Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 83, Stu Wa, 11 Ruwah Ehe 1868, 16 Oktobêr 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1297] ---

Ôngka 83, Stu Wa, 11 Ruwah Ehe 1868, 16 Oktobêr 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Jaarmarkt ing Surabaya - Kasangsaran Motor Mabur Specht - Patilasan Kina - Bab Patukangan Kajêng ing Dhusun Serenan (Surakarta) - Pamrayogi utawi Pitêdah Sawatawis tumrap Tiyang Wawrat - Kawontênan ing Tiongkok - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Awrat ènthènging batos.

Saèstunipun ingkang dipun wastani awrat ènthènging batos punika taksih dados pitakenan: punapanipun. Dene mênggahing kajêng, ingkang dipun wastani awrat ènthèng wau raosipun.

Tumrap ingkang anggatosakên, tiyang dipun batos awon ing tiyang sanès, punika sakit, awit sajatosipun mangrêtos, bilih anggènipun dipun batos ing liyan punika saking wontên sabab awon ingkang ngèngingi dhatêng badanipun piyambak. Nanging tuwuhing raos ingkang makatên punika ragi lôngka, awit sajatosipun, ing bab punika, nama sampun ngambah dhatêng tataran ngrumaosi, ingkang dados margi sae tumraping kabatosan, dados tumrap ingkang botên ngraosakên dhatêng rêkaosing batosipun, pinanggihipun inggih ènthèng kemawon, dening nyatanipun batos punika kuwasa, kenging kangge ngobong jagad saisinipun.

Andharan ingkang kados makatên punika, mênggah wosipun namung kangge pêpindhan ingkang lèrèg dhatêng têpa, dados manawi dipun batos awon ing liyan punika sakit, inggih sampun sok ambatos awon dhatêng liyan.

Manawi babagan kabatosan punika sampun kasarira piyambak, têgêsipun inggih apawitan tekadipun piyambak, tamtunipun prêluning prêlu inggih ngupakara badanipun piyambak wau. Ing ngriku lajêng sagêd angraosakên awrating batos, awit ingatasing ngudi babagan kabatosan, punika ingkang dipun jagi batosipun, sampun sok salah damêl. Mênggah gêgambaranipun tiyang ulah kabatosan, sampun malih anglampahi pandamêl awon, sawêg krêntêg badhe tumindak awon kemawon sampun dosa. Lajêng têtêp pinanggih awratipun.

Nanging, kados ingkang sampun kasêbut ing nginggil, kêraosing dosa punika ingkang angèl, tamtunipun sagêdipun karaos tuwin sumêrêp, kêdah kanthi kawaskithan.

Minôngka gampilaning rêmbag, kabatosan punika bangsaning gawat, upami caraa sade tinumbas, rêginipun awis sangêt. Ingkang dipun wastani awis wau awising tekadipun, nanging awising tekad mau botên kenging dipun tambak ing rajabrana.

Cêkruktruna.

--- [1298] ---

Jaarmarkt ing Surabaya

[Grafik]

Ingkang kacêtha ing gambar punika kawontênanin[1] Jaarmarkt ing Surabaya ingkang kaping XXIII.

Gambar ing nginggil: Mr. W.A.H. Fuchter, nalika ambikak Jaarmarkt ingkang kaping XXIII utawi kaping XV ing papan sapunika. Benjing taun ngajêng, Jaarmarkt punika dipun wiyarakên, tuwin dipun rêrêngga sae.

Gambar ing ngandhap: padhangipun ing wanci dalu, ing ngriku kathah rêrênggan ingkang winangun cagak-cagak maneka warni, ingkang sakakung[2] nêngsêmakên.

--- [1299] ---

Kasangsaran Motor Mabur Specht

Ing Kajawèn perangan pêthikan pakabaran warni-warni sampun ngêwrat ing bab pawartos kasangsaranipun motor mabur Specht. Ing ngriki prêlu mratelakakên cêthanipun sawatasi.[3]

[Grafik]

Motor mabur "Specht" ingkang êndhasipun rêmuk.

Motor mabu[4] Specht punika gadhahanipun K.L.M. ingkang kala ing dintên Rêbo tanggal 6 wulan punika bidhal saking Batawi badhe wangsul dhatêng nagari Walandi. Nalika lampahipun bidhal saking papan anggêgana ing Palembang, motor mabur wau dhawah.

Tiyang ingkang nêmahi tiwas wontên 4, pangagênging lampah Tuwan T.M. Stork, ingkang gambaripun sampun dipun êwrat ing Kajawèn. Juru tèlêgram J.J. Stodick, juru mêsin J.J. Rubon, tiyang numpak satunggal, Ir. G.A. van Steenbergen, pangagêng among dagang Marsman ing Bandhung. Ingkang numpak sanèsipun, Tuwan H. Schoch saking British American Tobacco Cy. nandhang tatu sakêdhik. Nonah T. Smissaert, nandhang tatu ing sirah. Tuwan A.E. Muuro saking Singgapura, nandhang tatu ing sirah tuwin suku. Ahli piyul ingkang misuwur Bronislav Huberman, nandhang tatu ing tangan, tuwin sèkrêtarisipun, nonah I. Ibeken, nandhang tatu sakêdhik.

Jalaraning dhawah, amargi wontên motoripun satunggal ingkang mogok.

Motor mabur Specht punika risak babarpisan, suwiwinipun kiwa rêmuk sapalih, sirahing panggenan motor tugêl babarpisan, mila motor wau manawi dipun sawang saking ngajêngan katingal growong wiyar.

Têtiyang ingkang kasangsaran lajêng dipun upakara wontên [wo...]

--- 1300 ---

[...ntên] ing griya sakit, kawontênanipun sakalangkung ngrêrês-êrêsi. Dhoktêr angawisi dhatêng têtiyang ingkang tuwi pitakèn punapa-punapa dhatêng ingkang sakit. Para pangagêng sami abela sungkawa.

[Grafik]

Motor ingkang mancêlat têbih rêmuk ical sipatipun.

Miturut nalar-nalaripun, mênggah jalaraning kasangsaran wau, wiwit anggêgana, nalika badhe menggok mangiwa, motoripun ingkang satunggal pêjah, motor mabu[5] lajêng ambyuk. Salajêngipun suwiwinipun kiwa ngêsut siti peranganipun ing ngajêng kêblêsêk, badanipun anggobig mubêng adamêl karisakan. Motoripun ingkang sisih kiwa mlêsat pêthal saking papanipun kintên-kintên têbihipun wontên 25 m. tuwin motor ingkang têngên mancêlat 10 mètêr. Papan panggenaning tiyang ical babarpisan. Rahayu dene botên kêbêsmi.

Ing bab wontêning kasangsaran punika, atas dhawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana dhumatêng sèkrêtaris jendral, akintun telêgram dhatêng dhirèksi K.L.M. ing nagari Walandi, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana amahyakakên bela sungkawa dhatêng kasangsaran punika, saha kadumugèna dhatêng para kulawarganipun ingkang sami kasangsaran.

Wiwit kasangsaranipun motor mabur Uiver, kala salêbêtipun wulan Dhesèmbêr 1934, dumugining kasangsaranipun motor Specht punika kapetang kasangsaran K.L.M. ingkang kaping wolu. Sasampunipun, Uiver, lajêng Leeuwrik, Kwikstaart, Maraboe, Gaai, Lijster, Flamingo tuwin Specht punika.

--- 1301 ---

Patilasan Kina

Ing dhusun Kracak, bawah kawêdanan Ajibarang, Kabupatèn Purwakêrta, wontên satunggiling panggenan ingkang miturut gotèkipun têtiyang ngriku sampun kina sangêt, inggih punika awujud pasiraman, mawi pancuran, têtiyang ngriku mastani lèpèn Manggêng. Kula pitakèn tiyang ing ngriku ingkang kapetang sampun sêpuh piyambak umuripun, inggih botên sumêrêp kala taun punapa wontênipun, sumêrêp-sumêrêp sampun wontên, sagêdipun nêrangakên inggih namung mêndhêt saking namaning lèpèn, inggih punika saking têmbung panggêng utawi langgêng, awit kawontênanipun pancuran punika tansah langgêng, sanadyan rêndhêngipun sangêt, utawi katiganipun dangu, ilinipun inggih ajêg, botên bêna tuwin botên asat.

Ing sandhingipun pancuran, wontên malih barang kina, inggih punika awujud sela bundêr kêplêng, agêngipun sami kalihan bal nomêr satunggal, wawratipun wontên 21 kilo. Lan wontên malih lumpang sela 2 iji, nanging kalih-kalihipun sampun sami bolong ing prênahing dhasaripun. Sela-sela wau ngantos sapriki taksih sami dipun pundhi-pundhi, malah sela ingkang bundêr wau kangge pirantos pasanggiri, inggih punika sintên ingkang sagêd angangkat sela punika kaping gangsal angungkuli sirah kalihan linggih sila, badhe pikantuk kabêgjan utawi mênang ing juritipun. Saking sampun lami utawi saking asring dipun junjungi, wujuding sela ngantos katingal alus mêlêng-mêlêng.

[Iklan]

Nitik wontênipun panggenan utawi kajêng ingkang ngayomi panggenan punika, inggih mèmpêr sampun dangu sangêt, awit ing ngriku wontên witipun ingkang kapetang agêng, inggih punika wit popohan, agênging buwêngipun wontên 3.53 m. Dados mèmpêr umuripun kajêng kemawon inggih sampun atusan taun. Ing dintên ingkang kaanggêp malang, inggih punika malêm Slasa Kliwon utawi Jumuwah Kliwon, kathah tiyang ingkang mrêlokakên adus ing ngriku, sami gadhah kajat kaulan, utawi kangge jampi, lan wontên malih prêlu kapengin gadhah jodho, tuwin sanès-sanèsipun.

Mangsuli bab sela bundêr, mênggah saking gagasan kula punika wontênipun kintên-kintên nalika nyarêngi ing tanah Jawi taksih jaman pêpêrangan, taksih kathah [ka...]

