Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 6, Rê Kli, 8 Dulkangidah Alip 1867, 20 Januari 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Toya Bêntèr - Pikraman Dalêm Rajaputri Juliana - Ringgit Titang[1] ing Têrnate - Piwulang Kina Kasambêtan kalihan Laras Jaman Sapunika - Kawontênan ing Itali - Bab Kasangsaranipun Tiyang Bathik - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Toya Bêntèr

[Grafik]

Sawangan salah satunggiling panggenan tuking toya bêntèr ingkang mancur ing Cisolok, Sukabumi.

--- 74 ---

Pikraman Dalêm Rajaputri Juliana

III. Pahargyan ing Batawi

Kados ingkang sampun kacariyosakên ing Kajawèn ăngka 5, wiwit tanggal 8 Januari ing Batawi ngriki botên jawah. Ing măngka miturut programah ingkang badhe dipun pitongtonakên ing tanggal 8 malêm 9 Januari punika, sayêktos sae sangêt. Amila pangajêng-ajêngipun têtiyang ing Batawi, supados ing dalu kasêbut sampun ngantos jawah, inggih manthêng sayêktos. Bokmanawi ing dintên wau kathah tiyang ingkang nêrang barang.

[Grafik]

Golongan têtiyang siti ingkang sami mitongtonakên kawontênanipun jaman rumiyin.

Miturut programah tanggal 8 malêm 9 wau, wiwitipun dipun wontênakên têtingalan, jam 6 sontên, inggih punika têtingalan kawontênanipun ing jaman rumiyin. Mênggah têtingalan punika dipun wontênakên ing kitha Batawi.

Wiwit jam 5.30 kathah ing tiyang, saking Mèstêr Kornèlis, Batawi Sèntrêm, Tanjungpriuk, malah ingkang saking sajawining kitha, ingkang sami nuju dhatêng Batawi, prasaksat kadosdene gabah dipun intêri. Sarêng ngajêngakên jam 6, ing papan ingkang kangge mitongtonakên têtingalan wau, jêjêl lan sêsak, tanpa kenging dipun piyak.

Jam 6 lêrês, têtingalan kawontênanipun ing jaman kina dipun wiwiti. Kalêrêsan ing măngsa punika têrang glinthang. Pamainipun têtingalan wau wontên ing ngajênging gêdhong kantor gupêrnur ing Batawi kitha. Ing ngriku ingkang dipun gambarakên lêlampahan ing taun 1767, nalika Paduka Tuwan Bêsar Van der Parra dipun sumpah dening pangagênging kitha. Panyumpahipun wau sampun têmtu kanthi upacara, ingkang katindakakên miturut cara jaman samantên, mawi dipun saranani arak-arakan, ingkang sayêktos asri tiningalan. [ti...]

--- 75 ---

[...ningalan.] Mênggah pangkatipun arak-arakan wau saking gapura, ingkang kacêluk nama: Amsterdamsche poort, lampahipun nuju dhatêng kantor gupêrnuran. Ingkang baris wontên ing ngajêng piyambak, prajurit kapalan, ingkang sami mangangge sarwa biru, inggih punika panganggenipun prajurit ing kala punika. Sawingkingipun prajurit kapalan wau, kreta kêncana ingkang dipun titihi paduka Tuwan Bêsar Van der Parra sarta ingkang kinêpang-kêpang dening para pangagênging nagari. Sadaya punika sami mangangge cara jaman samantên. Kirang langkung jam 7.30 têtingalan wau rampung.

[Grafik]

Têtingalan liong ingkang tumut arak-arakan.

Saking papan ing ngajênging kantor gupêrnuran wau, têtiyang ingkang dasanan ewon kathahipun punika, lajêng sami pindhah dhatêng Glodhok, inggih punika papan kêmpaling arak-arakanipun băngsa Tionghwa. Kirang langkung jam 8, ing sauruting margi ingkang badhe dipun langkungi arak-arakan Tionghwa wau, jêjêl kêbak tiyang. Arak-arakan punika sayêktos adamêl gambiraning dasanan ewon tiyang ingkang sami mrêlokakên nonton. Sabab botên ngêmungakên têtingalan ingkang adi lan nêngsêmakên ingkang dipun pitongtonakên ing salêbêting arak-arakan wau, nanging ugi tansah kamirêngan suwaraning musik, orkès lan sasaminipun, cêkak aos, caranipun jaman samangke têtingalan wau kenging dipun wastani: sae, rame, tuwin ebat. Dene têtingalan ingkang tansah nênarik manahipun têtiyang ingkang pintên-pintên èwu cacahipun wau, [wa...]

--- 76 ---

[...u,] inggih punika: liong, jêngge, barongsai, lan taksih kathah malih sanès-sanèsipun. Kajawi punika atusan băngsa Tionghwa, nèm sêpuh, ingkang sami tumut ngiring arak-arakan, klayan lampah dharat, sarta satunggal-tunggalipun sami ambêkta lêntera tuwin bêndera.

[Grafik]

Baita-baita ingkang karêngga-rêngga nalika tumut arak-arakan ing Tanjungpriuk.

Kajawi punika ing dalu wau, wiwit jam 9.30 dumuginipun jam 11 ing papan ingkang wiyar sacakêtipun sêtasiun S.S. dipun wontênakên sêkar api agêng-agêngan. Ing dalu punika ubaling tiyang nonton ingkang dasan ewon wau, ngantos watawis jam kalih wêlasan sawêg bibar.

Enjingipun, tanggal 9 Januari, ugi dipun wontênakên têtingalan warni-warni, kados ta: baris ordhê opêning ingkang dipun tindakakên dening para murid èstri sakolah têngahan, sarta ingkang katuntun dening Tuwan de Haan. Cacahipun murid èstri ingkang tumut, wontên 900. Kawontênanipun têtingalan wau, sayêktos adamêl suka sênênging tiyang nonton. Sasampunipun punika, lajêng dipun wontêni baris ordhê opêning malih, nanging ing samangke dipun tindakakên dening para murid jalêr, cacahipun 1600. Ugi têtingalan punika pantês ingalêmbana.

--- 77 ---

Kajawi punika ing dintên wau, dipun wontênakên nyanyian lare èstri. Lajêng arak-arakan mobil ingkang rinêngga-rêngga ing sêsêkaran tuwin krêtas maneka warni, makatên ugi arak-arakan sêpedhah, ingkang ugi pinajang-pajang kanthi sae sangêt, lan taksih kathah malih sanès-sanèsipun, kados ta: pasar malêm ing kamar bolah militèr kongkordhiyah, bal-balan militèr lan sasaminipun.

Dene têlas-têlasaning pahargyan, inggih punika ing tanggal 10 Januari, têtingalan dipun pindhah dhatêng Tanjungpriuk. Siyangipun dipun wontênakên arak-arakan baita ingkang dipun rêngga-rêngga sae lan adi. Sarêng sampun pêtêng, arak-arakan baita dipun lajêngakên, nanging samangke mawi rinêngga-rêngga lampu alit-alit ingkang tanpa petangan cacahipun. Tiningalan saking dharatan, saking asrinipun, ngantos angèl anggènipun badhe anggambarakên.

Amila inggih botên kenging dipun paibên, bilih tanpa wicalan kathahipun tiyang, saking Batawi, Mistêr Kornelis, Tanggêrang, lan sasaminipun, ingkang sami mrêlokakên dhatêng Tanjungpriuk prêlu ningali tontonan ingkang awis tiningalan wau. Sanadyan tumpakan angèl sarta awis sangêt, ewasamantên mêksa sami dipun lampahi, nanging sadaya ingkang sami nonton wau, kala mantukipun, inggih sami rumaos marêm manahipun.

Kados sampun cêkap samantên kemawon, anggènipun Kajawèn anggambarakên kawontênanipun pahargyan ing Batawi minăngka pakurmatanipun krama dalêm Rajaputri Juliana kalihan Pangeran Bernhard.

[Iklan]

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3311 ing Kuthaarja. Kenging.

Lêngganan nomêr 3365 ing Banyubiru. Botên sade.

Lêngganan nomêr 4687 ing Lahat. Tanggal 2-1-'37 Kajawèn mêdal, ngangge nomêr: 1-2, sasampunipun punika, lajêng tanggal 13-1-'37 sawêg mêdal malih, inggih punika nomêr: 1-2.

