bab anggèning Tungco sampun dhawah panguwaos Jêpan, caraning campuhipun, wadya Tiongkok sagêd ngrêbat kitha wau kanthi kasantosan, ugi sami mawi ngajêngakên campuhing wadya gêgana. Salajêngipun wadya gêgana Tiongkok ambucal bom nêmpuh tangsi Jêpan ing Tungco tuwin ing sanès-sanès panggenan. Wadya ingkang dipun tindhihi Jendral Saotèngyu nglêpasi mriyêm dhatêng kitha, golonganing prajurit praja saking Opèi Wetan lajêng anggolong dados satunggal, kanthi adhêdhasar botên niyat badhe pasulayan kalihan bôngsa piyambak. Ing ngriku Jêpan kêraos bilih tandangipun bôngsa Tiongkok ing sapunika beda kalihan ingkang sampun-sampun, katingal malah iyêg yêktos, malah wadya Jêpan kêpêksa angunduri.

Gêlaripun wadya Tiongkok katingal mitadosi. Sumêrêp dhatêng siluk-siluking paprangan, kados ta wadya TiongkTiongkok. mêntas ngrisak krêtêg sêpur ingkang langkung wigatos ing Yangsun, kaprênah lèr kilèn Pèi Ping 48 kilomètêr. Ing kala punika wontên wadya Tiongkok golongan kalih sawêg lumampah badhe ambiyantu wadya praja ing Opèi Wetan, ingkang dipun kêpang dening wadya Jêpan. Mantêping para wadya Tiongkok, sagêd ugi saking kapilut wêdhar sabdanipun Sung Cèh Yuwan, ingkang tumuju dhatêng rakyat Tiongkok, asuraos bilih badhe ambelani praja Tiongkok salaladanipun kanthi ngêtohakên gêsangipun. Mila ing ngriku Sung Cèh Yuwan saya angsal kapitadosan mrika-mriki.

Jêpan sarêng ngraosakên panglawanipun Tiongkok ingkang kados makatên punika, inggih rumaos bilih ing sapunika kawontênaning Tiongkok saya santosa tuwin saya mangrêtos. Mila sêdyanipun Jêpan badhe ngajêngakên wadyanipun nêmpuh wadya Tiongkok golongan 29. Gêlaripun sairib garudha nglayang. Ingkang badhe dados baris suwiwi sisih kiwa sampun sami ngangsêg dhatêng Nan Yowan, mêdal Huwang Cun, dene suwiwi têngên, bidhal dhatêng Pèi Yuwan mêdal Huwang Si.

Sadumugining Suwi Yuwan, wadya Jêpan wau lajêng nunggil dados satunggal, saha lajêng kêjogan wadya mriyêman tuwin wadya gêgana, salajêngipun andhêsêg wadya Tiongkok, ingkang kawêkasanipun wadya Tiongkok sami kèngsêr dhatêng laladan Sangsintin.

Enjingipun wadya Jêpan saya ngangsêg, saya sagêd ngundurakên wadya Tiongkok saking Saocèn, saêlèr Pèi Ping.

Pêpêrangan ingkang kados makatên punika botên sande tamtu saya badhe rêrêmpon, punapa malih tindak têgêlan, tandhanipun sampun wontên wartos [war...]

--- 999 ---

[...tos] bilih Tiongkok badhe ngadani damêl gas mawa racun, ingkang diwasanipun badhe dipun sêbarakên dhatêng para wadya parentah pusêr. Manawi kalampahan makatên, botên sande Jêpan tamtu inggih badhe nindakakên piwalês ingkang sairib kados makatêtên.makatên. Dados saya cêtha badhe tinêbihan ing karukunan.

Mirid ing bab anggèning rêbat-rinêbat nagari, sampun kenging kangge pasaksèn ing bab babaging tandhing. Kados ing bab anggèning Langpang dhawah panguwaos Jêpan, botên gantalan dintên kenging dipun rêbat ing wadya Tiongkok malih, kanthi campuh ingkang sakalangkung rame, ing ngriku wadya Tiongkok sarêng sampun sagêd ngrêbat Langpang lajêng ngangsêg mangidul urut margi sêpur, sagêd ngrêbati sêtatsiun-sêtatsiun ingkang sampun dhawah ing mêngsah. Kajawi punika tumrap wadya Tiongkok langkung migatosakên dhatêng wontêning margi-margi sêpur, awit margi punika pancèn dados kawigatosan ingatasing paprangan. Ewasamantên tumraping Jêpan inggih botên kawêkèn anggènipun pados margi sanès.

[Iklan]

Ing sêmu pêpêrangan punika saya katingal dipun wigatosakên dening Jendral Syang Kai Sèk, inggih punika ingkang dados pangajênging parentah pusêr, lajêng dhadhuhdhawuh. dhatêng para senapatining prajurit, supados sami tumandang nanggulangi tandangipun Jêpan, kajawi punika ugi dhawuh dhatêng Sung Cèh Yuwan, supados botên mituruti panêdhanipun Jêpan.

Miturut wartos ingkang kantun, Jêpan katingal krodha yêktos, nêdya ngêkahi kitha-kitha ingkang sampun dipun kuwaosi. Saking rosaning pabarisanipun anggèning badhe ngrêbat malih, ngantos dipun cariyosakên bilih Langpang, Pèng Tai, Nan Yuwan tuwin Tungco badhe karêbat Jêpan malih.

Ringgit Tiyang Lanpahan :Lampahan. Dewaningrat, Paring Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 63.

Adêgan 4: Gêndhing Bendrongan.

Prabu Dewasrani kaadhêp para punggawa, ginêm karaharjaning nagari, sarta ingkang ibu Dèwi Dewaningrat anggèning kalaksanan kagarwa Radyan Janaka, kasaru praptaning Sêmar, Garèng, Petruk, anantang kinèn têluk mring bêndaranipun.

--- 1000 ---

Adêgan 5: ing alun-alun.

Pêrangipun Prabu Dewasrani kalihan Radyan Brataasmara, Prabu Dewasrani kasoran, nungkul. Gya kautus mring Madukara mundhut Dèwi Dewaningrat arsa kagarwa.

[Grafik]

Adêgan 3: Dèwi Wara Srikandhi nangisi Dèwi Wara Sumbadra ingkang sampun kablejedan pangagêmanipun.

Adêgan 6: ayak-ayakan.

Ing Madukara: Radyan Janaka lênggah lan Dèwi Dewaningrat, kaadhêp êmban, Dèwi Dewaningrat matur, punapa botên gêtun tinilar Wara Sumbadra tuwin Wara Srikandhi. Sasampuning kawangsulan, gya lêlangên. Êmban kinèn têtêmbangan, êmban ingkang satunggal dolanan lagu jambe thukul, satunggalipun lagu jinêman. Gya kasaru praptanya Prabu Dewasrani, matur kautus Radyan Bratakusuma lan Radyan Brataasmara mundhut Dèwi Dewaningrat, Radyan Janaka tan suka, gya mêdal ing jawi.

Adêgan 7: srêpêgan.

Radyan Bratakusuma, Radyan Brataasmara pêrang kalihan Radyan Janaka. Radyan Janaka kawon, tinututan.

Adêgan 8: srêpêgan.

Ing gêgana Prabu Krêsna milang-miling mulat ari Radyan Janaka kasor ing prang, gya tumurun ingkang rayi pipanagakên,pinapagakên. dinangu darunanya, Radyan Janaka matur purwa madya wasana sarta nyuwun biyantu, Sri Krêsna paring pitêdah, mêngsah aywa linawan ing prang, nanging kangungruma.

