Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 18, Rê Lê, 30 Bêsar Jimawal 1869, 2 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [261] ---

Ôngka 18, Rê Lê, 2930. Bêsar Jimawal 1869, 2 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tanggap Warsa - Adêging Tugu Pèngêtan ing Salatiga - Bab Gôngsa - Kawontênan ing Tiongkok - Pilêm Kolonisasi - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Tanggap Warsa Jimawal 1869

Silêming taun Ehe 1868 dhawah wontên ing dintên Rêbo Lêgi, kêsundhul gumantosing taun Jimawal 1869 tinampi ing dintên Kêmis Paing, taksih môngsa kasanga.

Miturut lampahing môngsa, taksih winêngku ing môngsa jawah, ing pundi-pundi kèbêkan toya, sumur-sumur pinanggih cèthèk, kantun nyawuk toyanipun. Kawontênan punika mugi dadosa pasêmon, bilih ing taun Jimawal punika badhe sarwa mirah sandhang têdha.

Palêthèking taun Jimawal punika, araos anèm mênggahing taun, namung tumraping tiyang, rumaos sampun ngancik ing taun enggal, atêgês umuripun saya mindhak sêpuh. Indhaking umur wau, tumraping lare sagêda kabuka ing manah anggèning badhe ngambah pasinaon. Tumrap lare ingkang sampun ngumur, sagêda anglênggahi anggèning sampun wiwit tumapak ing kadiwasanipun, sagêda nyumêrêpi tuwin angambah wontên ing jaman ramening donya, saha pangambahipun sagêda wilujêng kanthi kabagyan. Dene tumrap para sêpuh sagêda ngêlon-loni anggèning badhe sèlèh bêbêktan, wusana amanggih ènthèng tuwin padhang ing batos.

Kajawèn sakukubanipun anglairakên raosing manah, mugi tumapaking taun Jimawal sagêda damêl pirênaning para maos. Kasêmbadaning sêdya wau atêgês: wilujênging sadayanipun.

Amin.

--- 262 ---

Adêging Tugu Pèngêtan ing Salatiga

Sambêtipun Kajawèn nomêr 17.

Satêlasipun lagu Wilhèlmês, panjênênganipun pangarsa P.P.B., kajarwa nginggil lajêng ngaturi Paduka Radèn Ayu Pangeran Arya Sunarta, mugi karsaa masang sela ingkang kawitan minôngka adêging tugu. Panjênênganipun Radèn Ayu Pangeran ugi lajêng karsa nindakakên saprêlunipun. Sarampungipun masang kinurmatan ungêling bom tuwin musik lagu Wilhèlmês.

[Grafik]

Nyonyah asistèn residhèn nuju anggunting pita oranyê.

Sarêng ungêling musik sampun kèndêl, panjênênganipun pangarsa P.P.B., lajêng nyuwun dhatêng panjênênganipun Radèn Ayu Adipati Arya Purbadiningrat, mugi karsaa ambikak ulêsing tugu. Panjênêngan Radèn Ayu Adipati Arya Purbadiningrat ugi lajêng nindakakên saprêlunipun. Sarèhning lingiripun tugu tiga, pramila panjênênganipun Radèn Ayu Pangeran Arya Sunarta lajêng amitulungi sarta ngaturi panjênênganipun Radèn Ayu Tumênggung Arya Cakraamipraja karsaa ambikak ulês wau. Dados tangsul urunging tugu lajêng kaasta ing para agung putri têtiga, kacènèng mangandhap sêsarêngan, mak lap kados dipun sulap, lajêng kinurmatan ungêling bom tuwin musik lagu Wilhèlmês. Saicaling urung, kêtingal tugunipun cêtha wela-wela angalela kados saèstu-èstua, adamêl cingakipun para nupiksa.

Mênggah tugu wau inggilipun 4 m, wangun nistha tiga, ing nginggil lancip, warninipun ijêm pating plênik saestha granito, rinêngga ing plisir marmêr, sêratanipun wontên ing marmêr. Pêpêthan wau ingkang kadamêl dalancang kardhus, kaêcèt manut wujuding marmêr tuwin granito, mèmpêr sangêt, kados wujudipun marmêr tuwin granito saèstu. Sadaya pêpêthan mèmpêr kados wujudipun ingkang sayêktos. Ing pucuk wontên pêpêthanipun dara pêthak. Ing têngah wontên pêpêthan makutha kraton Nèdêrlan kinubêngan ing pêpêthan rontal (lontar). Ing ngandhap wontên sêratanipun warni tiga, cara Walandi, cara Mlayu, tuwin cara Jawi. Ingkang cara Walandi wontên iring têngên, ungêlipun makatên:

Dit monument is opgericht ter eere van de geboorte van Prinses... op den 31-1-1938.

Cêcak-cêcak punika papan asmanipun sang putri ingkang nêmbe miyos. Mila dèrèng dipun sêrati,

--- 263 ---

saking pangintên kula dèrèng sumêrêp asmanipun. Benjing manawi wontên ing marmêr saèstu cêcak-cêcak wau masthi dipun sêrati asmanipun sang putri, inggih punika: Beatrix Wilhelmina Armgard.

Ing raèn sisih kiwa sêratanipun cara Mlayu, ungêlipun makatên:

Akan menjadi symbool kekuatan dan kesempurnaan pengharapan yang suci bersetia dan damai dibawah makota Raja Nederland.

Ing raèn wingking sêratanipun cara Jawi mawi aksara Jawi, ungêlipun makatên:

Pisungsung saking pakêmpalanipun para priyantun pènsiun ing Salatiga.

Sakèndêlipun Wilhèlmês, panjênênganipun pangarsa P.P.B. lajêng angaturi panjênênganipun Radèn Ayu Adipati Arya Rêksanagara, supados karsa anêrangakên pikajênganipun ingkang kacêtha ing tugu. Panjênênganipun wau inggih lajêng karsa minangkani kanthi suka pirênaning panggalih. Nuntên majêng jumênêng ing têngah maos andharanipun cara Jawi, suraosipun kirang langkung makatên:

Kanthi bingahing manah kula nampèni panêdhanipun pangrèhing pakêmpalan, supados kula amêdhar sabda tumrap amiwiti ngadêgakên tugu kaurmatan.

Langkung rumiyin kula suka wilujêng dhatêng sadaya ingkang sami rawuh tuwin matur nuwun dhatêng para tamu, langkung-langkung dhatêng Kangjêng Tuwan Asistèn Residhèn sakalihan nyonyah.

[Iklan]

Wondene ingkang kula aturakên, inggih punika sapintên agêng miwah bingahing manahipun sadaya kawula krajan Nèdêrlan, sarêng mirêng bilih ingkang minulya Rajaputri Juliana sampun ambabar miyos putri kanthi kasugêngan, botên kirang satunggal punapa. Amargi inggih mila punika ingkang dados pamanahan tuwin pangajêng-ajêng kita.

Awit saking makatên, kita suwunakên dhatêng Pangeran Ingkang Maha Sukci Allah, mugi-mugi sang putri, ingkang nêmbe miyos punika pinaringana bagya ywana, lêstantun widada raharja salajêngipun, sumarambahipun dhatêng ingkang ibu, ingkang rama, makatên ugi dhatêng ingkang eyang, inggih punika pêpundhèn kita ingkang minulya Kangjêng Sri Maharaja Putri Wilhelmina.

Mênggah bab kabingahaning para kawula wau botên namung kacihna saking wontêning warni-warninipun ingkang awujud kramean, saha botên namung ing nagari-nagari ingkang agêng-agêng kemawon, nanging ing Salatiga, [Sa...]

--- 264 ---

[...latiga,] sanajan papan alit tur parêdèn, sadaya para kawula ingkang sampun pènsiun, ingkang sapunika sami kêmpal wontên ing ngriki, bingahing manah tuwin kasêtyanipun kanyatakakên sarana satunggiling tôndha pangèngêt-èngêt, ingkang ing wêkdal punika badhe kawiwitan panggarapipun.

[Grafik]

Radèn Ayu Pangeran Arya Sunarta nuju masang sela ingkang kawitan.

Tugu punika ngêmot pralampita utawi pasêmon, pêpêthanipun kados ingkang katingal punika:

1. Wangunipun nêstha tiga: (Gelijkzijdige driehoek) punika dados pralampitaning kasampurnan (volmaaktheid), têgêsipun inggih punika: sampun kasêmbadan sadaya pangajêng-ajêng kita.

2. pangajêng-ajêng kita wontên ing tugu punika mawi pasêmon warni ijêm. Ijêm ugi atêgês: gêsang. Ing agami Islam warni ijêm dipun wastani: warni ingkang mulya. Miturut dongèng utawi rayatwirayat. amratelakakên: warni ijêm panariking Allah.

Warni pêthak panariking manungsa.

Tumrap bôngsa Walandi: ijêm punika atêgês hoop (pangajêng-ajêng).

Ing sêrat Jawi anêrangakên: sêsotya ingkang warninipun ijêm sagêd nyarasakên sêsakit tuwin adamêl indhakipun rajabrana.

