Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 3-4, Rê Pn, 1 Dulkangidah Alip 1867,13 Januari 1937, Taun XII[1]

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

SÊRAT RAMA

Sêrat Rama wêdalan Bale Pustaka punika têtêdhakan saking sêrat Rama anggitanipun suwargi R.Ng. Yasadipura, mawi katêrangan saking Tuwan J. KATS, ingkang nyariyosakên babad-babadipun tuwin sumêbaripun cariyos Rama. Punapa malih mawi rinêngga ing gambar ringgit tuwin gambar cariyos Rama ingkang pinanggih ing Candhi Prambanan tuwin Panataran.

Pêthikan Saking Katêranganipun Cariyos Rama:

Pangunandikanipun Barata: "Wiwit krungu sapisan mungguh sedane kangjêng rama prabu, kakang mas Laksmana lan kakang êmbok Sinta ora bisa angampêt tangis. Barêng kakang mas Rama ora pisan katon sêkêl, gêdhene muwun. Coba daknyuwun pirsa, apa sababe kakang mas Rama ora sungkawa utawa muwun?" Barata lajêng matur: "Kakang mas, nalika kawula ngaturi wuninga sedaning kangjêng rama, paduka botên pisan sêdhih. Punapa sababipun paduka botên sungkawa, dene wontên nalar ingkang nyêdhihakên makatên?"

Rama mangsuli anggènipun botên sêdhih:

1. "Samubarang kang wus, ora bisa pulih dening sinusahake. Mulane mungguhing wong mursid, susah iku tanpa gawe.

2. Wowohan kang wis matêng, nyêdhaki gigole. Mangkono uga sakèhing titah, sapa sing lair kudu nêmahi mati.

3. Kabèh bae, ênoma, tuwaa, bodhoa, pintêra, mlarata, sugiha, kabèh mêsthi nêmahi mati.

4. Akèh bae esuk isih katon, sore wis ora ana, lan akèh kang sore isih ana, esuke wus ilang.

5. Saupama si cubluk bisa olèh pituwas sarta anggone nangisi utawa anggêtuni, pagenea si pintêr ora tiru-tiru?

6. Sing sapa ambêbingung atine jalaran susah ora bisa têntrêm lan ilang bungahe. Wong mau ora bisa urip jalaran ditangisi. Mulane pasambat angaruara iku tanpa gawe.

7. Mungguhing wong pintêr lan mursid, pangarêping susah gampang bangêt, ora beda karo sirêping gêni kang angobong omah dening banyu, satêmah susahe mau bisa sirna blas kaya kaburing tiras kang katêrak ing angin.

8. Wong iku tumêkane ing alam donya dhewekan, mulane mulihe iya tanpa rowang. Lumrah bungahing titah, yèn bisa kumpul lan tunggal sajroning sadhela.

9. Mulane para mursid lan para sarjana kang ngrêti marang urip ing jagat iki lan ing dêlahan lan kang ngrêti ing darma, ora bakal kataman ing susah.

10. Awit kang mangkono iku, rèhning ingsun sumurup apa prêlu tinindakake, dadi anggon ingsun bakal ngayomi lan angupakara santananingsun mung sarana sun pirsakake lan sun rasakake."

Sadaya ingkang sami mirêngakên pangandikanipun Sang Rama sami lipur sarta kaluhuran sabda, bilih sadaya ingkang wontên punika amêsthi sirna têmahanipun. Satriya Barata matur sarwi ngluhurakên sariranipun Rama: "Mugi paduka karsa jumênêng ratu ing Bênarès".

Rama mangsuli pangandika: "Ora, dhimas, panjalukku mung Laksmana lan Sita bae gawanên mulih; kowe ngêrèha nagara".

Punapa botên paduka ingkang ngêrèh nagari?

Jêr inguni dhawuhe swargi kangjêng rama marang ingsun mangkene: Besuk yèn wus olèh rolas taun, sira jumênêng nata, dadi yèn ingsun kondura samêngko mênyang praja, satêmah aran ora nurut parentahing wong tuwa. Mulane besuk bae yèn wus tumêka wêwangêne, ingsun kondur.

Dhuh sintên ingkang mangrèh nagari, sadèrèngipun panduka kondur?

Kita.

Kawula botên kadugi.

Yèn mangkono, iya trumpah ingsun iki bae konên ngêrèhake, lawase kongsi ingsun kondur. Rama nglolos trumpahipun sukêt pinaringakên dhatêng Barata.

Barata sasêdhèrèk wangsul dhatêng nagari.

Kacariyos trumpah nyêpêng paprentahaning praja ngantos tigang taun laminipun, patrapipun makatên: trumpah wau kadèkèk ing dhampar; para nayakaning praja lajêng nindakakên adiling nagari. Manawi pêpancasaning pangadilan botên lêrês, trumpah lajêng mingêr gathuk. Bilih makatên, prakawis dipun ambali pamriksanipun. Yèn sampun lêrês anggèning andhawahakên adil, trumpah botên ebah-ebah. Sarêng sampun angsal tigang taun, Rama kondur saking wana dhatêng Bênarès. Barata dhinèrèkakên para nayaka mêthuk rawuhing raka wontên ing Sriwadari, Sita jinunjung jumênêng pramèswari pambayun. Rama lan Sita lajêng kakêpyakakên. Sasampuning makatên, Sri Rama nitih rata kaprabon, dhinèrèkakên ing abdi kathah sangêt lumêbêt ing kitha, nampi pêpujinipun tiyang kathah. Ingkang linênggahan (dipun ênggèni) ing Sri Rama lêlotènging kadhaton, ingkang sakalangkung adi. Anggèning ngasta kaprabon ngantos 16.000 taun laminipun sakalangkung adil, lajêng kondur dhatêng Hariloka.

Rêginipun sêrat RAMA jangkêp 3 jilid namung f 3.20

Wêdalan Bale Pustaka, Batavia-Centrum.

--- [33] ---

Ôngka 3-4, Rê Pn, 1 Dulkangidah Alip 1867, 13 Januari 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Mêsjid ing Jêmbêr

[Grafik]

Mêsjid ing Jêmbêr ingkang nêmbe rampung panggarapipun.

--- 34 ---

Bab Kasarasan

Kasarasaning Têtiyang ing Dhusun utawi ing Kampung Gumantung dening Rêgêd Rêsiking Papan Pambucalipun Rêrêgêd, Sêsukêr, Sêne lan sapanunggilanipun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 104

Dados tanganipun tiyang ingkang umbah-umbah gupak rêrêgêd wau lajêng kangge nimba utawi senggolan kalihan siti ingkang sampun gupak sêsukêr wau, timba wau inggih sagêd katularan, yèn timba ingkang sampun katularan punika kangge nimba lajêng sagêd nulari toya sumur.

[Grafik]

Pandamêling jumblêng ingkang sae.

Manawi srumbung sumur botên dipun plêstèr sêmèn ingkang rapêt utawi srumbung ingkang pandamêlipun kirang lêbêt, toya saubêngipun srumbung sumur ingkang rêgêd kenging wiji sêsakit wau sagêd rumêsêp ing siti lan malêbêt ing sumur, dados toya ing sumur sagêd katularan wiji sêsakit-sêsakit punika.

Manawi rêrêgêd sêsukêr ingkang ngandhut wiji sêsakit wontên ing siti utawi ing jumblêng ingkang botên dipun tata, rêrêgêd wau sagêd rumêsêp ing siti, katut dhatêng sumur ingkang cakêt ing têlaga utawi ing sanèsipun inggih lajêng nulari ing toya têlaga utawi waterleiding saha lajêng sagêd ngawontênakên pagêblug sêsakit wau.

2. Sarêng têtêdhan ingkang katularan saking bacillendrager karana bôngsa Jawi punika manawi cewok limrahipun ingkang kangge nguwili mawi driji tangan kiwa, sarampungipun anggènipun ngrêsiki driji wau namung mawi toya, puniba[2] botên sagêd rêsik saèstu, rêrêgêd taksih kantun ing sangandhap utawi sakubêngipun kuku, yèn sêsukêripun ngandhut wiji sêsakit, driji ingkang wontên rêrêgêdipun wau kangge nyêpêng utawi gêpokan têtêdhan ingkang katêdha tiyang sanès, sêsakit wau têmtu sagêd nulari.

3. Sarêng têtêdhan ingkang dipun encokti[3] lalêr ingkang ambêkta wiji sêsakit punika sagêdipun kalampahan makatên yèn lalêr wau saking salêbêting jumblêng sagêd mencok ing sêsukêr utawi mencok ing sêsukêr ing pundi-pundi panggenan.

Lalêr punika limrahipun gêsang lan manggèn ing panggenan ingkang rêgêd ing bêbosokan ingkang mambêt, niganipun ing sêsukêr lan ing têlethong ingkang enggal utawi ing rêrêgêd larahan ingkang têlês saking pawon.

Lalêr yèn nigan sapisan wontên 50-100 sadintênipun, lan sagêd ugi ngantos 5- 800, saking tigan sagêd angêdalakên singgat pêthak ingkang [ing...]

--- 35 ---

[...kang] pikantuk têtêdhan saking rêrêgêd wau, yèn sampun umur 5 dintên singgat wau mlêbêt ing siti utawi ngandhap larahan utawi rêrêgêd, dados ênthung, 3 dintên malih ênthung punika sagêd mêcah dados lalêr, ing salêbêtipun sawulan lalêr satunggal sagêd nurunakên yutan, sokugi pikantuk têtêdhan cêkap.

Kathah sakêdhiking lalêr ing satunggiling panggenan gumantung kathah kêdhikipun panggenan rêrêgêd (sêsukêr, têlethong, larahan) ingkang lalêr sagêd mencok utawi manggèn ing ngriku.

Rèhning lalêr punika mibêripun botên têbih namung 500-700 m saking panggenanipun, mila yèn ing satunggiling panggenan kathah lalêripun punika mratandhakakên yèn ing sacakêtipun dhusun utawi kampung ngriku têmtu kathah rêrêgêd têlethong, sêsukêr larahan ingkang mumbruk botên dipun rêsiki.

Ing bawah Kêdhu, Têmanggung, Parakan utawi sanèsipun ingkang têtiyangipun sami kulina nglêmpakakên têlethong utawi rêrêgêd sanèsipun kangge rabuk tanêman sata, ing samôngsa-môngsa têmtu kathah sangêt lalêr ingkang ngrubung têtêdhan utawi sanèsipun.

Kangge ngicali utawi nyirnakakên lalêr wau:

1. Sêsukêr tiyang dipun jagi sampun ngantos lalêr sagêd mencok utawi manggèn ing ngriku.

2. Sadaya rêrêgêd têlethong lan larahan saking pawon utawi larahan sanèsipun kêdah dipun rêsiki, dipun icali, dipun bêsmi.

[Iklan]

Lalêr ingkang mêdal saking sêsukêr têmtu mibêr dhatêng pundi-pundi, ingkang mêsthi mencokipun ing satunggiling punthukan têlethong utawi ing sêsukêr lajêng mibêr malih pindhah ing panggenan rêrêgêd sanès nêdha sêsukêr lajêng sagêd katutan wiji sêsakit pintên-pintên, awit wiji sêsakit ingkang kanthil utawi katut ing suthang lan sungutipun inggih lajêng nulari utawi nimbal dhatêng sadaya barang ingkang dipun encoki, yèn mencok dhatêng têtêdhan, ingkang dipun dhasarakên ing pêkên ing wande-wande têmtu dhatêng têtêdhan kados ta ing panganan (kuwih), ing panggenan damêl panganan, dhatêng ulam daging ing panggenan jagal, yèn ing griya-griya inggih dhatêng têtêdhan ingkang dipun êlèr, ing meja ing pawon utawi sanèsipun.

Lalêr yèn badhe nênêdha sadèrèngipun têtêdhan dipun êlêg, dipun êdalakên dipun utahakên sawatêwis saking sungutipun. Bokmanawi murih gampil ajuripun kadosdene tiyang yèn nêdha sadèrèngipun dipun ulu dipun ulêt kalihan idu supados lunyu gampil dipun ulu, dados rêrêgêd sêsukêr ingkang sampun wontên ing sungut lalêr wau dipun utahakên ing têtêdhan, kajawi makatên suthang utawi wulu êlaripun têmtu inggih sampun gupak rêrêgêd wau, malah lalêr piyambak inggih ngêdalakên rêrêgêd ingkang sagêd katutan wiji sêsakit ingkang sagêd nulari dhatêng sadaya barang têtêdhan ingkang dipun encoki, mila lalêr punika kewan alit ingkang sagêd nular-nularakên sêsakit warni-warni, dados lalêr punika inggih sagêd ambêbayani tumrap kasarasaning badan tiyang, mila dipun sirnakakên utawi dipun sigèni (dipun singkiri). Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Kudus.