--- 1302 ---

[...thah] tiyang ngudi dhatêng kadigdayan. Dados manawi ngèngêti panggenan wau milih panggenan ingkang sêpên, kintên-kintên ing wêkdal punika wontên salah satunggalipun bôngsa luhur ingkang kêplajêng, lajêng lêrêm ing ngriku, prêlu pados pêpadhang, ngiras ulah kêkiyatan mawi sela bundêr wau, lajêng yasa pasiraman pisan. Mila wujuding panggenan inggih katingal asri, kinubêng ing parêdèn, dadès[6] manawi pisuju[7] wontên ing ngriku, lajêng ningali sêsawangan ing kiwa têngênipun, ing raos lajêng tuwuh dhatêng kaelokaning alam, bilih manusa punika ing pundi-pundi pangnèn[8] sagêd kasinungan sênêng lan marêm, botên kok wontên panggenan ingkang rame kemawon, ing wana pisan, ugi sagêd manggih kamarêmaning manah. Badhe kasambêtan.

Lêngganan nomêr 1767.

Wara-wara

Ing sarèhning ing wêkdal punika Petruk nuju pêrlop, ing salêbêtipun pêrlop wau, botên ngêdali ing Kajawèn. Nanging salêbêtipun wontên purug badhe ngintuni karangan punapa ingkang dipun alami.

Pawartos saking Rêdhaksi

Tuwan K. 1815 ing Malang. Karangan bab kagunan Jawi, pakêmpalal[9] enggal V.O.R. punika mathukipun kapacak ing ariwarti.

K. 1198 ing Kêtandhan. Manawi miturut yuswa 40 taun, Rê Lê, dhawah 24 Bakdamulud, taun Alip 1827 utawi kaping 22 Sèptèmbêr 1897. Manawi manut 1901 (jawah awu) sawêg yuswa 36, Rê Lê, dhawah 6 Bakdamulud, Dal 1831, 24 Juli, manawi manut Jimawal, Rê Lê, dhawah tanggal 15 Bakdamulud, taun 1829, utawi kaping 24 Agustus 1929. Pundi ingkang lêrês.

K. 2898 ing Barat. A Pa, Januari 1898, dhawah tanggal 16. Tanggal kaping 22 Ruwah Ehe 1828 wuku Sinta.

Bab Patukangan Kajêng ing Dhusun Serenan (Surakarta)

Dening Dhanghyang Sabaya.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 82.

Amila bibaring prang Mangkubumèn, dhusun Serenan kalêbêt bawah Ngayogyakarta. Sampun wiwit sadèrèngipun prang Mangkubumèn, têtiyang ing dhusun Serenan pancèn sampun sami sagêd anukang kajêng, dene mulabukanipun namung tiyang satunggal inggih sêsêpuhing dhusun wau, ingkang cikal bakal dhusun, nama: Kyai Ece, panggêsanganipun sêsadean grabadan dhatêng kitha Surabaya. Rèhning jaman samantên, lampahipun malampah mantuk namung mêdal banawi Sala (numpak baita), mila agèning[10] kêkesahan inggih ngantos wulanan laminipun. Wontênipun ing kitha Surabaya sagêd sêsrawungan kalin[11] para tiyang saking Jêpara, inggih salêbêting sarawungan kalihan tiyang Jêpara wau, Kyai Ece anggèning ngangsu kawruh patukangan kajêng, kasagêdan punika lajêng sumêbar wontên dhusunipun Serenan ngantos sapriki. Ing môngka miturut dêdongenganipun Kyai Ece wau dumugi samangke sampun antawis kalih atusan taun laminipun.

Wiwit tumapakipun taun 1935, kathah para prayagung luhur ing Surakarta ingkang nitipriksa kawontênaning patukangan kajêng ing Serenan, ngantos anglanjak [angla...]

--- [1303] ---

[...njak] dumugi sajawining Surakarta, sarta botên ngêmungakên para prayagung luhur Jawi, ugi kathah prayagung luhur Walandi. Malah dèrèng dangu, panjênênganipun tuwan gupêrnur ing Surakarta rawuh ing Serenan prêlu nitipriksa kawontênanipun. Miturut pangandikanipun tuwan gupêrnur wau, bilih patukangan kajêng ing Serenan tumrap ukir-ukiran têtela langkung alus garapanipun katimbang wêdalan ing Jêpara. Pêjahing patukangan ing Serenan antawis taun 1924, ngantos dumugi akiring taun 1934.

Amangsuli bab alus sarta èdining panggarap, botên wontên prayagung luhur ingkang anacad, namung bab plituran taksih têbih sangêt manawi katandhing kalihan garapanipun bôngsa Tionghwa, amila lajêng wontên kaparêngipun nagari matah priyantun Jawi saking Ngayogya, prêlu nyinau mlitur murih sagêd sae kados garapanipun bôngsa Tionghwa wau.

Wiwit tumapakipun taun 1935 awit saking rêrigênipun para wajib, kaparêng anggêgêsang kagunan wau, ngantos sagêd angsal pawitan kamirahan saking parentah karajan Jawi ing Surakarta, dumugi samangke katingal gumrêngsêng sayêktos, mèh sagêd pulih kados jaman wingi uni nalika taksih krêta raharja, wêlingan saking sajawining Surakarta tanpa kèndêl, dados têtêp sagêd subur panggêsanganipun têtiyang ing Serenan.

Anamung wontên kuciwaning wêwatakanipun para sadhèrèk ing Serenan punika manawi nyambut damêl rêmên sasakecanipun, botên nêtêpi janji. Nanging jalaran saking pangudinipun para kawogan, sagêd ugi wêwatêkanipun ingkang kados makatên punika lajêng ical.

[Grafik]

Sawangan margi sêpur jejeran kalihan margi agêng ing tanah parêdèn Batanghanai, Sumatra Kilèn.

--- 1304 ---

Bab Kasarasan

Pamrayogi utawi Pitêdah Sawatawis tumrap Tiyang Èstri ingkang Wawrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 79.

Ingkang makatên punika kula sadaya utawi tiyang èstri wau sagêd kapitunan, botên sagêd katulungan tumuntên dening Verpleegster utawi Vroedvrouw, amargi Verpleegster utawi Vroedvrouw wau sami botên sadhiya dening sami pêrsabên kalihan tiyang sanès, dados Vroedvrouw inggih kêdah tulung tiyang sanès ingkang sampun janji rumiyin.

Asring kadadosan sasampunipun ingkang wawrat wau kapriksa dening dhoktêr, lajêng gugup ngupados Vroedvrouw utawi Verpleegster amargi bayi mèh badhe lair utawi sanès-sanèsipun.

Kajawi punika tiyang utawi dhoktêr sok sagêd kalintu anggènipun nêtêpakên umuripun bayi ing salêbêtipun wêtêng, sok botên sagêd cocog, jalaran saking agênging bayi utawi toya bayi ing salêbêtipun pranakan (vrucht water) kathah sangêt.

Manawi dhoktêr anggènipun mriksa ingkang wawrat botên kasèp, taksih antan-antan, tur rambah-rambah pamriksanipun, punika dhoktêr sagêd ngintên-intên, lan cocog anggènipun nêtêpakên umuripun bayi wau.

Rèhning pamriksanipun dhoktêr wau namung saking jawi kemawon, dados botên kuwatos tumrap tiyang èstri ingkang wawrat punika.

Mila manut ingkang kasêbut ing nginggil, tiyang èstri ingkang wawrat wau prayogi kêdah ajêg lan rambah-rambah kapriksakakên dhatêng dhoktêr, awit sampun limrah langkung gampil anjagi utawi nulak sêsakit tinimbang anjampèni tiyang ingkang sampun kataman sêsakit. Têgêsipun anjagi kasarasan langkung gampil tinimbang anjampèni tiyang sakit.

Upami ing wanci salu kula tilêm ing salêbêtipun klambu, lêmut botên sagêd nyakot, nanging manawi tilêm kula botên mawi klambu têmbu lêmut sagêd nyakot ing perangan badan, dados kula sagêd kataman sêsakit bêntèr tis (malaria). Yèn sampun kenging sêsakit malaria punika, anggènipun angsal jampi botên tamtu gampil utawi botên mêsthi tumuntên sagêd saras, langkung-langkung yèn wisanipun (baksil) malaria wau pinuju ingkang kêras, ambêbayani, awit kula botên sagêd mangrêtos baksil malaria ingkang nulari awak kula wau punapa baksil kêras utawi ènthèng.

Makatên ugi tiyang ingkang dipun cakot sêgawon edan, bilih katingal wontên sêgawon badhe ngêrah utawi nyakot, lajêng purun aling-aling pagêr utawi rikat malajêng nyingkiri sêgawon wau, têmtunipun inggih botên ngantos kacakot, namung yèn ngantos kacakot, anggènipun jêjampi kêdah wontên ing Bandhung, tur jampinipun [jampinipu...]

--- 1305 ---

[...n] suntikan ingkang dipun trapakên dhatêng ingkang sakit wau, kraosipun sakit sangêt, ingkang kathah sami anjêrit utawi anggêmbor, sambat sakit sangêt. Mila langkung gampil tuwin sae utawi prayogi nyêgah utawi nulak sêsakit, tinimbang anjampèni tiyang ingkang sampun sakit. Kajawi makatên, dhoktêr punika botên mêsthi sagêd sanalika damêl sarasipun ingkang sakit, trêkadhang ingkang sakit sagêdipun saras ngantos dangu sangêt.

[Iklan]

Asring dhoktêr ngraosakên gêla yèn manggih wontên tiyang sakit sampun kasèp nêmbe nêdha dipun tulungi.