3. Wondene pangajêng-ajêng kita ingkang prêlu piyambak inggih punika: katêntrêman (vrede), ing ngriki dipun sukani pasêmon (simbol) sarana pêpêthan: rontal (lontar).

Ing sanginggiling lontar wontên pêpêthan makutha krajan (kroon), makutha punika dados simbolipun ratu. Dados têgêsipun simbol kêkalih wau: sampun têntrêm saha pikantuk pangayoman saking makutha krajan Nèdêrlan.

4. Ing pucaking tugu punika wontên pêpêthan pêksi dara pêthak. Pêksi dara dados simbolipun: sêtya (trouw). Warni pêthak têgêsipun: manah suci. Punika dados pasêmon: kula sadaya ingkang sampun sami pènsiun yêktos sêtya tuhu kanthi sucining manah.

Sadaya wau ngalêmpak dados satunggal wontên ing tugu ingkang wangun nêstha tiga, sampurna kalaksanan tumrap ing sarira dalêm ingkang minulya Kangjêng Sri Maharaja Putri tuwin nagari Nèdêrlan sajajahanipun. Amin.

Saparipurnaning wêdhar sabda wau lajêng kinurmatan ungêling musik lagu Wilhèlmês binarung ungêling gôngsa sarta kêplok mawurahan.

--- 265 ---

Anggènipun nindakakên tumindaking upacara wau mawi tatanan ingkang saklangkung prayogi sangêt, botên wontên ingkang cawuh utawi worsuh, agêngipun kisruh. Kathah ingkang sami nyêlaki mramanakakên kawontênaning pêpêthan tugu, sami kakintên bilih punika tugunipun ingkang saèstu. Murih sampun ngantos adamêl kêlintuning pamanggih, ing hèking pêpêthan tugu wau lajêng dipun pasangi sêratan ungêlipun: Ini imitatie, yang betul akan dibikin.

Wasana wilujêng ingkang pinanggih.

Pênonton.

Tanggap Warsa

[Dhandhanggula]

Suka-suka binarung mêmanis / sanityasa gambirèng wardaya / awarna tanggap warsane / kang Jimawal puniku / sinangkalan dahat mantêsi / têrusing obahira / mangèsthi rahayu /Sengkalan : têrusing obahira mangèsthi rahayu (1869 A.J., 1938/39 A.D.). mêmayu hayuning jagad / sumarambah mring sagung pra titah sami / sumarah karsaning Hyang //

gya kawuri ingkang Ehe warsi / wus sung warah ring sagung pra janma / wijang-wijang papintane / kang bênêr myang kang dudu / rasakêna dipun nastiti / titinên jroning nala / linglingên satuhu / tuhokna dimèn kinarya / gêgancangan ing gêsang lair myang batin / prasasat guru jagad //

sakyèhira lêlakyanirèki / pan kinarya pêpelinging gêsang / nadyan ingkang salah wèngwèng / miwah panggawe dudu / dêdalane asoring dhiri / rinoda paripaksa / biratên dèn gupuh / sigra-sigra babadana / ing ngagêsang aywa tansah ngrêrubêdi / sirna sagung rubeda //

de kang bênêr pinardi lastari / rungkêbana tumêkèng dêlahan / tiniru anak putune / tumurun tumaruntun / tinuntuna pinurih bêcik / cake mring karaharjan / loking jana punjul / asmanta mangambar-ambar / mrik awangi ngèbêki kang bawanadi / tansah dadya pocapan //

waspadakna kang Jimawal warsi / upamakna ingkang kartas seta / tanna tètèsing mangsine / nging maksih katon pingul / mangkya sira kang nguwasani / tumrap isining kartas / marma dipun emut / mring sagung kang wus kalakyan / gya saringên pinêsu ngupadi sari / surasèng pangalaman //

tinilara sakèh kang tan yogi / yogya emut mring ponang sanepa / salwir bêciking panggawe / samya lumaku lulus / ywa kasandhung laku tan yukti / haywantuk sambekala / kasidaning laku / datansah tumanêm ing tyas / ywan sakèhing kotaman panggawe bêcik / lulus salaminira //

sun sêsuwun mring Hyang Mahasuci / manpangatnya kang Jimawal warsa / tumrapa ring pamaose / Sang Dyah kajawènipun / ginanjara suka basuki / ing mangkya trus ing benjang / paptèng akiripun / tan ana sakara-kara / kalêksanan sakèh kang cinipta dadi / dêdalaning kamulyan //

Sala.

--- 266 ---

Kagunan Jawi

Bab Gôngsa.

Pangrêmbag kula bab gôngsa kalihan Tuwan Sumadi ingkang kaping kalih. Pitakenan kula têmbung prunggu dados gôngsa, gôngsa dados gamêl, gamêl dados êmban punika paringipun katrangan namung kados ingkang sampun dipun pangandikakakên kawitan. Mênggah sêsêrêpan kula kados ngandhap punika.

Saking pangandikanipun Kiyai Radèn Ngabèi Gunapangrawit, abdi dalêm panèwu iyaganiyaga. ing kraton Surakarta ingkang sampun yuswa sangang dasa nêm taun, badhening gôngsa punika saking têmbaga kalihan rêjasa, dipun cêkak namung gasa. Kajawi punika basa Jawi kina mastani gangsa, têgêsipun inggih têtabuhan. Anggènipun nama gamêlan punika ing sêrat Cênthini Lêmbuasta nyêbutakên, mila nama gamêlan, têgêse gamêl nyêkêli, ungêlipun tinabuh kalawan tangan.

Pitakèn kula bab boyongan dhatêng Bali, panjawabipun Tuwan Sumadi namung aluran kojah ingkang botên mawi prabot katrangan kawontênan ing Majapait lan ing Bali kala jaman samantên. Ingkang makatên punika ingatasing ngrêmbag aluran ingkang gandhèng kalihan babad wontêning pawartos umum (Kajawèn) namung gêgaran kojah ingkang tanpa prabot pantês punika punapa inggih sampun mungguh dipun uningani ngakathah.

Panjawabipun Tuwan Sumadi bab tiyang Jawi punapa inggih tamtu sagêd dhatêng laras slendro kalihan pelog punika panjawabipun anèh sangêt, la tiyang tamtu sagêd kathik dipun dèkèki ancêr-ancêr, wah badhe nglairakên ginêm, yèn botên sadaya tiyang Jawi mangrêtos dhatêng laras wau nanging kadamêl rêmit. Hara ta jawaban ingkang makatên wau punapa botên anggumunakên, la tiyang ngandika tamtu sagêd, kathik têgêsipun botên sadaya sagêd.

Bab centhangan sêkar lagu pelog namung tiga... punika kula mêmuji sokur ing Allah dene Tuwan Sumadi sampun karsa mastani okol-okolan, ananging gumuning manah kula kathik taksih ngêngkoki dhatêng ukara, cêkakipun sêkar durma, mijil, mêgatruh, punika sêkar lagu pelog, dene artati, sinom, pangkur lan kathah malih punika sêkar lagu slendro, anggèn kula gumun wau dene sêkar lagu pelog botên mawi ukara kathah malih, ananging lagu slendro mawi ukara kathah kamalih,malih. makatên punika ingkang lagu pelog punapa kenging dipun suraos kajawi tiga taksih kathah malih.

Pitakenan kula, kala punapa wiwitipun sêkar lagu slendro dipun pelogakên, utawi sêkar lagu pelog dipun slendrokakên, têgêsipun ingkang kula pitakèkakên wau wiwitanipun, jêbul dipun jawab patraping pangêlihipun, la manawi patrapan pangêlihipun kemawon botên susah mawi gambang, sanadyan namung sakajêng-kajêngipun [sakajê...]

--- 267 ---

[...ng-kajêngipun] ingkang rêngêng-rêngêng piyambak inggih sagêd kemawon, janji sampun lêbda dhatêng raos sledro pelog. Katranganing jawaban wau mawi ungêl-ungêlan, bokmanawi têmbangipun dhandhanggula, ananging manawi dhandhanggula, punika dhandhanggula risak, awit cacahing aksaranipun kathah ingkang kirang kalihan tirah, inggih punika wiwit saking ungêl-ungêlan, santri tani tanapi agrami, suwita mring sri narendra, punika sami tirah saaksara, lajêng -manusup mring samun, lêrês. Lajêng, mrih têkaning sêdya, sapanduke panduming dumadi, punika sami kirang ngalih aksara, lajêng ingkang dadi srana, punika tirah saaksara, sarêng ngalih dhatêng pelog, lajêng aruhana sagung pakarti... ngantos sapupuh, la punika têmbung punapa manawi taksih dhandhanggula kok namung 8 aksara, manawi santun têmbang, thik tanpa katrangan, ingkang makatên punika rak inggih ngodhêngakên tiyang.

