Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 57, Stu Pn, 9 Jumadilawal, Ehe 1868, 17 Juli 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Angsal-angsal lêlayaran (Bima) - Bab sêsakit edaning sêgawon - Tri arga jêjêring carita, nawung rahsa - Kawontênan ing Inggris - Kawontênan salêbêting Jaarbeurs ing Bandhung - Blilutau - Wawasan badhe bidhal dhatêng paboyongan - Kabar warni-warni - Wêwaosan -Taman bocah.

Pangungsêt

Adêging lampahan ringgit sadalu

Saking cariyosipun priyantun ingkang ahli padhalangan, adêging lampahan ringgit sadalu, punika dados pasêmon adêging gêsang, wiwitan dumugi wêkasan, mila adêganing ringgit, kêdah cocog kalihan tancêpipun kayon, upami jêjêripun Nata Dwarawati, mangke wêkasanipun inggih adêgan Nata Dwarawati.

Tumrap kajêmbaraning pangothak-athik, lampahan sadalu wau isi bab warni-warni, kawiwitan saking kalairan ngantos dumugining kabatosan pisan, upaminipun bab pathêthing gêndhing 6, 9 tuwin manyura, punika dados pasêmon mênggahing ewah-gingsiripun wêwatêkan, wiwit anèm dumugi sêpuh. Inggih ing ngriku punika ingkang mêngku kajêng tumamaning wulang sae, tumrap perang-peranganing wanci wau sagêda têtêp botên ewah, dados saupami sampun wanci pathêt sanga, botên kenging namung badhe ambagêgêg wontên pathêt nêm, kêdah dipun ewahi, makatên salajêngipun.

Pinanggihing jêmbaripun pangudi, sawêg bab găngsa punika kemawon sampun sagêdandhar-andhar[1] dados suluk piyambak, andharanipun sagêd marêmakên manah.

Ing sapunika ing bab ringgit, tumrap kapitadosan, ringgit sakothak punika sami kasarira sadaya, dados manawi makatên, tiyang ningali ringgit prasaksat kantun nocogakên lampahing kabatosanipun piyambak, upami nuju mêdal Durna ingkang gadhah tindak sarwa muthakil, lajêng ngakêni: nyata, aku iya sok anglakoni kaya ngono. Salajêngipun mêdal danawa, satriya, pandhita, ngantos dumugining dewa pisan, ugi sagêd ngiribakên wontên ing lêlampahanipun.

Mênggah sèlèhing kajêngipun lêlampahan ringgit sadalu wau, ing sakawit têntrêm, lajêng botên têntrêm (pêcahing lêlampahan) lajêng têntrêm malih (wêkasaning lêlampahan).

Manawi ngèngêti cêkakaning andharan kados makatên punika, sajak-sajakipun sampun cêtha mênggahing kajêngipun pawayangan. Namung sarèhning ngawaki dados wayang punika angèl, aluwung dados tiyang ningali kemawon, utawi dados wayang ingkang dipun wayangakên.

Cêkruktruna.

--- 882 ---

Angsal-angsal Lêlayaran Saking Bima

Dèrèng dangu kula dumugi ing palabuhan: Bima, inggih punika satunggiling palabuhan ing pulo Sumbawa sisih lèr wetan.

[Grafik]

Kadhaton ing Bima

Saking palabuhan kula lumampah kemawon, amargi niyat kula pancèn namung prêlu mlampah-mlampah kalihan ningali kawontênan ing kitha ngriku ingkang kalêbêt anèh.

Dèrèng watawis dangu anggèn kula mlampah, kula sampun eram, dene ing margi kula tansah kapêthuk tiyang ing ngriku ingkang sami amangangge sarung tuwin ikêt-ikêtan. Măngka ing panggenan-panggenan sawetaning kapuloan ngriku, ingkang nêmbe kula dhatêngi, kados ta: Èndhèh, inggih punika palabuhanipun pulo: Plorês, tuwin: Kupang, palabuhanipun pulo: Timur sisih kidul, kawontênanipun tumrap pangangge sanès sangêt. Ing ngriku pangangge tuwin warnining tiyangipun siti kenging kagolongakên kalihan băngsa: Papuah. Mila eram sangêt sarêng wontên ing Bima, kula sumêrêp tiyangipun sami ikêt-ikêtan. Sanajan patraping mangangge wau beda kalihan ikêt-ikêtanipun băngsa Jawi, ewasamantên ing satleraman sampun katingal bilih tiyang Bima punika sajatosipun taksih kapara sadhèrèk kalihan băngsa Jawi.

Ing sadhatêng kula ing kitha, kula sumêrêp griya ingkang amangku kadosdene alun-alun, karêngga ing pot-potan lan kapagêran kajêng ingkang dipun êcèt pêthak. Miturut katêranganipun tiyang ingkang kula takèni punika kadhatonipun tuwan Sultan Bima: Mohammad Salahuddin, inggih punika satunggiling raja ing laladan ngriku. Miturut katêranganing tiyang wau, tuwan Sultan dipun bantu dening raja kalih ingkang sami dêdalêm ing kitha: Raba, watawis kalih pal saking Bima.

[Grafik]

Masjid ing Kitha Bima.

Ing ngajêng kadhaton wau wontên gapuranipun ingkang dipun jagi dening prajurit ingkang sami ngliga botên ngangge rasukan lan anyêngkêlit dhuwung ingkang pating galêbyar kasorotan ing srêngenge. Kula angsal palilah malêbêt ing pakawisan kasultanan. Ing wêkdal punika ing ngriku pinuju Mauludan, mila [mi...]

--- 883 ---

[...la] ing palataran kathah para abdi ingkang sami sowan, linggihipun inggih sami sila kados tiyang Jawi. Sadaya sami botên ngangge rasukan, wontên sawatawis ingkang nyandhing sanjata ingkang sampun kina, wontên malih ingkang anyêpêng tumbak lan tamèng, malah wontên ugi ingkang taksih pêrang-pêrangan tumbak tuwin tamèng, sarana dipun tabuhi mawi tambur.

Ing sanès panggenan ingkang sampun kasadhiyakakên, ugi ing palataran ngriku, wontên prajurit kapalan sawatawis ingkang ugi adêdamêl tumbak, sami anyirig-nyirig, nyarêngi suwaraning tambur, saking katêbihan dangu-dangu anyêlaki undhak-undhakan kadhaton (mriksanana gambar). Sadumugining ngriku prajurit wau saking satunggal sami angêthungakên tumbakipun minăngka urmat.

Ing sacêlaking alun-alun katingal mêsjidipun ingkang kalêbêt sae lan cocog kalihan kadhaton Kasultanan. Langkung eram malih sarêng sampun ragi sontên kula sumêrêp bilih namung masjid tuwin karaton kemawon ingkang ngangge dilah listrik, sanès-sanès griya lan sadaya toko namung sami ngangge dilah lisah pèt. Punika mratandhani bilih tuwan Sultan piyambak ingkang ngasta kabêtahaning masjid. Punapa malih nitik kathahing para kaji ingkang katingal ing margi-margi kula sagêd amastani bilih tiyang Bima sami kêncêng dhatêng agaminipun.

Ing sajawining kitha sabin-sabin sami katingal loh botên kêkirangan toya. Miturut katêranganipun tiyang ing ngriku sadangunipun sataun sagêd dipun tanêmi kaping tiga, inggih punika 1 pantun, 2 kêdhêle, 3 bawang utawi jagung.

[Iklan]

Pamêdal saking Bima kingkang[2] misuwur piyambak inggih punika kapal. Saking kathah lan mirahing rêginipun, dalasan lare-lare sêkolah kemawon inggih sami numpak kapal. Ing palabuhan kula nêmbe nyumêrêpi piyambak baita K.P.M. ingkang kêbak isi kapal tuwin maesa saking Bima badhe kakintunakên ing sanès panggenan.

Kula pun: Sujadi.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing dintên Ngahad sontên, tanggal 18 Juli 1937, wanci ½8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom golflengte 190, ing bab Babad Giyanti. Ingkang mêdhar sabda Tuwan S. Sastrasuwignya.

--- 884 ---

Bab Kasarasan

Sêsakit edaning sêgawon, Hondsdolheid

Sambêtipun Kajawèn nomêr 54.

Sarêng sêrat kabikak, wosipun tuwan Pasteur mangke dalu katimbalan dhatêng kraton.

Tuwan Pasteur lajêng ngandika dhatêng garwanipun: manawa aku bisa nêrangake lan nyatakake bab kaanan kruma-kruma (bacterie) marang sang prabu rak iya wis cukup lan mêsthine sang prabu iya wis rêna panggalihe.

Nalika Tuwan Pasteur sowan ing kadhaton katampi dening para pangagêng saha abdi dalêm ing kraton. Saking pangintênipun dhoktêr kraton, Tuwan Pasteur wontênipun ing ngarsa nata tamtu botên sagêd ngandharakên pamanggihipun ingkang sagêd katampi dening sang prabu. Awit abdi kraton sampun munjuk yèn Tuwan Pasteur punika ragi ewah, botên kenging dipun mirêngakên punapa ingkang dipun aturakên.

Wusana sarêng wontên ing ngarsanipun sang prabu Tuwan Pasteur sagêd munjuk: Gusti, griya-griya sakit ing kitha Parijs ngriki punika griya ingkang damêl cilakanipun tiyang kathah, awit saking kirang rêsikanipun dhoktêr sapunggawanipun, tanganipun rêgêd mêntas nyênyêpêng dèrèng dipun rêsiki, prabot (instrument) dèrèng dipun godhog rumiyin lajêng kangge ngupakara tiyang sakit, tamtu kemawon saya damêl sakit utawi tiwasipun tiyang kathah.