--- 36 ---

Jagading Sato Kewan

Bab Menda

Kula mastani menda makatên kewan drêman, têgêsipun sugih anak. Kadospundi anggèning botên sugih anak, tiyang ing dalêm sataun sagêd manak kaping kalih, môngka asring kêmbar, trêkadhang ngantos tiga. Dados tiyang gadhah ingah-ingahan menda makatên kathah pangajêng-ajêngipun, ugi akajêng ngajêngakên panggêsanganipun.

Tumrap ing ngriki pangajêng-ajêngipun tiyang ngingah menda punika kalih prakawis: 1. mamrih dagingipun, 2. mamrih wacucalipun. Ingkang pênthengan mêntah kangge pirantos warni-warni, trêbang, kêndhang tuwin sapanunggilanipun. Ingkang dipun samak kangge sêpatu, trumpah, canela tuwin sanèsipun.

Menda punika bôngsa kewan ingkang ajrih toya, ngantos dados saloka, inggih punika taun menda, ingkang atêgês taun kirang jawah, kapiridakên wêwatêkaning menda.

[Grafik]

Menda kacang.

Tumrap dhatêng tatacara Jawi wontên wilujêngan kalih warni, ingkang kêdah mragad menda: 1. prêlu kekah, punika pamilihipun menda kêndhit. Kacariyos kangge pêthukan têtumpakan ing ara-ara Mahsar ing akerat. 2. Kurban, punika pangèngêt-èngêt angluhurakên asmanipun Nabi Ibrahim, atêgês lair batos anggènipun sumungkêm dhatêng Pangeran, katôndha mirid jariyos[4] Malaekat Jabarail paring dhawuh, ingkang putra Nabi Ismangil kadhawuhan nyêmbêlèh. Bab punika dipun èstokakên, inggih punika ingkang putra lajêng dipun timbali saha winisik punapa ingkang dados karsa. Makatên ugi Nabi Ismangil inggih andhèrèk kemawon awit saking dhawuhing Pangeran. Enggaling cariyos, ingkang putra lajêng kapithing, anggènipun anglèkèk mungkur. Ing wêkdal punika Jabarail sampun ngamping, lajêng linintonan menda, pramila ingkang dipun bêlèh wau lajêng menda. Ing têmbe lajêng linuri-luri ngantos sapriki, kintên kula bôngsa pasêmon. Namung kasumanggakakên kemawon.

Samangke kula badhe nyariyosakên cêkak-cêkak [cêkak-cêka...]

--- 37 ---

[...k] bab menda piaran ing ngriki, punika saèstunipun kenging dipun wastani namung dhêdhasar dhatêng indhaking pangupajiwa, ugi wontên ingkang dhêdhasar kasênêngan, sarta malih wontên ingkang dhêdhasar pamardi, ananging punika ada-adanipuin nagari, kangge ngudi dhatêng kamajêngan. Bab sadaya punika badhe kacariyosakên saprêlunipun kemawon. Awit kajêng kula namung dadosa ular-ular, kados ing ngandhap punika:

[Iklan]

Ha: Menda Jawi, ugi karan menda kacang, kagolong alit-alit, ananging kabar wacucalipun malêbêt nomêr 1, klêbêt dhatêng ukuran. Pamirêng kula wataking wacucal ingkang kêwiyarên kêbaranipun malah botên kalêbêt nomêr 1 wau. Menda Jawi makatên wulunipun pandhês, ulês wontên warni-warni, abrit, cêmêng, bêlang cêmêng tuwin sapanunggilanipun. Rai lancap, sungu pajêk, jalêra, èstria mawa jenggot, ingkang jalêr ing gulu wulunipun ragi panjang. Tututipun inggih tutut, ananging botên sagêd anjilma, liripun botên ngatos sagêd nginthil dhatêng ingkang ngingah. Pamiaranipu[5] prasaja, enjing sontên dipun êngèn, kandhang lesehan, namung kabêthèk jaro mubêng wontên ing griya, ing pawon, cancanganipun pathokan kacèblêgakên ing siti. Pakan ing wanci dalu rambanan samanggihipun. Nadyan menda punika limrahipun ajrih toya, nanging menda Jawi botên, manawi kêjawahan ing pangenan aring kemawon, manawi ing ngriku manggih ingkang dipun rênggut. Badhe kasambêtan.

Sumadi.

--- 38 ---

Kawruh Sawatawis

Gambar Idhup

Ingkang dipun wastani gambar idhup punika kados sintêna kemawon sampun sumêrêp, amargi nagari saindênging jagad, pundi papan ingkang rame sakêdhik kemawon inggih wontên gambar idhupipun. Ingkang pinanggih ing kala rumiyin, gambar idhup punika botên mawi ginêman, mila pinanggihipun ing jaman sapunika dipun wastani gambar idhup bisu, limrahipun sampun botên dipun rêmêni, anggènipun mitongtonakên namung wontên ing panggenan ingkang sêpên-sêpên kemawon, trimah namung kangge tambêl bêtah.

Ing sapunika sarêng jamanipun gambar idhup mawi ginêman, katingal saya cêtha mênggahing saenipun, saya malih sarêng basanipun ngangge basa warni-warni, saya anocogi kalihan kabêtahanipun ingkang ningali, awit ucap ingkang kacêtha wontên ing lêlampahan, sagêd anocogi kalihan raos kabatosanipun. Dene tumrapipun ing tanah ngriki ingkang sumrambah ngangge basa Malayu.

Ing kala rumiyin, gambar idhup punika namung mitongtonakên bangsaning ramèn-ramèn, tiyang gêlut, tuwin bangsaning lêlucon, ingkang wosipun namung prêlu pados gujêng. Nanging ing sapunika limrahipun mawi kadhapuk ing lêlampahan ingkang nêngsêmakên, wontên malih ingkang lêlampahan saèstu, upaminipun mêndhêt gambar ing môngsa wontên pasamuwan, kawontênan ing wana-wana, papan ingkang elok-elok, ing pabrik-pabrik, ingkang lèrèg kenging kangge piwulang. Mila tumraping murid-murid sêkolah asring kapurih ningali gambar idhup ingkang prêlu kangge anjêmbarakên wawasan. Kajawi punika ugi wontên gambar ingkang kapitongtonakên kangge lare alit. Kosok wangsulipun lare alit botên kenging ningali gambar ingkang pancèn botên dipun wênangakên ningali, mawi pinacak ing anggêr.

Pabrik ingkang damêl gambar wau ing Jêrman, Inggris, Itali tuwin Ruslan, nanging ingkang misuwur piyambak pabrik ing Hollywood, tanah Amerikah. Punika mênggah agênging pabrik tuwin kawontênanipun, araos ngantos kados tiyang umuk-umukan.

Ing kala taun 1890 Hollywood punika taksih wana gung liwang-liwung. Dene pinanggihipun sapunika awujud nagari agêng sangêt, ingkang kawontênanipun sarwa anggumunakên, lampahing têtumpakan ing margi rintên dalu tanpa wontên pêdhotipun, padhanging dilah ing wanci dalu ngantos dumugi byar anyamèni padhaning siyang. Papan pajajanan, papan kasênêngan namung tansah sarwa sumadhiya. Pamoring bôngsa warni-warni adamêl arjaning nagari, mila basa punapa kemawon pinanggih ing Hollywood. Dene pakaryanipun nagari ngriku ingkang agêng inggih punika damêl pilêm gambar idhup, botên pilih tiyang anèm, sêpuh, kaki-kaki, nini-nini, lare sami kangge ing damêl sada-

--- [39] ---

[Grafik]

Kapal mabur gadhahanipun Tuwan Johnson, satunggaling bôngsa Amerikah, ahli andamêl pilêm, nuju labuh wontên ing lèpèn tanah Borneo têngah.

--- 40 ---

ya, saya malih tumrapipun tiyang ayu, bagus, prigêl, sae suwaranipun, punika ingkang dipun pilala, wontên ingkang blanjanipun sabên minggu ngantos ewon dholar. Agêng aliting blônja punika gumantung anggèning kêpilih ing damêl, saupami ingkang kêpilih dados pangajênging lêlampahan, wontên ingkang lajêng tampi blônja ewon sabên minggu.

Bab pandamêling pilêm, punika warni kalih, anggambar kawontênan ingkang salugu utawi anggambar anggitan. Tumrap ingkang gambar kawontênan lugu namung nama limrah, kados ta anggambar kawontênan ing wana, punika sanadyan rêkaos, nanging salugu namung anggambar kawontênan ingkang botên ewah. Kados ingkang kacêtha ing gambar, punika bôngsa Amerikah ingkang dhatêng ing tanah Borneo têngah numpak motor mabur, prêlu badhe damêl pilêm gambar idhup kawontênan ing wana, tamtunipun waragadipun kathah sangêt.

Namung tumrap rêkaosipun botên kados manawi damêl gambar idhup pêpêthan kangge ngisèni lêlampahan, punika tumindakipun tansah gêgayutan kalihan para ahli, kados ta ahli ngarang cariyos, prêlu damêl karangan ingkang nêngsêmakên, mangke lajêng dipun cocogakên kalihan ahli andamêl gambar, murih sagêd prayogi pinanggihipun wontên ing wujud, tuwin kathah panimbang sanès-sanèsipun malih.

Sasampun makatên pandamêlipun kathah ingkang namung pêpêthan, kados ta anggambar tiyang linggih limrah, mangke pinanggihipun wontên ing gambar awujud tiyang inggih[6] piyambakan wontên ing sagantên wêdhi. Makatên ugi tumrap pêpêthan sanès-sanèsipun, kados ta griya-griya, punika namung kapêtha ing gambaran kemawon, kados bab punika para maos sagêd ngiripakên kalihan caraning tukang potrèt manawi anggambar tiyang wontên sangajênging kêlir, lajêng kados manggèn ing alam piyambak.

Caranipun anggambar wau sasampunipun dados lajêng dipun petani, ingkang botên prêlu, dipun bucal, salajêngipun dipun gathuk-gathukakên, wusana kenging dipun pitongtonakên.

Pawartos saking Redhaksi

K. 3187 ing Sleman, Sla, Lê (20) Jumadilakir (Jimakir) 1858 taun Walandi 1928, dhawah 4 Dhesèmbêr. Sla Lê Sawal 1840 (Be) 16, wuku Wayang, 10 Oktobêr 1911.

K. 1226 ing Gondhangwinangun 5 Dulkangidah 1920 dhawah 19 Juli. 1 Siyam 1922 dhawah 28 April. 27 Rêjêb 1925 dhawah 21 Pèbruari. 10 Sawal 1928 dhawah 1 April.

K. 3755 ing Ngayogya. 13 Jumadilakir, Je 1838 dhawah Ju Lê, botên Sn Pa, dhawah 2 Juli 1909.

K. 2567 ing Rêmbang. Jimakir kintên-kintên 57 taun kapêngkêr, Ju Pa Sawal dhawah tanggal 8 taun 1810 Walandi 2 Sèptèmbêr 1881, wuku Pahang, Wurukung, môngsa katiga.

K. 4033 ing Wanagiri. Kê Lê 3 Bêsar Alip 1811 dhawah wuku Pahang.

K. 318 ing Slèbês Sla Lê (20) Jumadilakir (Jimakir 1858) taun Walandi 1928 dhawah 4 Dhesèmbêr Sla Lê Sawal 1840 (Be) 16 wuku Wayang 10 Oktobêr 1911.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni: Boekoe Peladjaran "Selat" ka 1 karanganipun Radèn Mas Sapardi tuwin Ab. R. Bg. Sari-Pin al Tjoek, kawêdalakên dening St. Diyana p/a Hastama ing Surakarta.

Buku selat punika mênggahing pigunanipun, tumrapipun wontên ing jaman sapunika sampun kathah ingkang botên kêkilapan, mila pinanggihing tuntunan kados ing sêrat punika badhe agêng pigunanipun. Rêgi f 0.50.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun.

