Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Image

Ôngka 101, Stu Pa, 15 Sawal, Ehe 1868, 18 Dhesèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Nusakambangan - Sajarah dhatêng pasareanipun Kyai Agêng Ngliman (Liman) - Abot ènthènging pagaweyan - Gambar môncapraja - Kawontênan ing Tiongkok - Sênènjong godhog - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Ambalêrêtakên urub

Ingkang dipun kajêngakên ing ngriki, ambalêrêtakên urub punika urubing kamurkan, mila urub wau dipun balêrêtakên, murih sagêd angsal pêpadhang ingkang sanès saking urubing kamurkan.

Tamtunipun bab makatên punika nuwuhakên pitakenan, punapa inggih kamurkan punika ugi damêl pêpadhang. Pitakenan makatên punika sayêktosipun angèl sagêdipun têrang dipun wastani padhang tuwin botênipun, awit saupami dipun wastanana padhang, nyatanipun kamurkan, nanging saupami dipun wastani pêtêng, nyatanipun tiyang kalêgan anggènipun anglampahi murka, punika sênêng, ingkang akajêng padhang.

Limrahing tiyang, manawi dipun wastani murka botên purun, nanging sajatosipun tansah nglampahi murka. Namung nyatanipun, murka ingkang botên dipun ajêngi punika kamurkan ingkang cêtha katingal awonipun, upami tiyang nglampahi mandung, punika tiyang sagêd mawas ing awonipun, awit manawi kirang bêgja badhe manggih sangsara. Inggih pêpindhan ingkang kados makatên punika kamurkan ingkang botên dipun ajêngi ing tiyang. Awit sampun cêtha, sagêd dipun nyatakakên, têgêsipun: kamurkanipun katingal, paukumanipun inggih katingal.

Salugunipun tiyang sumingkir dhatêng pandamêl awon, inggih kamurkan wau sampun kêgolong ambalêrêtakên urub. Nanging mênggahing kamurkan ingkang lèrèg dhatêng batos, dèrèng cêkap dipun gambari samantên. Upaminipun tiyang sinungan bôndha, punika bandhanipun piyambak, asli anggènipun adus kringêt piyambak, wênang Murba Masesa, cêkakipun namung sarwa mênang. Ewadene ing ngriku inggih wontên kamurkanipun. Mênggah cêthaning kamurkan, punika saupami bandhanipun têlas, manahipun lajêng susah. Ing sadèrèngipun dhawah ing susah, dèrèng purun dipun dêmèk kamurkanipun.

Sapunika minggahipun malih kamurkan ingkang sampun mèpèt ing batos, tumraping tiyang ingkang ngrumaosi sampun kêcakêt kalihan Pangeran, punika inggih bangsaning kamurkan.

Mila manawi angèngêti makatên punika, ambalêrêtakên urub kamurkan, punika gawat, awit lugunipun akajêng pados urub ingkang sajati.

Cêkruktruna.

--- 1606 ---

Nusakambangan

Sambêtipun Kajawèn Nomer 100

Sagantên antawising Nusakambangan kalihan tanah Jawi, punika sakalangkung nêngsêmakên, toyanipun antêng, sawanganipun ing kanan kering sae, makatên ugi kapetang kadosdene margi agêng.

[Grafik]

Murid-murid sêkolahan dhusun ing Mutihan

Miturut gotèkipun tiyang ingkang sampun nate ngambah ing laladan ngriku, nyariyosakên makatên:

Ing wanci enjing, plêthèking srêngenge amadhangi sagantên Nusakambangan, toyanipun waradin kados lumahing kaca, dharatan Nusakambangan katingal rungkud awujud wana agêng. Ing sisih lèr katingal palabuhan ing Cilacap, griya-griyanipun pating jênggêlêg dados tôndha arjaning nagari.

Ing kala punika kula numpak sêtumbargas badhe dhatêng dhusun ing sagantên ing Ujung Alang. Lampahing baita ngênêr mangilèn mêdal ing supitan, baita-baitanipun juru misaya ulam pating sliri kados maliwis lêlangèn ing toya. Botên dangu lampahing baita cakêt kalihan dharatanipun Nusakambangan, ingkang kêtuwuhan kêkajêngan ingkang oyodipun ngantos ngêlojok dumugi sagantên, mèmpêr saupami ngriku punika dados papan padununganing baya.

Miturut cariyosipun tiyang ingkang kulina ngambah ing ngriku, pancèn kathah bayanipun, trêkadhang sok pinanggih sêsarêngan lumampah kalihan baita alit-alit. Nanging baya ing ngriku punika botên purun ganggu damêl, katingal anggèning sampun kulina srawungan kalihan tiyang.

Lampahing baita lajêng kêraos ebah, inggih punika nalika ngambah ing laladan Sapurègèl, malah baita pamisayan ulam ingkang alit-alit, asring cat katingal, cat botên, dening kombak-kombul ing alun. Wusana baita lajêng nyidhat ing supitan ciyut, lampahipun kadosdene ambarobos ing rêrungkudan, nanging ing ngriku botên kêndhat kapapag baita alit-alit ingkang sami misaya ulam, tuwin baita gembong ingkang ambêkta pamêdalipun Nusakambangan, kalampahakên ing tiyang pranteyan ing Nusakambangan. Ing salêbêtipun lumampah wau nyênyêt, botên wontên sa-

--- [1607] ---

[Grafik]

bawa sanèsipun pangèjèging sêtumbarkas, kala-kala sumêrêp kalêpêring pêksi agêng ingkang pindhah pencokan, dening mirêng sabawaning sêtumbarkas langkung.

Sarêng lampahing baita mêdal saking supitan wau, kaprênah ngajêng katingal loji pating jênggêlêg angongkang sagantên, wontên gudhang-gudhangipun saha mawi krêtêg angongkang sagantên, pirantos kangge labuhing baita. Inggih punika ing Jumblêng.

Jumblêng punika satunggiling panggenan ing Nusakambangan, kalêbêt wêwêngkoning pakunjaran ing Nusakambangan. Ing Jumblêng wau dados jujugan inggah-inggahan dhatêng Nusakambangan. Nusakambangan punika wontên kabudidayan karèt gupêrmèn, ingkang dipun tindakakên dening para tiyang ukuman. Ing salêbêtipun pulo Nusakambangan wontên pakunjaranipun agêng, lampahipun mrika-mriki mawi oto. Saking baita katingal lèrèh-lèrèh ing margi ingkang anjog têngah.

Lampahing sêtumbarkas lajêng, sarêng sampun sawatawis dangu katingal wontên griya pating jênggêlêg wontên sanginggiling toya. Inggih griya-griya wau ingkang dipun wastani pajagan, ingkang sajatosipun thusun,dhusun. nama Ujung Alang. Wusana sêtumbarkas sagêd mèpèt.

Griya-griya ing ngriku punika pipit, kenging dipun wastani gêgandhengan dados satunggal, ing pundi-pundi gathuk mawi uwot, sajatosipun uwot wau ingkang dados margining dhusun. Ing ngajêng jarambahing margi wau traping kajêng ingkang dipun ambah kadamêl mujur, dipun pasang lêt sawatawis nyari, mila manawi kangge mlampah ragi nyamari. Sarêng ingkang ambawahakên ing ngriku asitèn wadana R.P.S. traping kajêng wau kapurih ngalangakên (mriksanana gambar). Ing sakawit têtiyangipun ing ngriku mopo, amargi nêrak ila-ila, nanging sarêng dipun sêrêp-sêrêpakên inggih lajêng miturut, saha pinanggihipun inggih lajêng prayogi, amargi tumapaking suku botên samar manawi kêjêglong.

Ing bab ila-ila makatên punika tumraping têtiyang dhusun ajrih nêrak, awit sampun rumiyin mila botên nate wontên ingkang purun ngewah-ewah, botên mawi kamanah panjang mênggahing sabab tuwin pigunanipun. Sarêng sapunika kalampahan dipun ewahi, inggih malah pinanggih sae, sanadyan malampah ing wanci dalu botên gadhah samar.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 1608 ---

Cariyos Kina

Sajarah dhatêng pasareyanipun Kyai Agêng Ngliman (Liman)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 99

Para priyantun ugi kathah ingkang sami tindak dhatêng pasareyan kasêbut nginggil, mawi numpak oto, nanging namung dumugi ing dhusun Sawahan, saking ngriku gêntos numpak kapal sewan. Malah manawi pinuju wulan Sura kathah sangêt kapal-kapal sewan, lurahing dhusun ngriku ugi nyadhiyani kapal sewan 7 iji. Ingkang asaslinipunaslinipun. paringan saking suwargi Radèn Mas Adipati Arya Sasra Adikusuma, Bupati ing kitha Nganjuk, ingkang dumugi sapriki taksih kapundhi-pundhi, malah ngantos dumugi turun-turunipun inggih tumut kapundhi-pundhi. Antawisipun kapal 7 wau, wontên satunggal ingkang kapilala ngêmungakên kangge titihanipun ingkang bupati suwargi saha kagêm para priyantun agêng sanèsipun ingkang karsa tindak mriku. Nanging kapal wau ing sapunika sampun kangge tumpakanipun sadhengah tiyang ingkang purun numpaki.

Ing sakawit ingkang kadhawuhan angruktèni lan anyaèni pasareyan punapadene margi ing Ngliman wau inggih panjênênganipun ingkang bupati suwargi. Nanging margi saking Ngliman dhatêng Si Dhudha botên kenging kaambah ing kapal, jalaran sangêt ing rumpilipun, lan sangêt mutawatosi, inggih punika jurangipun lêbêt-lêbêt. Sawêg margi saking Sawahan dhatêng Ngliman kemawon sampun mutawatosi, botên wontên tiyang ingkang purun numpak kapal, dipun têmah lumampah, ing môngka têbihipun watawis 6 km.

