Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 30-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 58, Rê Pa, 13 Jumadilawal, Ehe 1868, 21 Juli 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Poliklinik "Kemadjoean Istri" - Pêpadhanging[1] gêsang - Bab sêsakit ayam - Ing wanci enjing - Kawontênan ing Tiongkok - Bab sêsakit edaning sêgawon - Blilu tau - Kabar warni-warni - Wêwaosan - Stedelijk Historisch Museum ing Surabaya - Jagading wanita.

Poliklinik "Kemadjoean Istri"

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar poliklinik "Kemadjoean Istri" ing Mistêr Kornèlis nalika dipun rawuhi garwa dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, dipun dhèrèkakên ing para pangagêng kathah.

--- 898 ---

Raos Jawi

Pêpalanging gêsang

[Dhandhanggula]

Anarbuka têmbung ala bêcik | nênangi tyas rarasing sarkara | tandhês têdhas lêlandhêpe | dhêdhangir rèh silarju | nelak jêjêr jênênging janmi | waspadèng purwapada | sêdya nara sadu | sida dadya prasêtyarsa | anyotyani nalar tar tilar pakolih | pamilih tata janma ||

jamaking wong mrih utamèng urip | tibèng nisthip yèn tan ngawruhana | ing bênêr bêcik dadine | bênêr mau kang mangun | paugêran marganing bêcik | yèn durung lumaksana | marga bênêr mau | amêsthi tan bisa têkan | kaananing ênggon kang ingaran bêcik | titikane kacêtha ||

pêpêthane wong utang lan silih | yèn wong potang duwèni wêwênang | nagih pinrih panyaure | apa barang sinambut | yèn wong silih kang nyilih ugi | ugêre kawajiban | angulihke tamtu | manawa wong mau utang | wus têtela nora gêlêm anyauri | si potang padha wênang ||

milungguhke atur marang adil | yèku dalan ênggon paugêran | jêjêr apa sabênêre | si utang kudu nyaur | kang mangkono lakuning ati | si potang lagi kêna | sinêbut wong wêruh | ing bênêr nêtêpi tata | liring tata wruh bedaning bênêr bêcik | luput kalawan ala ||

lamun uwong pêpotang wus nagih | nanging mau si utang tan arsa | nyauri apa bênêre | si potang trima têrus | lair nganti tumêkèng batin | tan pisan sêdya gugad | ing bênêr rinêbut | mung [sugih] lila lêgawa | nora tau gêlêm ngucap angrasani | eklas salawasira ||

iku têtêp kêna dèn arani | uwong bêcik panitike ana | anilar tan mrih bênêre | ugêring karêp tuhu | amangèstu ing laku bêcik | tulus tan nganggo tilas | pialaning laku | kang ngênani kene-kana | mula larang liring bêcik mung sathithik | dening kêliwat gawat ||

dene mau sing sapa sêdyapti | anêtêpi marang paugêran | ing bênêr iku margane | kudu sêntosèng laku | kalis saking sakèh pakarti | ala maring sapadha | yèku witing laku | angêdohke kaluputan | manawa wong wus padha bisa sumingkir | saking sakèh piala ||

iku aran wong bisa ngluwari | saking sakèh laku kaluputan | yèn wong wus bisa nyingkirke | saliring laku luput | dadi uwis bisa nêtêpi | marang ing paugêran | bênêre ing laku | dadi sing sapa wong sêdya | laku bênêr kudu bisa anyingkiri | salir panggawe ala ||

manawa wong wus bisa sumingkir | saking salir ing laku piala | wus kalis saking sakèhe | iya laku kang luput | palupine kudu nglungguhi | ugêre kang nagara | mawa tata tinut | nêtêpi têpaning donya | nora onya beda-bedaning kadadin | dununge rahsa janma ||

yèn manungsa nora ngrumasani | donya kudu nganggo beda-beda | nyambadani ing ugêre | watone kang tinamtu | mawa tata lire nuhoni | ananing beda-beda | nglêbur èndhèk dhuwur | undha-usuking pêpintan | iku têtêp uwong tan wruh kramaniti | têtela tanpa tata ||

kang mêngkono iku wong kang mukir | pamêngkuning rahsa kamanungsan [kamanung...]

--- 899 ---

[...san] | samubarang panggawene | ala bêcik tan wêruh | bênêr luput sêmono ugi | mamak anrak pêpacak | anêmpuh pêpacuh | yèn jênêng janma manungsa | wus nora wruh marang panggawe kang bêcik | sabarang kanggo gampang ||

wohing uwong kang wus tan wruh bêcik | gandhèngane iya kudu uga | tan wruh ing bênêr ugêre | yèn uwong wus tan wêruh | maring bênêr yèku sayakti | ya mung karya piala | sarwa laku luput | atine wus kalimputan | ing pêpêtêng tanpa gawe darbe budi | pambuka tatakrama ||

marma para kang janma linuwih | padha mardi marang ing sapadha | murih wêruh ing lakune | kang ala iku nuntun | marang ati bisa nitèni | ing laku kaluputan | yèn wus wruh ing luput | lah iya tumuli bisa | wruh ing bênêr margane laku mring bêcik | babar jatining janma ||

pra linuwih dera manggih margi | budidaya măngka pangupaya | ala luput pêpalange | tan ana liyanipun | amung kudu tuhu nyingkiri | ya marang pakarêman | cinitra kacatur | madat myang madon kalawan | minum main iku winih kang nganani | kêna salwir piala ||

akèh lire mau aran main | tan ngêmungke botohan kewala | mangan lan nyandhang sêdene | lan liyanirèng kang wus | kliwat saking murwating dhiri | lah iya padha uga | main aranipun | manawa wong uwis bisa | nyingkur marang mau kang catur prakawis | wus adoh ing piala ||

lamun uwong lumuh angilangi | kapat karêp maksiyating gêsang | tăndha gêdhe pialane | mula kang pra linangkung | sakalangkung dera malangi | dur ta catur prakara | kang uwus winuwus | wusana sadaya samya | amêmudya nirmala kang nyangkalani | panggubah badan widya || Iti.

P.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar bêna agêng ing margi sacêlakipun pêkên Martapura, Borneo.

--- 900 ---

Kawruh Sawatawis

Bab sêsakit ayam

Kados sampun pintên-pintên taun ing tanah ngriki tuwuh sêsakit ayam ingkang gampil nularipun tuwin adhakan damêl pêjah. Sampun pintên-pintên rekadaya ingkang katindakakên, nanging dèrèng manggihakên ingkang maton ingkang sagêd nyarasakên saèstu, sanadyan wontêna inggih sawêg kapanujon. Ewadene rekadaya anjampèni ayam-ayam sakit punika inggih tansah tumindak. Ing sapunika wontên pamanggihipun Tuwan J.B. van Wessel ing Kabanjae ingkang kapacak ing Deli Crt. saha salajêngipun kapacak ing kalawarti Landbouw, Veeteelt en Huisdieren. Katrangan ringkêsanipun makatên :

[Grafik]

a. Ayam ingkang botên sagêd kèndêl, tansah mubêng.

b. Ayam ingkang sêsêg napasipun, tansah andhêngak.

c. Ayam ingkang sampun lumpuh, botên gadhah daya malih.

Sêsakit ayam punika warni-warni, wontên ingkang lajêng lumpuh, cènggèripun lajêng cêmêng, grayangipun asrêp, wontên ingkang namung nyêkêkrêg lajêng mubêng, tuwin wontên ingkang kados lamur, têlihipun kothong.

Rekadayanipun, ayam ingkang sakit wau kawadhahana ing kothak alit ingkang ragi kobèt sawatawis, prêlunipun supados botên kêlabakan. Ing dhasar kadèkèkana pasir ingkang garing tuwin sêpêt, supados angêt.

Jampinipun, sakawit katêdhanana tablèt aspirin ¼, kalolohakên ngantos kalêbêt. Sasampunipun saêjam dipun ombènana lisah pèt sasendhok tèh. Dipun tindakakên sabên 3 jam sapisan.

Sasampunipun dipun ombèni lisah pèt, dipun sadhiyanana têdhanipun awarni: daging lêmbu dipun cacah lêmbat, dipun mori bawang ingkang sami kathahipun, dipun galindhingi sacêkapipun, kalolohakên, ing gulu kaurut-uruta murih ngantos sagêd kalêbêt, ngantos dumugi kêbaking têlih.

