Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 13–21)
1. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 01–12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
2. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 13–21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
3. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 22–34). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
4. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
5. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 46–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
6. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 50–59). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 47v lanjutan] ---
13. Asmaradana
1. sang nata angandika ris | maring Radèn Surapatya | ya liwat tarimaningong | nanging sira angetana | nêgara Pasuruan | sun ganjarakên sirèku | ing kono sira lungguha ||
2. sira apacaka baris | nèng nêgara Pasuruan | nêlukna kiwa têngêne | lan sira sun wèhi aran | asêsiliha nama | sun jungjung nama tumênggung | Tumênggung Wiranêgara ||
3. manêmbah Ki Surapati | muka lir konjêm pratala | ing nata sru panuhune [panu...]
--- [f. 48r] ---
[...hune] | hèh paman Anrangkusuma | sira iya milua | mring Surapati dèn kumpul | narubêna wong bang wetan ||
4. manêmbah rahadèn patih | datan lênggana ing karsa | kalih wus padha sinangon | lan pinaringan busana | kang sarywa indah-indah | lawan reyale anyèwu | sang nata malih ngandika ||
5. sira mangkata tumuli | sadalan ngobong-obonga | anadene kang sun kongkon | ambêbujung maring sira | wong Sampang Surabaya | anggusah maring sirèku | lan wadya măncanêgara ||
6. kalih parêng angabêkti | angaras pada narendra | myang dhatêng Pangran Pugêre | gya mêdal maring Pagongan | panggih lan wadyanira | ya ta wau kang winuwus | wadyèng Sampang Surabaya ||
7. saking kilèn angêbyuki | ing bêdhil binarêng surak | lir prawata rug swarane | miwah wong măncanagara | wong Sampang sigra mangsah | Radèn Surapati wau | wus lorod saking nagara ||
8. sang nata kondur mring puri | wadya gumêrah ing jaba | kang sewaka bubar kabèh | sinêngkalan duk ayuda | Surapati lan Êtak | walu lang winayang prabu |[1] ing dalu kang kawarnaa ||
9. Kumpêni kang anèng loji | duk ing dalu kesahira | aicir kala inggate | karainan duk ing marga | tumpês dening wong desa | ya ta sira sang aprabu | injing miyos sinewaka ||
10. pêpêkang wadya gêng alit |
--- [f. 48v] ---
pratiwa para nayaka | miwah Pangeran Pugêre | lan Pangran Arya Panular | miwah Rahadèn Tapa | alênggah ing ngarsa prabu | aris ingkang pangandika ||
11. hèh yayi mas adipati | salungane si apatya | ikang ingsun gêntèkake | iya Si Arya Sindurja | angrèha pra nayaka | Pangeran Pugêr jumurung | ing karsanira sang nata ||
12. kalawan maninge yayi | ya adhinira Si Tapa | wus kaliwat diwasane | ing mêngko sun wèhi aran | Pangran Arya Mataram | sun wèhi desa wong sèwu | lawan si adhi Panular ||
13. karo padha sun paringi | lungguh nglimang atus ewang | kalawan nyayi[2] maninge | si paman Natakusuma | ingsun gawe wadana | wong gêdhe wadananipun | kang rayi jumurung karsa ||
14. mufakat samya ngèstrèni | sagung nayaka prawara | ing karsanira sang katong | nahan gantya kawarnaa | Rahadèn Surapatya | ingkang mêksih dèn bêbujung | ing ênu datan winarna ||
15. praptèng Pasuruan nagri | sakèhing para dipatya | kang bêbujung bali kabèh | sira Radèn Surapatya | anèng ing Pasuruan | wus têtêp dènira lungguh | tan ana ingkang sumêla ||
16. suyud nagri kanan kèri | ing Bangil lan Prabalingga | ing Pajarakan wusdene | ing Daha lan Wirasaba | myang Sarêngat Balitar | ing Ngantang Rênon sumuyud | seba maring Pasuruan ||
17. sawetaning Ardi Wilis | kang băngga samya binahak | sampun andadi barise | dipati măncanagara | prapta ing Kartasura | tan antara lajêng katur | ing nata sasolahira ||
--- [f. 49r] ---
18. sukèng tyas sri narapati | nahan ingkang kawarnaa | pan sampun myarsa wartine | Kumêndur Sêlut Driansah | kang anèng ing Japara | yèn Kapitan Êtak lampus | tumpê[3] sakumpêninira ||
19. ayuda lan Surapati | ing alun-alun gènnya prang | sêmana mêngkak manahe | Kumêndur Sêlut Driansah | sampun akarya surat | dutanira aglis laju | layar maring Batawiyah ||
20. mangkana ingkang winarni | Rahadèn Arya Sindurja | sampun lumampah dutane | maring nagara Japara | pan andikaning nata | kinèn aprasadu sung wruh | yèn Êtak tiwas ing rana ||
21. miwah wadyaning nêrpati | akathah kang nandhang brana | samya pinarcayakake | duta wus prapta Japara | anêdhakakên surat | marang ing Kumêndur Sêlut | Driansah gya tinupiksa ||
22. miyarsa têmbunging tulis | kumêndur èmêng ing nala | mila tansah gèbèg-gèbèg | duta wus aglis tinulak | tan mawi ingangsulan | mangkana ikang cinatur | pan nagari ing Japara ||
23. wong Jawa lawan Kumpêni | tan ana saba-sinaba | butarêpan sadinane | ya ta duta Kasindurjan | prapta ing Kartasura | katur dhatêng sang aprabu | yèn kumêndur sangêt mêngkak ||
24. mangkana sri narapati | animbali pra dipatya | lènte kang para arine | katri wus malêbèng pura | marêk ing ngarsa nata | aris angandika prabu | hèh yayi mas adipatya ||
25. paran karsanira yayi | dening si kumêndur mêngkak | ing mêngko ta karsaning wong | yèn ana kang dadi marga | bêcik uga wasisan | ilanga kalilip ingsun |
--- [f. 49v] ---
Pangeran Pugêr turira ||
26. yèn kenging ămba ngaturi | sampun kadya sapunika | têmah ruara jagate | yèn nata cidra ngwacana | lungsur ingkang darajat | yèn karsa paduka nglantur | asangêt atur kawula ||
27. sanadyan punika kafir | tan wênang yèn cinidranan | pan kafir rewang dununge | dènnya sampun kalampahan | têtulung ing paduka | dening wontên marganipun | sok sampun saking paduka ||
28. yèn wontêna marga malih | kadya kang wus kalampahan | sakarsa dalêm andhèrèk | sang nata ris angandika | yèn mêngkono adhimas | ataria punggawa gung | sapa kang sanggup anjuma ||
29. iya mêngkak ing Kumpêni | agêdhe ganjaraningwang | padha pikirên dèn age | Pangeran Pugêr manêmbah | mêdal sagung punggawa | ing srimanganti wus rawuh | tan winarna solahira ||
30. sagung nayaka pasisir | tanapi măncanêgara | kang tinari mopo kabèh | wontên dasihing narendra | lunggyèng mantri Kaparak | Ki Jiwaraga ranipun | punika sanggup anjuma ||
31. katur dhatêng sri bupati | ingidèn agya lumampah | amundhi surating katong | myang pakintun warna-warna | tan kawarna ing marga | nargri Japara wus rawuh | Ki Ngabèi Jiwaraga ||
32. sigra tumumèng ing loji | pêpikul lumampah ngarsa | anèng jaban lawang andhèr | kagyat Kumpêni tumingal | Ngabèi Jiwaraga | pinanggil marang Kumêndur | Hindrikansah wus apanggya ||
33. Ki Jiwaraga ling aris | hèh tuwan ingsun dinuta | matêdhakakên [matê...]
--- [f. 50r] ---
[...dhakakên] surate | sinuhun ing Kartasura | dhawuha pêkênira | lawan ingkang pakêkintun | nênggih kuda sakêmbaran ||
34. lawan susuh kawan dhacin | lêmbu sèkêt lan marica | kumêndur gupuh anthuke | kang surat agya binuka | sadaya tinupiksa | sampun kadriya kang têmbung | mring Kumêndur Hindrikansah ||
35. ngrarêpa dènira angling | hèh Kiyai Jiwaraga | apuntênipun sang katong | dening kawula anggêga | wartaning wong akathah | ing mangke baik sang prabu | punapa kang rinaosan ||
36. pan kacatur tigang ari | Ki Ngabèi Jiwaraga | anèng Japara lamine | kalangkung ingupasuba | kumêndur wus akarya | sul-angsul kang badhe katur | ing nata saha rêruba ||
37. baludru renda lan mori | êtèh gula lan hèr mawar | sadaya sampun tinampèn | mring Ngabèi Jiwaraga | wus mintar tan kawarna | marga Kartasura rawuh | katur ing sri naradipa ||
38. yèn Jiwaragantuk kardi | surat katur ing narendra | myang sagung atur-ature | surat agya tinupiksa | dening sri naranata | kadriya suka ing kalbu | Ki Jiwaraga ginanjar ||
39. apan kinarya bupati | pinaringan ing Japara | kinarya pamugarine | Kumpêni kang nèng Japara | lawan sinungan aran | jinungjung nama tumênggung | Ki Tumênggung Martapura ||
40. wus kinèn budhal tumuli | maring nagara Japara | datan kawarna solahe | Ki Tumênggung Martapura | wus samya asayaga | samapta sarayatipun | injing budhal Martapura [Marta...]
--- [f. 50v] ---
[...pura] ||
41. datan kawarna ing margi | wus prapta nagri Japara | kumêndur langkung sukane | dening Kyai Jiwaraga | jinungjung lungguhira | lan tinuduh karyanipun | Kumpêni pamugarinya ||
42. wus têtêp dènira linggih | anèng nagara Japara | Tumênggung Martapurane | wus amukti awibawa | anèng nagri Japara | bicarèng Kumpêni runtut | ing antara lama-lama ||
43. ana Walandi satunggil | ngamèt ayame wong Jawa | kang duwe pitik tan awèh | dumadi akakêrêngan | Walandi ginitikan | binayang maring lêlurung | samya kinarya kasukan ||
44. raine dèn lêlerongi | ing angus lan gêtih jarak | kunir ênjêt bacingahe | saparan dadi paguywan | rinubung rare kathah | katur marang ing Kumêndur | Driansah runtik ing driya ||
45. pan ora suka kang ati | mring Tumênggung Martapura | langkung jarême atine | saksana akarya surat | badhe katur ing nata | gya umêsat dutanipun | ing Kartasura wus prapta ||
46. panggya lan radèn apatih | angaturakên kang surat | saking kumêndur tinampèn | sigra Dyan Arya Sindurja | tumamèng jroning pura | katur marang sang aprabu | yèn surat saking Japara ||
47. tinupiksa ing sang aji | têmbunge akara-kara | anênuhun ing sang katong | pun kumêndur ing Japara | pêjahe Martapura | dosanipun purun-purun | mring Kumpêni siya-siya ||
48. kagyat sru duka nêrpati | nimbali sagung [sa...]
--- [f. 51r] ---
[...gung] punggawa | myang kang rayi katigane | sapraptanira ngajêngan | sang nata angandika | padha dèn kaparèng ngayun | nayaka majêng pranata ||
49. kang rayi majêng wotsari | lèn ingkang para nayaka | sang nata lon andikane | hèh yayi mas wruhanira | layange Si Wêlănda | alane kalangkung-langkung | apawong sanak lan ingwang ||
50. dening ta awani-wani | anjaluk punggawaningwang | Si Martapura patine | ingaranan siya-siya | marang băngsa Wêlănda | wêwadule si kumêndur | wani akarya kasukan ||
51. mêngko jinaluk ing kami | ilange Si Martapura | dening yayi karsaningong | Si Ariya Sindurêja | paman Natakusuma | lan Si Mangunonêng iku | Si Binorong Suranata ||
52. kalima padha sun tuding | maringa nagri Japara | anadene ing lakune | naria Si Martapura | yèn jinaluk Wêlănda | yèn dhèwèke wani ngamuk | kabèh sun kon têtulunga ||
53. kang rayi matur ngabêkti | inggih sakarsa paduka | lamun prayoga margine | sang nata malih ngandika | hèh Ariya Sindurja | padha gabahên baturmu | myang paman Natakusuma ||
54. miliha wong bêcik-bêcik | aja si kudu akathah | kang yogya prawira tanggon | miwah sira Suranata | padha gabaha bala | Si Mangunonêng ywa kantun | Si Binorong sanegaa ||
55. kalima sarêng ngabêkti | sang nata malih ngandika | hèh Sindurêja [Sindu...]
--- [f. 51v] ---
[...rêja] dèn age | layang sira angsulana | lan wèhana ubaya | munia ing sasi besuk | patine Si Martapura ||
56. yèn sira kang ingsun tuding | matèni Si Martapura | lan papat punggawaningong | kang minăngka kanthinira | padha munia nglayang | Dyan Arya Sindurêja wus | mêdal saking dalêm pura ||
57. sapraptanira ing jawi | Rahadèn Arya Sindurja | dènnya karya surat dados | gya sinungakên ing duta | mêsat datan kawarna | ing marga Japara rawuh | lan kumêndur wus apanggya ||
58. gya sinungakên tumuli | surat wêwangsuling nata | kumêndur anupiksa ge | kalangkung suka ing nala | sigra ngundhangi wadya | samya samapta sêsuguh | yèn prapta duta narendra ||
59. sawusira mangkanèki | prapta ing antaranira | pan sampun salin sasine | Radèn Arya Sindurêja | sawadya asanega | lènte kang punggawa catur | sawadya sampun sayaga ||
60. asaos ing păncaniti | kalima katur ing nata | ngandikan maring pura ge | prapta ngarsa apranata | punggawane lêlima | wus tampi pitungkas tuhu | kalima parêng anêmbah ||
61. sarêng mêdal saking puri | sapraptanira ing jaba | lajêng budhal sawadyane | gêgaman awarna-warna | tan kawarna ing marga | lampahe punggawa khamsu | praptèng nagari Japara ||
62. Tumênggung Martapura glis | gènnya saos pasanggrahan | ing alun-alunnya ambèr | Kumêndur Sêlut Driansah | sampun amyarsa warta | sakumpênine amêthuk | ing marga sampun apanggya ||
--- [f. 52r] ---
63. kalawan radèn apatih | tundhuk sami têtabean | anulya lajêng lampahe | ing alun-alun gya prapta | wadya Kumpêni urmat | sanjata awor lan tambur | mariyê[4] muni sauran ||
64. gya ingaturan mring loji | Radèn Arya Sindurêja | myang punggawa sakancane | Kumêndur Sêlut Driansah | langkung angupasuba | rahadèn patih amuwus | tuwan manira dinuta ||
65. ing gusti sri narapati | Ki Tumênggung Martapura | mangke kasraha patine | nanging karsane sang nata | patine Martapura | anènga ngarsanirèku | ing binjang manira gawa ||
66. yèn sampun prapta ing loji | Si Tumênggung Martapura | andika sêndhal kêrise | poma andika samapta | manira gih samapta | manawa tiwas ing kewuh | pun Martapura digjaya ||
67. marma padha ngati-ati | sagung prajurit manira | besuk sun gawa maring jro | rumêksaa pêkênira | kumêndur langkung suka | inggih kawula anuhun | radèn ing sih jêngandika ||
68. ngandika radèn apatih | hèh sudara lilahira | manira arsa amondhok | angasokakên ing wadya | rahadèn wus tumêdhak | kumêndur ngatêr ing pintu | dyan patih wus masanggrahan ||
69. myang sagung para bupati | tan antara nulya prapta | Ki Martapura suguhe | anggili kang jêjodhangan | miwah suguh mêntahan | ing siyang datan winuwus | hyang arka nitih ing arga ||
70. ing dalu ingkang winarni [wi...]
--- [f. 52v] ---
[...narni] | Ki Tumênggung Martapura | ingandikan maring pondhok | wus prapta samya gunêman | lawan catur punggawa | ngling Radèn Sindurêjèku | mring Tumênggung Martapura ||
71. sira jinaluk Kumpêni | timbalan dalêm maringwang | miwah catur punggawane | kinèn anari mring sira | yèn sira wani nglawan | ingsun kinan[5] tulung ngamuk | kalawan sakancaningwang ||
72. Pangran Natakusuma ngling | inggih adhi Martapura | yèn binjang praptèng loji jro | yèn binjang dika cinandhak | kabèh sakancaningwang | nora talangke angamuk | yèn dika wani anglawan ||
73. parêng lêbura nèng loji | punggawa kalawan sira | Martapura gya ature | yèn makatên kang timbalan | inggih purun kawula | sanadyan wuwuha mungsuh | kawula datan suminggah ||
74. amungsuh lawan si kafir | ing pundi gènnya kapanggya | ngrangsanga baluwartine | ing siyang dalu kasêdya | matia sabilolah | alah kawula ing besuk | mati bubukên kewala ||
75. lêhêng ngamuka ing kafir | yèn mati tuk marga padhang | sarwi anampèl pupune | sukèng tyas punggawa lima | miyarsa sanggupira | Ki Martapura ambubruk | ing dalu tan kawarnaa ||
76. hyang arka pan sampun mijil | punggawa samya sawega | Radèn Sindurja wadyane | satus ingkang pêpilihan | kang yogya parêng pêjah | kang arsa ginawa mangsuk | dening wadya kathah-kathah [ka...]
--- [f. 53r] ---
[...thah-kathah] ||
77. badhe anèng jaban loji | Pangeran Natakusuma | sêlawe pêpilihane | kang badhe sabaya pêjah | Tumênggung Suranata | sawidak santananipun | kang badhe tumut palastra ||
78. Ki Mangunonêng amilih | wadya Pathi kawan dasa | kang yogya parêng lêbure | Ki Binorong pilihannya | angsal wong sêlawe prah | kang badhe ginawa mangsuk | mring loji sabaya pêjah ||
79. Tumênggung Martapurèki | amilih wong kawan dasa | wadya Japara nèm-anèm | kang samya dinulangmangap | badhe nglabuhi pêjah | Rahadèn Sindurêja wus | samapta ngrasuk busana ||
80. dhuwung sakawan winangking | kalima cundrik malela | kang minăngka cêcothene | Pangeran Natakusuma | mangking dhuwung têtiga | Kyai Gopita ing ngayun | cinothe munggèng adhakan ||
81. Tumênggung Suranatèki | amangking dhuwung sakawan | Ki Kêbyuk ingkang cinothe | Ki Mangunonêng nyuriga | dhuwungira wasiyat | miwah Binorong Têmunggung | angangge dhuwung wasiyat ||
82. Pangran Natakusuma ngling | hèh sanak-sanak manira | poma aja na têlangke | anêdha bubuh-bubuhan | gagêdhene ijèna | kapitan myang lutnanipun | aja kongsi adhi lurah ||
83. tumandang milu ngawaki | iku sifating narendra | anadene kumêndure | ingsun kang duwe bubuhan | ja liyan [li...]
--- [f. 53v] ---
[...yan] kang nuduka | pan uwis pacangan ingsun | kêris ingsun Si Gupita ||
84. mèsêm rahadèn apatih | dhuh pangran nuhun kawula | dènnya gêng marma maringong | nanging ta badan kawula | datan arsa kantuna | lawan sampeyan angamuk | parênga sapêjah gêsang ||
85. sagunging para prajurit | samya pratignya prasêtya | anjangji parêng lêbure | sadaya sampun sawega | wadya kang pêpilihan | samya sikêp pêdhang suduk | wanèh waos cêcindhêkan ||
86. gya mangkat radèn apatih | ingiring catur punggawa | lan wadya pêpilihane | Ki Tumênggung Martapura | kinèn angarènana | mangke yèn dyan patih rawuh | ing loji ginuladrawa ||
14. Dhandhanggula
1. lampahira prapta ngarsa loji | sira Radèn Arya Sindurêja | myang punggawa sakancane | kumêndur sigra mêthuk | saha wadya Kumpêni baris | urmat sarawuhira | Radèn Sindurja wus | tundhuk samya têtabean | myang punggawa sadaya mangsuk ing loji | tata sami alênggah ||
2. munggèng kursi dènnya sami linggih | pra punggawa wusami[6] lênggah |[7] wadya sasêliran kabèh | samya ginawa mangsuk | sangkêp anèng wurining kursi | kumêndur ngupasuba | alon aturipun | radèn paran ingkang wêkas | karsa dika rahadèn patih ling aris | mangke manira undang ||
3. mêksih kaya rêmbug ingkang wingi | Kumêndur Sêlut kalangkung suka | pan [pa...]