Adêgan 9: srêpêgan.

Ing pabaratan: Radyan Bratakusuma tuwin Radyan Brataasmara anggung sêsumbar, Radyan Janaka prapta sarwi ngura gita (pangkur dhudha kasmaran 1 pada, pangkur paripurna 1 pada), bambang kêkalih luluh panggalihnya, satêmah badhar dadya Dèwi Wara Sumbadra lan Dèwi Wara Srikandhi. Katungka praptanya Sri Krêsna, sajarwa mring rayi Radyan Janaka, bilih Dèwi Dewaningrat sajatinya Bathari Durga. Radyan Janaka dhawuh mring parêpat tiga, kinèn nundhung Dèwi Dewaningrat.

Adêgan 10: ayak-ayakan.

Dèwi Dewaningrat kaadhêp êmban, ngarsa-arsa mring raka Radyan Janaka, katungka praptanya parêpat tiga, Dèwi Dewaningrat pinurih linggar, tan arsa, gya rinoda pêksa, Dèwi Dewaningrat anggêgana angrik badhar sajatinya Bathari Durga. Katungka Sri Krêsna, Radyan Janaka, Dèwi Wara Sumbadra tuwin Dèwi Wara Srikandhi, samya suka-parisuka. Tamat.

R. Sasrasumarta.

--- 1001 ---

Blilu Tau

Anggitane: Wirya Wiharja, sambêtipun Kajawèn nomêr 63

[Asmaradana]

wose kudu simpên dhuwit / aja dhêmên ropyan-ropyan / yèn kêpatuh nusahake / kabèh iku elingana / aja kurang wêweka / aja mung didoli blilu / amblalo tanpa gagasan //

coba wiwit sesuk kuwi / kowe nindakna bakulan / aku sing mratikêlake / dodol saoto sing gampang / sadhela rak wis bisa / Wana Sêtika mung manut / ing sêmu katara bungah //

esuke wis diwiwiti / Si Wana sida dodolan / sadhela bae wis manggon / pêpayone ya lumayan / êmbokne wis pracaya / mung kari athênguk-thênguk / ngulatake saka ngomah //

kaanan ing donya iki / adhakan sok ora lana / jalarane ana bae / nuju sawijining dina / Wana gone dodolan / uwis suwe ora mêtu / jalaran êmbokne lara /

Wana Sêtika prihatin / ketang trêsna ing wong tuwa / ora kurang sêtiyare / ngundang dhukun kana-kana / diêkon awèh tômba / jamu sakathahing jamu / ora ana sing tumama //

sing lara saya matiri / cêkake waswis. sida ajal / pêpasthène mung samono / Si Wana kêrônta-rônta / kapêgatan katrêsnan / sawise layon dikubur / Si Wana rumasa lola //

bangêt anggone prihatin / wis ora bisa dodolan / jalaran dhuwite êntèk / arêp nyambutgawe liya / rumasa ora bisa / apa-apa durung tau / kajabane mung dodolan //

sajêrone mikir-mikir / Wana wêruh ana gombal / sumlêmpit galaring ambèn / ketoke nyêpêti mata / mula arêp dibuwang / wasana barêng dijupuk / Si Wana kagèt sauwat //

sing dikira gombal kuwi / jêbul kanthong uwis kaplak / nanging isi dhuwit akèh / Wana Sêtika kèlingan / dhèk bokne durung ajal / kanthong sing wis plok iku /Kurang satu suku kata: kanthong sing wis koplok iku. karo bokne ora pisah //

Si Wana sangsaya ngrêti / yèn uwong duwe celengan / ora cêpak pakewuhe / cêkake saiki Wana / uwis bisa dodolan / malah sangsaya sêmpulur / Wana ênom wis kêpenak //

21 Têtêmon lan Pêpisahan

kambi dak sambi dodolan, kaku kidhung dak tekadi

Sinom

cêkake Wana Sêtika / wis mapan olèhe urip / saiki salin salaga / ora idêr kaya sing wis / mung bukak warung cilik / dumunung ing pinggir lurung / dodolane ya pêpak / ora ketang sithik-sithik / suwe-suwe dadi saèmpêr rèsturan //

saiki Wana Sêtika / wis kêna disêbut sugih / ananging isih kuciwa / jalaran isih prihatin / dene sing dadi ati / iya sing ana Songbanyu / susahe kaya apa / anggagas lungane kuwi / lan apa ta isih padha kêslamêtan //

nuju sawijing dina / ing warung pinuju sêpi / Si Wana lagi anggagas / gone arêp tilik malih /mulih. krungu suwara lirih / Si Wana kagèt anjumbul / banjur mêtu grawalan / akanthi bêbêging ati / mêthukake dhayohe sing lagi têka //

Badhe kasambêtan.

--- 1002 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Kawontênan ing Lubuklinggo

I

Garèng : Mulane wong kuwi aja sok kumalungkung, dupèh wis nganggo pantalon, krahe dhobêl ngadêg, dhèsine nglawèr, kathik sêpatune kiyèt-kiyèt, sajak durung dibayar kae, wah, anggêpe banjur kaya kangjêng tuwan kontoleyur. Malah nèk ana Walônda, anggone ngomong Jawa digawe kaku, kuwatir nèk ora diarani Lônda. Ambok eling, kanggone wong Jawa mangganggo cara Walônda kuwi, ing sarèhne pawakane cilik, bêgja-bêgjane rak mung diarani: kaya sinyo... Rêbo.

Petruk : Wis, wis, Kang Garèng, ana kok banjur mêlèh-mêlèhake sing iya-iya mangkono. Aja sok maido nyang wong kang nêdya ambudidaya marang undhake drajate, Kang Garèng. Wong nganggo pantalon, banjur digagah-gagahake, dibrêgas-brêgasake, dilandak-landakake, kuwi karêpe rak supaya olèh pangaji-aji. Apa manèh ana ing Batawi kene, Kang Garèng, yèn kowe manganggo cara Walônda, sanajan rupamu kaya wong ilang, nganti pangling ... sing momong, lho, kuwi kowe nyengklaka: motor, opêlèt, tutawautawa. dhilman, si supir utawa kusir bisane mung muni: yah, tuwan, utawa: baik, tuwan, nanging yèn kowe isih manganggo cara Jawa, sanajan rumasamu wis brêgas kaya... ndara dana, yèn kowe arêp nunggang motor utawi dhilman, gampang anggone bakal diwangsuli: mau kasih brapah, mas. Hara, apa atine ora banjur mak pêngkêrêt bae.

Garèng : Iki salahe bangsane dhewe, Truk, awit anggêre pangkate rada mêthangkring sêthithik, blanjane rada ombèr sawatara, apa manèh rada bisa: nat-nit, nurlêg-nurlêg, ngono kae, iya banjur nganggo cara Nyo Wèlêm. Mulane wong-wong bôngsa liya, anggêre wêruh wong Jawa sing isih ngugêmi panganggone dhewe, iya ngarani: wong Jawa bôngsa karo têngah sèn loro, karêpe: wong Jawa bôngsa asor. Darajate mung: mas, bae. Jajal, wong Jawa sing padha gagah-gagah, sing pangkate mêthongkrong, blanjane sagrobag, padha krêsa ngagêm cara Jawa, tak tanggung, Truk, drajate bôngsa Jawa mêsthi banjur: kêthèpèl-kêthèpèl, tumuli têkan usuk, awit ing Batawi kuwi akèh wong Jawa sing pangkate rada: mangkruk-mangkruk.