[Grafik]

Ayam ingkang wiwit kenging sêsakit, napas sêsêg, tansah thilêk-thilêk.

[Grafik]

Ayam ingkang sêsakitipun saya sangêt, lajêng lumpuh.

Padatan sasampunipun dipun tindakakên makatên, ayam wau lajêng thilêk-thilêk, anggènipun polah kèndêl, wulu botên anjêgrig malih. Manawi pinanggih tandhanipun kados makatên, punika

--- 901 ---

wontên antawising pitulung. Antawis tigang jam malih badanipun sêgêr. Nanging manawi dèrèng pitulung, têdhanipun ingkang dipun galindhingi wau dipun wêwahana sêre karajang lêmbat.

Sontênipun sasampunipun dipun lêbêti aspirin, jangkêp kaping sakawan, dipun têdhanana gandum, jagung utawi wos abrit. Sampun pisan-pisan dipun têdhani gabah. Têtêdhan wau dipun lêbêtna sakêdhik-sakêdhik ngantos kêbak têlihipun. Manawi dalu sampun dipun sukani ngombe toya, sawêg enjingipun kenging. Dene manawi ayam wau botên purun ngombe, prayogi kaêsokakên ing cucuk.

Pangombenipun prayogi dipun sadhiyani toya saêblèg lisah pèt dipun cêmplungi tablèt chinosol 1, sagêd mundhut ing griya panyadean jampi.

Ayam punika dipun pakanana bangsaning gêrèh dipun dhêplok lêmbat utawi têri, supados saya ngêlak, lajêng saya kathah anggènipun ngombe. Manawi ayam wau purun saba, nandhakakên sampun saras.

Wara-wara

Ngaturi uninga, ing dintên punika Petruk botên ngêdali ing Kajawèn, amargi taksih sangêt sayahipun anggèning mêntas kesahan dhatêng Sumatra sisih kidul.

[Grafik]

Ing nginggil punika ngêwrat gambaripun kabinèt enggal ing nagari Walandi nalika parêpatan ingkang kapisanan, wontên ing gêdhong dhepartêmèn yustisi ing Plein, 's Gravenhage dipun pangajêngi dening ministêr presidhèn tuwan Dr. Colijn.

--- 902 ---

Panglipur Manah

Wanci enjing

Kinanthi

Kanthi kakênaning kalbu | marna raras bangun enjing | kapyarsa sagung ocehan | sikatan ing taru tiris | cumègêr cikat lumumpat | sêmbari ngocèh ngacuwis ||

[Grafik]

Bangbanging bangun tumimbul... srawungan wayangan tirta...

yayah nambrama mawèh wruh | ring wuryaning wanci enjing | srigunting raras gêndhingan | karêngya ngocèh mawanti | sumêla swarèng kuthilang | kacêr ambarung barêngi ||

sata wurahan kaluruk | mudhar saking dera guling | cakikèring sata wana | sumamar barongan ori | linut ing liyan sauran | lingsêm yèn ngantya kawuri ||

janma wungu pungun-pungun | èsmu kalêson nabêti | nging kadayan bun têmbeyan | gumregah ganggas nyêgêri | mèngêt jinanji kwajiban | yèn kudu ngangkati kardi ||

berag bêbarêngan bakul | krêngkèting pikul kapyarsi | sumêla sindhèning rara | cumêngkèng linaras gêndhing | wisata mring pasar kitha | sadeyan wêtuning bumi ||

jalwèstri sêlur gumrudug | dalêdêg urut ing margi | sawênèh numpak kareta | winratan wawan tan sipi | age agahan mrih prapta | ing unggyan ingkang kinapti ||

mawantu timbaning ranu | grag-grèg senggote gumêrit | gathiking kang bala pêcah | cawuh cawan cinangkiwing | basi binrêsihan toya | cuwo cowèk myang kuwali ||

thak-thok kandhange thinuthuk | pacêl onya mancêlati | lumarak slarak linarak | kewane dilir giniring | mring sawah tinrap ing karya | anggaru têgaling sabin ||

bang-banging bangun tumimbul | tambuh sumambirat wradin | măngka sasmitèng Hyang Arka | derarsa nyuluhi bumi | srawungan wayangan tirta | tlerame tinon mawèh sri ||

sêngsêming driya tumanduk | ring sangura gita dadi | kadadak kandhuhan kira | tan dungkap karsaning Widhi | wêdharing kang măngsa kala | tangèh cinakra ing budi ||

dhêngdhêngane kodhêng kidhung | lir kapadhêt andhêdhêti | rumarasing driyasmara | rangu-rangu mangonêngi | pinuntu pantoging nala | luwung lalu ngundang modin || Iti

Cah Mungup

--- 903 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Ing bab kawontênanipun Tiongkok anggèning pasulayan kalihan Jêpan, sampun dangu pinanggih sirêp. Nanging mênggah nyatanipun, sirêpipun wau inggih botên kêndhat tansah ngawontênakên rêmbag ingkang raosipun mêngku kasamaran. Rêmbag wau dangu-dangu saya mrênding saha nyêlaki dhatêng pasulayan malih, wusananipun kalampahan dados pasulayan yêktos.

[Grafik]

Têtiyang ing laladan Tiongkok nuju sami nyambutdamêl anggêjigi siti supados madhêt.

Mênggah ingkang dados jalaran, ing Tiongkok sisih lèr, tansah wontên kemawon sabab ingkang badhe andadosakên pasulayan, botên sanès jalaran saking anggèning sami badhe nyantosakakên panguwaos. Ing ngriku golongan Tiongkok têtêp anggènipun botên nayogyani dhatêng prajanjian-prajanjian ingkang dipun ajêngakên dening Jêpan, kajawi ing bab unduring tatanan baris. Nanging panampinipun Jêpan, bab wau sampun dipun sayogyani. Ing bab punika lajêng wontên golongan Tiongkok ingkang narambul ing ginêm, bilih sawarnining prajanjianipun Tiongkok kalihan Jêpan punika, manawi botên wontên tandhanipun dipun sayogyani dening pusêring parentah Tiongkok ing Nanking, dipun anggêp botên absah.

Usul ingkang kados makatên punika damêl mrêkitikipun Jêpan, lajêng anglairakên ginêm, bilih bab makatên punika, tumraping golongan sanès botên prêlu ngêmori rêmbag.

Wantunipun sadaya punika sampun sarwa jagi-jagi, sawarnining rêmbag punika kadosdene namung dados sarana badhe pêcahing pasulayan, wadya Tiongkok cacah 85.000 lajêng bidhal dhatêng Tiongkok Lèr, badhe ngêpang laladan Hèpèi, tuwin sampun sadhiya wadya sanèsipun malih cacah 160.000 baris wontên uruting margi sêpur Lunghai. Nanging sanadyan ing kala punika wadya wau nama sampun ajêng-ajêngan kalihan mêngsah, mêksa taksih kêdunungan sabar, taksih nyarantosakên dhawahing karampungan. Ing salêbêtipun nyabarakên wau wontê-

--- 904 ---

[Grafik]

Băngsa Tionghwa ewon, ing nagari Tiongkok nuju sami nyambutdamêl sêsarêngan.

--- 905 ---

na pabarisan Tiongkok tuwin Jêpan pinanggih saya tumata. Namung ing Pèiping lajêng nêtêpakên tumindaking undhang paprangan. Ing ngriku lajêng tuwuh wontên suwaraning sanjata mêsin kumrutug, adamêl gambiraning manahipun para militèr. Ing ngriku tumrap Tiongkok gadhah panguda raos, bab punika manawi botên wontên pamoring rêmbag-rêmbagipun nagari sanès, sagêd ugi dados paprangan agêng. Salajêngipun kalampahan ing sakubênging dhusun Caisèn Miao, ing sakilèn Pèiping wontên wadya campuh kalangkung rame. Ing ngriku wadya Jêpan kèngsêr, wadya Tiongkok ugi lajêng ngunduri, badhe ngêntosi têtêping pêrangan malih. Dados tindak punika kadosdene namung pêpucuk.