Margi saking Sawahan dumugi Têluk I botên wontên ingkang purun nênumpak, awit marginipun julêg, saking Têluk I dumugi Têluk II nêmbe sagêd nênumpak, lajêng saking Têluk II dumugi Têluk III ugi botên wontên tiyang ingkang purun nênumpak, nanging yèn sampun anglangkungi Têluk III kenging nênumpak têrus dumugi ing Ngliman, lajêng mampir rumiyin dhatêng kalurahan.

Dhusun Ngliman punika satunggaling dhusun pradikan, inggih punika dhusun ingkang botên kapupu paos dhatêng nagari. Wontênipun pasitèn ing ngriku punika kalêbêt sae. Pamêdalipun têtanêman wowohan tuwin jêjanganan ngantos nyumarambahi dhatêng sanès dhusun, lan ugi sagêd kasade dhatêng kitha. Dene wontênipun têtiyang ing ngriku punika sami atêtanèn, ngingah rajakaya, nênukang lan sapanunggilanipun.

Kados sampun kacariyosakên, manawi nuju wulan Sura lurah ing dhusun Ngliman amragad maesa utawi lêmbu ngantos 3-4, punika gadhahanipun piyambak, namung sawatawis wontên pasumbangipun tiyang sanès. Manawi wontên têtiyang miskin dhatêng mriku, dipun sukani têtêdhan punapadene sandhangan, malah ngantos kondhang ambêg wêlasanipun lurah ing dhusun wau.

Tatacaraning dhusun ragi kalêbêt anèh, inggih punika manawi badhe mantu, lare botên kenging kaangsalakên lare ing dhusun sanès, kêdah kaangsalakên lare ing dhusunipun piyambak. Ing ngriku

--- 1609 ---

punika botên wontên tiyangipun ingkang angrasuk agami, nanging têtiyangipun sami rukun-rukun. Cacah jiwanipun kintên-kintên wontên 600.

Mangsuli andharan kula ing nginggil. Ing dhusun Sawahan punika wontên pasanggrahanipun rêgènsêkap. Sênthong-sênthongipun sae, kintên-kintên cêkap kangge tiyang 20, tur sewanipun mirah, sadintên sadalu tiyang 1 f 1.50 tiyang 2 f 2.- punika botên mawi dhahar. Dene yèn mawi dhahar tiyang 1 f 2.50, tiyang 2, f 3.50.

Dununging pasanggrahan mêglik-mêglik wontên ing nginggil rêdi. Sangandhaping pasanggrahan wontên pabrikipun ès, gadhahanipun tuwan Lie Djing Han ing Kujon Manis (Warujayèng).

Nalika taun 1932 rêgènsêkap sampun ada-ada badhe ngawontênakên margi saking Sawahan dhatêng Ngliman, lan ing ngriku badhe dipun dêgi pasanggrahan, nanging ngantos sapriki dèrèng kalêksanan. Malah dhirèkturipun rêgènsêkap ing Nganjuk: (M. Sudarma) sampun angrancang mênggah waragading margi wau f 16.000, punika dèrèng waragading pasanggrahan. Nanging sarêng taun 1933 M. Sudarma lèrèh saking kalênggahanipun (pènsiun) dumugi sapunika sêpên.

Namung samantên andharan kula. Dene katrangan punapadene andharan kula ing nginggil wau, kasumanggakakên ing para maos, botên namung manawi wontên galap-gangsuling ukara tuwin têtêmbungan, nyuwun gunging samodra pangaksami.

R. Sumarya

Abot-ènthènging Pagawean

[Pocung]

Kang winuwus warna-warnane wong muwus / mawas pagawean / ginrejah sawiji-wiji / tinêmune kabèh-kabèh tan prabeda //

nyata luhur pyayi be-be lir lamdahur / dhasar maksih mudha / dhadhag anyêkêl kêmudhi / sagêndhinge amung sarwa ngêlar dhadha //

sasat gumuk ngrêgunuk bayar sathekruk / cakrak mêngku bawah / prabawane tanpa tandhing / singa cêdhak masthi mêndha mêndhak-mêndhak //

sing sok ngrêmuk yèn bawahe kèh wong ngamuk / kèmêngan ing nala / kêtotol akèhing titir / kêtir-kêtir tandange antêng kitiran //

lir sinambuk playune nganti sok numbuk / nrajang pakarangan / kinira kikising margi / malah gagah pratôndha rumêksèng bawah //

dadi guru nyambut gawe sasat turu / bau tan rumagang / kang pinikir mung sathithik / sasi Pasa liburane slapan dina //

enak-enuk sasat ngantuk nêmu kêthuk / blanjane tan gothang / pathokane tanggal siji / luwih bêgja sajak ajêg dadi raja //

nanging jêbul jaba berag jêro mrupug / cakrake mung grêtak / sajatine jêro garing / nora garang nanging malah dadi gêrang //

kêrêp liwung murid lowong kamar suwung / wulangane gothang / têmah tuwuh muring-muring / yèn ginagas pantês duwe lara napas //

katon dhuwur iku yèn dadi kondhèktur / gaweane mayar / amung plêsir sabên ari / nunggang sêpungsêpur. dhur-êdhuran tanpa bayar //

tur sok umuk kabèh janma mêsthi tundhuk / kondhèktur kuwasa/ [ku...]

--- 1610 ---

[...wasa/] têka-têka êndi karcis / karcis ilang mêsthi wênang narik dhêndhan //

nanging kojur sabên êbyar ati kuwur / wayah sêpur mangkat / rada kasèp nyêbul sêmprit / lamun têlat têkan haltê jingkat-jingkat //

arêp lungguh bêkah-bêkuh sêmu rikuh / sajak ora jênak / marang wanci kudu titi / lamun lena akèh janma kasangsara //

dhasar bagus sigrak cakrak dadi matrus / tandange trangginas / mring pakaryan angêntasi / rina wêngi amung manggon anèng palwa //

wêruh alun mung inganggêp alun-alun / mulat kèhing mina / pangrêngkuhe padha jalmi / yèn kêblabak umuke sok bisa nulak //

lamun labuh wruh laladan kang durung wruh / nadyan mung sadhela / ngrasa wis ngêgarke pikir / ulat bingar ambêdhêdhêg bisa bigar //

amung kidhung karo sanak ora têpung / tansah lêlayaran / ora wêruh ahli waris / bungah susah mung lan kônca jroning palwa //

tur samungguh kapal pêcah ora wêruh / yêkti dadi sarah / kombak kombul anut warih / natab karang masthi dadi tai urang //

enak bakul dadya nganggo mondhong mikul / pokile pikangsal / asile lumintu mili / gilar-gilar panganggone kêbak dinar //

wus kêpatuh bêtah bantêr mêpêt butuh / sabatih maratah / pintêr-pintêr amintêri / petung mêmêt bangkit mèt klumpuking sêmat //

mung sok kawus kêtiwasan tanpa uwus / tinêrak ing jaman / Malaisê mêlas asih / awak lêsah nora bathi malah tambah //

tur kêtimbrung ginumbrêng mring Babah Limpung / cicilane gothang / dhinêndha nêkuk nikêli / lamun mingkuh lumuh ngalah dipun kêlah //

têntrêm nutug iku wong sing duwe gubug / tanine têmênan / tumêmên sabarang kardi / bêras pari lombok terong turah-turah //

esuk mluku mênyang awak ora kaku / kêbone aranggah / nora wêgah lêmah mêsi / ngulêr kambang nut miturut marang prentah //

karo ngidung mênyang têgal ulur jagung / mampir ngundhuh kacang / ramban kara karo turi / têkan ngomah cawisane wus nèng layah //

mung sok ngadhuh yèn luput olèhe nangguh / tumuruning jawah / wiji-wiji padha mati / têtanduran ngalêcir katon kapiran //

ama ngamuk sundêp mênthèk lodhoh bêluk / gumulung golongan / anênggêl têbaning têgil / tatas rantas kèlês ludhês tanpa tilas //

dahat jêtung kaki tani tanpa petung / putêk karêrantan / amêtêk kêntekan bukti / montang-manting mêminta tambak kantaka //

yèn binuru kabèh janma kang linuru / enak lan kapenak / nampik pêpêtênging ati / tangèh bisa nyingkiri bêgja cilaka //

yèn tinlusur sipat karêp mungkrêt mulur / bingar yèn ingumbar / undure nêmahi sêdhih / bungah susah nora prêlu ngrasa wêgah //

marma lamun pakaryan tansah ingudur / nora lêbar-lêbar / barèse sakèhing kardi / abot ènthèng dumunung badan priyôngga //

yèn wus atul mring pakaryan sasat nutul / janjine jinaga / ajêg talatèn lan titi / têtalêse tumindak lawan waspada //

beda lamun sêmbrana sabarang kayun / mring ayahan weya / yêkti manggih tan prayogi / yèn kêlepyan tumiba ing kasangsaran //

Pak Kalang

--- 1611 ---

Gambar Môncapraja

Tiongkok

[Grafik]

Wadya Jêpan ing Tiongkok sisih lèr, nuju jawah angin lumampah wontên ing rawa.

[Grafik]

Sêtatsiun ing Syanghai ingkang sirna dening bom Jêpan

[Grafik]

Jumênêng nata 50 taun ing Bikanir, tanah Indhu, wontên ingkang jumênêng nata, ingkang dumuginipun sapunika anggèning jumênêng nata sampun 50 taun. Jêmbaring laladanipun nagari ngriku punika 58.000 km2. Nyarêngi jumênêng nata sampun 50 taun wau, ing ngriku kawontênakên pahargyan, ingkang dipun rawuhi raja mudha Inggris Lord Linlithgow. Gambar kiwa: arak-arakan gajah, ingkang dipun titihi sang nata tuwin raja mudha Inggris. Gambar têngên: Nata Bikanir têtabikan kalihan raja mudha Inggris.

