Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Image

Ôngka 92, Rê Lê, 14 Pasa, Ehe, 1868, 17 Nopèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - adminsitrasi Balepustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Martapura - Pawicantênan cara Jawi saha cara Walandi - bab siyam - pasar malêm Tionghwa - Kawontênan ing Tiongkok - Kawontênan ing Purwakêrta - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Martapura

[Grafik]

Baita-baita anuju labuh wontên ing palabuhan ing lèpèn Masziz, laladan Martapura, tanah Borneo.

--- 1442 ---

Pawicantênan Cara Jawi saha Cara Walandi

(Javaansch-Nederlandsche Gesprekken)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 91.

Samantên pangalêm kula dhatêng sêrat wau, kados sampun cêkap. Nanging murih jangkêping atur kula, sarta ingkang ngarang piyambak bokmanawi inggih bingah, manawi samangke kula ugi ngaturakên punapa kêkiranganipun utawi cacadipun sêrat wau, supados benjing manawi wilujêng sagêd ngêcap malih, saya langkung sae, samantên wau manawi ingkang badhe kula aturakên punika lêrês utawi kamanah lêrês.

Ingkang rumiyin kula matur, bilih ingkang badhe kula aturakên punika namung grêbanipun kemawon. Dados botên badhe andumuki satunggal satunggal pundi ingkang kula manah kirang lêrês utawi kirang prayogi. Jalaran kajawi badhe kêpanjangên, inggih kuwatos manawi malah wontên ingkang kalangkungan.

Sapisan, kula kirang mupakat anggènipun asring ngangge basa pasisir: môngga karsa, kapêtêk, langês, lan sanès-sanèsipun. Botên awit saking kula botên rêmên dhatêng basa pasisir, namung awit saking angèngêti prêlu. Basa utawi têmbung pasisir punika têbanipun kawon jêmbajêmbar. kalihan basa umum, basa ingkang kangge wontên ing pamulangan utawi cêthanipun malih basa Surakarta. Dados sumêrêp sami sumêrêp, tumrapipun tiyang ingkang sinau, langkung sae dipun sumêrêpakên dhatêng ingkang umum, ingkang têbanipun langkung jêmbar.

Punapa awon nyumêrêpi basa pasisir, botên, malah sae. Nanging anggènipun nyumêrêpakên, samôngsa sampun sumêrêp dhatêng ingkang umum.

Kaping kalih, juru ngarang asring nyupèkakên dhatêng lagu utawi basa ingkang sampun tumindak, ingkang sampun kaprah.

Ing ngajêng sampun kula aturakên, tiyang nyinau basanipun ngasanès, punika kêdah namung satumut-tumut ngangge. Sampun ngantos ngewahi, awit badhe mitunani dhatêng awakipun piyambak. Upaminipun kemawon wontên ing restoran, nêdha dhatêng jongos, supados dipun sukani: pratelan dhaharan, takèn dhatêng tilas koki, nakèkakên surtipikat, mawi têmbung: layang katrangan, punika lêpatipun ingkang dipun têdhani: thingak-thinguk, inggih gumujêng ing batos. Lajêng takèn dhatêng kusir, nakèkakên punapa dhokaripun kangge, mawi têmbung: kusir, dhokarmu iku apa durung ana sing arêp nunggangi. Punika sampun tamtu kemawon botên lêpat, nanging ngatingalakên anggènipun botên purun ngangge basa (basanipun tiyang dhatêng kusir) ingkang sampun limrah.

Utawi bokmanawi kuwatos manawi dipun srekal. Awit kula sampun nate mêningi priyantun lucu takèn dhatêng kusir makatên: sir, andhongmu kanggo apa ora. Sarêng dipun wangsuli: botên, ndara. Punika priyantun wau lajêng mungêl: buwangên bae, nèk mêngkono.

Têmbung utawi têtêmbungan ingkang sanajan botên lêpat, nanging botên limrah, panunggilanipun ingkang kula aturakên ing nginggil, punika ing sêrat anggitanipun Dr. M. Priyautama wau ragi sawatawis kathah. Punika saking pamanggih kula, kajawi badhe [ba...]

--- 1443 ---

[...dhe] dados gêgujêngan, inggih sulaya kalihan bakuning sêdya. Ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng.

Awit, kula kaping kalihi atur kula, bakuning sêdya wontênipun sêrat wau, inggih punika, badhe nyumêrêpakên dhatêng ingkang badhe anyumêrêpi, kadospundi caranipun tiyang wicantên wontên ing satunggal-tunggaling kalangan, utawi kadospundi basa ingkang kangge wontên ing satunggal-tunggaling kalangan wau.

Lajêng kaping tiganipun, ugi ngèngêti prakawis ingkang mêntas kula aturakên punika wau, wontên malih bab-bab ingkang kêdah dipun sêtitèkakên, inggih punika bab tatakrama. Minôngka tuladha upaminipun kula ngaturakên pawicantênan ing kaca 70.

Wontên insinyur, sawêg nêdha, dipun sanjangi rencangipun, manawi wontên tamu mantri pulisi. Têmbungipun rencang: punika, ndara, ndara mantri pulisi rawuh. Dipun sanjangi makatên wau, bêndaranipun gita, mantri pulisi lajêng dipun jak nêdha. Nalika badhe nêdha utawi wiwit nêdha ngladosi mantri pulisi, punika prentahipun bêndara dhatêng rencang, ngatawisi manawi rencang wau taksih dhusun sangêt, sarêng wiwit nêdha botên kèndêl-kèndêl insinyur wau anggènipun nyacadi ingkang kaladosakên utawi anggènipun lados.

[Iklan]

Sadaya wau manawi dipun cundhukakên kalihan tatakrama, babarpisan botên mantuk.mathuk.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 57 ing Sêmarang. Sêrat ibêr-ibêr sampun têlas.

Lêngganan nomêr 4579 ing Kuwaru. Tumrap kuwartal 4.

--- 1444 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Siyam

Sambêtipun Kajawèn nomêr 90.

Na: siyamipun para têtiyang khos (pilihan), inggih punika siyam ingkang kajawi tilar nêdha ngombe lan sarêsmi, ugi lajêng nilar ing budi lan pakêrti ingkang cinacad, santun anindakakên budi lan pakêrti ingkang luhur, lan pinuji.

Ca: siyamipun para khawasul khawas (pilihaning papilihan), inggih punika kajawi sagêd anêtêpi ing siyam, ha lan na kasêbut ing nginggil wau, ugi sagêd mahanani sucining raos, saking kalêbêtan ing kaanan sanèsipun gusti Pangeran kita ingkang Maha Suci. Têgêsipun, ing salêbêting nindakakên siyam wau, ingkang rinaos ing sanubari, namung anjingglêng umadhêp ing Gusti. Inggih kados makatên punika siyam ingkang sajatos.

Dene sagêdipun dumugi siyam ingkang pangkat 3 punika sakawitipun kêdah purun nandangi saking pangkat 1 rumiyin, lajêng minggah-minggah saking sakêdhik, botên beda kadosdene tiyang anjangkah pangkat kadonyan (lair), yèn ujug-ujug sêlak inggil, malah mêsthi sasar-susur. Manggaliha pêpèngêt ing ngandhap punika:

[Mêgatruh]

Dhuh pra mudha ywa kongsi samya kalimput / sêlak manggon pangkat inggil / kasupèn tartibing laku / mundhak malah dhawah sisib / kêblondrong datan rumaos //

Ngêndi ana wong mènèk gya têkan pucuk / lamun sungkan minangkani / saking ing ngandhap rumuwun / minggah baga sing sathithik / sarwa tindak ngatos-atos //

Kawigatosanipun wulan Ramêlan.

Para têtiyang Islam, sami nganggêp bilih wulan Ramêlan punika, satunggiling wulan ingkang minulya piyambak, mila kangge têbaning lampah siyam, kariwayatakên:

Ha. wulan Ramêlan punika, wulan rikala tumuruning Kuran saking laokil mahpul, dhatêng langit sapisan, tinampèn dening sang malaekat Jabrail. Salajêngipun katurunakên ing jagad ngriki, saking sakêdhik, tamatipun ing dalêm jaman 23 taun.