[Iklan]

Pitakèn kula bab 7 suwantêning suling dados bibiting gôngsa punika panjawabipun warni kalih, ingkang sapisan ngakêni, eman sangêt dene botên priksa, kaping kalih ing panjawab 7 suwantêning suling ngriku kenging (sagêd) kangge paugêraning laras. Jawaban ingkang kaping kalih wau manawi dipun wawas saking jawaban kapisan, punapa lajêng botên dhapur ngingêr basa ngêlih surasa. Badhe kasambêtan.

Kodrat, Batawi Sèntrêm.

--- 268 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok.

Saya dangu tandangipun wadya Tiongkok saya katingal sêrêngipun, malah lajêng katingal anggènipun andhadhagi paprangan, ucapipun Tiongkok, taksih kadugi nandhingi mêngsah kanthi ngêtog karosan. Mila sanadyan kawontênanipun wadya Tiongkok ing Hanko badhe kêdhêsêk, Tiongkok ugi botên kêkirangan gêlar.

Mênggah têrangipun, kawontênanipun pabarisan Tiongkok ing laladan margi sêpur antawising Peiping kalihan Hanko tuwin sacêlakipun Kaipèng, inggih punika têlêngipun propènsi Honan, botên gadhah pangajêng-ajêng badhe unggul, malah têtiyangipun ing ngriku sampun pating salêbar pados pangungsèn. Wadya Jêpan tansah ngangsêg saha sagêd unggul. Ingkang makatên wau adamêl kêkêsing wadya Tiongkok, saha nyamarakên samôngsa wadya Jêpan sagêd nyabrang lèpèn Wangho, tamtu sagêd lulus tanpa sambekala. Dene anggènipun Jêpan nêmpuh ngriku punika prêlu dados margi ingkang kenging kangge ngajêngakên golonganipun. Nanging Tiongkok inggih sampun waspada bilih gêlaripun Jêpan ingkang makatên wau botên mitadosi, awit mangrêtos wadya ingkang nêmpuh ing ngriku punika botên sapintêna, dene wadya Jêpan ingkang santosa, punika dumunung wontên ing Sansi saha adêging pabarisanipun dipun perang dados tiga, katêmpuhakên dhatêng papan-papan ingkang langkung mikantuki. Gêlaripun Jêpan ingkang makatên wau taksih dipun kawahi dening Tiongkok, awit prêlu ngopèni panêmpuh alit-alit ingkang sampun nyakêti, ingkang kamanah langkung ambêbayani.

Tumrap wadya Tiongkok ingkang langkung santosa saha mitadosi, pinanggih wontên ing golongan wadya anggêgana. Kawartosakên wadya anggêgana Tiongkok campuh ing Taihoku tuwin Sinsiku ing laladan Pormosah, sagêd andhawahakên bom sadasa rambahan, ngantos adamêl karisakan agêng. Ing ngriku wontên montor mabur Jêpan cacah 40 sami karisakan, makatên ugi papan anggêgana ing ngriku ugi nêmahi karisakan. Tindakipun wadya anggêgana Tiongkok punika kêgolong purun anglanjak dhatêng sajawining wêwêngkon. Dados nama satunggiling kamajêngan ing paprangan punika.

Wiwit punika wadya anggêgana Tiongkok pinanggih saya purun saha ngrumaosi bilih kêkiyatanipun mitadosi, kathah papan-papan ingkang wigatos ingkang kenging dipun risak dening wadya gêgana Tiongkok, têlênging kitha Taiwan dipun dhawahi bom, andhawahi gudhang bènsin ing sacêlaking papan anggêgana lajêng bêbêsmi. Ing ngriku para ingkang unggul ing pêrang rumaos kalêgan, awit tindakipun punika nama sawêg kangge cobèn-cobèn. Sarèhning pinanggihipun anglêgakakên, lajêng gadhah sêdya saha kêdugi gêntos anglanjak [a...]

--- 269 ---

[...nglanjak] dhatêng Jêpan, badhe ngêbom papan parimatan obat mimis ing Osaka tuwin Tokio.

Sasampunipun punika wadya anggêgana lajêng ngambali nêmpuh Pormosah, nanging panêmpuh ingkang kaping kalih punika kenging dipun tanggulangi dening wadya Jêpan, amargi sampun mirantos.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, lajêng katingal bilih ramening paprangan punika kadosdene têmbean, makatên ugi lajêng katitik bilih asor unggulipun tansah pinanggih gêgêntosan. Ing ngriku lajêng wontên wartos jumêdhul, bilih paprangan punika sampun badhe kèndêl, Jêpan trimah anggadhahi laladan ingkang sapunika sampun dhawah ing panguwaosipun, saha lajêng badhe andèkèki wêwakil kanthi kawontênakên wadya kangge anjagi samôngsa katêmpuh ing mêngsah saking golongan Tiongkok. Kajawi punika ing Peiping ugi lajêng dipun anggêp sah dhawah panguwaos Jêpan.

Pawartos ingkang kados makatên wau saèstunipun tumrapipun Tiongkok nganggêp lôngka sangêt kalampahanipun, awit nyatanipun Tiongkok taksih gadhah tandang ingkang mitadosi. Botên gampil lajêng namung pasrah bongkokan, malah ing pangangkah, mirid kawontênan nêdya ngrêbat laladan ingkang sampun sami dhawah panguwaosing mêngsah, malah sêdya wau inggih sampun katingal dipun ayati tuwin sampun wontên nyatanipun.

[Iklan]

Ing sapunika wontên wartos ingkang gêgayutan kalihan kawontênan ing Tiongkok tuwin Jêpan, inggih punika ing bab anggèning Sang Hitlêr anyondhongi dhatêng Jêpan. Ingkang makatên wau lajêng nuwuhakên gêndraning bôngsa Jêrman ingkang wontên Syanghai, kawêkasanipun lajêng ngawontênakên parêpatan ingkang anggêlêngakên rêmbag anduwa anggèning Sang Hitlêr angabsahakên ngadêgipun Sukuo, pamrayogi wau kakintunakên lumantar telêgram.

Golonganing bôngsa Jêrman ing Syanghai inggih sampun angsal wangsulan saking Bêrlin, bilih anggèning nayogyani wau adhêdhasar gêgayutanipun kalihan pulitik, kêdah tumindak ing damêl sêsarêngan kalihan Jêpan, inggih punika ing bab among dagang.

Wangsulan ingkang makatên wau botên adamêl marêmipun golongan Jêrman ing Syanghai, lajêng kintun telêgram malih dhatêng Bêrlin, ingkang suraosipun JêrmakJêrman. langkung migatosna dhatêng babagan among dagang gêgayutanipun kalihan Tiongkok.

Kados makatên ubad-ubêding paprangan ing Tiongkok.

--- 270 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Pilêm Kolonisasi.

III.

Garèng : Lo, Truk, dadi kala samono kowe ethok-ethoke dadi Mênir Wèlêm, ta. Wèh, iki aku kok ora cocog babar pisan, Truk, mèk ana ing Batawi kene kowe manganggo cara drom-drom mêngkono, kuwi aku ora maido, sabab, wong-wonge ing kene kuwi campur-adhuk sênènjong godhog, lan umume iya padha pantalonan. Balik ana ing Ngayoja, ênggone uwong ngisor dhuwur... wiron mèphèt, têka nganggo cara sinyo, luwih manèh ana ing kono kowe srawungan karo para dara pyayi-dara pyayi luhur. Kuwi nèk mungguhing aku sêthithik-sêthithik iya dêgsura arane, awit kowe dhewe kuwi rak wong Jawa, êmbahmu iya Jawa, bapakmu iya Jawa, irungmu iya dhêpok kaya irung Jawa. Dadi wis mêsthine kowe ngrasuk panganggo Jawa. Apa anggonmu manganggo pantalon kuwi karêpmu supaya bisa pêrlop bètênbêswar pandhêlandhê... sêmbahe, sabab manganggo cara Lônda yèn banjur sêmbahe sedhokan, kuwi pantês yèn banjur diparabi Mênir Wèlêm Sêtrasarkara. Dadi iya ora beda karo wujude wong sing nganggo-anggo mangkene upamane: jarite wiron, klambine bêskap, nanging nganggo pèci, jênênge pantês-pantêse iya: Baguse Hasan Tarupala.

Petruk : Wiyah, kathik warna-warna mêngkono. Mungguhing aku, Kang Garèng, manganggo cara Lônda banjur nyêmbah, kuwi anggêre ora diwènèhi tuslah: brangkangan lan kalesedan bae, kok iya luwês, dhing, dadi kayadene carane suradhadhu urmat aliyas: saluwir kae. Wong aku wis ngalami dhewe ana ing Mangkunagaran, Kang Garèng, priyayi sing didhawuhi dening Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti, lo, kuwi têrus ngadêg anjêjêr karo nyêmbah: glothak, wadhuh, nyang pandêlêngan pancèn iya katon: gandês lan kèwês, malah miturut wawasanku, luwih luwês tinimbang suradhadhu saluwir, Kang Garèng. Mulane cara nyêmbah sing kaya ngene iki, iya banjur ora milih panganggo, bêbêdan utawa tapihan, iya pantês, pantalon utawa rok-rokan iya kèwês, tur nyang rasa iya ora ngênês sanadyan disawang ing bôngsa sing adate mung dlajigan bae. Kang iku mungguhing panêmuku, saupama cara tatakrama sing kaya ngene iki diratakake satanah Jawa kene, kiraku darajate bôngsa Jawa andadak mundhak sa... roti mêrtega tênan.