Dr. Charbonnet wicantên sajak ngerang-erang: Rak inggih gandhèng kalihan kruma sampeyan: ta.

Tuwan Pasteur mangsuli: Inggih lêrês. Lajênging unjukipun dhatêng sang prabu: Dr. Charbonnet sagêd nyatakakên kruma wau ing microscoop amargi kruma wau ing sawatawis mênit kemawon sagêd tangkar-tumangkar ngantos dados ewon utawi yutan lan sagêd ngrisak utawi aniwasakên tiyang èstri ingkang nuju manak.

Dr. Charbonnet wicantên: Mokal sangêt kruma ingkang agêngipun botên wontên satêngu sagêd dados sabab pêjahipun tiyang. Abdi-abdi dalêm ingkang sami mirêngakên gumujêng, abdi-abdi èstri lajêng sami sumingkir.

Tuwan Pasteur matur dhatêng Dr. Charbonnet: Kauningana, sadangunipun kula mlampah sowan ing kadhaton ngriki punika, kula mirêng yèn semahipun abdi dalêm wontên ingkang tiwas, jalaran saking sêmbrananipun para dhoktêr utawi vroedvrouw ing kadhaton ngriki, inggih panjênêngan ugi tumut kalêpatan lan dosa, dene botên anjagi. Măngka samăngsa vroedvrouw punika anggarap para putri luhur ing kadhaton ngriki, tamtu sagêd anulari wisanipun sêsakit wau dhatêng ingkang dipun garap lan mêsthi sagêd andadosakên tiwasipun.

Dr. Charbonnet muring-muring dhatêng Tuwan Pasteur lajêng munjuk dhatêng sang prabu: Gusti, Pasteur punika andakwa dhatêng abdi dalêm, mastani abdi dalêm sêmbrana lan lêpat, damêl pêjahipun tiyang èstri wau.

Sang nata ngandika dhatêng Tuwan Pasteur sampun kalajêng-lajêng makatên, sampun anggêpok-gêpok,

--- 885 ---

ngraosi para putri ing kadhaton badhe katularan sêsakit punika, sampun damêl wasing manahipun para putri ing kadhaton. Pasteur kêdah jagi-jagi utawi ngatos-atos, nglairakên têtêmbungan ingkang kasar makatên, yèn sulaya, mangke tampi paukuman.

[Iklan]

Bab tiyang sagêd ngawètakên anggur utawi têtêdhan sanèsipun, punika saking pratikêlan pitêdahipun Pasteur. Ingkang punika nagari ngucap sangêt panarimahipun.

Badhe kasambêtan.

Sumadirja, Ind. Arts. Kudus.

--- 886 ---

Cariyos Kina

Tri arga jêjêring carita, nawung rahsa, rinipta ikêtan kina

Sambêtipun Kajawèn nomêr 56

Pangandikanipun Kyagêng Têmbayat, dhumatêng manungsa ingkang salah warni, awujud maenda.

Kacariyos, sabdanipun kyagêng dhumatêng manungsa ingkang salah warni wau, saksana waluya aparipurna. Ruwating saking cintraka, wangsul dados manungsa malih. Wondene kridhaning wacana, ingkang nglêbur papa nirmala wau, nama sabdaning wali pandhita, ingkang kusuk ing kajiwanggan.

Enggaling cariyos, eloking ngagêsang manawi badhe dados cariyos, tuwin lêlampahan, abdi tilas pambegal wau, mungal kalangkunganipun. Bokmanawi kemawon, kajawi kasamadan ing kanugrahanipun kyagêng ugi karebelan wahyuning gaib, anggèning cêcikru andhèrèk lara lapa, tut wuri ing kyagêng wau.

Kacariyos nalika kyagêng wontên ing Têmbayat dèrèng ngantos dangu, tumuntên karawuhan sang maha guru, inggih sang minulya Kangjêng Sunan Kali, prêlu tuwi karaharjan, ngiras nyindikakên sadaya dhawuhipun. Wondene kawontênanipun, nama samêkta botên anguciwani. Malah nalika samantên, Kangjêng Sunan Kali priksa dhumatêng abdi kêkasihipun kyagêng, katingal kacaryaning galih, mila lajêng kadangu kathah-kathah, nanging têtela pratitis sadaya aturipun, wasana kyagêng ngaturakên sagunging lêlampahan. Sarêng Kangjêng Sunan Kali miyarsa aturipun kyagêng wau, lajêng dhawuh: manawi makatên, abdi wau prayogi kaparingan nama Sèh Dumba. Tumuntên kadhawuhan nyêpuhi sadaya para santri, tuwin angimami wêkdal sêmbahyang ing masjid. Wondene nama Sèh Dumba wau, punapa kapêndhêt jarwaning lungsuran menda (dumba), punapa mirid uda wêdananing tiyangipun, sabab anggèning agêng inggil, punika namung nyumanggakakên.

Rèhning sampun kacariyos, kaelokan ingkang nama rinasuk ing angganing Sèh Dumba, mila sadaya para santri ênèm sêpuh, sami kêndhak tuwin ajrih asih, mituhu sapangrèhipun. Malah kacariyos, mênggahing kalangkunganipun Sèh Dumba manawi nuju adan, suwaranipun sora tur cêtha, kumandhang angênguwung ngèbêki bawana. Mila sarêng kapiyarsa dumugi ing Bintara, wasana nampi dêduka. Tumuntên dhawuh madosi, pundi dununging masjid ingkang asring mêncarakên suwaraning adan, ingkang ngumandhang sundhul ing ngantariksa. Rèhning Kangjêng Sunan Kali myarsa gotèking pawartos ingkang botên marêngakên, wasana enggal-enggal ngrumiyini tindak ing Têmbayat, lajêng dhawuh dhumatêng kyagêng, supados mêsjid ing Jabalkat, tumuntên karembak utawi kaandhapakên, jalaran suwaranipun Sèh Dumba manawi adan, kamirêngan saking Bintara. Mila ingkang punika, botên andadosakên kaparênging panggalih nata.

Kacariyos, kyagêng sasampunipun tampi dhawuh timbalaning sang mahaguru ingkang makatên wau, sakalangkung putêk ing panggalih, namung sarèhning winêngku ing nugraha, mila saksana lajêng manungku puja tapakur, wasana [wa...]

--- 887 ---

[...sana] kiyating cipta têmahan mahanani tumuruning ilham, irhas, mukjijat tuwin mangunah anggêlêng dados satunggal, nêdya têtulung dhatêng Sang Kaswasih. Kacariyos ing wanci bêdhug tiga (Subuh), saksana mlorot ingkang ponang masjid.

Makatên punika mênggah dêdongènganipun bab masjid ing Jabalkat, anggèning mandhap piyambak. Namung sarèhning jaman sapunika nama jaman pikiran, mila rekanipun, nalar kula lajêng kula nalar-nalarakên, amrih cundhuk kalayan raosing manah kula.

Batos kula: Lho, têka ngalor ngidul, kawontênan ing jaman kina kalayan sapunika. Nitik cariyos wau, bab anggèning adan Sèh Dumba, jalaran kêsêron, botên adamêl sakecaning pamirêng, wêkasan kasuwak.

Lho, manawi kalaras dumugi ngriku, ambêt-ambêtipun cariyos ing nginggil wau, sajak adhapur sêsinglon. Têgêsipun: botên jalaran kalêpatan, sabab soraning suwara adan, ingkang kumandhang angênguwung, nanging aruming wacana, tuwin mênciting tokitipun. Wangsulan kula: Sagêd ugi.

Badhe kasambêtan.

Wirasuharja, Kêbumèn.

Pawartos saking Redhaksi

K. 1492 ing Pacitan. 15 Juli 1910 dhawah: Ju Wa, 7 Rêjêb, Be 1840 wuku Wuye.

K. 349 ing Surakarta. 30 Juni 1908 dhawah: Sla, Wa 30 Jumadilawal, Je 1838, Kasa, Gumbrêg. Kenging kemawon, kêdah rêmbagan.

[Iklan]

--- 888 ---

Kawontênan ing Inggris

Pinanggihipun wontên ing măngsa ramèn-ramèn punika, sanadyan Inggris ing sêmu sumisih, nanging salugunipun sabên ngêmori damêl, malah katingal kawigatosanipun.

Ing ngriki prêlu kacariyosakên rumiyin, bilih ing wêkdal punika Inggris ngindhaki rantaman waragad dêdamêl ing lautan, gunggunging rantaman wontên 105.065.000 ponsêtèrling, dados indhakipun wontên 23.776.000 tinimbang taun kêpêngkêr. Waragad samantên wau kangge ngindhaki yêyasan kapal pêrang agêng alit warni-warni, kados ta kapal pêrang agêng 3, kapal kangge ambêkta motor mabur 2, kapal pêrang cêkapan 7, ingkang molung èwu ton 5, ingkang anggangsal èwu gangsal atus ton 2, kapal pêrantos andandosi 17, kapal silêm 7, kapal pangayoman kapal dagang 3, kapal kangge masang bom 4, kapal pirantos anganglang ing pasisir 5, kapal kangge andandosi kapal silêm 1 tuwin kapal pêrang alit 33. Punggawanipun agêng alit kawêwahan 10.864.