Na. Kariwayatakên malih, bilih tumuruning ayat Kuran ingkang rumiyin piyambak, katampèn dening kangjêng Nabi Mungkamad punika, ugi ing wulan Ramêlan.

Ca. Ing salêbêting wulan Ramêlan, ing saantawising tanggal 20 dumugi tanggal 30 punika wontên satunggiling dalu, ingkang winastanan laelatul kadar. (Wêngi têmuruning pêpasthèn) sataun ingkang badhe kalampahan. Têgêsipun ing dalu wau, wêkdal panampining para malaekat, ing dhawuh wêcaning gusti ing pêpasthèning sadaya dumadi, ingkang dhumawah salêbêting sataun ingkang badhe kalampahan. Mila sintêna ingkang lampah ngibadah, ing dalu wau, cinadhang ganjaran, sami kalihan ngibadah [ngi...]

--- 1445 ---

[...badah] 1000 wulan, ingkang sanès ing dalu wau. Dados laelatul kadar punika botên wujud kaanan, têtêdhan, pusaka, arta, tuwin sanès-sanèsipun, namung namaning dalu dhumawah ing kabêgjan, dhumatêng manungsa ingkang katrimah lampah pangibadahipun ing Pangeran.

[Iklan]

Awit saking ingkang makatên wau, mila para sêpuh ing jaman kina-kina, manawi pinuju ing wulan Siyam, sami anjungkung ngibadah, kados ta maos Kuran (darusan) mêwahi sêmbahyangipun (salat tarwèh), iktikadiktikaf. (sêmadi) ing masjid. Sidêkah (driyah) tuwin sapanunggilanipun, langkung-langkung manawi sampun nyandhak ing malêm 21 dumugi bakda (riyaya) saya langkung dipun rosani yêktos.

Ing sarèhning wulan Ramêlan punika, kangge têtèki, ambangun amrih luhuring budi pakarti, tuwin sucining raos, mila sabibaring siyam, lajêng nitipariksaa ing sariranipun piyambak-piyambak. Yèn sagêd mindhak sae tinimbang sadèrèngipun, lah punika nama angsal damêl. Yèn namung ajêg utawi malah suda kautamènipun, hla punika nama kapitunèn.

Namung samantên andharan kula, wasana ngaturakên salam kula pun Ihsanudin - Pacitan.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka.

Benjing dintên Ngahad sontên tanggal 21 Nopèmbêr 1937, wanci jam 1/2 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Sajak Zaman Sekarang. Ingkang mêdhar sabda Tuwan Armijn Pane.

--- 1446 ---

Pasar Malêm Tionghwa, Kangge Darma Roode Kruis Tiongkok.

Sampun sawatawis dintên ing Batawi wontên pasar malêm Roode Kruis Tiongkok. Papan pamanggènipun pasar malêm wau wontên ing pakarangan Chineesche Handelsvereeniging, dados kapetang botên sapintêna wiyaripun, ewadene angsal-angsalanipun dêmênakakên sangêt.

[Grafik]

Ing sadèrèngipun bikak, sampun tampi arta pariwara f 40.000.-, sewan panggenan f 25.000.-. Kajawi punika kathah sangêt ingkang sami urun, mèh para dagang agêng bôngsa Eropah tuwin sudagar-sudagar Tionghwa sami ambiyantu. Dumugining bibar, angsal-angsalanipun kirang langkung f 80.000.-.

Gambar nginggil: pangarsa mêdhar sabda ambikak pasar malêm. Têngah: ombyaking tiyang ing wanci dalu. Ngandhap: para mudha Tionghwa mitongtonakên konto sapanunggilanipun.

--- [0] ---

[Iklan]

--- 1448 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Wawasan pinanggihipun paprangan ing Tiongkok, saya katingal pandhêsêgipun wadya Jêpan, wadya Tiongkok saya kêsêsêr. Nanging kasantosanipun wadya Tiongkok têtêp botên ewah.

Ingkang pinanggih wontên ing tanggal 9 wulan punika, wadya Jêpan sagolongan agêng ingkang wontên ing Kinsanwe, sagêd minggah dhatêng Sunglon ing Hanso, têrus ngêkêr dhatêng Syanghai. Wadya Jêpan ingkang wontên ing ngajêng sagêd nyabrang lèpèn Wangpo, saha sagêd mêdhotakên margi sêpur antawisipun Hanso kalihan Ningpe, kaprênah sakilènipun Sungkiyang, têbihipun saking Syanghai wontên 30 km. Sarêng wadya Tiongkok kêdhêsêg lajêng gêlar angunduri, dipun tut ing wadya Jêpan.

Mirid gêlar paprangan ingkang kados makatên punika, wadya Jêpan ingkang kapara unggul, nanging mênggah nyatanipun dèrèng kenging dipun wastani makatên. Awit pandhêsêging wadya Jêpan wau inggih lajêng dipun tanggulangi kanthi kuwantêran, kasantosanipun wadya Tiongkok kenging dipun wastani dèrèng kongkih dening pandhêsêging mêngsah.

Ing Nansiyang, kaprênah saêlèr kilèn Syanghai, barisipun wadya Tiongkok tansah nanggulangi mêngsah ngantos rambah-rambah, nanging dangu-dangu wadya Tiongkok lajêng ngunduri, prêlu mapan wontên ing panggenan ingkang langkung wigatos. Grêgêtipun Jêpan ing kala punika, kanthi kêbranang dening rumaos badhe sagêd ngêbroki ing papan ingkang sakalangkung mikantuki, nanging kêpêksa cabar tansah dipun papagakên ing wadya TIongkok, ingkang botên kenging dipun gêgampil.

Makatên ugi ingkang pinanggih ing paprangan sisih lèr, pangangsêging wadya Jêpan ingkang sampun mèh malêbêt dhatêng gapuraning kitha Taiyuwan, ugi dpun tanggulangi wadya Tiongkok sakalangkung kiyat. Sarèhning ajênging wadya Jêpan tansah manggih pambêngan, kêpêksa lajêng ngunduri, santun gêlar ngêpang kitha. Ing ngriku tumrapipun Jêpan ugi sampun kathah papan ingkang kenging dipun broki. Nanging salajêngipun kandhêg botên sagêd anglajêngakên panêmpuhipun, awit santosaning baris Tiongkok botên kenging dipun gêgampil.

Jêpan ingkang rumaos sampun mênang clangap, sarêng têtela Tiongkok angêkahi bitinging kitha, lajêng ambidhalakên motor mabur ing gêgana, kanthi andhawahakên sêrat sêbaran, ingkang suraosipun suka pêpèngêt têtiyang ing ngriku, sintên ingkang nêdya wilujêng supados sumingkir saking ngriku.

Panêmpuhipun wadya gêgana Jêpan ing sisih kidul sakalangkung sêrêng, ambujêng wadya Tiongkok ingkang sami oncat. Ing ngriku Syanghai lajêng kêpêthal sêsambêtanipun kalihan kitha sanès. Wusana ing ngriku anjalari ribêd ing bab babagan arta, mila wontêning bang-bang lajêng dipun pindhah.

Wontênipun paprangan ing Tiongkok punika saya gêgêmpuran, pangangsêgipun Jêpan sampun rêkaos [rê...]

--- 1449 ---

[...kaos] dipun wangsulakên, wusana kitha Taiyuwan, inggih punika kithanipun agêng Sansi, kenging dipun broki wadya Jêpan. Wadya Tiongkok ingkang kêplajêng têrus dipun bujêng ing wadya Jêpan. Jalaran saking kèngsêring wadya Tiongkok dalah têtiyangipun ingkang sami ngili, kathah panggenan-panggenan ingkang lajêng kèbêkan tiyang. Cacahing têtiyang ingkang ngungsi kirang langkung 700.000.