Tihang[12] èstri sampun kinodrat wawrat lan anglairakên bayi, dados tiyang èstri wau inggih kinodrat kêdah kiyat anglairakên bayi, kadosdene tiyang wanan utawi tiyang ingkang gêsangipun prasasat kadosdene kewan, kacariyos anggènipun anglairakên bayi botên mawi dipun tulungi tiyang sanès, ewadene tiyang èstri wau inggih wilujêng anggènipun anglairakên bayi wau botên kêkathahên anggènipun ngêdalakên êrah. Nanging punapa tiyang èstri wau lajêng sagêt langgêng kasarasanipun, tuwin punapa bayinipun inggih kasarasan, punika sadaya botên sagêd sumêrêp. Upami ing dhusun wontên tiyang èstri anglairakên bayi dipun tulungi dhukun, sasampunipun bayi umur 5-10 dintên, biyungipun sakit, jalaran ringkih saking nglairakên bayi wau utawi infectie, dumugi tiwasipun, ing dhusun ngriku tiyang utawi prabot dhusun anggènipun lapur dhatêng lurah utawi ing kaondêranipun namung wontên tiyang èstri tilar donya, jalaran sakit bêntèr utawi sanès-sanèsipun kemawon, botên mangrêtos,

--- 1306 ---

yèn tiyang èstri wau badanipun risak, jalaran anglairakên bayi kataman infectie utawi saking ringkihipun punika.

Mila manawi tiyang èstri ingkang wrawat dipun anggêp sampun kinodrat mangsanipun bayi lair lajêng botên prêlu dipun tulungi, punika têmtunipun tumrap tiyang limrah botên tumindak, tandhanipun manawi wontên tiyang èstri wawrat lajêng nglairakên bayi dadakan botên ngantos kêbujêng dipun tulungi dening dhukun utawi Vroedvrouw, anggènipun gugup, gègèr, tiyang sagriya botên kenging dipun paibên, kenging punapadene ingkang wawrat prêlu kêdah dipun priksa dening dhoktêr utawi Vroedvrouw, punapa kuwatos manawi wontên sangkala.

Sajatosipun pancèn inggih makatên, tiyang èstri ingkang wawrat punika sagêd manggih sabab warni-warni, ingkang botên prêlu kula aturakên ing ngriki, namung sabab ingkang asring wontên ing lêbêt pranakanipun ingkang ngandhut bayi wau, sagêd nukulakên ewahing kasarasanipun biyung sarta sagêd ambêbayani. Sanajan dhoktêr sagêd ambudidaya murih sarasipun biyung wau, nanging botên mêsthi, langkung-langkung yèn sampun kasèp, mila inggih prêlu sangêt tiyang wawrat kapriksakakên dhoktêr.

Sanajan botên asring, namung kala-kala, supados sagêd kasumêrêpan manawi wontên sababipun, awit tiyang ingkang wawrat asring botên kraos utawi botên rumaos sakit.

Dhoktêr punika botên ngêmungakên panjampèni[13] tiyang sakit bêntèr, watuk, nuntak-nuntak, ambêgan sêsêg utawi nulungi ingkang tatu ngêdalakên êrah kemawon, nanging ugi dipun têdhani pitêdah utawi panimbang warni-warni tumrap panjaginipun sêsakit utawi sanèsipun. Manawi ingkang wawrat wau botên wontên sababipun punapa-punapa, prêlu sabên enjing sontên kêdah ngebahakên badan (mlampah-mlampah) supados lampahipun êrah sagêd sae lan ajêg.

Wontên pitakenan, punapa tiyang èstri wawrat ingkang jalêr sagêd nanggêl kawilujênganipun ingkang èstri wau. Badhe kasambêtan

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

Kawontênan ing Tiongkok

Adêging pabarisan Tiongkok kêrêp kêdhêsêg dening panêmpuhipun Jêpan, nanging sanadyan makatêna, sakêdhap kemawon sampun pulih malih, kados pêpindhaning kalonging toya mili, botên katingal tabêtipun.

Pandhêsêging wadya Jêpan ing Tiongkok sisih lèr, saya adamêl kasamaranipun Ruslan, mila lajêng wontên wartos bilih Ruslan lajêng pacak baris sêsarêngan kalihan wadya Monggole jawi, ingkang adêging pabarisanipun angajêngakên dhatêng Jêpan. Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika nandhakakên bilih Monggole wau ugi ambiyantu

--- 1307 ---

dhatêng Tiongkok. Malah wontên wartos malih, kawontênanipun Tiongkok tuwin Ruslan punika sampun gêgandhengan tunggil damêl, kanthi iyêging rêmbagipun para pangajêng paprangan. Nanging manawi dipun manah kawigatosanipun, tumrapipun Ruslan punika inggih jalaran saking nyantosani pabarisanipun piyambak, ingkang prêlu kangge anjagi kasamaraning praja.

Kados sampun layak manawi paprangan punika saya dangu saya damêl karepotanipun ngrika-ngriki, saya malih tumrap kabêtahan dêdamêl sapanunggilanipun, punika wontênipun kêdah wontên êjog saking jawi, awit manawi botên makatên, kadospundi anggènipun sagêd paprangan ngantos dangu, dening wontênipun obat mimis namung sarwa wutah. Ingkang makatên wau lajêng kenging kangge pêpiridaning têtandhingan. Tiongkok pinanggih mênang blabag, sabotên-botênipun tiyang mênang blabag punika inggih badhe mênang tanggon. Beda kalihan Jêpan, dhatêngipun ing ngriku nama nglurug, ingkang kêdah sarwa kathah waragadipun, dados sanadyan mênang ing tandang, inggih kêpêksa adamêl rêkaos. Ing mangke kosokwangsulipun, sarêng ngèngêti bab wontênipun jog dêdamêl wau, Tiongkok lajêng pinanggih supêk, amargi pinanggih wontên salêbêting kêpangan, ing lautan sampun kèbêkan barisaning mêngsah. Mila Tiongkok sagêdipun angsal jog dêdamêl, kêdah sarana pados margi ingkang sêpên ing pakèwêd.

Miturut wartos, lêbêting dêdamêl dhatêng Tiongkok ingkang saking sajawining praja kapêndhêtakên margi mêdal Haipong, saking ngriku lajêng kakintunakên mêdal sêpur Yunan, lajêng dhatêng Tiongkok.

[Iklan]

Sarêng wontên tindak makatên punika, kapal-kapal pêrang Jêpan sami migatosakên sangêt dhatêng kawontênaning margi-margi wau, kanthi kawontênakên pajagèn kêncêng, sampun ngantos sagêd kalêbêtan dêdamêl malih.

Raosing manahipun ingkang sami paprangan namung saya mindhak-mindhak muntab ing manah, sadaya namung daya-daya tumuntêna sagêd numpês mêngsahipun. Nanging bab pêrangan punika botên sagêd lajêng rampung samantên kemawon, sanadyan rêrêmpona pisan, inggih kêdah mawi antan-antan. Dene ingkang nama wêwigatos[14] tumraping para prajurit, botên wontên sanès kajawi namung kêdah apawitan purun tuwin labuh nagari. Ingkang makatên wau tumraping para pangagêng ugi tansah nindakakên, malah Jendral Syang Kai Sèk mêntas mêdhar sabda, ingkang suraosipun: tumrap unggulipun Tiongkok, punika sarananipun botên sanès, namung manawi bôngsa Tionghwa purun bêbantên jiwa nglangkungi ingkang sampun. Tandanging wadya Tiongkok ing wêkdal punika adamêl gawokipun tiyang sadonya, katitik anggènipun sami kêndêl tuwin gagah, mila sasagêd-sagêd sampun ngantos [nga...]

--- 1308 ---

[...ntos] gadhah pangajêng-ajêng pitulunganipun nagari sanès. Wêkasaning wêdhar sabdanipun Jendral Syang Kai Sèk, sagah badhe mandhegani para wadya Tiongkok ing madyaning paprangan, ngantos dumugi kawêkasanipun, inggih badhe abêbantên sariranipun piyambak.

[Grafik]

Gudhang punapadene pabrik ing sapinggiring sunglon lèpèn Yangste ing Syanghai, nalika kêbêsmèn.

Kajawi punika, tumrap golongan Tiongkok sanèsipun, kados ta gupêrnur ing Santung, Han Pusu, ingkang dipun samarakên ambalik, sapunika anggolong babarpisan dhatêng parentahing Nanking. Makatên ugi pangajêng wadya Kwangsi, Lisungyèn, ingkang ing ngajêng mêngsahipun agêng Jendral Syang Kai Sèk, suka sumêrêp dhatêng parentah Nanking, bilih wadya Kwangsi cacah 200.000 sampun sumadhiya badhe bidhal dhatêng Syanghai utawi dhatêng Tiongkok sisih lèr. Sadaya punika nandhakakên bilih adêging barisan Tiongkok badhe saya kiyat, tuwin katingal manunggilipun bôngsa.

Manawi tumrapipun Jêpan, punapa lêlampahan ingkang pinanggih ing Tiongkok sakalangkung dipun pindêng, tuwin wontên-wontên kemawon rekadayanipun. Kados ta mêntas wontên kapal pêrang Jêpan anyêlaki kapal pêrang Amerikah Augusta. Ing ngriku adamêl kasamaranipun kapal pêrang ingkang dipun cakêti. Tumrap wadya Tiongkok ing dharatan, ajrih nglêpasi mriyêm, amargi labuhing kapal pêrang wau cakêt kalihan kapal pêrang Amerikah. Nanging kosongwangsulipun, kapal pêrang Jêpan malah nglêpasi dhatêng dharatan. Pinanggihipun namung damêl pakèwêd.

Kados makatên ubad-ubêding paprangan ing Tiongkok.

--- 1309 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

S.R.I. nyêbar suwara sadonya. Miturut wartos, benjing tanggal 24 wulan punika, S.R.I. badhe nyêbar suwara lagu Jawi saking Kraton Surakarta lumantar zender dhatêng saindênging jagad. dene gêndhing ingkang badhe dipun giyarakên wau Srikaton tuwin Larasmaya.

Pabrik tênun Cibunar. Pabrik tênun Cibunar, gadhahanipun Tuwan Tjiong Boen Hok Tjisaat, sampun sagêd nyukani padamêlan dhatêng tiyang 1000. Botên dangu pabrik wau badhe kabikak kanthi paargyan ingkang mawi ngatur-aturi para pangagêng tuwin pers.