Ing sapunika tumrap gêgayutanipun Inggris kalihan paprangan ing Sêpanyol, saèstunipun Inggris tansah mulat dhatêng tandangipun nagari-nagari sanès ingkang gêgayutan kalihan Sêpanyol. Ing ngriku Inggris katingal anggènipun mindêng dhatêng tandangipun Jêrman, malah Inggris mêntas nyaruwe dhatêng tindakipun Jêrman wontên ing lautan têngah, manawi Jêrman tansah gadhah tindak grusa-grusu makatên, botên sande sagêd adamêl gêndra. Ing bab punika Jêrman mangsuli bilih Jêrman namung salugu sumingkir saking anggèning dados golongan anjagi tata têntrêm ing lautan. Nanging wangsulanipun Jêrman ingkang makatên punika, dèrèng damêl marêm, awit taksih kathah pasaksèn-pasaksèn ingkang nandhakakên bilih Jêrman ngêdêgakên kasantosan wontên ing lautan laladan Sêpanyol.

Ing bab punika Inggris kêpêksa botên pitados dhatêng tindak-tandukipun Jêrman wontên ngriku, mila lajêng ngawontênakên usul, supados ingkang kawênangakên anganglangi wontên ing pasisir Sêpanyol punika ngêmungna kapal pêrang Inggris tuwin Prancis, mawi dipun kanthèni juru paniti ingkang botên ilon-ilonên mrika-mriki.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên wau sadaya, têtela bilih Inggris punika pancèn mêngku kawigatosan sayêktos, dayanipun sumrambah mrika-mriki.

Pêthalipun Inggris kalihan Jêpan punika, Inggris lajêng tuwuh kasujananipun dhatêng Jêpan ingatasing babagan panguwaos ing Tiongkok Wetan. Kosokwangsulipun Jêpan ugi nyujanani dhatêng pasrawunganing padagangan tumrap Inggris kalihan Tiongkok. Malah salajêngipun katingal anggèning Inggris migatosakên dhatêng babaganing dêdamêl lautan ing Hongkong, inggih punika ingkang badhe gêgayutan kalihan babaganing dêdamêl lautan ing Singgapura. Nanging lajêng wontên gagapan bilih kasamaran ingkang tuwuh saking trajangipun Inggris kalihan Jêpan punika namung dados ulas-ulas kemawon, pinanggihipun malah saya rakêt, ingkang kanthi tăndha saksi kathah. Malah wos-wosing kajêngipun, Inggris badhe ngabsahi adêgipun Mansukuo, [Ma...]

--- 889 ---

[...nsukuo,] awit saupami Inggris botên tumindak makatên, atêgês pasupêkêtanipun saèstu pêthal. Măngka pêthaling kalih-kalihipun punika nama sami manggih kapitunan kados ingkang kapratelakakên ing nginggil. Nanging sarèhning kabêtahanipun agêng nagari kêkalih wau gêgayutan kalihan Tiongkok, inggih lajêng katingal bilih supêkêtanipun namung pinanggih sarwa rêndhêt.

[Iklan]

Kapal pêrang agêng punika, agêngipun wontên 35.000 ton, kanthi dêdamêl mriyêm 35 cm. kadosdene ingkang sampun katêtêpakên ing prajanjian kala taun kapêngkêr. Rancangan pandamêlipun kapal pêrang ingkang samantên agêngipun punika, Inggris kanthi ngajêng-ajêng mupakatipun Jêpan, adhêdhasar prajanjian rumiyin. Dene tumrapipun nagari-nagari sanès ingkang sampun anăndhatangani, ing prajanjian sapunika, kanthi aprajanji botên badhe damêl kapal pêrang agêng langkungipun saking 35.000 ton, kanthi mriyêm ingkang agêngipun langkung saking 33 cm. Nanging manawi Jêpan botên năndhatangani ing prajanjian wau, tumrap nagari-nagari sanès inggih lajêng badhe damêl kapal pêrang agêng manut sakajêngipun.

Bab gêgayutanipun Inggris kalihan Jêpan punika katingal anggèning mawa kajêng ngêdêgakên kasantosan, amargi tumrapipun Inggris ugi ambêtahakên kêkiyatan wontên ing Asiah, mila tuwuhing prajanjian lami ing bab adêging dêdamêl ing lautan, adamêl kasamaraning nagari-nagari sanès. Măngka tumrapipun Jêpan, pinanggihipun ing sapunika botên tumut anggolong dhatêng prajanjian enggal punika. Dados anggènipun ngunduri punika mêngku kajêng lajêng pêpisahan kalihan Inggris.

--- 890 ---

Kawontênan Salêbêting Jaarbeurs ing Bandhung

[Grafik]

Para maos kados botên kêkilapan, bilih ing Bandhung sabên taun dipun wontênakên Jaarbeurs.

Ing Kajawèn inggih sampun mêntas ngêwrat gambar nalika pambikakipun Jaarbeurs wau.

Ing ngriki prêlu ngêwrat gambaripun malih sawatawis. Ingkang kacêtha ing nginggil piyambak jèjèr tiga, punika nalika kangjêng tuwan ingkang wicaksana rawuh mriksani padhasaran buku wêdalan Bale Pustaka. Kangjêng tuwan ingkang wicaksana katingal karênan ing panggalih, ngantos dangu anggènipun mriksani buku-buku. Rawuh dalêm ing ngriku punika dipun tampi ing panjênênganipun Dr. Hidding, up amtênar Bale Pustaka, ingkang dhatêngipun ing Bandhung pancèn badhe nampèni rawuh dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana.

Gambar ing têngah, pêpêthan dhusun Lamajang, laladan Pangalengan, Bandhung. Pêpêthan dhusun wau katingal langkung asri saha kenging kangge têtuladan. Ingkang mitongtonakên pêpêthan dhusun wau Radèn Dêmang Wiradhinata, patih ing Bandhung. Gambaripun rancangan kadamêl dening Radèn Jayadirêja, guru gambar pènsiun ing pamulangan calon guru ing Bandhung, tuwin ingkang andamêl pêpêthaning dhusun lurah ing Lengkong.

Ing ngandhap piyambak, gambar jênggêrênging gêdhong Jaarbeurs.

--- 891 ---

Blilu Tau

Anggitane: Wiryaharja

Sambungane Kajawèn nomêr 56.

[Sinom]

Wusanane saya tita | têtela wis ora mulih | malah têkan dina liya | iya mêksa ora mulih | wong loro saya sêdhih | kêsêl gone ngantu-antu | saking bangêting susah | nyang gawean nganti lali | gaga bêra kêbon jêmbrung ora gagas ||

lali turu lali mangan | awake wis kuru aking | tăngga-tăngga sanak kadang | kêrêp tilik mituturi | têkane gênti-gênti | karêpe arêp nglêlipur | ngrêmbugi warna-warna | nanging ora klêbu ngati | kabèh rêmbug mung ditămpa kambang-kambang ||

17. Mèh bilai

... saking kêmlaratan gawe wirang ing batin, bisa angrusak èngêtan

Maskumambang

Kacarita nuju sawijining wêngi | pêtênge anggagap | wong loro pinuju nglilir | banjur padha akêkadhar ||

angin ngidid sumiyut nyuwara lirih | kaya awêwarah | amaripih ngarih-arih | kanthi sarèh ngarah-arah ||

kang diarah lipure sing nandhang sêdhih | padha ngelingana | yèn bungah lan susah kuwi | uwis pêparinging Allah ||

Gusti Allah Maha Wêlas Maha Asih | kuwasa misesa | saisining jagad iki | mung murih langgêng raharja ||

sing kasandhang ing uwong mung gawe bêcik | anggagas mangkana | sing ênom wis rada lilih | alon olèhe gunêman ||

biyung biyung ambok êmpun ampun sêdhih | cobi dika manah | napa pedahe prihatin | tiwas ngrusakake awak ||

êmpun êngga sami ngaso tilêm kriyin | benjing-enjing gampang | dirêmbug murih prayogi | wangsulane Nyai Wana ||

[Iklan]

iya gêndhuk ya bênêr kandhamu kuwi | wis tak arah-arah | murih maria prihatin | nanging mêksa ora bisa ||

nanging gêndhuk kaya-kaya ing saiki | atiku wis lêjar | ora patia prihatin | wis ta ayo turu ngomah ||

mantune wis rumasa lêga ing ati | turune kapenak | bokne isih mêrêm-milik |[3] anggêgês anggone gagas ||

malah banjur alon tangi kringking-kringking | suwe kalintêran | êmbuh apa sing dipikir | sadhela-sadhela ngêsah ||

mêsakake Nyai Wanajaya kuwi | anak bojo lunga | golèk butuh ora mulih | malah banjur tanpa kabar ||

sapa wonge ora nalăngsa ing ati | duwe mantu anyar | bangêt anggone nrêsnani | ora bisa gawe bungah ||

malah banjur kêpêksa bela prihatin | saking kamlaratan | agawe wiranging batin | bisa angrusak èngêtan ||

gagasane timbang wirang luwung mati | urip prêlu apa | yèn mung mangkono lastari | tiwas andêdawa wirang ||

Ana sambungane.

--- 892 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Wawasan badhe bidhal dhatêng paboyongan

V

Petruk : Mungguh banjure gunêmku dhèk anu kae, mangkene: kang kapisan: wong-wong sing budhal mau, kudu cêtha yèn saka karêpe dhewe. Yèn ana sulak-sulake sathithik bae, sajak gêlême mau dipêksa, sanalika kono iya diundurake.

Garèng : Wèh, iki dadi kêna diarani sawijining kamajuan salangkah. Sabab sêmu-sêmune lagu: parentah alus, wis dicanthèlake ing pagêr. Lumrahe, Truk, yèn saka suralaya ana parentah nyang ngarcapada iki, kuwi tumindake sok banjur main kongkurènsi alias: jor-joran. Sing sapa pakolèhe ambalêkênêk (akèh) dhewe, ya kuwi sing jêmpol dhewe, mulane kadhang-kadhang tumindake kuwi sok disaranani: mèsêm, mênthêlêng, malah ngacungi kêpêl barang.