Pangangsêgipun wadya Jêpan ingkang ngêpang Syanghai ing sakawit katingal rêkaos, badhe majêng malih sampun kapêntog barising mêngsah, nanging dangu-dangu wadya Tiongkok kêpêksa angêndhoni, dening kandhêging panêmpuhipun mêngsah wau araos saya mêtêk, wusana wadya Tiongkok kêpêksa angunduri, ngantunakên wadya pêpilihan ingkang prêlu kangge nanggulangi. Ing ngriku wadya Jêpan sagêd andhêsêg manut kêndhoning pabarisan, wêkasan wadya Jêpan sagêd angrêbat papan ingkang dipun kajêngakên, dene wadya Tiongkok lajêng angoncati. Ing salajêngipun wadya Jêpan ing sanès-sanès panggenan ugi sagêd angêbroki papan ingkang dipun kajêngakên.

Kêsêsêripun Tiongkok punika, botên pisan-pisan nuwuhakên aliting manah, punapadene nguciranipun Tiongkok, malah pinanggihipun saya anênangi nêdya ngantêpi ambêging prajurit, sirna ing paprangan. MIturut wartos, awit saking dêrêngipun senapatining pêrang, jendral Syang Kai Sèk, badhe nglajêngakên pêrang, botên niyat badhe ngajêngi rêmbagipun Jêpan anggèning ngajak rukun. Kasoranipun pêrang ing Sansi, Honan tuwin Syanghai, botên damêl sudaning kapitadosanipun pangagêng paprangan Tiongkok. Ing bab kasoran, pancèn ing sadèrèngipun sampun wontên pangintên. Mila niyatipun Tiongkok badhe lajêng nanggulangi mêngsah, adhêdhasar badhe angrungkêbi kautamèn, tuwin angluhurakên praja punapadene nêtêpi prasêtya. Mila wadya Tiongkok botên badhe ngunduri pêrang.

[Iklan]

Ing sapunika sarêng pinanggih ing paprangan kados makatên, katingal sêsulakipun bilih nyêmpyok dhatêng nagari sanès. Mirid wawasanipun senapati pêrang Jêpan Jendral Matsui ing Syanghai, amastani bilih nagari-nagari ngamônca ingkang gadhah laladan wontên ing Tiongkok, botên nêtêpi anggèning nunggak waru. Dados tindaking nagari-nagari sanès wau namung badhe makèwêdi dhatêng tindakipun Jêpan ingkang lèrèg dhatêng kasaenan.

--- 1450 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Kawontênan ing Purwakêrta

III.

Petruk : Rungokna, Kang Garèng, tak banjurne andharanaku. Luwih dhisik ing bab katêranganaku mungguhing pitakonmu: pangudi marang kautamaning ngaurip samono kèhe, kuwi ngêndi sing bêcik dhewe. Wangsulanaku: sing lagi dilakoni. Kuwi nèk kok pikir têmênan, mula iya nyata.

Garèng : Wangsulanamu sing mêngkono kuwi, mula iya wis tak gagas dowi, nganti mau bêngi kêlalèn saur, jalaran têrus anglênthêr... turune. Nanging pêpuntoning panggagas - kawi, Truk, iki, kawi, apa ngalah-alahake le dadi sêtudhèn... kêthoprak - mula iya bênêr wangsulanamu iku. Jalaran saka iku, mulane banjur sok kêrêp bae wong pintêr sok kêblithuk ing têmbung.... muluk. Kaya ta: bisa ngrogoh sukma, bisa nulak sarta angusadani sakabèhing panyakit, bisa urip sênêng, bisa kêrubung ing... ayu-ayu. Cêkak aos: bisa dadi wong kang pinunjul. Kuwi iya banjur: gèncêng, kelut, Truk.

Petruk : Mara, kang Garèng, wong sing wis kelut marang kawruh utawa ngèlmu sing kaya ngono kuwi, andak gêlêm angakoni liyane apik. Mêsthi ora, kang Garèng, sing dianggêp: apik, utama, bênêr dhewe, iya sing lagi dilakoni kuwi, malah bangsaning klèrêk, komis, dalasan bangsaning guru pisan, iki rak bangsaning wong pintêr, wong sing wis mêmêt pangajarane, ewasamono iya ana bae sing: glodhag, mèlu kelut nyang kawruhe mau. Saka kêyungyune, kabèh katêrangane, dianggêp langganan: mêsthi bênêre, nganti sanadyan ora kalêbu nalar babarpisan, sabab gurune mau sing ngandhakake, panganggêpe iya mêsthi bênêr, tur ngandêle kuwi iya nganti lumêbu ing ati, jantung lan rêmpêla pisan. Kaya ta katêrangan sing mangkene kae, apa iya kalêbu nalar: Bathara Guru astane papat kuwi sabab disêpatani... Kangjêng Nabi Muhamad. Katêrangan sing mangkene iki rak padha karo katêrangan sing mangkene upamane: Kangjêng Sunan Amangkurat kuwi anggone kêncèt, sabab disêpatani dening... Kangjêng Kyai Agêng Suryamataram. Hara, mèmpêr iki.

Garèng : Iya wis ora mathuk lan ora kalêbu nalar babarpisan. Nanging wêruha, Truk, iki phulitik, karêpe ana sêpata sêpatanan mau mangkene:

Kangjêng Kyai Agêng Suryamataram, kuwi bôngsa luhur [lu...]

--- 1451 ---

[...hur] sing cara santrine bôngsa: khawasul khawas, ya kuwi wong alim kang klase wis dhuwur bangêt. Kajaba iku piwulange iya wis dhuwur bangêt, nganti sakabate sathekruk bangêt. Hla, nèk saikine dikandhakake: sing nyêpatani Kangjêng Sunan Amangkurat nganti dadine kêncèt, lho, kuwi wong sing dadi sakabate, utawa wong liya sing kêpengin lumêbu dadi sakabat, banjur thukul pikirane mangkene: ê-lho, hla wong jarene alim, atine têka isih pêndhukal-pêndhukul gêlêm nyêpatani mangkono, ora cocog aku. Mêngkono uga anggone ngandhakake: Kangjêng Nabi Muhamad anyêpatani Bathara Guru, kuwi iya mangkono mau, ya iku supaya kaum Islam umume: padha gêla, padha gêla, loso.

[Grafik]

Petruk : Wayah, wong omong têmênan, têka ditibakake sênggakan balenderan mêngkono. Mara, rak iya cêtha, ta, sanadyan katêrangane guru mau ora kalêbu nalar, ewasamono para muride iya ngandêl têrus, iki ora liya iya saka kelute marang kawruhe mau. Malah ingatase wis cêtha wela-wela, gurune dièwèng-èwèng mrena-mrene jalaran saka tindake sing ora wani nyang padhang, ewasamono saka mantêbing atine marang piwulange sing dianggêp: kuwi sing apik, sing utama lan sing bênêr dhewe, pikirane mungguhing lêlakone gurune dièwèng-èwèng mau iya malah mangkene: wis jamak lumrah wong kang arêp anggayuh marang kautaman, kuwi mêsthi akèh godha rêncanane.

Garèng : Omongmu sing kèri iki aku mathuk bangêt, Truk, mula iya nyata, apa manèh sing wis kalakon ngudi têmênan marang kautamaning ngaurip, oraa akèh godha rêncanane, lagine wong arêp ngudi bae, nèk ora kabênêran bisa cilaka têmênan. Sing kaya ngono kuwi aku wis tau ngalami, Truk. Kang dadi idham-idhamanaku kala samono, yèn apa sing tak sêdya iki bisa tinurutan, cêkake uripku arêp tak lakoni sing salèh bangêt kae, ya iku: sêmbahyangku limang wêktu ora bakal tak êbon, nganggur sathithik, mêsthi banjur andêrês, utawa maca kitab, lan driyah utawa jakatku têmtu tanpa pêdhot, [pê...]