Wangsulan ing nginggil punika, mugi nyarambahana dhatêng lêngganan sanèsipun, ingkang kagungan pandangon bab wêdaling Kajawèn ing wulan: Januari punika.

Pawartos saking Redhaksi

Tuwan S. ing Kr. Sb. Supados panjênêngan mitêrang dhatêng Tuwan Ass. wed. ing Purwadadi Grobogan piyambak.

K. 4588 ing Gombong. Karangan bab kados makatên punika sampun kêlimrah sangêt. Kê, Lê, Jumadilawal Be 1848, dhadhah[2] tanggal 23 măngsa kasanga, wuku Sinta, 8 Marêt 1918.

--- 78 ---

Raos Jawi

Piwulang Kina Kasambêtan kalihan Larasipun Jaman Sapunika

Sambêtipun Kajawèn nomêr 102.

Pocung

Sêkar Pocung cêngkorongan nora ancung | kêncêng wus rinancang | datan mlèncèng godha mlêncing | aja mlencong mundhak nora bisa gancang ||

dadya sêpuh wus kabênêr mung katêmpuh | gumolong yèn mulang | sarekadayaning ati | marang para anak putu trah sadaya ||

gênging gayuh mrih katêkan ywa winayuh | aja mangro tingal | mligi nyipta kang kaèsthi | kalakone kudu laku kang santosa ||

aran ngèlmu wiwitira mung panêmu | sêsêpuhing lampah | borong kurang dènnya bukti | sudi nyuda nendra laku kadlajahan ||[3]

angkara gung alaning tyas ywa dèn ugung | gêgolongan băngga | aja kalah amrih milih | marang godha gêdhe aja tidha-tidha ||

băngsa limput ati cupêt dadya luput | pêpêt wus kasrapat | nora rapêt klêmpit-lêmpit | mrih tanpa pot kudu mèpèt sipattolah ||

nora sarju padune wong nora maju | kasêlèk piwêlak | lan kabêlèk gawe elik | nora nuwa ijèh malithit macithat ||

mangkonèku iya saka ngaku-aku | langkane ngalăngka | lakunira adoh kaki | uwong wangkot nora bangkit tur kasrakat ||

ijèh bingung mratandhani wong kang pêngung | pinênging kasêsa | suwe dènnya ngudanèni | kudu mêsu sihira Ingkang Kawasa ||

durung wêruh gurune kang aruh-aruh | badhe mawi pindha | tapa anèng papan sêpi | têmên sami wus tinêmu lan tumama ||

mongga-manggu jênggan agya durung lugu | yèn kabul anyêbal | luwih sêbêl tobil-tobil | nguningani pako laku durung ana ||

tangèh punjul ing ngèlmu kasusu jujul | kajêjêlan hawa | melik mêlok gendhong lali | sumurupa rèhning urip arêp mulya ||

sakèh wuwus sêdya mau aja kawus | winêwês ywa uwas | iku kang wos nèng sira wis | kudu ngrèwès wus katawis bisa awas ||

tan linangkung ambakêngkêng wong kinungkung | anjingkêng pun kakang | nganggo gêlar klambi langking | wasis muni dening wus kaanggêp tukang ||

pasrah patut tinulat tulat dèn êtut | wanuh jroning manah | lulut wêruh gêlat-gêlit | dahat marêm mring Allah yèn karya eram ||

wong kang emut nênging budi amung tumut | salamêt lan nikmat | kaanggoa ingkang rêmit | eling mau wus kamot marang karamat ||

Hyang Mahagung nora alit nora agung | gênge sabuwana | yèn cilik tan bisa kèksi | iya iku ingkang uning jroning nendra ||

kawruh dhuwur kêrêping tyas nora kuwur | datan kawoworan | mirsa urip kang sêkawit | tanpa kèwêt gêbêngane uwis kuwat ||

ngèlmu luhur musthikane para jamhur | hèr wêning kang wênang | kacandhake anèng ati | ati suwung wuse eling kanggo rowang ||

gupuh-gupuh kadunungan uwis nyêpuh | prêlune angampah | ingkang kudu bisa nyapih | marang wadi kinêkêr wus lir sinumpah || Badhe kasambêtan

D.

--- 79 ---

Ringgit Tiyang ing Têrnate

Sambêtipun Kajawèn nomêr 3-4

Ing ngriku para mriksani sami ngungun dhatêng bab pêpêthan sagantên ingkang kangge nyêmplungakên Garèng, amargi têtiyang ing ngriku sawêg katêmbèn punika sumêrêp tonil sagantên.

[Grafik]

Adêging golongan ringgit tiyang băngsa militèr ing Têrnate.

Dene ingkang sami dados ringgit kados ingkang kacêtha ing gambar punika. Namung ingkang lênggah ing têngah punika Tuwan Sêrsan Suatan, ingkang among tamu, ing sisih têngênipun sêrsan, Mas Sastrapawira, dhalang asli Gombong, dene kiwanipun, kula Klathèn tiyang nata dhapukan.

Namanipun para sadhèrèk ingkang sami tumindak ing damêl dalah para niyaga, kados ingkang kaêwrat ing ngandhap punika:

1. Mas H. Sogol, asli Purwarêja, 2. Mas Martawikrama, Purwarêja, 3. Mas Markim, Salatiga, 4. Mas Kariawiranak, Gombong, 5. Mas Sujud, Ngayogya, 6. Mas Sêmirêja, Kuthaarja, 7. Mas Barja, Purwarêja, 8. Mas Atmasudira, Magêlang, 9. Mas Atmarêja, Ngayoja, 10. Mas Rasim, Banyumas, 11. Mas Mali, Magêlang, 12. Mas Sarman, Blabag, 13. Mas Yakub, Salatiga, 14. Mas Jadi, Bahrawa, 15. Mas Sawikrama, Jênar, 16. Mas Sajiman, Prêmbun, lan 17. Mardiyan, Klathèn.

Para yaganipun: ingkang nabuh kêndhang Mas Jasman, asli Blitar, bonang Mas Jakimin, Ngayogya, gong Mas Wagimin, Purwarêja, slênthêm Mas Paija, Purwarêja, dêmung Mas Nakim, Banyumas, gambang Mas Marimin, Salatiga.

Dene bonang alit, saron, barung, kêthuk kênong sadaya ingkang nabuh sami lare-lare anaking militèr, kados ta: Tumin, Sarpan, Parmin, Sanija, Slamêt lan sèrêpipun Sadar.

Samantên rukunipun para sadhèrèk Jawi asli saking sanès-sanès panggenan, tur sampun wontên kalanganing militèr, ewasamantên taksih èngêt dhatêng kagunanipun piyambak.

Namung punika atur kula, minăngka tutuping andharan kula punika, pangajêng-ajêng kula mugi-mugi ing sanès panggenan makatêna ugi.

Kopral Sikên Phêrplèkhêr

Mardiyan.

--- 80 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Itali

Mirid wartos ingkang pinanggih ing wêkdal punika, tumrapipun Itali sawêg nindakakên pamahan sarwa wigatos, kados ta ing bab anggèning rêrukunan kalihan Ostênrik tuwin Honggari, ing bab manah gêgayutanipun pasulayanipun Sêpanyol, tuwin ing bab gêgayutanipun rêmbag kalihan Inggris bab Lautan Têngah. Kajawi punika tamtunipun taksih wontên sabab-sabab sanèsipun.

[Grafik]

Grap Ciano (gambar nomêr 2 saking têngên) nalika dumugi ing Wenên.

Rêmbag supêkêtanipun nagari tiga wau sampun kalampahan katindakakên dening ministê babagan prakawis sajawining praja, Grap Ciano wontên ing Wenên. Karukunan punika ugi dipun sayogyani dening Jêrman, ingkang wosipun sadaya ngudi murih botên wontên pasulayan.

Pikantuking rêmbag wau, Ostênrik tuwin Honggari sami kawênangakên asikêp dêdamêl malih. Tamtu kemawon karukunan ingkang kados makatên punika atêgês damêl kasantosaning praja ingkang sami rêrukunan. Makatên malih tumrapipun Itali ugi manggih pasaksèn ing bab adêging karajan Itali ing Ngbêsi, awit Ostênrik tuwin Honggari tumut nêtêpakên tuwin aprajanji badhe tumut ngajêngakên ingatasing padagangan ing Ngabêsi.