Petruk : Ing bab iki sing kaya ngono kuwi ora bisa kalakon, Kang Garèng, awit, iya kuwi mau, anggêre katara sathithik bae yèn sajak pêksan, iya banjur diputus: tidhak bolih turut. Mulane ing ngarêp aku kăndha: mêsakake wong dadi priyayi pangrèh praja kuwi. Jalaran, kajaba kudu anggarap pagaweane dhewe sing wis sahohah kathik abuh kuwi, kapêksa kudu ngobêr-ngobêrake wêktune kanggo nêrang-nêrangake anane lêmah ing sabrang, sing arêp diparingake nyang wong tani băngsa Jawa, kang kanthi gamblang bangêt kae. Lan kowe rak iya wêruh dhewe, sapira angèle iki, Kang Garèng.

Garèng : Iki aku ngandêl, Truk. Saka kurang pangrêtine wong desa, malah kêna tak arani: saka bodhone, nganti priyayi anggone nêrang-nêrangake nyang wong desa, sok nganggo disaranani: ... arêp nguntir gulu barang.

Petruk : Iki iya ora kêna dipaido, Kang Garèng, awit akèh bae wong desa sing dituturi dening priyayi, ora sabab saka ora bisa ngrêti, nanging sabab saka ora gêlêm ngrêti, pungkasane mung ngèngkèng mangsuli, lan priyayi kuwi uga wong lumrah, kadhangkala iya sok bisa ilang sabare, kang wusanane sok banjur main sêntak. Nanging dudu bab iki sing lagi dirêmbug, Kang Garèng, saiki tak banjurne ing bab prajangjiane wong-wong sing arêp budhal nyang tanah sabrang kuwi mau. Kang kapindho: wong-wong sing pancèn gêlêm têmênan budhal nyang sabrang, kuwi luwih dhisik dipriksa ing dhoktêr, apa awake waras, ora duwe lêlara kang nular lan sapadhane.

--- 893 ---

Garèng : Iki aku mupakat 125 prêsèn, punjul têlung benggol, Truk. Awit yèn wong lara, apa ana ing kana mung arêp golèk papan kubure bae. Sabab ing kana kuwi lêmah bubakan anyar, lumrahe durung lunga kabèh, nanging siji loro ana sing kêpancal sêpur, banjur kapêksa kèri ana ing kono, yaiku: dèn bèi ... panyakit rupa-rupa. Mulane iya wis mêsthine yèn wong-wong sing arêp budhal kudu dipriksa dhoktêr dhisik, supaya bisa kawruhan, apa wong waras, apa wong bangsane radèn, ... krêminên.

Petruk : Bênêr, Kang Garèng, mula iya mangkono, dadi sing dibudhalake kuwi iya mung wong sing waras bae. Ora cukup samono bae, Kang Garèng, wong-wong mau iya nganggo disuntik, kanggo nanggulangi lêlara: kolerah, tipês, lan bêbuwang gêtih umbêl.

Garèng : Cocog, Truk, supaya lêlara-lêlara mau aja dikulak mrana.

Petruk : Wayah, kathik kaya barang dagangan nganggo dikulak. Luwih-luwih wong-wong mau padha dipriksa ing dhoktêr kang kanthi sêtiti, nèk-nèke kanggonan lêlara kang nular.

Garèng : Salaman, Truk, salaman, aku: A - se - se bangêt, prêlune aja nganti wong siji loro ajak-ajak wong akèh sowan nyang eyang Yamadipati.

Petruk : Wayah, ambok kăndha bae, wong siji loro kang kanggonan lêlara kang nular, iki bisa agawe susahe wong akèh, sabab bisa katularan larane mau. Kang kaping pat: wong kang kêna pangkat kuwi kang batihe akèh-akèhe mung wong lima. Yaiku: lanang wadon lan anake têlu, sanadyan anake mung têlu, yèn wis jêjaka gêdhe iya ora kêna mèlu, Kang Garèng, jaka têlu mau kênane mèlu wong tuwane kudu rabi dhisik.

[Grafik]

Garèng : Aku ora cocog, Truk. Kang kapisan: geneya anak têlu kang wis jaka-jaka ora kêna mèlu wong tuwane. Kêna-kênane yèn wis rabi. Kuwi pancène rak malah bisa ambantu wong tuwane kanthi pêng-pêngan, sabab, wong wis jaka, kêkuwatane wis cukup kanggo ngolah sawah.

Petruk : Bênêr omongmu kuwi, Kang Garèng, pancène mono pambantu wong tuwane sing pêng-pêngan kae. Nanging ana sing dikuwatirake, yaiku cara pitike mêngko nèk jaka mau wis lancur, banjur klurak-kluruk, êng[4] kono ora ana timbangane, iki bisa ngrusakake agama, Kang Garèng, nanging gunêm iki bêcik dilèrèni samene dhisik, awit isih dawa.

--- 894 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI

K.T. Ingkang Wicaksana badhe têdhak Cilacap. Wontên wartos, ing benjing sasampunipun K.T. Ingkang Wicaksana têdhak Karajan Jawi ing wulan Sèptèmbêr, kondurdalêm mampir Wonosobo tuwin Banyumas, nyare karesidenan. Enjingipun têdhak Cilacap nitih auto, lajêng têdhak Nusa Kambangan. Salajêngipun nitih kapal alit gadhahanipun N.V. Sukapura-Bongaardt dhatêng Kalipucang.

Mr. B.K.P.H. Djojokoesoemo, Mr. B.K.P.H. Djojokoesoemo putradalêm Sampeyandalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana sampun dumugi ing Tanjung Priok, saking nagari Walandi, nitih kapal Johan de Witt, salajêngipun pindhah nitih kapal K.P.M. dhatêng Sêmarang, dipun papag ing utusandalêm. Miturut pawartos, Mr. B.K.P.H. Djojokoesoemo wau badhe katêtêpakên dados pangagênging secretariaat Kraton Surakarta.

[Grafik]

Cliche Java-Bode

Lampahipun pandu saking tanah ngriki dhatêng nagari Walandi. Miturut wartos saking têtindhihing pandu saking tanah ngriki dhatêng nagari Walandi, lampahipun ing margi wilujêng, nalika enggal-enggalan wontên ing kapal inggih ragi katingal kau, nanging sarêng sampun kulina, lajêng katingal sênêng-sênêng. Ugi wontên ingkang sakit influenza, nanging botên nyamarakên, ugi wontên ingkang mabuk laut, nanging punika limrah.

Pabrik Goodyear ngindhaki wêdaling damêlan. Wontên wartos, pabrik Goodyear ing Bogor badhe ngindhaki wêdaling damêlanipun, badhe kawiwitan wontên ing wulan Augustus ngajêng punika. Sabên dintênipun badhe ngêdalakên band auto jawi 600 iji, band auto nglêbêt 600 iji, band sêpeda jawi 7500 iji, band sêpêda nglêbêt 6800 iji. Agênging pamêdal wau botên ngêmungakên kasade ingriki kemawon, ugi badhe nyadhiyani tumrap nagari sanès. Kajawi punika pabrik wau inggih badhe damêl band pasêkan, kangge dhilman tuwin tumpakan sanès-sanèsipun. Band pasêkan wau salaminipun asli andhatêngakên saking nagari sanès, dados tumrap tanah ngriki sawêg badhe miwiti.

Rêca kina ical. Hoofdopzichter barang kina ing Ngayogya nyumêrêpi bilih satunggiling bangsa Tionghoa ing Surakarta gadhah rêca-rêca kina ngantos atusan. Sarêng niti priksa rêrêksanipun piyambak, kasumêrêpan kathah ingkang ical. Salajêngipun lapur dhatêng pulisi.

Oskar Speck. Kados ingkang sampun dipun wartosakên lampahipun Oskar Speck, ingkang ngubêngi donya namung numpak baita alit, sampun dumugi Timor Dilly.

Murid Tawali School mogok. Murid Tawali School ing Padang Panjang mêntas sami mogok, jalaran wontêning tatanan wulangan ingriku botên nocogi, tuwin malih griya pamondhokan botên kajagi rêsikipun. Murid-murid wau anggèning mogok ngantos kawan dintên. Sarêng panêdhanipun dipun pituruti lajêng sami purun malêbêt malih.

Conferentie Volkenbond ing Bandung. Kawrat kêkancingan Nata tanggal 3 Juni 1937 no. 37, ngangkat pangarsa tuwin wakil wakil-wakil nagari Walandi ing conferentie kasarasan ing padhusunan ing tanggal 3 Augustus ingkang kawontênakên ing Bandung. Ingkang dipun angkat wau, tuwan: 1 W.F. Theunissen, onderhoofd D.V.G. ing Bêtawi, pangarsa; 2 tuwan Arifin S. Saidi Maharaja, ingkang kawajiban dados pangagênging afdeeling medisch-hygienische propaganda D.V.G. ing Bêtawi; 3. Prof. Dr. J.E. Dinger, pangagêng Koningin Wilhelmina Jubileum Stichting tumrap bacteriologie tuwin hygiene ing Bêtawi; 4 Prof W.F. Donath, maha guru miji ing G.H.S. ing Bêtawi; 5. Dr. J.L. Hydrick, adviseur tumrap hygienische organisatie D.V.G. ing Bêtawi; 6 tuwan H.J. van Mook, hoofdambtenaar Departement van Economische Zaken, ing Bêtawi; 7 tuwan W. Mooy, dokter Militèr klas 1 hygienisch instituut ing Bêtawi; 8 tuwan J.G. Overbeek, pangajêng nyirnakakên malaria ing D.V.G. Bêtawi; 9 Dr. Soesilo, inspecteur D.V.G. ing Sumatra Kidul ing Palembang; 10 tuwan M.F. Tydeman, residèn Priyangan ing Bandung; 11 tuwan S.W. de Wolff, inspecteur Prov. Gezondheidsdienst Jawi Kilèn ing Bêtawi; 12 Prof. Dr. P.M. van Wulfften Palthe, maha guru G.H.S. ing Bêtawi. Ing tanggal 29 Juli Dr. E. Pampana tuwin nonah I.C. Heap sami utusan saking Volkenbond dhatêng, kanthi tuwan Ch. 1e Bosquet, minangka jurubasa. Gêgayutan kalihan conferentie Volkenbond punika, wiwit tanggal 3 dumugi tanggal 13 Augustus ing gêdhong T.H.S. dipun dèkèki bijpost- en telegraafkantoor piyambak, kanthi nama Bandung-Volkenbond.