--- [41] ---

[Iklan]

--- 42 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Itali

Kala pêpêrangan ing Ngabêsi, Itali pinanggih tansah kêsêmpyok ing sabab saking nagari sanès, ingkang wosipun dipun sujanakakên manawi Itali ngantos mêkar panguwaosipun. Nanging ingatasipun Itali pangagru-agruning liyan wau tansah dipun tanggulangi ing rêmbag, malah dumugining brawala pisan inggih badhe dipun wontêni.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun raja mudha Graziani punapadene Aboena satunggiling pangagêng greja ing Ngabêsi, nuju kagarubyug ing têtiyang kathah badhe anjênêngi pahargyan mèngêti wiwit pêrang Itali kalihan Ngabêsi.

Nyarêngi kalamôngsa ingkang sae, pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi sagêd unggul, dêrênging sanès ingkang tumuju dhatêng Itali lajêng wontên mêndhanipun sawatawis, saha ing ngriku lajêng wontên titikipun bilih unggulipun Itali punika ugi anggadhahi daya ngindhakakên kaluhuran. Makatên ugi tumrapipun Itali piyambak, inggih lajêng ngrumaosi bilih kêkiyatanipun amitadosi, saha ing salajêngipun Itali mêwahi kêkiyataning wadyanipun. Ingkang makatên wau tamtu kemawon saya adamêl sônggarunggining nagari sanès, saha nagari sanès wau inggih namung ngêtut ombyakipun Itali.

Ing bab punika Itali tansah ngudi karukunan kalihan Jêrman, ingkang wosipun gadhah pangajêng-ajêng murih adêging nagari kêkalih punika têtêp angsal pangaji-aji. Sêdya wau ugi adhêdhasar ngajak rukun kalihan nagari-nagari Eropah sanèsipun. Pamawasipun Itali ingkang makatên punika adhêdhasar lêbêt, ingkang sagêd angèngingi sêdya ing bab sèlèh dêdamêl. Malah lajêng pamawasipun ngèmbèt dhatêng Polkênbon, amastani bilih tindakipun Polkênbon punika botên sagêd sumarambah ingkang raos sasami-sami. Ingkang [Ing...]

--- 43 ---

[...kang] makatên punika, Polkênbon kêdah dipun ewahi utawi dipun icali babarpisan. Ing ngriku Itali ngatingalakên sabab-sabab adhapur pamêlèh gêgayutanipun kalihan paekan ing kalanipun paprangan kalihan Ngabêsi, ingkang Polkênbon inggih tumut angêmori.

Makatên ugi Itali inggih tansah prayitna tuwin mawas dhatêng ebah osiking liyan, ingkang pantês dipun êtut inggih dipun êtut, wosipun sampun ngantos Itali gadhah tindak ingkang nyulayani kalihan wêwaton.

Ing ngriku Itali saya jêmbar anggèning supêkêtan kalihan nagari-nagari sanès, kados ta kalihan Switsêrlan, Ostênrik tuwin Jêrman. Kajawi punika inggih ngrêmbag ing bab kawontênanipun Honggari. Tumrapipun kalihan Yoegoslavie Itali saya wiwit rakêt. Ingkang pinanggih langkung wigatos, punika bab gêgayutanipun Itali kalihan Jêrman. Karukunanipun Itali ingatasing rêmbag kalihan Jêrman tuwin Honggari, dipun tindakakên dening Grap Ciano.

Ing bab kawontênan ing lautan têngah, punika tumrapipun Itali pancèn anggadhahi panguwaos wontên satunggiling pulo, dados anggèning gêgayutan kalihan lautan têngah, punika akajêng rumêksa tuwin anjagi kawilujênganing laladanipun. Beda kalihan panguwaosipun Inggris ingatasing babagan ing lautan têngah punika, awit pancèn kangge margi wigatos dhatêng jajahanipun. Dados ingatasing tindakipun Itali wontên ing lautan têngah punika mêngku kajêng angayomi punika lêrêsipun, botên akajêng makèwêdi dhatêng Inggris. Saupami kalampahan wontên pasulayan, Itali gadhah wêwaton.

Tumrapipun Inggris kalihan Itali pancèn wontên sêsulakipun badhe sulaya, nanging saupami kalampahan dados pasulayan, botên sande inggih badhe mrèmbèt tuwin nuwuhakên pasulayaning sanès. Mênggah rekadayanipun, ingkang minôngka panulak, botên sanès, kêdah nindakakên karukunan yêktosan. Dados saupami Itali dipun lêlêp-lêlêpakên, tamtu nuwuhakên gumregahing kabangsan Itali.

Ingkang makatên wau tumrapipun Itali pinanggih namung sarwa sumadhiya, ing bab karukunan, pancèn dipun sêdyakakên, sagêda ing donya punika namung isi karukunan. Nanging ing bab dêdamêl, Itali botên badhe ngêndhoni saking cêpêngan.

Pulitikipun Sang Mussolini pancèn linangkung, tumrap pamawasipun nagari sanès, pinanggih namung sarwa gawat. Wontên panggrayangan bilih mungaling jajanipun Itali, jalaran saking sampun angsal manah saking Jêrman.

Tumrap Inggris inggih katingal anggèning sampun nayogyani tumindaking karukunan kalihan Itali, nanging ing ngriku pinanggih wontên ucap sumêngit saking Itali ing bab babagan lautan têngah, sisip sêmbiripun sagêd nuwuhakên sabab ing wingking. Namung pinuji mugi raos ingkang kados makatên punika sagêda sirna saha angosokwangsul pinanggiha dados sae.

--- 44 ---

Sanjata Potrèt

Tumraping sanjata, punika ugi wontên babadipun, mênggah babading sanjata wau akajêng saya mindhak-mindhak ing sae tuwin sampurnanipun. Ing jaman kina, wiwit sawontênipun sanjata, sagêd ngapêsakên sawarnining dêdamêl landhêp, inggih kadospundi anggèning dêdamêl landhêp sagêd nandhingi, awit tumrapipun sanjata sagêd anglêpasi saking katêbihan, balik dêdamêl landhêp, sagêdipun tumindak namung manawi ajêng-ajêngan, bêbasanipun manawi kantun nyunyuk-nyunyukan.

Dene sanjata wau inggih kina piyambak dipun wastani sanjata lantakan, caraning ngisèni obat mimis dadakan, kalêbêtakên saking lup, sarana dipun lantaki. Caraning nglantaki: obatipun rumiyin dipun lêbêtakên, lajêng dipun dhêdhêt mawi lantak, murih madhêt, lajêng gotri utawi mimisipun lajêng sruwa sêpêt, dipun dhêdhêt malih. Sasampunipun punika lajêng masang dhobis wontên ing papan platukan, ing mangke samôngsa platukipun dipun latulukên, dhobis wau kêthuthuk lajêng ngêdalakên platuk lumêbêt ing bolongan ingkang anjog salêbêting lup, angèngingi obat, lajêng mungêl: dhêl.

Sayêktosipun sanjata kados makatên wau taksih kêrebyegên sangêt, upami caraning têtandhingan, taksih kenging dipun ayoni kalihan jêmparing, awit antawising lumêpas undha-undhi kemawon. Salajêngipun wontên sanjata mawi patrum, lêbêting obat mimis saking wingking sampun mawi wadhah, tumindakipun sagêd rikat, namung kantun cêklèk, dhêng, cêklèk, dhêng. Punika sampun rêkaos dipun lawan.

Lajêng mindhak malih sanjata rêpêtir, punika sagêd mungêl têrus-têrusan. Lajêng wontên malih sanjata mêsin, ungêlipun tanpa kèndêl, suwaranipun ngantos angèl dipun tirokakên ing cangkêm. Nanging sadaya punika lèrèg dados dêdamêling paprangan.

[Grafik]

Tumrapipun sanjata limrah inggih sampun botên kêkirangan indhaking saenipun, ngantos ngrampungi kangge nyanjata gajah. Ing sapunika sanjata pirantos ambêbêdhag wau wontên ingkang dipun kanthèni pirantos motrèt, sabên dipun ungêlakên dhêl, lajêng sagêd ningali kenging lan botênipun ingkang dipun sanjata. Wujudipun kados ing gambar.

Tamtunipun tumrap juru ambêbêdhag prêlu sangêt gadhah pirantos ingkang kados makatên punika, awit botên namung dados pasaksèn manawi angsal kewan kemawon, sanadyan angsal tiyang inggih lajêng cêtha ngegla.

--- 45 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Tiyang Lampung saha Tata Ngadatipun.

Têtiyang Lampung punika manggèn ing pulo Sumatra ingkang sisih kidul piyambak, ingkang winastan paresidhenan: Lampongsche districten, kangge gampilipun kula wastani tanah Lampung. Bokmanawi langkung cêtha manawi kula matur makatên: têtiyang Lampung punika manggèn wontên ing sacêlakipun gêdhong tatakan, inggih punika panggenanipun têtiyang Jawi ingkang sami kapurih boyongan dhatêng pulo Sumatra.

Babadipun Têtiyang Lampung.

Sarèhning têtiyang Lampung botên gadhah sêrat babad ingkang gumathok, dados inggih botên anggumunakên bilih wontên dêdongengan warni-warni (ingkang beda-beda), ingkang nyriyosakên asal-usuling têtiyang ingkang sami manggèn ing tanah Lampung. Sumôngga kula aturi tuladhanipun sawatawis:

Wontên ingkang cariyos, bilih têtiyang Lampung punika turunanipun Nabi Adam.

Wontên malih ingkang cariyos bilih têtiyang Lampung punika turunipun Naga Bisang, putranipun Narendra Majapait ingkang sapisan.

Ugi wontên ingkang andongèng bilih aslinipun têtiyang Lampung punika saking tigan.

Wontên tiyang sanès ingkang mratelakakên, bilih ingkang nurunakên têtiyang Lampung punika Sang Dewa Sanambalan. Sang dewa krama pikantuk widadari Simuhun, saha apêputra tiga, inggih punika:

1. Prabu Sijawa, narendra Majapait.@2. Prabu Sipasundhayang, narendra Pajang.@3. Prabu Silampung, narendra Balo, ingkang nurunakên têtiyang Lampung.

Bokmanawi têtiyang Lampung punika aslinipun saking Sumatra êlèr, saha têngah, (kapetang tumut bôngsa Malayu ingkang asli), ingkang kaplajêng dening ngrêbdanipun agami Islam.

Sayêktosipun ingkang manggèn wontên ing tanah Lampung punika kalih golongan, inggih punika:

Ha, golongan Abung, manggèn ing parêdèn.

Na, golongan Lampung, manggèn wontên ing tanah ngare.

Dene ingkang kula wastani têtiyang Lampung punika sadaya golongan.

Ing kala rumiyin golongan kêkalih wau tansah bôndayuda, kados ta manawi wontên tiyang saking golongan Abung badhe rabi. Caranipun makatên: [maka...]

--- 46 ---

[...tên:] pun jaka kêdah ngatingalakên kêkêndêlanipun, sintên ingkang botên kêndêl inggih botên pajêng rabi.

Kacariyos, ing satunggiling dintên pun jaka kanthi kônca sawatawis sami samêkta dêdamêl, mandhap saking parêdèn prêlu nigas gulunipun têtiyang saking golongan Lampung. Manawi sêdyanipun sampun kasêmbadan, têgêsipun manawi sampun sagêd nigas gulunipun mêngsahipun, pun jaka wangsul dhatêng griyanipun. Ing sanès wanci pun jaka sowan dhatêng badhe marasêpuhipun mawi anyangking sirahing mêngsahipun ingkang dipun isèni êmas sawatawis.

[Grafik]

Têtiyang Lampung mangangge cara adat.

Sarèhning ing kala rumiyin (ngantos taun sèwu pitung atusan), têtiyang Lampung asring sangêt cêcongkrahan, ing môngka: congkrah adamêl bubrah, dados têtiyang Lampung ical dayanipun, botên kiyat nanggulangi kurdaning mêngsah saking jawi, kados ta: bôngsa Bugis, têtiyang saking Bantên tuwin Plembang.

Tanah saha têtiyang Lampung ing wêkdal samantên prasaksat golekan, dipun angge rêbatan saha dolanan ngrika-ngriki, upaminipun ing taun sèwu gangsal atusan, dipun angge rêbatan dening karajan Plembang kalihan krajan Bantên, amargi tanah Lampung punika sugih mrica.

Kirang langkung taun sèwu nêm atusan, tanah Lampung dipun bawahakên karajan Bantên. Kawontênan ingkang makatên kangge têtiyang Lampung wontên saenipun, awit kajagi dening Bantên supados botên dipun ridhu kalihan bôngsa Bugis. Ananging ugi wontên botên sakecanipun, awit watakipun têtiyang Lampung punika rêmên ngatingalakên brêgasipun, cengkrenipun, saha sasaminipun. Dados sayêktosipun inggih botên patos rêmên dipun bawahakên Bantên.