Petruk : Wayah, Kang Garèng, prakara panganggo iki ora kêna dipadu, awit panêmune

--- 1003 ---

uwong kuwi mêsthi beda-beda, mêngko rêmbuge mundhak saya rete-rete bangêt. Saiki aku tak ambanjurake caritaku ing bab kaanane kaum kolonis sing kanggo Lubuklinggo kuwi.

Kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, samêdhune saka sêpur wong-wong kolonis padha diunggahake ing oto bis, nganti pirang-pirang jinah oto bis, Kang Garèng. Hla, saiki aku tak nyaritakake sathithik mungguhing awakku. Kala samono barênganaku, kajaba kaum kolonis, ana antênar Walônda lima, yaiku: kontrolir pangrèh praja ing Lubuklinggo, kontrolir sing saka Batawi loro, kontrolir panggêdhene kolonisasi, lan ana kontrolir siji manèh sing kuwajiban ngurus kolonis. Dhoktêre siji. Kajaba iku, ana sawatara antênar-antênar bangsane dhewe, nanging panganggone grès cara Lônda, Kang Garèng, mung bae lêngênane ana kluwêr-kluwêre, lan padha ngagêm pèt, ana lètêr W. ne sarêmpèyèk-sarêmpèyèk. Antarane antênar-antênar mau, ana sing disêbut: tuwan pangeran, lan uga ana sing disêbut: tuwan dhepati.

Garèng : Wèh, sêmune pangkat-pangkat iki, nèk ditêmokake karo pangkat-pangkat ing tanah Jawa, bisa cêki, Truk, sabab, tuwan dhepati kuwi mêsthine nèk ana ing tanah Jawa: kangjêng adipati, dene: tuwan pangeran, mêsthine iya: kangjêng pangeran.

Petruk : Ing sakawit mula iya tak arani cara kowahe, kêna kanggo cêki karo pangkat-pangkat ing tanah Jawa. Mulane barêng aku liwat ana ing ngarsane, anggonku ngèrèki iya kanthi andhap-asor bangêt kae. Nanging barêng kanane mung manthuk sêthithik sajak nganggêp aku iki sêmut gatêl bae, batinku iya banjur: pring.

[Grafik]

Garèng : Hla, kuwi nèk Petruk, sok enggal mêtu bêngkauke, dupèh kanane kurang urmat, banjur sajak arêp ora mrêduli. Ora, Truk, mungguh sêbutan tuwan pangeran, utawa dhepati: kuwi nèk cara kabangsane apa.

Petruk : Jan-jane mono pangkate kuwi diarani: pasirah, yèn wis akèh labuhe nyang nagara, lan wis lawas dhinêse, lan wis warêg didukani kangjêng tuwan kontrolir, banjur kaparingan titêl: dhepati. Dene yèn wis suwe manèh, sarta kêtrima, banjur olèh titêl: pangeran.

Garèng : Mêngko sik, mêngko sik, Truk, ana kok banjur ngathir têrus-têrusan anggone ngomong, aku wènèhana katêrangan dhisik

--- 1004 ---

pasirah iki bangsane apa, apa tunggale karo: pajêg sirah.

Petruk : Hara, kok banjur cênanangan mêngkono omonge, pajêg sirah kuwi rak bangsane urunane wong cilik nyang nagara, balik, pasirah kuwi pangkat, Kang Garèng. Saupama pangkat Jawa anaa pangkat pasirah iki, kêna diarani: wêdananing glondhong. Amrih têrange, Kang Garèng, mêngkene: Kowe rak wêruh ta, pranatane paprentahan desa ing jaman biyèn, kala samono peranganing desa kuwi kêna diwijang-wijang mangkene upamane: padhukuhan, kalurahan, lan paglondhongan, nèk cara Banyumas utawa Bagêlèn, diarani: pênatusan. Padhukuhan dikêpalani dening: bêkêl. Kumpuling padhukuhan sawatara, dijênêngi: kalurahan, dikêpalani dening lurah. Dene kumpule kalurahan sawatara didadèkake siji, dijênêngi paglondhongan utawa panatusan, sarta dilurahi dening glondhong utawa pênatus. Hla, kumpuling panatusan sawatara didadèkake siji, kuwi nèk cara tanah Palembang kêna diarani: marga. Hla, sing manggêdhèni marga iki kang diarani: pasirah. Ing sarèhne nglurahi glondhong utawa pênatus sawatara, mulane ing ngarêp banjur tak arani: wêdananing glondhong mau.

Garèng : Mêngko sik, Truk, aku tak takon dhisik, nèk mêngkono pangkat pasirah kuwi iya rada priyayi gêdhe, pangkat iki apa iya dibênum kaya: ndara dana-ndara dana kae, lan bêlanjane kabare pira, Truk.

Petruk : Bab kalungguhane pangkat pasirah, kêna diarani: raja cilik-cilikan, Kang Garèng, malah anduwèni bangsaning: patih barang, ya kuwi sing disêbut pêmbarab.

Garèng : Iki gênah-gênahe nèk cara Jawa mono: pêmbarêb, yaiku: anak sing tuwa dhewe, dadi tumrape ing desa iya banjur dianggêp: têtuwane utawa: pangarêpe wong-wong kabèh. Pantêse: pêmbarap iki, yèn bêndara pasirah kabênêr lagi tindakan, iya dhèwèke kuwi sing makili.

Petruk : Bênêr, Kang Garèng, bênêr, mulane mau tak arani bangsaning patih, sabab ora beda karo patih sok makili bupati, pêmbarab mau iya sok makili pasirah. Dene dadine pasirah mau, caranasarana. pilihan, dadi ora beda karo lurah. Sauwise lagi nômpa bêsêlit saka pamarentah. Pangkat pasirah iki, anjupuk kandhidhat wong sing pêng-pêngên, darah, lan sing akèh lêlabuhe marang nagara. Tur pangkat iki iya turun-maturun nyang anak putu, Kang Garèng, mungguh blanjane, iki anjupuk saka prêsenaning pajêg para bawahane.

Garèng : Wèh, aturane mono mèh padha bae karo lurah ing tanah Jawa kene, mung bae pasirah iki, kêna diarani: lurah... ningrat.

Petruk : Lan panguwasane mula iya gêdhe têmênan, Kang Garèng, nanging bab iki samene bae. Saiki tak banjurake caritaku ngarêp.

--- 1005 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrta-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

[Grafik]

Angsal Bintang Tanjung (Ridder M.W.O) sampun 35 taun. Inginggil punika gambaripun Kopral Djawikromo punapadene bojonipun, nêmbe-nêmbe punika dipun paargya dening para pangagêng militèr ing Bêtawi anggèning angsal Bintang Tanjung laminipun sampun 35 taun.

Grobag motor lan sêpur sami pêrang tandhing. Dèrèng dangu punika ing haltê Cibangkong (Priangan) wontên grobag motor tumbukan kalihan sêpur, jalaran pun sopir botên sumêrêp bilih wontên sêpur dhatêng. Motoripun ing perangan ngajêng risak babar pisan, sopiripun nandhang tatu sawatawis.

Prijs f 10.000.- dhawah Pêkalongan. Wontên wartos, lotêrij arta ingkang mêntas kagêbag punika, ingkang f 10.000.- dhawah Pêkalongan. Ingkang tumbas Nyonyah Khoe Han Kie ¼, tuwan Khouw Phie Gong ¼, saprapat malih dipun tumbas bangsa Tionghoa ing Wiradesa, dene ingkang saprapat malih dèrèng kasumêrêpan.