--- 1612 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Panêmpuhipun wadya Jêpan ing Nanking rêkaos dipun tanggulangi, ing papan ingkang dipun têmpuh dipun jawahi mimis tuwin granat, tuwin dipun angsêg ing tèng tuwin mêsin-mêsin waja, ingkang botên kandhêg dening tembok kandêl, pundi ingkang dipun trajung lêbur mawut. Punika nandhakakên ing bab saening dêdamêl Jêpan.

Ingkang makatên punika saupami Tiongkok nanggulangi krodhaning mêngsah tuwin ngrungkêbi kitha ingkang sampun mrênding, botên sande namung badhe kêkêpang ing mêngsah. Nanging pinanggihing kasêtyanipun bôngsa Tionghwa aluwung sirna lêbur angrungkêbi nagari wutah rahipun tinimbang ngucira colong playu.

Awit saking rêrigênipun senapati Tiongkok, Mao Ce Tung, ing sapunika badhe ulah mundur, awit manawi badhe ngêtog karosan nanggulangi mêngsah ingkang sawêg kados makatên punika, nama sulung lêbu gêni. Mila aluwung mundur ngiras andandosi karisakaning prajurit, nyaèni dêdamêl tuwin sanès-sanèsipun. Tur saupami ing wingking wadya Jêpan ngangsêg malêbêt, badhe sagêd manggih kasantosan enggal. Awit ing sapunika Tiongkok kêdah damêl gêlar pêrang alit-alitan ingkang marênca. Dados sanadyan Nanking bêdhah, badhe kathah pêpulihipun ing wingking.

Mênggahing kapitunan, kados ingatasing paprangan sampun botên prêlu dipun rêmbag, nanging tumraping Jêpan ugi wontên raosipun miduwungi arta ingkang ngantos pintên-pintên atus yuta tumrap nyantosani adêging prajurit Mansukuo, ing sapunika wohipun malah dados damêl, dening wadya ing ngriku namung nuwuhakên sônggarunggi, ingkang Jêpan kêpêksa ngawontênakên pajagèn. Pajagèn wau botên kok tumônja nyujanani dhatêng mêngsah, upaminipun Ruslan, sajatosipun saking tuwuhing ebah-ebahan ingkang tuwuh saking golonganing wadya Tiongkok ingkang kêwêngku ing Jêpan, malah sampun kathah prajurit ingkang kesah ambêkta dêdamêl. Dene tuwuhing ebah-ebahan ingkang kados makatên punika botên sanès, saking kêtarik dayaning kabangsan.

Ing ngajêng wartos ing bab paprangan ing Tiongkok botên patos sumrambah dhatêng Mansukuo, nanging dangu-dangu sampun botên kenging dipun sumpêt, lajêng sumêbar ing pundi-pundi, ingkang wêkasanipun adamêl katêtanginipun bôngsa Tionghwa ing ngriku.

Jendral Syang Kai Sèk ingkang minôngka bapa babuning nagari Tiongkok, katingal anggèning kecalan daya, nanging tansah ngudi kawilujênganing bangsanipun, sampun ngantos tumindak mutatuli, nglawan mêngsah ingkang tanpa dugi-dugi. Kajêngipun Syang Kai Sèk wau sampun ngantos anglabuhi papan panggenan ingkang sampun botên gadhah kasantosan militèr. Dados sanadyan nyuwungna Nanking ugi botên badhe ngêsorakên drajating kamiliteran.

Ulahipun paprangan wadya Tiongkok, kenging dipun wastani botên nguciwani, tandhanipun taksih

--- 1613 ---

sagêd ngêkahi ing Siyakwan, kaprênah antawising tembok kitha tuwin lèpèn Yang Ce. Anggèning pacak baris wontên ing ngriku punika kanthi pasang kaprayitnan mawas trajanging mêngsah.

Ing sapunika Jêpan wontên titikipun badhe nêmpuh Tiongkok sisih kidul, punika sagêd kêtitik saking anggèning nginggahakên wadya lautan wontên ing pulo Kweco, kaprênah lèr kilèn Ainan, antawising margi saking Aipong dhatêng Liyuco. Kajawi punika Jêpan mapanakên kapal pêrang agêng gangsal wontên sacêlaking pulo St. John, kaprênah antawising Hongkong tuwin Kwangcowan. Wontên malih sagolongan ingkang labuh wontên pulo Kim mèh sacêlakipun Amoe.

[Grafik]

Para dhoktêr (ingkang lênggah ing kursi) punapadene para pambantunipun golongan Ambulance ing tanah ngriki ingkang sami bidhal dhatêng Tiongkok prêlu mitulungi têtiyang kasangsaran.

Miturut wartos, ing sapunika Jêpan gadhah sêdya badhe ngêdêgakên paprentahan enggal, nama Republik Tiongkok lèr, ingkang dipun ayomi dening Jêpan. Miturut rancangan, Aka kadadosakên presidhèn, Wangkemin, pisê presidhèn, Wupe Fu tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun, ingkang ing ngajêng sampun nindakakên padamêlan babagan paprentahan.

Dhêdhasaring republik punika: botên anganggêp sah dhatêng adêging paprentahanipun Syang Kai Sèk. 2 ambibarakên adêging Kuomintang. 3 nyambut damêl sêsarêngan kalihan Mansukuo ing bab tindak nyirêp tandangipun golongan abrit. 4 nyambut damêl sêsarêngan kalihan Jêpan tuwin Mansukuo ingatasing padagangan tuwin sanès-sanèsipun, 5 nyaèkakên wulangan Konghucu.

Wartos ingkang kados makatên punika tumraping Tiongkok anganggêp badhe lôngka kalampahanipun, awit gadhah panganggêp bilih Tiongkok punika botên gampil binalithuk ing rêmbag. (Mriksanana gambar perangan kaca nginggil).

--- 1614 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Sênenjong Godhog

II

Garèng : Truk, aku kok ora maido, dhing, yèn kowe lan bojomu anggêr mêtu, apa manèh yèn macak, banjur ditongton ing tôngga-tanggamu kuwi. Awit, ana ing kampung kathik ing kampung Bêtawi, têmtune panganggone wong-wonge sing lumrah, nèk lanang iya nganggo sarung lan kêthu, nèk wadon tapihan sarung sing mung dikuwêl-kuwêl ngono kae, dadi gampang le mak ... pletre, rak iya mèmpêr bae yèn kowe sakloron padha macak, banjur ditongton, awit panganggomu sakloron, yèn macak gajah rak mêncorong lan ngebat-ebati lir pendah kaya ... kêthoprak.

Petruk : Wong sêmbrana, tiwas kenene wis bungah, tak arani le mêncorong lan ngebat-ebati kuwi, arêp diunèkake: lir pendah kaya Kamajaya lan Dèwi Ratih, jêbul kaya kêthoprak. Nanging bokmanawa iya ana bênêre omongmu kuwi, apa manèh tumrape awakku, kang Garèng. Kanggone aku dhewe tumêkane saiki kok mêksa isih dhêmên nyang pacakan nyara Jaka Tingkir, katimbang karo sing diarani: pacakan, Indhonesiêr, wong rumasaku kok kaya : ... têgêsan rokok wèsmistêr.

Garèng : Hus, wong kurang ajar, hla kuwi rak yèn sêpatune kuning, jas calanane putih, lan kêthune irêng, dadi sêpatune kêna dipadhakake akêp-akêpane (mondstuk) jas calana sigarète, lan kêthune dipadhakake awune. Balik sêpatune sawo matêng, jas calanane kabardhin iya sawo matêng, kathik kêthune irêng, apa iya ora brêgas.

Petruk : Iya mula brêgas, kang Garèng, brêgase nganti kaya ... saga têlik.

Garèng : Wèh, wong iya ora dhêmên, têmtune iya ana bae sing kanggo mêmoyok. Sabênêre mono, Truk, anggon-anggon lanang bôngsa Jawa kuwi tumrape bôngsa liya pancèn iya dianggêp anèh, mulane sok banjur ditongton, nanging anggone ditongton mau, apa sabab saka bêcike utawa apa sabab saka ... lucu lan anèhe, kuwi êmbuh ora wêruh. Nanging yèn panganggone wong wadon bangsane dhewe kiyi, aku wani tanggung, anggone sok ditongton, kuwi pancèn saka mêrak atine, buktine: akèh bae bôngsa liya sing padha niru, kaya ta: wanita bôngsa Mlayu, Sundha, Batak, lan sapadhane.

--- 1615 ---

Petruk : Mula iya mêngkono, Kang Garèng, apa manèh ana ing Bêtawi kene, nèk kurang pangati-atine sok gampang kalira-kalirune. Wong aku dhewe kêrêp kêcêlik. Yakuwi mangkene: sawijining dina aku iki anggolèki omahe kancaku ora bisa kêtêmu, dumadakan ing kono aku wêruh wong wadon, wah, iya wis Sala cêkèk, Kang Garèng, malah tapihe nganggo diwiru mlithit barang kae, tur iya nganggo jêpetan. Aku banjur mêndhêg-mêndhêg marani sarta pitakon kanthi andhap asor bangêt mangkene: kaparênga kula badhe nyuwun pitanglêt, punapa ... durung rampung pitakonku jêbul banjur mlenglos karo mangsuli: êntêk nyahok (ora ngrêti), e, jêbul wong wadon Sundha kupi mau.

[Grafik]

Garèng : Kosokbaline aku iya wis tau kêcêlik sing nganti kaisinan kae. Sawijining dina ana ing dalan aku kêpêthukan wanita. Saka kadohan wis tak sawang têrus-têrusan, ing batin pikiranaku: wadhuh, wong kathik ayu têmên, ayune nganti kaya ... kluwung. Tapihe sarung Pakalongan, klambine sidhêpowal abang kathik potongan Bandhung, ora lali karembonge (slendhange) sutra biru, kawuwuhan nganggo sêlop jalinggring, lakune: kêthiplêk-kêthiplêk, batinku: wèh, gênah putri Cianjur kiyi. Kocapa, barêng wis cêdhak, kiraku iya sing kaya ngono kuwi sing diunèkake ... wewe gombèl kae, saka kègiku nganti kalair têmbung mangkene: tobat, sri gunung. Rumasaku, wong iya wong Sundha, masa ngrêtia. E, jêbul misuh-misuhi aku mangkene: napa, napa, napa, kula sri gunung, saka kadohan lêngkung-lêngkung, cêdhakane kaya lutung, ambok prêduli sampeyan, prêduli, prêduli. Cèprèt, iki le idu, Truk, ...

