Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 63, Stu Pn, 9 Jumadilakir Jimawal 1869, 6 Agustus 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f. 1.50,- Bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Main Tènis - Sri Nata Inggris Sakalihan Têdhak Paris - Wiraosan Sêrat - Tuntunan Nyinau Nabuh Gôngsa - Pralampitaning Panitisastra Prakawis Suka Kasêktèn dhatêng Durjana - Angsal-angsal saking Kêkesahan - Kabar Warni-warni - Taman Bocah.

Pangungsêt

Kêltiwang-katliwênging lampah.

Miturut dhawuh pangandikaning tiyang sêpuh, tiyang tinitah gêsang punika sampun sarwa jangkêp. Nanging manawi dipun laras-laras, pangandika wau namung akajêng grêban kemawon, awit tumrap para anèm ingkang dipun pangandikani, namung lajêng sarwa angakêni nyatanipun. Nanging sarêng kêtotog ing prêlu, inggih punika sarêng rumaos bêtah dhatêng nyataning pêpak wau, lajêng sawêg gagap-gagap: êndi sing diarani pêpak. Tindak kados makatên wau dados sanepanipun tiyang puruhita (maguru) nalika pados sêsêrêpan babagan kabatosan, lajêng wangsul dados lare malih, badhe sinau hanacaraka, upaminipun.

Wantuning tiyang ngudi babagan makatên punika limrahipun sampun diwasa, mênggahing umur, tamtunipun rumaganging akal budi kados iya-iyaa kadugi anggayuh dhatêng luhuring ngèlmi kaalusan, awit mêsthèkakên manawi ngakal budi badhe andumugèkakên.

Tindak makatên punika pancèn botên kenging dipun paibên, awit sadaya sampun sarwa mapan, upami pangudi wau pathokan sêrat, sanadyan muluka kados punapa, inggih kenging dipun gagapi. Yèn tuwuh saking pangandikan, sanadyan sêsorah kados punapa, tamtu sagêd nusul. Punika gampilanipun.

Nanging manawi ngèngêti bilih badanipun manungsa punika asring namung pinanggih wontên ing panganggêp kemawon, lajêng ngrumaosi ing jangkêpipun. Upaminipun tiyang badhe nekadakên dhatêng gêgayuhan ingkang luhur, punika sampun tamtu pêpathokan saking kêncênging manah, awit raosing manah (rasa) sampun kêdugi lumampah dhatêng papan ingkang prênah sayêktos.

Manawi dipun grayangi, kados-kados tumindakipun sampun botên gothang, upamia lumampah, tiyangipun sampun tumindak, sangunipun wontên (rasa), mokal saupamia botên dumugi ing purug. Nanging botên sumêrêp dhatêng kêtliwêngipun, bilih sadaya wau taksih tindaking kamurkan, sadaya taksih wontên ing panganggêp, pasaksènipun punapa-punapa sampun dipun akêni, gêsangipun sampurna, raosipun muluk. Nanging punapaa têka dèrèng marêm.

Gampiling pamunggêl, kaalusan punika pancèn alus. Saya tumraping Gusti, tamtu têtêp anggèning botên kenging kinaya ngapa, botên dumugi dipun ukur kalayan ngakal budi. Benjing Sabtu dipun sambêti.

Cêkruktruna.

--- 974 ---

Main Tènis

Ing bab main tènis punika pinanggihipun wontên ing tanah ngriki nama sampun umum sangêt, kenging dipun wastani mèh ing sabên panggenan wontên. Dene tumraping golongan Jawi ingkang misuwur pamainipun, Tuwan Sambojaurip. Sawung Jawi wau misuwuripun botên ngêmungakên wontên ing tanah ngriki kemawon, ugi sampun dumugi ing tanah ngamônca.

[Grafik]

Saking kiwa: Tuwan Lim, Jukim, C. Bryan, Cam Cwan Cae, Sambojaurip tuwin Cobee.

Dèrèng dangu mêntas wontên lurugan main tènis saking tanah ngriki dhatêng Singgapura cacah gangsal. Sadumugining Singgapura ingkang main rumiyin piyambak Tuwan Sambojaurip, tandhing kalihan sawung Singgapura Tuwan Chin Kee Onn. Mainipun sakalangkung rame, wêkasanipun ingkang unggul Tuwan Samboja.