Rêdi Cêrme kangge kêkudhung. Ing dhusun Karikolot, Kalitêngah, Kêdawong, Heuleut tuwin Trusmi, sami bawah Cirêbon, wontên têtiyang sami dipun padosi ing pulisi, jalaran nyêbar wartos lalawarolalawora. ing bab kawontênanipun Rêdi Cêrme, saha salajêngipun têtiyang wau gadhah tindak ngapusi, sarana wilujêngan tuwin danadriyah.

Wartos pambobotdalêm Rajaputri Juliana. Miturut wartos ingkang dumugi ing tanah ngriki, kintên-kintên benjing wêkasaning wulan December utawi langkung sakêdhik, Rajaputri Juliana ambabar.

Bab tanêman kapas. Ingajêng sampun kawartosakên wontên bangsa Jêpan ahli tanêman kapas dhatêng ing tanah ngriki, pêrlu nyatakakên bab punika. Miturut katrangan saking tamu wau, bab tanêman kapas punika pancèn angèl, tumrap tanah ngriki ingkang dipun garap sae namung ing pasitèn têlês. Umumipun kêbon-kêbon kapas ing tanah ngriki, sanadyan pasitènipun subur, pinanggihipun dèrèng sae tinimbang sanès-sanès nagari.

Pindhahan saha têtêpan patih. R. Dradjat Soerohadisoebroto, patih ing Bojonêgoro, pindhah dhatêng Nganjuk. M. Notoprawiro, patih ing Mojokêrto, pindhah dhatêng Bojonêgoro. R. Prijambada, wêdana ing Papar, dados patih ing Mojokêrto.

Lampah-lampah tindakdalêm K.T. Ingkang Wicaksana wontên Surakarta. Miturut wartos, tindakdalêm K.T. Ingkang Wicaksana ing tanggal 22 Sèptèmbêr ngajêng punika. Sarawuhdalêm ing Sêmarang dipun papag utusan saking Surakarta, B.K.P. Hangabèi, tuwin utusan saking Ngayogya, B.P.A. Mangoenkoesoemo, salajêngipun utusan wau andhèrèkakên têdhakdalêm dhatêng tanah Karajan Jawi. Têdhakdalêm mangagêm pêthak, nitih sêpur N.I.S. mirunggan. Sarawuhdalêm ing Surakarta, sasampuning dhahar ing dalêm gupêrnuran, lajêng dhatêng griya sakit Zending ing Jèbrès. Dintên ingkang kaping kalih têdhak dhatêng Ziekenzorg tuwin salah satunggiling Batikkerij. Tanggal 24 têdhak Ngayogya.

Hotèl dipun angge sanatorium. Wontên wartos, Badhotèl Sanggariti, kaprênah sanginggilipun Batu, Malang, ing sapunika sampun dhawah ing panguwaosipun S.C.V.T. Hotèl wau lajêng badhe dipun ewahi dados sanatorium.

Pabrik gêlas ing Padang. Kala dintên Kêmis kêpêngkêr, atas namaning I.M.I.W. ingkang dipun sarirani dening burgemeester, sampun kalampahan ambikak pabrik gêlas ing Padang. Kathah sangêt ingkang migatosakên sami anjênêngi.

Ngubur mayit pêtêng. Ing tatananing papriksan mayit ing Garut taksih têtêp tumindak. Nanging tumrapipun têtiyang ing laladan ngriku kathah ingkang botên ngèstokakên. Malah kêlampahan mêntas wontên tiyang 19 sami kapriksa ing Landgerecht jalaran ngubur mayit botên lapor dhatêng ingkang wajib. Mayit kados makatên punika dipun wastani pêtêng.

Pamulangan luhur pangadilan. Lulus candidaatsexamen kapisan, tuwan Moestapa Ardipradja. Lulus doctoraalexamen perangan katiga, Tuwan-tuwan M. Ali Boedihardjo tuwin F. Doornik.

Kêkirangan kênthang ing Surabaya. Ing wêkdal punika wontênipun kênthang saya kirang, tumrap bangsa Eropa ing Surabaya kathah ingkang nyuda panganggenipun kênthang.

Pacobèn papan paboyongan. Wontên wartos, sampun sawatawis dintên wontên golongan-golongan kulawarga kabidhalakên dhatêng Sawito sapalih, dhatêng Polewali sapalih, sami pasisiripun Sêlêbês sisih kilèn, saêlèr Pare-pare. Têtiyang wau kangge cobèn-cobèn ngawontênakên papan paboyongan. Bab wontêning irrigatie ing laladan Sawito dipun saèni kangge noyani pasitèn ing paboyongan ngriku. Sawito dumugi Polewali punika antawis 100 km; inggih ing pasitèn antawising papan panggenan wau ingkang sae kangge têtanèn. Ing sakawit badhe dipun tanêmi palawija saking pambiyantunipun Parentah, kajawi punika lajêng anggarap sabin.

--- 1006 ---

Darma saking Rajaputri Juliana. Kala pikramèndalêm Rajaputri Juliana tampi arta saking Bond van Inheemsche Gepensionneerde Militairen. Ing bab punika awit saking kaparêngdalêm Rajaputri Juliana arta wau kadarmakakên dhatêng Stichting Smeroefonds.

Tram ing Bêtawi. Ingajêng B.V.M. (Tram ing Bêtawi) gadhah atur badhe masang ril rangkêp ingkang nglangkungi Pasar Sênèn. Bab punika botên dipun condhongi dening para among dagang ingriku, saha lajêng gadhah atur dhatêng ingkang wajib. Miturut wartos ingkang kantun, panyuwunipun B.V.M. wau botên kaparêngakên.

Nanggulangi bêbaya saking gêgana tumrap Surakarta. Pêpatihdalêm ing Surakarta ngajêngakên usul dhatêng Bale Agung ingkang sampun dipun sayogyani dening gupêrnur, supados ngawontênakên rantaman f 2000.- ing taun 1938, kangge waragad nanggulangi bêbaya saking gêgana. Usul bab punika dipun duwa Bale Agung.

Pasar malêm ing Kudus. Benjing tanggal 30 Augustus dumugi tanggal 12 Sèptèmbêr ngajêng punika ing Kudus kawontênakên pasar malêm. Angsal-angsalanipun sadaya badhe kangge darma ngamal sadaya, kados ta Asib, paguron tuwin sanès-sanèsipun. Adêging pasar malêm manggèn ing pasitènipun Tuwan Nitisêmita.

Congrès P.P.K.I. Miturut wartos, congrès P.P.K.I. ingkang kaping XIII ing taun ngajêng badhe manggèn ing Magêlang.

Sinau jogèd Surakarta. Mr. Nataraj Vashi, ingkang sampun sawatawis dangu wontên tanah ngriki, ing sapunika wontên Surakarta, sinau jogèd Jawi Surakarta. Sinaunipun wontên Prabuwinatan. Kosokwangsulipun ugi ngajari jogèd Indhu dhatêng para bêndara. Sasampunipun punika lajêng badhe sinau jogèd Bali. Salajêngipun sawêg wangsul dhatêng Indhu.

Arta kêrtas palsu. Sampun sawatawis dintên gêdhong arta nagari ing Bêtawi nampèni arta kêrtas palsu rêgi f 10.- ciri HS 05264.

Ngèstrèni dhatêng Bali. Kawartosakên, Pangeran Paribatra ingkang nuju wontên Surabaya, salajêngipun badhe tindak dhatêng Bali, angèstrèni congrès Java-Instituut.