Kajawi punika Ostênrik tuwin Honggari ugi nayogyani tumindak ing damêl sêsarêngan kalihan Jêrman ingkang gêgayutan kabêtahanipun nagari sauruting lèpèn Donau.

Dene ingkang langkung wigatos, punika ing bab janji-janjinipun nagari tiga wau, sapisan, sayuk nêdya sêsarêngan ngudi kawilujênganing nagari, kaping kalih anjagi saha mrayitnani panêmpuhing golongan abrit, punapadene migatosakên kawontênanipun ing Sêpanyol, kaping tiganipun anunggilakên tekad ingatasing pangudi panggêsangan. Prajanjian tigang bab punika mênggah kajêngipun sakalangkung jêmbar, amargi ing ngriku punika sampun mêngku kajêng warni-warni, inggih anggayut dhatêng bab ewahing prajanjian-prajanjian lami.

--- 81 ---

Ing bab gêgayutanipun kalihan Sêpanyol, ing sapunika pancèn taksih nêngah-nêngahi dados rêmbag, lêrês tuwin lêpatipun, dèrèng gumathok yêktos. Namung tumaping umum, Itali dipun wastani ngêmori damêl ing bab babagan paprangan.

Mênggahing bab gêgayutanipun kalihan Inggris, punika tumrapipun Itali pancèn sampun dangu, inggih punika bab kawigatosaning Lautan Têngah. Ing ngajêng tansah dados drêdah, sami ngugêmi lêrêsipun piyambak-piyambak. Nanging dangu-dangu inggih lajêng pinanggih rukunipun, nagari kalih wau sami wênang ngambah Lautan Têngah tanpa mawi sănggarunggi. Cocoging rêmbagipun nagari kalih wau mawi pinacak ing prajanjian.

Mênggah suraosing prajanjian, Inggris tuwin Itali sami badhe bantu-binantu kawigatosaning karukunan umum, kawilujêngan punapadene gêgayutanipun nagari kalih punika tuwin tumrapipun kalihan nagari-nagari sanès ing bab kawigatosan ing Lautan Têngah. Nagari kalih wau nêdya ngêncêngakên, botên badhe ngewahi punapadene cidra ingatasing babagan Lautan Têngah. Aprajanji, nagari kalih wau tansah badhe migatosakên tuwin rumêksa ing bab pandamêl cidra ingkang tuwuh saking sanès ingkang ngèngingi dhatêng nagari kêkalih punika. Bab punika maligi namung ngengingi dhatêng Inggris tuwin Itali piyambak.

Mirid suraosing prajanjian ingkang kados makatên punika, lajêng katingal bilih Inggris kalihan Itali anggadhahi trajang ingkang sami-sami, saha ing ngriku katingal bilih pasulayaning rêmbagipun Inggris tuwin Itali ingkang ngêmar-êmari, ing sapunika sampun ical, malah lajêng katingal bilih karukunan punika dados titik sae, badhe tumindak ing damêl sêsarêngan.

Têtêping prajanjian punika tumraping wawasan lajêng nuwuhakên gagasan warni-warni, amargi tumraping nagari sanès tamtunipun lajêng kêtuwuhan pamanggih kados pundi lukak-lukiking kajêngipun nagari kalih wau, awit sawarnining lêlampahan ingkang ewah, punika tumraping nagari sanès tamtu kêgayut, panggayutipun wau wontên ingkang sae, wontên ingkang botên. Tumrap ingkang manggih saenipun, lajêng dados satunggiling kasantosan ngrika-ngriki. Dene tumrap ingkang botên panuju, wohipun namung badhe nuwuhakên kaprayitnan ingkang lèrèg botên prayogi.

Namung bab kawigatosaning Itali, ing bab ebah-ebahan, nama sawêg manggih angin sae.

Pawartos saking Redhaksi

K.524 ing Munthilan. 16 Bakda Mulud, Ehe 1844 dhawah 14 Marêt 1914, Stu Pa, wuku Kurantil, măngsa kasanga.

K.269 ing Japara. Redhaksi Kajawèn botên manggih pèngêtan pandangu panjênêngan.

K.1370 ing Krêmbung. 6 Sapar 1835 dhawah: Rê Wa, 12 Alip 1905.

K.5378 ing Playên. Panêmbrama narpa wiwaha botên kapacak, amargi K. sampun maligi ngêdalakên.

K.3754 ing Kêndhal. 6 Sapar, Jimakir 1826 dhawah: Ju Wa, măngsa Kasa, wuku Kuningan. 17 Juli 1896. 1. Prayogi kasêrat ing dlancang, mawi mangsi, panyêratipun sampun molak-malik, 2. Aksara Jawi. Kakintuna sarana dhokumèn.

K.3602 ing Japara. 1. Sampun jangkêp kados ingkang kawêdalakên ing Kajawèn. 2. Kados sêrat kabar limrah, kintuna sêrat piyambak dhatêng ingkang ngêdalakên. 3. Tanggal 9 Juni 1917 dhawah Rê Wa. 4 sampun jangkêp kados ingkang kawêdalakên ing Kajawèn.

Tuwan L.K.Tj. ing Kauman, bab panjurung pêthikan botên kapacak.

--- 82 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Kasangsaranipun Kaum Bathik

II

Petruk : Kang Garèng, kowe kuwi le sok sêmbrana. Bangsane dhewe kathik dianggêp: onggrongan, alêman, lan sênêng diajèni bangêt. Apa manèh, yèn sing ngajèni, ngalêmbana, utawa ngonggrong kuwi bangsane tuwan Lănda, kayadene amêsthèkake, mêsthi banjur tumuli: grègèl, gampang bangêt mêtune dhuwite.

Garèng :Ayak, kathik mungkir kowe dhewe kêpriye, Truk, yèn ana Tuwan Lănda nêmoni kowe, têka bukak topi sarta banjur nyuwara mangkene: Dhah, mênir Petruk, kabar baik. Apa kowe ora mèsêm-mèsêm sênêng bangêt kae. Bokmanawa sanadyan kowe lagi ribut, iya mêksa kok kobêr-kobêrake mêthukake sarana cêngengas-cêngèngès, sarta banjur enggal-enggal ngacarani lênggah karo ngêcoprès mangkene: Dhah, mênir, dhudhuk, dhudhuk, mênir. Mau minum apah, mênir, yang panas-panas, apah yang dhingin-dhingin. Yang panas-panas adhah, kopi pait, kopi manis, tèh pait, tèh manis. Kaluk sukak yang dhingin-dhingin, juga adhah, mênir:... tèh jog-jogan kêmarèn.

Petruk : Hus, wong sêmbrana. Sing diarani ombèn-ombèn sing adhêm-adhêm kuwi, dudu wedang tèh jog-jogan wingi, nanging bangsane: sêtrup, limun, aèr blandhah, bir lan sapêpadhane, tur le ngombe iya nganggo: ès.

Garèng : Iya padha bae, sing prêlu ing kono aku arêp anggambarake umume wong Jawa tangkêpe nyang băngsa Walănda. Dhasare wong Jawa kuwi, mênyang Walănda, mung wêdi thok bae, mulane yèn banjur ana Lănda tangkêpe nyang wong Jawa - ngajèni si ora prêlu, sabab prakara iki kono rada gothang - gêmrapyak, sumèh lan andêmênakake sawatara bae, nèk watêke wong Jawa umume kuwi, ambok iya dicukur kêrok bêling iya mung: inggih măngga, ndara tuwan Lănda. Lo, kuwi nèk watake wong Jawa. Mulane aku yakin, barêng ana Lănda-Lănda tawa prabot ambathik sarana gêmrapyak, sumèh lan andêmênakake mau, kaum bathik mêsthine iya banjur: grègèl, mêtu dhuwite bae.

Petruk : Ora bab saka iki bae, Kang Garèng, kang agawe kèlute kaum bathik banjur padha nukoni barang dagangane sudagar-sudagar băngsa Eropah mau, nanging sabab praboting bathik gawean [ga...]

--- 83 ---

[...wean] Eropah kuwi mau, pancèn iya: indhê klas têmênan, tur rêgane luwih murah. Sanalika pikirane kaum bathik mau mangkene: Bakal untung bêsar, sabab yèn kabênêran: pokoke mung sathithik, pangêdole bathikan bisa ajêg, bêbathène wis mêsthi saya sathekruk.