--- [f. 54r] ---
[...n] wus andhèr Kumpênine | samya andêling kewuh | dening ingkang munggèng ing kursi | watara sapta wêlas | Kumpêni gung-agung | ambanjêng ayun-ayunan | dènnya lênggah lan sagung para bupati | batine jêng-ajêngan ||
4. radèn apatih akèn nimbali | marang Ki Tumênggung Martapura | duta mintar gya lampahe | prapta ing wismanipun | Martapura pi-api sakit | nèng kathil[8] sêsareyan | api-api ngêlu | mukane sinasêmburan | apêpilis sukunira dèn pêtêki | duta prapta lingira ||
5. nêdha aglis kiyai mring loji | Martapura aris saurira | iya anak kaya priye | sun iki lagi ngêlu | mêngko thithik manawa mari | Tumênggung Martapura | tyasira kaduwung | dene akèh sanggupira | yèn kênaa tinêbas ing êmas picis | wurunga băndayuda ||
6. duta nulak wus prapta ing loji | matur yèn Tumênggung Martapura | sakit angêlu awade | Rahadèn Sindurjèku | jajanira lir wora-wari | andik tingal ngatirah | gigit wajanipun | kumêndur mulat wus wikan | yèn Rahadèn Sindurja kalangkung runtik | angrarêpa lingira ||
7. lah punapa dustak ing Kumpêni | gèn kula matur dhatêng sang nata | lèn dhatêng andika radèn | angkuh-piyangkuhipun | Martapura anglêliwati | kadya dede wong dunya | ing piyangkuhipun | tan jamak-jamak manusya [ma...]
--- [f. 54v] ---
[...nusya] | cacak tuwan radèn ingkang animbali | bisa umatur awad ||
8. ingkang jamak saksat sri bupati | kang tumêdhak marang ing Japara | yèn anggêp kawula radèn | dhatêng tuwan puniku | tan kêkalih lan sri bupati | nêdhaki ing kawula | ambanjiri madu | ngêrobi sêmodra kilang | srêping manah saksat amanggih rêtna di | sawukir Danaraja ||
9. yèn makatên tinimbalan malih | sangadia Kumpêni nyugata | kasukan ing tuwan radèn | gantya ing besuk esuk | pan kawula samya dhatêngi | mring wismèng Martapura | kasukan anutug | mèsêm Rahadèn Sindurja | angandika maring punggawa kêkalih | hèh kakang Suranata ||
10. lawan kakang Binorong dèn aglis | tuwanana ya Si Martapura | kaya kapriye ature | yèn si badane iku | mêksih ngaku sipat bupati | nuli gawanên inggal | yèn nir sipatipun | kabupatène dèn rujad | angulihi wijile wong nyatak pitik | lah kakang wasisakna ||
11. sira cangkinga dhase pribadi | nulya mangkat Kyai Suranata | lan Binorong sawadyane | prapta ing wismanipun | Martapura sigra manggihi | Tumênggung Suranata | asru dènnya muwus | hèh bagus Ki Martapura | atămpaa timbalane radèn patih | sira apa manusa ||
12. lawan apa sira iku maksih | anama Tumênggung [Tumêng...]
--- [f. 55r] ---
[...gung] Martapura | asipat kabupatène | yèn mêksih sira ngaku | ingsun kinèn gawa mring loji | yèn sira wus kèlingan | wijiling wong buruh | cangkêmu asolewaran | yèn mêngkono manira kinèn anyangking | iya maring dhasira ||
13. alah mara sira pilih êndi | Martapura ling sarya alatah | hèh kakang ora-orane | ingsun maksih tumênggung | tan anêdya cidra ing jangji | nanging ta mau kakang | gih sakit angêlu | mêngko waras mayo mangkat | wus kasêdya ing siyang kalawan latri | matia lan si kofar ||
14. Ki Tumênggung Suranata bêkis | adhuh bok aja kakehan ujar | asaru rinungokake | sun arani wong buruh | sira iku dadi priyayi | atimu kêlab-kêlab | sanggupmu kumrusuk | Ki Tumênggung Martapura | nulya mangkat lawan punggawa kêkalih | myang wadya pêpilihan ||
15. tan asuwe lampahira prapti | punggawa tri ing loji saksana | mangsuk sawusira tabe | tata sami alungguh | munggèng kursi sawusnya larih | Pangran Natakusuma | alon dènnya muwus | baya adhi Martapura | lagi ewuh bêburuh amikul pitik | suwe nora na prapta ||
16. ana luknan[9] andêlirèng jurit | wus winangsit kinèn alariha | maring Ki Martapura ge | dènnya nanggapi gupuh | pan gumêtêr astanya kalih | ulate pundirangan [pundi...]
--- [f. 55v] ---
[...rangan] | lunan[10] mingêr gupuh | asta kiwa nyêkêl talam | ingkang têngên anyêndhak[11] kêrisira glis | Tumênggung Martapura ||
17. kêna siji kasêlak nginggati | samya umadêg sagung punggawa | myang Kumpêni ngadêg kabèh | Martapura lumayu | têbah jaja radèn apatih | Pangran Natakusuma | mêtêk manahipun | Ki Tumênggung Suranata | Mangunonêng Binorong kinèn nututi | Martapura kacandhak ||
18. kapêgatan marang wadya jawi | Martapura sampun sinudukan | ajur mumur kuwandane | Suranata ling asru | sasêmpalên pakakna nganjing | sigra kawula Dêmak | anyanyêmpal gupuh | ing jisiming Martapura | Suranata wus kinèn anjêjarahi | ing wismèng Martapura ||
19. kinumpulakên kang anak rabi | brana cinacahakên sadaya | atanggênah ing mantrine | saksana Ki Tumênggung | Suranata wangsul mring loji | kumêndur kawarnaa | suka lon amuwus | maring Rahadèn Sindurja | latah-latah kumêndur sarwi alarih | radèn nyana kawula ||
20. nyana kawula badakalani[12] | datan anyana yèn jalma rucah | atêbih lawan angkuhe | tuwas tuwan puniku | ngati-ati gawa prajurit | myang kawula samapta | dyan patih ling arum | gèh nyana manira wangkal | nadyan dhingin duk lagi alinggih mantri | duk anèng Kartasura ||
21. Jiwaraga wus anglêlanangi | kumêndur saya alatah-latah [ala...]
--- [f. 56r] ---
[...tah-latah] | yèn makatên salamine | pun Jiwaraga langguk | pan kasaru wau kang prapti | Tumênggung Suranata | lan sakancanipun | matur ing radèn apatya | lamun sampun gyanira anjêjarahi | ing wismèng Martapura ||
22. atur sêrat kêkitir dunyèki | nanging maksih rinêksèng mandhapa | Martapura têtilare | rinêksèng mantri tuhu | Dêmak Garobogan lan Pathi | Radèn Arya Sindurja | ling maring kumêndur | hèh sudara pêkênira | lamun ana kang pêkênira karsani | tilare Martapura ||
23. kang arupa brana lawan bini | kumêndur ngrêpa aris saurnya | ingkang botên-botên radèn | pan kagunganing ratu | yèn nuhuna kawula ajrih | Kumpêni wus kalintang | trima kasihipun | ing gusti sri naranata | tan angraos kang abdi sagêd mangsuli | sagunging kabaikan ||
24. rahadèn patih ngandika malih | dhawuhakên timbalaning nata | hèh sudara lan maninge | timbalane sang prabu | aprakara Si Surapati | anèng ing Pasuruan | madêg barisipun | ambahak măncanagara | karsa nata amundhut wadya Kumpêni | amukul Surapatya ||
25. anadene kang tinuduh kardi | Adipati Sampang Surapringga | angirid pasisir kabèh | karsane sang aprabu | yèn wus pêpêk sakèhing baris | sasi ngajêng punika | nênggih angkatipun | yèn wis dadi kang pirêmbag | pêkênira sudara kintuna tulis | pasthine kang ubaya ||
--- [f. 56v] ---
26. Kumêndur Sêlut agya nauri | gih kawula angaturi surat | mri[13] Batawiyah rahadèn | tur wikan ing durnadur | yèn sang nata mundhut Kumpêni | amukul Surapatya | manawa angrêgu | kang mandhirèng Pasuruhan | radèn patih ing kumêndur wus apamit | bubar mring pasanggrahan ||
27. tan kawarna solahirèng wêngi | rahadèn patih anèng Japara | angsal nêm dalu lamine | wus amit ing kumêndur | nulya bubar radèn apatih | mulih mring Kartasura | saha wadya umung | kumêndur tur-aturira | ing sang nata akathah awarni-warni | kabêktèng radèn patya ||
28. tan kawarna laminirèng margi | lampahira Dyan Arya Sindurja | myang punggawa sakancane | prapta Kartasurèsuk | lajêng manjing ing Srimanganti | katur ing naradipa | ingandikan mangsuk | sapraptanira ngajêngan | Radèn Arya Sindurja bukuh ngabêkti | miwah catur punggawa ||
29. sampun katur ing sri narapati | lampahira duk anèng Japara | Ki Martapura solahe | gumujêng sang aprabu | ing tyas saha ngandika malih | hèh Patih Martapura | sanak putunipun | kabèh padha biratana | ingsun ora arsa angakua dasih | bèbète Jiwaraga ||
30. rahadèn patih matur wotsari | ngaturakên sagunging bicara | myang kumêndur tur-ature | sadaya sampun katur | radèn patih anulya mijil | lawan catur punggawa | nahan kang winuwus | nênggih ingkang kawarnaa [kawar...]
--- [f. 57r] ---
[...naa] | Panêmbahan Kajoran kang anèng Wukir- | kidul mangkya abăngga ||
31. sabêdhahe nêgara Kêdhiri | pisahira lawan Trunajaya | panêmbahan pangilène | wong bang wetan kèh milu | padêdesan anggusti-gusti | mulih maring Kajoran | ngadêg barisipun | akathah wong sumawita | lami-lami kapyarsa saking Matawis | duk Prabu Ingalaga ||
32. mêksih anèng nêgara Matawis | gya ginitik ing yuda kasoran | panêmbahan sakawone | ngungsi ing Wukirkidul | tapèng tirahing jalanidi | lawan sasabatira | nèng guwa anêkung | wus lawas dènira tapa | panêmbahan ing mangke umadêg baris | kêkuwu ing Malambang ||
33. wong Gunungkidul samya sumiwi | angraja-raja mring panêmbahan | sampun andadi barise | nèng Malambang kêkuwu | cucuking prang sampun ngudhuni | baris anèng Kalesan | dènnya ngirup-irup | kiwa têngêning Kalesan | ingkang băngga tan adan nulya ginitik | suyud sakèh wong desa ||
34. agya katur dhatêng sri bupati | langkung duka gya kinèn mukula | ingkang tinuduh ing gawe | Dipati Surèngkewuh | sigra budhal saking nêgari | saha wadya gumêrah | lampahira nglarug | prajurit ing Surabaya | tigang èwu sadaya samya ti-apti | tan kawarna ing marga ||
35. ing Karangasêm Kalesan prapti | lajêng acampuh rame kang yuda |
--- [f. 57v] ---
wong Gunungkidul tandange | binendrong bêdhil sumyur | surak wadya ing Surawèsthi | kadya gêrah kasêpta | wong ing Gunungkidul | binêdhil tan ana tahan | sakarine kang mati lumalyèng wukir | katur ing panêmbahan ||
36. lamun sampun kasor ing ajurit | lawan Jangrana ing Surabaya | wong Gunung akathah longe | kang brana lèn kang lampus | panêmbahan miyos siniwi | dening para lêlurah | Lurah Gunungkidul | atarap ing palataran | panêmbahan nulya sira pasanggiri | pratignya ing ayuda ||
37. panêmbahan angandika aris | anak putu padha undangana | sun pasanggiri tandhane | asor ungguling pupuh | nulya kinèn nambêlèh pitik | wusnya sata pinanggang | matêng gya pinundhut | pinêcêl sinêmpal-sêmpal | anèng panjang panêmbahan ngandika ris | yèn mêngko sata gêsang ||
38. pasthi ana ungguling ajurit | gya ginêtak pêtcêl[14] anèng panjang | mulya dadi sata manèh | bisa akêkuluruk | panêmbahan ngandika malih | lah iku pratandhanya | mênang yudaningsun | kabèh anak putuningwang | yèn katrajang ing lêlatu aja miris | myang lungiding warastra ||
39. dening sira yèn mati ajurit | ingsun gêtak amêngkono uga | mati bisa urip manèh | mungsuh kalamun lampus | mati têmên tan bisa urip | aja na walangdriya | kabèh wadyaningsun | dèn piyandêl ing manira [mani...]
--- [f. 58r] ---
[...ra] | yèn abrana ing mimis aja na miris | nolèha bae waras ||
40. prawirane samya sukèng ati | lan maninge besuk ing ayuda | padha aloka mêngkene | payo papêdhut larut | dening mungsuhira awingwrin | mulat marang ing sira | katon dhas sapuluh | mungsuh ewon kapêlajar | iya iki sêdhênge amagut jurit | wadya samya manêmbah ||
41. ana ingkang kinarya têtindhih | akêkasih Ki Răngga Dhadhapan | sinêmbur bun-êmbunane | sinung turăngga sampun | pun Pamulang wastaning waji | kinèn sarwi wêwuda | nèng luhur kudèku | wusnya sawega samapta | nulya budhal saking Malambang swara tri | gumuruh surak-surak ||
42. tan kawarna ing marga gya prapti | wadya Gunung dhusun Pamasaran | lajêng anglarug lampahe | nahan wong Surèngkewuh | obah sampun miyarsa warti | bantuning mungsuh prapta | sadhiya amêthuk | ing yuda ayun-ayunan | campuh bêdhil long-linongan ing ajurit | mangmuk wadya ing Arga ||
43. sira Răngga Dhadhapan nindhihi | nitih kuda pan sarwi wêwuda | wong Gunungkidul surake | payo papêdhut larut | wadyèng Surabaya bêdhili | nanging tan ana munya | kêkês manahipun | sigra Ki Răngga Dhadhapan | maring ngarsa sêsumbar angêrik-ngêrik | mawur wong Surabaya ||
44. prawirane nir kang suranèki | wadya Gunung kadya singa lodra | anggêgilani tandange | wong Surabaya mawur | kapalajar lajêng ingusir |
--- [f. 58v] ---
angilèn larugira | amogok nèng Wanglu | ginitik malih lumalya | pan angalèr kandhêg ing Cèpèr abaris | kandhêg wadya ing Arga ||
45. nata arahan wong Surawèsthi | Pangeran Wăngga ingkang kinarya | wong desa gêgunungane | lan ana bantu rawuh | saking Kartasura nêgari | sèwu wadya Madura | pan sampun akumpul | lan wadya ing Surabaya | wadya Gunung nèng Wanglu dènira baris | suyud kang kaèdêkan ||
46. kawarnaa Jangrana kang baris | anèng Cèpèr arsa umaguta | wus sadhiya prawirane | myang wadya Madurèku | budhal maring Wanglu gya prapti | wadya Gunung amapag | tata gêlaripun | miwah Tumênggung Jangrana | tata gêlar ing dhadha wong Surawèsthi | kanan kèri arahan ||
47. wadya Madura ikang nisihi | jêng-ajêngan campuhing ayuda | sanjata wus muni kabèh | wong Gunungkidul pêngkuh | ngamuk nusup kukusing bêdhil | pêdhut larut lokira | wong Surabayambyuk | miwah prajurit Madura | pan anglingkung saking kèri anangkêbi | wong Gunung akèh pêjah ||
48. wus kalindhih ing yuda tan pulih | sira Răngga Dhadhapan kesisan | binendrong ing sanjata kèh | rinoban pasêr bungsur | Ki Dhadhapan nanging tan kêni | nèng luhur kuda ngithar | wong Surabayanglud | sakarine ingkang pêjah | wadya Gunung sadaya lumalya ngungsi | angumpul ing Malambang ||
49. sira Răngga Dhadhapan wus prapti | ing ngarsane Panêmbahan Rama | anungkêmi ing padane | katur
--- [f. 59r] ---
sasolahipun | panêmbahan ngandika aris | hèh kabèh wadyaningwang | aja sudèng kalbu | mêksih akèh gêlar ingwang | angumpula mêngko ingsun pasanggiri | asor ungguling yuda ||
50. padha sira jangjia pribadi | mêngko maring pasanggiriningwang | panêmbahan mundhut lele | sajodho nulya rawuh | wadya samya kinèn ajangji | mangkana kang pratignya | hèh lele sirèku | lamun gusti tulus mênang | muga sira bisaa mènèk kêrambil | nuntunga maring papah ||
51. ingkang lele ginêtak tumuli | maring panêmbahan lele mêsat | mènèk karambil angrèkèl | amapah marang pupus | panêmbahan ngandika aris | lah mara tilikana | pènèkên dèn gupuh | kang kinèn agya manêmbah | duk pinènèk lele sajodho kapanggih | amuntêl anèng tapas ||
52. aglis ginawa mudhun tumuli | katur lamun kapanggih ing tapas | wadya padha inggar tyase | nahan ingkang winuwus | Ki Tumênggung Jangrana prapti | wadya ing Surabaya | kang anglud mring Gunung | gègèr ingkang kaidêkan | kiwa têngên Malambang kang dipun ungsi | kawarna panêmbahan ||
53. têtêp anèng Malambang bêbiting | wong Gunung samya ngungsi Malambang | muwêr ing pabitingane | swaranira gumuruh | Panêmbahan Rama siniwi | Răngga Dhadhapan ngarsa | manêmbah umatur | mêngsah agêng mangke prapta | pan angêpung kang baris ing lèr puniki | pun Tumênggung Jangrana ||
--- [f. 59v] ---
54. kang tinuduh wetan ambarisi | wadya Madura mantri sakawan | kang minăngka têtindhihe | lan wadya Surèngkewuh | tigang atus ingkang anunggil | kilèn wadya arahan | têtindhihing laku | inggih wadya Surabaya | tigang atus lan rakanta angawaki | jênêngi anèng wuntat ||
15. Pangkur
1. panêmbahan angandika | hèh Dhadhapan maguta ing ajurit | ênya iki pêcut ingsun | agêmên ing ayuda | arêpêna ing mungsuh gonira mêcut | pêsthi mungsuhira rumab | kêkês mulat ing sirèki ||
2. iyèngsun măngsa tegaa | ing ayuda ingsun arsa udani | bok ana rewang kang lampus | sun gêtak nuli gêsang | awaluya apadene ingkang tatu | prawirane samya nêmbah | kawan atus winêtawis ||
3. panêmbahan nulya têdhak | wadyanira angumpul dèn idêri | sarta lawan akêkutug | mênyan sarwi andonga | Ki Dhadhapan pan sampun atampi pêcut | panêmbahan angandika | lor iki têmpuhên dhingin ||
4. budhal swarane gumêrah | sira Răngga Dhadhapan kang nindhihi | pan sarwi amandhi pêcut | anèng luhuring kuda | Ki Tumênggung Jangrana arsa tinêmpuh | gumêrgut tandanging bala | nahan wadyèng Surawèsthi ||
5. mulat mungsuhira mêdal | saking biting sadhiya mapag jurit | Ki Tumênggung Jangrana wus | busana
--- [f. 60r] ---
ing ayuda | atêngara kêndhang gong bèri gumuruh | kumrab wadyèng Surabaya | ayun-ayunan ing jurit ||
6. wong Gunung mangsah anunjang | Ki Dhadhapan amêcut saking wuri | wadyèng Surabaya anduk | rame têmpuhing yuda | wong ing Gunung samya alok pêdhut larut | kêkês wadya Surabaya | sanjata tan ana muni ||
7. sira Panêmbahan Rama | pan amomor anèng wurining baris | rare kalih tut pungkur |[15] saha kêkutug mênyan | prapta angin silir-silir awor lesus | ing paprangan alimêngan | kêkês wadyèng Surawèsthi ||
8. wong Madura amiyarsa | wus sayaga saking wetan nangkêbi | nanging sami kêkêsipun | miwah wadya arahan | saking kilèn praptèng ranagana kuwur | gumêrah uyang-uyungan | prapta udan ricik-ricik ||
9. wadya gung pan samya rumab | Ki Dhadhapan pêcute mobat-mabit | ngiwa nêngên dènnya nêmpuh | wadya ing Surabaya | kathah pêjah myang wadya ing Madurèku | samya lumayu sasaran | wong Gunung lir banthèng kanin ||
10. kasaput dalu sêmana | sapih ingkang ayuda angrudatin | amakuwon wadyèng Gunung | malêbêt pabitingan | panêmbahan sineba ing wadyanipun | munggèng tambang pamêlêngan | Răngga Dhadhapan nèng ngarsi ||
11. panêmbahan angandika [angandi...]