Dr. A.N.J. van der Hoop papriksa. Dr. A.N.J. van der Hoop, atas dhawuhipun pangagêng Pakaryan babagan barang kina, kapiji dhatêng tanah Sumatra Kidul, pêrlu nindakakên papriksan babagan kuburan sela ing Tanjungara, tuwin dhatêng Korinci mriksa patilasan kina ingkang sampun nyamar ing Danau Gadang.

S.S. langkung mirah tinimbang taun 1920. S.S. mêntas tampi panyeda bab awising waragad lampah, botên mirah kados kala taun 1920. Miturut katrangan saking S.S., malah waragad ing sapunika langkung mirah. Têtandhinganipun, kala October 1920 klas 1, sakilometer 5? sèn, klas 2, sakilomètêr 3¾ sèn, klas 3 sakilomètêr 1? sèn, tuwin klas 4 sakilomètêr 1¼ sèn. Dene sapunika pêpetanganipun 3.6; 3; 1½; 1.

Tram dalu. Benjing Pasar Malêm Sêmarang ingkang badhe kawontênakên ing wêkasanipun wulan punika, S.C.S. tuwin S.J.S. badhe ngawontênakên sêpur dalu. Ingkang kangge cobèn-cobèn ing tanggal 31 Juli, satunggal dhatêng Kudus, satunggalipun dhatêng Pêkalongan. Manawi tumindakipun pinanggih sae, badhe dipun adani malih wontên tanggal 7 tuwin 14 Augustus.

Jêmbêr bêtah dipun kèndêli mtor[5] mabur. Awit saking sarêmbaging para sudagar Tionghoa ing Jêmbêr, gadhah panêdha dhatêng K.N.I.L.M. supados kitha ngriku ugi dipun kèndêli motor mabur. Panêdha wau dèrèng wontên katranganipun, nanging mirid dununging kitha tuwin kathahing kabudidayan warni-warni, mèmpêr saupami ingriku dipun wontêni pakèndêlan.

--- 895 ---

Papriksa ing Enggano. Dr. Kohler, utusan saking pamulangan luhur ing Hamburg, Jêrman, sampun bidhal saking Benkulen dhatêng Enggano, pêrlu badhe mahamakên babading basa ing pulo ngriku.

Salingkuhan arta ing P.G.B. Ing wêkasaning taun kêpêngkêr Pêrkumpulan Guru Bantu (P.G.B.) damêl Congres, mindhah manggèning Hoofdbestuur wontên Bêtawi, ingriku petanging arta wontên f 2483.555, pinanggihipun namung f 700.-, tuwin rêkêning 2 isi f 15.-, dados arta kirang f 1768.555. Nanging lajêng wontên katrangan, arta wau dipun angge ing tiyang 3, f 1130.185, f 155.25 tuwin f 483.12.

Ing tanah Jawi kêkathahên tiyang. Mirid dhawuh pangandikanipun Mr. G.H.C. Hart, mirid saking kawontênan, ing tanah Jawi mêsthi angalami jaman ingkang botên sakeca, jalaran saking kakathahên tiyang. Dene ingkang minangka panulakipun wontên warni tiga, inggih punika anjêmbarakên têtanèn, misaya ulam ing tanah Jawi, tuwin ngajêngakên pakaryan ing tanah Jawi punapadene ngawontênakên paboyongan dhatêng tanah Sabrang.

Tuwan Prawoto kèndêl. Kawartosakên, tuwan Prawoto kèndêl saking anggèning dados warga College van Gedelegeerden, dene ingkang anggêntosi tuwan Van Baalen.

Papan tatanèn ing Pakêm. Bab ada-ada pandamêling papan têtanèn kangge para kacingkrangan sampun rampung. Arta pawitan ingkang kangge tumbas siti tuwin pirantos-pirantos dipun sadhiyani f 300.-. Pasitèn wau cêkap dipun ênggèni tiyang 240. Wiwitipun anggarap tiga kawan wulan malih.

Mr. R. Oetojo Ramelan. Mr. R. Oetojo Ramelan, putranipun wêdana pulisi kitha Surakarta, sampun wangsul saking nagari Walandi. Bidhalipun saking nagari Walandi mriki numpak kapal Jêpan, dumugi Singapura, saking Singapura dhatêng Bêtawi numpak kapal K.P.M.

Pasar Malêm Tulungagung. Benjing tanggal 28 Augustus ngajêng punika ing Tulungagung badhe wontên Pasar Malêm. Sadaya kawêdanan sami badhe ngêdali barang-barang damêlan tangan ing bawahipun piyambak-piyambak.

Niti tiyang mlampah. Commissie babagan margi ing Bêtawi nindakakên panitipriksa ing bab tatanan kawilujêngan ing margi, tumrap tiyang dharat, tiyang numpak sêpêda, kusir sadho tuwin grobag. Dumugi sapriki paniti wau dèrèng rampung. Manawi pinanggihipun pancèn nyata taksih kathah kasangsaran, ingkang tuwuh saking tindaking golongan wau, lajêng badhe ngawontênakên tatanan kadospundi prayoginipun.

Nyêpêng pangajêng pakêmpalan lampah awon. Miturut wartos, pulisi ing Bêtawi mêntas nyêpêng tiyang nama Oesman bin Andoet, pangajênging pakêmpalan wados, nama "Soeltan Ali Achmad". Pakêmpalan wau ngawontênakên warga kanthi dipun sukani karcis minangka tandhaning dados warga. Pangajêng wau cariyos, sêdyanipun badhe rekadaya supados sawarnining pajêg dipun icali. Wontênipun pakêmpalan wau ngangge nama Soeltan Ali Achmad, mêndhêt naluri saking namaning tiyang ingkang anggadhahi pasitèn kathah ing Paal Merah, Mangga Dua tuwin sanès-sanèsipun. Tiyang wau pancèn sampun dangu dados wawasaning pulisi.

Pabrik sêpatu ing Jawi Têngah. Miturut wartos saking Departement Economische Zaken, wontên panuwunan badhe ngêdêgakên pabrik sêpatu, satunggal Bata, satunggalipun botên kapratelakakên, ingkang kapilih ing Ngayogya, pêrlu mêndhêt mirahing bêrahan.

NAGARI WALANDI

Barang kina. Parentah Italie nyukakakên dhatêng parentah Walandi awarni mriyêm kina 4, jangkar 1 tuwin pirantos kapal sanès-sanèsipun, ingkang dèrèng dangu pinanggih wontên ing Stromboli tuwin kakintên barang wau asli kala jaman Michiel de Ruyter sasampunipun campuh ing Salerno kala tanggal 22 April 1675. Bab punika Minister Colijn apratela dhatêng utusan Italie, ing bab kautamènipun Italie.

ASIA

Paprangan ing Tiongkok. Sampun sawatawis dintên ing Tiongkok tuwuh pêrangipun golongan Tionghoa tuwin Jêpang ingkang langkung rame. Miturut wartos saking Peiping tanggal 13 wulan punika, kawontênan ing Tiongkok sisih Lèr taksih kasamarakên, nanging wakil militèr Tionghoa tuwin Jêpan tansah ngrêmbag murih rukunipun, sampun ngantos mrèmèn dhatêng pundi-pundi. Sarêng jam 10, wadya Tionghoa golongan 37 campuh kalihan wadya Jêpan wontên sacêlaking gapura Tahung, kitha Nan-Yuan. Kathah golongan Jêpan ingkang kenging katahan. Bangsa Jêpan ingkang sumingkir saking Peiping taksih anggili. Ingriku lajêng kêdhatêngan wadya Jêpan bêbantu saking sanès panggenan.

Kintunan mas saking Jêpan dhatêng Amerika. Kapal Niagara-Maru, gadhahanipun Nippon Yusen Kaisha, sampun bidhal saking Kobe dhatêng San Francisco kanthi ambêkta mas gluntungan rêgi 20 yuta yèn. Lampah punika kêgolong perangan kapisan ing golongan ingkang kaping nêm. Gunggunging mas ingkang sampun kakintunakên wontên rêrêgèn 290 yuta yèn.

AMERIKAH

[Grafik]

Mrs. Amelia Earhart. Inginggil punika ngêwrat gambaripun Mrs. Amelia Earhart punapadene kapalipun gêgana, kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn ingkang sampun kêpêngkêr, inggih punika nalika anggêgana nglangkungi sagantên agêng, wusana ical tanpa wartos wontên pundi dunungipun. Dumugi sapriki dipun padosi dèrèng pinanggih.