Garèng : Iki omongan cara apa, ana mundhak darajate têka saroti mêrtega.

Petruk : Nèk carane militèr kuwi, nèk militèr Jawa sarapane kêtan, nanging nèk bôngsa Ambon: roti mêrtega.

Garèng : Hus, wong sêmbrana, ana kok banjur nyêmoni sing ora-ora mêngkono. Wis,

--- 271 ---

wis, saiki caritakna nyang aku dhisik, kowe kuwi sajake kok banjur salin salaga, dhèk biyèn kêkêncênganamu, kluyuran nyang ngêndi bae, mêsthi manganggo cara Jawa, apa manèh nyang Ngayoja utawa Surakarta, anggonmu dandan cara Jawa saya mlithit. Lo kuwi aku iya pancèn mupakat bangêt, awit wong Jawa nganggo cara Lônda kuwi brêgas-brêgase bangêt, iya sa... Sinyo Rêbo, seje yèn meretan, rak gampang anggonmu disêbut: Mas Kêbayan. Mulane sapisan kiyi aku gumun bangêt, dene nyang tanah kêjawan têka kowe:... bukak kain, banjur nganggo pantalon. Dadi dhèk biyèn kowe ngajèni bangêt nyang panganggo cara Jawa, nanging saiki kok ganti haluan, apa saiki kowe wis tiru-tiru kêpengin disêbut: dara tuwan Lônda.

Petruk : Kang Garèng, sanadyan tumêkane saiki pisan, aku iya isih dhêmên lan isih ngajèni nyang panganggone bangsaku dhewe iki, sabab aku rumasa dhewe, yèn manganggo cara Jawa wujudku rada ana ambu-ambune Jaka Tingkir, sanadyan mung gundhule bae. Mung bae bangsane dhewe iki sêmu-sêmune saiki wis ora pati ngajèni nyang panganggone dhewe, nganti yèn lumêbu ing tanah kajawan, manawa isih bangêt-bangêt anggone ngukuhi panganggone dhewe sida kapiran-kapirun têmênan. Seje yèn manganggo cara Lônda, luwih-luwih yèn manganggo bangsane palêmbeyak utawa gabardhin, kajaba mrena-mrene diundang: ndara, ndara, panggonan verboden toegang iya wis prasaksat ngabar kabèh. Wong aku wis ngalami dhewe, Kang Garèng, nalikane aku ana ing Surakarta, ing dalême salah sawijining bôngsa luhur dianakake lèngsêng-lèngsêngan, lo iki rak prakara partikulir, ta, kala samono aku kêpingin bangêt nonton, lo, kuwi aku mung diabani mangkene: kêna, nganggo pantalon, utawa yèn nganggo cara Jawa iya miturut pranatan kene. Dumadakan ing kala kuwi, pantalon aku ora anggawa, panganggo sing miturut pranatan ing kono ora gablêg, pungkasane aku banjur kapêksa mung ngêthêkêr ana ing... Sriwêdari.

[Grafik]

Garèng : Nèk karêpmu mêsthine, anggêre manganggo cara Jawa kudu diparingi palilah mlêbu. Wèh, kathik le arêp kêpenake dhewe bae, karo manèh apa rumasamu kowe kuwi wis manganggo cara Jawa tulèn. Ora, Truk, nèk panganggomu kuwi macake rak cara dhagêl, nganggo

--- 272 ---

jas bukak, dhasi, kêmeja, krah, nanging bêbêdan lan balangkon, apa iki ora kêna diarani panganggo cara Walônda bêbêdan lan moretan. Nèk sing cara Jawa tulèn kuwi klambine mêsthine: bêskap utawa surjan, apa kêpriye. Dene ing dalême bôngsa luhur mau dianakake pranatan tumrape sapa bae sing nêdya marak mrono, lo kuwi rak iya wis adil bangêt, ta. Dene yèn ana wong marak nyêbal pranatan, ora dikêparêngake, kuwi nèk aku cocog, Truk. Kowe bae kêpriye, yèn ana wong têka ing omahmu, mung sarungan, nganggo klambi: ancinco, nanging gundhulan bae, sanajan kowe gêlêma nêmoni, ing batin mêsthine iya nganggo kêdumêlan mangkene: wong sambêr gêlap kaping pitu likur, wong mêdhayoh kathik tanpa aturan babar pisan, mara, ing atase dhapur bae, mêksa isih ngubêngi nyang pranatan, apa manèh bôngsa luhur...

Petruk : Lo, aja kaliru tômpa, disambêla ulêg, ora pisan-pisan yèn nganti aku nyalahake anane pranatan mau. Malah tak anggêp kaya dene sawijining pangajaran kanggo ing têmbe burine. Yèn aku nyang tanah kajawan, sabisa-bisa kudu sangu panganggo sing miturut pranatan kono, utawa panganggo pantalon, supaya nyang ngêndi-êndi bisa: blas-blus, kanthi kêpenak bae. Iya sabab sing kaya mangkono kuwi mau, mulane kala aku nyang Bantul anêksèni panggawene pilêm Kolonisasi mau, banjur potong paocang, nganggo aspatu kuwi, prelune iya kuwi mau, cikbèn bisa blas-blus gampang.

Pawartos saking Redhaksi.

K. 6983 ing Jatilawang. Pandangu panjênêngan kados cêkap mariksani pakabaran ing Kajawèn nomên 13 kêpêngkêr. Dene bab papan ingkang katamtokakên tumrap sacêlaking pamanggèn panjênêngan, dèrèng wontên wartos.

K. 4184 ing Têgalrêja. Sla, Pa Sawal, Be 20 kêpêngkêr, dhawah tanggal 6, Walandi 11 Oktobêr 1910. 3-3-1844, Ju, Wa, dhawah 30 Januari 1914.

K.1015 ing Madiun. Dèrèng manggih pèngêtanipun.

K.4783 ing Gawok. Sampun botên wontên.

Bab Buku.

Redhaksi kajawèn sampun nampèni:

1. Kalawarti padhalangan, ôngka 2, taun IV. Kalawarti punika isi babagan kawruh padhalangan tuwin ingkang gêgayutan. Aksara Jawi. Mêdalipun sawulan sapisan. Rêgi tigang wulan, f 0.50, satêngah taun f 0.90, sataun f 1.75. Manawi namung sabuku f 0.20. Pamong panitra Radèn Ngabèi Dutadilaga, ing Surakarta.

2. Sêrat Rêtnajiwa. Kawêdalakên dening , Radèn Mas Jayèng Wiharja, kapala guru H.I.S. Wiwaratama, ing Wanasaba. Basa Jawi aksara Latin, isi 32 kaca, ukuran limrah, rêgi f 0.60, isi gêgayuhan kalangkunganing ngagêsang.

3. Sêrat Wawasan, côndrasangkala no. 4, , kaimpun dening Karta Asmara ing Ngayogyakarta, sastra Jawi, ukuran limrah, rêgi f 0.40. Isi bab côndrasangkala.

4. Wêwarah Asthaguna, kawêdalakên dening A.S.I.B. Sumbêr Rêja, Bojanagara, aksara latin, ukuran alit, 22 kaca, rêgi f 0.20. Isi wulang warni-warni.

5. Mardikaning Dhiri I kawêdalakên dening Wk. aliyas Wiryakarsana, ing Sraya, Bojanagara, aksara latin, 43 kaca, rêgi f 0.35 isi têtuladan sae.

6. Sabdatama I dening Wk. Wiryakarsana, ing Sraya, Bojanagara, aksara latin, ukuran alit, 17 kaca, rêgi f 0.10, isi wulang.

7. Sabdatama II dening Wk. Wiryakarsana, ing Sraya, Bojanagara, aksara latin, ukuran alit, 35 kaca, rêgi f 0.15, isi wulang.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

Buku-buku punika Bale Pustaka botên sade.

--- 273 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Pakualaman 125 taun. Benjing tanggal 17 Maart punika kalêrês dhawahing adêgipun praja Pakualaman sampun 125 taun. Ing pura Pakualaman badhe kawontênakên rêsèpsi.

Papan anggêgana ing Sêmarang. Volker Aannemers Mij. Nyagahi panarosipun S.C.S. andhatêngakên pasir cacah 130.000 mètêr kubukkubik. kêkirangan ingkang badhe kangge ngurug papan anggêgana ing Sêmarang. Ing bab punika S.C.S. lajêng badhe ngyasani ril kangge margi ngusungi pasir wau panjangipun 3 1/2 km, kanthi dipun sadhiyani gêrbong 60 tuwin locomotief 3. Kintên-kintên papan anggêgana wau badhe rampung salêbêtipun 5 wulan.

Pabrik grabah sagêd majêng. Pacobèn pabrik grabah ingkang kawontênakên ing Banjarnêgara pinanggih sae. Ing sapunika lajêng badhe ngadani malih wontên ing Plèrèd, Purwakarta, amargi siti ingriku pinanggih cocog kangge grabah.