--- [f. 60v] ---
[...ka] | hèh Dhadhapan wêtarane kang ati | ing ayuda besuk esuk | nadyan mungsuh wêndrana | kaya nora anêmpuh ing sariramu | kaya uwis dening gêlar | gêlar ingsun benjing enjing ||
12. alang-alang sun gêtaka | apan dadi manusa milu jurit | akèh kadulu ing mungsuh | dadya giris lumalya | wadyanira manêmbah suka ing kalbu | nêngêna ganti kawarna | Ki Tumênggung Surawèsthi ||
13. ing dalu apagunêman | sêntanane pinêpêk anèng ngarsi | miwah para mantrinipun | lirna Mantri Madura | wong arahan Pangeran Ngawăngga rawuh | ing Kêkonang lan Pacalan | Têmbayat kang dèrèng prapti ||
14. sira Tumênggung Jangrana | angandika hèh sanak-sanak mami | paran silih wêkasipun | yèn anggung mangkenea | kaya noras purna ing sapta tèngsu |[16] ing mangke karêp manira | ing ayuda sun awaki ||
15. matur pangeran ing Wăngga | gih pun adhi Têmbayat dèrèng prapti | pun adhi mindêl puniku | kêdah wakil kewala | nanging sanak-sanakipun kathah rawuh | binêtakakên kawula | nging maksih kawula iri[17] ||
16. kadi ing sadintên binjang | dhatêngipun lan botêne pun adhi | Tumênggung Jangrana muwus | nadyan botên dhatênga | pan sapala angantosana puniku | parandene wus akathah | sanak-sanake
--- [f. 61r] ---
kang prapti ||
17. arah ingwang binjang-injang | ngantêp ing prang kongsia ngrurah biting | wong Gunung êdhasa[18] sèwu | măngsa ingsun girisa | dika pangran padha mujia nèng pungkur | aja kudu milu aprang | ingsun dhewe kang ngawaki ||
18. yèn ta maksih katingalan | nadyan silih mati bisa aurip | sok aja bisaa matur | nora kêna tinumbak | durung ulap ingsun amungsuh wong Gunung | yèn ta maksih anèng dharat | pan ora ingsun ginggangi ||
19. hèh wong ingsun Surabaya | para mantri myang sanak-sanak mami | aja na adoh lan ingsun | lawan amilihana | wadya sura olèha wong limang atus | kang pantês milu antaka | lan wong ingsun Talangpati ||
20. ing dalu tan kawarnaa | injing atêngara wong Surawèsthi | atanapi wadyèng Gunung | samapta mêdal ing prang | miyos saking pabitingan tri gumuruh | têtunggul Răngga Dhadhapan | kang minăngka senapati ||
21. panêmbahan anèng wuntat | pan amomor lan panakawan kalih | kawarnaa Ki Tumênggung | Jangrana lagya budhal | saking pondhokira kang wadya anggêrgut | ing prang pan ayun-ayunan | rame campuhing ajurit ||
22. sigra Tumênggung Jangrana | anèng ngarsa ngawaki ing ajurit | Pangeran Wăngga nèng pungkur | Pacalan la[19] Kêkonang | samya muji
--- [f. 61v] ---
andonga sakancanipun | sigra Tumênggung Jangrana | angabani wong sinêlir ||
23. mangsah wadya Surabaya | wong Madura anêmpuh parêng ngukih | wong Gunung tadhah apêngkuh | rame acaruk watang | Ki Dhadhapan mobat-mabit pêcutipun | ing payudan agêmporan | sirna kêkêse kang dasih ||
24. wadya Ngarga tandangira | datan ajrih nêmpuh warastra lungid | tan wangwang ing pêjahipun | gurune anèng wuntat | Panêmbahan Rama sarwi akêkutug | pan wus karsaning Hyang Suksma | pangabaran tanpa dadi ||
25. sanjata muni sadaya | wadya Surabaya byuk ambêdhili | ingudanan pasêr bungsur | wong Gunung akèh pêjah | maksih panggah wadyèng Madura gumulung | pira kadare wong Arga | ingurugan ing pêpati ||
26. panêmbahan myat ing wadya | anggêlasah ing paprangan kang mati | ginêtak-gêtak tan bangun | ambêdhol alang-alang | glis sinêbar sinawurakên ing mungsuh | pangabaran tanpa dadya | Răngga Dhadhapan wus mati ||
27. binyok ing watang akathah | Ki Dhadhapan kuwandane wor siti | panêmbahan nulya mundur | malêbèng pabitingan | tangkêb praba wadya wêwolu tut pungkur | sigra Panêmbahan Rama | mring pamêlêngan anêpi ||
28. lawange wus jinaganan | awurahan wadya sajroning biting | wong Surabaya angêlud |
--- [f. 62r] ---
angêpung pabitingan | binêdhilan kang ing jro gègèr gumuruh | wadya kang mati ing rana | rabine sadaya nunggil ||
29. anèng jroning pabitingan | tangis umyang awor surak ing jawi | panêmbahan kang winuwus | anikêl păncadriya | mêgêng nafas pangrasane kang andulu | panêmbahan mulya jaka | anulya kadulu malih ||
30. sarare pangon gêngira | tan antara katingal sabêbayi | nulya musna tan kadulu | wadya gègèr puyêngan | wadya ing Mandura[20] myang Surabayanduk | marêpak angrurah jagang | biting sampun dèn lêboni ||
31. kang anèng jro apuyêngan | kang lumajar bali tan olih margi | tinumpês wong lanangipun | dunyane jinarahan | wong wadone tinawan giniring mêtu | sawusnya têlas jinarah | pakuwone dèn obongi ||
32. brastha wus têlas sadaya | sinêngkalan duk bêdhahirèng Ardi | têrus sirna rêtunèku |[21] sêmana tan alama | Ki Tumênggung Jangrana anulya mundur | sawadya sakèhing tawan | linampahakên kariyin ||
33. sabudhalira Jangrana | ingkang kinèn kari apacak baris | pangeran ing Awonggèku | Pacalan myang Kêkonang | bokmênawa saundure baris agung | dening panêmbahan musna | manawa angadêg malih ||
34. tan kawarna lampahira | anèng marga Jangrana sampun prapti | ing Kartasura [Kar...]
--- [f. 62v] ---
[...tasura] gya katur | ing nata sasolahnya | duk ayuda wong Arga tandange pupuh | sang nata tustha ing driya | boyongan binêtèng puri ||
35. sira Tumênggung Jangrana | wus ginanjar ing arta busana di | ya ta kawarna sang prabu | nimbali pra dipatya | myang kang rayi Pangeran Pugêr wus rawuh | ing ngarsa nata manêmbah | ngandika sri narapati ||
36. yayi paran karsanira | aprakara lakune si apatih | wus jangji lan kumêndur |[22] prakara Pasuruhan | ingsun mundhut bala Kumpêni kang mukul | ing Pasuruhan kalawan | pinarcayakakên maning ||
37. punggawa kang ingsun duta | Adipati Madura Surawèsthi | ingkang angirid ing laku | wong pasisir sadaya | Pangran Pugêr manêmbah alon umatur | lamun sêmbada ing karsa | nênggih pun dipati kalih ||
38. lêhêng nuli lumampaha | nadyan apêpanggiha lan Kumpêni | apênêd wontên ing purug | sadaya umangkata | pun Kumpêni pasthi yèn mêdal ing laut | sang nata aris ngandika | iku karsaningsun nyayi ||
39. maksih kaya dhingin mana | wong kêkalih iku sun karya sandi | duk Japara durung kontung | alane kang sun duta | Jiwaraga yayi wijiling wong buruh | karya lingsêming nêgara | nistha sun karya bupati ||
40. yayi nisthaning narendra | yèn akarya bupati jrih ing pati | watêke wong ajrih nglampus |
--- [f. 63r] ---
wani agawe wirang | durung têka tekading ngawula ngratu | mapan jênênging manusya | tan kêna amilih pati ||
41. wataraningsun ing mangkya | uwis sugih kondhang Si Surapati | layak angêntasi kewuh | yèn ta tan kawanguran | ingkang rayi manêmbah alon umatur | inggih sintên kang puruna | mêmingkis wadi nêrpati ||
42. yèn suwawi tinimbalan | abdi dalêm pun adipati kalih | kinèn sayaga ing pupuh | sang nata gya anduta | animbali marang Radèn Sindurjèku | lan Adipati Madura | katiga ing Surawèsthi ||
43. punggawa tiga wus prapta | ngarsa nata manêmbah nikêl warti | angandika sang aprabu | yayi mas ing Madura | sawegaa ing prang lan Si Surèngkewuh | ngrabasaa Pasuruhan | ngirida wadya pasisir ||
44. lan wong ingsun Kartasura | sapratêlon milua ing sirèki | punggawa kalih anuhun | nêmbah anikêl warta | wus jinarwan ing karsanira sang prabu | kadya kang wus kalampahan | ing karyane Surapati ||
45. aja ge mangsah ayuda | lamun durung prapta wadya Kumpêni | têkaa baris atugur | anèng ing Pasuruhan | angandika sang nata mring Sindurjèku | hèh apatih ing Japara | ingsun paringakên maning ||
46. maring Si Sêcanêgara | hèh Sindurja nuli tundhungên mulih | ya Si Sêcanêgarèku | lan gawanana surat | ingsun ingkang dhawuh marang si
--- [f. 63v] ---
kumêndur | yèn punggawèngsun wus budhal | kang padha lumakyèng jurit ||
47. yèn wis têka ing Japara | sayagaa samaptaning ajurit | ya Si Sêcanêgarèku | anuli sumusula | maring Pasuruhan sadaya wus rampung | ingkang pitungkas sigrarya | Sindurja manêmbah mijil ||
48. myang Pangeran Adipatya | Pugêr miwah ingkang punggawa kalih | wus samya angaras suku | lumèngsèr saking ngarsa | mêdal jawi punggawa kalih umantuk | sapraptanira ing wisma | angundhangi kang prajurit ||
49. asayaga ing ayuda | kawarnaa sira rahadèn patih | sigra animbali gupuh | maring Sêcanêgara | dhinawuhan ing timbalane sang prabu | yèn nêgara ing Jêpara | pinatêdhakakên maning ||
50. anuhun Sêcanêgara | saha kinèn umangkata tumuli | mulih maring Jêparèku | saha ginawan surat | dalêm ingkang dhawuh marang ing kumêndur | saksana Tumênggung Sêca- | nêgara mangkat tumuli ||
51. tan kawarna kang wus mangkat | Adipati Madura kang winarni | lan Dipati Surèngkewuh | saha wadya wus budhal | saking Kartasura swaranya gumuruh | miwah wadya Kartasura | sapratêlon kang umiring ||
52. pinalih lampahing bala | ingkang mêtu ing lèr sagung pasisir | dene ingkang mêtu kidul | sagung wong Kartasura | radèn dêmang kang êlèr têtindhihipun | kang mêdal [mê...]
--- [f. 64r] ---
[...dal] măncanêgara | sira sang dipati kalih ||
53. ganti ingkang kawarnaa | ingkang mulih maring Japara nagri | lampahira Ki Tumênggung | Sêcanêgara prapta | ing Japara wus panggih lawan kumêndur | surat dalêm wus tinampan | mring kumêndur nupiksa glis ||
54. miyarsa dhawuhing surat | langkung suka kumêndur gya ngundhangi | sayaga prajuritipun | Kumpêni wus samapta | numpak palwa pacalang giyota sêlup | wangkang lêlanang angambang | jêladri maksih ngantèni ||
55. dutane Kumpêni ingkang | mintak bantu maring nagri Batawi | dadya rêmbên angkatipun | sira Tumênggung Sêca- | nagara wus sayaga sawadyanipun | tan antara nulya budhal | nusul lampahira aglis ||
56. tan kawarna solahira | kawarnaa nênggih wontêna jalmi | ing wana sonya dhêdhukuh | asru kasutapannya | sêdyanira anggênti warising ratu | amêngku rat tanah Jawa | wêwijilan saking Giring ||
57. Ki Gêdhe Giring punika | cinarita têrahing Maospait | mangsuli carita dangu | duk jênêngirèng Pajang | Kyai Gêdhe Giring ing ngriku dhêdhukuh | anèng Wanatara babad | pakaryanira tatêgil ||
58. duk Kiyai Pamanahan | anèng Pajang dhêdhukuh Kêmbanglampir | duk ingewan jangjinipun | dènira Sultan Pajang | Kyai Gêdhe [Gê...]
--- [f. 64v] ---
[...dhe] Giring mapan tunggil guru | lan Kiyai Pamanahan | ing susuhunan ing Kali ||
59. sih mitra saba-sinaba | Wanatara lawan ing Kêmbanglampir | Ki Gêdhe Giring winuwus | babad akarya têgal | duk sêmana babad ejing[23] kongsi luhur | Kang Sinuhun Kalijaga | kala sêmana nêdhaki ||
60. Ki Giring mêksih ababad | kagèt mulat marang sang maha yêkti | aglis buwang kudhinipun | gêpah angrangkul pada | kang sinuhun mèsêm angandi arum |[24] hèh ki jêbèng akangelan | gonira ababad iki ||
61. ing alas kang binabadan | ana uwit kalapa mung sauwit | awoh amung sagaluntung | wayah lagi dawêgan | panêmbahan dènnya angandika arum | dawêgan iku wruhanta | sapa kang nginum toyèki ||
62. myang kang mangan isineka | pan ing têmbe mêngku ing tanah Jawi | iya anak putunipun | angrèh ing tanah Jawa | sapamyarsanira Ki Giring asujud | kang sinuhun nulya linggar | angungun Ki Agêng Giring ||
63. sanès surasaning driya | gya pinènèk cinangking mêdhun aglis | pinaresan tan asantun | binêktèng[25] mulih ngwisma | ciptanira Ki Gêdhe Giring ing kalbu | nadyan mêngko sun umbea | bêcike yèn wis sêsuci ||
64. sapraptanira ing wisma | kang dawêgan pinarnah ing palari | angling maring garwanipun | ingsun adus mring sêndhang | dêgan iki [i...]
--- [f. 65r] ---
[...ki] singa-singaa kang jupuk | poma sira umbangana | mêngko sun inum pribadi ||
65. sapraptaningsun ing sêndhang | Kyai Gêdhe Giring agya lumaris | ya ta wau kang winuwus | Kiyai Pamanahan | saking Kêmbanglampir sangêt onêngipun | têtuwi mring Wanatara | datan kawarna ing margi ||
66. praptèng dhukuh Wanatara | ing wismane Ki Giring manggih sêpi | Ki Pamanahan amuwus | ing gêrwane kang raka | hèh bok ayu pun kakang punapa suwung | Nyai Giring ris saurnya | raka dika maring kali ||
67. Ki Pamanahan tumingal | ing dawêgan paresan nèng palari | dêgan punapa bok ayu | Nyai Giring lingira | raka dika kang angsal puniku wau | sapraptaning saking wana | Ki Pamanahan sira ngling ||
68. sarwi anjuput dawêgan | hèh kakangbok ngêlak têmên sun iki | dawêgan kawula inum | sayah mêntas lêlampah | Nyai Giring kêrah-kêrih sampun-sampun | adhi manawa dinukan | manira dèn pêpacuhi ||
69. ing raka dika duk kesah | anauri Ki Pamanahan aris | nadyan amanggiha rêngu | kakang wus ingsun têmah | kang dawêgan sêmana sampun kainum | wus karsaning Hyang mêngkana | nugraha tan kêna gingsir ||
70. kadhahar têkan isinya | sawusira seos rasaning ati | sêmana lagyarsa mantuk | Ki Gêdhe
--- [f. 65v] ---
Giring prapta | sasuwene mêlang-mêlang manahipun | sapraptanira ing wisma | lajêng ngungak ing palari ||
71. simpênane nora nana | Kyai Gêdhe Giring asru dènnya ngling | ana ngêndi duwèk ingsun | rabinira angucap | wus pinêcah ing rayi dika puniku | kawula pênging amêksa | Ki Pamanahan ling aris ||
72. kawula sangêt kasatan | Kyai Giring anjêtung datan angling | ing dangu-dangu amupus | yèn wis karsaning Suksma | Kyai Gêdhe Giring alon wuwusipun | adhi nêdha pêpatutan | turun pisan sun duwèni ||
73. Ki Pamanahan saurnya | sintên wruha kakang karsaning Widi | yèn turun kawula besuk | mêngku rat tanah Jawa | tan kawasa kawula darbea sanggup | Ki Giring asru lingira | turun tiga sun duwèni ||
74. iya adhi bok iyaa | turun tiga gèn ingsun gênti waris | Ki Pamanahan amuwus | sanadyan turun tiga | tan winênang kawula asraha wuwus | kênèng kibir ujubriya | luwih karsaning Hyang Widi ||
75. lêgane ati manira | pintên adhi sêmaya dika gênti | Ki Pamanahan amuwus | sanadyan salaminya | tan kawasa kawula darbea sanggup | acêgah ujaring sarak | nanggupi kang mêksih aib ||
76. asangêt dènira mêksa | gujêg-gujêg sira Ki Gêdhe Giring | Ki Pamanahan apêngkuh | tansah sinanggèng krama [kra...]
--- [f. 66r] ---
[...ma] | turun lima adhi manira angukup | gumujêng Ki Pamanahan | anauri sarya amit ||
77. sanadyan salaminira | pan manira kakang tan ananggupi | acukêng adhi sirèku | turun pitu kewala | wus alunga Ki Pamanahan cinêluk | inggih adhi turun sêpta | kawula kang anduwèni ||
78. nanging datan sinauran | wus alinggar Ki Pamanahan têbih | datan kawarna ing ênu | lampahira wus prapta | Kêmbanglampir duk sêmana kang Sinuhun | Kalijaga tan asamar | nêdhaki mring Kêmbanglampir ||
79. Ki Pamanahan ginawa | mulih maring Pajang ing sang yogi |[26] aminta ubayanipun | tampine ing Mataram | sapunika gancaripun duk karuhun | ya ta ingkang kawuwusa | ing satêdhakipun malih ||
80. kang adhêkah Wanatara | pan kaprênah buyut Ki Gêdhe Giring | marmane tapa ing ngriku | anut ujar wirayat | Kyai Gêdhe Wanakusuma puniku | pangrasane buyutira | turun pitu gênti waris ||
81. dening kala patêmbayan | anèng riku milanya nut lêluri | dènnyarsa mangun kaprabun | duk kala buyutira | kesahira saking Wanatara ngriku | pan kinarya papradikan | dening Sultan Pajang nguni ||
82. pinarnah têpèng samodra | Gunungkidul wong satus dèn dhukuhi | Kyai
--- [f. 66v] ---
Wanakusumèku | lawas gènnya têtapa | anèng Wonatararsa umadêg ratu | asru amanting sarira | atmajanira kêkalih ||
83. kang tuwa Jayalêlana | Radèn Jayapurusa ingkang rayi | mangkana ingkang winuwus | Radèn Jayalêlana | myang kang rayi rinimuk pamomongipun | dhuh radèn lamun sêmbada | wus sêdhênge ngrêbat puri ||
84. mupung nagri Kartasura | mangke suwung sagung wadya pasisir | mring Pasuruhan anglurug | lan wadya Kartasura | sapratêlon punika kang sami tumut | suwawi dika marêka | ing rama dika kiyai ||
85. sanadyan botên rêmbuga | ipèn kula apênêd duk ing latri | nurbuwat sampun tumurun | andika madêg nata | wus kailo ing sangkal bolong puniku | malompong gawang-gawangan | yèn andika mêngku bumi ||
86. angling Dyan Jayalêlana | lah tuturên ipènmu Bapa Krêti- | garum alon aturipun | andika kang katingal | nitih kuda ginarêbêg ing wadya gung | rakite kadi wong Arab | andika dèn pêpaèsi ||
87. cahya andika lir wulan | panglong pisan mangsane andhadhari | kawula ngiring ing pungkur | manjing mring Kartasura | datan ana punggawa ingkang amêthuk | mung bèbèk arak-arakan | ngisis katarajang baris ||
88. dupi arsa praptèng pura | pan kawula radèn [ra...]