--- 896 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun: Baronesse Orczy

76

Sêr Blakêne: Ora prêlu kopikir, lèdhi. Tak tanggung, ing besuk Sopêlin mêsthi bakal tămpa piwalês. Mênênga bae, mêngko tak akalane supaya Sopêlin bisane nyabrang nyang Londhên manèh. Wadhuh, anggone utang nyang aku mêngkone arêp tak sauri nganggo anakan sing tikêl-matikêl kae.

Mirêng pangandikanipun ingkang raka ingkang galêndam-galêndêm sasakecanipun wau, sang putri lajêng gumujêng. Awit ing batos rêna panggalihipun, dene ingkang raka sampun katingal sigrak malih, langkung-langkung sarêng ingkang raka nyolahakên astanipun kalih ingkang kiyat lan santosa, kadosdene sawêg anglabrag tiyang, sang putri lajêng kapêksa gumujêng latah.

Nanging sakala punika sang putri ujug-ujug: nyat, jumênêng. Wadananipun ingkang katingal sumringah katingal pêtêng. Dene sabab-sababipun: ing nginggilipun sang putri mirêng kadosdene wontên tiyang ingkang lumampah nuju mriku, lan malih kathah sela-sela ingkang saking ing nginggil sela karang, ingkang kangge lênggah sèndhèn wau, sami dhawah mangandhap ngantos dumugi ing sagantên.

Kalayan kagèt sarta ajrih sang putri enggal-enggal pitakèn: apa kae.

Kanthi gumujêng ingkang raka amangsuli: ora ana apa-apa, lèdhi. Kowe kuwi sajak le lali karo mitramu dhewe, yaiku: Si Andre.

Sêmu bingah sang putri pitakèn malih: Lho, apa iya: Sêr Andre têmênan.

Sêr Blakêne: Ha iya dhèwèke, kowe rak iya ora lali, ta. Tujune, sadurunge aku mangan bêbarêngan karo mitraku Si Sopêlin, ora adoh saka rèsturan: Kucing Klawu, aku kêtêmu karo dhèwèke dhisik. Kala samono aku nyaritakake anane dalan kang anjog mrene, dalan iki menggak-menggok, tur iya adoh bangêt. Kajaba iku aku uga ngandhakake wayahe aku lan kowe sumadhiya ana ing kene iki.

Sang putri kalayan gumun sangêt: Apa Sêr Andre iya banjur mung manut miturut bae.

Sêr Blakêne: Manut miturut tanpa mangsuli apa-apa, lèdhi. Dêlêngên, kae, lho, dhèwèke têka. Dhèwèke ora ngarubiru aku, kalane aku ora ambutuhake nyang dhèwèke, nanging têkane dhèwèke mrene saiki kiyi, kabênêran bangêt. Dhèwèke iki pancèn iya wong pêng-pêngan têmênan. Mathuk saupama ing besuk dadi têtimbangane Nonah Susanah.

Salêbêtipun dipun raosi makatên wau, Sêr Andre kalayan ngatos-atos lumampah turut sela karang mandhap nuju dhatêng papanipun Sêr Blakêne tuwin ingkang garwa. Sapisan utawi kaping kalih Sêr Andre kèndêl amirêngakên rêmbaganipun tiyang kêkalih wau, awit inggih rêmbaganipun punika ingkang dados ular-ularipun papan ingkang dipun tuju wau.

Ing wusana Sêr Andre lajêng undang-undang kanthi ngatos-atos makatên: Blakêne, Blakêne. Apa kowe ana ing kono.

Botên watawis dangu Sêr Andre lajêng sampun dumugi ing sacêlakipun sela karang ingkang dipun lèndhèhi dening Sêr Blakêne tuwin ingkang garwa. Nanging sarêng nguningani Sêr Blakêne, ingkang ing kala punika taksih ngagêm-agêm ngemba tiyang Yahudi wau kagètipun tanpa upami, sarta lajêng kèndêl sajak sêmlangêrên.

Nanging ing kala punika, Sêr Blakêne sampun sagêd jumênêng, sanadyan kanthi rêkaos sangêt. Lan kalayan gumujêng ingkang lucu nanging sajak kados tiyang ingkang kirang èngêtanipun, panjênênganipun angandika makatên: iya, aku ana ing kene, mitraku, kanthi slamêt ora kurang siji apa, sanadyan wujudku nganggo sandhangan iki ora adoh karo mêmêdi sawah.

Sarêng Sêr Andre uninga bilih ingkang ngemba Yahudi wau, panuntunipun piyambak, sangêt ing gumunipun, ngantos kawêdal têmbungipun: tobat, tobat, ora nyana-nyanaa, kabèh ...

Ing kala punika dumadakan Sêr Andre priksa dhatêng Lèdhi Blakêne. Amila panjênênganipun rumaos bêgja, dene lajêng sagêd nahan têmbung-têmbung ingkang badhe kawêdalakên, ingkang têmtunipun botên sakeca kamirêngakên ing priyantun putri.

Kalayan sabar Sêr Blakêne ngandika: i, iya, aku wis ngrêti apa sing arêp kokandhakake. Ora, kăndhaa nyang aku, Andre, sasuwene aku durung kobêr pitakon nyang kowe, apa prêlumu ana ing Prancis iki. Parentahku kowe rak ora kêna ninggal Londhên. Apa kowe arêp ambangkang. Ati-atia, yèn pundhakku wis mari, kowe mêsthi bakal tămpa paukuman apa mêsthine.

Badhe kasambêtan.

--- 109 ---

No. 28, taun VIII

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR.

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN F 1.50. KENA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK, LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN

MANGSULI LAYANG

Sêtoe Rèngèl, Bojonêgoro. Layangmu sarta kirimanmu karangan wis daktampa, bangêt panrimaku. Ananging aja pisan dadi atimu, aku ora bisa nuruti apa sing dadi panjalukmu, awit mèh kabèh bocah sing ngirimi layang, uga ngirimi karangan, dadi yèn kowe dikirimi T.B. lêlahanan, mêngko banjur kabèh-kabèh njaluk mêngkono, la Bu Mar banjur kapriye, Sêtoe, mara pikirên.

Soelasmini lan Soesilo Pêjagoan. Bangêt panrimaku kowe padha mêrlokake ngirimi lêlucon lan dêdongengan.

Soelastri Surakarta. Andadèkake sênêngku kowe kirim layang nyang Bu Mar sarta isi lêlucon lan cangkriman.

Apa kowe saiki wis libur lan apa munggah anggonmu sêkolah. Coba Bu Mar critanana, kapriye bijimu anggonmu proefwerk.

Soekartijah Malang. Wah wis lawas bangêt kowe ora nglayangi ibumu, lagi saiki jêdhul têka layangmu. Sukur, dene kowe ana Malang padha slamêt kabèh. Aku durung bisa mêsthèkake têkaku ing Malang. Dene yèn kowe arêp milu urun ngisèni T.B. ya kêna bae.

Soejati Gêdongan Tulungagung. Aku wis tampa layangmu, ngabari yèn kowe wis ngalih nyang Tulungagung, ora liya bangêt panrimaku. Batanganmu cangkriman wis bênêr kêbèh.[6] Ing sarèhne layangmu têkane kasèp, mula jênêngmu ora bisa kapacah[7] dhèk Sêtu kêpungkur.

Sri Mastoeti Surakarta. Layangmu karo-karone wis daktampa kanthi sênênging atiku. Bangêt panrimaku kokirimi karangan warna-warna. Wah, kok nakal-nakal têmên kucing lan asumu kuwi, aja kêbangêtên anggonmu ngajak gojèg, ta Sri, mêngko rak kowe kêntekan klambi, la nèk asune wis gêlêm nyokot, wah kojur kowe Sri.

Sri Sasanti Surakarta. Aku wis tampa layangmu, kang nyaritakake bab Suwijah lan surasane wis mangêrti kabèh. Karanganmu uga wis daktampa.

Dorèmi Batang. Lêluconmu lan batangan cangkriman wis kêtampan. Batanganmu sing bênêr mung siji, yaiku sing nomêr 2.

Soepartinah Bloran, Sragen. Bangêt bungahku tampa layangmu pitêpungan. Yèn kowe arêp urun ngisèni Taman Bocah iya bêcik bangêt.

S. Har Surakarta. Pêrkara karanganmu, sing ora kapacak iku sabab kurang apik. Elingana Har, Bu Mar iki kudu milihi karangan pirang-pirang, mula ya sabên bocah kang ngirimi karangan, mêsthi takkandhani, yèn ana papan bakal kapacak, awit niyatku ya arêp dakpacak kabèh. Mula ya ngêntènana bae sing sabar, yèn ora kapacak, ya tandha kurang prayoga.

Har, Bu Mar uga sênêng bangêt badminton, sabên sore, nanging olèhe main, ya mung janji namplèk, pêrlune mung kanggo ngêtokake kringêt. Kowe mêsthine ya wis kampiun ya Har, aku krungu jare kowe wis entuk bèkêr, rak iya ta?

Indinah Purwokêrto. In, Soemirah kang adrèse katulis ing ngisor iki kêpengin têtêpungan karo kowe. Yèn dhangan atimu kowe nglayangana dhisik nyang dhèwèke.

Soemirah p/a M. Djajasoemitra Guru bantu Klètèk Caruban. Layangmu wis kêtampan, surasane wis mangêrti kabèh.