Petruk : Pira-pira mung samono, Kang Garèng, kowe ora têrus dikrawus lan jasmu di ... sêmbur dubang. Wis, wis, saiki tak banjurne wangsulanaku ing bab pitakonmu sing rete-rete mau. Dadi ngalihku kuwi sajatine mung sabab ora kêpenak anggone sok ditongton bae. Saiki tak nyaritakake sababe aku pindhah rong dina sadurunge bakda, lan anggone pindhah ora kabar-kabar. Prêlune: kang kapisan, golèk slamêt, kang kapindhone nêdya ngirid, Kang Garèng.

Garèng : Saya ora ngrêti aku, Truk, ana wong pindhah kathik golèk slamêt, apa ana ing omah lawas panyakitmu tuwuh manèh, iya iku anggonmu sok dhêmên ngopèni ... jarit sampiran.

--- 1616 ---

Petruk : Wayah, apa tukang nayab. Ora, Kang Garèng, nanging sabab-sababe mangkene:

Mirit petungane para sarjana, jarene ing sasi Ramêlan kuwi naga taun kabênêr ana ing kidul, lan jarene manèh, yèn wong arêp pindhah ing sasi Ramêlan mau, sing bêcik dhewe manawa mangalor, dumadakan aku golèk omah olèh sing prênahe salore omah lawas. Kala samono bakdane riyadi wis mèh kurang limang dina, mulane tanpa tak pikir dawa manèh, murih naga taun saya adoh, aku enggal-enggal banjur pindhah. Yakuwi rong dina sadurunge bakda.

Garèng : Wèh, iya ora ngira sathithik-thithika, andèkna ora, ngakune jarene wong agama, kathik wis olèh pangajaran kulonan, hla kok isih pracaya nyang gugon tuhon sing ora kalêbu nalar mêngkono.

Petruk : Mêngko diarani dudu putune ... simbah. Kang Garèng, aku tak carita, ya, anggonku pindhah nganggo petungan, kuwi ora sabab aku pracaya nyang anane dina bêcik utawa dina ala, lan aku pracaya marang sasi ambêgjani lan sasi nyilakani, ora babarpisan, Kang Garèng, nèk mungguh panêmuku, kabèh dina bêcik, lan kabèh sasi iya bêcik, ewasamono aku isih mêksa ngênggoni petungan mau, iki ora liya mung anjaga unèn-unèn ing têmbe burine. Nèk le pindhah mau sabanjure slamêt ora kurang siji apa, sanadyan pindhahe mau tanpa nganggo petungan, iya ora ana kêdhah-kêdhih, nanging nèk pindhahe mau tanpa nganggo petungan, kathik dumadakan banjur ana sing lara, utawa banjur dilèrèni saka pagaweane, lho kuwi unèn-unène uwong mêsthi banjur pating clewo, kaya ta: wong gênah anak turune wong Jawa bae, anggêpe kathik kaya Lônda ... godhong, ethok-ethoke ora ngandêl nyang apa asale, saikine rasakna dhewe, wong kuwi nèk kêmintêr, gêmagah, ora mrêduli nyang piwulange para sêpuh ...

Garèng : Haiya, Truk, iki padha bae karo wong sing wis modhèrên, kang jarene ora dhêmên nyang sêmbah lan dhodhok, nanging barêng dadi priyayi dhewe, le nyêmbah lan ambrangkang-brangkang nyang panggêdhene, luwih sedhok lan katimbang kônca-kancane. Barêng diwêlèhake, jarene: aku mula iya ora dhêmên nyang sêmbah dhodhok kuwi, nanging ing sarèhne isih dadi adat tatacarane bangsane dhewe, iya isih tak tindakake, amrih aja dadi unèn-unèning uwong sing mangkene kae: hêh, wong priyayi jare ora ngrêti adat.

Pawartos saking Redhaksi

K. 3119 ing Karanganom. 23 Sapar Alip 1835 dhawah 29 April 1905.

K. 1847 ing Jati. Adrèsipun: Uitgevers Mij. J.B. Wolters, Scottweg 5, Batavia-C. Wragading pangintun manut wawrat. Dhatêng Depot van Leermiddelen, Batavia-C.

R.M.S.H. ing Jagalan, Surakarta. Urun karangan ing Kajawèn kenging kemawon. Kasêrata aksara Jawi. Manawi kintun gambar prayogi potrètipun. Karangan prayogi ingkang mikantuki tumraping umum.

Rd.S.d. ing Jêthis. Karangan kados makatên punika kêgolong limrah, Kajawèn botên nate macak.

K. 1868 ing Blitar. Samôngsa sampun kabikak badhe kawartosakên.

--- 1617 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Tanêman pêlêm ing Cirêbon. Tanêman pêlêm ing Cirêbon punika kenging dipun wastani ingkang agêng piyambak ing satanah ngriki, tuwin dados pamêdal ingkang agêng. Tumrap ing laladan Cirêbon mèh sabên pemahan wontên tanêmanipun pêlêm. Ing sabên kampung botên kirang 300 wit. Tumrap dhusun Kêrtasêmaya, bawah Indramayu, pinanggih wontên 500 wit. Ing sauruting lèpèn Cimanuk botên wontên sêlanipun tanêman pêlêm. Miturut papriksaning ahli tanêman, ing laladan Cirêbon wontên pêlêm 500.000 wit. Kintunan pêlêm saking ngriku kala ing taun kêpêngkêr wontên 10.000.000 kg. Pêlêm wêdalan ingriku punika warni-warni, kados ta: gêdhong, cêngkir, kuwèni tuwin sanès-sanèsipun. Malah sumêbaripun pêlêm wau ngantos dumugi ing Singapura punapa. Wancining panèn pêlêm ingriku dhawah ing mangsa wêkasaning katiga.

[Grafik]

Pabrik goni. Ing Dêlanggu, Surakarta, badhe wontên pabrik goni, badhenipun rosella. Manggènipun wontên tilas pabrik gêndhis ing Dêlanggu, ingkang sapunika sampun botên dipun angge malih.

Kajêng tumrap Bali. Ingkang pinanggih ing wêkdal punika ing Bali kêkirangan kajêng prabot griya. Ing bab punika ingkang wajib anggalih pêrlu dipun dhatêngi kajêng saking sanès panggenan saha pêrlu dipun dèkèki houtstapelplaats. Malah wontên wartos ing Bali badhe dipun wontênakên wana ingkang kanthi pambiyantunipun têtiyang siti.

Ngindhaki cacahipun dokter. Ingkang pinanggih ing rêmbagipun para inspecteur Pakaryan Kasarasan kala ngawontênakên parêpatan, nêtêpakên pêrlu ngindhaki cacahipun doktêr Gupêrmèn ing taun 1938, ingkang arts 5 tuwin Ind. arts 5. Miturut wartos, ing saindêngipun tanah ngriki dipun suwunakên wêwahan doktêr 26, nanging botên kaparêngakên.

N.I.O.G. nyuwun suwaking arta examen. Paturanipun N.I.O.G. dhatêng Parentah bab nyuwun suwaking arta examen kangge Mulo, sampun wontên dhawuh, kaparêngakên.

Inggah-inggah. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah, R. Djatioetomo Wartokoesoemo, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi veldpolitie ing Batang, paresidenan Pêkalongan, dados asistèn wêdana paresidenan Sêmarang.

Arta nyadasa rupiyah palsu. Javasche Bank ing Surabaya mêntas nampèni arta kêrtas palsu nyadasa rupiyah. Arta wau ciri HS 05062 tanggal 18 November 1930 controlenummer 15922. Aslinipun arta wau saking mantri pênjual ing Panggung ingkang kangge nglêbêtakên arta mriku. Pulisi babagan mriksa arta palsu lajêng tumindak ing damêl.

Salingkuhan ing Gemeente Salatiga. Ing Gemeentewerken ing Salatiga kasumêrêpan wontên salingkuhan babagan tumbasan barang-barang bandha warni-warni. Sampun wontên aanemer bangsa Tionghwa ingkang manggèn ing Bandung dipun tahan. Wontên malih opzichter tuwin mandhor-mandhor ingkang sami dipun kèndêli saking padamêlanipun.

Panyadean gêndhis. Miturut wartos, Nivas tuwin Centrale Suiker Mij. ing nagari Walandi adamêl prajanjian bab panyadening gêndhis ing salêbêtipun sataun 85.000 ton, salajêngipun prajanjian wau kaulur dumugi taun ngajêng. Miturut indhaking prajanjian wau, tumrap tanah Jawi sagêd namtokakên bilih panyadenipun gêndhis ugi kados taun ingkang sampun kêlampahan. Pangintunipun gêndhis wau lumintu ing sabên wulan.

Hollandsch-Arabische School. Bestuur H.A.S. ing Surabaya mêntas nampèni sêrat saking Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, katitimangsan ing Bogor kaping 30 November 1937 No. 4, amratelakakên bilih Parentah ambiyantu dhatêng adêging Hollandsch-Arabische School ing Surabaya, kanthi maringi guru Europeesche Hoofdonderwijzer, ing benjing wiwitaning wulan Januari 1938 guru wau badhe miwiti nyambutdamêl ing pamulangan ngriku.

Uwos saking tanah ngamanca. Miturut rêmbag ingkang katindakakên ing Departement van Economische Zaken, tumrap Surabaya badhe tampi uwos saking tanah ngamanca 400 ton, lajêng badhe kabage dhatêng para sudagar. Rêginipun katêtêpakên sadhacin f 4.20.