Para narendra Bantên pirsa watêkipun têtiyang Lampung. Supados purun mituhu saha miturut Bantên, têtiyang Lampung sami dipun ganjar sêsêbutan ingkang inggil-inggil, kados ta: pangeran, tumênggung, ngabèi, saha sasaminipun. Malah wontên sêsêbutan ingkang winastan: bumi, inggih punika cêkakan saking: Mangkabumi.[7]

Ngantos sapunika sêsêbutan kasêbut ing nginggil lêstantun kaangge. Ganjaran sêsêbutan wau wunastan: pêpadhon. Ing sanès dintên prakawis punika badhe kula andharakên ingkang ragi panjang. Badhe kasambêtan.

Suyana - Adinata.

--- 47 ---

Kagunan Jawi

Ringgit Tiyang ing Têrnate

Rumiyin kala ing wulan Agustus 1935 nyarêngi wiyosan dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhèlminah, panjênênganipun Litnan Suwardi ingkang samangke sampun pindhah dhatêng Bandhung bataliyon 15, mundhut têtingalan kêthoprak dipun gêbyagakên ing gêdhong bioskup, punika inggih kula èstokakên sarana ngrukunakên para sadhèrèk ingkang sami kasdu andhapuk.

[Grafik]

Srimpi lare-lare èstri para anaking militèr ing Têrnate.

Lajêng kala ari adi taun '35 dipun pundhuti ringgit tiyang, kagêbyagakên ing salêbêting dhetasêmèn sarana damêl griya agêng, kados ingkang kaêwrat ing Kajawèn taun 1936 nomêr 12.

Kala Agustus ingkang nêmbe kapêngkêr punika, tuwan wau ugi mundhut têtingalan pêthilan ringgit tiyang, wirèng, jogèd bendrong, panêmbrama lare-lare èstri anaking militèr, panêmbrama tiyang sêpuh, jogèd Pênthul Têmbêm, bôngsa militèr Mênadho dipun pundhuti Cakalele. Sadaya wau sami dipun èstokakên kanthi lêganing manah.

Mila saking gagapan kula têtingalan Jawi punika taksih dipun gatosakên dening para bôngsa ngamônca. Tôndha yêktinipun, nalika samantên ingkang sami rawuh mriksani kathah sangêt, ngantos sawênèh botên angsal panggenan, para pangkat agêng alit sami mriksani.

Mila eman sangêt bilih sawênèh sok wontên sadhèrèk Jawi ingkang kasupèn dhatêng kagunanipun piyambak, lajêng ngêbyuk dhatêng kagunan sanès. Ewasamantên kula kintên, bilih bab punapa kemawon tamtu mawi kalamôngsa. Botên sande tamtu badhe èngêt malih, wangsul ngajêngakên kagunan lan daganganipun piyambak.

Sapunika kula nglajêngakên atur kula ing ngajêng. Sampun dados tata ngadatipun para sadhèrèk militèr [mi...]

--- 48 ---

[...litèr] Jawi wontêna ing pundi kemawon, sabên ari adi lêbaran Siyam tamtu angwontênakên ropyan-ropyan sakadaripun miturut agêng aliting wragad pirukunan.

Nanging kawontênan kula ing Têrnate nalika ngajêngakên ari adi ingkang nêmbe kapêngkêr punika anglês balung sungsum kados dipun lolosi, amargi Tuwan Litnan Suwardi ingkang sok ngayomi bab têtingalan, nalika tanggal 26 Nopèmbêr kapindhah dhatêng Bandhung. Saking pamanggih kula gèk sintên ta malih ingkang badhe ngayomi têtingalan ari adi. Ing môngka kula angkah langkung rame malih katimbang ingkang sampun. Gèk pangkat militèr Jawi botên wontên sanèsipun, kajawi namung kula thokthil namung pangkat kopral griya sakit. Dados sanès lêrêsipun tinimbang para sadhèrèk militèr ing ngriku. Môngka wiwit wulan Rêjêb kula sabên sontên anggladhi para sadhèrèk ingkang sami purun tumut andhapuk ringgit lan ugi anggladhi lare-lare èstri anaking militèr, prêlu kangge srimpèn.

Saking judhêging manah kula lajêng nekad nyuwun idi palilah dhatêng tuwan dhetasêmèn kumêndhan, supados kaayoman kajad kula wau.

Wusana saking sih parimirmanipun tuwan dhetasêmèn kumêndhan A.J. Pruymboon panyuwun kula wau dipun parêngakên, malah pikantuk sumbangan dilah listrik sadasa, tur padhangipun anyêkapi. Punapa malih Tuwan Litnan F.H. Berghuys lan wadyabalanipun, sami tumut ambantu anggèn kula ngêdêgakên griya wêlit, ingkang badhe kangge ringgitan.

Samantên anggènipun sami karsa angaosi bab têtingalan ringgit tiyang. Mila wajib kula ngaturakên gênging panuwun.

Sarêng griya sampun dados lan cèplês kula pasangi tonil, lajêng ing malêm ari adi tanggal 14/15 Dhesèmbêr para sadhèrèk militèr Jawi lan Sundha ing wanci jam 7 sontên sami kêndhuri, manggèn ing griya ingkang kula aturakên wau, salajêngipun sami lèk-lèkan, sawênèh wontên ingkang ngaos minôngka nyênyuwun sihing Pangeran. Lajêng enjingipun sami alal-bahalal.

Sontênipun malih, tanggal 15/16 Dhesèmbêr, wiwit jam 7 sontên nampi tamu saking wêwêngkoning dhetasêmèn, punapadene sajawining bètèng. Ingkang kula suwuni tulung among tamu, panjênênganipun Sêrsan Suatan bôngsa Mênadho, amargi kula nyambut damêl kangge prêluning pahargyan wau. Jam 8 kula kundhisèkakên. Jam 8.15 kula wiwiti srimpèn lare-lare èstri anaking militèr, kados ingkang kacêtha ing gambar punika. Ingkang lênggah punika Nyonyah Mardiyan, ingkang ngadêg Nyonyah Kariyawiranak. Dagverblijfhouder, kalih-kalihipun sami ingkang ngarang sandhang panganggenipun lare-lare punika.

Sakèndêlipun srimpèn, lajêng miwiti ringgit tiyang, lampahanipun Pandhu Bragolamanik. Ingkang sami rawuh mriksani sami nutug ngantos sabibaripun, amargi badhe mirsa Garèng dipun cêmplungakên ing samodra. Badhe kasambêtan

Kopral Sikên Phêrplèkhêr.

Mardiyan.

--- 49 ---

Pikraman Dalêm Rajaputri Juliana

I. Pahargyan Kraman ing Nagari Walandi.

Kados ingkang sampun kajangjèkakên ing nomêr pahargyan kraman wiwit wêdalipun Kajawèn ing dintên punika tuwin salajêngipun, badhe ngêwrat kawontênanipun pahargyan kraman sagambaripun pisan. Ing sarèhning gambar-gambaripun dèrèng pêpak, ing ngriki namung badhe ngêwrat sawontên-wontênipun rumiyin. Mugi andadosakên kauningan. Langkung rumiyin ing ngriki badhe nyariyosakên sawatawis kawontênanipun ing Dhênhah (nagari Walandi) kala tapukipun damêl.

[Grafik]

Raja Putri Juliana sakalihan Sang Pangeran Bernhard.

Malêm Kêmis tanggal 5/6 Januari ing kitha Dhênhah sadalu muput tansah rame, prasaksat kadosdene botên wontên tiyang tilêm. Sadaya rèsturan punapadene gêdhong gambar idhup ing dalu punika sami kabikak ngantos jam 3 enjing. Maèwu-èwu tiyang saking sajawining kitha, ingkang sami mrêlokakên dhatêng ing Dhênhah kêpengin badhe anjênêngi tapuking damêl kraman dalêm Raja Putri Juliana wau, ingkang kathah sami botên wani tilêm, kuwatos bilih enjingipun lajêng sami krainan ingkang anjalari botên angsal papan kangge nonton langkungipun pangantèn agung dhatêng greja, ingkang badhe kangge ngijabakên pangantèn wau. Amila têtiyang ingkang maèwu-èwu cacahipun wau ing dalu punika, wontên ingkang namung sami lumampah-lumampah, wontên malih ingkang lajêng sami lêlênggahan jajan wontên ing rèsturan, nanging ugi wontên ingkang lajêng sami nonton gambar idhup. Ing ngriku pikajêngipun botên sanès ngêmungakên, janji ing dalu wau botên lajêng

--- 50 ---

kêtilêman. Sarêng wancinipun rèsturan sarta gêdhong-gêdhong gambar idhup sami katutup, inggih punika jam 3 enjing kados kasêbut ing nginggil, têtiyang wau lajêng sami ngupados panggenan ing sapinggiring margi-margi ingkang kangge langkung pangantèn agung.

Jam 5 enjing sauruting margi sampun pêpêt dening têtiyang nonton. Sanadyan têtiyang sadaya wau kêpêksa kêdah ngêntosi sawatawis dangu, ewa samantên sami katingal sênêng lan gêmbira, kawêwahan ing enjing punika, sanadyan dalunipun katingal mêndhung, dumadakan lajêng têrang glinthang.

Kacariyos mênggah sakiwa têngênipun kadhaton. Ing ngriku katingal asri lan anêngsêmakên dening wontênipun para prajurit dharatan tuwin kapalan ingkang sami pacak baris. Inggih punika para prajurit ingkang sami badhe nguntabakên tindakipun pangantèn agung dhatêng greja.

Kirang langkung jam 11, kareta kêncana ingkang badhe dipun titihi pangantèn agung, makatên ugi kareta titihan dalêm Sri Maharaja Putri Wilhelmina, sarta kareta-kareta sanèsipun ingkang badhe dipun titihi para pangagêng lan para luhur ingkang badhe andhèrèkakên pangantèn, sampun sami kasadhiyakakên wontên ing sangajênging karaton.

Jam 11 thèng, badhe pangantèn sakalihan miyos saking kadhaton, musik ingkang kasadhiyakakên wontên ing sangajênging kadhaton ngriku, sanalika lajêng ngungêlakên lagu: wilhèlmês, ingkang kabarung ing suwaraning tiyang nonton ingkang maèwu-èwu kathahipun. Kalanipun Sang Raja Putri Juliana tuwin Sang Pangeran Bernhard minggah ing kareta kêncana, suraking tiyang mawurahan, kadosdene ngorêgakên bumi.

Ing Kajawèn nomêr pahargyan kraman sampun kacariyosakên, bilih pikraman dalêm Raja Putri Juliana kalihan Sang Pangeran Bernhard punika nikahipun kaping kalih, sapisan anêtêpi tataning praja wontên ing Stadhuis, kaping kalih nêtêpi saraking agami, wontên ing greja.

Kacariyos kawontênanipun ing sakiwa têngêning Stadhuis. Kintên-kintên jam 9 enjing, ing ngriku sampun katingal sari sayêktos, dening wontênipun barisan para murid opsir lautan sarta dharatan, ingkang katata sae sangêt. Kirang langkung jam 9.30 barisan wau, dipun wêwahi dening barisanipun para sêtudhèn pamulangan luhur ing Leiden, Utrecht, tuwin Amsterdam, ingkang sami mangangge topi mawi jambul wulu sawung tuwin balêbêt suku pêthak. Dhasar taksih mudha kawêwahan sami pangajaran, brêgasing tandang tuwin lampahipun, inggih adamêl gawoking para mriksani. Kajawi golongan kalih kasêbut ing nginggil, ingkang sami pacak baris wontên ing ngriku, sagolonganing prajurit andhungan ingkang badhe kakintunakên dhatêng tanah jajahan.

Rawuhipun badhe pangantèn wau ing Stadhuis, anêtêpi kadosdene ingkang sampun katêmtokakên. Wontên ing ngriku, badhe pangantèn kapêthukakên dening wakil Burgêmistêr Paduka Tuwan: Prof. Ir. C.L. van der Bilt, ingkang ing kala punika ngrasuk pangagêman agêng, paduka Baron Rengers, tuwin pangagênging kantor Burgêmistêr Paduka Jhr. Six, ugi ngrasuk pangagêman agêng, ingkang sarwi abrit saha

--- 51 ---

ingkang katingal angrêsêpakên.