--- [f. 67r] ---
[...dèn] kasêlêk tangi | nuntên swara kapyarsèku | sêdhênge ngrêbut pura | Radèn Jayalêlana condhong ing kalbu | sigra umarêk ing rama | ri Jayaprusa tan kari ||
89. prapta ngarsane kang rama | matur nêmbah ingkang tanaya kalih | rama kawularsa magut | amrêp ing Kartasura | mumpung mangke ing nagara lagi suwung | kang rama aris angucap | durung ungsume ing mangkin ||
90. sanadyan binjang sangkêpa | yèn wis ungsum pan ingsun nora ajrih | sanadyan wuwuha sèwu | punggawa Kartasura | nanging mêngko iki uga durung ungsum | tanaya kalih amêksa | kang rama sru mêmalangi ||
91. ingsun iki wus atuwa | iya sira kang ingsun bêbakali | lagi nêm turunan iku | pan kurang saturunan | lan maninge durung têrang kang pandulu | têka sira tutugêna | gonira amangun tèki ||
92. dilalah karsaning Suksma | putra kalih tan kêna dèn palangi | kêdah umagut ing pupuh | nuhun idining rama | umbul-umbul waring kang kawula suhun | kawulangge magut ing prang | dening wasiyat kang swargi ||
93. wus karsaning Hyang tan kêna | Kyai Gêdhe Wanakusuma gampil | kang tunggul agya jinuput | anèng sajroning kothak | duk binuka kang kothak muni jumêglug | ingkang tunggul waring musna | mêsat marang ing wiyati ||
--- [f. 67v] ---
94. kagyat ajêtung sêkala | Kyai Gêdhe Wanakusuma angling | mring putra paran karsamu | dening wasiyat musna | ingkang putra kalih samya nêmbah matur | tampi kawula raharja | dening mêsat mring wiyati ||
95. yèn ta maksiha nèng dharat | ilafate yèn asor ing ajurit | dening ikang tunggul mumbul | pracina unggul ing prang | wus sêdhênge ing mangke kawula magut | sru pinalangan amêksa | tan nêdya mundur ing kapti ||
16. Durma
1. Radèn Jayalêlana Jayapurusa | asru dènira angling | maring êmbanira | bapa ngirup-irupa | padhusunan kanan kèri | ngubal-ubalna | ing solah jayèng jurit ||
2. Kartigarum mêsat marang padhusunan | angubalakên aglis | ing kasêktènira | sakathahe wong desa | sadaya prasamya ajrih | kapencut mulat | lan padha sinung wartin[27] ||
3. yèn gustine ing mangke wus katurunan | ing laelatul kadri | nurbuwat karatyan | mêngku rat tanah Jawa | wong desa saparsa dadi | priyayi benjang | anuta gusti mami ||
4. bêkêl desa panalawe ta ing binjang | dadi kaliwon benjing | kang padha binawat | sakèh gêgunung desa | panajung kang badhe mantri | kang ngêbang-êbang | wong desa padha melik ||
5. lan kapencut mulat marang pangabaran [pang...]
--- [f. 68r] ---
[...abaran] | sumuyud padha ngrakit | sagêgamaning prang | sigra akarya kitha | têratag rambat wus dadi | ingkang sumiwa | wong sèwu winêtawis ||
6. urut wana sampun sumuyud sadaya | sawetan Ardi Mrapi | wus kêmput sadaya | sumiwèng Wanatara | sagêgamanira ngrakit | dan kawarnaa | sang arsa madêg aji ||
7. Radèn Jayalêlana Jayapurusa | sabên enjing tingakil[28] | pêpêk ingkang wadya | ngubalan pangabaran | samya kapencut ningali | nèng luhur kuda | watang pitu tininggil ||
8. duk ginêt watang mêsat angêmbara |[29] prapta ngrubung sang pêkik | yèn ginêtak mêsat | mudhun sinanggèng jaja | kalamun abêdhol dami | nulya sinêbar | dadi watang jininggring ||
9. duk ginêtak kang dami katon manusa | padha sadhiyèng jurit | rahadèn saksana | kalih marêk ing rama | Gêdhe Wanakusuma ngling | dhuh sutaningwang | apa karsanirèki ||
10. kaya priye nora sun turutana |[30] lah karyakêna mami | kaki joli kajang | bakat[31] titihan ingwang | suka ingkang putra kalih | wus karsaning Hyang | ki agêng anuruti ||
11. saking wrate trêsnane adarbe putra | gingsir ing lampah yêkti | dadya ngêmping tapa | wus sayaga ing yuda | ki agêng mêntas adikir | amaca
--- [f. 68v] ---
donga | têdhak ngidêri baris ||
12. akêkutug mênyan sarwi nabuh kêndhang | wadya gumêrah atri | bodhol kang pangarsa | anggêrgut surak-surak | ki agêng sampun anitih | nèng joli kajang | ngarsa bandera putih ||
13. Kartigarum umatur sarwi anêmbah | dhatêng rahadèn kalih | yèn suwawi radyan | wadya ingkang pangarsa | pinindha giring mamêri | ngagêma sulak | pasthi yèn mungsuh gusis ||
14. wus sinungan watara wong kawan dasa | ngagêm sulak nèng ngarsi | Dyan Jayalêlana | Radèn Jayapurusa | kalih nèng wurining baris | nitih turăngga | samya apayung kuning ||
15. lampahira ing Kêdhungwinung wus prapta | aglar anata baris | wadya kang pangarsa | prapta ing Karecakan | gumêrah anata baris | nèng Kapandhanan | ambèr ing Wanasrênggi ||
16. ingkang anèng Kêdhungwinong Sidawayah | sang arsa madêg aji | kandhêg lampahira | kasaput dening wêngya | katur maring sri bupati | yèn wong ing Wana- | kusumarsa mrêp puri ||
17. barisipun pangarsa nèng Kapandhanan | wong sawetaning ardi | myang kang urut wana | samya kêrig sadaya | sandeya kasapyèng wêngi | kadya ing benjang | injang gènnya mrêp puri ||
18. pan katingal saking praja Kartasura | pakuwonirèng
--- [f. 69r] ---
wêngi | obor ting paluncar | ing dalu tan kawarna | ya ta kawarnaa enjing | sri naranata | miyos ing Păncaniti ||
19. wadya andhèr asangkêp busana ing prang | samya angati-ati | Dipati Urawan | kang kinèn mapag ing prang | ngirida wadana Jawi | nulya umangkat | saking ngarsa nêrpati ||
20. amung kari Radèn Arya Sindurêja | sawadyane abaris | myang wadya Kaparak | Gêdhong samya malatar | duk sêmana sri bupati | angingu wadya | pitung dasa wong Bali ||
21. Ki Tumênggung Singabarong lêlurahnya | aglar ngarsa nêrpati | saha busanèng prang | samya dhêng bolang-bolang | kulbi sangkêlat kuning |[32] sondhèr rangrangan | sikêp watang jininggring ||
22. kawarnaa Ki Adipati Urawan | praptèng Kamadhuh baris | nahan kang winarna | wong ing Wanakusuma | sadhiya sikêping jurit | anulya budhal | saking pakuwonnèki ||
23. munggèng wuri Ki Gêdhe Wanakusuma | pan sampun kaki-kaki | nitih joli kajang | kang lumampah ing ngarsa | atmajanira kêkalih | rinaja-raja | samya nitih turanggi ||
24. apêpaès pinarada sariranya | lir wong binayangkari | arja payung jênar | ginarêbêg ing wadya | katur dhatêng radèn kalih |
--- [f. 69v] ---
lamun Dipatya | Urawan mapag jurit ||
25. kêrig wadya Kartasura tinindhihan | ing Urawan Dipati | wong Wanakusuma | kandhêg nata gêgaman | ki agêng ngidêri baris | amaca donga | bêsmah kalawan satit[33] ||
26. balasrèwu caracah bastam nurbuwat | sèfi angin myang gêni | sarwi nabuh kêndhang | kêkutug arantugan | gumuruh wadya adikir | sigra rahadyan | kalih ngatag ing dasih ||
27. sigra mangsah wadya ing Wanakusuma | tandangira ngajrihi | dening ambêk sura | wadya kang ngagêm sulak | dadya pangarsaning baris | lok sulak-sulak | wong Kartasura ajrih ||
28. kêkês rumab sigra Dipati Urawan | nabuh têngara nitir | mangsah ing ayuda | wadya gung Kartasura | mangsah ingkang sikêp bêdhil | campuh ing rana | bêdhil tan ana muni ||
29. pan gumulung wadya ing Wanakusuma | gustine anindhihi | wadya Kartasura | mawur padha lumalya | sira Urawan Dipati | kari kesisan | maksih kawal angukih ||
30. gya binyatan ing rumab wong Karawanan | manahira wus miris | lumayu sasaran | akèh tibèng leleran | Ki Urawan mobat-mabit | anata wadya | tan kêna mêksa gusis ||
31. wong ing Kartasura kang prawira [prawi...]
--- [f. 70r] ---
[...ra] sura | manahira kumitir | Dipati Urawan | kalulun wus malalya | binêrêg ing wadya dikir | linud ing surak | saya sru ingkang lari ||
32. Adipati Urawan sampun kapapag | lawan duta nêrpati | Gandhèk Mantri Mudha | dhawuhakên timbalan | hèh dika ki adipati | aja lumalya | marang ing păncaniti ||
33. ambanjura mring paseban kidul agya | aja ngawali jurit | myang sagung dipatya | aja na mapag ing prang | sang natarsa angawaki | pinrih têkaa | mungsuh ing păncaniti ||
34. gya Dipati Urawan mingêr lampahnya | myang sagunging bupati | kang mêntas lumalya | sawadya alon-lonan | paseban kidul dèn jogi | dutaning nata | lajêng lampahira glis ||
35. amariksa ênggèning mungsuh kang prapta | ya ta ikang lumaris | wong Wanakusuma | praptèng Kanrangkusuman | kandhêg samya nata baris | madyaning marga | barise dèn idêri ||
36. saha kutug mênyan sarwi nabuh kêndhang | Dyan Jayalêlana ngling | maring wadyanira | hèh padha angobonga | iya wismaning wong cilik | dadia tăndha | ungguling yuda mami ||
37. aja ngobong wismaning priyayi sira | krana ngapa ing benjing | yèn ingsun ngadhatyan | aja na kongsi susah | kang ingsun karya bupati | anusupana | ya wismaning
--- [f. 70v] ---
bupati ||
38. sun watara wusumyur[34] wong Kartasura | mung Urawan Dipati | andêling ayuda | mêngko wus kêkadhalan | ratune kari nèng puri | tininggal bala | kari gêtak pribadi ||
39. măngsa silih wania aprang lan ingwang | jêringsun[35] gênti waris | lan têdhak Mataram | gênti mêngku karatyan | ing mêngko wus pratèng[36] jangji | turun ping lima | cupdhuling sun duwèni ||
40. duta nata mantri ane[37] pan wis awas | gèning mungsuh gya nolih | nulak sêsandêran | ing alun-alun prapta | katur dhatêng sri bupati | yèn mêngsah prapta | Kanrangkusuman baris ||
41. sri narendra sigra kèn anata wadya | ngalun-alun abaris | amundhut turăngga | Ki Andaru wastanya | lêlurah gamêl nulya glis | kuda kinapan | sumaos anèng ngapti ||
42. naradipa wus angrasuk babêrkatan | rasukan kyai gondhil | anganggya makutha | dhuwung Kyai Bêlabar | Ki Kalamunyêng winangking | munggèng adhakan | cinothe anèng kèri ||
43. waos agêm awasta Ki Barukarna | tan adoh lan nêrpati | ingampil ing wadya | akèn nabuh têngara | Ki Bicak tinabuh muni | bêndhe barkatan | saking Sêsela dhingin ||
44. wus anitih turăngga Prabu Mêngkurat | ing alun-alun prapti | gumêrah
--- [f. 71r] ---
kang wadya | abdi dalêm Kaparak | prayêtna Amagêrsari | baris akapang | kiduling wringin rakit ||
45. wadya sura samya gambira ing nala | myat natarsa ngawaki | sru pamujinira | abdi dalêm Karapak | sadaya angèsthi pati | baris atata | sabêkêl-bêkêl asri ||
46. pan apajêg barisira wong Kapêdhak | wong Gêdhong anambungi | sang sri naradipa | ngitêrakên turăngga | angidêri punang baris | wadya sadaya | samya angèsthi pati ||
47. angandika sang nata sira Sindurja | barisa kidul masjid | kulon galedhegan | yèn wong Wanakusuma | prapta aja na nglawani | padha piyaka | têkaa ngarsa mami ||
48. nêmbah Arya Sindurja angirid wadya | baris kiduling masjid | jaban gêledhegan | sang nata angandika | wong Gandhèk inggalna aglis | adhi Dipatya | Pugêr suwe sun anti ||
49. wong Anggandhèk mêsat saking ngarsa nata | nahan ingkang winarni | wong Wanakusuma | praptèng kilèn Kêmlayan | têtunggul rahadèn kalih | nitih turăngga | ngarsa bandera putih ||
50. duk sêmana nêgara ing Kartasura | kêkayon dèrèng inggil | katingal kewala | gêgaman ingkang prapta | saking alun-alun aji | aris ngandika | maring Kapêdhak mantri ||
51. ika sapa
--- [f. 71v] ---
gêgamane lagi têka | padha bandera putih | kang abdi tur sêmbah | inggih punika mêngsah | kang sami têngêran putih | kagyat narendra | myasa aturing dasih ||
52. suka ing tyasira Sang Prabu Mêngkurat | Ki Baru tan atêbih | wong Wanakusuma | mangkat saking Kêmlayan | atata lampahira ris | joli ing wuntat | tinub ing wadya dikir ||
53. kacarita Ki Agêng Wanakusuma | pan sampun kaki-kaki | nitih joli kajang | saking wrate mring putra | kalih samya anèng ngarsi | apayung jênar | anindhihi kang baris ||
54. nitih kuda ginarêbêg dening wadya | ki agêng anèng wuri | nitih joli kajang | kang mikul micarèng tyas | pan saya ènthèng kang joli | kaya tan ana | rasane kang nitihi ||
55. ingkang mikul arsa matur ing rahadyan | adoh asêmu ajrih | nahan wong ing Wana- | kusuma kang gantia | winarna Pangran Dipati | Pugêr sawadya- | bala sampun angrakit ||
56. enjing mila dènnya baris ing dalêmnya | pêpêk kang para abdi | myang kawulawarga | kang padha surèng ing prang | Ki Arya Surajayèki | lan Tambakbaya | Jadrêma Jawiryèki ||
57. kawarnaa duta nata agya prapta | Kapugêran apanggih | kalawan Pangeran |
--- [f. 72r] ---
duta asru turira | paduka ngandikan gusti | ngraka paduka | dèn inggal mêngsah prapti ||
58. Jêng Pangeran Pugêr sandika turira | sigra budhal kang baris | saking dalêmira | wadya kang Pêpilihan | kalih atus winêtawis | kang surèng ing prang | samya trahing prajurit ||
59. wadya Wanakusuma samya tumingal | yèn mêngsahira mijil | kandhêg samya surak | aloke sulak-sulak | kagyat Pangran Adipati | Pugêr ngandika | hèh sakèh wadya mami ||
60. dèn agêlis padha sira abalia | rêksanên gêrwa mami | padha singkirêna | myang para putraningwang | singkirna saloring kali | sira Jadrêma | kang sun karya têtindhih ||
61. amung wadyaningsun salawe karia | kang padha tusing wani | kang kinèn anêmbah | wadya wangsul sadaya | amung salawe kang kari | lajêng lampahnya | ing Pêkên Agêng prapti ||
62. wong ing Wanakusuma kèndêl anata | wadya angati-ati | nèng wetan Kêmlayan | nahan ingkang winarna | Pangeran Pugêr Dipati | aris ngandika | Gandhèk banjura aglis ||
63. lah matura maring kakang anarendra | ingsun saos ing jawi | Gandhèk matur nêmbah | nuhun ajrih kawula | karsane rakanta gusti | mêngsah [mêng...]