Nanging bab pasulayan punika inggih lajêng dados paprangan yêktos, ing sakidul Pèiping wontên campuhan sakalangkung rame, wontên granat kalih anjêblos wontên sanginggiling tembok kitha, nanging wadya Jêpan lajêng ngunduri dhatêng Pèngtai. Ing ngriku wadya Jêpan wiwit ebah ngajêngakên motor mabur nêmpuh wadya Tiongkok ing Nan Yuan, nanging Jêpan taksih gadhah raos miring, bab panêmpuh wau jalaran namung saking malêsi saking tindakipun Tiongkok anggèning nyanjatani motor mabur Jêpan ingkang botên niyat damêl karisakan.

Namung mênggah nyatanipun, pasulayan ingkang sampun kados makatên kawontênanipun, botên kenging lajêng dipun wastani saking tuna dungkaping tindak, sadaya kawontênanipun namung sarwa kêdah tumindak makatên. Tandhanipun bilih nyata badhe saya rêrêmpon, dhatênging wadya Jêpan numpak sêpur anggili tanpa kêndhat, lampahipun tumuju dhatêng pundi-pundi.

[Iklan]

Manawi kawêdalipun ing rêmbag, campuhipun yêktos taksih ngêntosi dangu, nanging nyatanipun sampun botên kenging dipun sêmadosi malih. Mênggahing pangrêmbag inggih tansah tumindak sagêdipun antèr, namung pinanggihipun botên sagêd anocogi.

Sarêng sampun saya rupêk tuwin sampun pinanggih pêcah kados makatên, wontênipun inggih lajêng têtêp nama pêrang. Miturut wartos, suwaraning sanjata mêsin tanpa wontên kèndêlipun, kamirêngan cêtha saking pundi-pundi, inggih punika suwaraning sanjata mêsin Tiongkok ingkang kangge ngundurakên ajêngipun wadya Jêpan ingkang nêmpuh Kwan Ying Tang. Wadya Jêpan ingkang nêmpuh wontên 400 kanthi oto lapis waja 65. Ing ngriku wadya Jêpan kasoran, kêpêksa angunduri kanthi karisakan. Wusana unduripun lajêng ngawontênakên gêlar enggal, ingkang saya cêtha mujudakên kasantosan tuwin badhe agênging paprangan.

Ing sapunika Tiongkok nama tuwuh pêpêrangan malih.

--- 906 ---

Bab Kasarasan

Sêsakit edaning sêgawon Hondsdolheid

Sambêtipun Kajawèn nomêr 56.

Dhawuh nata, ing têmbe manawi Pasteur nglajêngakên papriksan pangudi lan nyinau ing babagan kadhoktêran utawi sanèsipun ingkang sagêd mitulungi dhatêng kabêtahan umum, sadèrèngipun dipun sêbarakên dhatêng ing ngakathah, prayogi kêdah nglapurakên utawi nêrangakên dhatêng kêmpalanipun para dhoktêr (geneeskundige kring) rumiyin, ingkang anjagi kasarasanipun tiyang sanagari.

Tuwan Pasteur badhe munjuk punapa-punapa dhatêng sang prabu nanging botên kawêdal, amargi dipun candhêt piyambak, namung lajêng kèndêl andhingkluk.

Dr. Rossignol pambantunipun Dr. Charbonnet ingkang andhèrèkakên ngadhêp ing ngarsa nata tumut cawe-cawe, munjuk dhatêng sang prabu: Gusti, kadospundi sêrat sêbaranipun Pasteur ingkang sampun dipun sêbarakên, ngawon-awon sadaya dhoktêr ing Parijs ngriki.

Sa[2] nata dhawuh supados sêrat sêbaran ingkang prêlunipun namung ngawon-awon para dhoktêr wau prayogi dipun tarik wangsul kemawon, yèn botên makatên, Tuwan Pasteur tamtu tampi ukuman saking nagari.

Tuwan Pasteur kalilan mundur saking kadhaton, lajêng mantuk. Dumugi griya, ambruk tilêman ing dhipan sarta ngandika dhatêng ingkang garwa: mari, barang-barang kabèh iki tatanên, buntêlana lan diwadhahana, ayo padha lunga saka Parijs kene, sesuk mangkat.

Ing taun 1870 wontên pêpêrangan Prancis kalihan Jêrman, asmanipun Tuwan Pasteur sampun kasilêp, têtiyang sampun sami supe.

Ing pêpêrangan agêng wau Prancis kawon, Sang Prabu Napoleon III kèngsêr lan sampun kèndêl. Ing Prancis madêg nagari ingkang tanpa ratu, dipun pangagêngi dening presidhèn Adolphe Thiers.

Ing kêmpalaning para ministêr, presidhèn ngandika: tuwan-tuwan, sampun sami pirsa bilih Bismark (Jêrman) purun ngundurakên prajuritipun saking nagari Prancis ngriki, yèn Prancis sagah ngulungakên Elzas lan kêdah ngawontênakên arta têtêmpah kapitunan 50 milyar prang. Sapunika saking pundi angsalin[3] arta ingkang samantên kathahipun punika.

Ministêring babagan arta praja gèdhèg-gèdhèg, anggalih kadospundi sagêdipun ngawontênakên arta 50 milyar wau, panggaotan botên majêng, jalaran wontêning pêpêrangan wau. Babagan têtanêman nagari botên sagêd migatosakên, kawontênanipun rajakaya ngrètèg, amargi katrajang pagêblug sêsakit miltvuur ingkang waragadipun yutan ing sataunipun, dados pamêdal paos saking ulah têtanèn tuwin sanès-sanèsipun botên sagêd kasil, namung ing dhistrik Arbois ingkang cacahipun rajakaya majêng, paosipun inggih majêng malah sagêd mindhak majêng.

Presidhèn andangu: Punapa sababipun dene

--- 907 ---

Arbois sagêd bayar paos cêkap, sanèsipun dhistrik botên.

Ministêr mangsuli: Amargi ing Arbois rajakaya botên kaparag ing sêsakit, sêmunipun kewan-kewan ing ngriku sami kalis dening sêsakit miltvuur.

Presidhèn dhawuh: Yèn makatên kula badhe nêdha katrangan saking dhirèktur têtanèn. Dr. Radisse supados utusan mriksa kawontênanipun ing Arbois, dene cacahing rajakayanipun mindhak majêng tur sami kalis dening sêsakit miltvuur punika, punapa sababipun, punapa wontên jampi ingkang sagêd nanggulangi utawi ngalisakên sakit wau. Satunggal-tunggalipun kewan ingkang gêsangipun kasarasan punika sagêd mitulungi dhatêng nagari tuwin sagêd damêl mardikaning nagarinipun.

Dr. Radisse sasampunipun tampi dhawuh lajêng tindak, dipun dhèrèkakên pabambantunipun[4] dhatêng Arbois.

Sarèhning tindakipun Dr. Radisse dhatêng Arbois punika kêdah sagêd ambatang cangkriman ing Arbois, mila pangunandikanipun ing salêbêting panggalih: yèn sapi wêdhus ing kene iki padha kuwarasan, bisa kalis dening miltvuur iku, bokmanawa pancèn ing tanah kene lêlara miltvuur ora bisa thukul utawa tanahe duwe daya kang bisa ngalisake lêlara miltvuur marang kewan-kewan mau.

Ing dhistrik Arbois lêmbu-lêmbu tuwin menda-menda ing pangenan sami katingal lêma-lêma saha giras. Dr. Martel inggih punika pambantunipun Dr. Radisse nudingi ngatingalakên, yèn rajakaya ing ngriku sami saras tur lêma-lêma.

Dr. Radisse ngandika: Bêgja wong ing dhistrik kene iki.

[Iklan]

Dr. Martel kapengin sumêrêp sabab-sababipun dene kewan-kewan wau sami kasarasan, măngka ing sanès panggenan racak-racakipun sami kaparag pagêblug. Lajêng pitakèn dhatêng lare angèn: He, bocah angon, apa wêdhusmu ora ana sing padha lara, katrajang miltvuur.