Klayan kinurmatan suwaraning musik lagu: wilhèlmês, Raja Putri Juliana, ingkang agêm-agêmanipun rinenda-renda, mêdhak saking kareta kêncana sêsarêngan kalihan Sang Pangeran Bernhard. Têtiyang nonton sami surak rame, dene para prajurit ingkang sami pacak baris, sami angadêg anjêjêr tanpa ebah, sarwi nêlungakên pandhêlipun.

[Grafik]

Kreta kêncana

Kareta sawingkingipun kareta pangantèn, titihan dalêm Sri Maharaja Putri Wilhelmina, ingkang kaapit-apit dening para opsir numpak kapal, inggih punika para opsir ordhênas. Ing ngriki prêlu kacariyosakên, bilih Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, ingkang ing kala punika ugi anghèrèk jagong wontên ing Nèdêrlan, ugi tumut kapilih dados abdi dalêm, ordhênasing Sri Maha Raja Putri Wilhelmina wau.

Nikahipun pangantèn agung wontên ing Stadhuis wau, mawi dipun saranani loudspeaker (inggih punika pirantosing kangge nyorakakên suwara) amila tiyang kathah lajêng sagêd sami tumut mirêngakên sadaya kanthi cêtha. Sasampunipun, têtiyang sadaya wau ngêntosi miyosipun pangantèn agung saking Stadhuis ingkang samangke sampun kakung putri miturut pranatan praja, enggènipun badhe tindhak dhatêng greja prêlu nikahan malih miturut saraking agami.

Ing ngriki kados prêlu nyariyosakên sakêdhik mênggahing wontênipun tatanan ing greja kala ijab dalêm Raja Putri Juliana kalihan Sang Pangeran Bernhard, kanthi cêkak makatên:

Ing salêbêting greja ing kala punika wujudipun prasaksat botên ewah, ngêmungakên ing papan têngah, palênggahan bangku dipun gantos kursi. Jobinipun dipun gêlari babut abrit sêpuh. Ing sangajênging mimbar, kapasangan bangku kangge jèngkèng pangantèn sakalihan [sa...]

--- 52 ---

[...kalihan] mawi dipun dèkèki bantalan pisungsung saking pakêmpalan "Arbeid adelt", sangandhaping bangku pajengkengan wau kagêlaran babut, dene babut kalihan bangku punika rumiyin ugi kagêm ngijabakên Sri Maha Raja Putri Wilhelmina nalika krama kalihan Sang Prins Hendrik.

Mimbaripun ing kala punika karêngga-rêngga ing sêsêkaran pêthak, katingal asri sangêt.

Sangajêngipun mimbar lêrês, papan palênggahanipun pangantèn sakalihan. Ing sendheyaning papan palênggahan dipun gambari wapênipun praja Lippe tuwin Nederland.

Dene papanipun pandhita ingkang nikahakên, kalêrês wontên ing sawingkingipun bangku pajengkengan wau.

Sakiwa têngênipun palênggahaning pangantèn, dipun wontêni papan palênggahan kalih, palênggahanipun para patah lare.

Sawingkingipun lêrês papan palênggahanipun pangantèn, papan palênggahan dalêm Sri Maha Raha Putri Wihelmina, palênggahanipun Prienses Armgard tuwin para nata sanès-sanèsipun.

Klayan kinurmatan ing suwaraning orgêl, pangantèn sakalihan sapandhèrèkipun, sami lumêbêt ing greja, sarta kaaturan mapan lênggah ing papanipun piyambak-piyambak.

Mênggah tatananipun lênggah makatên: Sri Maha Raja Putri Wilhelmina lênggah wontên ing sawingkingipun Raja Pitri Juliana, dene Putri Armhard sawingkingipun Pangeran Bernhard. Pangeran Aschwin anjèjèri Kangjêng Sri Maha Raja Putri Wilhelmina sarta kajejeran Raja Putri ing Lippe, nata ing Waldeck, putri Carola ing Lippe, satriya agêng (Groothertog) ing Mecklenburg, Raja Putra ing Erbach, pangeran pati ing Mecklenburg, Putri Alice, saha nata ing Bentheim.

Dene ing iringanipun Putri Armhard, satriya (Hertog) ing Mecklenburg, putri ing Oldenburg, nata ing Lippe, Putri Rôndha ing Saksen- Meiningen, Pangeran Julius ing Lippe, Putri Adolf Freiderich, satriya agêng ing Oldenburg, putri agêng ing Mecklenburg sarta satriya ing Kent rayi nata Inggris.

Larikan kaping kalih saking kiwa manêngên, Pangeran Ernst August ing Lippe, Nyonyah Beelaerts van Blokland, Obrus Van Pandschulidzew, Putri May Smith, Graaf von der Goltz, Putri Julius ing Lippe, Graaf van Athlone, Raja Putri Bentheim, Satriya agêng ing Oldenburg. Graaf Rabe Oeynhausen, Gravin von der Goltz, Jhr. Beelaerts van Blokland, Gravin Oeynhausen, Mayor Smith, Jonkvrouw van de Poll sarta Propesor Huizinga.

Wondene patah jalêr èstri sami ngadêg wontên ing sakiwa têngêning mimbar, sawingkingipun mimbar, para tamu sanèsipun ingkang sami dipun ulêmi piyambak dening pangantèn sarimbit, kalêbêt ugi kônca sinaunipun Raja Putri Juliana. Dene kursi-kursi sawingkingipun ingkang kaaturakên wau, kêbak para tamu agung sanèsipun, kalêbêt para ministêr.

Bibar ijab ing greja, pangantèn sakalihan dalah ingkang sami anggarêbêg, mubêng kitha.

Kados samantên kemawon sampun cêkap panggambar kula pahargyan kraman dalêm ing Dhênhah.

--- 53 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI

R.A.A. Kusumo Utoyo kagungan damêl mantu. R.A.A. Kusumo Utoyo, warga Raad Kawula ing Bêtawi mêntas kagungan damêl mantu ngramakakên putrinipun R. Ajêng Utariah dhaup kalihan Mr. R. Sudiman Kartohadiprojo, putranipun suwargi Bupati Pasuruan. Tamu ingkang rawuh para agung Walandi tuwin tiyang siti. Pangantèn sakalihan kados ingkang kacêtha ing gambar.

[Grafik]

Kamajênganipun Sanapustaka Aryomo. Ing salêbêting taun 1936, sanapustaka Aryomo ing Mangkukêsuman Ngayogya, sampun sagêd nyambutakên buku kathahipun 6748. Manawi katandhing kalihan taun 1935 kapetang kêmajênganipun tikêl kalih, sabab kala taun punika namung 3165 ingkang kasambut (A.).

Têlêgram ngunjukakên kasugêngan. Kala tanggal 6 Januari 1937 K.T. Ingkang Wicaksana ngunjukakên têlêgram dhatêng Sri Bagenda Maharaja Putri, tuwin dhatêng Sri Paduka Prinsês Juliana, saking K.T. Ingkang Wicaksana sakalihan tuwin saking parentah punapadene rakyat ing tanah ngriki. Suraosipun ngunjukakên kasugêngan krama dalêm Sri Paduka Prinsês Juliana kalihan Sang Pangeran Bernhard von Lippe Biesterfeld.

Nata Jawi maratamu dhatêng Bogor. Wontên wartos, benjing tanggal 28 wulan punika Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana mara tamu dhatêng Bogor. Panampi dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana wontên ing tanggal 30 Januari. Dene tanggal 2 Februari gêntos nampèni Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Ngayogyakarta.

Bêna agêng ing Surakarta. Ing laladan kitha tuwin sajawining kitha Surakarta mêntas wontên bêna agêng saking lubèraning bênawi Sala. Ing sajawining tanggul kathah sabin tuwin patêgalan ingkang kêlêban toya. Griya-griya sami kêlêban, têtiyangipun botên sagêd ngungsèkakên barang-barangipun. Ing nalika nêngah-nêngahi bêna kathah tiyang ingkang manggèn ing wuwungan griya. Pangrèh praja ibut anggèning nindakakên pitulungan. Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana kadhèrèkakên pangagên Walandi tuwin Jawi têdhak mriksani dhatêng papan kasangsaran. Têtiyang ingkang kêbênan sami angsal cadhong sêkul. Wontên mayit 4 pinanggih kèli. Ing sadèrèngipun bêna sampun wontên tilpun saking Wonogiri, suka sumêrêp bilih ing Wonogiri jawah agêng, mila ingkang wajib sagêd mradinakên suka wartos. Padvinder Trunakêmbang dipun tindhihi B.K.P.H. Purbonêgoro tumindak têtulung, punapadene padvinder K.B.I. H.W., Natipij. J.P.O. tuwin Kridomudha ugi sami têtulung.

Ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, Mas Mudayat ugi nama Mas Yudokusumo, asistèn wêdana Paresidhenan Kêdiri, dados ajunct jaksa Landraad ing Kêdiri. Mas Joyodiputro, jaksa Landraad ing Madiun, dados asistèn wêdana Paresidhenan Malang. Suryadi alias Radèn Ismangun Danusubroto, asistèn wêdana Paresidhenan Malang, dados ajunct jaksa Landraad ing Pamêkasan, Madura, Radèn Mohamad Bakri, ajunct jaksa Landraad Pamêkasan, jaksa Landraad ing Bangkalan, Madura.

Sinau Kawruh dhatêng Ceylon. Dr. Th. Hudt directeur Prufstation Jawi Kilèn, badhe dhatêng Ceylon, pêrlu nyinau babagan

--- 54 ---

tanêman tèh tuwin pandamêlipun. Ing tanggal 22 tuwin 23 Januari ing Ceylon kawontênakên rêpat taunan babagan tèh. Dr. Hudt wau anggènipun dhatêng Ceylon nganthi tuwan J.C.A. Bosschieter, administrateur kabudidayan ing Cigombong Cisadea.

Karisakan margi sêpur Klathèn-Prambanan. Jalaran saking wontêning bêna, adamêl risaking margi sêpur S.S. tuwin N.I.S. Sêpur dalu botên sagêd lajêng, kêpêksa pindhah tumpakan. Nanging ing sapunika sampun pulih malih.

Bêna ing Ngayogya. Lèpèn Opak, Oya tuwin Winanga mêntas sami bêna agêng. Pangagêng nagari ingkang wajib sami mriksani dhatêng papaning bêna. Krêtêk Parangtritis kèli, lampahing têtumpakan kandhêg. Kathah kewan tuwin griya sami ical, kasangsaran tiyang botên wontên. Sakubêngipun Krètèk katingal kados sagantên. Sabin ingkang kêrêndhêm toya kintên-kintên 1500 bau.

Wisudan bupati. Kawartosakên, R. Suryoadicokro, patih ing Malang, dados bupati ing Pacitan, angsal sêsêbutan Tumênggung. M. Prawirowijoyo, patih ing Kêdiri, dados bupati ing Nganjuk, angsal sêsêbutan Radèn tuwin Tumênggung.

Paring pangapuntên. Anyarêngi dhawahing dintên pikramèn dalêm Sri Paduka Prinsês Yuliana, awit saking kaparêng dalêm Sri Bagenda Maha Raja Putri, aparing pangapuntên dhatêng punggawaning kapal Marine ingkang dipun kunjara, jalaran ura-uru kala ing taun 1933, kanthi prajanjian utawi botên. Kalampahanipun wontên sabibaring pikramèn.

Kajawi punika, ing tanggal 7 Januari punika, K.T. Ingkang Wicaksana nyuda ukumanipun têtiyang kathah ing tanah ngriki, wontên ingkang kasuda 2 wulan tuwin wontên ingkang ngantos 6 wulan. Wontên malih ukuman kirangipun saking samantên tuwin ukum dhêndha ingkang dipun icalakên babar pisan.

Golongan tiyang awon ing Nganjuk. Mantri pulisi sandi Tuwan Sukarjiman ing Nganjuk mêntas nyêpêng golongan tiyang awon, ingkang madêg saking golonganing tiyang ingkang manggèn ing Kêdiri, Kêrtosono, Blitar tuwin Peterongan (Jombang). Têlênging golongan tiyang awon punika manggèn ing Blitar. Ingkang sampun kacêpêng wontên tiyang 12. Têtiyang wau ingkang kathah asli saking Nganjuk. Têtiyang ingkang kacêpeng wau wontên ingkang tilas priyantun. Sêdyaning golongan punika badhe anjêmbarakên têbanipun wontên ing Jawi Wetan, ing Surabaya tuwin Madiun, badhe nindakakên kadurjanan sêsarêngan. Pulisi sandi ing Kêdiri ugi sampun sagêd nyêpêng tiyang. Têtiyang wau ingkang kathah sami golongan angguran.