--- 1452 ---

[...dhot,] lho, kuwi yèn tinurutan idham-idhamanaku mau, nanging, iya kuwi mau, aja manah sing wis kalakon ngudi, sêlagine arêp ngudi bae, yèn bangsaning kautaman kuwi, nèk ora kabênêran mula iya bisa cilaka têmênan. Kowe rak iya kèlingan, ta, lagine isih padha nom kae, kalane aku arêp anggayuh sing dadi idham-idhamanaku, kang wusanane arêp tak anggo sangune urip salèh, apa ora mèh bae aku dipakani mlinjo, yaiku kalane aku arêp ngalap... Mas Ajêng Pitrus.

Petruk : Pira-pira kowe slamêt, kang Garèng, hla wong anèh, arêp laku salèh, kathik sing kanggo sangu... bandhaning gundhik Lônda sing isih mêgêr-mêgêr, wis, wis, kok banjur salewengan omonge mêngkono, saiki padha dibanjurake manèh rêmbuge.

Kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, kabèh pakumpulan kang padha ngudi nyang kautamaning ngaurip, kuwi padha maju-maju, kang Garèng, lan pambudidayane anggone padha angajokake pakumpulane, kuwi padha migunakake gêndhing dhewe-dhewe.

Garèng : Wayah, kathik kaya wong tayuban, kathik diunèkake nganggo gêndhingan dhewe-dhewe,

Petruk : Lho, kuwi saka beda-bedane lakune, kang Garèng, nganti iya mèmpêr saupama kok padhakake wong tayuban. Sabab panjogède wong ana ing tayuban kuwi, pancèn iya duwe kasênêngan gêndhing dhewe-dhewe. Kaya ta rama upamane yèn olèh sampur, gêndhinge ora liya mêsthi: kutut manggung, nèk aku, sarèhne rada kambon santri sêthithik, gêndhingku mêsthi: majêmuk. Dene kowe sing kok sênêngi, kaya-kaya yèn ora kliru gêndhing sing têmbangane mangkene kae: unthul lowuk, kêmbang jêruk, ajêmbuwal. Dadi rak iya cêtha, ta, siji-sijining uwong kuwi duwe kasênêngan gêndhing dhewe-dhewe. Mêngkono uga pakumpulan, sanadyan pakumpulan kang ngudi nyang kautamaning ngaurip, iya duwe gêndhing dhewe-dhewe kanggo angajokake pakumpulane.

Garèng : Wayah, ambok duwe cara utawa pranatan dhewe-dhewe sing dadi kasênêngane, anggone ngajokake pakumpulane mau. Mara, Truk, caritakna cara-caraning siji-sijining pakumpulan kuwi.

Petruk : Anggonku ana ing Purwakêrta kuwi mung sadina sawêngi, kang Garèng, dadi sêsurupanaku bab iki, iya mung sêthithik bangêt. Kaya ta: pakumpulane kaum Kristên, ing kono carane ngajokake pakumpulane, sing katon ana ing mata, pancèn iya utama lan gêdhe gunane tumraping para kawula têmênan. Êmbuh tumindake aku ora wêruh. Nanging sing cêtha katon ing mripat, ing kono pakumpulan kaum Kristên ngêdêgake sakolahan pirang-pirang, tur wujuding sakolahan, iya marêmake têmênan. Sakolahan, karêpe kowe wis wêruh dhewe, kang Garèng, ya iku ngudi ngèlmu kang kanggo sangune urip ana ing dunya kene, nanging ora jênêng sampurna, yèn wong mung dipikir sangune kanggo ana ing dunya bae, nanging sangune kanggo ana ing jaman kalanggêngan, iya kudu diwènèhi. Mulane iya ora lali anggone yasa, greja kang gêdhe, bagus lan santosa bangêt. Mara, apa ora pêng-pêngan gêndhinge kuwi arane.

--- 1453 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana dêrma f 1.000,- Miturut wartos, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana kaparêng aparing dêrma dhatêng Leger des Heils ing tanah ngriki kathahipun f 1000.-.

Pindhahan têtiyang Jawi dhatêng tanah sabrang. Miturut wartos, benjing taun ngajêng, kintên-kintên badhe wontên boyongan têtiyang saking tanah Jawi dhatêng Sumatra tuwin Selebes kintên-kintên 9000, dene ing salajêngipun badhe ngantos 30.000 tumrap ing Selebes kaprênah ing sunglon Boni wontên papan waradin kalih panggenan, inggih punika ing Masamba tuwin ing Malili, kajawi punika wontên malih ing Muna, kangge bangsa Madura. Rêrigênipun ingkang wajib ngudi murih têtiyang sami purun boyongan dhatêng tanah sabrang wau, malah pêrlu badhe ngawontênakên boyongan tiyang èstri, kangge sarana, awit samangsa têtiyang èstri purun boyongan, badhe anggampilakên lampah punika. Tumrap ajênging boyongan punika kathah rekadaya ingkang katindakakên murih sagêd damêl kamajênganipun.

Lisah pèt ing Indramayu. Botên dangu ing Bangodua, bawah Indramayu, badhe wontên pangêboran siti kangge madosi lisah pèt ingkang dipun tindakakên dening Bataafsche Petroleum Mij. Miturut papriksan siti, ing ngriku punika wontên lisahipun pèt. Tamtunipun ing ngriku badhe pinanggih dados papan rame. Malah miturut wartos, tumrap kangge waragad paniti kemawon badhe kasadhiyan arta sayuta rupiyah.

Wartos rêrêgèn sarêm ingkang botên nyata. Dèrèng dangu ing Bandhung wontên wartos bilih rêgining sarêm badhe dipun indhakakên. Lajêng anjalari kathah tiyang ingkang sami tandho sarêm, ngantos adamêl têlasing rimatan sarêm ing pintên-pintên panggenan. Ing bab punika ingkang wajib lajêng martosakên bilih bab punika botên nyata.

Pamulangan luhur dhoktêr. Lulus artsexamen perangan kapisan, nonah Kwee Leng Wie tuwin Tuwan Kho Pang Kiauw, têtêp dados arts, Tuwan Soeparna.

Ingkang angsal prijs K.L.M. Miturut wartos, ing bab sayêmbara K.L.M. ingkang pêrlu kangge anggêgana lêlahanan saking tanah ngriki dhatêng nagari Walandi, dhawah Tuwan E. van Konijnenburg, ambtenaar kantor Uitvoerzaken ing Dep. Van Economische Zaken. Dene kalampahanipun badhe dhatêng nagari Walandi, samangsa sampun angsal verlof, badhe sêsarêngan kalihan nyonyahipun.

Commissi cacah jiwa. Miturut wartos badhe wontên têtêpan commissie bab nacahakên jiwa ing taun 1940, commissie wau kajawi mêndhêt pangagêng kantor statistiek tuwin ambtenaar sanès-sanèsipun, ugi mêndhêt golongan dagang tuwin partikulir.

Kathah daging pêtêng. Miturut kawontênan, cacahing kewan ingkang dipun pragad ing salêbêtipun kitha Ngayogya saya suda. Bab punika lajêng nuwuhakên panggrayangan botên sae, saha ingkang wajib lajêng nindakakên paniti punapa sababipun. Ing ngriku kasumêrêpan dening juru sandi bilih wontên daging pêtêng, saha kêlampahan sagêd nyêpêng daging pêtêng, kajawi punika wontên lêmbu 8 ing kampung Margayasan tuwin 1 ing Pajêksan, sami dipun pragad tanpa palilah. Dene dhatênging daging pêtêng wau saking Bantul tuwin Kutha Gêdhe.

[Iklan]

Dados Secretaris Raad Kawula. Mr. W.J.Ph. van Waning, ingkang makili padamêlan secretaris Raad Kawula, ing sapunika katêtêpakên ing padamêlan ingkang dipun wakili wau.