Badhe adêging pabrik Bata. Miturut wartos, pabrik Bata sampun madik panggenan wontên ing Kalibata, kaprênah antawising margi sêpur saking Bêtawi dhatêng Bogor. Pabrik wau badhe kadamêl dalah griya-griyaning punggawanipun. Tataning nyambut damêl namung tumindak ing saminggu kaping gangsal (gangsal dintên). Ing dalêm sawulanipun ngêdalakên sêpatu karèt 5000 pasang. Kajawi punika mawi ngawontênakên toko agêng 2 wontên ing Bêtawi.

Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana badhe têdhak Kudus. Wontên wartos bilih Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana badhe têdhak dhatêng griyanipun Tuwan Nitisêmita, sudagar sês krètèk ing Kudus. Têdhak dalêm wau pêrlu badhe nguningani cara-caraning andamêl sês krètèk.

Sêsakit ambêbucal rah umbêl. Ing wêkdal punika ing bawah Kabupatèn Bojonêgoro, Tuban, tuwin Lamongan kathah tiyang ingkang kêtrajang sakit ambêbucal rah umbêl. Ing bab punika ingkang wajib lajêng ambage jampi ingkang nama Riwanol.

Sarining sela kangge bumbu tahu. Ing pabrik-pabrik tahu laladan Surakarta tuwin Ponorogo ing sapunika sami migunakakên sarining sela wêdalan dhusun Clumpring tuwin sakanankeringipun, inggih punika tanah parêdèn sakidul Ponorogo. Patraping pandamêlipun, sela wau kabubuk lajêng dipun toyani, ing mangke samangsa sampun mênêp, toya wau lajêng kangge abên pandamêling tahu, punika sagêd nyaèkakên tahu, kadosdene manawi mawi abên sela tahu.

Kantor cacah jiwa. Sampun sawatawis dintên wontên dhawuh saking Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, ing bab badhe tumindaking nacahakên jiwa ing taentaun. 1940. Ing bab punika kantor cacah jiwa badhe dipun êdêgakên wontên ing taun 1939, tuwin botên dangu malih badhe kawontênakên commissi.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gubêrnur Jawi Têngah, Tuwan Sangidi Hadisutirto, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing veldpolitie Kêbumèn, dados asistèn wêdana ing Paresidhenan Kêdu.

Dr. Sarjito. Miturut wartos praja, ing salêbêtipun Hoofdgouvernementsarts J.B. Sitanala botên wontên ing Sêmarang, wiwit tanggal 21 Februari 1938, ingkang anggêntosi padamêlanipun ananggulangi sêsakit lepra, Dr. Sarjito, pangagênging Afdeelingslaboratorium ing Sêmarang.

[Iklan]

Sêsakit rajakaya. Miturut wartos, ing Salatiga wontên papan pamêrêsan kalih panggenan ingkang lêmbunipun wontên ingkang kêtrajang sêsakit muruh tuwin tracak, malah kenging dipun wastani rajakayanipun sami kêtrajang sadaya. Kajawi punika ugi wontên panggenan sanès-sanèsipun ingkang ugi wontên sêsakit kados makatên. Caraning panyêgah, ingkang wajib sampun nindakakên tatanan sapêrlunipun.

Tandangipun para padvinder nalika wontên kasangsaran motor mabur. Kala wontên kasangsaran motor mabur nyarêngi cobèn-cobèn mêtêngi kitha Bêtawi. Para padvinder ingkang ngawontênakên pajagèn ing Polonia, sarêng wontên kasangsaran punika lajêng enggal-enggal dhatêng Cililitan, salajêngipun amadosi dununging papan kasangsaran ngantos pinanggih. Ing bab punika, para padvinder wau angsal pangalêmbana.

Pasundan Istêri badhe ngawontênakên congres. Wontên wartos, ing têngah-têngahing wulan Maart punika, Pasundan Istêri badhe ngawontênakên congres manggèn ing Sukabumi.

Indonesia Muda pang Sêmarang. Wontên wartos, bilih Indonesia Muda pang Sêmarang badhe ngêdalakên kalawarti ingkang badhe dipun pandhegani dening Tuwan Hutapeu tuwin Tuwan Mashud. Kajawi punika Indonesia Muda ingriku ugi kathah indhakipun, kadosta: ngudi sirnaning têtiyang botên sumêrêp sastra, ugi ngudi ing bab ajênging ulahraga tuwin sanès-sanèsipun.

Bab lampah anggêgana saking tanah Jawi dhatêng Australie. Sampun dangu wontên wartos ing bab badhe wontêning lampah anggêgana saking tanah Jawi dhatêng Australie. Ing sapunika wontên wartos, bilih wiwit tanggal 1 Juli saèstu kawontênakên lampah anggêgana wau saking Surabaya dhatêng Sydney. Waragading anggêgana wau ing dalêm saminggu kataksir wontên 3 ton. Agênging waragad lampah anggêgana punika dados pêmanahanipun ingkang sami gêgayutan, amargi nyamarakên manawi botên sumbut angsal-angsalanipun.

--- 274 ---

Pakêmpalan darah Sunan Kalijaga. Ing sapunika pakêmpalan darah Sunan Kalijaga ingkang madêg wontên ing Kudus katingal saya majêng. Ingkang dados pangarsa R.Ng. Darmowasito. Ing sapunika pakêmpalan wau ngêdalakên buku "Pustaka Darah Agung" mawi rinêngga ing gambar-gambar pasareaning para luhur. Kajawi punika badhe ngêdalakên buku sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Pamulangan Luhur Pangadilan. Lulus doctoraal-examen perangan tiga R. Suwandi. Inginggil punika ngêwrat gambaripun R. Suwandi (Referendaris 1e klas ing Dep. O.E.) sakalihan garwa.

Pest ing Tênggêr. Awit saking papriksaning Pakaryan Kasarasan, ing Onder Dhistrik Tutur, Dhistrik Puspo, Kabupatèn Pasuruan, wontên tiyang sawatawis kêtrajang sêsakit pest. Tuwuhing sêsakit wau pinanggih wontên ing pintên-pintên panggenan. Miturut papriksaning dhoktêr, tuwuhing sêsakit wau jalaran saking nuju mangsa jawah punika, lajêng kathah tikus ingkang sami manggèn wontên salêbêting griya, ing padatan tikus-tikus wau manggèn wontên ing Jawi. Ing salajêngipun ingkang wajib lajêng nindakakên rêrigên sapêrlunipun.

Para sudagar mêrcon ngêdêgakên bond. Miturut wartos, para sudagar mêrcon, inggih punika ingkang sami anggadhahi pabrik ing Sêmarang mêntas ngawontênakên pêpanggihan, ingkang dipun dhatêngi sudagar mêrcon saking Probolinggo, Surabaya, Rêmbang, Japara, Magêlang, Surakarta, tuwin Pêkalongan. Kajênging pakêmpalan wau badhe ngudi supados panggaotanipun sampun ngantos amanggih tatanan ingkang langkung awrat saking parentah.

Gêndhis ing tanah ngriki badhe kakintunakên dhatêng Turki. Kawartosakên, ing sapunika sawêg wontên rêmbag badhe nglêbêtakên gêndhis saking tanah ngriki dhatêng Turki, amargi ing wêkdal punika panenan gêndhis Turki pinanggih awon. Kintên-kintên rêmbag punika tumuntên wontên karampunganipun.

Sri Bagendha Maharaja Putri bela sungkawa. Gêgayutan kalihan wontêning motor mabur ingkang kasangsaran ing Bêtawi Sri Bagendha Maharaja Putri tuwin kulawarga karajan sami bela sungkawa.

Assistent apotheker enggal. Tuwan-tuwan Lie Cien Hong, Sim Goan Joe, Kachmad tuwin nonah Helena Petronella Draijer saha nonah Lie Soei Jap Nio, sadaya sami kaparêngakên nindakakên padamêlan dados assistent apotheker.

Jawah dêrês ing Bêtawi. Ing Bêtawi mêntas wontên dhawahjawah. dêrês sangêt tur dangu, anjalari kathah pasitèn ingkang kêlêban toya, margi-margi kathah ingkang ngantos awujud lèpèn, damêl kandhêging sawarninipun têtumpakan. Kapal-kapal sami kandhêg botên sagêd malêbêt dhatêng palabuhan, wontên motor-motor mabur ingkang botên sagêd mandhap jalaran saking pêtêng. Motor mabur ingkang badhe bidhal dhatêng nagari Walandi, kêpêksa wangsul dhatêng Bandung.