Nanggulangi padagangan tiyang èstri bangsa Arab ing Sêmarang. Awit saking ada-adanipun bangsa Arab ing Sêmarang, kalampahan sampun ngêdêgakên comite ingkang kanamakakên. Lujnah Al-muhaaffadhoh ala Syarufil Arab, utawi Comite Pêrlindung Kêhormatan bangsa Arab. Sêdyaning comite punika nindakakên damêl kados sacaraning P.P.P.P.A. Adêgipun katêtêpakên wiwit 25 December 1936.

Papan nyambut damêl enggal. Pakêmpalan bangsa Jêpan ingkang nama Oost Borneo Maatschappij, nindakakên damêl, nêgori kajêng ing Sangkulirang. Kajawi kuli-kulinipun, punggawa sanès-sanèsipun bangsa Jêpan. Sarèhning miturut palilah, punggawanipun ing ngriku ingkang kathah kêdah tiyang siti, sapunika sawêg dados papriksanipun ingkang wajib.

Dhatêng Nieuw Guinea. Ing bab lampah dhatêng Nieuw Guinea badhe katindakakên wontên ing wulan Februari utawi wêkasaning wulan Maart, kanthi nyewa kapal api. Salajêngipun badhe bidhal saking Eilandenrivier numpak baita motor. Ing bab tumindaking papriksan siti dèrèng katêtêpakên, ngêntosi rampunging papan anggêgana ing Tanah Merah.

Campuh jalaran babagan agami. Ing masjid Ujung Pandan, Padang, tuwuh pasulayan sakalangkung rame. Pasulayan wau tuwuh saking golongan kina tuwin golongan enggal, ing bab babagan agami. Pasulayaning golongan kalih nuju bibar sêmbayang wanci dalu. Sarêng campuh, dilahipun ing masjid dipun pêjahi, dados anggèning pasulayan wontên ing pêtêngan. Ing ngriku lajêng dipun dhatêngi pulisi, kenging dipun sirêp. Tiyang ingkang kêtaton lajêng kabêkta dhatêng griya sakit. Wontên tiyang 6 ingkang kakintên dados pangajêng dipun cêpêng.

Kapal Van der Wijck botên dipun êntasakên. Miturut pawartos, atas saking dhawuhing parentah, kapal Van der Wijck ingkang kèrêm, botên badhe dipun êntasakên.

EROPA

Tilas Nata Inggris saèstu krama. Kawartosakên, Hertog Windsor (tilas Nata Inggris), benjing wulan Mèi ngajêng kaparêng badhe krama kalihan Mrs. Simpson wontên ing greja Anglicaansch ing Weenen, ing sacêlaking wêwakil karajan Inggris. Sasampunipun krama lajêng badhe dhatêng Dubronnik, inggih punika wontên satunggiling griya ingkang kala wulan Februari 1936 Sang Hertog tuwin Hertog van Kent.

[Grafik]

Pêpanggihanipun sinatriya agung. Dèrèng dangu, Prins-regent Paul saking Joegoslavie sakalihan pramèswari Putri Olga rawuh ing London, dipun papag panjênênganipun Hertog van Kent. Prins Regent Paul punika ipenipun Sang Hertog van Kent. Dene rawuhipun ing Inggris namung lancaran.

--- 55 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun Baronesse Orczy.

24

XIV Manah Samar

Klayan panggalih susah, Lèdhi Blakêne taksih lêstantun lênggah dhêlêg-dhêlêg piyambakan wontên ing kamar busana, ingkang korinipun ing kala punika mênga saha saking ngriku sagêd katingal gambiraning para tamu ingkang sawêg sami dhangsah. Nanging Lèdhi Blakêne tanpa nolèh ngiwa utawi nêngan, ngêmungakên mancêrêng tingalipun, pratôndha bilih sawêg anawung panggalihan wigatos.

Mênggah sajatosipun, anggèning Lèdhi Blakêne tansah lênggah dhêlêg-dhêlêg kemawon wau, amargi tansah amanggalih ingkang badhe kadadosan ing salêbêtipun kamar dhahar. Dene ingkang kagambar wontên ing angên-angênipun Lèdhi Blakêne makatên:

Ing salêbêting kamar dhahar ingkang wiyar, nanging sêpên botên wontên tiyangipun satunggal-tunggala, ing ngriku Sopêlin lênggah wontên ing pojokan angêntosi kalihan ngincêr, botên watawis dangu wontên tiyang jalêr lumêbêt, inggih punika: Saribang, satunggiling panuntun winados ingkang kêkêndêlan punapadene kaprawiranipun tanpa wontên ingkang nyamèni.

Ing batos Lèdhi Blakêne kapengin sanêt anêksèni kadadosan ing salêbêtipun kamar dhahar kados ingkang dados angên-angênipun wau. Sang putri kapengin namatakên kalanipun Saribang lumêbêt ing kamar dhahar wau, lan panjênênganipun angrumaosi piyambak, sanadyan dèrèng nate priksa wujuding tiyangipun, manawi ing têmbe lajêng lumêbêt ing kamar dhahar ngriku, sanalika punika tamtu inggih lajêng uninga kemawon, punapa tiyang wau Saribang sajati utawi sanès. Awit panggalihanipun sang putri, tiyang ingkang samantzn kadibyanipun kadosdene Saribang wau, sabrebetan kemawon tamtu lajêng sagêd kasumêrêpan, jalaran saking grêngsênging tandang-tandukipun, punapadene pancêrênging polatanipun.

Salêbêtipun sang putri amanggalih nglangut ingkang makatên punika, dumadakan lajêng kagèt jalaran wontên suwaraning tiyang jalêr ingkang matur sang putri makatên: Dhuh, Lèdhi Blakêne, sampun pisan-pisan andadosakên panggalih panjênêngan, dene kula botên tumuntên sagêd anglêksanani punapa dhawuh panjênêngan. Sanyatanipun ing sakawit rêkaos sangêt anggèn kula sagêd manggihakên ingkang raka...

Jalaran saking sakalangkung nglangut ingkang dipun panggalih wau, Lèdhi Blakêne ngantos supe dhatêng ingkang raka, punapa malih pitungkasipun dhatêng Lod Pangkurêt, supados angupadosi ingkang raka, sampun botên èngêt babar pisan. Dene ingkang tansah dados panggalihanipun, nalika taksih dados sêsêkaring kumidhi Pransès, ingkang tansah jinagi tuwin kaêmong dening ingkang raka Armansinjus. Amila sarêng Lod Pangkurêt angandika makatên wau, kagètipun sang putri inggih kalangkung-langkung.

Lod Pangkurêt anglajêngakên pangandikanipun makatên: Ngantos dangu anggèn kula madosi, sawêg sagêd pinanggih. Sanalika inggih lajêng kula aturakên punapa dhawuh panjênêngan wau. Sêr Pèrsi Blakêne inggih lajêng angandika tumuntên badhe andhawuhi masang kretanipun.

Lèdhi Blakêne ingkang ing sêmu taksih bingung panggalihipun, angandika: O, dados panjênêngan sampun sagêd pinanggih kalihan Sêr Pèrsi, sarta ugi sampun andhawuhakên mênggah atur kula wau.

Lod Pangkurêt: Inggih makatên. Kapanggih kula kalihan Sêrpèrsi wontên ing kamar dhahar, nanging panjênênganipun sawêg sare kapatos. Ing sakawit angèl sangêt anggèn kula sagêd mungokakên.

Sang putri botên sagêd angandika punapa-punapa, kajawi namung mangsuli: Sangêt panuwun kula.

Lod Pangkurêt: Lèdhi, kaparênga kula matur, musik kalêrêsan sapunika dipun ungêlakên malih, punapa panjênêngan karsa dhangsah kalihan kula.

Ing sêmu katingal susah Lèdhi Blakêne amangsuli: Sangêt nuwun, sampun dados panggalih. Kula botên sagêd angladosi, awit kula sayah sangêt.

Salajêngipun sang putri nuntên kadhèrèkakên dening Lod Pangkurêt, mêdal saking kamar ngriku, nuju dhatêng papan ingkang sawatawis asrêp. Wontên ing ngriku Lèdhi Blakêne lajêng mapan lênggah ing kursi, sariranipun katingal lungkrah, awit sajatosipun sang putri tansah bingung panggalihipun, dene jamipun sampun kalangkung, têka Sopêlin botên dhatêng prêlu suka sumêrêp kados pundi karampunganipun anggèning anjagi wontên ing kamar dhahar.

Lod Pangkurêt tanpa kèndêl anggènipun tansah anglêlipur sang putri, punapadene angladosi rêmbag ingkang sae-sae. Nanging Sang Lèdhi prasasat botên mirêng punapa ngandikanipun Sang Lod wau, amila wangsulanipun inggih tansah calêmang-calêmong botên kantênan.

--- 56 ---

Ing wusana adamêl kagèting Lod Pangkurêt, dene sang putri ujug-ujug andangu makatên: Lod Pangkurêt, kajawi Sêr Pèrsi, ing kamar dhahar ngriku panjênêgan punapa uninga tiyang sanèsipun.

Lod Pangkurêt: Wontên tiyang satunggal malih, inggih punika Sopêlin, agèn Republik Pêrancis. Ing kala punika piyambakipun inggih tilêm kapatos wontên ing pojoking kamar dhahar sanèsipun. Nanging punapaa têka panjênêngan andangu ing bab punika, Lèdhi.

Lèdhi Blakêne: Kula botên mangrêtos,... kula... Lod Pangkurêt, punapa panjênêngan èngêt jam pintên nalika wontên ing kamar dhahar wau.

Lod Pangkurêt: Kintên-kintên jam satunggal langkung gangsal utawi sadasa mênit. Kula botên mangrêtos, punapaa panjênêngan têka katingal sajak botên sakeca ing panggalih.

Lod Pangkurêt anggèning matur makatên wau, awit ing sêmu panggalihipun sang putri kadosdene nglambrang, sarta lajêng kadosdene botên mirêngakên dhatêng pangandikanipun.

Nanging sajatosipun botên makatên. Ingkang tansah dados panggalihanipun sang putri ing wêkdal punika, ngêmungakên salêbêtipun kamar dhahar, tamtunipun ing kala punika Sopêlin taksih jagi-jagi wontên ing ngriku. Punapa Sopêlin botên angsal damêl. Sakêdhap Lèdhi Blakêne kagungan raos bingah, awit gagasanipun, bokmanawi Sêr Andre nyukani sumêrêp dhatêng Saribang, ingkang anjalari Sopêlin botên sagêd kêpranggul Saribang wau. Nanging sakala punika sang putri lajêng èngêt dhatêng ingkang raka Arman, manawi pambudinipun Sopêlin cabar, punika atêgês: ingkang raka Arman badhe nandhang bilai. Jalaran saking punika Lèdhi Blakêne lajêng saya ajrih lan kuwatos.

Sarêng Lod Pangkurêt uninga, bilih sang putri sajak botên anggatosakên dhatêng pangandikanipun, lajêng kèndêl anggènipun angandika. Ing wusana lajêng nêdya nilar sang putri. Mila nuntên ngupados margi sagêdipun tindak saking ngriku. Salajêngipun Lod Pangkurêt lajêng angandika makatên: Lèdhi, kaparênga kula anuwèni punapa kareta panjênêngan sampun cumawis.

Lèdhi Blakêne: Sangêt nuwun, manawi panjênêngan krêsa makatên. Sampun dados panggalih, dene kula botên sagêd angladosi pangandikan kalihan panjênêngan. Amargi kula sayêktosipun sayah sangêt, amila langkung prayogi manawi kula panjênêngan tegakakên kemawon.

Mênggah sajatosipun, Lèdhi Blakêne ing batos kagungan pangajêng-ajêng supados Lod Pangkurêt tumuntên tindak saking ngriku, awit panjênênganipun kêpingin pêpanggihan kalihan Sopêlin, ingkang kakintên, tamtu ngupadosi sang putri prêlu angrêmbag prakawis Saribang.

Sanadyan Lod Pangkurêt sampun watawis dangu anggènipun nilar Lèdhi Blakêne, nanging Sopêlin têka dèrèng katingal-katingal. Ingkang makatên wau saya damêl ajrih lan kuwatosipun sang putri. Mênggah panggalihanipun: pambudidayanipun Sopêlin sagêda andêngangi Saribang, tamtu botên angsal damêl, Saribang ical tanpa lari malih kados adat. Manawi ngantos makatên, sagêd katêmtokakên, bilih ingkang raka Arman botên sagêd kaajêng-ajêng malih sagêdipun wilujêng. Awit sang putri sampun uninga, bilih para pangagênging Republik Pêrancis punika, tumrap tiyang ingkang kakintên anggadhahi dosa dhatêng praja, tanpa gadhah ngapuntên babar pisan.