Rêgining wos mindhak. Miturut pèngêtan, wiwit wulan Januari kêpêngkêr, rêrêgèning wos ing tanah Jawi mandhap, dumugining Fèbruari saya mandhap. Nanging sarêng wulan Maart wiwit mindhak. Wontênipun makatên, amargi wiwit tanggal 1 April tumrap Sumatra sampun ambêtahakên wos saking tanah Jawi. Rêrêgèning wos Siam botên ajêg, mandhap minggah.

Sêsakit rajakaya ing Cirêbon. Sêsakit rajakaya ing Cirêbon sampun sirêp saking dayaning suntik. Ing salêbêtipun tigang wulan, rajakaya ingkang kasuntik wontên 15.000.

Kasangsaran motor mabur. Sampun sawatawis dintên Tuwan K.C. Schutt jr. numpak motor mabur nginggahi rêdi Cêrme, mantukipun kêpêtêngan. Sarêng mandhap wontên antawising Purwokêrto tuwin Kêsambi, motoripun kêbêsmi, Nyonyah Weber ingkang tumut numpak wontên ingriku, tiwas, jalaran kêbêsmi.

Punggawa pagantosan ingkang wachtgeld. Tilas punggawa pagantosan ingkang wachtgeld sampun wiwit wontên ingkang katêtêpakên malih, manggèn ing tanah Sabrang.

Pindhahan pangarsa Landraad. Mr. R. Soerjotjokro, pangarsa landraad miji ing Situbondo, têtêp dados pangarsa landraad ing Situbondo. Mr. Soekardono, pangarsa Landraad ing Situbondo, kapindhah dados pangarsa Landraad ing Kandangan tuwin Amuntai, Borneo.

Pabrik topèng gas. Miturut wartos, Fateru inggih punika: Fabriek van Technische Rubberwaren, ingkang nyambutdamêl sêsarêngan kalihan Mecaf (Metalen capsules Fabriek) sami ing Bandung, kanthi pambiyantuning panggaotan dagang agêng ingkang badhe nyade, kêlampahan sampun ngêdêgakên pabrik topèng gas, kangge kabêtahaning ngakathah. Ing sapunika sampun kathah ingkang mêling, rêginipun satunggal namung f 5.-.

Anjagi kawilujênganing pêksi. Ing Pulo Middelburg, kaprênah ing Sunglon Bêtawi, sabên mangsa makatên punika kathah pêksi ingkang dhatêng nusuh, nanging kêrêp dipun ganggudamêl dening juru misaya ulam, kapêndhêt tigan tuwin anakipun. Ing sapunika pulo wau dipun jagi ing pulisi, supados sampun wontên tindak kados makatên, amargi pulo wau badhe kangge papan ingkang dipun rêksa.

Arta kêrtas palsu. Nalika dintên Ngahad ingkang kapêngkêr, sèp sêtasiun Sênèn (Bêtawi) lapur dhatêng pulisi, bilih piyambakipun nampi arta kêrtas f 10.- palsu, saking satunggaling tiyang siti. Emanipun dene tiyang wau sampun botên wontên, sarta angèl dipun titik.

Nrajang karang. Sampun sawatawis dintên, kapal Pijnacker Hordijk, gadhahanipun K.P.M. nalika langkung Tanjung Sêsêlatan, sacêlakipun Halmaheira, Têrnate, ingkang nuju mlampah rikat, lampahipun nrajang karang. Awak-awakaning kapal ingkang saprapat kêjêpit karang. Kakiyataning kapal piyambak sampun botên mitulungi. Ingriku lajêng katindakakên pitulungan warni-warni ngêlongi momotan tuwin mompa toya. Sêrat-sêrat post lajêng kapêndhêt dening kapal Nora. Ngantos sawatawis dintên, kapal wau sawêg sagêd uwal, botên borot.

Nederlandsch Nieuw-Guinea Petroleum Maatschappij. Wêwakiling Nederlandsch Nieuw-Guinea Petroleum Maatschappij, Tuwan Boekenoogen sampun wangsul saking Nieuw-Guinea dhatêng Europa. Papriksan ing bab siti ing Vogelkop sampun rampung, papaning nyambutdamêl lajêng kapindhah dhatêng Nieuw-Guinea Tengah tuwin Kidul. Panggambaripun saking gêgana kangge gambar kar sampun mèh rampung. Kintên-kintên ing wêkasaning taun 1937 sampun wiwit ngêbur. Punggawanipun bangsa Eropa dipun indhaki kathah, saha sampun kathah ingkang dumugi ing Babo.

NAGARI WALANDI

Angsal-angsalaning arta ing jamboree. Ing tanggal 4 Augustus punika angsal-angsalaning arta ing jamboree wontên f 80.000.-, sami saking têtiyang ingkang ningali jamboree. Sabên dintên angsal-angsalaning arta kawadhahan ing kanthong agêng kabêkta dhatêng hoofdkwartier.

Tentoonstelling dunya ing taun 1938. Parentah nagari Walandi sampun nampèni prasabên ing bab badhe wontênipun Tentoonstelling dunya ing taun 1938 ing New York. Bab punika tumrap nagari Walandi dalah laladanipun sadaya anayogyani.

AFRIKA

Kasangsaran ing Afrika. Sampun sawatawis dintên wontên motor mabur Junkers dhawah nalika nuju mlampah dhatêng Afrika Kidul. Têtiyang ingkang kasangsaran sami angsal pitulungan têdha sarana dipun uncalakên saking motor mabur militèr Inggris. Nyarêngi punika wontên golongan lêlampah sagêd mitulungi ingkang sami kasangsaran wau.

EUROPA

Ajar-ajaran pêrang ing mangsa bêntèr. Ing mangsa bêntèr punika wadya Italie badhe ngawontênakên ajar-ajaran pêrang wontên Udine, Italie sisih lèr. Ingriku badhe dipun jênêngi dening utusan militèr saking Jerman, Hongariye, Oostenrijk tuwin Zwitserland.

--- 1007 ---

Wêwaosan

Kramanipun Prabu Wladhimir

2

Andadèkake bungahing atiku, aku ngrungu wartane sang putri iki. Saiki aku nêdya takon marang kowe kabèh, he, para pangeran, mantri bupati, apadene para prajurit. Sapa kira-kirane sing pantês tak utus sowan marang nata ing Litowên mau, prêlu anglamar Dèwi Aprasiyah.

Sadaya sami kèndêl, awit botên wontên ingkang purun ngaturi timbangan dhatêng sang prabu ing bab punika. Ing wusana Bèrmata nyuwun supados kaparênga unjuk atur malih. Mênggah aturipun makatên:

Dhuh sinuhun, kaparênga kula ngaturi rêmbag malih. Mênggahing wawasan kula, ingkang pantês kautus sowan dhatêng Nata Litowên, botên wontên sanès kajawi salah satunggiling prajurit panjênêngan ingkang nama: Dhune. Sabab Dhune punika sampun rambah-rambah dados utusaning nata, lan sampun nyumêrêpi nagari mônca pintên-pintên, tuwin malih piyambakipun sampun asring wawan rêmbag kalihan para nata. Kajawi punika Dhune wau satunggiling tiyang ingkang kathah kawruhipun, sabar tuwin sagêd nata têmbungipun. Amila mênggahing wawasan kula, botên wontên tiyang sanèsipun kajawi Dhune punika ingkang pantês kautus sowan dhatêng Sang Nata Litowên.

Sadaya ingkang wontên ing ngriku sami angawasakên dhatêng Dhune, kêpengin anyumêrêpi kadospundi ingkang dados aturipun. Sanalika punika Dhune lajêng majêng, saha munjuk dhatêng sang prabu makatên:

Dhuh, gusti pêpundhèn kula, kaparênga kula munjuk ing ngarsa nata.