Kajêng saking tanah ngriki kangge nagari Walandi. Ing sapunika sawêg wontên rêmbag ing bab kajêng saking tanah ngriki kakintunakên dhatêng nagari Walandi. Ing salajêngipun saking tanah ngriki sampun ngintunakên kajêng bantalan ril cacah 1000 iji minangka cobèn-cobèn. Manawi cobèn-cobèn punika pinanggih prayogi, badhe kathah wêlingan saking nagari Walandi. Pakaryan sêpur ing nagari Walandi ing sabên taun ngangge kajêng ganjêl ril 1.000.000 iji. Rumiyin ingkang dipun angge kajêng jati, nanging sarèhning rêginipun kalangkung awis, cêkap namung badhe ngangge kajêng Kroëng saking Borneo. Manawi nagari Walandi saèstu dados lêngganan, sagêd dados lêlintu anggèning Tiongkok botên tumbas malih.

--- 1618 ---

Bidhalipun tuwan E. Gobée. Kala malêm Salasa kêpêngkêr Tuwan E. Gobée ngawontênakên pêpanggihan anggèning badhe pêpisahan wontên ing gêdhong Pertemuan Indonesia ing Kramat. Kathah ingkang sami mêrlokakên rawuh, Dr. Soeratmo tuwan M.H. Thamrin, nonah Mr. Maria Ulfah, nonah Soegiarti, Mr. Sartono tuwin sanès-sanèsipun. Wigatosing pêrlu sami kawêdhar ing sabda. Ing dintênipun Rêbo Tuwan E. Gobée bidhal saking Bêtawi dhatêng Jeddah numpak kapal Buitenzorg, kathah ingkang nguntapakên.

[Grafik]

Dr. G.F. Pijper. Kawartosakên, ingkang anggêntosi kalênggahanipun tuwan E. Gobée, Adviseur Inlandsche Zaken punika tuwan Dr. G.F. Pijper (kacêtha ing gambar).

Pamulangan luhur Dokter. Lulus artsexamen perangan kapisan, tuwan Oey Lam Siang.

Kèndêl saking anggèning dados redacteur. Gêgayutan kalihan wontêning karangan ing Bangun, karanganipun nyonyah Siti Soemandari bab ngrèmèhakên tindak dalêm Gusti K.N. Moehammad s.a.w. saha andadosakên ebahing golongan Islam, mila ingkang dados verantwoordelijk redacteur R.M. Soetopo Wonobojo tuwin warga redactie tuwan Soeroto, sami dipun kèndêli saking anggèning dados redactiecommissie. Salajêngipun redactiecommissie badhe nêdha pangapuntên dhatêng umum, langkung malih dhatêng golongan Islam, dene karangan wau dipun êwrat wontên ing Bangun.

Apus sarana ngawontênakên N.V. Handel Mij. Ing Bêtawi wontên Handel Mij. nama N.V. Handel Mij. Sindjati & Co. Mênumbing Company, ingkang dipun dêgakên dening Soetan Arif alis Soetan Iskandar. N.V. wau lajêng masang pariwara wontên ing sêrat-sêrat kabar, ingkang suraosipun pados tiyang kanthi borg arta. Kêlampahan kathah tiyang ingkang malêbêt tuwin kathah sudagar-sudagar ingkang ngintunakên barangipun. Pinanggihipun sadaya wau namung apus, arta tuwin barang-barang sampun sami dipun angge kabêtahanipun piyambak, tiyangipun kesah. Sapriki taksih dados padosan. Arta tuwin barang ingkang kalêbêt mriku ewon rupiyah. Griya ingkang kangge bikak wau taksih dados pajagèn pulisi.

Rêdi Cêrme ngêdalakên kukus malih. Sampun sawatawis dintên rêdi Cêrme, Cirêbon, ngêdalakên kukus malih mawa suwara gumludhug ngantos tigang rambahan. Kala gumludhug wau ing gêgana nuju mêndhung, sarêng enjingipun sagêd katingal pucakipun, ingkang sisih Wetan ngêdalakên kukus pêthak.

Pamulangan H.B.S. saya sêsêg. Jalaran saking saya wêwah-wêwahing murid ing pamulangan H.B.S. ing Bandung, Bêtawi, Sêmarang tuwin Surabaya, lajêng ngawontênakên rêmbag ing prayoginipun. Miturut rêmbag, tumrap Bandhung badhe dipun dadosakên kalih pamulangan, mawi directeur piyambak-piyambak. Bab punika badhe tumindak wontên ing taun pangajaran ngajêng punika.

Sudagar copra sami sambat. Sanadyan ing sapunika rêgining copra mindhak, nanging para sudagar copra sami sambat, jalaran saking taksih kathahing tandhon ingkang dèrèng sagêd kasade. Malah ing pangintên badhe botên sagêd mulihakên kapitunanipun. Mila kathah sudagar copra ingkang badhe kèndêl.

Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan tampi tarimakasih. Wontên wartos, sampeyandalêm Ingkang Sinuhun ing Ngayogya tampi tarimakasih saking Sripaduka Prinsês Juliana kawrat ing sêrat ing bab pisungsung nalika kramadalêm awarni kothak isi gambar-gambar ringgit tiyang tuwin kothak ukir-ukiran ringkêsaning asmadalêm H.B. VIII isi sêrat kandha pakêm lampahan ringgit.

Darmawisatanipun para Pangrèhpraja dhatêng Lampung. Kala tanggal 10 wulan punika para Pangrèhpraja ingkang sami dhatêng Lampung sampun dumugi ing Oosthaven. Ingkang mriku wau: asistèn-residèn ing Surakarta 2, controleur ing Ngayogya 1, bupati ing Tuban, patih ing Malang, bupati anom Boyolali, wêdana tuwin asistèn wêdana 14, punggawa dhusun 20 tuwin tiyang tani 25. Wigatosing lampah pêrlu badhe nyumêrêpi tanah paboyongan ing Lampung. Ingkang dados pangiriding lampah controleur ing tanah paboyongan tuwan Ablij. Papan ingkang dipun dhatêngi ing Gêdhong Tataan, Sukadana, kitha Metro tuwin mriksa irrigatie ing Way Sêkampong. Gêgayutan kalihan papriksan punika, benjing taun ngajêng badhe ngangkatakên tiyang boyongan cacah 5000 kulawarga isi jiwa 17.000. Salajêngipun ugi badhe wontên golongan pangrèhpraja sanèsipun ingkang badhe dhatêng tanah Lampung.

EROPA

Mangsulakên pasitèn dharah Habsburg. Kabinèt Oostenrijk nêtêpakên badhe mangsulakên pasitèn cacah 11 panggenan dhatêng dharah karajan Von Habsburg. Inggih punika pasitèn ingkang dados melikipun karajan ingkang kasuwak ing sasampunipun madêg republiek.

Perangan ing Sêpanyol. Baris golongan kabangsan ing Villanueva de la Canada, ingkang têbihipun antawis 2 km. saking Brunete nêmpuh wadya mêngsah kanthi dêdamêl mriyêm sakalangkung sêrêng. Wadya parentah ingkang dêdamêl dynamiet sagêd nanggulangi. Wêkasanipun wadya kabangsan mundur.

ASIA

Kapal President Hoover kandhas. Kapal President Hoover ingkang ngêmot tiyang 650 kandhas wontên sakidul Formosa. Sadaya ingkang numpak sami pinanggih wilujêng.

Motor mabur ingkang ical sampun pinanggih. Ingajêng kawartosakên, motor mabur ingkang dipun tumpaki jendral mayor Santos tuwin litnan Lee ical botên kantênan. Ing sapunika kawartosakên, motor mabur wau sampun pinanggih wontên ing pulo suwung sacêlaking dharatanipun Tayabas. Jendral mayor Santos tuwin kanca-kancanipun sami suka tandha bilih sadaya wilujêng.

--- 1619 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya

34

Ilya nyandhak gimbaling rambutipun Idholice, kalarak kabêkta mêdal saking bangsal dhatêng undhak-undhakaning kadhaton, nanging ugi wontên ing ngriku Ilya botên mêntala mrêjaya Idholice wau. Mênggah cariyosipun makatên:

Kaya kurang utama bangêt tumrape kaluhurane Prabu Wladhimir, saupama undhak-undhakan iki dirêgêdi dening gêtihe lêlêthêking jagad iki. Mulane bêcik wong iki tak patènane ana ing plataran bae.

Idholice lajêng kasèrèt malih kabêkta mêdal dhatêng plataran, nanging wontên ing ngriku Ilya inggih botên purun anglunasi, sarta lajêng awicantên:

Kaya-kaya yèn titah kang dadi rêrêgêding jagad iki tak patèni ana ing kene, kira-kira bisa ngêndhakake kaluhurane sang nata pêpundhènku, ingatase kagungan dalêm plataran têka nganti dirêgêdi dening wong kang samono gêdhening dosane. Bêcik tak patènane ana ing ara-ara sajabaning balowarti bae.

Idholice lajêng kasèrèt malih kabêkta mêdal saking balowarti, inggih punika ing papan pakuwonipun para wadyabalanipun Idholice. Sarêng para wadyabala sumêrêp bilih gustinipun kalarak dening satunggiling pêkir, kagètipun kagila-gila, saha lajêng sami gêrêng-gêrêng ngatingalakên kiranging rênanipun. Sanalika ngriku Ilya sumêrêp, bilih para wadyabalanipun Idholice wau, botên sande têmtu lajêng ngrubut dhatêng piyambakipun prêlu badhe ngluwari gustinipun. Amila Ilya lajêng nyandhak sukunipun Idholice, kaobat-abitakên, kalihan sêsumbar makatên:

He, kowe kabèh, lêlêthêking jagad kang padha nyêmbah watu, kang wani nêmpuh nyang aku. Dêlêngên gêgaman kang ana ing tanganku iki. Takpêsthèkake luwih mrantasi katimbang gada utawa gaman liya-liyane.