Sopêlin sampun anglairakên têmbungipun: Manawi botên makatên, inggih... punika têgêsipun: manawi Saribang botên sagêd kacêpêng, sirahipun Arman ingkang kangge lintunipun.

Raosing panggalihipun sang putri sakalangkung karônta-rônta, saupami yêktos punapa ingkang dados gagasanipun wau, gèk badhe kadospundi kadadosanipun. Lèdhi Blakêne botên kiyat angraosakên ingkang makatên punika, sarta nêdya ngupadosi Sopêlin supados sagêda tumuntên uninga kawontênanipun ingkang yêktos. Ing batos sang putri sampun gumun, dene Sopêlin dèrèng amanggihi sang putri, prêlu amêlèhakên anggèning suka palapuran mênggahing Saribang ingkang botên lêrês wau.

Ing kala punika ingkang kagungan dalêm, inggih punika Lod Grapil manggihi sang putri piyambak prêlu ngaturi priksa, bilih kretanipun sampun sadhiya, makatên ugi ingkang raka, Sêr Pèrsi, ugi sampun angêntosi wontên ing kreta. Lèdhi Blakêne têrus tindak nuju dhatêng papanipun kreta. Dipun dhèrèkakên ingkang kagungan dalêm.

Wontên ing pandhapi sang putri pamitan kalihan Lod Grapil. Sawêg kemawon pêpisahan kalihan ingkang kagungan dalêm wau, dumadakan ing ngriku Sopêlin katingal. Sanalika sang putri ngandika dhatêng Sopêlin makatên: Tuwan, mugi krêsaa ngêtêrakên kula dhatêng kareta punika.

Sopêlin inggih lajêng mituruti punapa pamundhutipun sang putri. Salêbêtipun tindak alon-alon wau, kanthi kalisik-kalisik Lèdhi Blakêne ngandika dhatêng Sopêlin makatên: Tuwan Sopêlin, mugi tumuntêna krêsa ngandika kadospundi karampunganipun wau.

Klayan dipun damêl-damêl sajak gumun, Sopêlin amangsuli: Lèdhi, karampungan punapa. Kula têka botên mangrêtos punapa ingkang panjênêngan ngandikakakên punika. Badhe kasambêtan.

Isinipun: Mêsjid ing Jêmbêr, - Bab mande, - Sayêmbara ageng f 250. -, - Gambar hidhup, - Corned beef - kawotênan ing Itali, - sanjata potrèt, - Tiyang Lampung saha tata ngadatipun, - Bab ringgit tiyang ing Têrnate, - Pikraman dalêm Rajapuri Juliana, - Kabar warni-warni, - Wêwaosan, - Jagading Wanita, - Taman Bocah.

--- 1 ---

Nomêr 1, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Kêkesahan Numpak Sêpur utawi Bis

Sambêtipun Jagading Wanita nomêr 105

Ing pundi panggenan ingkang mirah wowohan utawi sayuran, inggih sae manawi ambêkta angsal-angsal wowohan utawi sayuran wau. Supados sampun ngantos risak ing margi prayoga sayuran lan wowohan wau dipun dèkèk ing kranjang ingkang bolonganipun wiyar, dados botên sagêd bosok tur primpên panyimpênipun.

[Grafik]

Rara Siti Mariyam

Manawi kapetang makatên, bêktanipun tiyang èstri ingkang kêkesahan wau wontên tigang warni, inggih punika: kopêr pangangge 1, bèsèk wadhah dhaharan 1, kranjang sayuran lan wowohan 1. Ing bèsèk taksih sagêd dipun dèkèki gêndul unjukan tèh, lan dhaharan sawatawis kangge sangu ing margi. Malah prayogi sangêt manawi para tiyang èstri sagêd ngringkês bêktanipun (angsal-angsal wau). Barang ingkang botên prêlu sampun kapundhut lan kabêkta.

Bab panumpakipun bis utawi sêpur, langkung prayogi numpak sêpur katimbang bis. Awit sêpur punika lampahipun maton, bidhal lan dhatêngipun kenging dipun tamtokakên, ingkang asring papan palênggahanipun botên sêsak, lan botên saênggèn-ênggèn dipun kèndêli dening sêpur, beda kalihan bis.

Manawi kêkesahan kalihan lare têmtu rèbyègipun. Sampun dados watakipun lare, sadaya

--- 2 ---

ingkang dipun idêrakên ing sêtatsiun kêpengin dipun tumbas. Prayogi saking griya ibuning lare ambêkta sangu ngombe lan têtêdhan ingkang nyêkapi, sampun ngantos lare jajan ing sêpur.

Wondene manawi wontên lare rèwèl, punika kabêkta saking kulinanipun. Manawi lare dipun kulinakakên nurut dhatêng ibunipun, wontênipun ing sêpur inggih gampil kèndêlipun, botên ngrêribêdi.

Siti Mariyam.

Bab Olah-olah

Kêlan ladha Madura

Kêlan ladha Madura ingkang pèni lan miraos, ampasipun kêdah namung warni sakawan, 1 kobis sabungkul, 2 wortêl, sami dipun rajang lajêng kakumbah rêsik, 3 suun dipun kum toya mangêt-mangêt rumiyin, 4 kênthang jêne kintên-kintên sakobokan manci, dipun gorèng mêntah oncekan. Anggodhoga ulam daging, maesa tuwin ayam. Nuntên angracika bumbunipun 1 brambang, 2 bawang, 3 sarêm, 4 trasi, 5 salam, 6 laos kawan iris, 7 gêndhis jawi, 8 kacolok asêm sakêdhik, 9 santên kalapa sêpuh, 10 tèmpè bosok, sadaya wau kajawi salam laos, kaulêg lêmbat dados satunggal. Bilih mawi kacolok lombok jêmprit, inggih tumut dipun ulêg, namung lombokipun abrit kêdah karajang.

Sarampungipun, nuntên ampasipun ingkang lajêng kagodhog ingkang tigang warni saliyanipun suun, sami dipun gôngsa kalihan bumbu-bumbunipun ing wajan, dipun lisahi kalêntik sakêdhik. Sasampunipun kagôngsa panci agêng, dipun toyani duduh godhogan daging wau, dagingipun botên kakatutakên sampun miraos, kakatutakên raosipun sangsaya eca malih. Lajêng kantun piyambak santên, kênthêlipun ingkang cêkapan. Pandhaharipun sêkulipun asrêp kêlanipun kapara angêt. Kuwawi kawayokakên langkung sadintên sadalu, nanging mawi ngêngêt.

Pandamêlipun dhèndhèng age kina alus.

Mêndhêta daging maesa utawi lêmbu ingkang sae, 2 utawi 3 katos sakajêngipun, sasampuning kagodhog matêng, dipun suwiri lajêng dipun dhêplok mawi wirantos rêsik, ingkang ngantos lêmbat mêmêt. Nuntên angracika bumbunipun, 1 sarêm, 2 tumbar, 3 gêndhis jawi, 4 brambang, 5 bawang, 6 santên, 7 dipun colok asêm sakêdhik sangêt. Sasampuning kaulêg lêmbat, lajêng kacarub dalah santênipun kalihan dhêplokanipun daging wau, nanging sampun ngantos cuwèr-cuwèr, namung radin kemawon.

Sasampunipun radin lajêng anggêlara godhong pisang rêsik wiyaripun watawis satêngah mètêr, ulam dhêplokan ingkang carub kalihan bumbunipun, punika dipun jèrèng mlètrèk ing godhong pisang, nginggilipun ulam godhong pisang malih kadamêl ngradin, kandêl [ka...]

--- 3 ---

[...ndêl] tipising ulam ingkang sami, kadugi-dugia piyambak. Sasampuning radin lajêng dipun sapiti satêngah-satêngah utawi langkung, mawi dêling iratan alit ingkang kiyat, sabên satangkêp sapitipun mujur tiga, ingkang malang yèn cêlak cêkap namung satunggal, yèn panjang kêdah ngangge sapit kalih, panjang cêlakipun sakajêngipun ingkang andamêl. Pucuking sapit mujur sarta malang, ingkang dipun damêl ngancing papah pisang utawi papah godhong tela gantung, dipun kêthoki sanyari-sanyari.

Sasampuning rampung anggènipun nyapiti, nuntên nyadhiyakna mawa anglo agêng, sapitan-sapitan wau sami dipun garang gêntos-gêntos ing anglo, kanthi dipun pyok-pyoki arih ingkang radin, panggarangipun ingkang cêkapan sarta radin, sampun kêgosongên. Pandharipun kêdah sampun asrêp.

Wondene dhèndhèng age ingkang kasar, punika ulamipun namung kadamêl suwiran lajêng kasapit, botên dhêplokan, sarta tumbar kalihan arih sok botên mawi.

Bok Sastra.

Sêsêrêpan Sawatawis

Lading garan gadhing, manawi gadhingipun lajêng dados sêmu jêne punika anggènipun mêthakakên malih kêdah dipun gosoki mawi toya jêram pêcêl, sasampunipun lajêng dipun êpe.

Gêlas lan gêndul ingkang mêntas kangge wadhah puhan, kêdah dipun kumbah mawi toya asrêp. Sasampunipun puhan luntur lajêng kakumbah mawi toya bêntèr.

[Grafik]

Rara Martinah.

Tai lalêr ingkang tumèmplèk ing barang kuningan utawi salaka, pambucalipun mawi awu srutu ingkang dipun jèr kalihan lisah pèt. Sasampunipun lajêng dipun gosok ngangge gombalan ingkang alus sarta rêsik.

Manawi babut kenging lisah klapa, pambucalipun gampil sangêt. Panggenan ingkang kenging lisah katutup ing dlancang plui (vloeipapier) lajêng dipun gosok sêtlikan ingkang bêntèr sangêt. Lisah wau lajêng rumêsêp ing dlancang, manawi dlancang wau sampun gupak lisah, nuntên dipun santuni dlancang plui ingkang enggal. Makatên salajêngipun ngantos lisah ing babut wau têlas.

Sêsêrêpan ingkang kados makatên punika ing sêmu katingal sapele, namung sajatosipun dados kabêtahan agêng. Mila para sadhèrèk putri manawi kagungan kawruh bangsanipun kados makatên, kaparênga anggiyarakên wontên ing taman ngriki.

Martinah.

--- 4 ---

Papan Pitulungan Anggulawênthah Bayi

Tumrapipun tiyang anak-anak, punika sampun kinodrat, tumraping biyungipun ingkang anggulawênthah tanpa nguciwani, têgêsipun pun biyung tansah ngudi kawilujênganipun. Mila kêladuking pangginêm, ngupakara bayi punika sanadyan tanpa pitulungan dhoktêr inggih sampun sagêd.

[Grafik]

Pakêmpalan Membrantas Kematian Anak ing Surabaya.

Pabênan ingkang kados makatên punika inggih wontên lêrêsipun. Nanging bab punika manawi dipun wawas kanthi dhêdhasar ngèlmi kasarasan, lajêng katingal sulayanipun, awit tumraping para ahli kasarasan sagêd ngawontênakên tôndha yêkti, sarêng katiti yêktos, wontêning bayi ingkang pêjah punika suda sangêt cacahipun sarêng katindakakên cara ngèlmi kasarasan, botên kados caraning kina.

Ingkang makatên wau tumrapipun ingkang wajib, inggih punika parentah punapadene bêbadan sanèsipun, sami ngudi murih têtiyang mangrêtos utawi pitados dhatêng dhoktêr. Ing sakawit tindak wau rêkaos sangêt, dening kapitadosaning tiyang taksih kambang-kambang. Nanging dumuginipun sapunika, sampun katingal kathah tiyang ingkang pitados, sagêd ugi ing têmbe dados umum.

Miturut wêwarahing dhoktêr, pangupakara tumraping tiyang manak, punika wikinipun dèrèng nyamèni ngupakara bayi. Kados ta bab caraning ngrêsiki, bab prayogining panggenanipun, bab ajêging nêsêp tuwin sanès-sanèsipun. Pinanggihing kasarasaning lare tuwin botênipun, sagêd nitik saking indhak sudaning timbangan, mila tumraping dhoktêr, bayi punika sabên minggu kêdah dipun timbang, prêlunipun lajêng sagêd nindakakên pitulungan tumrap kasarasaning bayi. Upami bayinipun kêkirangan têdha, lajêng dipun udi murih kêcêkaping têdhanipun, tuwin kapriksa kiranging têdha wau punapa gêgayutan kalihan kasarasaning biyung.