Têtêpan asistèn residhèn. Miturut wartos, tuwan A.C.M. Jansen, controleur ing Probolinggo, dados asistèn residhèn ing Jombang. Tuwan Dr. J.R. Lette, asistèn ter beschikking ing Gupêrnur Jawi Kilèn, dados asistèn rèsidhèn ing Klathèn. Tuwan A. Deeleman, controleur ing Bêsuki, dados asistèn residhèn Magêtan. Lowongan asistèn residhèn ing Tasikmalaya, Garut tuwin Bogor, ingkang katêtêpakên anggêntosi Tuwan-tuwan C.F.H. Gobel, G.A. de Stoppelaar tuwin J. Ch. de Klerk

Inggah-inggahan tuwin ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, M. Suhodo Gondosasmito, asistèn wêdana Gabus, distrik Kayên Kabupatèn Pati, Paresidhenan Jêpara-Rêmbang, kapindhah dhatêng Paresidhenan Pêkalongan. M. Slamêt, juru sêrat klas 1 asistèn wêdana Gêbog, Kabupatèn Kudus, Paresidhenan Japara-Rêmbang, dados mantri pulisi Paresidhenan Jêpara-Rêmbang. M. Adi, juru sêrat klas 1 kantor Paresidhenan Sêmarang, dados mantri pulisi Paresidhenan Sêmarang.

Ewah-ewahan waragad post. Miturut tatanan enggal, waragad post kathah mandhapipun. Ingkang pêrlu kasumêrêpan: Tumrap sêrat ingkang nunggil sakitha, dumugining wawrat 160 gr. sabên 20 gr. 5 sèn. Tumrap dhatêng panggenan sanès nagari, dumuginipun wawrat 20 gr. 10 sèn. Dhatêng nagari Walandi tuwin tanah ngamanca, dumuginipun wawrat 20 gr. 15 sèn, langkungipun saking samantên sabên 10 gr. 10 sèn. Sêrat cap-capan tumrap tanah ngriki tuwin nagari Walandi lumantar post sagantên dumugining wawrat 500 gr. 2 sèn. Sêrat kabar tumrap tanah ngriki dumugining 55 gr. 1 sèn. Document, kados pêpetanganipun sêrat cap-capan tumrap tanah ngriki tuwin nagari Walandi, sakêdhik-sakêdhikipun 10 sèn. Postwissel, dumugining f 5.- tumrap tanah ngriki 5 sèn, f 5.- dumugi f 25.- 10 sèn. Telegram, tumrap telegram limrah, tumrap satunggaling laladan, satêmbung 25 sèn, kawêwahan waragad têtêp sabên sakintunan 25 sèn. Ingkang dipun wastani laladan wau tumrap laladan 1, punika: tanah Jawi, Madura, Bali tuwin Lombok. Laladan 2, punika Sumatra, Borneo sisih kilèn tuwin Riow salaladanipun. Laladan 3, punika laladan tanah ngriki sanès-sanèsipun.

Sêsêbutan Radèn tuwin Tubagus. Ing Jawi Kilèn kathah tiyang ingkang gadhah panuwunan nyuwun sêsêbuta Radèn tuwin Tubagus, kathah ingkang kalêksanan, tuwin inggih kathah ingkang botên. Tumrap ingkang botên wau jalaran saking kirang cêtha pandamêling salasilah.

Vrachtauto nrajang griya. Sampun sawatawis dintên wontên vrachtauto momot barang, nalika mlampah wontên ing dhusun Glundhung, Wonosobo, lampahipun numbuk griya kalih, ing salêbêtipun griya wontên tiyangipun cacah 13, sami tiwas kêtrajang lampahing auto wau. Vrachtauto wau gadhahanipun bangsa Tionghwa ing Parakan.

[Iklan]

Congres Nahdatul Ulama. Miturut wartos ing taun punika Nahdatul Ulama badhe ngawontênakên congres manggèn ing Menes. Kintên-kintên dhawah ing wulan Bêsar ngajêng punika.

Manggih kuburan kina. Sampun sawatawis dintên, tuwan tanah ing Pamanukan akèn ambukak wana badhe kangge sabin. Ingkang dipun bubak punika wana agêng ing watês Pamanukan dumugi Kalisèwu, Kabupatèn Indramayu. Ingriku wontên kuli tiga ingkang babad manêngah manggih maesan kina wontên sêratanipun Jawi sampun lamat-lamat. Sarêng dipun gothak-gathukakên wontên èmpêripun mungêl Pangeran Astra Mêlaya, inggih punika pangeran ing Cirêbon, ingkang pinanggihipun wontên ing dêdongengan rumiyin pêrangan wontên ingriku lajêng tiwas, tuwin taksih wontên dêdongengan sanèsipun ingkang sagêd gathuk kalihan pangintên wau.

Nglajêngakên pasinaon dhatêng Bestuursacademie. Wontên wartos tumrap karajan Jawi Surakarta, sampun ngrancang abdi dalêm pangrèh praja ingkang badhe kadhawuhan nglajêngakên sinau dhatêng Bestuursacademie ing Bêtawi ingkang badhe kawontênakên benjing wulan Agustus ngajêng punika. Kasêbut ing rancangan, abdi dalêm pangrèh praja ingkang kapilih wau, R.Ng. Sumosutikno, wêdana ing Jatinom, R.Ng Projosomarno, wêdana ing Banyudono, R.M.Ng. Cokrokusumo, wêdana ing Sukaharjo, R.Ng. Prawirosuprapto asistèn wêdana têr beschikking, tuwin taksih wontên malih ingkang gadhah panyuwun. Sadaya wau sami wêdalan ing Besstuursschool.

Pabrik tênun ing Têgal angsal rêmbag. Wontên wartos, Prof. Dr. Ir. Wisseling maha guru pamulangan luhur ing Rotterdam badhe datêng ing tanah Jawi, pêrlu badhe rêrêmbagan kalihan pangagênging pabrik tênun ing Têgal, manawi sagêd ing tanah Jawi badhe dipun wontêni pabrik bênang, dados botên gumantung nagari sanès.

Congres P.P.I. Permusyawaratan Perguruan Indonesia mêntas ngawontênakên congres wontên ing Soos Mangkunagaran, dhawah tanggal 1 dumugi tanggal tanggal 3 wulan punika. Kathah ingkang sami migatosakên rawuh. Ingkang dados pangarsa K.R.M.H. Wuryaningrat, mudha pangarsa Tuwan S. Sutopo Hadisaputro, panitra Tuwan Sutejo, artaka Tuwan Padmowiriyo, pambantu Tuwan-tuwan Têguh, Sukirso tuwin Joyoprayitno. Pamulangan-pamulangan ingkang anggolong dhatêng P.P.I. punika wontên 24 pamulangan. Ing congres ngriku kawontênakên tentoonstelling barang dêdamêlan tangan saking para murid sêkolah. Kathah ingkang angsal sêrat pangalêmbana. Ing congres ngriku kawontênakên rêmbag warni-warni ingkang magêpokan kalihan pêrluning pakêmpalan.

--- 1310 ---

Tiyang sagriya sami kêlêbêtan racun. Ing dhusun Gunung Simping, Cilacap, wontên tiyang sagriya sami kalêbêtan racun. Wontên tiyang ingkang tiwas 4, sakit sangêt 3. Saking pamanggihipun pulisi ingkang mriksa, ngintên manawi jalaran saking sami mêntas nêdha tape pohung, ingkang mawa blauwzuur, sisaning tape ingkang dipun têdha lajêng dipun pêndhêt kangge bukti saha badhe dipun priksa.

Ambiyantu pakaryan alit. Miturut rêmbaging para ambtenaar Economische Zaken kalihan pangagêng nagari Surabaya, badhe ambiyantu murih majênging pakaryan alit. Dene ingkang sampun kalêbêt ing rancangan: pakaryan damêl banon ing saurutipun lèpèn Brantas, damêl rèk jêklekan tuwin damêl dilah tèmplèk ing Ngunut, tênun ing Grêsik tuwin pakaryan damêl sandhal ing Madiun, Magêtan tuwin sanès-sanèsipun.

Congres P.K.S. Kala tanggal 4 tuwin 5 wulan punika, P.K.S. sampun kalampahan ngawontênakên congres manggèn ing Habipraya, Surakarta. Sadhiyan kursi namung sèkêtan, amargi sadaya sami lênggah lesehan. Manut cathêtan, wakil-wakil pakêmpalan ingkang dhatêng wontên 49, wakil pers 11, tamu sadaya kirang langkung wontên 3000 tuwin tamu K.R.T. Dr. Wedyadiningrat. K.R.T Mr. Wongsonagara, punapadene wakil P.K.N. Parêpatan sasampunipun kabikak lajêng miwiti mêdhar sabda, inggih punika Nyonya Sukiyati, mratelakakên ing bab adêgipun P.K.S. ngatos dumuginipun sapunika, lajêng panitra maos têtêpan warga pangrèh miturut swara pamilih. Salajêngipun nampèni wêdhar sabdanipun Tuwan Sutejo ing bab pangajaran, lajêng R.M. Mr. Suryadiningrat, ing bab anggènipun lêlana dhatêng tanah Asia. Jam 12.15 parêpatan katutup.

Griya miskin ing Cirêbon. Pangajênging Asib. ing Cirêbon gadhah sêdya badhe damêl griya miskin, prêlu badhe kangge mapanakên têtiyang pêpariman ingkang wontênipun ing Cirêbon sakalangkung kathah. Sêdya punika kalampahan angsal kadarman pemahan lêlahanan saking Tuwan Syamsudin wontên sacêlakipun pasisir saha sampun kawiwitan damêl griyanipun. Samangsa sampun rampung panggarapipun lajêng badhe nyêpêngi têtiyang ingkang sami pêpariman wau. Tumrap tiyang ingkang asli saking nagari sanès, badhe kawangsulakên dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak. Wontênipun ing griya ngriku, têtiyang wau sami kapurih nyambut damêl padamêlan tangan. Ing sabên dintênipun angsal arta 4 utawi 5 sèn. Minangka waragadipun badhe angsal arta saking kas dhusun f 6000.- ing dalêm sataunipun.

Murid-murid tani badhe kakintunakên dhatêng Lampung. Dèrèng dangu Edeleer Kuneman mêntas tindak dhatêng Lawang dipun dhèrèkakên residhèn Malang, prêlu mriksa kawontênaning murid-murid tani ingkang badhe kakintunakên dhatêng Lampung. Kajawi punika ugi rawuh mriksani dhatêng têtanèn ing Kêtinggang, ingkang ingriku kathah para neneman ingkang sami dipun wulang têtanèn. Miturut wartos, kajawi para murid wau ugi wontên têtiyang saking golongan sanès ingkang badhe tumut ngêtêrakên.