Wangsulanipun lare angèn: Miltvuur niku napa, dhèk siyin menda kula ênggih pancèn sok sami sakit, nanging saniki êmpun sami saras. Ing ngriki ontên tiyang kang sok purun tulung anjampèni sapi lan wêdhus, milane wêdhus kula sami saras-saras.

Badhe kasambêtan.

Sumadirja, Ind. Arts. Kudus.

--- 908 ---

Blilu Tau

Anggitane: Wiryawiharja, sambêtipun Kajawèn nomêr 57

[Maskumambang]

pêpêtênge ing bêngi arasa tintrim | têntrêming suwara | arasa ngêrês-êrêsi | rusak atine Nyi Wana ||

panon pêtêng ngungkuli pêtênging wêngi | elinge wis ilang | mung kari anyipta pati | Nyi Wana mèh suduk slira ||

rahayune mantune pinuju nglilir | kagèt garagapan | age kêdhakalan tangi | karo anjêrit sarosa ||

gawe kagèt nganggo dibarêngi tangis | gègèr wong sadesa | anggantêr swaraning titir | gugup punggawa nagara ||

sêsêluran saka lor kidul andilir | ramene wong tandang | gumêrah agawe giris | kanthi miranti gêgaman ||

18. Wanajaya dadi undhagi

Bêbasane blilu tau, wong pintêr durung nglakoni

Kinanthi

pawartane wis misuwur | anane titir dhèk bêngi | ing Songbanyu Nyai Wana | suduk slira mèh bilai | rahayune kêtulungan | mantune sing andêngangi ||

saikine salin rêmbug | ngrêmbug Wanajaya gênti | biyèn kaki Wanajaya | anggone anglacak sapi | kêsasar ana ing paran | banjur ana sing mêlasi ||

sing mêlasi Wana iku | ora yèn kapetung sugih | ya mung rada kacukupan | marga saka ngati-ati | srêgêp marang pagawean | ora mung maligi tani ||

sasêlane garu mluku | disambi dadi undhagi | bara buruh gawe omah | mênyang prêpat măncakaki | yèn pinuju ana ngomah | thak-thik gawe meja kursi ||

diêdol manawa payu | yèn ora payu ya uwis | dianggo dhewe ya kêna | wong pancèn butuh piranti | măngsa gèk ilanga muspra | olèhe kangelan thak-thik ||

dene jênênge wong mau | mung karan kaki undhagi | dhèk biyèn ora sêkolah | nanging bisa maca nulis | ngrêti petung tur anggitan | marga srêgêp nênitèni ||

bêbasane blilu tau | wong pintêr durung nglakoni | ngono iku pancèn nyata | nyatane kaya saiki | akèh bocah sêkolahan | wasise mung ana uni ||

unine wis sugih kawruh | wêruh barang rêmit-rêmit | nanging wêruhe mung wara | ewadene sok marahi | wêwarahe mung karangan | arang kang gêlêm nandangi ||

wondene sing ngono iku | malah wong sing kurang ngrêti | ora gêlêm ngulur nalar | kurang mantêpe ing ati | dhasare wêgah tumandang | sulaya olèhe mikir ||

kocap ki undhagi iku | sanajan wis jênêng sugih | ya ora anggêp-anggêpan | tangkêpe têtanggan bêcik | dhêmên tulung lan dêdana | marang pawong mitra asih ||

mula Wanajaya mau | wis dirêngkuh mitra bêcik | lagi kêtêmu sapisan | wis dianggêp kaya adhi | barêng têkane ing omah | nyi undhagi ngacarani ||

gurawalan sajak gugup | nanging patrape mantêsi | têmbunge bangêt sumanak | rumakêt ngadhêmi ati | mulane Si Wanajaya | ing sêmu katara ering ||

ing sawise tata lungguh | lan takon-tinakon slêsih | tumuli disuguh wedang | pacitane ora kari | sasuwene nyênyamikan | disambi rêrasan lirih ||

Ana sambungane.

--- 909 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Tanah Ngriki

Kangjêng Nyonyah Ingkang Wicaksana rawuh ing Tangêrang. Kala dintên Rêbo kêpêngkêr, Kangjêng Nyonyah Ingkang Wicaksana rawuh ing Tangêrang mariksani kawontênan sêlêbêting Pro Juventute. Salajêngipun dhatêng kontroliran mriksani pandamêling topi godhong pandhan.

Indhakipun tiyang ingkang gadhah radio. Miturut cathêtan ingajêng, cacahipun tiyang ingkang gadhah radio ing tanah ngriki wontên 45.000. Dumugining wulan Juni kêpêngkêr sampun wontên 47.277, dene ingkang sampun dipun cathêt ing kantor agêng pakaryan post sampun 47.540. Ing tanggal 1 Januari 1937 wontên 39.028, salêbêtipun 6 wulan sampun wêwah 8.199, dados radin-radin sabên wulan wêwah 1350.

Dr. P. Peverelli dhatêng Tokio. Dr. P. Peverelli, pangagênging Gemeentelijken Gezondheidsdienst ing Bêtawi sampun bidhal dhatêng Jêpan pêrlu badhe anjênêngi congres Roode Kruis tuwin congres pakêmpalan pamulangan-pamulangan partikêlir, sami manggèn ing Tokio. Dr. P. Peverelli minangka utusan Roode Kruis tanah ngriki tuwin nagari Walandi. Wangsulipun dhatêng Bêtawi wontên tanggal 28 Augustus ngajêng punika.

Chineesche Landbouw Vereeniging. Chineesche Landbouw Vereeniging kalampahan sampun damêl parêpatan wontên ing Bandhung. Ingkang mêdhar sabda, Dr. Koolhaas, pangagêng Laboratium voor Scheikundig Onderzoek ing Bogor, ing bab awon saening gaplèk tuwin pathi, mawi dipun wujudi barangipun, kathah ingkang migatosakên. Wêdhar sabda ingkang kaping kalih tuwan van der Ham, saking Algemeene Landbouw Pensioenfonds, nyariyosakên bab tumindaking damêl babagan punika. Ing bab punika tumraping Chineesche Landbouw Vereniging kalêbêt wigatos.

Anjagi bêbayanipun ambêsmi kambêngan. Pakaryan Wana tuwin Pangrèh Praja ing tanah Sabrang sampun suka katrangan dhatêng têtiyang ing dhusun bab bêbayanipun mbêsmi kambêngan, jalaran gampil sagêdipun tumular dhatêng wana. Nanging bab punika tumrapipun wontên Palembang botên patos dipun wigatosakên, kêrêp wontên ingkang nrajang saha adamêl kabêsmining wana. Ing sapunika wontên tatanan enggal, badhe matêsi wontêning tanêman kambêngan, perlu kangge anjêmbarakên wana. Waragadipun dipun sadhiyani f 50.000,- ingkang saperangan mêndhêt saking arta karèt.

Congres T.B.C. Kados ingkang sampun kawartosakên, ing Sêmarang badhe wontên congres para doktêr ing bab babagan T.B.C. Ingkang ngawontênakên congres punika tuberculose-studiecomite ing Bêtawi. Adêging comite ing Sêmarang, dipun adani dening Dr. A. J. Cohen, Dr. H. C. Comperts, De J. Kuilman, Dr. M. H. van Lawick van Pabst tuwin Dr. M. Sardjito, ing tanggal 29 Juli punika.

Kêbêsmèn walirang. Ing rêdi Papandhayan mêntas wontên kêbêsmèn walirang jalaran saking tindaking golongan andon lampah mriku. Rahayu lajêng sagêd katulungan dening para tandang ingkang mangêrtos dhatêng babagan punika. Pakêmpalan Bandung Vooruit tuwin Pakaryan babagan rêdi latu inggih sampun ngawontênakên awisan botên kenging sêmbrana dhatêng latu. Panjagi makatên punika botên ngêmungakên kangge anjagi sampun ngantos ngewahi sipatipun ingriku, ugi nyamarakên manawi dayanipun sagêd damêl tiwasing tiyang tuwin sato kewan.

Têtiyang bucalan ing Digul badhe kaantukakên. Miturut wartos, kala ing wulan Juni kêpêngkêr, wontên pandangonipun pangagêng nagari ing Digul, gêgayutan bab anggèning badhe dipun wangsulakên dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak.