[Grafik]

Garèng : Yèn bêbathène kaum bathik saya sathekruk, kas nagara sing ambawahake kono iya saya lêmu, sabab mêsthine dhuwit sing diujarake nyang nagara iya saya pating gêmbêlêng, pating plunthu. Têgêse: pajêgê kaum bathik saya wuwuh akèh, kang anjalari nagara saya mrênthêl. Rak iya mêngkono ta Truk. Jalaran saka iku, mungguhing nagara, ing sarèhning kaum bathik mau gawe mrênthêl lan wêtêng gêndhut, têmtune iya tansah kudu anjaga marang kaslamêtane kaum bathik mau, aja nganti dadi: ênggik-ênggikên, apa manèh nganti kuru aking, sabab iki iya atêgês: bakal agawe kuru akinging kas nagara. Mulane nagara iya kudu tansah prayitna lan waspada, aja nganti kaum bathik mau tiba ing tangane bangsane kaum... Raja Pirngon.

Petruk : Mupakat, Kang Garèng, nanging kowe kudu ngèlingi, yèn nagara kuwi pirang-pirang sing digalih, ora mung kaum bathik bae, sanadyana iki golonga uwong kang sabên taune ngaturi urunan sing sêsayahe kake. Mulane yèn nagara kadhang kala sok lena anggone anjaga utawa paring pangayoman marang sawijining golongan, kuwi ora kêna dipaido, Kang Garèng. Saiki aku tak ambanjurake lêlakone kaum bathik mau.@Ing wusana banjur bisa kalakon, para kaum bathik padha dadi langganane sudagar băngsa Eropah sing padha dagang praboting wong ambathik mau. Lan lakune iya bêcik bangêt, têgêse: kaum bathik: mrênthêl, para sudagar praboting bathik: mlênthu, lan nagara iya: anggêmbil.

Garèng : Mêngko sik, Truk, mêngko sik, banjur kêpriye kadadeane prabot bathik gaweane dhewe, têgêse: prabot bathik wêton ing tanahe dhewe kene.

Petruk : Ap - kir, Kang Garèng, wis ora diênggokake manèh. Pabrik nila: ditutup, [ditu...]

--- 84 ---

[...tup,] wong nandur: tom, wis ora ana, mêngkono uga soga, malam, kudhu lan sapadhane, wis ora prêlu wong nganakake manèh.

Garèng : Iki atêgês: kaum bathik wiwit kuwi banjur gumantung nyang tanah Eropah, yèn ing kana ora anggawèni prabot bathik manèh, kaum bathik iya: mêkungkung, alias: mati kaku.

Petruk : Pancène ngono mula iya mêngkono, nanging kala samono ora prêlu dikuwatirake, sabab kaum bathik nalika kuwi mula nyata sugih dhuwit. Lan kowe wêruh dhewe: adhah uwang, adhah barang. Dadi prabot bathik gawean, Eropah sing dibutuhake dening kaum bathik kene kuwi, ing kala samono lakune luwih dhisik mênyang sudagar Eropah sing padha dêdunung ana ing tanahe dhewe kene kiyi, yakuwi sing diarani para: importir, para sing anêkakake barang-barang saka Eropah mau. Lan saka para importir tanpa nganggo sêtoplas manèh, têrus dikirimake nyang para kaum bathik.

Garèng : Wèh, dadi kala samono, para kaum bathik kuwi sêsobatane karo para importir rada kênthêl bangêt. Jalaran siji lan sijine padha ambutuhake, sabab, si importir tanpa kaum bathik, mêsthine iya kêmpès wêtênge, lan kaum bathik tanpa importir, iya kudu têrus-têrusan anggone: pati gêni, rak iya ngono, ta Truk.

Petruk : Wis gênah, Kang Garèng. Bok manawa ing kala samono tuwan importir: Jakob Sèndhêr lan Mas Brajawikalpa upamane, kêrêp bangêt bêbarêngan: wedang-wedangan, lim-liman, utawa cilangkèk barang, Kang Garèng, lo samana rapête sêsrawungane para importir lan kaum bathik mau.

Garèng : Nèk mêngkono lakune, bolih dhitanggung, Truk, padagangan bathik mêsthi têrus brêgas lakune. Barang dagangane para importir, ora kapiran-kapirun, dagangan bathik iya bisa mlaku sarana lenggang kangkung.

Petruk : Wayah, iki rêmbugan cara apa, ana lakune padagangan têka diunèkake lenggang kangkung.

Garèng : Wong sing lakune lenggang kangkung, utawa sing cara Jawane: glêndhèh-glêndhèh, kuwi lumrahe wong sing ayêm, sing kêpenak awake. Dadi beda karo lakune wong sing dioyak-oyak dening... kastroli upamane. Dadi lakune dêdagangan sing sarana lenggang kangkung, kuwi karêpe: lakune dagangan bathik: ayêm lan kêpenak. Wis, saiki kêpriye banjure.

Petruk : Kala samono, Kang Garèng, tumrape nagara mula iya ayêm bangêt, sabab bisa narik kiwa têngên, para importir bisa nyaosi pisungsung sathekruk, kaum bathik iya bisa nguruni sing dadi kabutuhane nagara sahohah. Nanging: wau ta, sèbêt lah ing kana wau, tunggal kandhane seje caritane...

Garèng : We, hla, mêndêm gadhung Petruk, ana kok banjur kaya dhalang sing kurang sajèn mêngkono. Aja talencengan, Truk, tumuli banjurna rêmbugmu.

--- 85 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI

Kantor post pitulungan salêbêtipun conferentie Volkenbond. Salêbêtipun conferentie Volkenbond ing Bandung wiwit tanggal 2 dumugi 15 Fèbruari, ing Jaarbeurs badhe kawontênakên kantos post piyambak. Ing salêbêtipun conferentie wau Hoofdpost-en Telegraafkantoor ing Bêtawi sagêd têrusan kintun-kinintun wartos, botên kanthi mêdal Hoofdkantoor ing Bandung.

[Grafik]

Bêna ing Surakarta. Kados ingkang sampun kawartosakên Kajawèn ingkang sampun kêpêngkêr, ing laladan kitha tuwin sajawining kitha Surakarta mêntas wontên bêna agêng saking luberaning bênawi Solo. Ing nginggil punika ngêwrat gambaripun salah satunggaling panggenan bêna wau ingkang têtiyangipun nuju sami ngungsi sarana baita.

Lèpèn Sêrayu bêna. Lèpèn Sêrayu pinanggih bêna agêng, ngantos sawarnining baita sabrangan kaawisan nglampahakên. Tumrap lampah saking Ngayogya dhatêng Cilacap kêdah mêdal margi krêtêg Banyumas.

Tindakipun tiyang Papua ingkang nyamari. Miturut wartos saking Ambon, wontên tiyang Papua 60 dhatêng ing bivak Astroexpeditie Ned. Nieuw-Guinea Petroleum Mij. Ing Bloemenrivier. Dhatêngipun têtiyang wau sarêng, nêdya mêmêngsahan. Têtiyang wau kesah sakêdhap, botên dangu wangsul malih kanthi tiyang 600. Ing ngriku lajêng wontên motor mabur saking Mimika dhatêng ambêkta veldpolitie 10. Wilujêng botên wontên punapa-punapa. Astrobivak wau ing wulan punika badhe kasuwak, amargi padamêlanipun sampun rampung. Ing papan ngriku punika pancèn panggenanipun tiyang wanan ingkang taksih galak.

Mriksa paboyongan ing Lampung. Tuwan van Hulst, Residhèn ing Banyumas, kanthi ingkang bupati, wêdana 1, asistèn wêdana 2, kêpala dhusun 12 tuwin tiyang tani 2, sami saking Banyumas, Cirêbon tuwin Pêkalongan, sampun dumugi ing Tanjung Karang, pêrlu nyatakakên kawontênanipun têtiyang tani bangsa Jawi ing Lampung. Anggènipun papriksa wau dipun irid ing Residhèn Lampung tuwin sanès-sanèsipun. Panggenan ingkang dipun priksa ing Gêdhong Tataan, Kalianda, bêndungan Gêmuk Mas tuwin bêndungan Way Sêkampung, salajêngipun dhatêng paboyongan ing Sêmarang.

Kajawi punika Residhèn ing Kêdhu ugi badhe dhatêng paboyongan ing Sumatra kanthi ingkang bupati, wêdana Kutoarjo, pintên-pintên asistèn wêdana tuwin para lurah dhusun.