--- [f. 72v] ---
[...sah] ing Wana- | kusuma ingkang prapti ||
64. pinrih dhatêng ing alun-alun narendra | arsa ngawaki jurit | lan Jayalêlana | karsa tandhing prawira | paduka ngandikan aglis | Pangran Dipatya | Pugêr ngandika malih ||
65. hèh wong Gandhèk dèn age sira banjura | aja lêngganèng kami | wong Gandhèk manêmbah | lajêng ing lampahira | arsa matur ing nêrpati | pangran dipatya | saha wadya lumaris ||
66. pan angalèr karsanira asênêtan | mirangti pinggir kali | saha wadyanira | sami mêndhêk sadaya | tan katingal saking margi | datan antara | wong Wanakusuma glis ||
67. pangajênge ing Pasar Gêdhe wus prapta | Surajaya tur bêkti | dhuh gusti punika | mêngsah paduka prapta | pangeran angandika ris | têka nêngêna | dimèn banjur lumaris ||
68. punggawane durung ana ikang prapta | mungsuh banjur lumaris | praptèng Pangurakan | ngalun-alun katingal | kandhêg pangarêping baris | nèng Pangurakan | manahira smu ajrih ||
69. samangsane angungaka ing Galadhag | ajrih prasamya bali | maring Pangurakan | sami akulithihan | jrih mulat gêgaman aji | asri asinang | kadya prawata sari ||
70. Radèn Jayalêlana Jayapurusa | ing Pasar Gêdhe [Gê...]
--- [f. 73r] ---
[...dhe] prapti | tumingal ing wadya | kandhêg ing lampahira | rahadèn kalih sru angling | payo banjura | aja kandhêg lumaris ||
71. ingsun arsa banjura ngadhaton pisan | angrèh ing nusya Jawi | aja walang driya | nahan Jayapurusa | Pangeran Pugêr winarni | ikang sênêtan | anèng tirahing kali ||
72. Tambakbaya umatur saha pranata | sampun sêdhênge gusti | angamuk arampak | sampun wontên kuciwa | pangeran angandika ris | lah mayo iya | padha nêmpuh dèn aglis ||
73. sapa ingkang ing mêngko tinggal galanggang | amasthi sun kêbiri | kang wadya manêmbah | samya matur kokila | lêbura awor pratiwi | dasih paduka | tan nêdya tilar gusti ||
74. sigra mangsah Pangeran Pugêr sawadya | tandangira rêspati | Kyai Mesanular | winangking nèng adhakan | Kyai Pêlèrèd pinandhi | wadya umangsah | tan adoh lawan gusti ||
75. wong sêlawe parêng dènnya ngamuk rampak | tandangira ngajrihi | Arya Tambakbaya | lan Arya Surajaya | kalawan Jayawiryèki | katri prawira | sura dadya pangirid ||
76. wadya Wanakusuma awas tumingal | yèn Pangeran Dipati | Pugêr mangsah ing prang | wadya gègèr wurahan |
--- [f. 73v] ---
wong Kapugêran nulya glis | parêng aninggar | pêpitu barêng muni ||
77. amung tinggar pêpitu ingkang binêkta | muni ambal ping kalih | wong Wanakusuma | akathah kang kacurnan | saya gègère kapati | kagyat narendra | mulat surating bêdhil ||
78. angandika sang nata hèh sapa ika | kang mapag ing ajurit | anèng Pangurakan | wong Gandhèk matur nêmbah | rayi paduka nêrpati | Pangran Dipatya | Pugêr kang mapag jurit ||
79. saking wuri gènipun nangsah arinta | nging wadyanipun kêdhik | kang binêkta mangsah | mung salawe ri nata | mung wadyane kang sinêlir | ingkang binêkta | arinta mangsah jurit ||
80. naradipa myarsa aturirèng wadya | langkung marma ing ari | sigra kèn têngara | bêndhe bèri wurahan | sang nata arsa ngawaki | bêndhe Ki Bicak | ngangkang tinabuh dasih ||
81. wadya Gêdhong Kaparak padha gambira | myasa Ki Bicak muni | samyarsa maguta | prange Jayalêlana | nganti andikaning aji | pan dèrèng dhawah | sang nata ngandika ris ||
82. hèh Tumênggung Singabarong umangsaha | sarewangmu wong Bali | age tulungana | ari Pugêr Dipatya | ingsun kalintang
--- [f. 74r] ---
kawatir | maring adhimas | dening bature kêdhik ||
83. gya Tumênggung Singabarong amit nêmbah | sakancane wong Bali | mêre asêsumbar | samya ngucap mangkana | gajah leyak tambong Bali | têbêk basangan | johang kandhutanèki[38] ||
84. samya unclang watange tininggil mêsat | silêm maring wiyati | tinadhahan jaja | wanèh sinanggèng ata[39] | rêmpu kang warastra lungid | suka narendra | mulat ing wadya Bali ||
85. wanèh ana anaut rêrawisira | ngawêt netranirandik | ana buwang katga | mangsah kalawan asta | sadaya crêma ing kulit | wong pitung dasa | tan apasah ing wêsi ||
86. sarêng cundhuk anunjang ngamuk anêngah | ingkang kaparag gusis | wong Wanakusuma | tanbuh ing polahira | ing wuri ikang ngamuki | wong Kapugêran | dadya rame kang jurit ||
87. wong ing Wanakusuma nèng Pangurakan | gègèr kawula alit | kuwur lêng-ulêngan | akèh ingkang lumajar | bingung tangkêping ajurit | dening ing ngarsa | tinadhahan wong Bali ||
88. ingkang wuri wadya sura Kapugêran | ingkang samya numbaki | nanging tan akathah | sipat mantri kewala | sakèhing kawula alit | datan tinumbak [ti...]
--- [f. 74v] ---
[...numbak] | ginusah lumalya glis ||
89. ingkang anèngarsa[40] kathah ingkang pêjah | kamuk ing wadya Bali | wong Wanakusuma | sagêndhinge kasoran | akiwul-kiwul tan polih | mundur kadhangan | kang alit padha nangis ||
90. jolinira kajang wus dangu binuwang | wus ilang kang nitihi | wadyane wus têlas | kang bagna rêbut gêsang | wau ta rahadèn kalih | kari kesisan | samya sudirèng wèsthi ||
91. nulya samya mêdalakên pangabaran | wali-wali tan dadi | Dyan Jayalêlana | duka nrêgakên wadya | bramatya lèn ingkang ari | Jayapurusa | kalih prawirèng jurit ||
92. wêtarane kari satus ingkang wadya | angamuk golong pipis | gya Pangran Dipatya | Pugêr ngangsahkên wadya | wong salawo[41] mangsah ngukih | rame kang yuda | tan ana ngucap ajrih ||
93. Singabarong mangsah ngamuk saking ngarsa | sarewange wong Bali | tandange lir yaksa | numbak nuduk anigas | wong Wanakusuma ênting | kang maksih gêsang | lumajêng tan apulih ||
94. Ki Tumênggung Singabarong tandangira | lir pindah dênawa ji | sarira kuthah rah | Radèn Jayalêlana | mulat tandange wong Bali | langkung bramatya | lah payo mangsah yayi [ya...]
--- [f. 75r] ---
[...yi] ||
95. lêhêng pêjah lumuha nandhang wêwirang | kang rayi anauri | gih kakang anêdha | mangsaha ingkang ngarsa | sun kêmbarane ing buri | mangsah yudanya | Si Pugêr Adipati ||
96. sigra radèn kalih angamuk anêngah | ingkang katrajang gusis | kalangkung prawira | lir banthèng tawan brana | mulat pangran adipati | ngandikèng wadya | padha mundura aglis ||
97. iku dudu têtandhinganira yuda | ingsun tandhinge jurit | Si Jayapurusa | prajurit kinawasa | wong Kapugêran sumingkir | ngèri anganan | ngumpul wurining gusti ||
98. wus apanggih Rahadèn Jayapurusa | lan Pangeran Dipati | Pugêr yun-ayunan | lajêng asru anumbak | apanggah pangran dipati | Jayapurusa | panumabke[42] anitir ||
99. pan wus tiba panumbake Japurusa | Pangeran Adipati | Pugêr malês numbak | maring Jayapurusa | Kyai Palèrèd kinardi | kang kaprajaya | jaja anrus ing gigir ||
100. Radèn Jayapurusa sampun palastra | ingkang raka winarni | Dyan Jayalêlana | ikang nadhahi ngarsa | acampuh lawan wong Bali | silih prajaya | rame ukih-ingukih ||
101. Ki Tumênggung Singabarong tan dêrana | mangsah lan sanaknèki | ran Yoman Guyangan | Radèn Jayalêlana | sampun kinêmbulan kalih | Yoman [Yo...]
--- [f. 75v] ---
[...man] Guyangan |[43] sigra nêrajang wani ||
102. lambung kiwa kang watgata kaprajaya | niba lajêng ngêmasi | wong Wanakusuma | sakarine kang pêjah | mawur ana kang winarni | dasihing nata | Nayatruna namèki ||
103. lungguhira juru kêbon patamanan | amit ing sri bupati | nêmbah amit pêjah | kalilan sigra mangsah | ing rana angintip-intip | prapta ngantara | nora milu ajurit ||
104. Nayatruna amping-ampingan ing saka | awas dènnya ningali | yèn mungsuh palastra | dening Yoman Guyangan | wangke tinilar pribadi | Yoman Guyangan | lajêng bujung kang lari ||
105. jisimira Jalêlana gilang-gilang | Ki Nayatruna aglis | nigas kang mastaka | binêkta mundur agya | Pangeran Pugêr Dipati | angawe wadya | kang baris lor waringin ||
106. para mantri jawi sadaya garjita | gya samya nitih waji | anandêr sadaya | sami angêmbat watang | angusir mungsuh kang lari | sri naranata | têdhak saking turanggi ||
107. magêlaran pinarêk anèng dhêdhampar | kapang kang Magêrsari | wong Gêdhong Kaparak | samya rumêksèng nata | suka myat dhatêng kang rayi | Pangran Dipatya | Pugêr sudirèng wèsthi ||
108. kawarnaa wau sira Nayatruna | bisa angamèt sandi |
--- [f. 76r] ---
swanitaning murda | ingusapakên jaja | Nayatruna ling ing ati | sanadyan dora | lamun sêmbada bêcik ||
109. undurira Nayatruna sigra-sigra | ikang murda cinangking | kagyat sri narendra | asru dènnya ngandika | hèh Naya dèn maring ngapti | êndhase sapa | iku kang sira cangking ||
110. gêpah Nayatruna matur saha nêmbah | inggih punika gusti | mustakaning mêngsah | punang Jayalêlana | kawula ingkang mêjahi | murda katura | dhumatêng paduka ji ||
111. gih pun Jayapurusa rayi paduka | wau kang amêjahi | pun Jayalêlana | aprang kalih kawula | adangu ukih-ingukih | udrêg-udrêgan | kawula mèh ngêmasi ||
112. naranata mèsêm aris angandika | liwat tarima mami | iya maring sira | dènira nêdya pêjah | ing mêngko sira basuki | hèh Nayatruna | ingsung[44] jungjung lêlinggih ||
113. jumênênga Ngabèi Rajamênggala | sakèh wong ingsun buri | sira lurahana | Nayatruna manêmbah | asujud ngarsa nêrpati | langkung mangrêpa | kang angsal madugêndhis ||
17. Dhandhanggula
1. ênêngakna sri narapati |[45] Kangjêng Pangeran Pugêr winarna | kang mêntas mênang yudane | myang mantri punggawa gung | kang angusir mungsuh wus prapti | wadya Wanakusuma | akathah [aka...]
--- [f. 76v] ---
[...thah] kang lampus | akêkècèr turut marga | pra punggawa sadaya sampun apanggih | kalawan jêng pangeran ||
2. nulya nangkil dhatêng sri bupati | pra punggawa angiring sadaya | wontên dene kunarpane | Jayapurusa sampun | kèn anêngga mantri kêkalih | nganti karsaning raka | manawa pinundhut | pangeran sigra lumampah | asewaka wau dhatêng sri bupati | lan sagunging punggawa ||
3. Singabarong datan kêna têbih | wadya Bali angiring sadaya | gumêr gumêrah swarane | kawarnaa sang prabu | dangu dènnya nganti kang rayi | pinarêk ing dhêdhampar | siniwèng wadya gung | yuyunên ing praptanira | ingkang rayi Pangeran Pugêr gya prapti | lan sagunging punggawa ||
4. ingawe-awe maring ngarsa glis | pangran tumamèng ngabyantarendra | abukuh ngrêpa lungguhe | ikang rayi rinangkul | saha tanya wacana manis | kaya pa mungsuhira | pangeran umatur | pun Jayapurusa pêjah | jolinipun kapanggih datanpa isi | wadya lit brastha gêmpang ||
5. sri narendra angandikèng dasih | hèh wong Gandhèk ge sira pundhuta | Jayapurusa jisime | manêmbah gya lumayu | wong Anggandhèk amundhut jisim | tan dangu prapta ngarsa | ngandika sang prabu | kapatya suka tyasira |
--- [f. 77r] ---
baya iki kang arsa jumênêng aji | mangku rat tanah Jawa ||
6. kudu mungsuh marang wong Matawis | uwakane Si Jayapurusa | têka banjur turu bae | durung panggih lan ingsun | sri narendra ngandikèng dasih | hèh wong Singanêgara | pocokên dhasipun | panjêrên waringin kêmbar | gagêmbunge parakna maring Indra glis | sang sinung ling anêmbah ||
7. ikang murda gya pinocok aglis | wus pinanjêr anèng wringin kêmbar | datan kawarna solahe | sang nata nulya kondur | angadhatyan sagunging mantri | punggawa aluwaran | Pangran Pugêr kondur | ingiring para punggawa | nahan gantya ingkang kawarnaa malih | kang dhatêng Pasuruhan ||
8. praptèng Gênthong sagung pra dipati | nganti Kumpêni lama tan prapta | padha ngeca-eca bae | Dipati Madura wus | duta atur uningèng aji | saha ngaturi surat | mêsat dutanipun | datan kawarna ing marga | lampahira wus prapta ing Kartawani | anjujug kapatihan ||
9. duta cundhuk lan Radèn Apatih | Sindurja glis binêkta aseba | mring pura agya lampahe | prapta pura gya katur | surat dhatêng nata nupèksi | wusnya ris angandika | hèh Sindurêjèku | surat nuli angsulana | wartanana yèn ana mungsuh
--- [f. 77v] ---
nêkani | malah manjing jro praja ||
10. lan warahên aja mulih-mulih | têka enaka abêbarisan | dyan patih atur sêmbahe | lèngsèr anulya mêtu | prapta ngwismanira tumuli | karya surat wus dadya | sinungkên duta wus | mêsat tan kawarnèng marga | lampahira ing Gênthong anulya prapti | tumamèng ngabyantara ||
11. wus dhumawuh marang Sang Dipati | Cakraningrat gya dènnya nupiksa | kalangkung ngungun manahe | mangkana tan cinatur | laminira gènira baris | ing sabên-sabên warsa | upêtine katur | Surapati Pasuruhan | ing sang nata amarga sang adipati | ing Sampang Cakraningrat ||
12. langkung dhêmit tan ana udani | yèn Surapati tur pêktèng nata | Dipati Sampang jujuge | mangkana kang winuwus | nagri dalêm nandhang kakêling | wadya lit akèh pêjah | nanging nuli sampun | nanging kari larang pangan | wadya Kartasura tan ana abukti | miwah wong padêdesan ||
13. asru bunêk tyasira nêrpati | dening nêgari lagi bêbakal | kasêndhu larang pangane | sêmana sang aprabu | duk pinarêk ing masjid alit | kang rayi tinimbalan | Pangran Pugêr rawuh | manêmbah angaras pada | angandika aris sira sri bupati | mulanira sun undang ||
14. dening liwat bunêke
--- [f. 78r] ---
kang ati | nagaranira lagi bêbakal | abangêt larang pangane | ingsun wêlas angrungu | pawartane wongira cilik | tan ana mangan sêga | padha mangan gadhung | sun têmpuhakên ing sira | pan nêgara Jawa mung sira lan mami | yayi kang katêmpuhan ||
15. nisthaning wong kang jumênêng aji | yènêgara[46] rusak larang pangan | kaliwatan pangrasane | ikang jumênêng ratu | lamun ora nulia mari | sun amit maring sira | sun anganyutuwuh[47] | pangeran matur anêmbah | sampun ugi paduka ji tilar puri | yèn amba taksih gêsang ||
16. pintên banggi barkat paduka ji | angsal pitulungipun Hyang Suksma | karamat paduka raje | kawula mit ing besuk | kesah unggyaning kang asêpi | wus kalilan umêdal | praptèng dalêmipun | pangeran salin busana | wus anganggya busana acara santri | rasukan jubah pêthak ||
17. akuluk Arab dhasthare putih | anyamping seta alus momohan | rêspati anyangking tasbèh | atêkên jungkas mungguh | tan antara anulya mijil | saking dalêm duk linggar | tan ana kang wêruh | miyos lawang bêbutulan | kesahira tan amawi rewang siji | anamur ing akathah ||
18. praptèng lêlurung lampahira ris |
--- [f. 78v] ---
pan akathah wong padha lumampah | kapidulur ing margane | nanging tan ana wêruh | yèn pangeran ingkang lumaris | dèn nyana santri kumpra | kang anamur laku | adangu yèn winarnaa | lampahira ingkang sinêdya ing galih | nagari Ngaksigănda ||
19. analasak lampahira prapti | pasar Kapundhung pangran araryan | ngaub ing sor waringine | akathah kang kadulu | wong dodolan kalintang laris | jagung lawan kêtela | gadhung lawan walur | kan dèn dol ginawe sêga | kang anuksma santri nulya marêpêki | aris dènira tanya ||
20. lah punapa kang dika dol bibi | têtakêran iku kaya bêras | dening kaliwat larise | kang tinanyan sumaur | bêbêkaning uwi gêmbili | katak jagung katela | gadhung lawan walur | ki santri ginawe sêga | tanya malih wau kang anuksma santri | rêgine pintên suwang ||
21. anauri loro suwang pithi | lah ing mêngko iki nora angsal | loro suwang pithi kiye | kang mindha santri muwus | larang têmên puniku bibi | pintên rêganing bêras | ni nyai sumaur | sapithine ngêrong uwang | gabah arang pangeran angandika ris | bibi dening alarang ||
22. dalane nora laranga santri [sa...]
--- [f. 79r] ---
[...ntri] | ujêr mêngko arang wong sêsawah | uyang-uyung salawase | gègèr awangsul-wangsul | kang wong agung amangun jurit | wong desa ting balêsar | tan bisa nênandur | pijêr ngili awuyungan | hèh ki santri iba lawase ing mangkin | duk bêdhahing Mataram ||
23. malah mangkin lagi karta santri | lagi tata mari awuyungan | kabubuh malih gègère | kang duwe nagri rawuh | para anggèr arêbut singgih | kang rayi lan kang raka | kala jênêngipun | Suhnan Ngalaga Mataram | mangun aprang wong cilik padha angili | padesan dadi ajang ||
24. saya bangêt gègère ki santri | dening amawa bala Wêlănda | wong cili ewuh atine | tanbuh kang dipun tinut | kidul gusti kang êlor gusti | tanbuh kan piniliha | wong desa wah-ewuh | akèh tinggal bale umah | tan laranga ki santri rêganing pari | lagi mêngko kartanya ||
25. dening gusti wus dadi satunggil | jêng pangeran karasa ing driya | mèsêm kasêlêk guyune | ni nyai sru amuwus | hèh ta basakêna ki santri | ana wong tinuturan | têka sru gumuyu | apa rika anjêjawat | aranira santri tan wêruh dêdugi | sasar-susur ing tata [ta...]
--- [f. 79v] ---
[...ta] ||
26. dening warnanira nom asigit | anèng pasar nganggoa watara | gêguyon dudu mukrime | yêkti kêna sêsiku | lamun rika nganggoa kêris | pasthi manira sêndhal | katrap ing sêsiku | yèn rika aja santria | nora wurung panganggomu sun dhèdhèli | nyamping kulambinira ||
27. karaning wong dhêmên dadi santri | nora wikan ing duga prayoga | bêsono saèn têlatèn | warnanira abagus | têka eman tan wruh dêdugi | karane sinaua | ngawula karuhun | wêruha duga prayoga | yèn wis rada tuwa balènana maning | dadi santri utama ||
28. nora kaya rika iku ugi | wong abagus anom dhasarira | dhêmên dadi santri bae | mayo maring umahku | ingsun gêlêm angitik-itik | sun wuruk tatakrama | eman wong abagus | yèn gêlêmanira[48] gawa | aja kudu sira lunga ngêmas-ngêmis | ngajia anèng wisma ||
29. lah ing ngêndi umahira santri | anauri aris kang tinanyan | manira ing Kêdhunggudèl | kinongkon kadang sêpuh | anglayari kang murah pari | bibi manira tanya | ing ngêndi umahmu | sapa arane si paman | anauri aran [ara...]
--- [f. 80r] ---
[...n] ingsun Biyang Cumbring | wisma manira Padhas ||
30. pamanira lunga anglayari | maring Kudus bagus sun wêtara | wus jidhèd anèng parane | pamanira karuhun | rada lêbe atinggal pari | antuke musafiran | wantune wong kaum | ing mêngko rajêkinira | tinggal suro alit balumbang sumandhing | kêlasa pacar anyar ||
31. ingsun iki uga gêring ati | satinggale Si Cumbring rinira | rongpuluh dina lawase | umure limang taun | iya iku pambarêp mami | yèn jamaking ajamak | kaya awak ingsun | durung kasèp ing asmara | sapantêse maksih kêmbang sêngkang mami | mulane katon tuwa ||
32. wantuning wong manggung gêring ati | lan maninge alaki wong desa | nora kupama[49] awake | manggung adang anutu | nora bisa angulah warni | milane katon tuwa | manira ki bagus | lamun gêlêma siyaga | ababrêsih akèh kang wong angarani | pêrawan lagi krama ||
33. pangeran myarsa ewa kang galih | duk sêmana arsa ge lajua | Ni Cumbring nyandhak nyampinge | binondhèt tan wèh ucul | kagyat ingkang samya ningali | dèn nyana wong atukar | tinonton arubung | Ni Cumbring [Cu...]