[Grafik]

Departement van Verkeer en Waterstaat. Miturut wartos, ingkang nggêntosi Mr. Dr. J.A.M. Van Buuren Directeur Departement van Verkeer en Waterstaat, Ir. Ch. F. van Haeften, (kacêtha ing gambar), ingkang sapunika majibi padamêlan wau. Nanging sarèhning nuju verlof, kaundurakên ngantos dumugi wulan September ngajêng punika. Salêbêtipun Ir. Van Haeften verlof, dipun wakili Ir. C. Hillen, pangagêng Post-Telegraaf- en Telefoondienst.

Angsal-angsalaning tulatingsexamen Mulo. Kawartosakên, angsal-angsalaning tulatingsexamen tumrap Mulo ingkang sampun dipun tampèni wontên ing Departement Pangajaran, pinanggih mundur tinimbang taun kêpêngkêr. Wontênipun makatên, amargi tumrap murid-murid saking H.I.S. tuwin H.C.S. ingkang kathah nêmpuh examen ing klas 1, mangka lêrêsipun tumrap murid-murid saking ngriku punika pancèn mapanipun manggèn ing voorklas.

Mèngêti adêgipun kitha Cilacap 100 taun. Wontên wartos, benjing wulan Februari 1938 ing Cilacap badhe kawontênakên pèngêtan adêging nagari sampun 100 taun. Pèngêtan wau mawi kawontênakên tentoonstelling barang-barang kawêkêlan. Miturut katrangan, kala taun 1838 wiwit babad wana, ingkang ambabad tiyang 3 asli saking Banyumas sami sadhèrèk, dangu-dangu kathah ingkang tumut mriku. Tiyang tiga wau lajêng dipun dadosakên pangkat Ngabèhi saking kaparêngipun Parentah, salajêngipun ingkang anggêntosi namung pangkat Ronggo. Wusana lajêng dados pangkat Bupati. Bupati sapisan nama Tumênggung Cokrowadono.

--- 910 ---

Putra Nata Ngayogyakarta dhatêng nagari Walandi. B.R.M. Ilal'oel Kirami, putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya, ingkang nêmbe lulus saking A.M.S. afd. B ing Bêtawi, badhe nglajêngakên sinau dhatêng pamulangan luhur ing Leiden, nagari Walandi, babagan pangadilan. Bidhalipun wontên tanggal 8 Sèptèmbêr ngajêng punika nitih kapal Dempo. Dumugining Marseille badhe dipun papag sadhèrèk dalêm ingkang sampun sinau wontên ingriku.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, Mas Bardjo, juru sêrat klas 1 asistèn wêdana Watumalang, kabupatèn Wonosobo, paresidenan Kêdu, dados mantri pulisi paresidenan Kêdu.

Knilm lan N.I.S. Awit saking sarêmbagipun Knilm kalihan N.I.S. ing sapunika tiyang sagêd kesahan saking Sêmarang dhatêng Surabaya kanthi waragad mayar sangêt manawi kesah tuwin wangsulipun numpak sêpur N.I.S. utawi Knilm tuwin kosokwangsulipun. Tiyang ingkang numpak sêpur, sadumugining stasion lajêng angsal karcis ingkang kenging dipun lintokakên karcis Knilm, ing papan anggêgana, makatên ugi kosokwangsulipun. Karcis ingkang kapetang wongsal-wangsul punika rêginipun f 30.50, kenging dipun angge 3 dintên.

Ganjaran ingkang nylulupi kapal Van der Wijck. Gêgayutan kalihan tindak nylulupi kapal van der Wijck, tuwan R. Stuffkens litnan 2 tampi ridder orde van Oranye Nassau. J. Noorland, punggawa kapal, tampi mêndali salaka kaurmatan tuwin J. Adriaansen matroos, tampi mêndali prunggu.

Kapiji sinau dhatêng Politie school. Awit saking kaparêngipun Directeur Pangrèh praja, wiwit benjing tanggal 1 Augustus ngajêng punika, miji mantri-mantri pulisi supados sinau dhatêng Politie School ing Sukabumi, 1 R. Moerdiman, mantri Veldpolitie Paree (Kediri). M. Kasim alias Sosrodisoemo, mantri Veldpolitie Bojonêgoro. R. Soenario alias Padmosoemarto, mantri pulisi Sidoromo. M. Soedarmo, mantri pulisi Malang.

Klika kangge abên ngolah wacucal. Sampun dangu wontên bangsa Amerika nggadhahi kabudidayan klika-klika kajêng mangrove ingkang kenging kangge abên ngolah wacucal. Bab punika katindakakên wontên Borneo, ing wana-wana sacêlaking pasisir sungapaning lèpèn Soi Sêbuku. Jêmbaring kabudidayanipun sampun 12.000. Klika kajêng mangrove wau kakintunakên dhatêng Philippina lajêng kagarap dados abênan. Pabrik ingriku wau sabên wulan ngangge kajêng 2000 ton. Ing sapunika kabudidayan wau nyuwun palilah badhe bikak ing Sèlèbês pasisir Kilèn.

Halte Chef Cermee dipun kroyok. Sampun sawatawis dintên, halte chef ing Cermee N.I.S. Sumêrêp wontên tiyang kirang-langkung 45 sami lumampah ing ril sêpur, katingal nuju sami mêndêm tuwak. Nalika tiyang samantên wau dipun purih nisih ragi sêrêng, amargi sêpuripun sampun mèh dhatêng. Nanging têtiyang wau lajêng ngroyok halte chef ngantos lêmpe-lêmpe, salajêngipun ngantos dipun bêkta dhatêng griya sakit. Têtiyang 45 lajêng dados papriksan pulisi.

R. Arjo Tjitrokoesoemo seda. R. Arjo Tjitrokoesoemo, Kolonèl pènsiun ing Sumênêp seda, yuswa 100 taun. Layonipun kasarèkakên ing masjid Astanaraja. Ingkang nglayat Bupati ing Pamêkasan, Sumênêp, plaatselijk militaire commandant Sumênêp tuwin Pamêkasan, golongan barisan ing Madura, wakil residhèn Madura, ingkang mêdhar sabda Gupêrnur Jawi Wetan. Ingkang suwargi punika angsal bintang Militaire Willems Orde sampun 60 taun.

Annemer pakunjaran kapitunan. Jalaran saking indhaking rêrêgèn wos, para aannemer pakunjaran sami sambat kawratan anggènipun nyanggi.

Bank P.P.B.B. Tuwan Soetardjo tuwin Prawoto Soemodilogo, pangajênging Pêrkumpulan Pêgawai Binnenlansch Bestuur, mêntas sowan dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, gadhah atur anggèning badhe ngêdêgakên Bank P.P.B.B., kanthi nyuwun arta bantuan f 1.000.000,- Nanging panyuwun wau botên kaparêngakên, badhe karêmbag rumiyin. Ing sapunika wontên wartos pakêmpalan wau badhe angsal pitulungan arta f 375.000,- kangge ngêdêgakên bank wau.

Tanêman kênthang saya wigatos. Tanêman kênthang ing taun 1937 punika kathah ingkang botên kêmêdalan, jalaran katrajang ama. Bab punika andadosakên indhaking rêginipun kênthang, saha lajêng nama kêkirangan kênthang. Malah salajêngipun andhatêngakên kênthang saking Jêpan tuwin Autralie.[5] Ingkang sae kênthang saking Jêpan. Tumrap kênthang saking Australie botên kenging kangge bibit.

Tuwan Khouw Khe Hien wangsul. Tuwan Khouw Khe Hien, bangsa Tionghoa ing Bêtawi ingkang misuwur anggêgana dhatêng Tiongkok, ing salêbêtipun wulan punika badhe wangsul anggêgana saking Shanghai dhatêng Bêtawi. Nyonyahipun sampun bidhal rumiyin numpak kapal.

Ebah-ebahan Sultan Ali Achmad. Ing Kêjawèn mêntas martosakên bab ebah-ebahan Sultan Ali Achmad ing Bêtawi. Salajêngipun pulisi sampun mriksa têtiyang pintên-pintên ing Kêmanggisan, sadaya sami nêdahakên angsal karcis badhe botên ambayar pajêg.