Laladan enggal ingkang kêtrajang pest. Miturut wartos saking babadan nanggulangi sêsakit pest ing Bandhung, ing sapunika wontên laladan enggal ingkang kêtrajang sêsakit pest, inggih punika ing Buahdua tuwin ing Congeang, sami ing Priyangan. Ing ngriku lajêng kawontênakên pajagèn ing sapêrlunipun. Dene pest ingkang pinanggih ing ngriku sami pest wudun.

Kampung ingkang dipun amuk ing sêsakit pest. Kampung Cilengkrang bawah dhistrik Darmaraja, Priyangan, pinanggih dipun amuk ing sêsakit pest. Sakawit wontên tiyang sagriya cacah 6 sami kêtrajang sakit pest, sami dumugi ing tiwas. Salajêngipun sêsakit wau lajêng nular dhatêng griya sanèsipun, saha tumular-tumular malih ngantos sadhusun. Sarêng sampun kêlampahan makatên sawêg dipun lapurakên dhatêng pangagêng dhusun, bilih ing ngriku wontên têtiyang pêjah langkung kathah. Tuwan Asistèn Residhèn Sumêdhang lajêng tindak pêpriksa dhatêng panggenan wau kanthi veldpolitie, pêrlu nindakakên rêrigên sapêrlunipun, kanthi pajagèn kêncêng, supados sêsakit wau botên tumular dhatêng sanès dhusun.

Inggah-inggahan ing Jawi-Wetan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, M. Mukardi, Aib nindakakên padamêlan mantri pulisi ing paresidhenan Madiun, dados asistèn wêdana paresidhenan Bojonêgoro. Harjosumarto aliyas Pamuji, juru sêrat klas 1 paresidhenan Madiun, dados mantri pulisi paresidhenan ugi Madiun.

Cacahing prangko Jambore ingkang kasade. Gunggunging prangko Jamboree ingkang kasade wontên 33.211.028 iji.

--- 1454 ---

Pamulangan kangge lare kêsrakat. Sampun sawatawis dangu Asib ing Ngayogya ingkang sarujuk kaliyan parentah Kasultanan badhe damêl pamulangan kangge lare kêsrakat, ingkang dados têtanggêlanipun Asib. Ing sapunika sêdya wau sampun kasêmbadan, manggèn wontên ing kampung Gowongan. Pamulangan wau kaangkah mawi pondhokan, waragadipun f 15.000.-. Lare ingkang dipun tampèni malêbêt ing pamulangan wau lare wiwit umur 6 dumugi 15 taun.

Pabrik gêndhis gadhahanipun Factorij. Pabrik gêndhis gadhahanipun Factorij ingkang badhe giling ing taun 1937 punika Nieuw Tersana, Kêtanggungan Kilèn, Sumbêrharja, Purwadadi tuwin Majaagung.

Prakawis culik, gêgayutanipun kalihan gugontuhon. Pangadilan Landraad ing Grêsik mêntas ngrampungi prakawis rajapêjah, ingkang pasakitanipun lajêng kaukum 9 taun. Mênggah aluranipun prakawis makatên: nuju wanci enjing ing Paciran wontên tiyang jalêr mlampah-mlampah kalihan anakipun umur 5 taun, wontên ing dhusunipun piyambak. Ing ngriku mirêng wontên tiyang nyuwara: wong nyolong wong, ing ngriku lajêng kathah tiyang mêdal saking griya lajêng nêmpuh tiyang ingkang mlampah-mlampah wau, lare karêbat, wusana tiyang ingkang dipun têmpuh wau andadosakên ing tiwasipun. Sarêng dipun nyatakakên jêbul ingkang dipun pisakit dumugi ing tiwas wau bapaking lare ingkang dipun rêbat wau piyambak. Salajêngipun dados papriksaning pulisi.

Racun tempe. Ing kabudidayan Jabung, Wlingi, wontên tiyang 12 sami kalêbêtakên dhatêng griya sakit jalaran kenging racun tempe. Tiyang sadaya wau sakawit mêntas nêdha tempe, sabibar nêdha lajêng sami sakit wêtêngipun. Rahayu dene têtiyang wau lajêng sami kêtulungan kaupakara ing dhoktêr, sagêd pitulung, namung wontên lare 1 umur sataun kêlajêng tiwas.

Residhèn Timur pènsiun. Kawartosakên residhèn Timur Tuwan Bos, wiwit benjing tanggal 1 April ngajêng punika badhe lèrèh saking padamêlan kanthi pènsiun. Awit saking kaparêngipun Parentah tuwan residhèn wau kaparêngakên dhatêng Timur Dilly pêrlu badhe rêmbagan warni-warni kaliyan parentah Portugal.

Darma kasangsaran. Jalaran saking lindhu ingkang damêl karisakan ing bawah Klathèn, têtiyang ing Jatinom, kala 10 Oct '37 lajêng rumagang ngawontênakên babadan Comite, ingkang dipun pangarsani dening panjênênganipun ingkang wêdana. Karampungan lan tindak ingkang sampun kêlampahan kanthi tutupan, comite kala 6 November '37:

a. ngupados dêrma (lijst + bumbung-bumbung) angsal ... = f 54,29 5

b. ngawontênakên kêramean 2 dalu (2/3-3/4 Nov '37) angsal ... = f 184,67 5

c. tampi dêrma saking buffet Budi Rahayu + Budi Wanita Mudha ... = f 9.50

d. tampi dêrma saking pakêmpalan panahan: Kridawaraya ... = f 1,54

e. arta lelangan barang dêrma ... = f 0,50

Gunggung panampèn ... = f 250,51

kangge waragad-waragad sadaya f 58,65 + f 7,50 ... = f 66,15

Dados miturut karampungan 6/11 '37 sagêd dêrma rêsik ... = f 184,36

(Hs. Abonne No. K. 2190)

Dr. Nazif dados wd. Gouvernements-Secretaris. Wiwit benjing tanggal 2 December ngajêng punika, Tuwan J.M. Kiveron, Algemeen Gouvernements-Secretaris badhe verlof sajawining praja laminipun 2 wulan. Ing salêbêtipun verlof wau ingkang makili padamêlan Algemeen Gouvernement-Secretaris, Tuwan J. Ramaer. Ingkang dados wd. eerste Gouvernements-Secretaris Tuwan E.Z. Zeilinga, dene ingkang nindakakên padamêlan Gouvernement-Secretaris Dr. Mohammad Nazif.

Papan kangge angayomi sato kewan. Awit saking kaparêngipun ingkang wajib ingkang sampun katêtêpakên, marêngakên ing rêdi Baluran, ingkang dumunung wontên sacêlaking margi saking Situbondho kaliyan Banyuwangi, kangge papan angayomi satokewan, kadosdene usulipun Pakaryan Wana ingkang dipun biyantu dening Ned. Indische Vereeniging tot Natuurbescherming. Pucaking rêdi Baluran punika wontên 1247 m. Saking ing papan ngriku sagêd nyumêrêpi sawangan ingkang sakalangkung asri. Dene têbaning papan ingkang kangge ngayomi sato kewan wau wontên 25.000 ha.

Professor Mulock-Houwer bidhal. Prof. Mulock-Houwer ingkang badhe anjênêngi Oogheelkundig Congres XV ingkang kawontênakên ing Mêsir benjing tanggal 8 dumugi tanggal 14 December, sampun bidhal numpak kapal Baluran. Kathah para mahaguru tuwin mahasiswa ingkang sami nguntapakên.

Inggah-inggahan ing Jawi-Têngah. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah R Soepoetro Brotodihardjo, tijd wd Aib ingkang kabantokakên dhatêng wêdana Parakan, kabupatèn Têmanggung, paresidhenan Kêdhu, kados tijd wd, mantri pulisi ing paresidhenan Kêdhu R Maryono, jurusêrat klas 1 ing kawadanan Manggar, kabupatèn Grobogan, paresidhenan Sêmarang, dados mantri pulisi paresidhenan Sêmarang.