Manawi prêlu kêdah dipun wêwahi têdha, puhan upaminipun, inggih kêdah milih puhan ingkang sae, manawi momoran, anggènipun ngêmori kêdah kanthi ukuran, tuwin sanès-sanèsipun.

Ing sapunika mèh ing pundi-pundi wontên papan ingkang maligi kangge mriksa bayi dumugining sampun dados lare. Kintên-kintên bab punika badhe saya kêlimrah.

--- 1 ---

Nomêr 1, taun VIII

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Sulapan Anèh. Mêrang Bisa Malih Dom Waja

Sawijining tukang sulap bôngsa Jawa, maju ngadêg anjêjêr ngarêpake meja têngah ing tonil, ana piring jêgong gêdhe siji tumumpang meja. Piring iku isi bêntelan gagang mêrang garing kèhe têlung bêntèl, dawaning mêrang ngrong nyari, ing dalêm sabêntèle isi 20 mêrang, ditalèni lawe.

Tukang sulap calathu, têmbunge ngaturi pirsa para mriksani, yèn dhèwèke arêp ngêtokake prêmainan sulap luwih anèh, iya iku mêrang bisa dadi dom waja. Nuli nyasmitani sakabat siji, supaya piring isi mêrang iku dipirsak-pirsakna para mirsani kang rata, kêna ditêkuk-têkuk, têmêne yèn mêrang-mêrang untingan iku kabèh kothong.

Sakabat enggal anjupuk piring ing meja, nuli isine mêrang untingan padha dipriksani para mriksani nganti rata, têmên yèn mêrang-mêrang mau kothong kabèh ora ana isine apa-apa. Sawise têrang, sakabat ambalèkake piring didokok meja ngarêpe gone tukang sulap, sakabat lunga ninggal piring.

Kacarita tukang sulap, saungkure sakabat dheweke ambêrgagah ngarêpake meja. Sawise kêplok rambah kaping têlu, banjur ngêgarake èpèk-èpèke karo pisan ing dhuwur meja kapara mêndhuwur. Karêpe pratingkah mangkono mau, kanggo duduhake yèn dhèwèke rêsik ora anggawa apa-apa, dene sandhang panganggone tukang sulap wêktu iku, mligi mung calana karo kotangan kaos thok.

Tukang sulap banjur anjupuki mêrang untingan ing piring mau dipusus ing èpèk-èpèk sarosane ambal-ambalan. Ora suwe mêrange ajur mumut tumètès ing piring sarta ing meja. Saêntèke mêrang pususan mau, banjur piring ana swara pating kricik lirih, iya iku saka ngèpèk-èpèk mêtu dome waja bolong, kêmrutug padha tumiba piring, kira-kira sakodhi. Saêntèke dom, tukang sulap kêplok banjur ngêgarake èpèk-èpèk manèh kaya sing wis mau. Nuli nyasmitani sakabat siji, supaya piring iku dipirsak-pirsakna para mirsani kang rata lan têrang.

Sakabat angèstokake pakone tukang sulap, para mriksani kabèh anjêmblêng, gumun dene mêrang wantah têka bisa malih dadi dom, môngka patraping pamaine, tukang sulap lan sakabat padha adu jèngglèh têrang-têrangan, kabèh katon cêtha didêlêng wong akèh, ora ana patrap sing bruwêt utawa musabiyat sathithik-thithika.

--- 2 ---

Hla, kowe anak putuku padha tak kandhani gatèkna. Sulapan mangkono iku sanyatane, paribasan mung nuthuk pongge, prasasat thikpril bae; saka gampange. Mêngkene wêwadine: Nalika tukang sulap lagi mêtu tonil sakawit darijine tangan têngên wis karo anjapit mêrang untingan saunting diisèni dom kèhi 20 iji, gêdhe lan dawane untingan padha karo sing kothongan ana piring. Nalikane sakabat bali mêntas mirsakake mêrang kothongan, banjur nyèlèhake piring ana meja ngarêpe tukang sulap bênêr, saka ngarêpan piring ora katon sabab kaling-kalingan sakabat. Tukang sulap reka-ka[8] nggèrèt utawa nglarak nyêdhakake piring, nanging satêmêne mung ênggone arêp nyêmplungake mêrang isi dom sing dijapit dariji wau,[9] rikat bangêt kira-kira mung sasêkon bae suwene, sêkabat wis nyingkir ngadoh.

Tukang sulap enggal tumandang, kêplok lan banjur ngêgarake èpèk-èpèk, sapiturute nganti têkan kumrutug dome padha tiba piring, kaya sing wis kacarita ing dhuwur: bar.

S.W.

Jaranan Uwong

Lumrahe kang diarane jaranan iku barang kang dipêtha jaran, banjur ditunggangi bocah cilik, lakune diembakake lakuning jaran. Ana manèh jaranan kayu kang kêna ditunggangi kaya nunggang jaran têmênan.

Naging padha-padha jaranan, tumraping bocah kang nyênêngake dhewe nunggang jaranan draiyêmonan, rumasane yèn nuju nunggang wis plêk kaya nunggang jaran têmênan, awit ubênging lakune nganggo jênthat-gênthit kaya lakuning jaran.

Ana manèh jaran kang diarani jaran kepang, kang uga aran reyog. Reyog mau kang nunggangi wong tuwa, kêgolong bangsane tontonan, anggone mêtha lakuning jaran ana ing sikil, tangane kanggo anjogèd, gulune tansah jêglag-jêglig pacak gulu.

Jaran kepang mangkono mau ana kang sok mêndêm barang, iya iku uwonge, banjur lali babar pisan, gêlêm mangan apa-apa kang anèh-anèh, kaya ta mamah pari, mamah kêmbang, pamamahe ora beda kaya wong mangan kae, sajak enak bae.

[Grafik]

Saiki ana gagrag manèh jaranan uwong, wujude kaya kang kacêtha ing gambar. Dene kang dadi wong loro, ngarêp lan buri, tangane wong kang buri ditumpangake pundhake wong ing ngarêp, banjur ditunggangi. Saka mèmpêre anggone gawe wangunan, nganti ora kêtara yèn mung jaranan.

--- 3 ---

Padpindêr ing Nagara Walônda

Ing jamane saiki, padpindêr iku tinêmu ing ngêndi-êndi, sabên nagara mêsthi grombolan kaya mangkono, mula sabên bocah iya wis mangrêti.

[Grafik]

Bocah kang padha dadi padpindêr, iku sanadyan isih bocah, têgêse durung umur, nanging wis duwe wêwatêkan wêruh marang wajib. Kaya ta yèn nuju dipasrahi pagawean jaga, iku tumrape marang sapa bae kang nêrak marang wêwalêr, mêsthi dianggrak, sanadyan suwarane isih kêmèng uga wis duwe daya kuwasa. Upama ana wong liwat ing papan pajagane, banjur nyapa: panjênêngan badhe tindak pundi. Mêsthine wong kang dipitakoni kôndha apa prêlune. Upama wong kang liwat mau dianggêp nêrak larangan, ora kêna liwat ing kono, kanthi têmbung: panjênêngan botên kenging langkung ing ngriki. Têmbung kang mangkono mau, sanadyan wong tuwa kang liwat ngrêti yèn têmbunging bocah, nanging sarèhning kasampiran pangawasa, iya kêpêksa miturut.

Kajaba pagawean mangkono mau isih akèh panunggalane, kang pakolèhe dadi pakulinan bêcik, kaya ta têtulung, ngupakara awake dhewe, kêndêl, lan liya-liyane.

Kala môngsa padpindêr iku sok kalumpukan ana sawijining panggonan, têtunggalan karo golongan liya-liyane. Ing kalane têtunggalan mau ketok anggone padha rumakêt, kanthi panganggêp kang ora ambedak-bedakake.

Ing saiki ana warta, ing nagara Walônda arêp dianakake patêmoning para padpindêr sajagad. Bakal patêmone mau andadèkake orêging padpindêr ing ngêndi-êndi, awit padha arêp mrêlokake têka.

Wiwit saiki ing ngêndi-êndi wis padha nganakake rêmbug anggone arêp ngangkatake wêwakil mênyang nagara Walônda.

Miturut warta, tumrape tanah kene, golonganing padpindêr kang arêp diangkatake mênyang nagara Walônda mau akèh, anjupuk sagolongan warna-warna. Mêsthi bae waragade iya bakal akèh, mula ing saiki uga lagi dadi rêmbug. Tumrape para padpindêr kang padha bakal nêkani ing papan pakumpulan, wawasane mêsthi bakal jêmbar sangêt.

Kang kacêtha ing gambar iki, padpindêr ing nagara Walônda kang nindakake sêsorah bakal patêmone padpindêr sajagad.

--- 4 ---

Lêlakone Ahmadin

Sambungane Taman Bocah ing Kêjawèn nomêr 102

Ing dina iki aku ngrasa isih mêndêm tontonan, mula aku durung bisa kôndha apa-apa. Ing saiki aku arêp ambanjurake dongèng lêlakone Ahmadin, kaya ing ngingor[10] iki:

Lêt têlung dina Ahmadin têkan ing sapinggiring kali, katêmu karo wong wadon tuwa bangêt lagi nangis. Barêng wong mau wêruh Ahmadin banjur calathu mangkene: Aku iki arêp mênyang pinggir kana, nanging ora bisa nyabrang, bok ya aku gendhongên, jujugna mrana.

Nini-nini mau nuli dibopong dening Ahmadin didhunake ing pangonan kang arêp diparani. Dheweke banjur calathu: Tak trima bangêt lan bangêt bungahku, dene kowe gêlêm nulungi aku. Sabab nèk ora mangkono kiraku anggonku ngênteni ana kene lan anggonku bisa ambanjurake lakuku bakal nganti sasèn-sasèn. Aku iki satêmêne putri, nanging kêna bêbêndu, banjur rupaku salin kaya mangkene iki. Lan aku ora bakal pulih kaya maune manèh, nèk durung ana wong têlu kang gawe bêcik karo aku. Ing saiki kowe kang kawitan nulungi aku. Gilo iki tak wènèhi. Anggone calathu mangkono mau karo ngulungake cêpukan cilik isi borèh.

Ahmadin pitakon: Punika kangge punapa, punapa kula angge borehan, supados bagus.

Nini-nini mau mangsuli: Ora, nèk kupingmu sing kiwa diusapi borèh iki, kowe banjur ora katon.

Ahmadin mangsuli: Wah sae sangêt punika. Ahmadin nuli amborèhi kupinge sing kiwa, banjur ora katon. Lan dhèwèke bisa wêruh apa-apa, nanging nyang awake dhewe ora bisa wêruh. Ahmadin mangsuli: Sangêt panuwun kula, sapunika kula badhe nglajêngakên lampah kula.

Kocapa, barêng lakune Ahmadin wis sawêtara adoh, duwe pamikir mangkene: Saiki aku salawase bakal urip ora ketok uwong, wah ya kurang sênêng aku. Ing kono Ahmadin banjur enggal-enggal bali arêp marani nini-nini mau. Tujune wonge wadon isih ketok, lagi mlaku.

Ahmadin nututi wong mau, dheweke banjur caluthu[11] mangkene: E, mangke rumiyin, kula punapa taksih botên katingal. Kula botên purun manawi makatên, mangke bapak lajêng botên sagêd sumêrêp kula.

Wong tuwa mau mangsuli: Kowe bodho bangêt, Ahmadin, durung rampung anggonku kôndha, kowe mau wis lunga. Kupingmu sing têngên lèlètana borèh, mêngko rak ketok manèh. Ahmadin nuruti kandhane wong wadon lan nyata, dheweke banjur ketok manèh, nuli nêrusake lakune. Arêp disambung.

Ibumu: Mar

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [73] ---

Catatan kaki:

1. Rê Pn = Rêbo Pon (dan di tempat lain, singkatan hari dan pasaran yang sejenis). (kembali)
2. puniba. (kembali)
3. encoki. (kembali)
4. cariyos. (kembali)
5. Pamiaranipun. (kembali)
6. linggih. (kembali)
7. Mangkubumi. (kembali)
8. reka-reka. (kembali)
9. mau. (kembali)
10. ngisor. (kembali)
11. calathu. (kembali)