NAGARI WALANDI

Jamboree sampun kabikak. Kala tanggal 11 wulan punika jamboree ing nagari Walandi saking kalêmpakaning padvinder sadonya, kêlampahan kabikak dening Sri Bagenda Maharaja Putri. Cacahing padvinder sadaya wontên 25.000, satunggal-satunggaling golongan mawi bandera kabangsan piyambak-piyambak, manggèn urut margi ingkang anjog panggung Karajan.

EROPA

Jêrman nindakakên cobèn-cobèn kopi. Ing kalangan among dagang migatosakên wêlingan kopi saking Jêrman gangsal atus karung, perole[6] badhe kangge cobèn-cobèn ngèlmu pamisah. Manawi cobèn-cobèn punika mikantuki, ing têmbenipun sagêd ugi Jêrman badhe mêling kopi ngantos 10.000.000 karung. Dados padagangan kopi badhe gadhah pangajêng-ajêng sae.

ASIA

Numpak sêpêdha ngubêngi donya. Wontên bangsa Indu 3 taksih anèm angubêngi jagad numpak sêpedha, ing sapunika lampahipun sampun dumugi Kapstad. Neneman tiga wau nama Kaikee Kharras, Rustan, Chandi tuwin Ruttan Schroff. Bidhalipun sampun kala wulan April 1933. Neneman wau nalika dipun takèni, cariyos: lampahipun punika ngangkah murih bangsanipun angsal panganggêp sae. Miturut cathêtanipun ing buku pinanggih wontên tapakastanipun Mr. Ramsay Mac Donal, Sir Samuel Hoere tuwin Lord Sankey ing London; Mr. De Valera ing Ierland; President Zamora ing Spanyol tuwin sanès-sanèsipun.

AMERIKA

Hawa bêntèr ing Amerika. Ing wêkdal punika hawanipun ing New York bêntèr sangêt, tiyang ingkang tiwas wontên 100. Têtiyang ing kitha atusan ewon sami ngungsi dhatêng papan padhusun. Dene têtiyang ingkang ngungsi dhatêng kapuloan Coney Island kirang langkung sayuta. Miturut wartos ingkang kantun, tiyang ingkang tiwas jalaran kenging hawa bêntèr wontên 300.

Madosi nyonyah Amelia Earhart ingkang wêkasan. Marine Amerika nindakakên pitulungan madosi nyonyah Amelia Earhart ingkang wêkasan. Babadan wau lajêng ambidhalakên motor mabur 62 kangge madosi sakubênging Howland Island tuwin kapuloan Phoenix. Motor mabur wau sadintên sagêd nitipriksa ing papan ingkang têbanipun 60.000 mil pasagi.

--- 911 ---

Wêwaosan

Dongèng Suleman[7]

Dening P.P.

[Sinom]

mangripta supatra mudha | sêdhêng ri Rêspati Kasih | kaping sanga lèking wulan | Rabingulawal ing warsi | Ehe kang windu Adi | wuku Kuningan panuju | ing măngsa kasawêlas | sangkalanira winarni | ngèsthi rasa pangasthawaning panunggal |[8]|

nora ninggal wiji asal | wijil saking kaki nini | ing jaman kina-makina | wus tan kêna dèn singgahi | ugêring băngsa Jawi | mung sawiji ulah sêmu | mêmêsu masuh badan | mrih sambada dènnya budi | trêsna băngsa brăngta kawruh kabatinan ||

tinêmbaya angupaya | lan milih ingkang pakolih | karêm angrungu carita | dongènge pra wrêdha dhingin | kang patut dèn pemuti | pinèt sarahsaning wuwus | kang wose wèh warsita | satata cinathêt ngati | dadi crita cinêtha jroning kintaka ||

kata măngka pralampita | têpa palupi kotami | tumrap kang para sêdyarsa | samya myarsa tutur nêmpil | mung nrima ipil-ipil | wau dongèng kang kinidung | kojah jumênêngira | duk jamane kangjêng nabi | kang wus kasub kasbut Sang Prabu Suleman ||

ing salumahing bantala | miwah sakurêbing langit | tan ana ratu kang padha | lawan Suleman Jêng Nabi | kongsi kasudra dadi | ratuning kang para ratu | jagad kulon lan wetan | angadhatyan ing nagari | Darusalam (Yêrusalèm) lumrang kaonang winênang ||

nora mung ngêmungke janma | manungsa ingkang prasami | sumuyud mangèstupada | sanadyan diyu rasêksi | jim setan sarta pêri | parayangan kutu-kutu | alang ataga padha | kèdhêp madhêp mring jêng nabi | bijaksana sinêbut soca bathara ||

palastha ing astha guna | bisa mring basa sawarni | pitik iwèn sato kewan | sakèh titahing Hyang Widi | kabèh dèn udanèni | nadyan godhong kayu watu | kang sipat warna rupa | kang kumêthip kang kumêlip | nora kilap sasolah-bawaning tingkah ||

warah pranataning praja | kang pinatah măngka patih | pinitaya ing akarya | murba miwah misesani | marang kang para abdi | kawula sabangsanipun | buron ibêr-ibêran | myang gêgrêmêtan lit-alit | lah iyèku sira manuk platuk bawang ||

kondhang undhagi sabarang | ing akarya agal rêmit | micara: awicarita | titih rèhing rajaniti | ingêring pasang karti | sampeka pakewuh mêngku | tan kewran nawung kridha | wikramaning silastuti | ati tulus têtelambêk kumawula ||

kawuwusa wus watara | pitung Sênèn pitung Kêmis | kawistara tis-tis sonya | nyênyêt mamring sêpa-sêpi | sang aji datan mijil | tinangkil saking kêsandhung | anandhang roga karna | sayarda kasok ing dhiri | datan arsa dhahar myang tan sagêd nendra ||

marma samya sru ardaya | sadaya wong sanagari | orêg gora rèh ruhara | angraos gêrahing gusti | tita tanpa upadi | pirang tămba pirang dhukun | cabar tan labda karya | kaya mangkana sang aji | jroning gêrah ana kang karasèng karna ||

klêbon buron gêgrêmêtan | tandya enggal animbali | marang manuk platuk bawang | tan pantara sampun prapti | marêk ngarsa sumiwi | sarwi mawantu wotsantun | jêng nabi aris nabda | makata[9] samêngko iki | Raja Namli enggal-enggal timbalana ||

barênga salakunira | nora sun lilani pamit | poma dèn tuhu ing lampah | warahên Si Raja Namli | mula ingsun timbali | sun karsakkên karyanipun | manjing jro karnaningwang | nawung wigati maniti | apariksa ing kono apa kang ana ||

anêmbah sigra umentar | platuk bawang duking jawi | mamprung amanapak wiyat | makilat thathit sêsiring | mung sapandurat bali | lawan Namli sêmut ratu | karone parêng prapta | ing byantara kangjêng nabi | nêmbah-nêmbah marikêlu kalihira ||

aris jêng nabi manabda | lah mara glis Raja Namli | mlêbua mring karnaningwang | wau kang sinungan ing ling | nulyènggal nuhu tuding | mlêbèng talingan sang prabu | praptèng jro pangguh rêna | gupuh-gupuh Raja Namli | mrih umahya rêna saking jroning karna ||

kêluwih-luwih jrihira | si rêna mring Raja Namli | lagya wruh sasaring marga | margiyuh tan duwe ati | tan wurung praptèng pati | patrapan wrating piluput | dosa gêng mring narendra | amanggih siksa gêng ugi | têmah pêjah pamancasing ukum kisas ||

mung mêngkono osiking tyas | si rêna nulya nut mijil | mring Raja Namli duk prapta | parêng kalihe nèng jawi | sakala jêng sang aji | mulya jati gêrahipun | pulih kadi duk purwa | puwara ngandika aris | Raja Namli bangêt panarimaningwang ||

gêrah ingsun uwus sênggang | mulih lir ing wingi uni | sirèki kinarya marga | sih marmanira Hyang Widi | samêngko sun arsa wrin | warahên ingkang satuhu | apa krananing roga | Raja Namli manganjali | sarwi matur titi ing purwa wasana ||

sangêt ngunguning wardaya | duk myarsa wau jêng nabi | tandya alon angandika | hèh ta platuk bawang patih | si rêna ing samangkin | yogya tahanên rumuhun | ana ing tanganira | rêksanên ywa kongsi anis | benjang-enjang ajokna mring ngarsaningwang ||

sêdhênge ing dina padha | tan nyêra padha pinikir | karêmbug lan kancanira | wanciningsun măncaniti | wus titi dhawuh mami | sira sun lilani mundur | banjur ngasoa samya | samana kang sinungan ling | nêmbah lèngsèr dyan mundur saking ngarsendra ||

asamya pisahan lampah | sewangan waluyèng panti | patih platuk bawang lawan | sêmut ratu Raja Namli | ing lampah tan winarni | wau ta ingkang winuwus | ki patih platuk bawang | enjang gya rumagang kardi | arsa sowan kanthi lêlaran si rêna ||

[Kinanthi]

rinèhmu ambangun turut | tut wuri lampahing patih | sapraptaning pasewakan | kang samya sowan mênuhi [mênuh...]