D. Karsi Rêmbang. Kêtrima bangêt kokirimi portrèt lan karangan lêlucon. Karsi, aja pisan dadi gêlaning atimu, rêrêpènmu durung kapacak, awit saking akèhe rêrêpèn lan karangan saka bocah-bocah, sanajan rêrêpènmu wis lawas bangêt anggonku masrahake nyang redactie, nanging mêksa durung kapacak, durung kapilih, bokmanawa ya kurang apik. Mula ya sing akèh pangapuramu bae nyang ibumu ya D. Karsi. Pancèn angèl ngêmbani bocah-bocah, kudu bisa ngenaki ati. Niyatku ora mung arêp ngenaki atimu bae, nanging sabisa-bisa karanganmu ya kapacak, sanajan êmbuh kapan, nanging ya suwe-suwe ya arêp kapacak. Upama kowe ngirimi lêlucon têlu, ya aja banjur karêpmu kabèh kudu kapacak, nanging saka siji. Wondene yèn têlune mau, lucu utawa anèh bangêt, iku ya banjur kapacak kabèh sanalika iku, dadi rak kudu dipilihi, ya D. Karsi, ing mangka atusan, elingana! Aja giri-giri arêp duka nyang Bu Mar, sing sabar.

--- 110 ---

Soelastri. Barêng iki aku ngirimi adrèse Handini p/a R. Martodimêdja Gep. Hulpond (Lorok) Pacitan. Handini ora bisa ngirimi layang dhisik, panjaluke, kowe sing nglayangana dhisik.

Im. Sj. Oemar Purbolinggo. Wah, kok anèh ya kaanan ing desamu. Kapriye wonge wadon kang aran Soembini, apa isih ajêg kaya lagi anu, solah tingkahe apa ya isih kaya ula? Ach, mêsakake bangêt, bok iya enggala waras, ya Oemar? Kowe ngirimana kabar manèh, ya! Lêluconmu wis kêtampan, bangêt panrimaku, lan pambatangmu bênêr kabèh. Dhèk anu kae, aku lagi ngêlu, dadi ora nyang Tanjung-Priuk ndêlok padvinder sing arêp nyang Wereld Jamboree, dadi mung ngrungokake saka Radio bae. Cuwa aku ora duwe potrète, dadi ora bisa ngirimi.

Hizboel Wathon ing Batavia uga wis gêdhe.

Soewati Karangsono. Sukur bangêt, dene adhimu wis waras anggone lara malaria. Aja dadi atimu ya Ti, jênêngmu kliru pangêcape. Kanca-kancamu yèn arêp nglayangi Bu Mar, iya bêcik, dakarêp-arêp bangêt.

Sulardjo Kêbon Sirih, Batavia-Centrum. Bangêt andadèkake sênêngku, kowe mêrlokake têmênan enggal-enggal ngirimi layang nyang Bu Mar. Sukur bangêt kowe wis kirim layang nyang Soetarjo. Jo, ora susah cuwa atimu, aku ora mènèhi katrangan bab jênêngku. Rak ora pêrlu, ta Jo? Pêrkara pambadhemu, bênêr utawa luput, ya êmbuh, ya!

Layang-layang liya-liyane bakal takwangsuli Sêtu ngarêp.

Ibumu Mar.

LÊLUCON

Ana lurah desa wis tuwa, anuju sawijining bêngi ngrondhani desane ngajak prabot aran Dipa, jalaran desane rusuh bangêt, olèhe andhêdhêpi ana panggonan sêpi lan pêtêng, lurah prentah marang Dipa.

Lurah: "Pa, aku kang nyêgat kene, kowe ing sisih Lor kana, mêngko yèn takundang enggal maraa."

Antara ¾ jam Dipa krungu suwarane lurah undang-undang.

Lurah: "Pa! Pa! Pa!" ... Nganti arambah-rambah.

Dipa: "Nun! Nun! Nun!"... Nganti arambah-rambah.

Barêng wis cêdhak isih nyuwara Pa! Pa! bae, banjur diobori nganggo rèke, jêbul lurah lagi turu, kang nyuwara Pa! Pa! iku ambêkane nyuwara nang lambene, jalaran untune lurah wis êntèk babar pisan. Dipa nuli bali manèh mênyang panggonan maune. Ora suwe Dipa uga turu, karo nglindur.

Dipa: "Ana maling! Ana maling!" (Nganti rambah-rambah uga).

Lurah kagèt, banjur tangi, lan marani panggonane Dipa, nganti lurah wis cêdhak bangêt Dipa isih muni ana maling, ana maling bae, barêng diobori dening lurah, yèn Dipa lagi turu, banjur digugah ditakoni, ngomong yèn impèn-impènên. Dipa uga ngandhakake kaanane lurahe, banjur padha gumuyu karo mulih.

Soesila, Pêjagoan.

Bapak: "Thole Herman, mêngko anaa buri bae, yèn ana wong sapa bae takon marang aku kandhanana aku ora ana ngomah."

Herman: "Ya, pak."

Sawise ana têlung dina bapake takon marang Herman.

Bapak: "Man, mas Kramadiwirya kabare wingi wus puputan, nanging aku ora diundang; apa wingi ora ana wong utawa bocah kang dikongkon ngundang aku mrene."

Herman: "Ya ana, pak, Suradi têka mrene takon bapak, nanging dakkandhani bapak ora ana ngomah."

Bapak: "Pancèn kowe ora doyan brêkat."

D. Karsi.

Glèmboh: "Wèr, Wèr, kowe sêkolah ngêndi?"

Dowèr: "Aku sêkolah Amblêstir."

Glèmboh: "Wah yèn ngono kowe bisa maca, ya?"

Dowèr: "Mêsthi bae bisa, rungokna:

B-a = Ba. B-i = Bi = "Cèlèng"

K-a = Ka. K-i = Ki = "Simbah".

Glèmboh: "We la, pintêr ya! Yèn ngono aku kalah pintêr ya Wèr? Hi-hi."

Sulardjo

A : "Jêmuah, Jêmuah arêp mênyang ngêndi, ta?"

B : "Mênyang masjid."

A : "Arêp salat apa?"

B : "Ora, wong arêp ngijolake sandhal kok."

Sri Mastoeti

Wong sing bodho bangêt

Ana wong bodho bangêt, duwe bojo èlèk bangêt atine. Jênênge Karsarêja. Anuju sawijining dina, bok Karsa ginanjar lara bangêt, nganti tumêka ing pati. Ing batin pak Karsa malah bungah bangêt. Nanging lahire ketok susah. Sanak sadulure padha nglipur mangkene: "Wis aja akèh-akèh sing kopikir, bojomu wis mulih marang jaman kêlanggêngan. Iku wis dadi lumrahe wong urip ana ngalam donya. Awit paribasane mangkene: "Manawa mêntas mangsa kêtiga, banjur salin mangsa rêndhêng, sakabèhing wit-witan sarta têthukulan kang wis padha mati wiwit sêmi utawa urip manèh. Mangkono uga manungsa, iya urip sarta iya banjur mati." Pak Karsarêja mau barêng krungu paribasan mêngkono mau ing batin susah, awit sumêlang manawa bojone besuk ing mangsa rêndhêng urip-urip manèh kaya dene wit-witan. Saking bangêting sumêlang, nganti kêlahir: "Muga-muga Gusti Allah mung maringana urip marang sakèhing wit-witan kang wis padha mati bae, dene bojoku aja nganti urip manèh. Mangkono iku gagasane wong bodho bangêt.

Sri Mastoeti.

--- 111 ---

MURKA

Ana sêdulur loro, wadon karone, manggon ing sawijining desa. Sing tuwa klêbu sugih, ambêke sumangkeyan ora gêlêm tulung adhine kang mlarat. Mungguh adhine iku mlarat bangêt, omahe wis tuwa tur ala. Sawijining dina sêdulur sing tuwa duwe gawe mantu, adhine diundang. Nanging adhine ora dilêbokake ngomah, mung ana nglatar, lan ora disuguhi. Barêng bubaran, adhine mulih, lakune ngliwati kali. Ing kono dhèwèke nêmu watu kambang, banjur digawa mulih. Satêkane ngomah, watu mau tiba saka tangane, mlêbu ing anglo kang ana gênine angalad-alad. Nanging ora suwe ing kono banjur ana loji gêdhe wis pêpak uba rampene. Sandhang pangan kêbak bangêt ana jêro omah. Loji iku kêdadeyan saka watu kambang kang kacêmplung ing anglo mau. Uripe adhine saiki sênêng. Kocapa mbakyune barêng krungu yèn adhine sugih, mara, banjur takon, apa kang dadi sababe. Adhine kandha barès, saka wiwitan têkan wêkasan. Bakyune kêpengin arêp niru adhine. Banjur pangkat mênyang kali, golèk watu kambang, supaya bisa dadi loji. Barêng wis olèh, nuli diobong. Nanging dayaning wong murka, watu ora dadi loji, nanging dadi gêni ngalad-alad, lan... ngobong dhèwèke.

Mêngkono dongèng kang nandhakake olèh-olèhane wong kang atine murka.

Slamadi

BOCAH KÊSÈD

Ana bocah wadon, aran Darsinah, iku anake wong tani kang rada cukup sarta srêgêp ing gawe. Ing sarèhning si Darsinah mau anak mung siji, mulane ya dinama-dama bangêt dening wong tuwane. Wong tuwane tansah gawe bêbungah lan sênêng, murih bocahe sênêng uripe. Ananging wusanane bocahe banjur dadi bocah ugungan, barêng wis gêdhe ora ngêrti marang kuwajibane, ora tau gêlêm ngrewangi nyambutgawe wong tuwane.

Suwe-suwe bapakne banjur susah ngrasakake anake kaya mangkono. Kêrêp bae Darsinah disênèni dening bapakne, nanging dhèwèke mêksa ora mrêduli, awit bokne isih ngugung anake. Yèn bokne têka saka sawah, sayah awit êntas nyambutgawe sadina muput, Darsinah ora tau gêlêm ngladèni, mung lungguh bae malah dhèwèke njaluk diladèni. Darsinah saya lawas saya kêsèd.