Bab kasangsaran kapal Van der Wijck. Dumuginipun sapunika pamriksanipun kapal Van der Wijck ingkang katindakakên dening juru silêm, dèrèng angsal titik sababing kasangsaran ingkang gumathok. Wontênipun makatên, amargi pamriksanipun dèrèng sagêd dumugi ing papan ingkang wigatos. Ing têmbenipun sagêd ugi kasangsaran punika jalaranipun dipun anggêp pêtêng.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, Mas Sutopo ugi nama Mas Surowilogo tijd. wd. jaksa Landraad ing Ngawi, Madiun, dados tijd. wd. adjunct-hoofddjaksa ing Madiun. Radèn Marwoto, mantri pulisi klas 1 Paresidhenan Bojonêgoro, dados tijd.wd. asistèn wêdana klas 2 ing Paresidhenan Bojonêgoro. Mas Mohamad Iman, juru sêrat klas 1 Paresidhenan Bojonêgoro, dados mantri pulisi Paresidhenan Bojonêgoro.

Kuli kontrak dhatêng Sumatra tuwin Borneo. Wontên kuli kontrak 200 saking bawah Wonogiri dhatêng Sumatra tuwin Borneo.

Pambêngan margi sêpur ing Srowot. Jalaran saking wontêning bêna, adamêl risaking margi S.S. lajêng langkung ril N.I.S., dados lampahipun botên kandhêg. Ing salajêngipun wontên rêmbag supados ing ngriku kawontênakên krêtêg ingkang têtêp, supados botên adamêl pakèwêding lampah manawi nuju bêna, kados ingkang pinanggih ing sapunika, ngantos karisakan margi sêpur kaping kalih.

Drs. Sigit badhe dhatêng Jêpan. Wiwit sapunika Instituut Sigit ing Sêmarang dipun wulang kabudayan Tionghoa, sêratan tuwin basa Jêpan. Wulangan wau dipun tindakakên dening Mr. Y. Hiraki, bangsa Jêpan. Ing sapunika Drs. Sigit, pangajênging Instituut wau badhe dhatêng Jêpan, badhe nyinau ing bab panggulawênthah. Salajêngipun dhatêng Tiongkok, nyinau kabudayan Tiongkok.

Tentoonstelling ing Bataviasche Kunstkring. Benjing tanggal 28 Januari punika ing Bataviasche Kunstkring kawontênakên tentoonstelling agêng-agêngan, awarni kêklêmpakaning gambar-gambar ingkang sampun dipun klêmpakakên pintên-pintên taun dening Tuwan Jhr. Mr. P.R. Feith. Gambar-gambar wau wujud kawontênan ing Bêtawi salêbêtipun tigang abad, ewah-ewahanipun ngantos dumugi sapunika. Laminipun 10 dintên. Kanthi kawontênakên catalogus.

Têtiyang ukuman ingkang angsal pangapuntên. Nyarêngi pikraman dalêm Raja Putri Juliana, cacahipun tiyang-tiyang ukuman ingkang dipun luwari ing satanah kintên-kintên wontên 50.000.

--- 86 ---

Tiyang kasangsaran punika wajib dipun tulungi. Ing Pêkalongan mêntas wontên tiyang dipun oyak-oyak kadakwa lampah awon. Tiyang wau lajêng nyêgur lèpèn. Sakawit tiyang wau sagêd gondhelan pathok, nanging lajêng uwal jalaran kabêkta saking bantêring toya, tiyang lajêng kèli glagêpan. Ing ngriku wontên tiyang mangangge sae lajêng ambyur ing lèpèn, nulungi tiyang wau, sagêd katulungan. Tiyang ingkang têtulung wau Dr. Agus Muljadi.

Ama kêthèk. Ing dhusun Becok tuwin Windu, tapêlwatês Bojonêgoro, kathah wana ingkang dipun ênggèni kêthèk. Kêthèk-kêthèk wau ing sapunika sami nêmpuh têtanêman ngantos adamêl risak. Panêmpuhipun siyang dalu. Ihtiyaripun têtiyang ing ngriku sami dipun tanggulangi mawi plinthêng.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan, Tuwan K.E. Jayadiningrat. Lulus candidaatsexamen perangan kalih tuwan-tuwan, R. Wilopo tuwin R.J. Prawira Nêgara. Lulus doctoraal-examen perangan kapisan nonah Lie Sek Hiang.

Tuwan Groeneveld dipun pisakit ing tiyang. Sampun kêrêp kawartosakên, ing bawah Cirêbon wontên Walandi nama Groeneveld ingkang tansah adamêl botên têntrêmipun laladan ing ngriku, sarana ngirup têtiyang ing ngriku ingkang damêl botên rênaning parentah. Satunggiling dintên nalika tuwan wau kesahan saking Jamblang dhatêng Rajagaluh, Majalêngka, wontên margi dipun êndhêg ing tiyang siti kalih ingkang lajêng misakit, githok tuwin cangkêmipun Tuwan Groeneveld dipun gêbag kalihan tugêlan tosan, untunipun ngantos wontên ingkang rontog lajêng kolu, kajawi punika taksih kathah tatunipun. Tuwan Groeneveld lajêng kabêkta dhatêng griya sakit ing Majalêngka.

Badhe misungsung Sang Mussolini. Wontên wartos, para sudagar bathik ing Ngayogya gadhah sêdya badhe misungsung sinjang rêrênggan tembok dhatêng Sang Mussolini. Pandamêlipun badhe langkung hadi.[4] Sinjang wau badhe kagambar R.A. Bratasena nyêpêng gada rujakpolo.

Lisah pèt ing Nieuw Guinea. Bab pandamêling gambar bumi ing Nieuw Guinea saking gêgana sampun katindakakên kanthi pirantos gagrag enggal. Nyarêngi punika kathah para ahli babagan siti golongan B.P.M. tuwin Standard Oil sami nyinau gambar bumi. Para ahli siti wau badhe nêtêpakên ing pundi papan ingkang badhe dipun bur, saha ingkang kakintên badhe kathah wêdalipun lisah pèt. Ing Babo sampun wontên bangsa Eropa 80 ingkang manggèn ingriku.

Madura Tram. Jalaran saking wontêning siti pasarêman dipun pundhut nagari, pangusunging sarêm saking Pamêkasan dhatêng Kaliangêt badhe kabêkta ing baita, botên mawi tram, anjalari badhe icaling tram saking Pamêkasan dhatêng Kaliangêt. Nanging parentah ugi badhe anggalih murih Madura Tram angsal margi sanès.

Pangilon damêlan tanah ngriki. R. Sumoharjono ing Sêntolo, Ngayogya, sagêd damêl pangilon ingkang sampun sairib damêlan Eropa, rêginipun langkung mirah. Barang wau sampun kathah ingkang dipun sade.

Wangsulan saking nagari Walandi. Sri Bagenda Maharaja Putri tuwin Raja Putri Yuliana sampun paring wangsulan dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, asuraos paring tarima kasih dhatêng unjuk kasugêngan krama dalêm Raja Putri Yuliana. Wangsulan wau tumuju dhumatêng para ingkang sami ngunjukakên kasugêngan.

NAGARI WALANDI

Badhe anjênêngi jumênêngan Nata. Kawartosakên, benjing jumênêngipun George VI Nata ing Inggris, Raja Putri Yuliana tuwin Pangeran Bernhard badhe anjumênêngi, amakili Sri Bagenda Maha Raja Putri.

EROPA

Kagunan Jawi ing Eropah. Benjing tanggal 21 wulan punika, R.M. Yojana, ahli jogèd, badhe mitongtonakên jogèd wontên ing gêdhong wêwakil Nagari Walandi ing Brussel. Srinata Belgie badhe rawuh mriksani.

Kapal pêrang kangge Siam. Ing Mon Falcone, Italie, mêntas ngandhapakên kapal torpedo ingkang kaping nêm kangge karajan Siam. Kapal torpedo enggal punika dipun namakakên "Chumporn".

ASIA

[Grafik]

Jumênêng Raja. Inginggil punika gambaripun Sri Maharaja George Javaji Rao Scinda, inggih punika Raja Gwallor ing nagari Ngindu ingkang nêmbe kemawon kajumênêngakên.

Anggolong kalihan kuminis. Wontên wartos, golongan ambalela Yang Hu Cheng tuwin Jendral Mao Tse Tung, pangajênging golongan kuminis sampun anggolong dados satunggal. Wadya ingkang anggolong wau cacah 3000 sampun malêbêt dhatêng Sianfu.