Pangupakara lare kapiran. Awit saking kaparêngipun parentah Kasultanan ing Ngayogyakarta, badhe ngêdêgakên griya kangge pangupakaran lare-lare ingkang kapiran. Caraning tumindak ing damêl miturut kados tatananipun Pa. v.d. Steur ing Magêlang. Miturut wartos ing sapunika lare ingkang badhe dipun upakara sampun wontên 62. papan ingkang badhe dipun êdêgi griya wau ing Gowongan Têngah. Têtiyangipun ingkang sami manggèn wontên ingriku sami kapurih pindhah kanthi dipun sukani lêlintu kapitunan. Dene waragadipun kintên-kintên f 15.000,-

Sêsakit pest paru ing Majalengka. Miturut wartos saking Cirêbon, wiwit tanggal 6 dumugi 12 Februari, ing bawah Dhistrik Majalengka wontên têtiyang kêtrêjangkêtrajang. sêsakit pest 21, sami pest paru, dene ingkang kêtênggêl wau dhusun Kulur.

NAGARI WALANDI.

Kasugêngan Dalêm Sri Paduka Prinses Juliana tuwin Putri Beatrix. Miturut katrangan saking Dr. De Groot ingkang sampun wangsul saking kadhaton ing Soestdijk, sarira dalêm Sri Paduka Prinses Juliana sampun sênggang, makatên ugi sarira dalêm Putri Beatrix. Salajêngipun ingkang angupakara Putri Beatrix katindakakên dening Dr. Carstens, kinderarts ing Utrecht. Timbangan wawrat dalêm Putri Beatrix tansah mindhak-mindhak.

Sri Bagendha Maharaja Putri botên têdhak Rome. Ing bab wartos badhe têdhak dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri dhatêng Rome, punika botên nyata.

Kapal pêrang enggal. Ing pabrik Ned. Dok Maatschappij adamêl kapal pirantos masangi dinamit, saking pakènipun parentah marine nagari Walandi. Kapal pêrang wau panjangipun 75 m, agêngipun 1500 ton, nama Willem Van der Zaan, badhe rampung wontên ing taun 1939.

Clubhuis Indonesia ing Leiden. Benjing tanggal 12 ngrintênakên tanggal 13 wulan punika, Clubhuis Indonesia ing Leiden ingkang manggèn ing Hugo de Grootstraat 12, badhe ngawontênakên pèngêtan adêging pakêmpalan wau sampun sataun. Clubhuis wau dados papan pêpanggihanipun para student tuwin kangge umum tumrap bangsa India.

Pangubur layonipun Tuwan Van Beeten. Layonipun tilas secretaris pakêmpalan Islam ing Den Haag Tuwan Van Beeten, nalika panguburipun kathah para tilas upsir tuwin golongan Islam ingkang sami anjênêngi. Tuwan wau kala sugêngipun ngrasuk agami Islam.

EROPA.

Kasangsaran motor mabur. Sampun sawatawis dintên motor mabur post Jerman ingkang anggêgana antawising Keulen kalihan Paris, dhawah, jalaran saking kandêling pêdhut, salajêngipun motor mabur wau kêbêsmi. Punggawanipun wontên tiga sami tiwas.

--- 275 ---

Wêwaosan

V Lêlampahanipun Ilya Tigang Rambahan.

54

Ilya nglajêngakên lampahipun, nanging ing samangke ngambah ing margi ingkang kacariyosakên, bilih sintên ingkang ngambah ing margi ngriku tamtu dados tiyang sugih. Lampahipun dèrèng ngantos tigang pal têbihipun, dumadakan Ilya mrangguli sela agêng ingkang wontên sêratanipun makatên: sing sapa karosane nganti bisa ngingsêr watu gêdhe iki, lan bisa anjunjung wêsi blebekan kang ana ing ngisore watu iki, kêna mudhun ing guwa ngisor iki lan ngêpèk kabèh bônda kang sinimpên ana ing kene.

Ilya enggal-enggal mandhap saking kapal, nyurung sela sarosanipun ingkang lajêng gumlundhung kadosdene bal kemawon. Lajêngipun nuntên ngangkat tosan balebekan ingkang wontên ing ngandhapipun sela wau. Ing ngriku piyambakipun lajêng sumêrêp undhak-undhakan mangandhap ingkang anjog lumêbêt ing guwa ngriku. Ing salêbêtipun guwa wau, Ilya amanggih tumpukan arta mas tuwin arta salaka ingkang tanpa wicalan kathahipun. Kajawi punika ing ngriku ugi wontên pêthinipun pintên-pintên ingkang isi intên, barliyan, mutyara tuwin jumêrut. Ilya lajêng mêndhêti arta mas tuwin salaka, punapadene sawarnining sêsotya wau, sakiyatipun, saha lajêng mêdal saking guwa ngriku. Salajêngipun, Ilya nuntên nyengklak kapalipun saha lajêng wangsul dhatêng Kiyeph. Arta mas utawi salaka wau lajêng dipun pigunakakên kangge yasa greja agêng cacahipun tiga, dene tirahanipun kabage dhatêng para pêkir miskin. Sasampunipun greja tiga wau rampung pandamêlipun, saha sakathahing tiyang sami mrêlokakên sêmbahyang wontên ing ngriku, Ilya lajêng numpaki kapalipun malih nuju dhatêng sela ingkang sakalangkung anèh wau. Sadumuginipun ing ngriku, piyambakipun lajêng nyorèki sêratan ingkang wontên ing sela, saha lajêng kasantunan sêratan ingkang ungêlipun makatên:

Tulisan kabèh iki nyata goroh, awit dalan kang ôngka siji wis kalakon tak ambah, lan aku ora mati. Dalan kang ôngka loro iya wis tak lakoni, aku ora kalakon oleh jodho. Mangkono uga dalan kang ôngka têlu, uga wis tak turut, dene aku iya isih ajêg mêlarat bae.

Cidranipun Alyasa.

Ing satunggiling dintên ing kadhatonipun Prabu Wladhimir dipun wontênakên pahargyan agêng-agêngan, kathah para pangeran, para mantri bupati tuwin para têtungguling prajurit ingkang sami ngèstrèni pahargyan wau. Jalaran saking dayaning anggur tuwin inuman kêras sanès-sanèsipun, para tamu, langkung malih para prajurit, ingkang langkung pintêr ulah pêdhang katimbang wicantênan, kathah ingkang lajêng ngumbar suwaranipun. Wontên ingkang ngumukakên mênggah ing kadibyanipun wontên ing paprangan, wontên ingkang ngumukakên ing bab saening kalakuwaning tiyang sêpuhipun, lan sapiturutipun. Dene pun Dhobrinya, ingkang sajatosipun botên kathah rêmbagipun, dumadakan ing kala punika ngumukakên ing bab sêtyaning semahipun. Mirêng wicantênipun Dhobrinya ingkang makatên punika, para tamu sanès-sanèsipun sami gumujêng, sawang-sinawang kalihan kanca-kancanipun, saha lajêng pating klêsik sami bêbisikan makatên: Têka samono bodhone Si Dhobrinya iku, anggone wani nêtêpake marang kasêtyane bojone.

Dumadakan anggènipun sami gumujêng tuwin pating klêsik wau ujug-ujug lajêng kèndêl, awit Prabu Wladhimir paring sasmita, yèn badhe amêdharakên pangandika. Sasampunipun ing bangsal sidhêm tanpa wontên suwara punapa-punapa, sang prabu lajêng dhawuh ngandika makatên:

Para pangèran lan para mantri bupati, apadene sira para têtungguling prajurit ing praja Ruslan kene, ingsun darbe rêmbug marang sira, lan ingsun mundhut timbanganira kabèh. Ingsun mêntas tômpa layang saka: Nyeweja, ing sajêroning layang kono, dhèwèke asumbar-sumbar supaya kene ngirimi salah sawijining satriya, kang saguh pêrang ijèn padha ijèn karo dhèwèke mau. Mungguh timbanganira, sapa kang pantês ingsun ajokake bôndayuda mungsuh karo Nyeweja iki mau. Sapa sing kira-kira kuwagang nandhingi mungsuh kang tansah angrêridhu tata têntrêming dalan-dalan gêdhe, lan nandhingi mungsuh-mungsuh kang tansah ginagawe ing bètèng-bètèng kang ana ing tapêl watêsaning praja, supaya ratumu, ingsun apa dene sang pramèswari, bisaa lêstari ngasta pusaraning praja iki.

Para tamu sami kèndêl sadaya, awit botên wontên ingkang ngrumiyini matur. Salajêngipun salah satunggal têtungguling prajurit ingkang pangkatipun inggil piyambak, inggih punika pun Alyasa, lajêng ngadêg saking palênggahanipun, saha umatur makatên:

Dhuh sang prabu pêpundhèn kawula, kaparênga kawula matur ing ngarsa paduka. Dèrèng dangu kawula mêntas wangsul dhatêng ing Kiyèph ngriki, inggih punika sasampunipun kawula anganglangi tapêl watêsanipun praja laminipun kalih wêlas taun. Salêbêtipun kawula anjagi tapêl watês praja samantên taun dangunipun wau, kawula dèrèng nate pinanggih Nyeweja [Nyewe...]