--- [f. 80v] ---
[...mbring] asru anyêntak | apa rika rubung ingsun anggendholi | lakiku arsa lunga ||
34. èmêng ing driya kang mindha santri | ginonjèng anèng têngahing pasar | dadya ngecani manahe | lah iya mayo mantuk | maring wismanira Ni Cumbring | suka ing nalanira | têtuku abikut | ambaborong pêpanganan | gêdhang êmas jawadah năngka kawèni | têtèrèk lawan kêmbang ||
35. agya mangkat mulih wong kêkalih | lanthang-lanthang Ni Cumbring nèng ngarsa | pangeran anèng wurine | pinindha kakungipun | turut marga anyêndhal liring | pangran mèsêm ing driya | praptèng wismanipun | Ni Cumbring sèlèh gendhongan | jêng pangeran anèng panirat alingih[50] | sinajenan pawohan ||
36. jêng pangeran angecani ati | cucul rasukan lênggah asila | saya katawang baguse | Ni Cumbring lênglêng mangu | anajèni năngka kawèni | polahe sarikutan | kawuron ing dulu | aris dènira angucap | lah ki bagus andika ecaa linggih | kawula maring sêndhang ||
37. nulya kesah ngindhit jun anyangking | sênik alit pan aisi bêras | têmu lathi lan lulure | sêndhang akèh [a...]
--- [f. 81r] ---
[...kèh] wong adus | Nyai Cumbring lajêng mring kali | lampahe lanthang-lanthang | wutah bêrasipun | ing wau saungkurira | kang tinilar ing wisma datan asari | pangeran agya kesah ||
38. ngidul bênêr ing kori pan prapti | tan arèrèn lajêng lampahira | anurut marga angilèn | praptèng Kuwêl mangidul | darung datan kawarnèng margi | ing Palèrèd wus prapta | jujug ngalun-alun | lajêng maring pagêlaran | sang hyang arka sêmana wus nitih wukir | pangeran sare pura ||
39. byar raina pangeran lumaris | ngalèr ngilèn anurut padesan | mring Pasar Gêdhe karsane | lamahira[51] angrantun | angantèni tilêming rawi | ing wayah bakda ngisa | rawuh ngalun-alun | sêsèndhèn waringin kêmbar | sirêp jalma têdhak mring lèpèn sêsuci | nuju malêm Jumungah ||
40. wus sêsuci wangsul gènnya malih | asalat khajat kalih rêkangat | mangkana ing sabakdane | nanêdha ing Hyang Agung | amawantah puji lan dikir | tinata saking sarak | ri sampune wuru | mancad ing alam tarekat | wusnya wuru kêjêping alam khakiki | murcita nama Allah ||
41. dadya ling-ling ing tyas insan kamil | kang minăngka tajalining rahsa | sifat papat ing anggane | kahar kamal kawêngku | jamal jalal
--- [f. 81v] ---
ingkang mimbuhi | nirning waha myang khiyam | pangaksinya lucuh | luyut kulut păncadriya | trênging sipta tan wangwang ing johar jisim | manggêng Hyang sêdya purba ||
42. purbaning rat sifat catur adi | kang wis prapta ing makrifatantra[52] | wus tanna ingucap manèh | akêmbulan ajumbuh | datan ana kawula gusti | ya mangsa mangkanaa | kang kawula iku | maksih ananing kawula | ikang gusti iya maksih dadi gusti | arêpit atrah mulya ||
43. sih padudon iya tanpa nisih | jêng pangeran pan jatining jalma | parworing[53] toh jiwanggane | rumêsêp ing pandulu | angluwari purbaning jati | yèku tan kêna ngucap | yèn tanpa gêguru | duraka ginagampanga | duk sêmana pangran mursita ing galih | jumênêng rahmatolah ||
44. Hyang Aruhur sih dasih kang asih | pangran tustha sadalêming driya | anulya têdhak mri[54] lèpèn | ing wayah bêdhug têlu | pangran lajêng salat ing masjid | awor santri akathah | amojok gyanipun | santri kèh tan ana wikan | lamun ingkang andarbèni ing rat Jawi | ikang tumut asalat ||
45. bakda salat bubar padha mulih | pangeran dadya kari priyăngga | angêningakên ciptane | pangimanan dinunung | istirafkaf gènnya alinggih [aling...]
--- [f. 82r] ---
[...gih] | angêjum păncadriya | tingaling tyasuhul[55] | nulya na tompo katingal | anèngarsa gêngira sapitrah aib | agya wau cinandhak ||
46. mring pangeran têdhak saking masjid | lajêng linggar ing wayah wusiyang[56] | mring pasar ngêmpit tompone | pabêrasan jinujug | prapta pangran atêtanya ris | maring kang adol bêras | pintên rêginipun | ni nyai bêras andika[57] | kang anêmpurake aris anauri | satompo nêlung uwang ||
47. tompo mêmaron iki ki santri | pangran mêdalakên tomponira | têlu suwang tompo kiye | sêdhênge rêginipun | kang darbe wos nyêntak macicil | lah iki basakêna | bras amaron nêlu | si santri dadak anganyang | têlu suwang tompone padha lan rinjing | mandah olèhmu mandhang[58] ||
48. cagêr akêrêp polahmu ngising | lamun iku olèh têlu suwang | mara murahêna age | nganyang tan mawa ukur | aranira santri sok ngêmis | pangeran aris mojar | sêdhêng rêginipun | tompo iki têlu suwang | kang adarbe bêras sru nyêntak ambêkis | pangeran nuli kesah ||
49. pan sabên pasar dipun wêdali | pangran agawe ajining bêras | asring sinêntak wong akèh | ana arsa
--- [f. 82v] ---
angabruk | winastanan santri dalêming | tansah mèsêm ing driya | kang anamur laku | sok pasara winêdalan | lamun dalu pangeran anggung anêpi | yèn siyang maring pasar ||
50. solahira tan winarna malih | pan wus angsal kawan dasa dina | lamine pangran kesahe | saking praja karuhun | sawingkinge Kartasurèki | wus wiwit sarwa murah | barang kang tinuku | bêras tigang pitrah suwang | jêng pangeran kondur mring Kartasura glis | prapta tumamèng pura ||
51. marêk ing raka sri narapati | onêng angrangkul ing arinira | pangeran ngaras pada ge | dhuh yayi ariningsun | katarima maring Hyang Widi | mêngko wusarwa[59] murah | pangeran umatur | kawula darmi lumampah | barkatuwan[60] pangeran manêmbah amit | wus mijil saking pura ||
18. Mijil
1. nahan gantia ingkang winarni | kang baris ing Gênthong | Pangran Sampang myang punggawa kabèh | nganti Kumpêni lawas tan prapti | padha tikbrèng galih | sakèh prawira nung ||
2. gènnya baris madyaning wanadri | mubêng têpung pondhok | amajupat bupati prênahe | acêcikal rineka nêgari | pondhoking prajurit | banjêng ing lêlurung ||
3. samya gunêm sagunging prajurit | pêpêk anèng pondhok | Dipati Sampang têngah prênahe |
--- [f. 83r] ---
rêmbug sadaya samya akardi | tilasing ajurit | adangu prang cucuh ||
4. rêmbag anulya ambagi mantri | ingkang maksih ewoh | adipati ing Surabayane | rêmbag atur uningèng nêrpati | baranging rèh iki | apênêd atur wruh ||
5. wus amatah mantri gya acawis | kang badhe kinongkon | mring Kartasura sinung srat age | duta mêsat nahan kang winarni | sira sri bupati | ing Kartawinangun ||
6. kang cinatur pramèswari aji | padminira katong | putri Sumêdhang kang pamungkase | sinung aran Ratu Kancana di | kang kalih Jawi |[61] sinêngkakên[62] ratu ||
7. putri saking Surabaya kasih | Radèn Ayu Êlor | Dyan Ayu Kidul mangka sisihe | Dyan Ayu Kulon siwining dasih | ran Tanujiwèki | mung iku sêsunu ||
8. sêlir manggung tan kêna winilis | gêrwane sang katong | kang cinatur mung padmine bae | norana gêrwa kang mêdali |[63] miwah para sêlir | tan adarbe tuwuh ||
9. amung satunggal gêrwa sêsiwi | Radèn Ayu Kulon | kang mêdali tur jalu putrane | mila Dyan Ayu Kilèn angsal sih- | ira sri bupati | minggah nama ratu ||
10. putra siji jalu tur apêkik | sih mule sang katong | pan wus rumaja putra wayahe | kinudang-kudang gantyani aji | sinungan kêkasih | de
--- [f. 83v] ---
rama sang prabu ||
11. akêkasih Pangeran Dipati | putrane sang katong | Anèm Mêngkunagara juluke | dinama-dama dening rama ji | sinungan lêlinggih | cacah gangsal èwu ||
12. padalêmane wetaning puri | têpung lan kadhaton | dinama-dama ngibu ramane | lir pêpujan putra mung satunggil | kadhaton winarni | tutur mulanipun ||
13. apan babêthèk anyare dhingin | anuli jinaro | wusnya salin ginêbyog pagêre | lami-lami binata waradin | pagêr bata bumi | mubêng cacing kalung ||
14. datapitanên ingkang winargni[64] | gênti winiraos | ingkang adrêman akèh putrane | sira Pangeran Pugêr Dipati | putra èstri kalih | kang jalu pêpitu ||
15. pambajêngira nênggih pawèstri | warnane kinaot | Radèn Ayu Lêmbah panêngrane | kasub ing rat kasumbung ing bumi | tan ana kang mirib | dyah sa-Kartapurun ||
16. pinacang-pacang lawan putra ji | Pangran Dipatya Nom | Dyan Ayu Impun ika arine | putranira kang jalu winarni | Dyan Teja namèki | kang panênggakipun ||
17. Radèn Mêsir arinya tumuli | Radèn Papak anom | Radèn Kawa arinira manèh | sadaya mijil ngampeyan nênggih |
--- [f. 84r] ---
ikang saking padmi | wêkane winuwus ||
18. putra saking Juminahan dhingin | warna yu kinaot | amung miyosi tiga putrane | sami jalu tur apêkik-pêkik | Radèn Surya nênggih | panêngran kang sêpuh ||
19. Radèn Sasăngka rannya kang rayi | Dyan Sudama anom | jangkêp pêpitu pangran putrane | ingkang jalu pawèstri kêkalih | kawarnaa malih | ing pura sang prabu ||
20. duk pinarêk sang sri narapati | unggyan Ratu Kulon | animbali ing rajaputrane | tan adangu Pangeran Dipati | praptèng byantara ji | manguswa ing suku ||
21. angandika sang sri narapati | dhuh kaki nak ingong | wus agêdhe iya pêpantêse | sêdhêng sira amawia swami | yèn ingsun tingali | diwasa kalangkung ||
22. pamanira Pugêr duwe siwi | èstri ayu kaot | wus diwasa yèn nuju jodhone | sun pundhute kramanana kaki | luwih aprayogi | somaha sadulur ||
23. utama rewangira amukti | nora kaparang doh | lan maninge poma-poma têmbe | aja lirwa ing wawêkas mami | yèn sirarsa dadi | ratu wahya tulus ||
24. yèn ingsun mati poma ta kaki | aja sira adoh | lan pamanira yayi Pugêre | dèn abisa sira angulani | lawan aja amrih | gêrahe tyasipun [tya...]
--- [f. 84v] ---
[...sipun] ||
25. lawan pamanira adipati | ing Sampang Ki Ino | lan dipati ing Surabayane | katri iku kanthinira kaki | amêngku nêgari | ratmaja umatur ||
26. kawula nuhun dèrèng udani | tanayane wadon | pun paman Pugêr ing sayêktine | alon angandika sri bupati | lah miyanga kaki | amaraa tamu ||
27. wruha dhewe mring rinira kaki | pangeran wotsinom | lèngsèr wus praptèng jawi lampahe | ginarêbêg ing wadya kêkasih | Patih Soda nênggih | sakancane tumut ||
28. Ki Sutama kalawan Sutathip | tanapi Suthiwon | pra kêkasih tan adoh kudane | Ki Kontholbêlang lan Gagarusit | Sutakabluk sisih | lan Ki Sutakithung ||
29. pangran amantêsi kampuh putih | obra pinêraos | kinakonang rinêngga tirahe | alancingan cindhe puspita di | paningsêt mantêsi | mas tinali datu ||
30. kuluk barci tan kawarnèng margi | lampahira rawoh | Kapugêran têdhak ing regole | sigra tur wikan lamun putra ji | têdhak anèng kori | Pangran Pugêr gupuh ||
31. animbali ikang para siwi | panakawan kinon | gêlar lampit anèng mandhapa ge | para putra Radèn Teja prapti | lawan Radèn Mêsir | Dyan Papak Kawèku ||
32. myang Dyan Surya Săngka Sudamèki |
--- [f. 85r] ---
wusamya[65] sumaos | jêng pangeran aris adikane[66] | ing para putra papagên aglis | Pangeran Dipati | turana malêbu ||
33. Radèn Teja kang sêpuh sinung ling | ing rama wotsinom | lèngsèr ingiring para arine | praptèng regol matur awotsari | lah suwawi gusti | ingaturan mangsuk ||
34. ngowahi kuluk kampuh winingkis | koncane linongsor | sinampirakên ing curigane | mangsuk ingiring ing para ari | wadya kari jawi | kêdhik ingkang tumut ||
35. Jêng Pangeran Pugêr anuruni | putra ji wotsinom | gya cinandhak kinanthi astane | binêkta minggah linggih ing panti | ratmaja sumiwi | pangran ngandika rum ||
36. kadingarèn gusti anêdhaki | sêmune agatos | baya ta mangke wontên karsane | matur aris Pangeran Dipati | raka paduka ji | wau kang anuduh ||
37. Pangeran Pugêr graitèng galih | ngandika pasêmon | Radèn Sudira sinrang liringe | kang anama Radèn Sudirèki | Radèm Teja nênggih | kêkalih ranipun ||
38. gya sumêsêp ing padanira glis | binisikan alon | mêsat arsa nimbali kakange | Radèn Ayu Lêmbah ikang pinrih | mara angladèni | pawohan ing tamu ||
39. kawarnaa sira sang dewastri | lagi mamêraos |
--- [f. 85v] ---
kampuh jingga lan gadhung mêlathèn | angaryakakên ing para ari | anèng wismèng wingking | ingayap pra babu ||
40. enyanira[67] têtiga nèng ngapti | warnane katuwon | sang dyah pidêksa sêdhêng gêndhene[68] | nora adhenok nora alêncir | lir pêputra gadhing | sinasayèng santun ||
41. wadana anawang sitarêsmi | enjing katêlorong | ping patbêlas basanta mangsane | piningit ing ima kang manipis | riyêm-riyêm asri | tuhu akarya kung ||
42. tênggêknya lunging jăngga amanis | alis amindha ron- | ing imba balut-balut sotyane | idêp tumêngge tingal alindri | grana rungih-rungih | lir êmas binubut ||
43. jarijwa ngrayung amucuk ing ri | nakane sasorot | asawang mirah nganggit kênyare | jaja anglar awijang nyudênti | kang pambayun kadi | kênyaring andaru ||
44. waja gumêbyar lir mas sinangling | keswa mêmêk ijo | muyêk asawang madu manise | tinon kadya goratapa ngalih | lathi rêngat rangdhi | rema sri ambakung ||
45. padanira anggamparan gadhing | wêntis lir kinosok | tinut ing otot ijo wêntise | amratêlu tinon anglangêni | kalamun kawingkis | lir pindah andaru ||
46. karêmênane sinjang sang dèwi | pan limar sêsawon | akakêmbên jingga têtirahe | tinurut [tinu...]
--- [f. 86r] ---
[...rut] ing parada lan têpi | lir pindah layoning | apsari sang ayu ||
47. jarijwa karênggèng sêsotya di | mirah bang lan ijo | nila intên widuri sasine | hèr laut anèng ing driji manis | kumroyok kaèksi | kadya lintang wuluh ||
48. amêwahi rungruming pangaksi | lir apsari layon | asrawungan ing pracalitane | sêngkang bapang rinukma amawi | kitir intên bumi | barungi pandulu ||
49. kagyat sang rêtna mulat ing ari | sinapèng sêbda lon | adhimas baya ana gawene | Radèn Sudira umatur aris | inggih animbali | ing dika bokayu ||
50. rama atamuan ing putra ji | Pangran Dipatyanom | dika kinèn ngladèkna jambene | mèsêm dyan ayu angandika ris | sungkan aku isin | dhayohe wong agung ||
51. iya iku putrane wa aji | bêsur wartaning wong | bonggan aku ngladèkna jambene | yayi maring dhêdhayoh awêdi | bok dèn calunthangi | wantune wong agung ||
52. apa gawene têka mariki | wakane si bancol | Radèn Sudira aris ature | bilih dinukan ing rama aglis | radèn ayu ajrih | nut ing arinipun ||
53. ngowahi sinjang saliring sari | gêlunge winaon | kasêmêkanira wus winancèn |
--- [f. 86v] ---
lumampah sinjang narampad siti | lir ringgit ing kêlir | têngah ngandul-andul ||
54. Radèn Sudira lumakyèng wuri | praptèng panti kulon | sang dyah anata pawohan age | munggèng lêlancang kancana rukmi | têmbakone wangi | apunira campur ||
55. suruh canang sadakira rawis | jambe wangèn rambon | mangkat sang rêtna asta têngêne | năngga lancang astanira kèri | nyangking buntar tapih | tindak kapirangu ||
56. èsmu merang mulat ing sang pêkik | Pangran Dipatya Nom | kumêdhèp tasmak[69] micarèng tyase | bayèki paman wêkanirèstri | tuhu yu linêwih | mandah ing tilam rum ||
57. ingsun durung olèh aningali | rakiting pasêmon | ing dyah kang mirib ri ajêng kiye | nadyan ing jro supêna tan amanggih |[70] kang kadya mas ari | ing solah aruruh ||
58. woh sinaosakên ing rama glis | pangeran ling alon | sira saosna gustinira ge | sang dyah tumungkul merang tan angling | kapêksèng rama jrih | pawohan jinungjung ||
59. ulat awrat basêngut tur andik | mara sarwi ngosog | kumarompyang wutah pawohane | ingkang rama mèsêm aningali | sang dyah saya bêngis | ulate bathuthut ||
60. têtamune kang dèn basênguti | dènira dulu wong | kaya nora wruh uwong sajêge | nora [no...]