NAGARI WALANDI

Prins Bernhard jumênêng Kon. commissaris padvinders. Wiwit tanggal 22 November punika, Prins Bernhard kaangkat jumênêng commisaris padvinders Karajan Walandi, dene Tuwan Rambonnet wiwit tanggal wau kèndêl saking anggèning dados hoofdverkenner, saha sawatawis dangunipun padamêlan wau botên dipun dèkèki pangagêng malih.

EROPA

Ing Jêrman tuwuh sêsakit rajakaya. Miturut wartos, ing wêkdal punika ing Jêrman sisih Kilèn tuwuh sêsakit rajakaya mond-en klauwzeer, ingkang sakalangkung anggêgirisi. Sanadyan tumindaking panyêgah sampun botên kêkirangan, nanging taksih tumular dhatêng 2000 panggenan têtanèn ingkang kathah rajakayanipun. Bab punika anjalari Jerman ngantos ndhatêngakên mêrtega saking sanès panggenan. Kintên-kintên panularing sêsakit punika saking Afrika-Lèr ingkang kabêkta mêdal marseille kala wulan Mèi kêpêngkêr, lajêng tumular mangalèr mêdal Bèlgie, nagari Walandi, Luxemburg lajêng dhatêng Jerman sisih Kilèn. Kajawi nindakakên panyêgah, ugi nindakakên panyêgah sade tinumbas kewan wontên ing watês. Kala ing taun 1920 tuwin taun 1921 nalika Jerman wontên sêsakit kados makatên, adamêl kapitunan 380 mark.

Damêl ballon agêng sangêt. Pabrik ballon ing Legiono, Polen, sawêg nêngah-nêngahi damêl ballon agêng sangêt, kintên-kintên rampungipun ing salêbêtipun taun 1939. Agênging ballon garisipun têngah 60 m, sagêd dipun isèni gas 4000 m kubuk. Pandamêling ballon wau awit saking pakènipun prof. Piccard. Ballon wau kenging kangge anggêgana ingkang inggilipun ngantos 30 km.

AMERIKA

Pamêdalipun Amerika suda. Miturut wartos, salêbêtipun wontên paprangan ing Tiongkok, kintunan barang-barang saking Amerika dhatêng Tiongkok tuwin Jêpan ing wulan Sèptèmbêr kêpêngkêr suda 12.000.000 dollar tinimbang kaliyan wulan Augustus.

ASIA

Sambutan arta saking Italie. Wontên wartos, bilih Radja Ibn Sa'oed nata Sa'oed Arabia, ngrêmbag pados sambutan dhatêng Italie pêrlu kangge anjêmbarakên margi sêpur saking Mêkah tuwin Madinah dhatêng Transjordania.

--- 1455 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya

26

Sadaya sami ngubêngi Solowe, ingkang ing kala punika taksih kacancang gumandhul wontên ing sônggawêdhi, sirahipun anjungkir. Ing ngriku katingal, bilih begal wau angraosakên sakit sayêktos dening tatu jalaran kataman ing jêmparingipun Ilya wau, langkung malih manawi ngèngêti, bilih botên sande piyambakipun têmtu badhe nampi ukuman ingkang awrat sangêt, punika têmtu adamêl aliting manah, ewasamantên wujudipun Solowe mêksa taksih angajrih-ajrihi, ngantos adamêl kagèt lan ajrihipun sang pramèswari, ingkang ing wusana lajêng amping-ampingan wontên ing pêngkêranipun sang prabu.

Prabu Wladhimir lajêng anyakêti begal ingkang salami-laminipun tansah angrubeda prajanipun, saha nuntên angandika makatên:

He, Solowe, coba saiki ketokna mungguhing kadibyanira. Miturut pamirêng ingsun, sira bisa ngêrik kaya rasêksa, bisa ngakak kaya naga, sarta bisa anggêrêng kaya sato galak. Mara, iku kabèh saiki ketokna, supaya para pangeran, para satriya apadene prajurit kabèh padha bisa anêksèni.

Ing sêmu Solowe tanpa ajrih babarpisan, amangsuli makatên:

Êmbuh kowe iku sapa, nanging dudu kowe kang ngalahake aku, mulane aku iya ora sudi mituruti apa kang dadi karêpmu. Ing saindêngng praja Ruslan iki ngêmungake Ilya dhewe bisa mapagake aku, malah bisa ngalahake yudaku. Jalaran saka iku iya mung Ilya dhewe bakal tak turut apa prentahe, mênyang liyane aku ora arêp ngrèwèsi.

Mirêng aturipun Solowe ingkang tanpa dugi prayogi wau, Prabu Wladhimir botên lajêng duka, namung lajêng adhawuh dhatêng Ilya makatên:

Ilya, mara sira marentaha mênyang begal iki supaya ngêrika kaya rasêksa, ngakak kaya naga utawa anggêrênga kaya sato galak.

Ilya umatur:

Dhuh gusti pêpundhèn kawula, kawula botên pisan-pisan nêdya angrèmèhakên dhatêng panjênêngan nata tuwin sang pramèswari, nanging minôngka anjagi kasugêngan dalêm, panuwun kawula sangêt, mugi-mugi sampun ngantos begal punika angumbar suwaranipun. Ananging ing sêmu panjênêngan botên krêsa andhahar atur kawula punika, amila kawula inggih namung badhe andhèrèk punapa dhawuh nata kemawon. He, Solowe, minôngka kanggo anglêgani panggalih nata apadene sang pramèswari, coba umbarên suwaramu, yaiku ngêrika kaya rasêksa, ngakaka kaya naga, sarta anggêrênga kaya sato galak, nanging kabèh mau tindakna kanthi sawatara bae.

Solowe amangsuli:

Dhuh, Ilya, aja pisan andadèkake gêlaning pikirmu, aku ora bisa mituruti kang dadi parentahmu, sabab gorokaku garing, lan lambeku kêkancing ing gêtih garing. Kowe wis nibakake panah kang ngênani mripatku kang sisih têngên, panah mau têmbus ing kupingku kang sisih kiwa. Tumêkane saiki tatune isih mênga lan gêtihe uga isih têrus mili. Mulane suwuna anggur nyang sang prabu dhisik. Ing mêngko yèn aku wis ngombe anggur kuwi mau, kiraku tatuku bisa mari lan cangkêmku bisa mênga manèh, lan ingkono mêngko aku wis mêsthi bisa ngêrik kaya rasêksa, ngakak kaya naga, lan anggêrêng kaya sato galak, kang bisa agawe lêganing panggalihe sang prabu sarta para tamune kabèh.

Sarêng sang prabu Wladhimir mirêng aturipun Solowe ingkang makatên punika, enggal-enggal dhawuh dhatêng salah satunggiling abdi makatên:

Enggal-enggal kowe lumêbua ing kadhaton, ngisènana anggur ing gêlas kang gêdhe, sarta tumuli gawanên mrene, lan wènèhna marang Solowe iki.

Abdi ingkang kautus enggal lumêbêt ing kadhaton, ngèstokakên dhawuh nata. Botên watawis dangu abdi wau sampun wangsul malih kanthi ambêkta gêlas agêng isi anggur, ingkang lajêng kasukakakên dhatêng Solowe. Anggur punika sanalika inggih lajêng dipun ombe saglêgêgan kemawon. Nanging sasampunipun, ing sêmu Solowe lajêng satêngah mêndêm, amila anggènipun mituruti parentahipun Ilya inggih namung satêngah-satêngah kemawon. Inggih punika: piyambakipun lajêng ngêrik kados rasêksa, ngakak kados naga, tuwin anggêrêng kados sato galak, botên lirih, malah sakiyatipun. Jalaran saking soraning suwara wau, ngantos kathah mênaraning karaton ingkang sami jugrug, sakathahing kaca ing kitha Kiyèp sami pêcah, kapal-kapal ingkang sami kacancang wontên ing saka agêng-agêng sami ambêdhal saking cancanganipun sarta bêbandhangan turut margi, adamêl risak sadaya ingkang katrajang. Para pangeran tuwin para satriya sami dhawah sumaput, para prajurit sami kêbanting ing siti, utawi sami miruda. Dene sang prabu Wladhimir tuwin sang pramèswari sami ngasta Ilya kanthi kêncêng, kadosdene badhe mundhut biyantu.