Mirêng sêsumbaripun Ilya ingkang makatên wau, nêpsunipun para wadyabala tanpa upami, saha lajêng sami sêsarêngan anêmpuh dhatêng Ilya, nanging sintên ingkang kataman ing badanipun Idholice ingkang tansah kaobat-abitakên wau, têmtu dhawah ing tiwas, lan sakêdhap kemawon ing papan ngriku tumpuk-tumpuk bangkening para wadyabala. Para wadyabala sanès-sanèsipun ingkang taksih gêsang, sami mangrêtos bilih botên badhe sagêd kuwawa amêngsah dhatêng krodhanipun prajurit ingkang ngemba pêkir wau, amila inggih lajêng sami kèndêl anggènipun nêdya nêmpuh, saha ngêmungakên lajêng sami ningali kemawon kawusananing gustinipun. Sarêng Ilya sumêrêp, bilih mêngsahipun ingkang prasasat tanpa wicalan kathahipun lajêng angèndêli anggènipun sami nêmpuh, saha namung lêgog-lêgog nyawang kemawon, piyambakipun inggih lajêng kèndêl anggènipun soroh-amuk, tuwin lajêng nêdya anglunasi pun Idholice. Salajêngipun Ilya ngunus pêdhang tilaranipun Sang Swatogor saha lajêng nigas murdanipun Idholice. Sasampunipun lajêng cariyos makatên:

Gustimu saiki wis mati, saiki gênti kowe kabèh sing kudu tak lunasi, supaya ora gawe dosa manèh.

Sasampunipun cariyos makatên, Ilya lajêng nêmpuh dhatêng mêngsah ingkang tanpa wicalan kathahipun wau. Pêdhangipun tanpa kèndêl anggènipun angobat-abitakên, sarta sintên ingkang kataman têmtu dhawah ing tiwas, prasasat babadan pacing, ngantos sakêdhap kemawon mêngsah wau tumpês babarpisan tanpa wontên satunggal-tunggala ingkang sagêd gêsang. Mênggah pangamukipun Ilya anumpês mêngsah wau, sajatosipun kirang langkung namung saêjam dangunipun. Salêbêtipun saêjam punika, Prabu Wladhimir sapandhèrèkipun sami wontên ing balowarti prêlu amirsani kawontênanipun paprangan. Sakêdhap angraos bingah panggalihipun, dene Ilya tansah mênang juritipun, nanging kadhang-kadhang ugi kagungan kuwatos, manawi sawungipun ngantos dhawah ing tiwas. Lêga lan rênaning panggalihipun sang prabu tuwin para pandhèrèkipun sadaya, ing ngriki botên sagêd kacariyosakên, sarêng mêngsah ingkang kantun piyambak gumlundhung sirahipun dhawah ing ngandhap sukunipun Ilya.

Sanalika punika Prabu Wladhimir lajêng paring dhawuh, supados sakathahing gêntha ing greja ing saindênging kitha Kiyèp, kadhawuhan ngungêlakên [ngungêlakê...]

--- 1620 ---

[...n] minôngka pakurmatanipun satriya ingkang nêmbe mênang juritipun. Para pangagênging agami, sadaya mangangge anggèn-anggèn agêng, sami lumampah sêsarêngan nuju dhatêng ing papan paprangan prêlu mêthuk tuwin atur pambagya dhatêng prajurit ingkang nêmbe ngluwari prajanipun saking mêngsah ingkang sayêktos ambêbayani. Makatên ugi Prabu Wladhimir, kanthi kadhèrèkakên para abdi sadaya, botên krêsa kantun sarta lajêng mêthukakên pun Ilya. Wontên ing ngajêngipun Ilya, sang prabu lajêng andhêngklukakên mastakanipun saha angandika makatên:

Ilya, andadèkake bungahing panggalih ingsun, dene samono labuhira marang praja lan ratunira, ganjaran apa kang pantês ingsun paringake marang sira. Kapriye anggon ingsun arêp malês marang labuhira iki, awit sira wis bisa ngluwari prajaningsun saka mungsuh kang tanpa tandhing, kang atêgês: sira wis angluwari ingsun lan kawulaningsun kabèh saka paukuman kang gêdhe bangêt.

Ilya enggal umatur:

Dhuh, gusti pêpundhèn kawula, kados botên prêlu panjênênganipun sang prabu aparing ganjaran dhatêng kawula, awit kawula punika ngêmungakên tiyang pêkir, ingkang gêsangipun kapêksa kêdah namung anjajah desa milangkori, prêlu ngicalakên lêlampahan awon, tuwin anjagi para rôndha tuwin lare yatim sampun ngantos siniya-siya ing sasamining gêsang. Ing kadhaton punika dede papan kawula. Ingkang dados kuwajiban kawula ngêmungakên kêdah andon lêlana ngupados bêbaya.

Prajurit Alyasa, ingkang ing kala punika ugi dados pandhèrèkipun sang prabu, rumaos kalingsêman mirêng aturipun Sang Ilya wau, saha lajêng anyakêti Sang Ilya sarwi awicantên makatên:

Dhuh, tuwan, mugi panjênêngan krêsaa paring gunging pangaksama dhatêng kula, dene kula kumapurun ngerang-erang utawi ngrèmèhakên dhatêng panjênêngan. Nanging kula kaparênga nyuwun pitakèn, mênggah pêdhang punika aslinipun saking pundi, lan kadospundi sababipun têka panjênêngan kiyat ngolahakên pêdhang punika.

Ilya lajêng nyariyosakên sadaya lêlampahanipun wiwit nilar praja ngantos dumuginipun ing dintên punika. Ing kala punika Ilya ugi botên kasupèn anggènipun nyariyosakên pêpanggihanipun kalihan satriya rasêksa ingkang nama: Swatogor, inggih punika: kala badhe pêjahipun anyukani saperanganing karosanipun, tuwin anilari pêdhang wau. Sasampunipun Ilya nyariyosakên lêlampahanipun sadaya wau, lajêng andhingklukakên badanipun, ing ngriku Alyasa lajêng cariyos kirang langkung makatên:

Tuwan, mugi kula aturi nyupèkakên têtêmbungan kula ingkang kirang prayogi, lan mugi paringa pangapuntên dhatêng kula. Panuwun kula, mugi-mugi panjênêngan krêsaa dados sadhèrèk kula sêpuh, inggih punika sadhèrèk tunggil agami.

Ilya ugi mituruti punapa panêdhanipun Alyasa, inggih punika suka pangapuntên dhatêng têtêmbunganipun ingkang sajak angrèmèhakên tuwin angerang-erang wau, sarta sami prasêtya dados sadhèrèk nunggil agami. Salajêngipun prajurit kêkalih wau sami rangkul-rangkulan sarta sami linton kris.

Sasampunipun makatên, Ilya nyuwun pamit dhatêng Prabu Wladhimir tuwin para pandhèrèkipun sadaya, sarta lajêng bidhal nuju dhatêng ing papan pakèndêlanipun pêkir Iwanice. Ilya sagêd pinanggih malih kalihan pêkir wau wontên ing sacêlaking sela agêng kadosdene prajangjianipun ing ngajêng. Sandhanganipun pêkir wau sami suwèk, dene piyambakipun taksih anggandhul wontên ing lapak sarta sajak kanthi botên sabar angêntosi dhatêngipun pun Ilya. Ilya enggal-enggal nguculi tangsul ingkang kangge ngêrut pêkir kalihan kapal wau, kaandhapakên saking kapal saha lajêng kalinggihakên ing siti.

Salajêngipun Ilya nuntên ambikak jubahipun pêkir ingkang dipun sambut lan dipun angge sadangunipun pêrang amangsah Idholice sawadyabalanipun wau, makatên ugi topi lan sêpatunipun ênam-ênaman inggih lajêng kacopot saha sadaya wau nuntên kawangsulakên dhatêng pun pêkir. Dene piyambakipun piyambak nuntên ngangge anggèn-anggènipun piyambak, salajêngipun nuntên nyengklak kapalipun, pamit dhatêng pun Iwanice, sarta awicantên makatên:

Wis Iwanice, saiki padha andum slamêt bae. Mung siji wêlingku nyang kowe, aja nganti kok lali-lali. Yaiku: sabanjure kowe iku ambok aja bangêt-bangêt anggonmu jirih. Awit karosanmu utawa kadibyanmu kuwi pancèn wis misuwur ing saindênging praja Ruslan iki, eman-eman yèn ora kok pigunakake. Awit aku ngrêti, yèn kowe ora kêbangêtên anggonmu jirih, nanging kosokbaline yèn kowe gêlêm migunakake karosan sarta kadibyanmu, kiraku arang mungsuh kang bisa anglawan kowe.

Sasampunipun cariyos makatên wau, Ilya lajêng nyêmêthi kapalipun ingkang lajêng ambandhang sakiyatipun. Lan sakêdhap kemawon inggih lajêng botên katingal malih. Dene pun pêkir Iwanice, saking kagèt lan gumunipun, ngêmungakên lêgog-lêgog tanpa sagêd ngucap punapa-punapa.

Dene para kawula ing saindênging praja Ruslan, salami-laminipun botên badhe supe dhatêng lêlabêtanipun Sang Ilya anggènipun sampun sagêd amêjahi Idholice sawadyabalanipun. Ingkang atêgês: sampun angluwari praja Ruslan saking mêngsah ingkang tanpa tandhing.

Badhe kasambêtan.

--- 197 ---

No. 50. Taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Pêndjol, Malang, Roesdiatie, Blitar. R.M. Soerarkono, Surakarta, Hartini, Banjarnêgara, Uncle Sam, Singapore, Soetardjo Surakarta, S. Arnida, Bandung.

Karcis Silaturachmi wis daktampa kanthi bungah, ora liya padha nglanggêngake pangapura, lan muga-muga kowe kabèh pinaringan slamêt ora kurang sawiji apa sarta têmên anggonmu dadi kêponakane bu Mar.