--- [f. 87r] ---
[...ra] mambu putraning[71] nêrpati | dènira ningali | kaya wong kumaruk ||
61. aja dadia putraning aji | baya bêdhog uwong | mandahane nêmua wong seje | cacak mulat ing kadange miris | têka mamêdèni | si pinarag ngantu ||
62. ikang rama mèsêm angling aris | nêmbah anak ingong | iya iku gustinira anggèr | sang dyah anêmbah saryya gumingsir | sun sêmbah kêmangi | matia ko dalu ||
63. angandika Pangeran Dipati | mring kang paman alon | pintên paman ri ajêng yuswane | Pangeran Pugêr alon nauri | kadya undha-undhi | lawan sang abagus ||
64. kala anggèr rumiyin sinapih | arinta pasuson | duk anèng Mataram ing arjane | nadyan kaota lintang sawarsi | yèn kawula dugi | tan kantos rong taun ||
65. amit sang narpasiwi kinanthi | ing pamanira lon | praptèng pintu Pangran Pugêr age | wangsul rajaputra praptèng jawi | anitih kuda sri | ginarbêg ing wadu ||
66. tan kawarna lampahirèng margi | prapta ing kadhaton | lajêng tumamèng ngabyantarane | matur sasolahira wus ênting | mèsêm sri bupati | angandika arum ||
67. wus muliha lèngsèr kang sinung ling | saking ngarsa katong | rajaputra kundur mring dalême | ya ta kawarna sri narapati | busanarsa mijil | lir angêmu madu ||
--- [f. 87v] ---
19. Dhandhanggula
1. dina Soma sang nata tinangkil | magêlaran pinarêk dhêdhampar | dênta sri upacarane | wadyakoswa supênuh | Priyantaka lawan Saragni | Magêrsari akapang | kaparaking prabu | tan kaliru prênahira | Sangkragnyana wong Jagabaya nisihi | Mandhung kalawan Nutra ||
2. Pinilih sisih padha Pinilih | Maudara lan wong Patranala | Nirbaya Miji sambunge | Wisamarta wong nulup | Brajanala Wirabrajèki | myang wong Singanêgara | sisih Martalulut | Gandhèk lawan Mantri Mudha | Suranata asisih kawalan[72] Carik | gêdhong kapering wetan ||
3. Margasa Gowong Kriya Undhagi | srati gamêl aseba sadaya | Pratiwa Jawi Jro andhèr | ngarsanira sang prabu | ari nata katiga sami | lênggah ngarsaning raka | katiga abukuh | Pangeran Pugêr Dipatya | lan Pangeran Arya Panular myang ari | Pangran Arya Mataram ||
4. nayaka ikang anèng ngarsa ji | Radèn Apatya Arya Sindurja | Urawan Wiradigdane | myang Pratiwa Jro catur | Sumabrata lan Suratani | Tumênggung Wirarêja | Mangunêgarèku | kapat anèng ngarsa nata | Pangran Pugêr dinuk ing tingal nulya glis | majêng ngabyantarendra ||
5. angandika aris sri bupati | hèh yayi mas sun pundhut sutanta |
--- [f. 88r] ---
Si Lêmbah sun panggihake | iya lawan anakmu | Ki Dipati Anom prayogi | apanggih padha kadang | tan kuciwèng sêmu | Pangeran Pugêr sumăngga | aturira ngandika malih sang aji | hèh Ariya Sindurja ||
6. rabinira lan para swamining | pra punggawa kabèh asaosa | Kapugêran besuk sore | ngiringna putraningsun | ing lêbune mring dalêm puri | lan sakèhe prawara | saosa dèn esuk | dyan patih matur sandika | nulya jêngkar sang nata malêbèng puri | bubar para santana ||
7. para bupati sadaya maksih | sangkêp aseba ing Pagêlaran | nulya na prapta dutane | Dipati Madurèku | panggih lan Dyan Sindurja Patih | duta tur surat agya | dyan patih malêbu | ing Srimanganti wus prapta | panggih Nyai Wilaja nulya awêling | atur dhatêng narendra ||
8. sigra ingandikan Radèn Patih | Sindurêja praptèng ngarsa nata | manêmbah atur surate | tinupiksa kawêngku | ing narendra mutadèng tulis | kabar kang kara-kara | ngandika sang prabu | hèh Sindurja angsulana | kintakine adhimas Sampang Dipati | dutane poyanana ||
9. lamun durung sawindu ja mulih | lawan sira patih ingsun duta | sore maringa dalême | arimas ing lakumu | têdhakêna salam sun dhingin |
--- [f. 88v] ---
lan aturna sasrahan | krambil kiring têlu | lan bêras wuluh sapitrah | lele loro babon angrêm lan kêmiri | lombok terong putêran ||
10. nêmbah lèngsèr rahadèn apatih | mêdal sapraptaning wismanira | duta Sampang sinung srate | sul-angsulira prabu | duta mêsat sing ngarsa patih | nalika wanci ngasar | kang nayaka rawuh | Urawan Wirawidigda | kapatihan Dyan Arya Sindurêja glis | busana wusamapta ||
11. lumampah punggawa kalih ngiring | sasrahan dulur lumakyèng ngarsa | nahan Pangeran Pugêre | kang anèng dalêmipun | animbali kang putra èstri | sira Dyan Ayu Lêmbah | alênggah tumungkul | kang rama ris angandika | sira nini pinundhut ing wakira ji | dèn bisa angawula ||
12. lan dèn bisa angladèni gusti | aja dumèh sira laki kadang | aja dhingini karsane | aja malangi kayun | kawruhana putraning aji | dèn nastiti ing priya | myang laranganipun | wong agung dudu sasama | radèn ayu tumungkul anggarit siti | tandhane lamun arsa ||
13. pangeran aris ngandika malih | kocap ing ayat lamun wanodya | cêndhala maring kakunge | duraka kang tinêmu | nora olèh sihirèng Widi | dunya kerat mularat[73] | ing satingkahipun | tan arus lamun palastra | wus cinadhang
--- [f. 89r] ---
naraka dening Hyang Widi | kocap ing dalêm ayat ||
14. èstri ingkang bêkti maring laki | Hyang Aruhur amalês sih wirya | salamêt dunya kerate | cinadhang swarga luhur | poma nini dèn anastiti | kang dhingin kadang tuwa | nuli dadi kakung | sayêkti dununging sêmbah | lan maninge gusti putraning nêrpati | pantês lamun sinêmbah ||
15. lagya pitutur ing putra èstri | kasaru parpat alit tur wikan | ing gusti nêmbah ature | duta ji wontên pintu | pratiwa tri radèn apatih | lan Dipati Urawan | Wirawidigdèku | sigra kinèn ngaturana | drêsana ji punggawa kalih myang patih | Radèn Arya Sindurja ||
16. ingaturan tumanduk duta ji | pangeran wus pinarêk mandhapa | tri prawara sapraptane | pangeran gya tumurun | anêdhaki ing drêsana ji | cundhuk ing palataran | wus tata alungguh | matur rahadyan apatya | kawulanggèr dinuta ngrakanta aji | nêdhakakên kang salam ||
17. lan sasrahanipun kangjêng gusti | wos sapitrah karambil têtiga | babon angrêm lawan lele | sajodho lombokipun | pêputêran terong myang ranti | kaatura paduka | pangeran agupuh | akèn nampèni sasrahan | wus lêluri têdhak priyayi Matawis | mangkana [mang...]
--- [f. 89v] ---
[...kana] kang sasrahan ||
18. radèn apatih matur ngabêkti | karsanipun raka padukendra | èstu binjing enjing sore | pinundhut mring kadhatun | putra tuwan anikah enjing | pangran angling sandika | duta ji katêlu | wus amit anulya mêdal | hyang aruna wus nitih ngudyanèng wukir | ya ta kawarna injang ||
19. pratiwa nung sawega anangkil | Jêng Pangeran Pugêr ingandikan | mring pura myang para rine | sarêng ing lêbêtipun | Jêng Pangeran Arya Matawis | Pangran Arya Panular | wus anèng kêdhatun | alênggah ngarsaning raka | rajaputra maksih anèng Srimanganti | lan nayaka sadaya ||
20. ki pangulu sampun dèn timbali | saos anèng masjid Suranata | pêpêkan para kêtibe | kêkasihe pangulu | Tafsir Anom warna asigit | alim ing alit mila | sakèh ukum putus | tan gumingsir ukumolah | katariman prênah bibining narpati | dhingin kang apêputra ||
21. Pangeran Silarong ing Matawis | sadhèrèke Pangeran Pamênang | dyan ayu pêngulu rine | kinasihan ing prabu | dening lola kawêlasasih | pan sinungan lalênggah | pêngulu wong sèwu | kalangkung mukti wibawa | kocaping carita yènata[74] nimbali | pêngulu lan [la...]
--- [f. 90r] ---
[...n] Sindurja ||
22. samya lênggah katiga nêrpati | yèn sinawang lir kêmbar katiga | samya agêng myang inggile | miwah ing bagusipun | yèn sinawang warnanya sami | iwang gusti kawula | akèh wong kaliru | pangulu lan radèn patya | wus ngandikan samya tumamèng jro puri | marêk ing ngarsa nata ||
23. rajaputra sigra dèn timbali | para punggawa ngiring sadaya | mandhapa wetan prênahe | gènnya lênggah sang prabu | lawan para arinya katri | ki pangulu nèng ngarsa | pangantyan tumanduk | ing ngarsa nata ngandika | mring kang rayi lah wis pisèlèha yayi | pangeran gya ngrasaya ||
24. ki pangulu sigra anampèni | ing pangrasayanira pangeran | saksana anikahake | wusira donga tutug | aluwaran sagung bupati | ki pangulu wus mêdal | myang sakêtibipun | salawat saking jro mêdal | agotongan warna bolong anyar picis | kathahe sèwu reyal ||
25. dinum ing sagung ulama mukmin | papradikan warata sadaya | wus dene kêtib[75] modine | kang para punggawa gung | myang santana sadaya mulih | sapraptanirèng wisma | para punggawa gung | para rabine sadaya | asiyaga kabèh rabining priyayi | ngalumpuk Kasindurjan [Kasi...]
--- [f. 90v] ---
[...ndurjan] ||
26. wayah pukul pat gya budhal saking | Kasindurjan maring Kapugêran | adulur jajaran akèh | atusan punang tandhu | gawa joli saking jro puri | badhe titihanira | pangantyan malêbu | nênggih mangsuli carita | duk ing nguni datan winarna ing tulis | garwane radèn patya ||
27. nênggih arinira sri bupati | kang katawan maring Trunajaya | dhingin sang dyah jêjuluke | Dyan Ayu Kêlting Biru | wus ingalih wastanirèki | nama Dyan Ayu Pucang | nguni tan winuwus | tinrimakakên Sindurja | mring kang raka nahan gantia winarni | ing dalêm Kapugêran ||
28. umyang gumêrah parêkan cèthi | abusêkan padha asayaga | sang dyah pinaripurna ge | pinaesan sakesuk | dhasar warnanira yu luwih | karêngga ing busana | sinasayèng santun | asinjang cindhe puspita | kampuh pingul pèrêmas warnanira sri | lir gambar wêwangunan ||
29. para inya lawan para bibi | padha ngimur ing sang lir puspita | ingkang dadya rêncakane | ing driyanya sang ayu | dening myarsa ujar pawarti | yèn sang raja pinutra | ambêkira rusuh | tur arda sang dyah kapêksa | jrih ing rama tansah putêk ingkang galih | linilih para ibya [i...]
--- [f. 91r] ---
[...bya] ||
30. siptanira mangkana sang dèwi | iya ingsun sinau ngawula | dening mambu kadang dhewe | dènnya lênggah sang ayu | datan pisah kang para bibi | katuwon citranira | lir basanta wêlu | piningit ing ima rêta | riyêm-riyêm ăngga lir laywan apsari | sênên lir goratapa ||
31. wau sira rahadèn apatih | sarêng bubar kalawan kang gêrwa | seba maring kadipatèn | lan para punggawa gung | kerid dening radèn apatih | prapta ing kadipatyan | swara tri gumuruh | pasewakan kadipatyan | Ratu Kilèn nèng kadipatèn sakenjing | amaripurna putra ||
32. kawarnaa dyan ayu apatih | lawan para rabining punggawa | praptèng kapugêran age | swaranira gumuruh | ingacaran sadaya linggih | dyan ayu patih nêmbah | kawula ingutus | ing nata mundhut kang putra | pangran akèn ing garwa mêdalna siwi- | nira wus munggèng ngarsa ||
33. dyan ayu patih wus dèn suguhi | sarewange wusnya dhêdhaharan | budhal wus tinitihake | ing joli sang dewa rum | gya binêkta mijil ing kori | swaranira lir gêrah | kang tandhu asêlur | jajaran awarna-warna | abarangin ingkang gumrêbêg ing joli | asri
--- [f. 91v] ---
kang upacara ||
34. sêk pênuh tirahing marga dening | wong nêningal orêg wong sapraja | datan adangu lampahe | ing panangkilan rawuh | kawarnaa sajroning puri | pra gêrwa ji sawega | amapag ing mantu | miyos maring Srimangantya | myang pra sêlir joli wus minggah Sitigil[76] | lajêng mring Kamandhungan ||
35. sakathahe garwaning bupati | anggarêbêg bya sori amapag | jron lawang Kamandhungane | sêsugun ing tyasipun | gya cinandhak astanira glis | sira sang pinangantyan | Ratu Kêncanèku | anyandhak astanya kanan | Ratu Kilèn anganthi astanya kèri | binakta manjing pura ||
36. Pangran Dipati wus dèn timbali | pra nayaka angiring sadaya | praptèng ing Srimangantya ge | lajêng ngandikan mangsuk | mring jro pura sri narapati | pinarêk Prabayasa | ing madani babut | putra-putri prapta ngarsa | ingangsahkên marang para ibu sori | ing byantara narendra ||
37. ingkang angayap ing sri bupati | para manis sêlir pêpingitan | putra-putri tur sêmbahe | cinandhak kalihipun | linênggahkên pangkyanira ji | putra jalu ing kanan | ing kèri sang ayu | suka sagung kang tumingal | naradipa kapatya suka ing galih [ga...]
--- [f. 92r] ---
[...lih] | kadya Sri Brawijaya ||
38. sori nata samya ngapit-apit | sang pinangkya lir pindah basanta | para manis ngayap kabèh | tustha mulat ing prabu | miwah para nêrpa garini | pênuh tanpa baksana | tustha myat ing sunu | hyang arka nitih ngudyana | Ratu Kilèn lumèngsèr saking ngarsa ji | têdhak mring dalêm kilyan ||
39. gandhok kilèn pinaripurna di | badhe gènira sang pinangantyan | yayah kaswargan lalêne[77] | prabangkara sumurup | angandika sri narapati | mring sagung para gêrwa | lah gawanên mangsuk | gandhok kulon putranira | sarupane para rabining priyayi | kabèh padha saosa ||
40. ngandika malih sri narapati | hèh Wilaja mêtua mring jaba | warahên Sindurêja ge | saosa besuk esuk | lan sakèhing para bupati | ngatêrna putraningwang | ya ing besuk esuk | maring dalêm Kapugêran | nêmbah mitarl[78] Wilaja sampun apanggih | lawan radèn apatya ||
41. dhinawuhan timbalaning aji | radèn apatya matur sandika | nulya padha bubar malèh | sakèhing punggawa nung | kawarna kang rinênggèng puri | sinasayèng sêsotya | sinêsêp ing santun | wus ginawa gandhok kilyan | ibu sori sakawan sami angapit | pra bibi glar ing ngarsa ||
--- [f. 92v] ---
42. miwah para rabining priyayi | parêkan cèthi padha kasukan | ing palataran arame | ana ingkang angidung | wanèh ana gobag aundhi | ana kang jêjogedan | kang anèng panti rum | sang pinangantyan kalihan | yèn sinawang lir Kamajaya lan Ratih | siniwèng Cakrakêmbang ||
43. wayahira parêk sirêp jalmi | sang pinangantyan wus ingaturan | migah[79] ing tilamsarine | sang dyah pinarêk babut | anèng pojoking tilamari[80] | tan arsa nawèng priya | alênggah tumungkul | kang anèng jawining gubah | pra rabining priyayi samya acuki | kang anèng pasareyan ||
44. pangran datan dêrana marpêki | angrarêpa dhuh dewa manira | paran kang dadi runtike | dhuh mirah pêpujanku | datan arsa nawèng ing dasih | nandhak asta sang rêtna | ngipatakên asru | sang kakung saya wah sura | nandhak malih sarya mèsêm dènira ngling | dhuh langêning kalangyan ||
45. sapa duwe pêpujaning sari | kang asawang kancana rineka | sang dyah asru ngipatake | saryandik ambathuthut | kakung amrih ajèring runtik | paran dadya daruna | dasihe wulangun | rujitên kadya puspita | pun Dipatih Anèm anuhun ingkang sih- | ira sang lir Supraba ||
46. ngêndi gyaningsun angsala gusti | nadyan nuksmaa
--- [f. 93r] ---
wor kêmbang-kêmbang | măngsantuka tuwas anglèh | kang mirib sang wah ing rum | nadyan nuksma ing langit-langit | măngsantuka kang memba | ing sang rekaning rum | mara gusti ngandikaa | sun têbase sakêcap lawan nêgari | ing pundi kang kinarsan ||
47. sang juwita myarsa saya runtik | waspa mijil alantaran jăngga | saya karasa driyane | pan wis kalêbèng catur | sami-sami têdhak Matawis | yèn wijil Kapugêran | pramèng kawi sêmu | limpad pasanging graita | datan kêna kapêncir ngujar kasliring | ngadêg suraning nala ||
48. sang dyah asru ngandika saryandik | iya rane putraning narendra | kang mêngku rat Jawa kabèh | sumakeyan wong agung | anu thithik nêbas nêgari | măngsa nora nandêra | kaya awak ingsun | dening anaking wong papa | nuli ana kang sanggup awèh nêgari | pasthine gil-êgilan ||
49. apa gawene kudu ngramani | ing wong papa datanpa rerehan | ngêmpèk-êmpèk ing aube | marang kang dadi ratu | tanpa rêkat kawêlasasih | pantês dèn kramanana | kang padha nak ratu | ing tanah sabrang akathah | putri adi padha putraning nêrpati | tan anyampuri kula ||
50. rajaputra kaduwung tan sipi | nalanira lir tinunjêl sela | sarya angusap jajane | lingya
--- [f. 93v] ---
angrarêpa rum | dhuh apuranira mas ari | saking wulangun ingwang | mulat ing dewa rum | milane darbe wicara | sasar-susur tan wruh yèn amanggih runtik | mangke dèn apuraa ||
51. punapantuk kawula mas gusti | tanpa solah mas mirah ragèngwang | suka binêndon jro langse | bandanên ing sêsampur | upasana ing gantèn wangi | tuwêkên ing kanaka | lurubana pinjung | rêranjamên ing puspita | surakana ing èsêm lan ulat liring | suka matiyèng tilam ||
52. karêpu ikang têteja gusti | baya intêne wong astha praja | ngalumpuk ana ing kene | anuksma gustiningsun | kang akarya lam-laming dasih | dasihe lir nupêna | mulat ing dewa rum | arume asor kang sêkar | sêkar gambir wiyagang sarine sêpi | sêpine anèng sira ||
53. salaminingsun gêsang mas ari | durung manggih wong wasis kadyanta | puspa kanti graitane | ayu nulus nrus tunjung | wicaksana ing prama kawi | rêspati karya pasang | pasang rikèng sêmu | sêmune lantip pasaja | pasajane jêtmika ngudikèng ati | atine salah cipta ||
54. ciptanira amomor ing dêling | dêlingira anitik sasmita | sasmitane angadhang rèh | ing rèh anali wuwus | wuwusira tan amartani | mêrtani wisa
--- [f. 94r] ---
guna | gunane manungkul | manungkul mursitèng baya | bayanira dènta awiyang sagati | gatine tan sinêtyan ||
55. tuwasana kawulane gusti | asrah jiwa ing sang kadi rêtna | pakaja nila widure | dinus ing jêbad arum | kang pinujwa dadi mas ari | sawiji cacadira | baringkêk kalangkung | sapa kang duwe bêndara | wong acanggèh iya mung Pangran Dipati | Anom ing Kartasura ||
56. radèn ayu angling angidoni | ja na kono jênat wis lungaa | drêmèmèla kongsi gopèl | măngsa lipura ingsun | rarêpanên dèn kongsi dawir | dening daya lipura | kang ati wus putung | ulihna mring Kapugêran | nora kudu alaki putraning aji | angkuhe kaya Amral ||
57. anu thithik anêbas nêgari | sumakeyan wong agung wibawa | sugih praja rerehane | sapa kang nora wêruh | yèn dhèwèke putraning aji | amêngku rat sa-Jawa | apa mulanipun | rabi anaking wong papa | nyênyampuri lah wis ulihêna mami | marang ing Kapugêran ||
58. pangran wiyang ing driyanira ngling | adhiajêng liwat dening duka | bok iya sun êdohane | sun api-api mutung | sigra mundur pangran alinggih | munggèng pojoking tilam | alênggah pitêkur | kidul [ki...]
--- [f. 94v] ---
[...dul] kilèn prênahira | dangu-dangu asare ngujur gaguling | mingsêk-mingsêk karuna ||
59. sang juwita mèsêm jroning ati | aningali maring kakungira | mingsêk-mingsêk sasuwene | dènnya sare dhakukul | ing papojok ngrangkul gêguling | sang dyah ing tyas sumêlang | wlas mulat ing kakung | emut wêlinge kang rama | bok iyaa sun ecanane kang ati | priyayi Mêngkuratan ||
60. sang juwita kèwêdan ing galih | lamun ingsun mara mêronoa | katon têmên lamun sêmbèr | mênênga bae ingsun | iya wêlas têmên ningali | ing si dhêngkah kinêrah | ing Wêlănda sèwu | ya ta na kang sêsaosan | munggèng bokor salak jambu lawan manggis | dhuku manggis nonoman ||
20. Sinom
1. sang ayu nulya anyandhak | bokor ingkang isi manggis | binalangakên ing raka | kêna wêntise sang pêkik | sang kusuma sarya ngling | sumakeyan[81] yèn wong agung | angkuh têmên si jênat | dhayohan dèn pitambuhi | yèn lungaa sapa sintên kang kelangan ||
2. pangeran kagèt ajola[82] | awungu nanging tan angling | lajêng api-api nendra | sang dyah saya brêkas-brêkis | sumakeyan wong singgih | anu thithik nuli [nu...]