--- 1456 ---

Kanthi ngarih-arih, para satriya lan prajurit lajêng sami anjawab dhatêng Ilya makatên.

Sadhèrèk Ilya, mugi wêlasa dhatêng kula sadaya. Dhawuha dhatêng pun Solowe supadosa kèndêl anggènipun ngumbar suwaranipun, awit manawi botên, kula sadaya, punapadene kitha Kiyèp, têmtu sagêd tiwas.

Ilya enggal-enggal anyakêti Solowe sarwi wicantên makatên:

He, Solowe, genea kowe ora miturut apa kang dadi parentahku. Parentahku mau, kowe tak kon ngumbar suwara sawatara bae. Geneya anggonmu ngêrik, ngakak lan anggêrêng têka kanthi sarosamu.

Sasampunipun wicantên makatên, Ilya lajêng nyandhak tanganipun begal kalih pisan, talikunganipun dipun uculi, katuntun dhatêng ing papan tênggar, saha lajêng kacancang wontên sangandhaping kajêng agêng. Salajêngipun Ilya nuntên amênthang jêmparing tuwin wicantên makatên:

Wis cukup anggonmu ngêrik kaya rasêksa, ngakak kaya naga, apadene anggêrêng kaya sato galak, pira cacahe bapa lan biyung kang wus kocolong anak-anake. Kabèh mau aku saikine kang bakal malêsake ukum. Akèh bangêt wong wadon nonoman kang bojone padha kopatèni, sarta nganti padha dadi rôndha. Dosamu kang samono gêdhene iku wajib kudu winalês ukum, akèh bocah-bocah kang wong tuwane padha kopatèni, nganti bocah-bocah mau wusanane padha kapiran, lan akèh sing padha mati kalirên. Jalaran saka dosamu iku, pancènè kowe kudu nômpa ukuman kang luwih abot. Nanging aku ora nêdya nibakake ukum picis nyang kowe, kang pancène wis mathuk bangêt tumrape titah kang samono gêdhening dosane. Nanging aku ora bisa yèn nguripi mênyang kowe.

Sasampunipun wicantên makatên, jêmparing lajêng kalêpasakên saha ngengingi dhadhanipun Solowe. Saking soraning panjêlihipun Solowe, ngantos suwaranipun adamêl orêging bumi, manungsa saha sato kewan sami giris sadaya. Samangke Solowe sampun dumugi ing pêjah, kuwandanipun gumandhul ing wit-witan. Sadaya têtiyang ingkang ing suwau nyêbut namanipun kemawon sami ajrih, samangke purun amêmoyoki tuwin sêsumbar dhatêng mayitipun Solowe.

Sang Prabu Wladhimir sakalangkung rêna ing galih, dene prajanipun sagêd linuwaran saking mêngsah ingkang ambêbayani makatên. Ing salajêngipun sang prabu nuntên angandika makatên:

Ilya, prajurit kang prawira, ingsun, apadene kawulaningsun kabèh, ngucap sukur lan bangêt panarimane, dene sira wis bisa amatèni si Solowe. Ingsun saiki nêdya angganjar marang sira, kayadene apa kang sira sênêngi. Wiwit dina iki sira ingsun angkat dadi têtindhihing prajurit kang dhuwur dhewe, lan saindênging praja Ruslan kene, kabèh para ahli ngrumpaka mêsthi bakal padha gawe rêrumpakan ing bab kêkêndêlan lan kaprawiranira kabèh. Sabanjure sira ora têtêp mung jênêng satriya kabur kanginan kang tanpa papan padunungane, malah sira kudu dêdunung ing Kiyèp kene ambantu prajurit ingsun anggone padha anjaga nagaraningsun iki marang panêmpuhing mungsuh. Mula nyata ingsun bungah lan lêga ing panggalih, dene sira wis tumêka ing kutha lan ing kadhaton ingsun iki. Ayo saiki padha dibanjurake anggone padha boja ôndrawina.

Para pangeran, para satriya lan para prajurit, punapadene para abdi dalêm sadaya lajêng sami andhèrèkakên tindakipun sang prabu tuwin sang pramèswari, lumêbêt ing kadhaton. Sarêng sang prabu sapandhèrèkipun wau lumêbêt ing gapura agêng ingkang anjog dhatêng ing kadhaton, sadaya sami kagèt lan ngungun, awit ing plataran ngriku kêbak garobag ingkang katarik ing kapal pintên-pintên saha giras-giras. Dene garobag-garobag wau dipun momoti mas picis donya brana, ingkang èdi lan pèni tuwin kathah rêrêgènipun, angungkuli sadaya mas picis donya brana kagunganipun sang Prabu Wladhimir piyambak. Grobag ingkang ngajêng piyambak, dipun tumpaki ing satunggiling wanita ingkang taksih katingal nèm saha sakalangkung endah ing warni. Wanita wau dipun apit-apit ing anakipun èstri tiga utawi anakipun jalêr ingkang taksih alit-alit cacahipun wontên nêm. Sarêng wanita tuwin anak-anakipun wau sumêrêp dhatêng Prabu Wladhimir, enggal lajêng sami mandhap saking tumpakanipun saha lajêng sami ngambung sampeyanipun sang prabu. Kanthi gumun sang prabu lajêng amirsani dhatêng wanita tuwin anak-anakipun sarta nuntên adhawuh makatên:

He, ngadêga, wanita, mêngkono uga kowe bocah-bocah, padha angadêga. Ngêmungake marang ingkang murbèng kuwasa, sira anêmbah kaya mangkono, ora marang ratumu. Sabab ratumu iku mung jênêng bapakne para kawula ing saindênging praja Ruslan. Wis, ta, tumuli ngadêga, lan matura marang ingsun, sapa sira, lan apa karêpe, pirang-pirang grobag isi mas picis donya brana ana ing kene iki.

Badhe kasambêtan.

Pawartos saking Redhaksi.

K. 1945. ing Bantul. Dhawuh Ju Lê, 2 Ruwah Ehe 1876 utawi kaping 13 Juli 1945.

K. 2809 ing Prambanan. Dhawah taun Jawi 1836 dintên Jumuwah wage.

K. 4748 ing Têgalrêja. A Pa 19 Siyam Jimawal 1837 dhawah 27 Oktobêr 1907. Sn Kli 1 Siyam 1835 dhawah 30 Oktobêr 1905.

K. 432 ing Kudus. 11 Mulud 1823 dhawah 24 Sèptèmbêr 1893.

Tuwan S.M.D. ing Ngayogya. Kajawèn sampun wontên gambar konggrès. Bab papan sade buku botên cêtha.

--- 177 ---

Nomêr 45, Taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Dèwi Kunthi

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 90.

Kacariyos, kalanipun lampahan Krêsna Duta, Sri Krêsna dinuta ngantêb Korawa babagan praja Ngastina saha winêling, sasampuning damêl kaaturan têdhak dhatêng Ngawôngga, ngaturi kondur ingkang ibu Dèwi Kunthi, jalaran nalika punika sang dèwi wontên ing ngriku, ngrimuk ingkang putra Sang Karna manawi saèstu pêrang Baratayuda puruna ambalik ngrencangi Pandhawa.

[Grafik]

Sang Karna

Sang Karna inggih Sang Suryaputra punika putra pambajêngipun Sang Dèwi Kunthi kalanipun taksih kênya, mênggah cacriyosanipun makatên: Sang dèwi anggêguru aji: kunta wêkasing rasa dhatêng Bagawan Druwasa inggih Sang Hyang Surya, dayanipun sagêd aputra ingkang linangkung. Sang dèwi winêling, sadèrèngipun apalakrama botên kenging ngungêlakên ajinipun wontên ing pasarean. Nanging sang dèwi kêsupèn, ambokmanawi sampun karsaning dewa ingkang linangkung, wontên pasarean ngungêlakên ajinipun, satêmah anggarbini tanpa lawanan. Sarêng sampun dumugi ing môngsa, awit saking kasêktènipun Sang Hyang Naradha jabang bayi lair mêdal ing talingan, lajêng kawadhahan ing kêndhaga, kabucal dhatêng samodra, kapupu dhatêng nata ing Prêthapralaya, kaakên putra.