Waidjah, Magêlang. Dhèk Sêtu kêpungkur kowe mêsthine wis maca karangan Kinanthi ing T.B., dadi tandha yèn wis kêtampan, iya bangêt panarimaku, ya! Salamku nyang Prapto.

R.A.S. Wahjoenah, Japara. Aku wis tampa layangmu, ora liya padha nglanggêngake pangapura, kok lucu ya Sri, ana tontonan lumban barang, kiraku ya langka sing madhani.

Nanging sing andhêmênakake ya payon jambu wèr, ayake nalika kowe ndêlok ngiras anggawa layah karo munthu, banjur mêthiki. Dene omah sing sarwa iwak, ya apik, nanging kok mêntah, upama matêng, ya saya apik manèh. Wahjoenah, srudhut kuwi nèk cara Magêlang ya ondhe-ondhe tela. Samsijah nalika nyang Bêtawi kok ora mampir nyang nggone bu Mar.

Sjoehada, Sjarbini, Wustha, Purbolinggo. Karanganmu wis kêtampan, bangêt panrimaku.

S. Broto, Ngayogya. Bangêt panrimaku kokirimi karangan.

Oemi, Kêbumèn. Ing Bêtawi ya ana Frobêl Kweekschool, nanging adoh saka omahe bu Mar.

Ratrisrikawoerjan, Pagajih. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênêng. Mula jênênge kanca-kancamu kuwi gagah, nanging bu Mar ora wêruh bab sêkolahe. Pitakonmu bab buku olah-olahan kang diimpun dening R.A. Soewarsi wis dadi, malah uga wis payu akèh. Yèn kowe arêp mêling ngirimana layang nyang Administratie.

Soenarmi, M.V.S. Aku wis tampa pitêpunganmu, bangêt panrimaku. Aja pisan dadi atimu karangan olah-olahan ora bisa kapacak.

Moerdjani, Pênêlêh VII/7, Surabaya. Karanganmu wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku.

Edi Wahjoemijadie, Blitar. Bangêt panrimaku kowe mêrlokake anêpungake nyang bu Mar. Kowe kok andhêmênakake têmên, arêp mêthuk nganggo motor lan arêp mlêsir-mlêsirake nyang ngêndi-êndi. Cuwa, dene aku durung bisa nuruti apa panjalukmu.

Kowe takon, pamulangan Mulo, ana pira, wah ya akèh, ayo ta têkaa ing Bêtawi lan etungên dhewe. Edi, bab olah-olah lan gezondheidsleer kanggo saiki ora bisa kapacak.

Aku durung têpung karo sêdulurmu Edi Poernama.

Moerasijah, Surabaya. Rada kasèp anggonku mangsuli, awit tansah ribut bae. Aja pisan dadi atimu, dene karanganmu ora bisa kapacak.

Soem, Kêbumèn. Cangkrimanmu wis daktampa kanthi sênêng.

Handijah, Pêkalongan. Bangêt panrimaku kokirimi layang pitêpungan lan nandhakake kasênênganmu maca Taman Bocah.

Imosoedarmo, Klathèn. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah lan karangan uga wis kêtampan.

Soepaydie, Lubuk Linggau, Sumatra. Aku samono uga, sakèhing luput ngapuranên sarta muga-muga kowe pinaringan slamêt ora kurang sawiji apa, têrus anggonmu langganan T.B.

Zorosjas lan Sanjoto, ing Balapulang. Bangêt panrimaku kokirimi karangan, nanging aja pisan dadi atimu, dene ora bisa kapacak.

Moeksin, Dampit. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah.

Niek Oesman, Pêkalongan. Lêluconmu wis daktampa, wah Niek, sapira gêdhene kobismu kang bobote limang kati, aku kok kêpengin wêruh.

Rochjati, Wlingi. Layangmu silatoerachmi wis kêtampan, bangêt bungahku.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar

--- 198 ---

TUKANG KUWIH ING DAMASKUS

(Candhake)

Nuridin nganti kêpriksan dening kiyai Patih, kang anjalari kiyai Patih mau kèndêl anggone tindak sarta andangu, sapa arane lan saka ngêndi asline.

Nuridin mangsuli: "O, Gusti, kawula punika saking Mêsir, kesah saking nagari kawula jalaran pasulayan kalihan sadhèrèk kawula ingkang sangêt kula trêsnani. Sampun kula manah-manah, langkung prayogi lêlana tinimbang wangsul dhatêng ing nêgari kawula piyambak."

Kiyai Patih ngandika kanthi sumèh: "O, anakku ênggèr, luwih bêcik aja kokbacutake lakumu, anaa ing kene bae milu aku. Yèn kowe nyênêngake lakumu mêsthi bakal nandhang sêngsara."

Kiyai Patih anggone ngandika nyênêngake bangêt, nganti Nuridin ora rangu-rangu, nurut apa dhawuhe lan wiwit dina iku ndhèrèk ana ing dalême kiyai Patih. Bêciking kalakuane, wêkêle sarta jatmikane, agawe sênênging panggalihe kiyai Patih mau. Anuju sawijining dina panjênêngane kyai Patih ngandika mênyang Nuridin mangkene: "Kowe wis wêruh dhewe, yèn aku iki wis tuwa, kira-kira uripku ana ing ngalam donya iki ora lawas manèh. Aku pinaringan sugih bangêt, lan uga pinaringan anak wedok mung siji. Wis pirang-pirang priyayi luhur ing kêrajaan kene kang nglamar arêp diolèhake putrane, nanging têkan saiki, aku tansah durung bisa anêtêpake êndi sing bakal dakpundhut mantu. Kiraku, Gusti kang Maha Kuwasa anêtêpake kowe, mula yèn dhangan atimu, kowe bakal dakdhaupake karo anakku, awit aku trêsna bangêt marang kowe lan asal-usulmu uga wis pantês bangêt, upama kowe dakdadèkake mantuku. Yèn kowe gêlêm, aku bakal matur nyang Sang Ratu, supaya kowe kadadèkake Patih minangka gêntiku. Ing sarèhne aku iki wis kêpengin ngaso, saiki uga aku arêp masrahake kabèh barang darbèkku lan pangkatku marang kowe."

Barêng kiyai Patih wis kèndêl anggone dhawuh. Nuridin banjur nyêmbah ing sampeyane, nandhakake gêdhening kabungahane lan panarima, sarta matur sandika. Kiyai Patih nuli nimbali para kawulane supaya tata-tata bakal dhaupe Nuridin lan putrane. Para kawula ing kadhaton uga katimbalan anjênêngi paargyan mau.

Barêng kabèh wis padha kumpul, kiyai Patih ngandika, kanggo ngarêm-arêmi sing ora ditampa panglamare mangkene: "Mitra kula sadaya, andadosna kauningan, kula punika gadhah sadhèrèk jalêr, dados patih ing Mêsir lan gadhah anak jalêr satunggal, ingkang lajêng kakintukakekakintunake. mriki, supados dhaup kalihan anak kula amrih supêkêting pasadhèrèkan. Kêpenakan ingkang dèrèng nate sumêrêp dhatêng kula punika, dèrèng dangu punika dhatêng ing kitha ngriki.

Kula ugi dèrèng sumêrêp, nanging sarêng piyambakipun dhatêng, kula lajêng ngêrtos, nitik paraeanipun,paraenanipun. manawi piyambakipun punika anakipun sadhèrèk kula jalêr. Piyambakipun lajêng kula ajak dhatêng ing griya kula. Sarêng sampun kêmpal sawatawis dangu, anitèni saening watakipun, lajêng kula mbotên rangu-rangu amêndhêt mantu piyambakipun. Ingkang punika panjênêngan sadaya kula aturi nêksèni dhauping lare kalih wau!"

Ing wêktu iku wong-wong banjur padha sênêng-sênêng, nanging kang rumasa sênêng dhewe yaiku Nuridin. Dhaharan kang diladèkake sarwa enak, cêkake kayadene paargyan ing kêdhatone Sang Ratu.

Bangêt anggumunake, dene ing dina dhaupe Nuridin, Samsudin uga dadi pêngantèn ana ing Mêsir.

Sawise mulih saka anggone ndhèrèk ambêbêdhag Sang Ratu, lan Nuridin ing omah ora ana, sarta diêntèni nganti lawas ora têka-têka, banjur ngêrti yèn Nuridin ora niyat mulih. Bangêt gêtuning atine dene pasulayan karo sêdulure kang mung siji thil. Dhèwèke nuli kongkonan anggolèki ing nêgara liya, nanging ora ana sing olèh gawe. Kanggo nglalèkake susahe anggone pisah karo sadulur, dhèwèke banjur dhaup karo putrining salah sawijining bangsa luhur ing Mêsir, lan kaya sing kacaritakake ing dhuwur, barêng sadina karo dhaupe Nuridin putrine Patih ing Balsora.

Dhaup barêng sadina mau wis bangêt anggumunake, ananging luwih anèh manèh, banjuring lêlakon, iya barêng sadina lan barêng sajam, Samsudin pinaringan duwe anak wedok lan Nuridin anak lanang.

Bungahe maratuwane Nuridin tanpa upama, nuli ngadhêp ana ngarsane Sang Ratu, matur supaya Nuridin kadadèkake Patih.

Sang Ratu kang wus ngêrtos marang kapintêran lan kabêcikane Nuridin uga nayogani bangêt. Nuridin barêng wis kadadèkake Patih, bangêt ditrêsnani dening para kawulane, lan dipitaya dening maratuwane. Barêng Nuridin wis pitung taun anggone jêjodhoan, kiyai Patih seda. Nuridin susah bangêt sarta wis ora ana sing anggulawênthah anake lanang kang dijênêngake Barudin Hasan.

Barudin diundangake guru, kang mulang bab agama lan liya-liyane. Kacarita si Barudin mau dhasar bocah lantip. Diwulang sadhela bae wis bisa maca, lan sajrone rong taun wis apal Quran. Banjur Barudin diwulang guru-guru liya. Barêng wis umur 12 taun, ora pêrlu nganggo guru manèh.