Wadya dharatan Mêsir. Wontên golongan upsir Inggris bidhal dhatêng Mêsir, pêrlu badhe dados juru ngawat-awati wadya dharatan Mêsir. Tindak punika gêgayutan kalihan prajanjian. Miturut rancangan, wadya dharatan Mêsir badhe kaindhakan dados 20.000. Makatên caraning pangajaran punapadene dêdamêlipun, kadosdene Inggris.

--- 87 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun Baronesse Orczy

27

Sêr Blakêne: Apa krêsamu supaya aku ana ing kene bae. Yèn mêngkono ing mêngkone rak banjur mung arêp ngemutake lêlakon sing biyèn-biyèn, nalikane aku lan sliramu padha sih-sinihan.

Lèdhi Blakêne ngêlungakên astanipun kalihan angandika makatên: Genea ora bisa mêngkono, Sêr Pèrsi. Kaanane ing saiki kiyi ora nyênêngake bangêt, mulane aku banjur sok emut ing jaman samono.

Sêr Blakêne nyandhak astanipun ingkang garwa, sarta lajêng dipun uswa, inggih punika tatacara băngsa Eropah ing jaman rumiyin tumrap para darah, anggènipun priya badhe ngajèni dhatêng wanita, sanadyan dhatênga garwanipun piyambak. Salajêngipun Sêr Blakêne ngandika makatên: Lèdhi, aja pisan andadèkake panggalihmu, aku wis ora eling babar pisan kapriye mungguhing jaman samono.

Kala punika Sêr Blakêne lajêng badhe tumuntên tindak saking ngriku, ananging Lèdhi Blakêne kalayan suwara ingkang mêlas asih ngaturi ingkang raka: Sêr Pèrsi.

Sêr Blakêne: Apa kang dadi krêsamu, Lèdhi.

Kalayan sêmu mrêkitik sang putri kawêdal têmbungipun makatên: Kaparênga aku nyuwun pirsa, apa katrêsnan iku bisa ilang tanpa lari. Awit ing biyèn aku anduwèni pangira, yèn katrêsnan panjênêngan nyang aku, kuwi bisa salawas-lawase. Mungguhing saiki, Sêr Pèrsi, katrêsnan panjênêngan mau, apa iya wis ora ana turahane sathithik-thithika, kang bisa angêndhokake duka panjênêngan nyang aku.

Sêr Blakêne: Mungguh krêsamu kapriye, Lèdhi.

Lèdhi Blakêne: Ah, aku têka ora ngrêti nyang krêsa panjênêngan iki.

Sêmu grêgêt-grêgêt, Sêr Blakêne angandika: Kaya-kaya ora angèl. Nanging sadurunge aku arêp pitakon nyang sliramu, jalaran pikiranaku rumasa ora gadug anggolèki sabab-sababe, dene ujug-ujug sliramu duwe pitakonan kang mangkono iku. Apa sliramu kêpengin arêp nindakake panggawe setan kaya sing wis kalakon ing taun kang kapungkur. Apa sliramu kêpengin supaya trêsnaku nyang sliramu sing maune tanpa upama gêdhene, bisa bali manèh, prêlune supaya ing wusana bisa kobuwang kayadene sêpah bae.

Kanthi bisik-bisik sang putri umatur angarih-arih: O, Sêr Pèrsi, ambok iya krêsa anglalèkake kadadean kang wus kapungkur.

Sêr Blakêne: Aja pisan dadi panggalihmu, Lèdhi, kaya-kaya rak sliramu sing miwiti rêmbugan ing bab iki.

Kalayan suwara ingkang ngêrês-êrêsi Lèdhi Blakêne umatur: Sing tak aturake dudu prakara kuwi. Aku mung arêp ngaturake nalikane panjênêngan isih kagungan trêsna nyang aku. O, ing kala samono aku rumasa gêdhe atiku, lan umuk-umukan. Ing sakawit kasugihan lan kalênggahan panjênêngan kang anênarik atiku, aku saguh anglakoni dadi garwa panjênêngan, pangarêp-arêpku, saka gêdhening katrêsnan panjênêngan nyang aku mau, suwe-suwene aku, ora kêna ora, mêsthi iya banjur anduwèni trêsna marang panjênêngan. Ora ngira-ira babar pisan, yèn wusanane banjur mangkene kadadeane.

Ing kala punika wulanipun kapêpêtan mega. Saking wetan wontên cahyanipun sakêdhik ingkang madhangi papan ngriku, ingkang anjalari Sêr Blakêne sagêd anyawang saliranipun sang dèwi, ingkang sayêkos tanpa cacad wau. Nanging ing sêmu kadosdene Sêr Blakêne botên uninga dhatêng endahing warnanipun ingkang garwa punika. Salajêngipun nuntên angandika makatên.

Pat likur jam sauwise aku dhaup karo sliramu, Lèdhi Markis: Sinsir sakrabate pisan, diukum pati sarana wadung gêjlig, lan wong akèh padha nyaritakake, yèn sing gawe patine darah Sinsir mau, ora liya kajaba bojone Sêr Pèrsi Blakêne.

Lèdhi Blakêne: Ora, aku dhewe sing ngaturi priksa mênyang panjênêngan apa sing sabênêr-bênêre.

Sêr Blakêne: Anggonmu carita nyang aku, kuwi sauwise wong liya anggambarake kaanane iki nyang aku, kanthi sanyata-nyatane. Yaiku: tumindake kanthi ambêksiya lan ngêrên-êrêsi[5] bangêt.

Klayan muring-muring sang putri kawêdal têmbungipun: Lan panjênêngan tumuli banjur ngandêl bae, sanadyan tanpa bukti, utawa manèh tanpa mundhut katêrangan dhisik. Panjênêngan sanalika pitados, yèn aku,

--- 88 ---

miturut omonge wong liya mau, duwe tindak asor lan ambêksiya kuwi. Tamtune panjênêngan kagungan panggalih, yèn aku kiyi cidra nyang panjênêngan. Wajibku, sadurunge kene ijab, pancène kudu-kudu ngaturi katêrangan saprêlune ing bab prakara mau kuwi. Nanging saupamaa panjênêngan krêsa mirêngake nyang aturku, aku rak wis arêp matur, yèn anggonku ambudidaya murih sugênging darah Sinsir mau, tanpa lèrèn nganti tumêkane ing dina dhawahing ukuman. Nanging sabab kayadene panjênêngan sêmune ora krêsa mirêngake, aku banjur isin ngaturake. Karêpku ing sakawit, arêp matur nyang panjênêngan, yèn aku iki kêna ing apus. Anggonku duwe tindak mangkono mau saka panggawene wong-wong, kang padha mêruhi nyang gêdhening trêsnaku marang sadulurku lanang. Lan kang banjur migunakake aku, murih bisane malês ukum nyang wong kang ngalani marang sadulurku mau. Kang mangkono iku apa iya ora mêsthine.

Ing kala punika waspanipun sang putri daleweran, ngantos lajêng botên sagêd anglajêngakên aturipun. Kanthi mêlas asih sang putri amirsani dhatêng ingkang raka. Sêr Blakêne amarêngakên ingkang garwa ngaturi katêrangan saprêlunipun tumrap pandakwanipun wau. Nanging ing sêmu kadosdene botên amigatosakên. Nalikanipun sang putri kèndêl anggènipun angandika, sarta kanthi rêkaos nyobi nahan waspanipun ingkang daleweran wau, Sêr Blakêne kalayan sabar namung kèndêl kemawon, angêntosi tuntasing muwunipun sang putri. Cahyaning wulan ing kala punika madhangi sariranipun Sêr Pèrsi, anjalari kadosdene dêdêg piadêgipun langkung agêng sarta inggil malih. Tingalipun ingkang katingal surêm, tuwin wadananipun ingkang katingal bodho, ing kala punika malih babar pisan. Lèdhi Blakêne sakala punika anguningani kanthi cêtha, bilih tingalipun botên katingal surêm malih, makatên ugi tutukipun, inggih lajêng botên ambalèwèh kadosdene tiyang ingkang kirang èngêtanipun. Ing ngriku tingalipun Sêr Pèrsi katingal mêncêrêng, tutukipun rapêt anandhakakên tiyang ingkang kêncêng panggalihipun.