Ewah-ewahan punggawa Nagari. M. Suparwi, Gouvernementsveearst, ingkang nindakakên padamêlan wontên Provincie Jawi Têngah, manggèn ing Têgal, kapindhah dhatêng Sumbawabêsar. Ir. M. Suwandono, houtvester, katêtêpakên manggèn ing kantor Boscbeheerder ing Sumatra Pasisir Wetan. Tuwan Sucipto, boschopzichter, kapasrahan nyêpêng wêwêngkon Paliyan, manggèn ing Paliyan.

Saening sêpur S.S. mindhak. Ing sapunika tumrap sêpur S.S. klas 1 tuwin 2 sampun kathah indhakipun, sarana ewah-ewahan ingkang mikantuki, nanging sawêg tumrap sêpur snel. Makatên ugi tumrap sêpur dalu, ugi sampun wontên ewah-ewahanipun tumrap klas 1 tuwin 2. Sadaya wau sarwa mikantuki tumrap têtiyang ingkang sami badhe kêkesahan.

Kasangsaran motor mabur. Kawartosakên, kala malêm Rêbo kêpêngkêr wanci jam 9.30 motor mabur Marine T. 16 tuwin T. 13 ingkang anggêgana saking Tanjungpriok dhatêng Surabaya badhe mandhap, jalaran wontên sabab, kalêrês wontên sanginggiling Tanjung Awar-awar, pasisir lèr tanah Jawi, amargi botên sagêd mandhap wontên ing papan sanès, dening kawontênanipun hawa ingriku kirang sae. Ing kala punika motor mabur T. 13 wontên sacêlakipun T. 16 dhawah mangandhap kados dipun sipat. Punapa ingkang andadosakên sababipun pinanggih makatên wau, botên kasumêrêpan. Sadaya ingkang numpak kakintên sami manggih tiwas. Motor wau pinanggih ngambang. Sarèhning kamaripun motor mabur wau sampun mlêngkung babar pisan tuwin karêndhêm ing toya, mila pakèwêt anggènipun nindakakên papriksan. Ingriku lajêng wontên pitulungan ingkang katindakakên dening baita-baita pamisayan ulam tuwin motor mabur. Kapal pirantos ambucal torpedo Rigel tuwin kapal pirantos nyingkirakên torpedo "B" lajêng dhatêng têtulung, salajêngipun kapal sanès-sanèsipun lajêng nusul bidhal. Wontên motor mabur 6 ingkang lajêng madosi têtiyang ingkang sami kasangsaran, ingkang kintên-kintên taksih sagêd katulungan. Ing motor mabur ingkang kasangsaran wau dipun tumpaki kapitein ter zee H.G. de Bruyne, commandant Marine Luchtvaartdienst, kajawi punika wontên malih officier M.S.D. 1e klasse Uurbanus, officier-vlieger Vethake, sergeant-vlieger Spronk, korporaal-vlieger Plevier, militie-matroos de Groot tuwin Zuyderhoudt tuwin vliegtuigmaker Rute tuwin Goedhardt.

Lampah anggêgana saminggu kaping tiga sampun dumugi tanah ngriki. Motor mabur Torenvalk ingkang miwiti anggêgana saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki saminggu kaping tiga, sampun dumugi ing Bêtawi, wilujêng botên kirang satunggal punapa, namung sarèhning dumuginipun ngriki nyarêngi kasangsaranipun motor mabur Specht, dumuginipun ing pundi-pundi botên mawi dipun paargya punapa-punapa.

Ama klapa ing bawah Kutoarjo. Ing dhusun Kêndhalrêjo, onder distrik Pituruh, distrik Kêmiri, wontên wit klapa kirang langkung 3000 sami katrajang ama ulêr brachartona. Salajêngipun dipun dhatêngi Landbouwconsulent saking Kutoarjo badhe naggulangi sêsakit wau kanthi migunakakên jampi pyrethrum.

NAGARI WALANDI

Minister President Colijn angsal bintang saking Tiongkok. Miturut wartos saking Den Haag, parentah Tiongkok angganjar bintang dhatêng Minister President Colijn awarni Grootkruis van de Orde van de Jade, bintang wau pinatik ing sêsotya.

Sri Bagenda Maharaja Putri sampun sênggang. Sampun sawatawis dintên kawartosakên bilih Sri Bagenda Maharaja Putri gêrah. Ing sapunika wontên wartos gêrah dalêm sampun sênggang. Malah kala ing dintên Sabtu kapêngkêr sampun sagêd anjumênêngi paargyan ingkang dipun wontênakên dening para mudha 30 ing Apeldoorn.

EROPA.

Madrid dipun bom malih. Miturut wartos kitha Madrid mêntas dipun bom malih wiwit jam 7 enjing ngantos dumugi jam 11. Bom-bom wau ingkang katha dhawah wontên ing têlênging kitha, kathah kasangsaran tuwin karisakan. Gunggungipun tiyang ingkang kasangsaran dèrèng kasumêrêpan.

Jêrman botên purun ngêmohi barang Jêpan. Miturut wartos, parentah Jêrman botên nayogyani ing bab tumindakipun angêmohi barang-barang Jêpan, amargi tumrapipun Jêrman botên migunani punapa-punapa. Malah ing sasagêd-sagêd ing salêbêtipun wontên pasulayan punika sampun ngantos Jêrman manggih sabab punapa-punapa ingatasing gêgayutanipun kalihan Tiongkok tuwin Jêpan.

--- 1311 ---

Wêwaosan

III Lêlampahanipun Ilya

21

Kapal wau kadosdene mangrêtos punapa ingkang dados pikajênganing bêndaranipun, saha lajêng ambêngingèh, sarta anggobag-gabigakên êndhasipun, Ilya lajêng dhatêng ing gêdhogan malih. Wontên ing ngriku piyambakipun amanggih: endhong, pangangge waja tuwin pêdhang sakawan iji. Pangangge waja wau lajêng dipun êngge, saha nitipriksa pêdhang sakawan pundi ingkang taksih sae. Ingkang satunggal dipun cêpêng sarta dipun bêngkêlukakên ing tanganipun ingkang sakalangkung santosa. Pêdhang waja ingkang kiyat wau, sakala punika tugêl dados kalih. Pêdhang ingkang ôngka kalih ugi kacobi makatên, botên beda kalihan ingka[15] ôngka satunggal, ugi lajêng tugêl dados kalih. Makatên ugi pêdhang ingkang ôngka tiga. Namung pêdhang ingkang ôngka sêkawan, sanajan dipun bêngkêlak-bêngkêlukakên ngantos rambah-rambah, botên tugêl, pêdhang wau lajêng kacanthèlakên ing lapaking kapalipun. Sasampunipun makatên, Ilya lajêng mêndhêt plepetan waja sawatawis ingkang nuntên kadamêl jêmparing ingkang kalêbêtakên ing endhong wau, kajawi punika piyambakipun ambêkta gandhewa, towok, tuwin gada waja.

Sasampunipun rampung pasadhiyanipun, Ilya lajêng murugi tiyang sêpuhipun, ngarih-arih nêdha brêkah nêdya nindakakên punapa ingkang dados sêdyanipun, tuwin gadhah pangajêng-ajêng, mugi-mugi tiyang sêpuhipun botên ngalang-alangi piyambakipun nilar griyaning tiyang sêpuhipun wau. Makatên mênggah aturipun Ilya dhatêng tiyang sêpuhipun:

Bapak tuwin ibu, ingkang salami-laminipun dados pêpundhèn kula wontên ing donya punika, mugi-mugi krêsa paring palilah tuwin brêkah nilar panjênêngan sakalihan. Sêdya kula badhe dhatêng kitha karajaning praja Ruslan, inggih ing Kiyèph, ingkang namanipun kawêntar ing saindênging bawana. Mênggah prêlu kula badhe sowan dhatêng Sang Prabu Wladhimir, nyuwun supados sagêda ngawula ing ngarsa nata, anglawan dhatêng sadaya mêngsahipun praja Ruslan, tuwin andhèrèk anjagi kawilujênganing agami kula sadaya, sampun ngantos manggih rubeda saking para nyêmbah brahala.

Bapakipun amangsuli kirang langkung makatên: Kanthi sênênging atiku aku sakloron nêdya awèh brêkah nyang kowe pujiku muga-muga kinabulna kêkarêpanamu kang utama kuwi mau. Nanging kosokbaline yèn kowe anduwèni tindak kang nyêbal karo kautaman, aja pisan-pisan kowe ngarêp-arêp marang brêkahku. Tak sêsuwun marang Ingkang Kuwasa, supaya kowe aja nganti anduwèni tindak kang dosa, aja pisan-pisan dhêmên mêmatèni titah kang tanpa ana lupute, aja wani-wani ambalela utawa anduwèni sêngit marang ratu sêsêmbahanamu, lan sabisa-bisa aja nganti matèni wong kang tunggal agama karo kowe.

Ilya andhingklukakên sirahipun ngantos mèh dumugi ing siti, sarta ngaturakên gênging panuwunipun dhatêng tiyang sêpuhipun kêkalih. Nuntên lumêbêt ing gareja, sarta nuntên prasêtya kirang langkung makatên:

Kula prasêtya nêdya kesah dhatêng Kiyèph, lan salami-laminipun nêdya ambujêng dhatêng kautamèn, sanadyan kula ngantos dhawah ing tiwas. Salêbêtipun kula nuju dhatêng Kiyèph, kula botên nêdya ngêculakên jêmparing kula, botên nêdya ngêmpakakên towok kula, punapadene botên nêdya andhawahakên gada kula dhatêng sintêna kemawon. Ingkang kula pêndêng ngêmungakên sagêdipun kula dumugi ing Kiyèph, angadhêp Sang Prabu Wladhimir. Mugi-mugi ing salêbêtipun kalih têngah jam kemawon, kula sampun sagêd sowan wontên ing kadhatonipun sang nata.