Yèn bapakne têka saka pagaweyan, wêruh manawa anake wadon sadina muput ora gêlêm nyambutgawe, mung turu bae, barang-barang pating bêkakrak, prabot pawon isih padha rêgêd, dhèwèke nuli nêsu bangêt.

Kanggo wêdi-wêdi bapakne nuli kandha, yèn Darsinah arêp disêkolahake (kala samono isih langka bangêt bocah wadon padha sêkolah), supaya disinaoni nyambutgawe. Darsinah banjur nangis bae. Bokne nuli ngarêm-arêmi, yèn ora-orane si Darsinah arêp disêkolahake, wusanane bocahe banjur ora marèni anggone alêman lan kêsèd mau.

Bocah mau doyan bangêt mêmangan. Sabên bapakne têka sore saka pagaweyan, anjaluk lêgi-lêgi, bokne mêsthi mangsuli, yèn kabèh wowohan sêdhiyane bapakne wis êntèk dipangan Darsinah.

Kêsède Darsinah saya lawas saya bangêt, nganti ambuwang isi wowohan kang êntas dipangan bae iya aras-arasên.

Kacarita sabên dina si Darsinah mung mêmangan karo turon, lan sabên mangan wowohan kang ana isine ora dibuwang, mung dislêmpit-slêmpitake ing ngisor klasa paturon.

Sawijining dina bokne Darsinah lara bangêt. Wadhahe wowohan saiki ora ana sing ngisèni. Darsinah nuli susah, sabab ora ana kang dipangan, banjur têturon, tanpa ngopèni bokne sing lagi lara bangêt. Barêng sore bapakne têka saka pagaweyane, durung ana sêga. Dhèwèke nêsu bangêt, anake dikon olah-olah. Ananging sarèhning Darsinah ora tau gêlêm sinau olah-olah, ora ngêrti kapriye patrape wong olah-olah sarta adang, mulane kabèh kang diolah ora kêna dipangan.

Bapakne calathu mangkene karo susah: "O, dadi kaya ngene iki opahe anggonku kêsêl nyambutgawe, anak wadon ora bêkti karo wong tuwa lan mangan ora karuwan rasane."

(Ana candhake)

KAKANG ADHI

[Grafik]

Gambar ing dhuwur iki, bocah kakang adhi lagi padha dolanan, dilêlipur dening wong tuwane murih padha antêng lan aja padha ngrêngribêdi pagaweane wong tuwa. Sing gêdhe dikon ndelok gambar-gambar ing koran lan liya-liyane, adhine dicêkêli panganan lan dolanan liyane kang bisa nyênêngake atine. Dêlêngên, rak ya ndêmênakake.

--- 112 ---

CRITANE ANTÊPING JAKA

(Candhake)

Saiki gênti nyaritakake kyai Sudagar sabojone ana ing desa. Ing omah tansah sêpi nyênyêt, ora ana swaraning bocah, liyane ngrungokake kewan pomahan lan ibêr-ibêran ora ana manèh. Ing kono andadèkake sêdhihing atine bok Sudagar kang tansah dibatin bae; jalaran saupamane arêp dilahirake, wêdi karo sing lanang, mbok nganti ndadèkake pasulayan kang ora bêcik, ewa samono rèhning ananing ati kèlu, sanajana dilipura kaya apa, ya mêksa tansah kumanthil-kanthil bae. Sabab rumasa anggone duwe anak mung siji thil, barêng wis rada gêdhe, kok banjur dipisah karo panggonane, kang ora bisa wêruh ing sabên dinane. Gagasane bok Sudagar: "Iya nèk aku bisa mati tuwa, isih bisa suwe anggonku ngêmong, saupamane umurku tumuli dipundhut karo sing Kuwasa, gèk kapriye. Pamikir kèlu iku mundhak dina mundhak krasa, jalaran wis dadi kalumrahan golongan wadon ta? Nyang anak iku beda bangêt karo bab ananing wong lanang. Sabab saka ati sêdhih, bok Sudagar banjur ginanjar lara. Mungguhing larane saya suwe ora saya mari, malah saya bangêt. Kyai Sudagar ora mênyang pasar, mung tansah judhêg, mikiri larane bojone. Dhèk wingènane durung apa-apa, kok ujug-ujug saiki bangêt. Sajrone bok Sudagar nandhang lara, kyai Sudagar ora kêndhat anggone ihtiar tamba; nganti dilakoni thèthèl-thèthèl ya ora dirasakake, janji larane bojone bisa waras bae.

Sawijining dina, nalika kyai Sudagar lagi lungguh ana ing sajabaning kamar, disambi nggagas-nggagas lan golèk rekadaya, mênyang ngêndi anggone golèk tamba. Dumadakan krungu swara saka jêro kamar, lan kaya-kaya kang nywara mau wong nangis, tumuli ditilingake. Sawise têtela yèn swara mau sambate kang wedok, ya iku tansah ngundang anake kang ana ing pasuwitan. Ing kono kyai Sudagar banjur thukul panggagase, yèn larane bojone jalaran saka kangêne nyang anake lanang kang disuwitakake. Kyai Sudagar arêp êndang marani anake, mbokmanawa bisa ndadèkake marganing kuwarasan.

Isih esuk umun-umun kyai Sudagar wis tangi sumêdya arêp marani anake lanang. Lakune kyai Sudagar ora kacritakake, ora antara suwe kira-kira jam 8 esuk kyai Sudagar wis têkan ing dalême Radèn Sujana. Rèhning wêktu iku mangsane wong nyambutgawe, dadi Radèn Sujana ora kêtêmu, samono uga anake, sing ana dalêm mung bêndara putri. Barêng wayahe wis kondur, lan anake ya wis têka, tumuli padha bage-binage, nuli kyai Sudagar matur apa kang dadi karêpe saka ngomah. Barêng Radèn Sujana sêkalihan mirêngake kanthi ngêrêsing panggalihe, nuli nimbali si Sucipta lan ngêndika: "Le, le, rèhning ing wêktu iki mbokmu wis kangên bangêt, nganti dipêrlokake bapakmu marani, saiki tilikana, bêbarêngan karo bapakmu, mêngko nèk kira-kira wis mari kangên, kowe êndang balia mrene, jalaran kowe rak wis ngêrti dhewe, mungguh kang dadi kaanan ing kene ta!"

Sucipta matur: "Inggih ndara, manawi panjênêngan sampun paring dhawuh makatên, inggih sandika kula nyuwun pamit. Samono uga kyai Sudagar, barêng anake wis dililani, tumuli pamitan bali.

Sadalan-dalan si Sucipta anggone takon bab anane êmbokne ora lèrèn-lèrèn, ewa samono ora diwangsuli têrus têrang.

Ora suwe lakune wis arêp têkan ing desa lan sakarone padha ngrikatake, lan sadhela manèh wis têkan ing omah. Sadurunge anake niliki êmbokne, dijaga bangêt karo bapakne, supaya salin panganggo dhisik, mangan, ngaso, lan liya-liya panunggalane, supaya anake ora êndang tumuli niliki nyang anane êmbokne. Sajrone bapakne nglêlipur anake, krungu swara mak jlêrit kaprênah ana sajroning omah. Barêng wis ditiling-tilingake sing têmênan, dudu swaraning sapa-sapa, nyatane tangising bojone, jalaran saka ora tahane anggone arêp kêtêmu karo anake lanang. Mêngkono uga si Sucipta krungu êmbokne nangis, ora kêna dipênggak manèh, mlayu nggêndring marani panggonane êmbokne. Sakêtêmune karo êmbokne, wêruh lan ngêrti êmbokne lagi ginanjar lara, banjur njêrit sarosane jalaran saka kagète, samono uga êmbokne.

Ing omahe kyai Sudagar ing wêktu anake têka, kêna diarani anjalari udan tangis, kang ndadèkake sêdhihing tangga kiwa-têngêne. Dene kyai Sudagar tansah kamitênggêngên, ndêlok kaanan mêngkono mau. Saking ora tahane nganti ngrèbèlake luh, lan ngrungkêbi anak bojone. Sawise padha eling ora kêdhèp-kêdhèp anggone nyawang sing nandhang lara. Kaanane mbok Sudagar nalikane kêtunggon anak lan bojone, si cahya wis ketok pucêt, panjaluk utawa ucap-ucapan sing aèng-aèng bae, lan rupa-rupa kaya-kaya awèh pêrlambang arêp tumuli mulih mênyang jaman kêlanggêngan. Kacarita sing padha nunggoni, ora ana swarane babar pisan, liyane mung ngingêtake sing lara ora ana manèh. Dumadakan bok Sudagar njaluk ngombe banyu wantah. Sawise dijupukake, durung nganti diombe, awake mbok Sudagar wis krasa anyês, mripat mêrêm, napas wis ora ana babar pisan, jalaran wis têkan wêktune anggone dipundhut nyawane karo kang Maha Kuwasa. Barêng wis têtela têmênan êmbokne ora kêna ditakoni, tangising anak lan sêdhihe kyai Sudagar sangsaya bangêt, sabab rumasa mêsakake lan ditinggal kari. Sajrone nêmahi kaanan mêngkono mau, tangga kiwa-têngêne akèh kang padha nglayad, lan kabèh padha kêpengin sumurup gèk apa kang dadi sababe.

(Ana candhake)

--- [897] ---

 


sagêd ngandhar-andhar. (kembali)
ingkang. (kembali)
mêrêm-mêlik. (kembali)
ing. (kembali)
motor. (kembali)
kabèh. (kembali)
kapacak. (kembali)