Kalayan suwara ingkang mêlas asih, Lèdhi Blakêne umatur: Sêr Pèrsi, mirêngna aturku kiyi. Arman iku sawijining wong kang dadi têlênging atiku. Aku kaloron kuwi bocah lola, jalaran saka iku, kêna diarani: Arman iku bapakku, lan aku ibune Arman, aku lan Arman iku padha trêsna bangêt. Nanging sawijining dina - panjênêngan rak iya mirêngake, Sêr Pèrsi - Markis, Sinsir dhawuh marang para abdine, milara Arman. Apa sababe dipilara mau: ora liya sabab Arman, sawijining wong unggah-unggahan, kumawani anduwèni trêsna marang putrining darah luhur. O, rasaning atiku ing kala samono, kaya dirêmêt-rêmêta. Barêng ana wêktune aku bisa malês ukum, iya banjur tak tindakake. Nanging karêpku mau, ngêmungake supaya Markis, Sinsir kang dhiri mau, olèha alangan sawatara, kang anjalari dhèwèke bisaa asor sathithik. Ing kala samono dumadakan aku olèh katêrangan, yèn Markis mau sanyatane ngojok-ojoki praja Ostênrik supaya amangsah nagarane dhewe. Bab iki, aku banjur carita nyang sawijining uwong, ora ngrêtia yèn kabèh mau mung apus-apusan minăngka kanggo mancing aku bae. Barêng aku wêruh kaanane sing sabênêre, kala samono wis kasèp. Sinsir wis katiban ukuman pati.

Mirêng aturipun sang putri ing[6] makatên wau, Sêr Blakêne kèndêl sakêdhap, saha botên watawis dangu lajêng ngandika makatên: Kira-kira angèl anggone arêp nitipriksa lêlakon kang kadadeane wis kapungkur lawas. Aku rak wis balaka nyang sariramu, yèn aku iki lalèn bangêt, nanging kaya-kaya wis kalakon, nalikane Markis Sinsir diukum pati, aku anjaluk katêrangan sabab-sababe nyang saliramu. Yèn ora kaliru, ing kala samono sliramu tansah lumuh awèh katêrangan kaya sing dadi panjalukku kuwi mau.

Lèdhi Blakêne: Ing kala samono aku arêp nyoba sapira gêdhening katrêsnan panjênêngan nyang aku kiyi.

Sêr Blakêne: Saka gêdhening katrêsnanku mau, saka krêsamu, aku mung kudu nurut-nurut kayadene batur tukon marang bêndarane. Ing sarèhne tanpa upama gêdhening katrêsnanku nyang saliramu, aku êmoh mêksa anjaluk katêrangan. Nanging ngêmungake arêp ngêntèni kanthi sabar lan pitaya. Nanging sliramu tanpa awèh katêrangn[7] babar pisan, malah banjur ninggal aku, bali nyang dalême rakamu, nganti pirang-pirang minggu lawase.

Sang putri angraos, bilih pangandikanipun ingkang raka makatên wau, klayan cêmplang, suwaranipun andharêdhêg, jalaran saking sangêting anggèning ngêngkên hawa nêpsunipun.

Klayan susah sang putri umatur: Lagi bae aku pangkat, aku wis rumasa kaduwung, nanging barêng aku bali manèh, panjênêngan wis katon malih babar pisan. Sing katon nyang pandêlênganaku, kayadene panjêngan[8] kuwi wis ora mrêduli manèh, nganti tumêkane saiki kiyi.

Ing kala punika jumênêngipun sang putri cakêt sangêt kalihan Sir Pèrsi, ngantos rikmanipun ingkang alus lan ngandhan-andhanan nyenggol pangarasanipun Sêr Blakêne. Tingalipun ingkang kêbak êluh, mèh adamêl ngênglênging panggalihipun, suwaranipun sang putri ingkang ulêm, adamêl grêgêtipun ingkang raka. Ananging kêncêng krêsanipun Sêr Pèrsi, sampun ngantos ngalunthung panggalihipun dening endahing warninipun ingkang garwa, ingkang suwau mila dipun sihi sayêktos, nanging ing wusana adamêl gênging prihatosipun. Amila Sêr Pèrsi lajêng ngêrêmakên tingalipun, supados sampun nguningani wujudipun ingkang garwa. Ing wusana Sêr Pèrsi lajêng angandika:

Lèdhi, aku ora goroh. Sapisan aku wis prasêtya, nyawaku iki sliramu sing kagungan. Nganti pirang-pirang sasi lawase, aku mung dadi dolanamu bae. Lan kaya-kaya andadèkake marêming panggalihmu. Badhe kasambêtan.

--- 5 ---

Nomêr 2, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Wêngku-winêngku

Ing udyana Kajawèn nomêr 99 perangan Jagading Wanita, wontên andharanipun Nyi Darmaprawira, ingkang anêrangakên kadospundi patrap-patrapipun supados brayat sagêd tata lan têntrêm kawontênanipun.

[Grafik]

Rara Murtini

Ing ngriki kula botên kok badhe amêwahi rêmbag utawi nyambêti, anamung badhe angoncèki ukara sawatawis têmbung ingkang sampun kamot ing andharanipun sadhèrèk wau, ingkang makatên ungêlipun: Ibu kawon kalihan bapa punika awon. Bapa kawon kalihan ibu awoning awon.

Lo, têka kados wontên bedanipun, yèn ibu namung nami: awon. Dene yèn bapa kok: awoning awon. Pancèn dhasar inggih kasinggihan, beda sangêt. Botên namung kakung lan putri kemawon bedanipun, ananging tumrap dhatêng drajatipun inggih beda. Langkung lêbêt malih tumrap dhatêng panggalihanipun ugi beda. Wontên ing andharanipun Nyi Darmaprawira sampun kaupamèkakên, bilih bapa punika kadosdene: ratu, biyung: patihipun. Mirid saking upami punika sampun cêtha wela-wela, bilih bapa punika langkung inggil drajatipun katimbang kalihan biyung. Manawi ratu kawon kalihan patihipun, punika prasaksat ratu ingkang botên anggadhahi pangwasa, botên sagêd angêrèh dhatêng patih tuwin para kawulanipun sadaya. Dene tumrap patihipun inggih nama kirang ngaosi dhatêng ratunipun. Dados inggih sampun samêsthinipun manawi ratu kawon kalihan patihipun punika nami: awoning awon. Jêr ratu punika ingkang ngasta pangwasa sakarerehanipun. Soka patih yèn kawon kalihan ratunipun, punika namung nami: awon. Jalaran inggih sampun samêsthinipun. Ananging yèn prakawis wau dipun tindakakên, sampun têmtu [tê...]

--- 6 ---

[...mtu] karerehanipun badhe gonjing, ing wusana sagêd angwontênakên kapitunan warni-warni.

Makatên ugi tumraping tiyang bêbrayatan, manawi satunggal lan satunggalipun botên sumêrêp kuwajibanipun piyambak-piyambak, tamtu kemawon lajêng tuna samudayanipun. Kapitunan wau botên namung sagêd kandhêg ing salêbêting brayat kemawon, malah sagêd ugi mrèmbèt dhatêng sajawinipun utawi sakiwa têngênipun. Tiyang bêbrayatan manawi botên sagêd wêngku-winêngku, têgêsipun: ngangge sapikajêngipun piyambak-piyambak, danguning dangu sok sagêd nuwuhakên drêdah. Hla, punika sêsakit ingkang mutawatos ing tumraping tiyang bêbrayatan. Inggih yèn kalêrês anggènipun sami drêdah wau pinuju botên wontên tamu, inggih namung kamirêngakên piyambak. Wangsul yèn nuju wontên tamu, rak... dados lan wirangipun, tur tamunipun inggih kapêksa lajêng... cêngkelak wangsul. Badhe kasambêtan.

Murtini.

Rêsèp Dhêdhaharan

Pansit

Kangge buntêlipun: glêpung gandum 1 katos, tigan ayam 1 iji, toya sakêdhik, sarêm.

[Grafik]

Rara Martinah.

Kangge isinipun: daging ayam 1 katos, urang kintên-kintên rêgi 20 sèn, mrica lan sarêm sacêkapipun.