Prabu Wladhimir manthuk kalihan dhawuh pangandika: Bêcik, Dhune, tumuli matura, tak rungokne.

Salajêngipun Dhune lajêng ngunjuki atur kados ing ngandhap punika:

Mênggah sajatosipun kula sampun nate ngawula wontên ing ngarsanipun nata ing Litowên, laminipun kirang langkung sangang taun. Sadangunipun punika, ingkang tigang taun kula dados wêdana kuda talipraja, tigang taunipun malih dados wêdananing para abdi ingkang ngrêksa dhaharaning nata, pungkasanipun kula ngêmungakên dados paladosipun sang nata piyambak. Lan ing ngriki kula sagêd anêksèni, bilih sadaya aturipun Bèrmata wau, mila inggih lêrês sayêktos. Mila inggih nyata, bilih sang nata ing Litowên punika kagungan putra-putri kalih, sarta kalih-kalihipun endah ing warni. Kula punika sampun asring anjajah praja ing pundi-pundi, sarta ugi sampun kathah kadhaton ingkang kula lêbêti, makatên ugi kula sampun nyumêrêpi pintên-pintên putri-putraning nata, ewasamantên botên wontên satunggal ingkang ngungkuli ayuning warninipun kalihan putri kêkalih ing Litowên wau. Kajawi punika, mila inggih pancèn nyata, bilih putri kalih-kalihipun wau, botên namung endah ing warni kemawon, nanging ugi luhur bêbudènipun, tuwin jêmbar sêsêrêpanipun. Kawontênan tigang warni ingkang utami wau, awis-awis pinanggih wontên ing satunggiling wanita. Mênggah limrahipun, wanita punika manawi ayu warninipun, inggih bodho, utawi asor bêbudènipun, dene manawi pintêr, limrahipun inggih awon warninipun. Botên makatên mênggahing putri kêkalih ing Litowên wau, kados ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng, kawontênan tigang prakawis wau, pinanggih wontên ing kalih-kalihipun pisan. Langkung malih ingkang anèm, punika kapara nyata kenging dipun wastani: putri utama sayêktos. Ingkang punika amila kula piyambak inggih anggadhahi kayakinan, bilih Dèwi Aprasiyah punika sampun pantês sangêt saupami dados garwa panjênêngan sarta dados pêpundhènipun para kawula ing saindênging praja Ruslan punika.

Mirêng aturipun Dhune ingkang makatên wau, sang prabu sangêt anggènipun karênan panggalihipun, sarta wusananipun lajêng angandika makatên:

He, Dhune, anggonmu ngalêmbana sarta ngumbul-umbulake putri ing Litowên lorone pisan, têka koantêp têmênan, jalaran saka iku, mungguhing krêsaku, iya ora ana wong liya manèh, sing pantês tak utus sowan mênyang sang nata ing Litowên prêlu nglamar Dèwi Aprasiyah mau, kajaba kowe. Kang iku anggawaa prajurit kang kêndêl lan prawira cacahe patang puluh èwu, apadene rajabrana sacukupe, sarta tumuli pangkata mênyang nagara Litowên. Kowe aja pati-pati mulih, yèn ora bisa amboyong Dèwi Aprasiyah mau.

Sasampunipun ngandika makatên, Sang Prabu Wladhimir lajêng ngasta gêlas pangunjukanipun, dipun êsoki unjuk-unjukan anggur, salajêngipun gêlas isi anggur wau lajêng kaparingakên dhatêng Dhune. Kanthi sêmu ajrih Dhune anampèni paringipun gêlas wau, saha angguripun lajêng kaombe sanalika punika. Sasampunipun, Dhune lajêng umatur:

Dhuh, gusti, pêpundhèn kula. Adamêl bingahing manah kula ingkang tanpa upami, dene panjênênganipun sang prabu sampun paring kapitadosan dhatêng kula ingkang samantên agêngipun. Nanging kaparênga kula matur ing ngarsa panjênêngan. Mênggah sanyatanipun, kula punika nêdya kautus sowan dhatêng nata ing Litowên prêlu anglamar putri, botên kadhawuhan anggêpuk praja, amila kados botên prêlu, kula

--- 1008 ---

ambêkta prajurit tuwin rajabrana. Manawi andadosakên kaparêng nata, pangkat kula dhatêng nagari Litowên punika, namung badhe nyuwun kanthi tiyang satunggal kemawon, inggih punika abdi panjênêngan kinasih pun Dhobrinya. Awit piyambakipun punika taksih bôngsa darah, sarta limpat ing têmbung, kajawi punika sagêd kêkêmpalan kalihan sadhengahing tiyang. Minôngka tumpakan kula kêkalih, kaparênga kula nyuwun kapal kalih, ing salaminipun dèrèng nate dipun tumpaki ing tiyang. Lapak kalih tuwin cêmithi kalih, barang warni kalih wau sadaya kêdah taksih enggal, ingkang dèrèng nate dipun angge ing tiyang. Salêbêtipun kula kêkalih milih punapa panuwunan kula, kaparênga sang prabu ngasta sêrat ingkang badhe kula aturakên dhatêng nata ing Litowên, supados kula kêkalih tumuntêna sagêd bidhal.

Sang prabu lajêng ngasta gêlas malih, ingkang kaisèn anggur, saha lajêng kaparingakên dhatêng Dhobrinya, sarwi angandika makatên:

He, Dhobrinya, sanadyan kowe iku isih ênom, nanging pitayaku nyang kowe luwih-luwih. Mulane kowe aja wêdi kangelan, tak kanthèkake lakune Dhune sowan nyang nata ing Litowên, muga-muga padha pinaringan basuki lakumu iki. Lan saiki tumuli miliha jaran sapakehane pisan.

Dhobrinya enggal anampèni gêlas isi anggur paringanipun Sang Prabu Wladhimir, lan angguripun ugi lajêng kaombe, sasampunipun utusan kalih wau lajêng nyuwun pamit, saha nilar ing pasewakan ngriku, sinawang ing sadaya para pangeran, mantri bupati tuwin sanès-sanèsipun, ingkang sami andhèr wontên ing ngarsanipun sang nata wau.

II Panglamaring Ratu

Satriya kêkalih ingkang dados utusan nata wau, lajêng sami dhatêng gêdhogan ing kraton, prêlu milih kapal kalih, ingkang salaminipun dèrèng nate tinumpakan ing tiyang. Makatên ugi milih lapak kalih, tuwin cêmêthi kalih ingkang dèrèng nate dipun angge. Sasampunipun satriya kêkalih wau lajêng mangangge prajuritan, inggih punika mangangge: rasukan kêre tuwin topi ngiras topèng waja. Anggènipun mangangge makatên wau, kalihan nuntun kapalipun, kalih-kalihipun lajêng lumampah nuju dhatêng ing ngajênging kadhaton. Wontên ing ngriku utusan kalih kapêthukakên dening panakawan kraton, ingkang maringakên sêratipun Sang Prabu Wladhimir, ingkang badhe kacaosakên dhatêng nata ing Litowên. Sêrat wau kasêrat dening panjênêngan nata piyambak, sarta kaêcap mawi asma nata. Dhune anampèni sêratipun sang prabu, saha lajêng kasimpên wontên ing salêbêting kêrga. Salajêngipun satriya kêkalih wau lajêng numpaki kapalipun, kapal kacêmêthi, ingkang lajêng sami ambandhang sakiyatipun. Wontên ing jandhela Sang Prabu Wladhimir tansah amirsani bidhalipun utusan kêkalih wau, ngantos botên katingal malih.