--- 276 ---

[...ja] punapadene prajuritipun. Kintênipun manawi kawula bidhal dhatêng tapêl watês malih, piyambakipun inggih lajêng mundur ngantos langkung têbih. Utaminipun kados saupami piyambakipun punika dipun angkah sagêda nglangkahi tapêl watêsing praja ngriki, ing ngriku ing mangke prajuritipun sagêda katumpês babar pisan. Ingkang punika mugi paduka krêsaa andhawuhi Dhobrinya kemawon bidhal mêthukakên Nyeweja wau. Awit kawula pitados, bilih Dhobrinya badhe sagêd anjagi tapêl watês praja, lan ugi badhe kuwagang mêngsah pun Nyeweja wau.

Aturipun Alyasa ingkang makatên wau, adamêl lêganing panggalihipun sang prabu, salajêngipun sanalika Dhobrinya kadhawuhan bidhal dhatêng tapêl watês amêthukakên mêngsah.

Dhobrinya lajêng mundur saha lajêng bidhal anilar kadhaton.

Lampahipun Dhobrinya anjujug ing griyanipun piyambak rumiyin, saha lajêng enggal-enggal lumêbêt ing sênthonging ibunipun. Wontên ing ngriku piyambakipun ujug-ujug ngrungkêbi pangkoning ibunipun sarwi tawan tangis. Ibunipun saklangkung kagèt saha lajêng apitakèn makatên:

Gèr, anakku, apa kang dadi darunane têka kowe ujug-ujug tawan-tawan tangis mangkono.

Dhobrinya: O, ibu, mênggah prêlunipun kemawon punapa dene kula dipun lairakên wontên ing donya punika. Kenging punapa dene kula botên dipun lairakên awujud sela kemawon, ingkang lajêng kabucal wontên ing satêngahing samodra. Dados kula lajêng sagêd gumlethak wontên ing dhasaring sagantên kanthi manah ayêm, tanpa ngraosakên susah tuwin prihatos. Lan salami-laminipun kula inggih lajêng botên badhe sêsrawungan kalihan manungsa, ingkang tansah bêntèr-binênteran tuwin awon-ingawonan. Kula inggih lajêng botên prêlu tansah anjajah ing praja Ruslan, lan kêpêksa kêdah amêjahi sasamining manungsa. Sabab sanadyan ingkang kula pêjahi punika mêngsah, nanging sadaya wau ugi anggadhahi biyung, bojo utawi anak, ingkang badhe anangisi kala pêjahipun wau. Dhuh, ibu, ugi samangke kula kêpêksa nilar panjênêngan tuwin putra mantu panjênêngan, prêlu nglurug amêngsah Nyeweja. Salajêngipun badhe wontên rah mili dening pêdhang kula punika, lan badhe kathah tiyang ingkang tanpa dosa daleweran luhipun.

Ibunipun amangsuli: Dhuh, anakku lanang, Dhobrinya. Saupama gumantunga nyang aku, ibumu, lairmu ana ing donya iki mêsthi tak gawe beda. Kabèh kautaman mêsthi tak dunungake ana ing awakmu, supaya karosanmu kuwi bisa amadhani kaya: Swatogor, bêgjamu kaya Ilya, kêkêndêlanmu kaya: Alyasa, brigasmu nunggang jaran kaya: Mikalya, sugihmu kaya: Sêtepadowic, lan bagusmu sarta mungguhmu kaya Prabu Wladhimir. Nanging ing bab iki manungsa ora anduwèni kuwasa apa-apa. Manungsa mung drêma dilairake kaya dene krêsane Ingkang Kuwasa. Lairmu ana ing donya wis mêngkono, dadi kowe iya kudu sing narima.

[Iklan]

Dhobrinya: Manawi makatên, ibu, kula nyuwun bêrkahipun ibu kemawon, supados lampah kula punika pinaringan wilujêng, lan kula nyuwun gênging pangapuntên, dene kula asring botên andhèrèk punapa dhawuhipun ibu.

Dhobrinya lajêng jèngkèng wontên ing ngajêngipun ibunipun, lan ibunipun kalayan carocosan êluhipun lajêng ngaras Dhobrinya wontên ing bathukipun. Sasampunipun Dhobrinya lajêng nuju dhatêng kamaripun ingkang èstri, ingkang ing kala punika sawêg sakeca-sakecanipun tilêm, ing kala punika Dhobrinya botên têgêl anggugah ingkang èstri, amila inggih lajêng têrus bidhal tanpa pamitan dhatêng ingkang èstri.

Salajêngipun Dhobrinya ngisèkakên jêmparing ing bumbungipun, ngrasuk pangangge kaprajuritan, nyêngkêlit pêdhang, sarta ambêkta sangu arta sakampil. Sasampunipun lajêng dhatêng ing gêdhogan, anglapaki kapalipun sarta suka parentah ingkang prêlu-prêlu dhatêng gamêlipun. Dhobrinya lajêng nyengklak kapalipun saha nuntên badhe bidhal, nanging dumadakan wontên wanita kalih ingkang amlajêngi, lan sami nyandhak sôngga wêdhining kapalipun. Wanita kêkalih wau ibunipun tuwin semahipun.

Kacariyos nalika Dhobrinya mundur saking ngajêngipun ibunipun, ibunipun namung lênggah kalayan nangis, nanging botên watawis dangu lajêng kèngêtan dhatêng mantunipun, ingkang tamtu langkung prihatos. Amila ibunipun Dhobrinya wau lajêng mênyat murugi kamaring mantunipun sumêdya anglêlipur manahipun. Sarêng sumêrêp bilih mantunipun taksih tilêm lajêng dipun gugah sarta dipun cariyosi makatên:

Dhuh, anaku wadon, Natasiyah, tumuli tangia. Anggonmu turu têka kêpenak têmên, ora ngrêti yèn bakal nômpa susah kang gêdhe. Andadèkna kawruhanamu, Natasiyah, Dhobrinya saikine ninggal kowe lan aku, malah saiki bokmanawa wis nunggangi jarane. Enggal mêtua ing jaba, lan takonana bojomu, mênyang ngêndi parane, lan apa bakal suwe lungane. Badhe kasambêtan.

--- [33] ---

Nomêr 9, 2 Marêt 1938, taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Kamajêngan Cêngkah: Kasusilaning Wanita Jawi

[Grafik]

Biyang: Marta Sleman

Nuwun, kawrat ing kalawarti Kajawèn, makatên ugi ing sêrat-sêrat kabar sanès, botên pilih sêrat kabar Jawi, Malayu, Walandi lan sanès-sanèsipun, tansah gilir gumantos botên wontên kêndhagipunkêndhatipun. ngêwrat gêgubahan, sawênèh gambar-gambar, ingkang mratelakakên bab kamajênganing wanita, nêrang-nêrangakên bab watês-watêsing kamajênganipun. Ingkang makatên wau inggih sampun salêrêsipun, sabab lajêng kenging kangge nglaras sarta nimbang-nimbang tumrap kamajênganing sanès panggenan, supados ing têmbe sagêd rampak majêng sêsarêngan.

Nanging: sangêt ing panyuwun kula dhumatêng para nupiksa, langkung-langkung tumrap bôngsa kula golongan ibu, mugi samia prêmati, ingkang emut lan waspaos, panglaras sarta panimbangipun ingkang taliti. Awit ing ngriku kathah sangêt gubahan tuwin gambar-gambar, ingkang sagêbyaran pancèn katingal maya-maya amencutakên, nanging yèn kagathukakên dhatêng kasusilaning wanita Jawi, sok rujak sêntul, ngalèr kalihan ngidul.

Mila kula sangêt wantos-wantos dhatêng para ibu, awit inggih panjênênganipun punika ingkang ngasta pusaraning tuntunan panggulawênthah dhatêng putra-putra, ingkang ing têmbe supados dados putra ingkang utami, sagêd nênuntun rahayuning sasrawungan sarta bêbrayan.

Kamajênganing wanita ingkang kêrêp kula sipati, utawi kula maos ing sêrat-sêrat kabar, ingkang sajak cêngkah dhatêng kasusilaning wanita Jawi, kados ta ingkang kasêbat ing ngandhap punika:

Sêsrawungan mardika (vrije omgang), punika bokmanawi kajêngipun badhe anjunjung drajating wanita, awit pancèn ingkang dipun emba inggih makatên punika kajêngipun. Nanging tumrap kula sadaya, ingkang dipun telad namung sakêdhik, inggih punika oyak-oyakipun anggènipun grudag-grudug mrika-mriki, dene anggèning tumindak ing damêl sêsarêngan kirang dipun gatosakên, trêkadhang malah botên katindakakên babar pisan. Inggih sami nindakakên, nanging yèn batminton, tènisên nonil [no...]

--- 34 ---

[...nil] sêtêkên lan sapiturutipun kapilih ingkang sagêd damêl gambiraning manahipun piyambak-piyambak. Nanging yèn ngudi pêrekonomian (kagêmèn) panggulawênthah jalu wanita ingkang supados sami nglênggahi hakipun piyambak-piyambak, lan taksih kathah sangêt ingkang prêlu-prêlu, punika sajak sami botên katêngênakên.