--- 178 ---

Sri Krêsna saèstu têdhak dhatêng Ngawôngga, Sang Karna wangkot, ngèngêti kasatriyanipun têtêp angrencangi Korawa, dene ingkang ibu kaaturakên dhatêng Sri Krêsna. Sapêngkêripun Sri Krêsna, sang Karna rumaos kêduwung, Si Krêsna dipun tututi, ingkang ibu kasuwun, botên parêng, satêmah pôncakara, Sang Karna kasoran. Mila lajêng mupus ing pêpasthèn, oncatipun ingkang ibu prasasat oncating nyawanipun, madêg suraning driya, dumugining prang Baratayuda lena ing madyaning rana, nêtêpi kasatriyanipun.

Nyi Darmaprawira.

Kêpanjèn - Malang.

Madu Brôngta

Sinjang punika wontên ingkang wujudipun pating plênok ajêg tunggil wangun. Sêratan ingkang kados makatên punika namanipun cêplokan, lajêng dados nama baku. Upaminipun, cêplok madubrôngta, nanging limrahipun namung nama: madubrôngta, kados wujuding gambar punika.

[Grafik]

Sinjang madubrôngta punika satunggiling sinjang ingkang wujudipun pèni, pantês dipun agêm ing kakung tuwin putri, pinanggihipun namung sarwa luwêsan, manawi dipun agêm katingal wanguning sinjang kina, malah ugi kenging dipun wastani golongan sinjang ingkang ngrawit sêratanipun. Ingkang dipun wastani sinjang sae, punika wujudipun barès, nanging katingalipun sumêblak sakeca wontên ing sawangan, dipun angge pameran mungguh, dipun angge padintênan botên ngêgètakên.

Tumrapipun wontên ing Surakarta, sinjang madubrôngta punika kêgolong dados satunggiling sinjang pilihan, têgêsipun dipun pilala, malah pinanggihipun wontên ing karaton dalêm, kadosdene kapacak kangge anggèn-anggèning para abdi dalêm ingkang nuju kapacak ing kalanipun kangge andhèrèk wiyos dalêm, ingkang kaparêngakên mangangge bêbêdan. Dados têrangipun, sinjang ingkang kados makatên punika pancèn dados pêpilihan.

Sinjang madubrôngta punika manawi dipun agêm ing para putri, mungguhipun manawi dipun agêmi rasukan dhêdhasar cêmêng.

Mirid saening sinjang, mênggahing rêgi, sanadyan ing môngsa mirah, botên sagêd kirang tigang ringgitan.

Biyang Sri.

--- 179 ---

Bab Kamodhèrênan

Anggèn kula ngaturi wangsulan dhumatêng sadhèrèk Landêp, ingkang sampun karsa maringi pirsa dhatêng kula bab wanita modhèrên ragi kasèp, margi kula ngêntosi pamanggihipun sadhèrèk S. Wir. Botên langkung ngaturakên gunging panuwun kula dene sadhèrèk Landêp karsa maringi katrangan bab gêsang modhèrên punika.

[Grafik]

Para priya lan wanita ingkang sêsarêngan ulahraga main badminton.

Dados modhèrên punika botên atêgês sarwa enggal ta, nanging malah sarwa prasaja. Ingkang punika kula cocok 100%, awit papan panggêsangan badan kula punika sanajan ta ing Sêmarang, nanging sampun kapetang ing dhusun. Dados ing sakiwatêngên kula inggih sarwa prasaja sadaya. Punapa malih tiyang kados kula botên ngraosakên ebatipun jaman rêkaos, dados gêsang prasaja punika sampun dados adat padintênan. Ananging bab kèju, mêrtega, radhio, mèbêl, kados dhawuhipun sadhèrèk S. Wir, sadaya punika manawi katingal wontên rak kenging tanêdhatinêdha. tuwin anggadhahi. Awit mêrtega, kèju punika rak sakêdhik-sakêdhik inggih andayani dhatêng badan, sanajan ta botên prêlu tiyang nêdha barang ingkang eca-eca makatên punika, sabab têtêdhan ingkang langkung mirah inggih botên kirang ingkang sami anggadhahi daya dhatêng badan.

Radhio punika inggih sanès kabrêgasan, nanging ugi migunani dhatêng tiyang, botên kok tiyang rintên dalu tansah mirêngakên musik dhansah-dhansahan utawi awayan kemawon. Punapa botên mat-matan manawi sagêd mirêngakên klênengan-klênengan, punapa malih manawi kintunan saking karaton dalêm utawi saking para luhur ing Surakarta tuwin Ngayogya. Punika rak anjalari mêncaring kagunan Jawi, sagêda kabudayan rumêsêp ing balung sungsum, luhuring bôngsa punika kenging kaukur saking inggiling [ing...]

--- 180 ---

[...giling] kabudayan. Kadosdene bêksan Jawi sagêd kipêtontonakênkapitontonakên. dhatêng nagari Walandi, punika têtiyang têmtu sami gumun dhatêng alusing wirama, ngantos samangke kathah para sujana ing môncanagari sami ngudi dhatêng kabudayan Jawi, punika kacêtha ing tanah Kêjawèn. Dados nêdha eca, nyandhang lan gêgadhahan sae punika manawi pancèn kêwagang, rak inggih botên wontên awonipun, beda manawi pancèn botên wontên, lajêng dipun wontên-wontênakên. Bab tatacara tuwin kasusilaning wanita mudha bôngsa kula punika kabêkta saking papan panggenanipun ingkang kula kajêngakên punika, botên kok tiyang saking warni-warni panggenan kados dhawuhipun sadhèrèk S. Wir, ing Sêmarang, Sala, Rêmbang sapiturutipun.

Badhe kasambêtan

mbok Ar

Abon K. 5355 Traverdoeli

Bab Olah-olah

Sop Ayam

Ayam 1, brambang agêng 2 kasigar dados 2, lajêng kabakar satêngah matêng, sarêm, pala, mrica, slèdri, saos Inggris, susu kintên-kintên 2 gêndul, tigan 2 kalihan pêthakipun.

Pangolahipun: ayam kagodhog, kasukanan brambang, sarêm, mrica, pala, slèdri. Manawi sampun ulamipun dipun irisi. Duduhipun kasaring, kasukanan saos Inggris. Tiganipun kaublêk ngantos pêthak lajêng kacampur susu, têrus kakêmpalakên ing duduh wau, lajêng dipun godhog, sampun ngantos umob lan dipun udhag têrus.

Almunir

Amundhuta: kakap, susu, sarêm, mêrtega lan galêpung.

Pangolahipun: kakap dipun icali rinipun lan kulitipun, lajêng dipun kumbah sarêm lan asêm, têrus kakumbah toya malih. Sasampunipun dipun dèkèk ing piring kasukanan susu lan sarêm, lajêng kagorèng mawi mêrtega. Pandhaharipun ngangge kênthang.

Puyonghang

Kêpithing 5 dipun pêndhêt dagingipun, tigan 5, brambang, godhong brambang, bawang, slèdri, kobis, duduhipun daging (kaldhu), glêpung 1 1/2 sendhok dhahar, cokak, sarêm, mrica sacêkapipun.

Pangolahipun: tigan dipun ublêk, manawi sampun, bumbu lan ulamipun kêpithing kacampurakên, rajangan brambang wau kagorèng kaliyan mêrtega lajêng dipun sukani duduh lan galêpung, cokak, manawi sampun umob, kobis, kalêbêtakên, manawi sampun matêng saèstu wiwit dipun êntas.

Surtinah

Gêdhongan, Majakêrta.

--- [1457] ---