Lampahipun utusan kêkalih wau ngantos pintên-pintên dintên laminipun. Dene kapal tumpakanipun, prasaksat tanpa anggadhahi sayah, lampahipun ajêg tansah bêbandhangan kemawon. Para utusan kakakalihkêkalih. wau anggènipun ngaso ngêmungakên manawi ing wanci dalu kemawon, dene enjingipun têrus bidhal malih, sadintên muput tanpa kèndêl. Sarana lumampah makatên, utusan kêkalih wau sampun anglangkungi kitha sarta nagari pintên-pintên. Ing wusananipun ing wanci enjing, dumugi ing kitha karajan ing Litowên. Lampahipun kalajêngakên, anglangkungi alun-alun agêng, ngantos dumugi ing sangandhapipun jandhelaning kraton. Wontên ing ngriku kalih-kalihipun mandhap saking kapalipun, lan Dhune lajêng wicantên kalihan mitra kanthinipun ingkang taksih mudha wau, kirang langkung makatên:

Rungokna, Dhobrinya, wêlingku iki, aku tak lumêbu ing kadhaton ngaturake layang panglamare Sang Prabu Wladhimir marang panjênêngane sang nata ing Litowên. Kowe ngêntènana ing kene karo nyêkêli jaran loro kiyi. Nanging kowe tansah mlakua bola-bali ana ing sangisore jêndhela. Jêndhela iki ora pati dhuwur, dadi saka kono kowe bisa ngawasake, kaanane ing sajêroning kadhaton kono. Yèn aku ana ing kono awèh sasmita, kowe tumuli enggal-enggal lumêbua. Awit iku anandhakake yèn aku ana ing sajêroning bêbaya.

Dhobrinya manthuk, nyandhak apusing kêndhali kapalipun Dhune, sarta lajêng namung amangsuli makatên: sandika. Salajêngipun Dhune nuntên lumêbêt ing kadhaton. Kadosdene ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng, Dhune punika sampun nate nyuwita ing ngarsanipun sang nata ing Litowên laminipun sangang taun. Amila piyambakipun mangrêtos sangêt dhatêng tatacaranipun ing salêbêting kadhaton ngriku. Kados ta: piyambakipun sumêrêp bilih ing salêbêting kadhaton dipun awisi tiyang nyêbut-nyêbut asmaning pangeran. Amila kala Dhune lumêbêt ing kadhaton wau, piyambakipun nêmungakênngêmungakên. mêndhak andhap ing ngarsanipun sang prabu, sasampunipun lajêng mêndhak ing ngarsanipun paparapara. pangeran, tuwin para mantri bupati, ingkang ing kala punika sawêg sami wontên ing pasewakan ngriku, sasampunipun rampung anggènipun atur urmat ingkang makatên wau, Dhune mêndhak andhap malih wontên ing ngarsanipun sang prabu. Sarêng sang nata uninga dhatêng pun Dhune wau panjênênganipun lajêng mèsêm, awit sang prabu botên pangling dhatêng tiyang ingkang nêmbe dhatêng punika. Dhawuh pangandikanipun sang nata:

He, tak sawang-sawang kaya Dhune kang sowan ana ngarsaku iki. Yèn aku ora kaliru, dhèk biyèn kowe kaya-kaya wis tau ngawula nyang ngarsaku lawase sangang taun.

Badhe kasambêtan.

--- 121 ---

Nomêr 31 taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, Juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Sêratan (Bathikan) Cakrik Kina

Angêmpyungi rêmbag bab sêratan (bathikan) ing Kajawèn wêdalipun dintên Rêbo, ôngka 56-57, kapêngkêr. Saking panyawang kula, sampun ragi sawatawis dangu, kawontênaning bathikan ingkang corak lami gagrag kina, punika sajak kasilêp, botên kasumêrêpan sumrambah ingkang sami ngangge. Tumrapipun priyantun, bathikan kina punika, ingkang kathah namung kangge kampuh (dodot), mênggah jalaranipun bathikan cakrik kina lajêng katalip wau saking punapa, punika nyumanggakakên. Nanging sapunika sajak badhe gêsang malih, katôndha ingkang sami ngangge sinjang bathik corak kina sampun katingal kathah. Lah, pancèn ngêngrêng saèstu, ta. Mila inggih botên nama mokal.

Saèstunipun, saking pangraos kula piyambak, bathikan cakrik kina punika, sanadyan anggènipun damêl pêpêthan (gêgambaran) ingkang wujud lung-lungan, sêkar-sêkaran, pêksi, bêbujêngan wana, joli utawi krêmun, lan pêpêthan sanès-sanèsipun, punika kenging kawastanan namung gatra, têgêsipun botên mèmpêr kalihan ingkang dipun gambar. Nanging ewasamantên, sawanganipun katingal muyêg, luwês, sarta nêdahakên bilih corak Jawi dêlês.

Mila sarêng sapunika bathikan corak kina wau, ing sêmu badhe kagêsangakên malih, jêr sanyatanipun pancèn taksih kathah ingkang sami rêmên, môngka sampun katilapan pola ingkang tulèn, punika eman sangêt. Amargi sayêktosipun dumugining samangke, sampun nama ragi katalompèn, ngupados pola ingkang kina-kina, watawis ragi ngrêkaos, lir anututi layangan pêdhot, jalaran saking pola-pola kina sampun kathah ingkang sami musna tanpa tilas. Nanging sanadyan makatêna, manawi ingudi sarana kalacak, saha têtakèn dhatêng para sêpuh ingkang ahli nyêrat (ambathik) bokmanawi pola corak kina wau taksih sagêd pinanggih, trêkadhang wontên ingkang taksih simpên polanipun.

Badhe kasambêtan.

Nyai Anim.

--- 122 ---

Wêdharing Gagasan Amanah Ingkang Rêmên Dhatêng Kamajêngan Utawi Ingkang Botên Rêmên.

Manawi angèngêti ingkang botên rêmên dhatêng kamajênganipun lare sapunika, wêdalipun pangandika namung adamêl kêndhoning tumindak, jalaran ingkang badhe katindakakên tansah dipun saruwe saha dipun ceda, anggènipun botên angrujuki. Saèstunipun manawi anyarêngi kapanggih ingkang makatên wau, ingkang pamanahanipun tipis lajêng kèndêl sanalika, kinintên tindakipun ingkang dipun lampahi lêpat saha kalèntu, ing wêkasan kèndêl tanpa wusana.

[Grafik]

Rara Sukapti

Dene ingkang makatên wau, manawi ingkang sampun sagêd manggihakên, inggih lajêng anglêrêsakên. Amargi tiyang botên rêmên lajêng nyaruwe saha nyeda, punika sawêg salêrêsipun. Punapa wontên tiyang botên rêmên tuwuh pangandikanipun tansah angalêm, pundi-pundia tiyang ingkang botên rêmên, têmtu mêmada saha mêmaoni, punika lêrês.