Ilya lajêng mêndhêt siti sajumput, kabuntêl ing mori, ingkang kagandhul-gandhulakên ing gulunipun minôngka kangge amèngêti ing papan padununganipun. Sasampunipun nuntên dhatêng ing lèpèn Okah. Wontên ing ngriku piyambakipun ambucal roti sakêdhik kanthi awicantên makatên: Kula matur nuwun ibu: Okah, dene salaminipun kula wontên ing ngriki panjênêngan tansah paring toya dhatêng kula, minôngka kangge panggêsangan kula punika.

Sasampunipun makatên, Ilya lajêng andhêngklukakên sirahipun dhatêng keblat sakawan, nyengklak kapalipun, saha lajêng nilar dhusunipun.

9. Ilya angluwari Cèrnigoph

Tansah kanthi bêbandhangan lampahipun, Ilya nuju dhatêng Kiyèph, kitha padununganipun Sang Prabu Wladhimir, inggih punika satunggiling nata ingkang [ing...]

--- 1312 ---

[...kang] tansah dados angên-angênipun Ilya. Mênggah ingkang kados gêgambaranipun Ilya, mendah ngêngrêng punapadene saenipun, saupami sagêd tumut angadhêp Sang Prabu Wladhimir kalanipun lênggah ing dhampar kanthi ingadhêp ing para mantri bupati, para pangeran, satriya tuwin para prajurit, ingkang sampun sami kaloka mênggahing kaprawiran sarta kadibyanipun.

Sarêng dumugi ing satêngahing margi, dumadakan kapalipun wau dhawah, sabab ing kala punika ing ngandhaping tracak kapal ujug-ujug mêdal tukipun. Ilya enggal-enggal mandhap saking kapalipun, mancas panging uwit cêmara ingkang nuntên kadamêl cawangan saha ingkang lajêng kacoblosakên ing bolongan tilas tracak kapal ingkang mêdal tukipun wau. Ing cawangan punika dipun sêrati makatên: sing liwat ing kene iki: Ilya, anake wong tani lan prajurit nagara Ruslan. Lan miturut cacriyosanipun, dumugi sapriki cawangan damêlanipun Ilya wau, samangke taksih, sarta ing ngriku dipun wontênakên gareja alit.

Ngantos dumuginipun sapriki, êtuk wau taksih mêdal toyanipun ingkang mili dados lèpèn alit, sarta dados papan pangombenipun sato galak ing wana ing wanci dalu. Malah wontên ingkang nyariyosakên: tiyang sayah manawi ngombe toya ing ngriku sanalika sagêd ical sayahipun wau.

Salajêngipun, Ilya nuntên anglajêngakên lampahipun, lan sakêdhap kemawon sampun dumugi ing sangajêngipun kitha Wèrnogop. Nanging sangajênging bètèng kitha Ilya sumêrêp prajurit tanpa wicalan cacahipun, ngantos rumaosipun Ilya, katingal cêmêng dening kathahing mêngsah ingkang ngêpung wakul baya mangap kitha wau. Mênggah nyatanipun, ing kala punika wontên putra nata tiga ingkang sami sarujuk nêdya anggêbag kitha Wèrnogop, satunggil-satunggilipun ambêkta prajurit cacahipun kawan dasa èwu, ingkang sami patohan ing ulah pêrang.

Sarêng Ilya sumêrêp mêngsah samantên kathahipun wau, nêpsunipun kagila-gila. Rahipun sanalika minggah ing sirah sarta kêpengin enggal-enggal nyandhak dêdamêlipun nêdya soroh amuk. Mênggah pangudaraosipun makatên:

Aku iki ora sênêng saupama nêrak kang dadi wêwalêre bapak. Nanging aku ora bisa yèn nganti sumurup ana mungsuh nêdya ngrusak salah sawijining kutha ing praja Ruslan kene. Sêmune têka mung gampang bae aprajangji kuwi, nanging ora ajêg gampange anêtêpi janjine mau. Ing sarèhning Ilya sampun prasêtya, botên nêdya nglêpasakên jêmparingipun, botên nêdya ngêmpakakên towok tuwin gadanipun, sadèrèngipun dumugi ing Kiyèph, amila piyambakipun inggih nêdya anêtêpi prasêtyanipun wau. Salajêngipun, Ilya ningali mangiwa manêngên, bokmanawi piyambakipun sagêd amanggih dêdamêl sanèsipun, nanging tanpa damêl, sabab botên wontên dêdamêl sanès kajawi ingkang dipun bêkta punika, ing wusana Ilya lajêng murugi satunggiling wit agêng, ingkang kacandhak mawi tangan kalih. Wit wau saking agêngipun, ngantos tiyang tiga bokmanawi botên sagêd ngangkat. Nanging dening Ilya wit agêng wau sagêd kabêdhol piyambak kemawon. Salajêngipun ngobat-abitakên wit punika, Ilya lajêng anêmpuh dhatêng sakathahing mêngsah ingkang ngêpung kitha Wèrnogop wau. Atusan para prajurit ingkang dhawah sirna jalaran kasêmpyok utawi kataman ing wit agêng wau, ing wusana lajêng bibar sami salang tunjang anggèning ngupados gêsang. Sarêng putra nata tiga sumêrêp wontên prajurit soroh amuk wau sarana ambêkta dêdamêl kajêng agêng wau, ajrih lan kagètipun tanpa upami. Ing kala punika Ilya ngumbulakên dêdamêlipun kajêng agêng wau, sarta awicantên dhatêng pangeran tiga punika makatên:

He, para pangeran kang ora duwe duga prayoga, gèk kowe padha tak kapakake, apa kowe kabèh kudu tak cêkêl, apa kowe kêpengin dak tigas gulumu. Yèn kowe tak cêkêla, kaya-kaya ora ana prêlune, sabab aku ora duwe panggonan sing kêna kanggo nawan kowe têtêlu, amrih kowe bisa anggagas marang panggawemu sing kêliru iku. Dikon nigas gulumu, aku iya êmoh, awit kowe isih ênom sarta kurang wawasanamu. Mulane bêcik kowe tak mardikakake bae, supaya kowe kabèh bisa padha mulih nyang panggonamu dhewe-dhewe, lan bisa wara-wara nyang nagaramu kana, yèn praja Ruslan kene kiyi tansah jinaga kanthi santosa, aja pisan-pisan ana mungsuh wani anêmpuh ing kutha jajahan Ruslan kene, awit ora wurung mêsthi bakal disirnakake dening para prajurit kang kondhang mungguh ing kadibyane. Lan poma, aja wani-wani amêmatèni golongan wanita ing praja Ruslan, awit pamalêse bakal tanpa wangênan.

Ing sêmu putra raja têtiga wau katingal ajrih sangêt dhatêng satriya ingkang soroh amuk, sarta ingkang tansah ngobat-abitakên kajêng ingkang kadosdene badhe kadhawahakên dhatêng sintêna kemawon ingkang nêdya bôngga. Sakala punika ical pangajêng-ajêngipun anggèning badhe angsal jarahan kathah, lan salajêngipun kanthi manut miturut nêdya nilar ing paprangan ngriku. Nanging pangeran têtitaga wau dèrèng ngantos suka parentah dhatêng wadyabalanipun supados tumuntên mundur, wadyabalanipun ing kala punika sampun sami salang-tunjang lumajêng rêbat gêsang.

Kanthi sangêt prihatos putra raja têtiga wau sami kesah saking ngriku, luhipun trocosan tanpa wontên kèndêlipun. Awit mênggahing panggraitanipun: mendah dukanipun ingkang rama, manawi sami mirêng, bilih putra-putranipun sami wangsul tanpa ambêkta jarahan. Langkung malih dukanipun nata têtiga, ingkang ramanipun para pangeran têtiga wau, manawi mirêng, bilih ingkang ngasorakên prajurit samantên kathahipun wau, jêbul namung prajurit satunggal, inggih punika satriy[16] ing Ruslan. Saking dukanipun ingkang rama, botên sande pangeran têtiga wau, tamtu lajêng sami kalêbêtakên ing kunjara pêtêng. Lan ingkang tamtu, dukanipun wau botên namung dumugi samantên kemawon, nanging lajêng sumrambah dhatêng sintêna kemawon, ingkang kumawani anyakêt dhatêng sang nata. Badhe kasambêtan.

--- 161 ---

No. 42, Taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI : BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Bocah-bocah, nalika dina Kêmis tanggal 7 October, aku tampa layang saka Uncle Sum. Box 405. Singapore, dene surasane layang mau anêpungake karo Bu Mar, lan uga njaluk diaku kêponakan. Sarèhne Singapore ing doh kana, doh kene, dhèwèke kêpingin layang-layangan karo para sêdulur ing tanah Jawa kene, lan yèn ana sing gêlêm kêpengin ijol-ijolan prentbriefkaarten, postzegels lan tijdschriften. Lan supayane Uncle Sum ora kadhêndha yèn nèmplèki postzegel, upama layang têtêpungan 15 sèn, briefkaart 10 sèn, prentbriefkaarten 3 sèn, postblad ora kêna.

Utami p/a S.O.I. Kêdiri. Bangêt panrimaku kokirimi layang pitêpungan lan uga isi karangan lêlucon. Karangan dêdongengan kang arêp kokirimake, dak arêp-arêp bangêt.

Siti Suprapti c/a M. Jayusman Ass.- Wêdono Binangun (Kroya). Layangmu wis daktampa lan surasane uga wis mangêrti kabèh, andadèkake ngêrêsing atiku. Sawise maca, aku banjur ngêtokake aluh, tansah ketokên kowe lan adhi-adhimu, kang kêmriyêk. Nanging ya wis aja tansah kopikir bae, mundhak ora bêcik kadadeane. Puluh-puluh, ya mung têkan samono anggone ngêmong kowe kabèh. Kowe bae sing pintêr ngladèni rama lan ngêmong adhi-adhimu, aja sok padha kêrêngan, kowe minangka gêntine ibumu.

S. Har, Surakarta. Gambaranmu wis daktampa kanthi bungah. Pitakonmu bab pangirime layang document, mangkono iku padha karo drukwerk, kanggo tanah Indiya sathithik-thithike f 0,10, nganti 500 gram, sabên 50 gram, 2 sèn, luwihe 500 gram, sabên 250 gram, 10 sèn.