--- 912 ---

[...i] | kaanane neka warna | nora wor suh wijang kèksi ||

kasarjon sajuru-juru | jèjèr andhèr amêpêki | undha-usuking pamangkat | êmpan papane nêtêpi | têpaning panata praja | prabawèng patih linuwih ||

wau tan dangu sang prabu | tandya umiyos siniwi | pratistha ing dhampar dênta | pinatik sotya rinukmi | mradipta amarakata | katon kartika rumiris ||

raras rêsmine sumawur | murwèng praba narambahi | sirêm soroting baskara | karoban ing sotya rukmi | murub marbukèng sasmita | kotamaning radya niti ||

luhuring adil dinulur | palamarta maratani | tinêmbung kasor akasa | miwah hyang rawi kêwuri | dera padhanging pandriya | drahwaya mahya we suci ||

cinêtha tuk gung kang masung | ing gêsang sarwa dumadi | dumipa ing pramodita | mribadi tanpa sasami | sêmuning nata kotama | tumêmên tanduking adil ||

kaya mangkana ta wau | lêlaran uwus cumawis | ing ngarsaning pasamuwan | pradata dera maniti | apariksa paripurna | pranata têtêping adil ||

kang pra lid pirêmbagipun | ing pamutus uwis gilig | gumolong pamanggih tunggal | rêna kabênêr nampani | patrapaning paukuman | tutup salawase urip ||

anèng jro pêtêng linimput | tan kênantuk dèn tamani | padhanging lintang rêmbulan | suryandaru kilat thathit | pêpagêring pakunjaran | rinajêg têmbaga wêsi ||

duk kala wau sang prabu | myarsa pirêmbaging pra lid | wus gilig dadya satunggal | glis nabda sira jêng nabi | kadiparan platuk bawang | panimbangira kang bêning ||

nêmbah platuk bawang matur | kajawi karsanta gusti | bilih pamanggih kawula | tuna traping rajaniti | kêlilipên kaluhuran | rinewangan lir sinêmbir ||

ywa nêtêpkên rêna kokum | kainan adêging adil | tan namung dhoyong kewala | malah têtêp rêbah gusti | koncatan kuncarèng asma | soca bathara linuwih ||

linuwaran lêrêsipun | pun rêna jêjêging adil | dènira atêmah dosa | datanpa sinêdyèng kapti | têtela têtêp tan mawa | pamaa wruh rèhing sisip ||

saputing pêtêng kang masung | sangsaya sasaring margi | wontên sêmoning wasita | sintên sintêna jêng nabi | kang awas miwah kang atas | kêdah têdah wuta tuli ||

ywan awas tan arsa masung | padhang prahina pangèksi | tan wande tansah kêtunjang | dening padhange pribadi | sabab murang sutung palang | lire lumuh anyimpangi ||

yèn wong wuta numbuk bêntus | si awas mung nupiksani | punika sayêktinira | awas kenging dèn wastani | tiwas tan prabeda wuta | darbe netra tanpa kardi ||

Badhe kasambêtan.

Stedelijk Historisch Museum ing Surabaya

Kados para maos kathah ingkang sampun anguningani mênggah wontênipun gêdhong museum enggal ingkang namanipun kados ing gambar punika. Museum wau kangge nyimpên kêklêmpakaning barang-barang ingkang gêgayutan kalihan babadipun kitha Surabaya.

[Grafik]

Ing suwaunipun museum punika manggèn wontên ing gêdhong limrah, nanging dangu-dangu lajêng sagêd ngawontênakên gêdhong piyambak, saha barang-barangipun sampun katata ing panggenan ingkang kasadhiyanan piyambak-piyambak, kados ingkang kacêtha gambar punika: nginggil gambar sênthong panggenan barang-barang asli tiyang siti. Ngandhap sawarnining têtumpakan ing dharatan.

--- 109 ---

Nomêr 28, Taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam.

Kawêdalakên sabên Rêbo.

Angrimat tigan sagêdipun awèt

Rekadaya anandho tigan kathah punika pangrimatipun ingkang prayogi kalêbêtakên ing pêthi isi sarêm. Sarêm kagorèng sangan lajêng kadhêplok ingkang lêmbat, yèn sampun asrêp: kauwur-uwurakên ing dhasaring pêthi kandêlipun kintên-kintên sajêmpol, tigan wau mawi kabuntêl ing dlancang krèsèk utawi dlancang sanèsipun, lajêng kasèlèhakên ngadêg sadaya, sarta ing sêla-sêla tuwin nginggiling tigan wau kasukanana sarêm malih ngantos tiganipun sagêd katutupan, nuntên kasèlèhana utawi dipun tumpangi tigan malih. Sasampunipun cêkap, pêthi wau kabuntêla saprayoginipun ingkang sae, sarta panyèlèhipun kapapanakên ing panggenan ingkang têtêp (botên kongkak-kangkèk), sabên sajumungah sapisan, pêthi wau kawalika alon lan ngatos-atos. Tigan wau kawêdalakên saking pasimpênan ing sawanci-wanci kados tigan ingkang taksih enggalan.

Ulam utawi ulam loh ingkang mambêt, murih sagêd eca malih.

Ihtiyaripun angicali ulam utawi ulam loh ingkang mambêt wau, kagodhoga ngantos umob, lajêng kasukanana kobis godhogan ingkang sampun mantun ngukus, mila kasarèhakên watawis 3 mênit, kobis wau sagêd anêsêp ambêt utawi gănda awon, têmahan ulam utawi ulam toya wau sagêd eca malih.

Kenging ugi ing wadhahipun ulam wau kasukanana sarêm sagêgêm kaêjur ing toya, lajêng kakumbah ingkang rêsik, utawi nalika ulam kagodhog, kasukanan kobis godhogan utawi kulit roti sawatawis.

Angêmpukakên daging

Daging lêmbu sêpuh punika limrahipun mêsthi alot sangêt, sanadyan sampun kagodhog, ugi taksih alot akethot-kethot, supados sagêd êmpuk, wontên rekadayanipun malih sanès kalihan ingkang sampun kasêbut ngajêng, inggih punika sasampuning daging wau kakumbah, kablêbêda utawi kabuntêl mawi srêbèt, ing wanci dalu katumpangna [ka...]

--- 110 ---

[...tumpangna] ing kêrên ingkang dipun latoni sêtêngah pêjah (latu mrêngangah), enjingipun sampun êmpuk, lajêng kenging kaolah sasênêngipun.

Anawarakên raosipun olah-olahan ingkang kasinên

Sêpon kakumbah ing wedang bêntèr (jarang) lajêng kapêrês, kacublês ing cukit, tumuntên kacêlupakên ing olah-olahan ingkang sawêg umob.

Ngrimat pêthaking tigan

Tiyang olah-olah punika trêkadhang asring gadhah tirahan pêthaking tigan, manawi pinuju wontên tirahan wau prayogi karimata, amargi pêthaking tigan punika kathah pigunanipun, kenging kaangge damêl ancur ingkang sae, tuwin kaangge angrêsikakên sêtrup sapanunggilanipun. Dene pangrimatipun makatên: piring cèpèr kasikata ingkang tipis sangêt mawi lisah klêntik sae, pêthaking tigan ingkang enggal kaêcurakên ing ngriku ingkang tipis lapisanipun, lajêng kaêpe, manawi sampun garing saèstu, kaêcuran pêthaking tigan malih, lajêng kaêpe, makatên ing salajêngipun. Manawi sampun rampung tuwin sampun garing sadaya, pêthaking tigan wau kasusuka mawi lading utawi wêlat, lajêng kairis-irisa alit-alit, punika sanadyan karimat lami, taksih lastantun sae. Bilih badhe kaangge, kêdah kaêjur mawi toya tawa rumiyin.