Lajêng tandhing malih Tuwan Tjan Thwan Tjay kalihan Tuwan Yadi, sawung Singgapura ingkang misuwur, ing ngriku Tuwan Tjan katingal kawon kulina wontên ing kalangan, wêkasan kasoran.

Salajêngipun malih tandhing kalih sami kalih sêsarêngan Tuwan C. Bryan mêngsah Tuwan Goon Kok Len, Tuwan Gobee mêngsah Tuwan Goon Kok Yeng. Mainipun gogot, nanging kawêkasanipun sawung tanah ngriki kasoran.

Pamainipun sadaya wau sami angsal pangalêmbana, awit tumraping para ahli main tènis sami botên kêkilapan dhatêng sae saha rêsiking pamainipun, punapadene dhatêng prigêling tandang.

--- 975 ---

Sri Nata Inggris Sakalihan Têdhak Paris

[Grafik]

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, Sri Nata Inggris sakalihan têdhak ing Paris. Ingkang kacêtha ing gambar punika, gambar sisih têngên: Nalika Sri Nata Inggris sakalihan rawuh ing paris, nitih oto ginarubyug ing wadya kapalan tuwin pitmotor, sauruting margi kêbak tiyang ningali. Gambar ing nginggil: Sri Nata Inggris sakalihan dipun papag ing pangarsa gêmintê rad Paris. Gambar bundêr: Sri nata napak astani ing buku pradan, nalika mêntas nyêkar ing papan pèngêtanipun saradhadhu ingkang botên kasumêrêpan namanipun. Ing ngandhap: wujuding rêrênggan kitha kèbêkan dening soroting pêpadhang.

--- 976 ---

Bab Kasusastran

Wiraosan Sêrat.

Tanah Jawa rinumpaka

Alla Baud; Java en poemes I; Paris 1935.

Alla Baud, pujanggèstri bôngsa Prancis, sampun amiwiti angrumpaka tanah Jawi. Rumpakan punika sampun kawêdalakên dening Albert Messein ing Paris (Collection "La Proue"), ingkang sampun mêdal sawêg jilid I ngêwrat rumpakaning: griya gêdhèg, bumi langit, tuwin kitri. (Ma maison en bilic, La terre et le ciel, Les plantes).

Miturut calulukipun sang pujôngga piyambak, rumpakan punika badhe wontên candhakipun:

Jilid II ngêwrat rumpakaning kitha-kitha lan sato kewan (Les lieux, animaux).

Jilid III ngêwrat rumpakaning: rakyat lan para luhur, para nata, kagunan (Les Peuples et les Nobles, Les Princes, Les Arts).

Sintên tiyangipun ingkang botên kapengin badhe anyumêrêpi kawontênaning rumpakan punika, sintên tiyangipun ingkang botên kapengin anyumêrêpi: punapa sang pujanggèstri sagêd kapranan panyawangipun dhatêng nagari kita, kadospundi panganggêpipun dhatêng kita, inggih punika: dhatêng rakyating nagari ingkang rinumpaka punika: punapa trêsna, punapa ngajèni. Ingkang kacathêt sangêt ing panggalihipun sang pujanggèstri punapa, etc. etc.

Kuciwa sangêt dene kula dèrèng sagêd angsal ingkang jilid II lan III, kula sampun pados sambutan ing museum ing Batawi mêksa baul. Dados kapêksa kula namung ngaturakên punapa ingkang kasêbat ing jilid I kemawon.[1]

Katrêsnanipun sang pujanggèstri katitik saking pintên-pintên kidungan, upaminipun:

Pourtant | étranger | à ta joie, | a tes calamités, | je sais | t' aimer, | je sais | m' unir | à toi,

Punika jarwanipun ing basa Jawi kirang langkung makatên:

sanadyan adoh saka kabungahan lan kasangsaranmu, ewadene daktrêsnani kowe, suduk gunting tatu loro.