Adie Sumini, Sukun, Ond. Pulung, Panaraga. Layangmu pitêpungan lan nandhakake kasênênganmu maca T.B. wis daktampa, ora liya andadèkake bangêt bungahku. Kirimanmu karangan besuk Sêtu ngarêp bakal kapacak.

Sri Sasanti p/a R.M.Ng. Projokintoko. Priyambadan, Solo. Dongenganmu wis daktampa kanthi sênênging atiku. Ti, aku ya kêpengin nyang Priyambadan, nanging durung bisa. Wah kok sênêng ya, kowe duwe kêbon pêlêm lan nanas. Nanging ya aja kêrêp-kêrêp ngêrujak, mundhak lara wêtêng, ya! Ngêpeka yèn wis matêng bae.

Mariyati p/a R. Danusubroto, Solo. Wah, bungahku tanpa upama wuwuh kêponakan kowe. Kowe arêp milu urun ngisèni T.B. kêna bangêt.

Sutapa, Karangasêm, Surakarta. Kirimanmu lêlucon wis kêtampan, ora liya bangêt panrimaku. Panjalukmu portrète Bu Mar, ambok iya ora susah bae, kowe bae sidakna anggonmu arêp ngirimi portrèt nyang Bu Mar. Sutapa, Uncle Sum Box 405 Singapore, kêpengin têpung karo para sêdulur ing tanah Jawa.

Suwarjo, Sidarêja, Banyumas. Karanganmu lêlucon isih daksimpên, ambok iya sing sabar, Jo. Yèn kowe arêp ngirimi têmbang nganggo noot, ya gèk ndang kirimna, yèn apik, ya bakal enggal dipacak.

Dukarsi, Rêmbang. Karanganmu wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku. Coba gawea manèh dêdongengan liya kang luwih apik sarta lucu.

Sumirah c/o M. Joyosumitro Hulponderwijzer Klitik, Caruban. Bangêt panrimaku kokirimi layang manèh lan sukur kowe wis têpungan karo Indinan, Purwokêrto. Sarèhne saiki wis miwiti repetitie manèh, ya sing tabêri bae anggonmu sinau, supaya entuk biji apik.

Uncle Sum. Bok 405. Singapore. Andadèkake bangêt panrimaku tampa layang pitêpungan saka kowe. Kirimanmu lêlucon uga wis kêtampan. Ibumu tansah ngarêp-arêp kirimanmu karangan dêdongengan utawa liya-liyane. Yèn kirim layang Bu Mar, ambok iya nyaritakake kaanan ing Singapore. O, iya, bangêt panrimaku dhèk biyèn kokirimi prentbriefkaart. Biyèn arêp dakwangsuli, ora ngêrti jênêngmu.

R.r. Wulanhandadari Mirkuyèti p/a R.B. Sosrowardoyo. Gep. Mantri-Guru Turèn. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênênging atiku. Yèn kowe arêp ngirimi dêdongengan, iya bêcik bangêt, tansah dakarêp-arêp.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 162 ---

POTRÈT

Mur: "Mar, dandan nganggo lênga wangi barang, arêp mênyang ngêndi?"

Mar: "Arêp potrèt."

Mur: "Arêp potrèt wae nganggo lênga wangi êntèk sagêndul!"

Mar: "Lha priye, besuk potrètku bèn mambu wangi sajêge."

Èlmu Bumi

Guru: "Lar, sing akèh kêbone ngêndi?"

Larsa: "Sabên sêkolahan kathah, pak guru."

S. Har.

__________

Min: "Din, dhèk jaranmu lara kae rak kok tambani teer ta?"

Din: "Iya, ana apa ta?"

Min: "Jaranku uga dak tambani teer, ning kok mati!"

Din: "Jaranku iya ki!"

__________

Suta: "Wah, dhèk wingi aku wêruh wong nêm nganggo payung mung siji, ning kok ora têlês."

Naya: "We la, payunge rak gêdhêm bangêt!"

Suta: "Ora ki, dhèk wingi ora udan."

Ucle Sum.

KÊMANTÊPAN

Ing sawijining pondhok pêsantrèn ana santri cacah 10. Santri-santri mau ana siji kang bodho bangêt, nanging têmên, lire apa parentahe gurune diturut sarana eklasing ati. Kanca-kancane sok ambeda marang santri bodho mau, ora beda kaya lumrahe, manawa ana wong utawa bocah kang dianggêp bodho, malah digawe gêguyon, dibeda lan sapiturute, ora malah dituntun mamrih dadi bêcike. Samono uga si santri bodho (jênênge Triman), ora ngrumasani manawa solah tingkahe kanca-kancane marang dhèwèke mau ambeda lan sapiturute. Kabèh-kabèh mung ditampa bêcik.

Ing sawijining dina kyai guru nampakake bêton (isi nangka) 10 iji marang salah sijine muride, akon supaya bêton mau dibakar, awit karêmane kyai mau bêton bakaran. Dilalah murid mau kok banjur prentah marang Si Triman, mangkene têmbunge: "Man, saka dhawuhe kyai guru, bêton iki supaya dibakar, yèn wis matêng tampakna aku manèh, aku kang ngaturake marang kyai dhewe." Triman banjur nglakoni dhawuh mau, ora ana kang disulayani.

Kyai kagèt bangêt nalika nampa bêton kari 9 iji. Êmbuh dununge, nanging cêkaking rêmbug Triman kadakwa andhêlikake bêton siji, ananging ora didhawuhake marang Triman, mung cukup dadi sumurupe kanca-kancane.

Saking bodhone Triman ora maju marang pasinaon, apa manèh babagan apal-apalan, wus ora cumanthèl, kyai kaku panggalihe, dhawuh mangkene: "Triman, wulangan kang sabên-sabên tak wulangake kowe wus kliwat kabèh, saiki kowe dakwènèhi donga kang gampang, nanging bêcik kanggo kowe, yaiku: "Veton savuluh chari shonga." Pikarêpe kyai nyêmoni "Bêton sapuluh kari sanga." Nanging bab iku ditampa dening Triman kayadene piwulang donga têmênan, diantêpi saka dhawuhing guru.

Ing sawijining dina ana banjir gêdhe, narajang pêsantrèn mau. Kyai sarta murid-murid liyane padha enggal-enggal nunggang prau nêdya ngili, amarga banyune wis tumêka ing wuwungan pondhok. Triman kari, amarga isih pêrlu diutus mènèk krambil. Barêng mudhun prau wus adoh. Triman gêmbar-gêmbor, têmbunge: "Kyai, sampeyan êntosi "Veton sevuluh chari shonga". Têmbung mangkono mau diucapake bola-bali. Si kyai wus ora migatèkake, mung cukup ngawe-awe bae, têmbunge: "Man, mrenea."

Triman lumayu ngambah ing dhuwur banyu, andadèkake gumune kabèh kang wêruh: Têmbunge "veton savuluh chari shonga." Mangkono satêruse nganti prau kêcandhak kayadene Triman ngambah ing dharatan.

Dukarsi, Rêmbang.

NDOLANI BOCAH

[Grafik]

Mungguhing bocah-bocah tanah Jawa, akèh sing wis wêruh tontonan sing jênênge reyog, yaiku jaranan kepang kang ditunggangi dening wong kanggo tontonan lan ditabuhi nganggo angklung utawa kêmong kanggo ngiring-iring pangantèn.

Mara dêlêngên gambare bocah-bocah ing dhuwur iki, dianggon-anggoni cara reyog, ketoke padha gumêdhe kaya raja sinatriya nunggang jaran arêp maju pêrang.

Dhasar brêngose gêdhe-gêdhe sakêpêl sisih, patute wani pêrang karo macan, ketoke kêndêl-kêndêl. Mung kuciwane jarane rada kagêdhèn, patute upama diênggo mlaku rada rêkasa. Nanging tumraping bocah, tindak kang kaya ngono mau malah andadèkake bungahe wong tuwane.

--- 163 ---

KÊTHÈK LAN BULUS

(Candhake)

Barêng kêthèk lan bulus wis padha warêg anggone mangan gêdhang, kêthèk calathu: "Wah, kok enak têmên gêdhange mau. Bêcike ayo padha nandur dhewe, supaya bisa mangan sabên dina."

Bulus mangsuli: "Ya bêcik, dhi kêthèk."

Kêthèk banjur mènèk manèh, lan mêthik tuntut gêdhang karo calathu: "Na, iki kang arêp daktandur."

Bulus calathu: "Aku ora bisa mènèk, mulane ya thukulan wit gêdhang iki kang arêp dakjupuk, lan tak tandur."

Kêthèk mangsuli: "Iya bêcik."

Kêthèk lan bulus nuli lumaku, golèk panggonan banggo[17] kêbon gêdhang.

Ing alas kono ana ara-ara, barêng mitra karo-karone têkan ing kono, si kêthèk banjur wêruh punthukan tlethong kêbo, calathune kêthèk: "Wah kabênêran bangêt, aku arêp nandur tuntut iki ing tlethong kêbo, dadi sisan kanggo rabuk." Tuntut nuli ditancêbake ing tlethong kêbo manu.[18] Si bulus uga nandur wite gêdhang, nanging dhèwèke gawe jugangan dhisik, kaya lumrahe wong nandur gêdhang ora adoh saka tuntut gêdhang kang ditandur dening si kêthèk.

Ing kono kêthèk calathu: "Coba dêlêngên, tuntut gêdhang ditandur ing rabuk, yèn ora enggal thukul lan wohe ora gêdhe-gêdhe, ya bangêt anggumunake. Lan saiki ayo padha bali bae nyang ngomah!"

Calathune si bulus: "Iya bêcik."

Karo-karone banjur padha bali mulih, si bulus golèk jugangan ing sacêdhake kali cilik lan si kêthèk mènèk ing wit-witan uga cêdhak kono.

Barêng lêt limang dina, si kêthèk calathu: "He kang bulus, ayo padha niliki tandurane gêdhang."

Wangsulane si bulus: "Iya bêcik."