Sapunika manah ingkang sawêg rêmên dhatêng kamajêngan, manawi kapanggih pamitranipun namung tansah ngabar-ngabarakên, ingkang prêlunipun supados anyenggol anggènipun rêmên dhatêng kamajêngan, punapadene manawi angrêmbag pamanggih punika, manawi taksih wontên marginipun pitakèn, têmtu dipun lajêngakên pitakèn, ingkang ngantos cêtha katranganipun. Amargi sadaya kawruh ingkang wontên paedahipun punika, manawi kasimpên pamanggihipun mindhak botên wontên gunanipun, sagêda sumiyar sagêd dipun sumêrêpi ing ngakathah, murakabi kangge ingkang ambêtahakên, punika manawi kaulur taksih kathah sambêtipun. Mênggah pangunandikanipun lare ingkang sawêg rêmên dhatêng kamajêngan punika, manawi ingkang sagêd amanggihakên, inggih lajêng anglêrêsakên, awit tiyang sawêg rêmên angrêmbag anggèning kalêgan rêmên saha lajêng sênêng, punika sawêg salêrêsipun. Panjanging ginêming karaton kêncana, satru kaanggêp mitra, ugêr purun angrojongi anggènipun rêmên wau, punika lêrês.

Ingkang makatên wau, sawêg pamanggih kula:

Pun Sukapti.

--- 123 ---

Kawruh Warni-warni

Bab Jampi Sawatawis

Mugi katur para sadhèrèk putri. Wiyosipun, ingkang sarêng punika kula ngaturakên cathêtan pandamêlipun jampi sawatawis, nanging inggih namung sapele, inggih trimah lowung kangge ingkang têbih dhoktêr, utawi ingkang sugih putra lan balônja sakêdhik. Kados kawontênan kula, anak kula punika sadaya 9, nanging kantun wolu, lan taksih sêmruwit, dados yèn pinuju sakit ingkang kula sagêd anjampèni, inggih kula garap piyambak, awit badhe dhatêng dhoktêran, botên gadhah wanci, badhe ngaturi dhoktêr botên gadhah arta, kajawi yèn sakit saèstu, upaminipun, tipês, sarta tatu ingkang sangêt, lan sapanunggilanipun, ingkang nguwatosi, punika sampun ngantos kasèp, kêdah nuntên kapriksakakên dhoktêr.

Jampi Kecekan

Mundhuta lisah klapa satêngah cangkir, rajangan brambang kalih iji, rajangan êmpon-êmpon sakêdhik, kados ta: kunir, têmu, lêmpuyang sabangsanipun, kalihan prusi sajagung kagêrus, sadaya wau kagodhog, manawi brambang lan êmpon-êmpon sampun garing, lajêng kaêntas, kasaring nuntên kawadhahan, sapunika sampun dados, bilih kasimpên ngantos sawulan inggih kenging, namung kadhingkawis kaêngêt. Dene kanggenipun kathah, kados ta: tatu enggal tatu lami, korèng, gudhig sabangsanipun, nanging yèn nglêbêt cangkêm lan lambe botên kenging mawi prusi. Dene patrapipun anjampèni makatên: tatu utawi korèng kakumbah mawi jèr-jeran karbol ingkang tipis. Paedahipun mêjahi kruma sarta ngrêsikakên rêrêgêd, lajêng kapêtêl mawi suwekan ingkang rêsik tur êmpuk, supados garing, lajêng kaosèr-osèrana kecekan wau, mawi lar ingkang rêsik, botên susah kaprêban sampun cêkap, sakêdhap-kêdhap kaosèrana, dene manawi ngumbah karbol enjing sontên kemawon.

Bab Pilêg lan Watukipun Bayi

Bayi utawi lare alit punika adhakan sangêt kenging sêsakit pilêg lan watuk, sanajan namung sakit makatên, rèhning ingkang sakit wau lare alit, dados inggih taksih rèwèl, pramila manawi lare katawis badhe pilêg, adatipun sok asring wahing, punika sampun ngantos talompe. Dene jampinipun makatên: mundhuta wedang ingkang taksih umob molak-malik, kawadhahan wijikan utawi sanèsipun, lajêng katètèsana lisah pêthak, kintên-kintên 15 tètès, kêlukipun kasêrotna ingkang pilêg, saenipun ing wanci sontên, awit pilêg punika dhatêngipun sontên.

Dene patrapipun makatên, lare kaêmban katungkulakên toya wedang kasêbut nginggil, ngantos saicalipun kêluk, adatipun tigang sontên kemawon sampun saras. Dene yèn irungipun buntêt, kaambêtana lisah wau, nanging sampun cêlak-cêlak.

Wondene watukipun, kaombènana godhogan adas kalihan kajêng lêgi, mundhuta adas sêtêngah [sê...]

--- 124 ---

[...têngah] cangkir lan kajêng lêgi rêgi 1 sèn, kaparingana toya 1½ wijikan, kagodhog, kakantuna 1 wijikan. Manawi badhe ngombèkakên kaparingan gêndhis, manawi lare taksih nêsêp, ibunipun ugi ngunjuka, sadintên kaping 3, 1 sendhok dhahar, ugi kaping 3. Manawi dalu pijêr watuk ugi kaombènana malih.

Badhe kasambêtan.

Kula Bok Wir, ing Surabaya

Bab Dhêdhaharan

Risuliyus

Jênenipun tigan 8, pêthakipun 5, gêndhis 1 mangkok, mêrtega 1½ pon, glêpung roti 1½ cangkir, krèntên 6 sendhok. Pangolahipun: jênening tigan kaublêk kalihan gêndhis, mêrtega kaublêk piyambak, manawi sampun dipun campur dados satunggal, lajêng glêpung roti kacampurakên, lajêng dipun lètrèk wontên ing cithakan, têrus dipun pan. Manawi sampun satêngah matêng, nginggilipun dipun sukani panili saos.

Brossel

Mêrtega ½ pon, gêndhis 2 mangkok (ingkang 1 mangkok munjung, ingkang 1 mangkok malih pèrès), glêpung têrigu 5 mangkok, tigan 4. Ingkang 3 namung jênenipun, ingkang 1 malih sapêthakipun, lan rajangan amandhêl. Pangolahipun: mêrtega, gêndhis dipun ublêk ngantos pêthak. Manawi sampun galêpung lan rajangan amandhêl kalêbêtakên, lajêng jênening tigan 3 lan 1 malih sapêthakipun, lajêng kalêbêtakên ing cithakan, ing têngah dipun sukani panili pla.

Amandelkukyes

Amandhêl ½ pon, mêrtega ½ pon, gêndhis ½ pon, glêpung trigu ½ pon, jênenipun tigan 6 iji, sitrun oli 1 sendhok, pangolahipun: amandhêl dipun rajang lajêng dipun wor kalihan gêndhis. Mêrtega dipun ublêk ngantos pêthak, lajêng jênening tigan kalêbêtakên kalih-kalih. Manawi sampun lajêng rajangan amandhêl kalêbêtakên, lajêng sitrun, oli lan galêpungipun.

Klapperkuk

Mêrtega 2 sendhok, gêndhis 3 à 2, parudan kalapa 8 sendhok, tigan 5 lan panili, glêpung trigu 9 sendhok. Pangolahipun: pêthaking tigan dipun ublêk ngantos pêthak, lajêng dipun campuri mêrtega lan gêndhis. Nuntên dipun campuri klapa lan galêpung trigu wau. Manawi sampun lajêng dipun lêbêtakên conthongan godhong ingkang lancipipun dipun bolongi, lajêng dipun lêbêtakên ing blèg ingkang dipun saput.

Weens gebak

Bubukan gêndhis ½ pon, mêrtega ½ pon, glêpung 1 pon, sodhah 1 sendhok, panili sokadhê 1. Pangolahipun: mêrtega lan gêndhis dipun ublêk ngantos pêthak, lajêng dipun sukani sodhah, panili, lajêng dipun sêmprot ngangge sêmprotan, nginggilipun dipun sukani sokadhê, lajêng kaêpan.

Pun Surtinah Majakêrta.

--- [1041] ---