Angecakakên cokak ingkang awon.

Tigan ayam ingkang enggal saha taksih kulitan kacêmplungakên ing cokak ingkang awon wau, yèn cokakipun kathah, tiganipun inggih kêdah kathah. Cokak wau tamtu lajêng sae malih, sarta wêwah kêcut.

Nyai Anim.

Bab nyêrat (ambathik)

Sambêtipun jagading wanita kajawèn nomêr 56

Pola-pola wau tansah wêwah, tansah mindhak, saya dangu saya sumêbar ing pundi-pundi. Panggenan panyêratan saya dangu mindhak cacahipun. Punika sadaya mratandhani bilih kagunan nyêrat punika satunggiling kasagêdaning tiyang Jawi ingkang gêsang, ingkang taksih wiyar têbanipun.

Kados ingkang kula aturakên ing nginggil, nyêrat punika sok kangge sambèn kemawon, utawi kangge panggaotan ingkang minăngka sarana ngupados têdha.

Lan sampun dados wajibipun, parentah angrêksa kabêtahanipun têtiyang bêrah nyêrat. Nanging ing ngriki botên badhe kula andharakên, ingkang badhe kula turakên ngêmungakên bab nyêrat ingkang minăngka sambèning para priyantun putri.

Tiyang ingkang badhe nyêrat punika kêdah pados papan ingkang ombèr, têgêsipun sampun ngantos kêregonan tiyang sanès ingkang wira-wiri (wongsal-wangsul) langkung. Patraping tiyang nyêrat punika kêdah sarèh, têntrêm, lan ayêm, makatên ugi [u...]

--- 111 ---

[...gi] pikir (manah) kêdah tumata, supados sêratanipun sagêd ajêg. Corèkanipun sampun ngantos palengkang-palengkong pating bêsasik. Kalihan malih tiyang nyêrat punika kêdah tlatos, ngatos-atos, sampun ngantos wontên lêpatipun. Awit manawi panyorèkipun lêpat, angèl anggènipun anglêrêsakên, trêkadhang sok kalajêng botên kenging dipun ewahi, andadosakên cacading sêratan.

[Grafik]

Rara Siti Mariy.[10]

Mênggah pamêndhêting pola-pola, punika kêdah salaras kalihan tiyangipun ingkang badhe dipun anggèn-anggèni sinjang sêratan wau. Anggènipun anggambar (nyêrat) pola ing sinjang punika kadadosanipun inggih beda-beda, wontên pola ingkang dados sae, mindhak luwês, wontên ingkang dados awon, kau, kasar. Dados tiyang ingkang nyêrat punika inggih kêdah anggadhahi panimbang sae utawi awon, kêdah mangrêtos bab luwêsing pola. Makatên wau murugakên bêbudèning tiyang mindhak alus, ing panyawang lan panggraita mindhak pratitis.

Mila manawi tiyang sagêd nyêrat punika prayogi sangêt, botên wontên awonipun. Punapa malih kangge mangun, kangge anggladhi lare èstri, kasagêdan nyêrat punika prayogi, sampun ngantos kabucal, malah sasagêd-sagêd dipun ajêngakên. Larasing nyêrat sampun ngantos ical, awit punika satunggiling aji-aji băngsa Jawi, ingkang endah lan pèni.

Minăngka panutup, kula gadhah atur, wawasan bab nyêrat punika kenging kawiyarakên, kajèmbrèng kajèrèng. Mugi para nupiksa karsa anglajêngakên ngrêmbag ing bab punika.

Nyambêti andharanipun sadhèrèk Nyai Anim, ing bab ngêmpukakên ulam daging ingkang alot, kajawi dipun tètèsi tlutuhing katès, ugi kula sok mirêng, yèn ulam daging punika inggih sagêd êmpuk bilih kabungkus ing godhonging katès. Sajatosipun inggih sami, awit godhong katès punika inggih wontên talutuhipun. Mila miturut panitikaning para sagêd, tlutuh katès punika sagêd damêl êmpuking daging.

Wusana kula matur nuwun dhatêng sadhèrèk Nyai Anim, anggèning karsa paring panjurung warni-warni ingkang tansah mikantuki. Mugi-mugi karsaa anglajêngakên paring panjurung, murih adamêl suka rênaning panggalihipun para maos.

Siti Mariyam

--- 112 ---

Rêsèp dhaharan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 56

4. Kupat Sompil

[Grafik]

R.Ngt. Pujirah

Uwos 1 katos, dipun sosoh ingkang ngantos pêthak lajêng dipun pususi, yèn sampun kaêkum sakêdhap, lajêng mêndhêta godhong dêling ingkang sae-sae nuntên kakumbah ingkang rêsik, godhong dêling wau kangge nyonthongi, manawi badhe nyonthongi rumiyinipun dipun têkuk-têkuk kadosdene conthong, lajêng dipun isèni kum-kuman wos wau, nuntên kagodhog mawi toya ing kuwali, bilih toya kantun sapalih nuntên kawêwahana malih, têrus dipun latoni, yèn toyanipun asat sapalih malih sompil dèrèng matêng (tanak) inggih kenging kadekekan toya malih lajêng dipun matêngakên, bilih sampun matêng (tanak) lajêng dipun êntasi kaasrêpakên. Pandhaharipun kalihan lawuh ing ngandhap punika.

5. Mangut

Uwos pêthak ingkang dipun kum sadalu 2 sendhok dhahar, rajangan brambang 2 sendhok dhahar, bawang 3 siyung, kêmiri 5 iji, kêncur 1 iris, laos 2 iris, kêtumbar 1 sendhok alit, traos 1 sendhok alit, sarêm sacêkapipun, lajêng dipun wor dados satunggal dipun dhêplok ingkang lêmbat, nuntên kaolah kalihan toya tawa 1 gêlas, pangudhakipun sampun ngantos kèndêl, manawi sampun matêng tumuntên dipun dèkèki santên 1 wijikan, kalihan kawêwahan godhong jêram purut 1 lêmbar, godhong kêmangi 20 lêmbar, urang mêntah 2 sendhok dhahar, lajêng dipun latoni ingkang ngantos kênthêl duduhipun, yèn sampun matêng kadhahar mawi sompil.

6. Sambêl urang

Èbi 4 sendhok agêng, dipun dhêplok ingkang lêmbat. Kacang bêras dipun gorèng sangan rumiyin, manawi sampun lajêng dipun rêsiki kalihan kaoncekan, lajêng dipun ulêg ingkang lêmbat. Bumbunipun bawang 5 siyung, kêncur 2 iris, traos bakaran 1 sendhok alit, godhong jêram purut 2 lêmbar, sarêm sacêkapipun, lombok abrit 3 iji, lajêng dipun ulêg, yèn sampun bumbu wau kapalih, sapalih kacarub kalihan dhêplokan èbi wau, ingkang sapalih dipun worakên ulêgan kacang bêras kawêwahan santên kanil sakêdhik, yèn sampun rampung kawadhahan ing piring. Kagêm lawuh sompil.

Pujirah

--- [929] ---

 


Pêpalanging. (kembali)
sang. (kembali)
angsaling. (kembali)
pambantunipun. (kembali)
Australie. (kembali)
pêrlu. (kembali)
§ Wêdalipun waosan Saribang ing dintên punika dipun sêlani waosan: Suleman, cariyos cêkak nêngsêmakên. Mugi andadosna rênaning panggalih. (kembali)
Tanggal: Rêspati Kasih (Kêmis Kliwon) sanga (9) Rabingulawal (Mulud) Ehe: ngèsthi rasa pangasthawaning panunggal (AJ 1868). Tanggal Masehi: Rabu 19 Mei 1937. Perbedaan satu hari (Rabu versus Kêmis) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
mangkata. (kembali)
10 Mariyam. (kembali)