Gubahan kasêbut nginggil punika, kula salugu namung nglaras saking pamanggihipun êmbah-êmbah ingkang kina-kina. Bab pamawasipun tumrap kamajênganing wanita ing jaman samangke, sakêdhik sangêt ingkang jumbuh kalihan panjênênganipun.

Cuplikan sakêdhik, saking pangandikanipun para êmbah, ingkang sajak botên rila dhatêng kamajênganing wanita Jawi.

Êmbah: E, bocah wadon saiki kuwi, kathik oyok-oyokan karo bocah lanang sing dudu akrabe ngono, salagine karo sadulur dhewe, yèn wis wayah diwasa ngono kuwi, wis nganggo tatanan kudu pilah. Kêjaba ta nindakake sawijining pagawean kang kudu ditindakake lanang karo wadon, utawa sing kudu dipitulungi dening wong lanang. Badhe kasambêtan.

Biyang: Marta Sleman.

Tatacara Warni-warni.

Sambêtipun Jagading Wanita ing Kajawèn nomêr 12.

5. Dipun agêng parimarmanipun upami sanak sadhèrèk pawong mitra wontên ingkang têtela kalêpatan, punika kêdah dipun apuntên. Manawi piyambakipun ingkang lêpat, inggih sampun awrat nêdha pangapuntên.

6. Bilih piyambakipun manggih kabêgjan utawi tampi kasugihan, kanugrahan, minggah pangkat, sampun ngantos gadhah panganggêp utawi ing sêmu angrèmèhakên dhatêng sasami utawi dhatêng mitra-mitranipun, prayogi ingkang sami kemawon kalihan adat sabênipun, sukur bage sèwu sagêd amitulungi anjunjung manginggil dhatêng sanak sadhèrèk pawong mitranipun ingkang tansah andhap.

7. Sasagêd-sagêd mitulungi dhatêng kasangsaran, tuwin damêla sênêng ing liyan, sampun ngantos damêl sak sêrik agêngipun nindakakên pandamêlan ingkang anjalari dados rêkaos utawi sangsara.

8. Bilih mitranipun angundang, dhatênga. Yèn pisah nyambêta. Manawi nuju sakit, tuwia. Bilih nuju kasripahan, anglayata. Makatên salajêngipun angangge sipat ingkang utami, nilara sadaya pandamêl ingkang kirang prayogi.

9. Bakunipun tiyang wontên kalanganing papan karamean punika sagêda nindakakên pandamêlan ingkang langkung luhur, inggih punika: 1 sagêda migunani ing liyan, sarta badanipun piyambak ugi sagêda pikantuk paedah. 2 mandhapipun: sagêda migunani ing liyan, badanipun piyambak botên prêlu angsal paedah, kajawi namung pikantuk kautamèning kabatosan. Kados sampun cêkap samantên.

Sutinah-Majakarta.

--- 35 ---

Watak Jirih.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 14.

Piwulang kasêbut ing nginggil wau mêngku kajêng supados lare ajrih anglampahi kalêpatan, amila dipun ajrih-ajrihi dhatêng tiyang ingkang kasinungan panguwaos, dados inggih sampun lêrês. Nanging tumrap lare, makatên punika botên mangrêtos, manawi ingkang dipun kajêngakên sampun anglampahi pandamêl lêpat. Dene punggawa nagari punika ingkang mriksa tiyang ingkang nglampahi kalêpatan, manawi nyata lêpat dipun ukum. Panampinipun lare namung kêdah ajrih dhatêng para ingkang nyêpêng panguwaos.

[Grafik]

Nyi Darmaprawira.

Jalaran wiwit alit dipun kulinakakên ajrih dhatêng priyantun, amila kathah kemawon tiyang ingkang ajrih nglairakên raosing manahipun ingkang sampun lêrês, dipun pilalah kèndêl kemawon, awit saking ajrih. Dados sulaya kalihan kajêngipun piwulang ajrih nglampahi pandamêl lêpat botên kok lajêng ajrih dhatêng priyantun makatên. Patrap ingkang kados makatên wau adamêl kapitunanipun piyambak inggih adamêl karibêdanipun para priyantun anggèning nindakakên kuwajibanipun.

Saking pamanggih kula, sampun ngantos lare punika dipun ajrih-ajrihi dhatêng priyantun, nanging kêdah dipun gêgulang angaosi sapantêsipun, saha kêdah dipun sêrêp-sêrêpakên manawi priyantun punika ingkang kajibah rumêksa kawilujêngan. Mila botên prêlu dipun ajrih-ajrihi kadosdene ajrihipun dhatêng mêmêdi saha dhatêng kewan galak, nanging kêdah dipun aosi.

Ajrih dhatêng dhoktêr, ajrih lumêbêt dhatêng griya sakit, punika sampun gênah lêpatipun, amila dipun parsudia murih sirnaning piwulang ingkang mrêngkang saking salêrêsipun.

Lare dipun ajrih-ajrihi kesah dhatêng sanès panggenan punika inggih kirang prayogi, awit ing ngakiripun ajrih kêkesahan mêdal saking padununganipun, sanadyan sajatosipun prêlu sangêt kesah mangupa jiwa, dipun pilaur wontên ing griya saugi cêlak kalihan kulawarganipun, tekadipun nêdha botên nêdhaanêdha. inggih dipun têmaha. Tiyang ingkang kados makatên punika sêsêrêpanipun kados bêbasan: kodhok ing jêro bathok, ingkang dipun sumêrêpi dhasar namung sakiwa têngênipun kemawon, botên sumêrêp manawi jagad punika jêmbar, cêkap kangge mangupa jiwa. Môngka tiyang punika manawi jajah, pikiranipun lajêng jêmbar, manahipun tatag, botên pakèwêd anggènipun ngupados sandhang têdha. Tuladhanipun bôngsa Tionghwa, sanajan taksih alit sampun purun nilar nagarinipun, prêlu ngupados sandhang têdha.

Nyi Darmaprawira.

--- 36 ---

Krupuk Uwos (Gêndar) Wijil saking Cêpu.

Angêdanga uwos pêthak, toyanipun karon mawi kaworana sarêm: blêng (cêthithèt) sasampunipun matêng, lajêng kadhêploka ingkang ngantos lêmbat sangêt, manawi sampun dados têtêlan, lajêng kaglintirana agêngipun watawis sanèkêr-nèkêr, tumuntên kagilêsa ing gêndul wontên ing têlênan kalihan ingkang kêpara rosa pamênêting panggilêsipun, lan ingkang ngantos sagêd tipis anapis (wradin), wangunipun kadamêla bundêr lonjong (bligon) lajêng kapepea.

Panatanipun pangêpe lempengan wau sampun ngantos tumpang-tindhih, wontên ing tampir ingkang wiyar tuwin mawi kalambarana lêmbaran godhong pisang, manawi sampun garing sayêktos, sawêg kenging karimat, namung sabên badhe karsa anggorèng, kêdah mawi kapepea malih rumiyin sawatawis dangunipun.

Manawi anggorèng môngka lisahipun kêsêpuhên, wajanipun enggal kaandhapna, kenging kacêmplungan krupuk ngantos sawatawis rambahan. Bilih lisahipun sampun ênèm, wajan sawêg kaêngkrêngna malih, makatên wau prêlunipun supados sagêd mrusuh-mrusuh, botên bangkak.

Krupuk gêndar kados makatên punika: wêdal damêlan saking Cêpu, beda sangêt lan sanès-sanèsipun, krupuk wos mijil Cêpu wau, sangêt êmpuk, sanadyan tiyang ingkang sampun ompong inggih sagêd nêdha, amargi botên susah sami kamamah barang, jangji sampun kakênyamakên: sampun sagêd ajur piyambak. Sumôngga sami kacobia.

Nyai Pranata.

Bab Pakulitan.

Tumrapipun golongan ibu, pakulitan punika kêdah dipun jagi sangêt, langkung-langkung tumraping praupan, murih sampun ngantos wontên cacadipun. Awit cacad ingkang wontên praupan, punika gampil sangêt katingalipun, jalaran pancèn botên dipun tutupi. Mila praupan ingkang botên dipun tutupi, prayogi kajagi sayêktos, supados sampun ngantos kampiran: cacad ingkang andadosakên cuwaning manah piyambak.

Mila inggih wontên lêrêsipun, tumrap wanita bôngsa kilenan, anggènipun anjagi pakulitan ngantos dipun rencangi ngêdalakên wragad ingkang botên sakêdhik.

Kula botên pisan-pisan gadhah sêdya supados golongan ibu niru caranipun wanita kilenan, namung prêlu ngandharakên lugu bab tataning kajawèn ingkang sagêd mathuk, inggih punika ingkang tumuju dhatêng kasarasan, utawi pakulitan sagêd panggah sae, nanging samantên wau kêdah ngrêtos sarat rukunipun, tur kanthi tumindak prasaja.

Praupan ingkang botên katutup, sampun cêtha sangêt gampil kengingipun hawa ingkang awon, sarta rêrêgêd ingkang botên gampil enggal kauningan, kados ta: lêbu sasaminipun. Badhe kasambêtan.

Êmbok Sundiyah.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---