--- [f. 95r] ---
[...li] mutung | jênat sun amit kesah | tumurun sa[83] liring sari | miyak gubah pangran tangi dhurakalan ||
3. nyandhak asta saking wuntat | saha lingya ngarih-arih | dhuh mas mirah aja kesah | dadya punapa kang kari | têmah nêmahi pati | durung ana tuwasipun | nadyan silih pêjaha | yèn sampun amisik ing sih | ing kusuma amêdhari purasmara ||
4. nguculi paningsêtira | cindhe puspita tinêpi | pangran awala kewala | ingêmban sa liring sari | tansah amiwal kapti | jênat udhunêna ingsun | sun mulih Kapugêran | anèng kene nênyampuri | ing wong agung manira iki wong apa ||
5. pangran baud ing asmara | wus tate misik kênya di | amanggih rêtna susila | ginontoran ing pangrêmih | lwir satpada mangrêngih | mrawasa sarining tunjung | kincip puspita mulya | pinrih lunture kang sari | pangran arsa mawantah ing yudasmara ||
6. anggung srênggara kalangyan | lwir bramara nguswa sari | sang pinrih canggèh ing tilam | kagunturan sêbda manis | sang dyah asru ningsêti | maras ing manah sang ayu | kakung datan dêrana | sinarèkakên sang dèwi | jêlih-jêlih animbali enyanira ||
7. kang saos jawining gubah | sirêp sadaya aguling | mung kari [ka...]
--- [f. 95v] ---
[...ri] inyane sang dyah | awasta Nyai Sulastri | ing bokor saos warih | tinimbalan api turu | sang kusuma lingira | biyang tulungana mami | maras ing tyas manawa têmah pralaya ||
8. wong iki nora sarănta | tênagane mamêdèni | nora mambu sinatriya | ambêke parusa wani | ewa têmên kang ati | mulat ing wong rusu-rusuh[84] | têka sadaya-daya | bok dèn sêmanak sadhidhik | yèn rusaka sapa sintên kang kelangan ||
9. mèsêm Pangeran Dipatya | saya gumrêgêt ing galih | pratignya sadalêming tyas | luputa amêdhar sari | datan lanang sayêkti | yèn tiwas amurwèng lulut | ewuhing wong asmara | kang mêdhar sarining èstri | utamane kang parêng èstri lan priya ||
10. iku pantês ingaranan | campuhing asmara jati | têmune padha utama | arang bisa anglakoni | wong lanang jaman mangkin | akèh ingkang cara amuk | tan ngarah sarining dyah | mung nêpsune dèn turuti | upamane lir èstri tinumbuk minda ||
11. pangeran agya angrurah | rarasing wastra sang dèwi | ngêsês sambat suthik sungkan | manawa banjur ngêmasi | pangeran mèsêm angling | kang ora-ora mas ingsun | lah mara atakona [atako...]
--- [f. 96r] ---
[...na] | marang Si Biyang Sulastri | lamun ana adate kang kuna-kuna ||
12. pawèstri mati ing tilam | ikang pinurwa ing gati | sang lir antanu ngandika | kaya pa Biyang Sulastri | kênya tinêmbèng rêsmi | ingsun awêdi yèn lampus | ingsun durung jêjagang | durung duwe obat mimis | sungkan mapag ing rana măngsa mênanga ||
13. enyane matur anêmbah | ingkang botên-botên gusti | ngantosa dhatêng antaka | kawula amanggih nukil | kênya tinêmbèng rêsmi | mindhak bisa ulah ayu | mandah-mandah pêjaha | malah mindhak akêmini | tur walagang gandhang-gandhang jaluk kakang ||
14. suka Pangeran Dipatya | ngandika wacana manis | lah ênya biyang sun ganjar | sêsupe mirah kêkalih | ni enya glis atampi | sang kusuma tansah ngungun | myarsa aturing inya | wus asrah jiwa ing laki | pangran agya angrêbut rarasing wastra ||
15. tan kêna yèn winarnaa | solahing asmara prêni | sang ayu wus kaprajaya | kantaka tan kêna angling | waspa mijil ngênèni | sinjang kêbês dening marus | pangran awlas tumingal | ing gêrwa arêmih-rêmih | nguswa madya waspa mijil ingusapan ||
21. Mijil
1. agya enya Sulastri tur warih | wêning anèng bokor | kakungya[85] [ka...]
--- [f. 96v] ---
[...kungya] ge notyani grahane | wadananira anawang sasi | riyêm-riyêm lagi | kalamukan mêndhung ||
2. pangran angrarêmih anungkêmi | ing sang akaluron | alênggaha jiwaningsun anggèr | lah tolèhên dasihira gusti | aja age lalis | paran polah ingsun ||
3. wadana wêlu tansah liningling | lir pradapa layon | kakung kalintang maras manahe | dening sang rêtna datan anglilir | kang mêntas kagati | kadrêsan ing jawuh ||
4. dening kênya kêkaduk ing rêsmi | kawratan ing langon | kumyus swanitaning anggane |[86] anglalêntrih lir pindah laywaning | apsari sulastri | manêmbah umatur ||
5. gusti sambutên sang kadrêsan sih | asangêt kalêson | pangran agya anambut gêrwane | binêkta mijil parêkan cèthi | sadaya tut wuri | mring patirtan rawuh ||
6. wusnya siram asalin wastra di | sinambut sang sinom | mring kakunge wangsul ing pantine | karang karêsmèn antya kang asri | lir kaswargan ngalih | gănda mrik sumruwung ||
7. sang pinangantyan ing tilam linggih | sang ayu nèng pangkon | lir sudama kasêdhu[87] ngririse | sarawungan pracalita rêsmi | mêlik-mêlik asri | kamantyan kang dulu ||
8. sagung para rabining priyayi | kang padha asaos | kumarêbêt padha tangi kabèh | bêdhug tiga wayahirèng [wayah...]
--- [f. 97r] ---
[...irèng] wêngi | umyang para manis | padha atêturuh ||
9. Ratu Kulon tan antara prapti | têtilik mring gandhok | langkung tustha mulat ing putrane | wus anarka yèn sampun sarêsmi | kacihna ing warni | ijo alum-alum ||
10. tatas raina kawarna enjing | hyang aruna miyos | para manis asawega kabèh | ngayap pangantyan kawarnèng jawi | Patih Soda nênggih | pêpêk gamanipun ||
11. Radèn Arya Sindurja kawarni | sawadyarsa saos | wusawega[88] tata gêgamane | anèng lêlurung awarni-warni | têngêran marnèni | bandera bul-umbul ||
12. nulya bubar rahadèn apatih | panangkilan rawoh | pra nayaka wus kapanggya kabèh | sagêgaman asri warni-warni | lir prawata sari | jêjêl ngalun-alun ||
13. ingkang saking kapatihan asri | lir langên jro langon | banthèng kalêlaton banderane | wong anom-anom lancingan abrit | lêlurahe sami | udhêng gilig wungu ||
14. gaman saking Karawanan asri | abandera ijo | ciri abang ing têngah prênahe | celung tibèng pandhan ranirèki | wongira kulambi | ijo udhêng wungu ||
15. gaman Wirawidigda winarni | atêngêran dodol | sinantênan wungu ciri putèh | wongira matang myang te Saragni | sadaya
--- [f. 97v] ---
kulambi | bang lancingan biru ||
16. gêgaman Mangkuyudan marnèni | lan Natayuda wor | kidang tawan kanin banderane | têngran Sumabratan sêkar pari | abang têngah kuning | Mangunnêgarèku ||
17. banderanira gadhung malathi | gêgamanira wor | Kawirarêjan sri banderane | langking aciri wênara putih | wongira Saragni | akulambi wulung ||
18. Suratani abandera putih | aciri bang ijo | irêng gêmpung ing tirah wastane | gêni roga wong Kaputran asri | têtindhihing baris | Ki Patih Sodèku ||
19. myang kang para lurah busana sri | têngran pari anom | abang kuning ijo têtirahe | paninggare lan wong matang jinggring | akulambi kuning | udhêng ijo dadu ||
20. umbul-umbul tinon amarnèni | payung agung abyor | akèh yèn winarna tanna wise | langên-langêning gêgaman sami | Pangeran Dipati | Pugêr kang winuwus ||
21. anèng dalêmira wus sakenjing | dènira sêsaos | asawega myang para putrane | Radèn Sudira lan Radèn Mêsir | andhèr anèng ngapti | sadaya pra sunu ||
22. lagya wiwit samya dèn kampuhi | kramane sang sinom | Radèn Sudira kang tuwa dhewe | kampuh jingga alancingan wilis | bangbang awak manis | layak wani kewuh ||
23. Radèn Mêsir warnanira pêkik |
--- [f. 98r] ---
kampuh ijon-ijon | sabuk renda rangdhi lancingane | lêncir pamulunira akuning | lamun winatawis | asugih pêpurun ||
24. Radèn Papak kampuhe mantêsi | pan sambagi cêplok | alancingan wutu[89] pamulune | irêng manis tingalira lindri | sêmu wani ngêlih | graitèng pakewuh ||
25. Radèn Kawa pamulunira brit | pasariran rogok | pinodhang-podhang tumpal kampuhe | lancingan biru pantês lêpasing | wicara kang saking | padmi kang winuwus ||
26. Dyan Surya kampuh gadhung malathi | obra pinaraos | alancingan cindhe kênangane | pamulunira ambêngle keris | dadêgnya[90] rêspati | pidêksa abagus ||
27. sêmu lêlèmèrên ing pawèstri | ingkang rayi karo | Radèn Sasăngka Dyan Sudama Nèm | maksih timur putra kang kêkalih | dèrèng dèn kampuhi | ing nguni pra sunu ||
28. dèrèng wontên sinungan kêkasih | nênggih kang dèn antos | ingkang raka dyan ayu kramane | dadya sami sinungan kêkasih | Radèn Sudirèki | sinungan jêjuluk ||
29. Radèn Suryakusuma namèki | Dyan Mêsir winaon | Radèn Martataruna wastane | Dyan Khawa ran Dipatarunèki | Dyan Papak kêkasih | Dyan Ăntawiryèku ||
30. wus samya sira sinung kêkasih |
--- [f. 98v] ---
putra ingkang miyos | saking kang gêrwa padmi ibune | Radèn Surya sinungan kêkasih | ambêkta nama lit | ran Suryaputrèku ||
31. dening putranira kang kêkalih | maksih timur karo | Radèn Săngka lawan Sudamane | tarap ingarsa kang para siwi | pangran ari kalih | Kapugêran rawuh ||
32. sira Pangeran Arya Matawis | kandhêg anèng regol | lan Pangeran Arya Panulare | sigra ingandikan manjing panti | kalih praptèng ngarsi- | ning raka cumundhuk ||
33. kawarnèng pura sri narapati | ingayap pra sinom | animbali maring pangantène | putra-putri pinaripurna di | binonyo[91] ing sari | dinus ing toya rum ||
34. rinênggèng ing busana kang adi | Pangran Dipatya Nom | kampuh putih pinutihan lare | alancingan cindhe puspita di | paningsêt mantêsi | mas tinali datu ||
35. akuluk magak dhasar barêci | dening sang lir sinom | sinjang cindhe kananga kampuhe | kapurănta tinut ing mas adi | lir layoning sari | ijo alum-alum ||
36. anayaka sêsotya rinukmi | asêngkang lêluron | wus ginănda sri nata winancèn | jinaladara gambir malathi | yèn winarnèng tulis | akathah winuwus ||
37. sigra kinanthi astanya kering | dening kakungya lon | ibu sori kang anèng têngêne | datan adangu lampahe prapti | ing ngarsa nêrpati | parêng
--- [f. 99r] ---
ngaras suku ||
38. angandika sang sri narapati | dhuh atmajaningong | dèn abêkti nastitia ngêne | miwah sira kaki Adipati | dèn awlas ing rabi | rinira lir juruh ||
1 | Tanggal: walu lang winayang prabu (AJ 1608). Tahun AJ 1608 jatuh antara tanggal Masehi: 9 Desember 1684 sampai dengan 27 November 1685. Lihat juga: naga sirna angrasa wani (AJ 1608) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 111.9.5–6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.9. 5–6); gajah lunga kawayang jalma (AJ 1608) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 132.9.5–6). Sangkala ini mengacu pada peristiwa pertempuran malam antara pasukan Untung Surapati dan Kapitan Êtak (VOC), yang berujung pada kematian Kapitan Êtak. Kejadian ini menandai ketegangan militer antara Kartasura dan VOC yang makin meningkat. (kembali) |
2 | yayi ( dan di tempat lain) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 132.14.3). Bandingkan: adhi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 111.14.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.14.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.13.3). (kembali) |
3 | tumpês. (kembali) |
4 | mariyêm. (kembali) |
5 | kinèn (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.71.6; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 132.72.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.91.6; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 111.72.6). (kembali) |
6 | wus sami. (kembali) |
7 | Kurang satu suku kata: pra punggawa wus sami alênggah. (kembali) |
8 | kanthil (dan di tempat lain). (kembali) |
9 | lutnan. (kembali) |
10 | lutnan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 112.16.7;Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.16.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 133.13.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.7.7). (kembali) |
11 | anyandhak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.16.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 133.13.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 112.16.9). Bandingkan: nyandhak (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.7.9). (kembali) |
12 | bandakalani. Bandingkan: ambăndakalani (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 112.20.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.20.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.11.1). (kembali) |
13 | mring (dan di tempat lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 112.26.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.26.3). (kembali) |
14 | pêcêl (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.38.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 133.35.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.29.2). (kembali) |
15 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: raywa kêkalih tut pungkur (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 119.7.3); sabat kêkalih tut pungkur (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 134.7.3); arya kêkalih tut pungkur (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 44.6.3). (kembali) |
16 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kaya nora sampurna ing sapta tangsu (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 119.14.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 44.13.5); kaya nora sampurna ing pitung tèngsu (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 199.5.5); kaya nora sampurna ing sangang dalu (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 134.14.5). (kembali) |
17 | iring (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 199.7.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 44.15.7). (kembali) |
18 | êndhasa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 119.18.3; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 199.9.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 44.17.3). (kembali) |
19 | lan. (kembali) |
20 | Madura. (kembali) |
21 | Tanggal: têrus sirna rêtunèku (AJ 1609). Tahun AJ 1609 jatuh antara tanggal Masehi: 28 November 1685 sampai dengan 16 November 1686. Sangkala ini mengacu pada penghancuran total sebuah benteng perlawanan di Jawa Timur dan kemunduran Tumenggung Jangrana dari wilayah tersebut. Peristiwa ini menunjukkan kekalahan pihak lokal terhadap pasukan yang didukung VOC, dan menjadi salah satu momen penting sebelum konflik lebih besar dengan Surapati. (kembali) |
22 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus jangji lan si kumêndur (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 134.35.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 44.36.3); nèng Japara lan kumêndur (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 199.27.3). (kembali) |
23 | enjing (dan di tempat lain). (kembali) |
24 | Kurang satu suku kata: kang sinuhun mèsêm angandika arum. (kembali) |
25 | Terdapat dua sandangan: binêktèng atau binèktèng. (kembali) |
26 | Kurang satu suku kata: mulih maring Pajang ing sang ayogi. (kembali) |
27 | warti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 112.2.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 135.2.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 45.2.7). (kembali) |
28 | tinangkil. (kembali) |
29 | Kurang satu suku kata: duk ginêtak watang mêsat angêmbara. Bandingkan: mêsat marang gêgana sarêng praptaya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 112.8.1); mêsat marang gêgana sarêng praptanya (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 135.8.1;Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 45.8.1). (kembali) |
30 | Kurang satu suku kata: kaya priye yèn nora sun turutana. Bandingkan: nanging ingsun iya măngsa pitayaa (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 45.10.1). (kembali) |
31 | bakal. Bandingkan: kanggo (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 45.10.4). (kembali) |
32 | Kurang satu suku kata: kulambi sangkêlat kuning. Bandingkan: abajo sangkêlat kuning (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 112.20.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 135.21.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 45.21.5); abaju sangkêlat wilis (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 202.9.5). (kembali) |
33 | sabit. (kembali) |
34 | wus sumyur (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 112.47.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 202.26.1). Bandingkan: wus mawur (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 135.38.1). (kembali) |
35 | jêr ingsun. (kembali) |
36 | praptèng (dan di tempat lain). (kembali) |
37 | anèm. Bandingkan: anom (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 112.49.1); mudha (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 202.28.1). (kembali) |
38 | kandhutannèki. (kembali) |
39 | asta. (kembali) |
40 | anèng ngarsa (dan di tempat lain). (kembali) |
41 | salawe (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 45.101.5). (kembali) |
42 | panumbake. (kembali) |
43 | Bandingkan: Nyoman Luyangan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 112.115.6); Nyoman Guyangan ([Macapat]); Nyomat Guyangan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 135.100.6). (kembali) |
44 | ingsun (dan di tempat lain). (kembali) |
45 | Kurang satu suku kata: ênêngakna jêng sri narapati. Bandingkan: tan winarna kangjêng sri bupati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.1.1); kawarnaa kang mangun ajurit (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 136.1.1); datatita lingira ing nguni (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 46.1.1). (kembali) |
46 | yèn nêgara. (kembali) |
47 | anganyut tuwuh. (kembali) |
48 | gêlêm manira. (kembali) |
49 | kêpama. (kembali) |
50 | alinggih. (kembali) |
51 | lampahira. (kembali) |
52 | makrifat tantra. (kembali) |
53 | paworing. (kembali) |
54 | mring (dan di tempat lain). (kembali) |
55 | tyas suhul. (kembali) |
56 | wus siyang (dan di tempat lain). (kembali) |
57 | ngandika. (kembali) |
58 | madhang. (kembali) |
59 | wus sarwa. (kembali) |
60 | barkat tuwan. (kembali) |
61 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang kêkalih Jawi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 113.6.5). (kembali) |
62 | sinêngkakkên (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 113.6.6). (kembali) |
63 | Kurang satu suku kata: norana gêrwa ingkang mêdali. (kembali) |
64 | winarni. (kembali) |
65 | wus samya (dan di tempat lain). (kembali) |
66 | andikane. (kembali) |
67 | inyanira. (kembali) |
68 | gêdhene (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 113.40.3). (kembali) |
69 | têsmak (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 113.56.3). (kembali) |
70 | Lebih satu suku kata: nadyan ing jro supêna tan manggih. Bandingkan: nadyan untap-untapan tan manggih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 113.57.4). (kembali) |
71 | Terdapat dua sandangan: putraning atau putrane. (kembali) |
72 | kalawan. (kembali) |
73 | malarat. (kembali) |
74 | yèn nata (dan di tempat lain). (kembali) |
75 | Terdapat dua sandangan: kêtib atau kêtèb. (kembali) |
76 | Sitinggil. (kembali) |
77 | langêne. (kembali) |
78 | mintar. (kembali) |
79 | minggah. (kembali) |
80 | tilamsari. (kembali) |
81 | sumangkeyan (dan di tempat lain). (kembali) |
82 | anjola. (kembali) |
83 | sang (dan di tempat lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 117.2.8). (kembali) |
84 | rusuh-rusuh. (kembali) |
85 | kakungnya (dan di tempat lain). (kembali) |
86 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kumyus syaning ăngga karingête (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 118.4.3). (kembali) |
87 | kasêndhu. Bandingkan: kang sêndhu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 118.7.3). (kembali) |
88 | wus sawega (dan di tempat lain). (kembali) |
89 | wungu. (kembali) |
90 | dêdêgnya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 118.30.5). (kembali) |
91 | binlonyo. (kembali) |