Pandamêlipun: daging ayam lan urang kacacah ingkang lêmbat. Bawang, kucai, slèdri lan godhong bawang karajang alus, nuntên kagorèng ing lisah ingkang kacampuran mêrtega, nuntên cacahan ulam daging lan urang kacêmplungakên. Glêpung, tigan, toya lan sarêm kadamêla abên-abênan ingkang kangge buntêl, punika kêdah dipun ulèni sarta dipun banting ing têlênan ngantos wulêd. Sasampunipun lajêng dipun lètrèk ingkang tipis, nuntên kairis-iris pêsagi, wiyaripun kintên-kintên 5 utawi 6 cm. kasukanan isi 2 sendhok alit, lajêng kalêmpit wangun pojok tiga, nuntên kagorèng ing lisah ingkang sampun umob. Manawi sampun matêng sarta jêne warninipun, lajêng kaêntas.

Pandhaharipun mawi sambêl kados ing ngandhap punika: taoco 2 sendhok agêng, bawang 4, lombok rawit 6, kadhêplok lajêng kacampuran cokak lan kecap.

Puyonghai

Kêpithing 5 iji, tigan ayam 5 iji, brambang timur 2 iji, slèdri kintên-kintên rêgi 1 sèn, brambang rêgi 1 sèn, bawang 5 iji, kobis, toya kaldhu, glêpung gandum 1 1/2 sendhok agêng, [a...]

--- 7 ---

[...gêng,] cokak, mrica lan sarêm sacêkapipun.

Pandamêlipun: kêpithing kagodhog lajêng dipun rêsiki. Tigan kaubêk lajêng ulamipun kapithing, mrica, sarêm, kacampurakên. Lajêng kagorèng kadamêl dadar alit-alit ingkang kandêlipun kintên-kintên 1 cm. Rajangan bawang kagorèng lajêng kaêsokana toya kaldhu. Rajangan kobis, brambang timur, slèdri, godhong bawang kacêmplungakên kaolah ngantos matêng. Glêpung gandum 1/2 sendhok wau dipun jèr ing toya nuntên dipun campurakên.

Sasampunipun kobis lan sanès-sanèsipun wau matêng, dadar kêpithing nuntên kacêmplungakên, kagodhog sawatawis mênit, lajêng kaêntas.

Angsioi

Kakap utawi sumbal 2 iji, bawang 4 iji, brambang timur 2 iji, lombok abrit 2 iji, godhong bawang kintên-kintên rêgi 1/2 sèn, kobis rêgi 4 sèn, kecap 1 sendhok agêng utawi langkung, gorengan brambang, toya kaldhu 1 1/2 cangkir, glêpung gandum 1 utawi 1 1/2 sendhok dhahar, cokak, mrica, lan sarêm sacêkapipun.

Pandamêlipun: ulamipun kakap utawi sumbal dipun bumboni sarêm lajêng kagorèng. Bawang dipun ulêg nuntên dipun gorèng, kacampuran rajangan brambang timur, kobis, godhong bawang, lombok, dipun găngsa ing lisah ingkang sampun kacampuran mêrtega sakêdhik, lajêng kawêwahan toya godhogan ulam, cokak, mrica lan sarêm, manawi sayuran sampun matêng, ngêjèrana glêpung gandum kalihan toya lajêng kacêmplungakên. Sarêng badhe dipun êntas, gorengan ulam lan brambang kacampurakên.

Pastèi pêkpi[9] dara

Pêksi dara ingkang taksih ênèm 3 iji, soon sakêdhik, jamur kuping, sêdhêp malêm, godhong bawang, slèdri, glêpung gandum 1 1/2 sendhok dhahar, mêrtega 3 sendhok dhahar, brambang 6 iji, bawang 4 iji, toya godhogan ulam (kaldhu) sarêm, mrica lan pala.

Pandamêlipun: pêksi wau dipun rêsiki ngantos rêsik sangêt, dipun kêthoki agêng alitipun ingkang cêkapan, nuntên dipun godhog, dipun campuri sarêm sakêdhik. Manawi sampun êmpuk, balungipun dipun bucali, dagingipun dipun irisi alit-alit, nuntên kagorèng mawi mêrtega ngantos jêne. Manawi sampun jêne, sadaya bumbu ingkang kasêbut ing nginggil punika kacêmplungakên, nuntên kacampurana toyaning godhogan ulam dara wau. Sadaya wau dipun godhog ngantos asat.

Sasampunipun matêng dipun tata ing panjang sela utawi piring panci, kaprênahakên ing têngah-têngah, katutup mawi godhogan kênthang ingkang sampun kaulêg mawi kabumbonan sarêm, mêrtega, lan jêne tigan.

Pastèi punika dipun lêbêtakên ing pan dipun bakar ngantos jêne.

Martinah.

--- 8 ---

Awratipun Gadhah Anak Èstri

Pangkur

Karoban rubedèng gêsang | gung sêsambat sêbute andrêwili | barêbêl wêtuning êluh | labêt kabotan trêsna | tinambuhan ing laki kang lagi bingung | ribêng kalbune kabranang | purik marang yayah wibi ||

rama ibu katiwasan | mantunira mangro ciptaning ati | katrisnane ganti dunung | maleca ing ubaya | nora kaya kalane durung kapangguh | jare donya nora nana | kang dadi rasaning ati ||

mung marang sariraningwang | ingkang dadi sarat pambirat sêdhih | toging prana saya luntur | lamise wus katara | malik tingal mangro sêdya tyas binawur | ngumbar hawa lali wisma | saba ngumbara ing ratri ||

kandhêg kandhuhan ruhara | kudhandhangan mandhêg mangu tumolih | wirang apa raganingsun | yèn nyawang madyèng wiyat | kaya-kaya jagad jêmbar langit dhuwur | kèh wêwarnan sêsawangan | kang dadi panglipur sêdhih ||

kang dadi woding wardaya | bangkit birat ubal lubèring brangti | nambak lumembaking kalbu | kang kêlêm lan kumambang | wit kabotan gêgawan olahing kakung | luwung lêgan raganingwang | nora kuwat angawaki ||

gêtun tinitah wanita | tan sinartan wêwênang kang matêsi | pranatan ngêrèh wong kakung | lir kontrag ginantungan | ing pranatan adil winêngku ing kukum | mring timbang boboting wênang | tumraping jalu lan èstri ||

rontang-ranting karêrantan | katêtangi gêtêr gitaning ati | abote wong darbe mantu | gawate wong sêsuta | o o nini piyarsakna wuwus ingsun | ywa kasusu kaduk rasa | rumasa kêmaron ing sih ||

mutung ing cipta tan trima | wit nêmahi patrap lalining laki | kang kêna cobaning kalbu | nuruti robing driya | sayêktine margane luput dumunung | tarlèn anèng angganira | mung sira tan ngrumasani ||

ngêmong mring atining priya | nora angèl tumraping wanodyadi | gampang rinèh bangun turut | lawan liyêping netra | ulat manis sumèh sêmune rumêngkuh | luwês kèwêsing lêlewa | kang nuju karêping laki ||

priya kang sarwa santosa | tanpa karkat kataman èsêm manis | kanêpson susahe larut | ilang gêlaning nala | lamun lali: mulat ulat mêmalat kung | mulung pulih trisnanira | ketang wêlase mring rabi ||

balik arsa tinimbangan | paribasan mung băndha ati wani | tiwas brăngta jroning kalbu | tan kêmba tyasing priya | saya têbih têba tumimbaling kalbu | kêlêm ilang tyas kumambang | têgêl mring sêtyaning rabi ||

jugruging kang bètèng waja | mung ingêdrèl mimising pangastuti | ubaling dahana murub | sirêp siniram tirta | yèn urubing driya sabar tambanipun | tan beda bêntèring surya | kasongan ing ima nipis ||

sirnaning mêndhung kawuryan | bènèh lamun sabar praptaning wanci | imbang pracima tumurun | ngancik pucak ancala | nilar cahya lan wêwarnan tumalawung | madyèng tawang sri kawuryan | mawa prabawa nêlahi ||

giwang gingsiring wong priya | myat warnendah paèsing wanodya di | wus nêtêpi kodratipun | marma tumrap wanita | kudu bangkit mikat ing tyas marang kakung | kaduk bêsus bisa nata | tataning angga myang panti || Badhe kasambêtan

T.S.

--- [89] ---

 


Tiyang. (kembali)
dhawah. (kembali)
kadlajatan. (kembali)
adi. (kembali)
ngêrês-êrêsi. (kembali)
ingkang. (kembali)
katêrangn. (kembali)
panjênêngan. (kembali)
pêksi. (kembali)