Satêkane ing panggonan, kang ditanduri gêdhang, si kêthèk lumpatan saking sênênge, karo calathu: "Kang bulus, dêlêngên tanduranku wis mêgar, ora suwe manèh, aku mêsthi warêg mangan gêdhang!"

Kêthèk nuli anjogèd saka sênênge.

Bulus mangsuli: "Mula bêcik têmênan tanduranmu, dhi; tanduranku kuwi suwe dadine, nêmbe mêtu godhonge salêmbar. Nanging ya ora dadi apa, awit aku pancèn jênêng bulus kang bodho. Ayo ta padha mulih."

Sawatara dina manèh kêthèk ngajak mitrane (bulus) niliki tandurane. Calathune si kêthèk karo kêmocor idune: "Saiki mêsthi wis matêng gêdhangku. Kang bulus, anggonmu lumaku ambok iya dirikatake."

Ananging sarèhne lakune si bulus iku anggarêmêt, mula si kêthèk lumaku andhisiki karo calathu: "Aku tak andhisiki bae, sêlak kêpengin wêruh kaanane."

Barêng bulus têkan ing panggonane kang dijujug, wêruh mitrane lungguh cêdhak tandurane karo mrêngut. Si bulus pitakon: "Dhi kêthèk, kênang apa têka mrêngut mangkono?"

Wangsulane si kêthèk: "Wah kojur! Dêlêngên tuntute wis bosok. Aku ora ngêrti, kapriye bisane mêngkono iku."

Wangsulane si bulus: "Bênêr uga kandhamu kuwi, sabab bokmanawa yèn manungsa nandur gêdhang, sing ditandur anake gêdhang. Nanging ya wis, aja mangkêl atimu, tanduranku wis mêtu godhonge anyar loro, rupane miwiti dadi, tanduranku kuwi. Ayo padha mulih dhisik."

Mitra loro mau nuli padha mulih, si kêthèk rupane mangkêl atine, lan manèh isin sabab mikiri kabodhoane dhewe. Sawatara dina manèh mitra loro padha ndêlok tandurane. Tandurane si bulus wis gêdhe lan tuntute wis arêp mêtu.

Ana candhake.

GUGAT AMBU, MBAYAR GRAYANG.

Ana wong nistha miskin duwe tangga sugih. Sabên dina tanggane olah-olah kang enak-enak. Sarèhning wong miskin mau ora bisa tuku panganan kang enak-enak dhewe, mula sabên-sabên anggone mangan sêga ngêntèni yèn tanggane olah-olah. Wong miskin mau banjur ngêpêl sêga sarta mapan marang panggonan sing kêtrajang gandaning olah-olahan sarta nganggo calathu: "Wah enak têmên iwak iku: mêngkono karo ngarani iwak sing diolah, kaya ta iwak êmpal, bêstik, lan sapanunggalane.

Tanggane nyipta yèn trekah ngono iku nyuda enake panganan. Katandha sawatara dina anggone mangan ora enak. Saka kêncênging ciptane, nganti kêlakon duwe atur gugat nyang ngarsane pangadilan, nyêbut ora trima yèn tanggane nandukake pratikêl kang anyirnakake sarining panganan. Wragade kapetung uwis sapuluh rupiyah. Kuwi njaluk têtêmpuh mêtu saka pangwasaning pangadilan.

Wong miskin tumuli katimbalan sowan ing ngarsaning pangadilan.

Sawise sowan banjur kadangu saprêlune, paturane iya bae. Wong miskin katamtokake mujudake dhuwit sapuluh rupiyah, sumurup têtêmpuhing wragad mau, sakawit ature mopo amarga tindak mangkono iku mokal bangêt.

Ananging saka wêwênanging pêngadilan, wong miskin kapêksa mbayar, ora kêna mbangkang. Kêlakon wong misikin mujudake dhuwit sapuluh rupiyah. Barêng dhuwit wis diwilang ana ngarsane pêngadilan, sing gugat didhawuhi ngukup. Ananging barêng dhuwit arêp dikandhut, tangane dicandhak dening jaksane, andadèkake kagète sing gugat, ature: "La punika nalaripun kadospundi?"

Pêngadilan mêdharake prakara mau: "Anggonmu gugat rak prakara ambu, mula dhuwit mung kêna kograyang."

Wong sugih mulih kanthi isin.

Sri Sasanti, Surakarta.

--- 164 ---

SI JÊMBLUK.

(Candhake)

Saiki Si Jêmbluk wis duwe kêbo, mula banjur ora milu lunga ngarit bapakne, salin angon kêbo, andadèkake bangêt sênênging atine.

Ing sawijining dina kêbo mau pinuju lagi mlegung (turon) ing ngisor wit pêlêm, dumadakan ana pêlêm tiba, nibani êndhasing kêbo, kang anjalari patine kewan mau. Iku andadèkake kapitunane Si Jêmbluk. Kaya adat sabên, pêlêm mau, kang nibani êndhase kêbone, dijupuk, wowohan, kang ora ana pêngajine babar pisan, ditandhing karo ajine kêbone.

Saiki dhèwèke uga ora milu bapakne manèh, banjur nglêmbara kanthi anggawa pêlêm, tanpa ana kang dijujug. Ora ana wong kang ngêrti parane Si Jêmbluk sarta apa kang digolèki.

Kacarita Si Jêmbluk têrus anggone lumaku, saya suwe têkan ing alas. Sawise mlaku turut alas tanpa mangan lan ngombe banjur têkan nêgara liya.

Sang ratu ing nêgara kono kagungan putra putri, kang bangêt endah ing warna, dene asmane Mayangsari. Nalika Si Jêmbluk lagi ngumbara, sang putri Mayangsari lagi nênun ana ing gapuraning kraton.

Dumadakan Si Jêmbluk liwat ing kono, lan banjur krungu swaraning wong nênun. Barêng sirahe têmêngo,[19] wêruh putri ayu lagi nênun. Sang putri nuli dicêdhaki sarta Si Jêmbluk nuli ngaturake pêlêm, supaya dirumat.

Sang putri mriksani lan nuli andangu: "E Jêmbluk, kowe iku arêp nyang êndi ta, têka pêlêm siji bae têka tansah kokgembol."

Si Jêmbluk mangsuli: "Kawula botên sumêrêp purug kawula. Sapunika kawula badhe andhèrèk titip pêlêm punika awit kula badhe adus sakêdhap."

Sang putri bingah bangêt, awit kraos salit lan arêp ngêrsakake sêgêr-sêgêr, sabab ing wêktu iku panas bangêt. Sang putri banjur dhawuh marang Si Jêmbluk: "Iya bêcik, sèlèhna ing kene cêdhakku." Si Jêmbluk nyèlèhake pêlême ing sisihe sang putri lan banjur lunga ethok-ethok arêp adus.

Kacarita sang putri kêpengin bangêt dhahar pêlêm mau, kêcohe kêmocor bangêt mriksani wowohan matêng iku. Wêkasane ora sagêd mênggak kêrsane; panjênêngane sang putri kèndêl anggone nênun, nuli ngoncèki pêlêm kang gumlethak ing sisihe sarta banjur kadhahar mung pêloke sing dikèrèkake. Sawise banjur miwiti nênun manèh.

Ora antara suwe Si Jêmbluk têka, mênggèh-mênggèh kaya wong kang kêsêl bangêt lan banjur enggal nakokake pêlême.

Sang putri nudingi pêloke karo ngandika: "Dêlokên, Jêmbluk, pêlêmmu wis dakpangan, awit aku ora bêtah ngêlake. Aku mau kêpengin sêgêr-sêgêr, mula ya kêbênêran bangêt, pêlêmmu koktitipake nyang aku, dadi kêna kanggo tamba ngêlak.

Si Jêmbluk ethok-ethok ora sênêng atine, dene pêlêm mau didhahar dening sang putri, nanging malah ngetokake nêpsune.

Sang putri ngandika: "O, Jêmbluk, mêngko daklironane pêlêm satenggok kèhe, ambok iya aja nêpsu, pira rêganing pêlêm, kok le kaya bocah cilik, kowe kuwi. Gilo iki daklironi dhuwit sarupiyah!"

Sang putri nuli nawani jarik klambi lan liya-liyane, nanging mêksa ora ditampa. Cêkake Si Jêmbluk ora arêp nampa dhuwit utawa barang.

Sang putri bangêt lingsême lan wêkasane ngandika mangkene: "La kapriye Jêmbluk, kowe njaluk liru apa, ingatase pêlêm mung siji bae kok banjur dadi pêrkara kaya ngono."

Jêmbluk mangsuli: "Sang putri, kawula nyuwun lintu salira panjênêngan piyambak. Inggih lêpat panjênêngan piyambak, dene pêlêm kawula panjênêngan dhahar."

Sang putri saya lingsêm lan judhêg panggalihe mau dikira ya ora apa-apa, wong mung bab pêlêm siji, nanging wêkasane mêngkono iku. Arêp kêrsa, nanging ya ora mèmpêr, amarga dudu sapadhane. Arêp ora kêrsa, nanging wis dadi panjaluke sing duwe pêlêm, karo manèh sang putri uga wis ngrumaosi lêpat. Wah bingunge sang putri tanpa upama, mula banjur sowan mênyang kêdhaton nêdya matur ingkang rama lan ingkang ibu. Sang putri nuli dhawah karo muwun ing ngarsane rama ibu lan ngaturake kabèh kang wus kêlakon, saka kawitan têkan pungkasan, lan uga ngaturake apa panjaluke Si Jêmbluk ing saiki iki.

Andadèkake bangêt kagète lan lingsême sang ratu, barêng mirêng ature ingkang putra. Ana candhake.

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. kawontênaning. (kembali)
2. sakalangkung. (kembali)
3. sawatawis. (kembali)
4. mabur. (kembali)
5. mabur. (kembali)
6. dados. (kembali)
7. pinuju. (kembali)
8. panggenan. (kembali)
9. pakêmpalan. (kembali)
10. anggèning. (kembali)
11. kalihan. (kembali)
12. Tiyang. (kembali)
13. anjampèni. (kembali)
14. wigatos. (kembali)
15. ingkang. (kembali)
16. satriya. (kembali)
17. kanggo. (kembali)
18. mau. (kembali)
19. tumênga. (kembali)