--- 199 ---

Barudin mau bagus rupane, lan sapa sing wêruh dhèwèke mêsthi gumun sarta dhêmên. Barêng wis umur 18 taun, banjur diwulang patrape dadi patih, awit gagasane samangsa-mangsa Nuridin kapundhut nyang Ingkang Kuwasa, Barudin wisa bisa anggêntèni. Ora lawas Nuridin anggone nyawang anake lanang, dhèwèke banjur lara bangêt. Barêng wis krasa yèn arêp mati, Barudin diundang banjur dikandhani mangkene: "Anakku nggèr, kowe rak wis ngêrti yèn urip ana ingalam donya iki ora lawas, dene lakune nyang acherat iku gampang lan enggal yèn kanthi nglakoni kabêcikan, nanging pêtêng sarta angèl, yèn nganti nglakoni panggawe ala. Mula kowe kudu jaga-jaga dhewe, nglakonana kuwajibanmu kaya kang katulis ing Quran. Kowe rak durung tau ngêrti, aku iki sapa, mula sadurunge aku kapundhut Ingkang Kuwasa dakcritani asal-usulku, mara ta rungokna:

Ana candhake.

MULA BUKANE TIKUS IKU SABA ING OMAHE MANUNGSA

Sawijining dina ana blêdug (anak gajah) saba ingalas, dumadakan ana tikus njranthal liwat ingarêpe blêdug mau, kang njalari bangêt kagète, sabab ora wêruh pinangkane. Blêdug mau calathu: "Iki apa, kewan cilik bae kok bisa gawe kagèt awakku." Tikus kang mlayu mau tikus wis tuwa lan awake kalêbu rada gêdhe. Barêng tikus mau krungu, yèn diunèkake kewan mung cilik bae banjur cêngkelak bali mênyang panggonane si blêdug mau karo calathu: "He blêdug, sapa sing kandha yèn awakku iki cilik?"

Blêdug mangsuli: "Sing kandha iya aku, sabab awakmu iku yèn taktandhing karo aku ora ana sapra atuse."

Tikus: "Ach aku ora ngandêl yèn awakku iki kalah gêdhe karo kowe, yèn ora ngandêl, ayo padha disêksèkake wong-wong ing pasar kae."

Blêdug nyaguhi.

Blêdug lan Tikus mau nuli padha mênyang pasar, lagi bae mlêbu ing lawange pasar, wong-wong wis padha alok-alok: "He, he, ana gajah cilik, ana gajah cilik." Sawênèh ana kang alok-alok: "Tikus gêdhe bangêt, tikus gêdhe bangêt.

Blêdug krungu aloking wong-wong mau rumasa kawirangan marang tikus, mulane blêdug mau têrus bali mlayu mênyang alas. Ananging si tikus arêp bali mênyang omahe ora wêruh dalane, sêbab ditinggal lunga karo blêdug mau. Mula si tikus tansah kêsasar-sasar nganti têkan omahe manungsa iku.

Hoedadi

GUGONTUHON ING BUWANA EROPA

Manut dongèng kuna, dhèk biyèn ing Eropah ana Nata binathara. Panjênêngane ditrêsnani dening para kawulane kabèh. Kala samono jajahane Sang Nata amba bangêt, ya kuwi tanah Jêrman, Prancis, Belgie lan nagara Walanda, prasasat tanah Eropah Kulon kabèh. Pancèn nyata Sang Nata pintêr ngasta pusaraning praja.

Dhèk samana panjênêngane karsa yasa greja kang gêdhe bangêt ing kutha Akên. Sawuse wawansabda karo sawijining juru gawe omah, banjur dhawuh yasa greja kang diwatêsi suwening panggarape. Juru gawe omah nyandikani.

Nanging kocapa temboke janji wis ngadêg, liya dina mêsthi banjur ambruk, agawe kagète wong akèh. Wis rambah-rambah temboke didandani, nanging mêsthi ambruk manèh. Sang Nata banjur paring prajurit 1000 kadhawuhan njaga, nanging tanpa gawe, awit para prajurit mau padha ora wêruh rubuhe tembok. Suwening panggarap kang katamtokake wis mèh êntèk, kari 5 dina.

Juru gawe omah bangêt susahe, awit grejane durung rampung, dhèwèke mêsthi bakal tampa pidana saka Sang Nata.

Sawijining dina juru gawe omah mau mlaku-mlaku mênyang alas, satêkaning alas mikir-mikir. Ujug-ujug dhèwèke dicablèk wong saka buri lan calathu. "Aku wêruh kang kokpikir lan aku saguh nulungi, yèn kowe saguh prajanji karo aku, yèn uwong utawa kewan kang mlêbu dhisik dhewe ing greja, kuwi dadi duwèkku."

Juru gawe omah kagèt bangêt, ngawasake wong mau sajak ora ngandêl.

Wong mau calathu manèh: "Aku saguh gawe greja kaya kang korancang sajrone sawêngi yèn kowe gêlêm nuruti janjiku."

Juru gawe omah nyaguhi lan sanalika wong kang anèh mau ilang. Wong mau awake kuru lan dhuwur. Ing sirahe kapara ngarêp ana sungune loro. Sikile sikil kêbo. Sanyatane wong mau bangsa setan. Esuke nyata grejane wis dadi. Agawe cingake wong akèh. Nanging wong-wong mau ora ana siji-sijia kang wani mlêbu dhisik, awit wis padha ngêrti. Wusana ana gêrma têka, kang mêntas entuk mênjangan. Kewan mau banjur dilêbokake greja. Sadhela manèh wong-wong padha krungu, yèn setan wis mangan mênjangan, nuli lagi padha wani mlêbu. Ing kono padha wêruh, yèn mênjangan wis mati. Anèhe dene inêbing lawange greja mau mung sasisih, dadi sing sasisih mênga mlompong tanpa inêb. Wong-wong nuli padha gawe lawang sasisih manèh, nanging nganti saiki durung ana kang cocog. Sadhela bae pawarta mau wis sumêbar satanah Eropa. Dene greja gaweyane setan mau aran Domkerk, lêstari nganti saiki ana ing kutha Akên nêgara Jêrman.

Boentarta

--- 200 ---

KUTHA SINGAPUR

(Candhake)

Barêng motor-motor mau (duwèke "Royal Air Force") wis ora katon, aku têrus ngèkêr ngiwa nêngên ndêlêng kaanane ing kono. Ing sisih kiwa katon pula Sambu, tangkine B.P.M., pating jênggêlêg, cêmlorot kêna soroting srêngenge. Kiwa têngên, ngarêp buriku kapal gêdhe cilik padha ngênêr mênyang pêlabuhan. Kapal pêrang uga ana, mbêgêgêk kêpara adoh saka dharatan, ketoke nggêgirisi bangêt, miyême pating crongot, sajake padha nantang: "Ayo, arêp apa kowe!" Cocog bangêt yèn diarani "dreadnought," têgêse "ora wêdi."

[Grafik]

Beca ing kutha Singapur.

Saya cêdhak manèh, aku gumun wêruh omah dhuwur-dhuwur, pirang-pirang lotèng, kaya ta : Town-Hall, General Post Office, Union Building, China Building, lan kantor-kantor bank, toko-toko. Mripatku nganti pêdhês ndêlêng kaanan mangkono kuwi. Jênênge ya durung "skyscrapers," nanging dhuwure wis lumayan, ing tanah Jawa ora ana omah sing madhani, apa manèh ngungkuli.

Mudhunku ana ing Tanjong Pagar, dipêthuk dening punggawa "Immigration Department," ya kuwi sing nindakake gawe mlêbune wong saka ing tanah ngamanca. Punggawa-punggawa mau kabèh wong Mlayu, blanjane bokmanawa mung 20 utawa 25 dollar, nanging wujude, wah ngedab-edabake bangêt, apa manèh yèn wêruh wong anyar kang ketoke wêdi, anggone nyêntak-nyêntak saya nggêgirisi. Mulane yèn kowe mbesuk bokmanawa têkan ing Singapura, aja bangêt-bangêt anggonmu andhap asor, mundhak diarani wêdi.

Wong-wong kang lagi mudhun saka kapal têrus padha digiring kaya wêdhus mênyang kantor Immigration, dene barange kudu ditinggal ana ing kantor Pabean. Ing "Immigration Office," paspoort-paspoort padha dipriksa dening wong Inggris (Officer) yèn wis kêtêmu cukup ora kurang sawiji apa wonge lagi mêtu, njupuk barange lan mlêbu ing kutha.

Barêng aku mêtu saka kantor Pabean kagèt, dipêthuk tukang rickshaw, pating cruwit kaya manuk jalak rêbutan cacing. Rickshaw kuwi kreta cilik kanggo wong loro, digèrèd bangsa Tionghoa. Lumrahe diarani "beca." Sarèhning aku durung wêruh dalan-dalan ing Singapur, aku ora wani nunggang rickshaw, dadi ngundang taxi, luwih murah. Taxi ing kono warna-warna, sing takpilih motor Ford cilik cète kuning, yaiku sing diarani "Yellow Cap," sewane murah mung 20 sèn sapal.

Lagi bae mêtu saka ing Tanjung Pagar Road, aku wis gumun manèh, wêruh ana tram lêstrik tanpa ril, jênênge "trawley," mèmpêr kaya bus gêdhe, bisa menggak-menggok, nyuda bêbaya nunjang wong. Manut pituture kanca, aku anjujug ing "Myako" hotèl Jêpan ing "Beach Road". Ana ing taxi tansah ngapalake cara Inggrise njaluk kamar, dadi panêmbungku mêtune saka cangkêm prasasat waton mêtu bae, nganti kamisosolên. Sing mêthukake aku nyonyah, barêng krungu gunêmanku, mlênggong, awit kaya wong London, têrus mangsuli cara ... Mlayu!" "Saya tak pandhe cakap English lah". Gagasanku malah kêbênêran.

Ana candhake.

--- [1621] ---