O terre de Java | je t'aime,

Tanah Jawa, daktrêsnani

que ce cri | strident | de l'ame | t'éveille

Muga-muga sêsambating jiwaku kang pêrih iki anggugaha kowe

O Java, sois propice | à tes petits, | guéris-les, guéris | du vice tout vert...

O tanah Jawa, aksamanta marang anak-anakmu, padha tambanana, tambanana cacade kang mudhadama

--- 977 ---

[Iklan]

Witing trêsna punika mêsthinipun saking sênêng, saking kaprananing panggalih, pramila pêthikan-pêthikan ing nginggil wau ugi dados pratandhaning kaprananing panggalihipun sang pujanggèstri, ingkang anganggêp tanah Jawi punika kados swarga, katitik saking anggène mastani rakyat ing tanah Jawi punika "enfants du paradis", putra kaswargan.

Jawah ing tanah Indhonesia punika dipun wastani "sêtya" lan "asipat murah" sabab anyuburakên gêsanging pantun. Makatên sapiturutipun.

Ing kasusastran kalimrah migunakakên pêpindhan minôngka srana cêthaning wicara utawi minôngka srana kasêngsêmipun ingkang maos. Ingkang makatên punika kenging kawastanan international: kasusastran kilenan tuwin kasusastran wetanan sami dene amigunakakên pêpindhan. Upaminipun ing kasusastran Jawi wontên ungêl-ungêlan: "suduk gunting tatu loro" utawi "jaja bang mawinga-winga, sinabêta mrang sagèdhèng bêl dadya dahana". Gumêbyaring rajakaputrèn dipun pindhakakên gumêbyaring lintang, lintang dipun wastani "puspita anjrah ing tawang" etc, etc. Punika sadaya pêpindhan, gêgambaran. Badhe kasambêtan.

Kandhiyur.

Pawartos saking Redhaksi.

K. 4515 ing G. Panumbasing buku kêdah kabayar rumiyin. 23 Marêt 1922 dhawah Rê, Pa, wuku Madhangkungan, môngsa kasanga, 23 Rêjêb Ehe 1852.

K. 5062 ing Gl. 20 Agustus 1910 dhawah Stu, Kli.

K. 1620 ing T.K. Stu, Wa, 7 Dhesèmbêr 1929 dhawah 5 Rêjêb, wuku Julungpujut, môngsa kanêm.

--- 978 ---

Kagunan Jawi

Tuntunan Nyinau Nabuh Gôngsa.

Ginêmanipun Dèn Apa kalihan Dèn Iya.

A: Kamas, panjênêngan punapa botên sagêd damêl tuntunan nyinau nabuh gôngsa sarana sêratan. Anggèn kula matur makatên wau sabab angèngêti karawitaning gêndhing punika kagunan ingkang botên gampil panyinaunipun, dados manawi botên wontên tuntunanipun, punapa botên badhe ngundurakên sêdyanipun para ingkang nyinau. Awit dèrèng mawi tuntunan ingkang anggampilakên panindaking panyinaunipun.

I: Karêpmu kaya mangkono iku prayoga bangêt, ananging yèn aku sing kok kon gawe, aku prêlu takon dhisik mênyang kowe, tuntunan mau bakal tumrap golongan apa.

A: Êlo mangke ta kamas, panjênêngan dadak andangu tumrap golongan punapa punika kadospundi, ragi ngodhêngakên panampi kula dhatêng pandangu panjênêngan wau, la tiyang tuntunaning kagunan kathik dadak mawi milih golongan, punapa botên sagêd katumrapakên dhatêng sintên kemawon ingkang sumêdya nyinau bab karawitaning gêndhing Jawi.

I: Yèn aku kok kon gawe tuntunan kang bakal katumrapake marang sadhengah uwong, têgêse sabên uwong kang bisa ngunèkake tulisaku mau bakal bisa nyinau dhewe, iku aku ora kêconggah anggawe.

A: Ingkang botên panjênêngan kêconggahi punapanipun ta kamas, tiyang namung nyêrati bab ingkang sampun panjênêngan sagêdi kemawon, rak inggih kantun urag-urêging potlot ingkang kangge ngêdalakên kasagêdanipun.

I: Anggonmu duwe pangira kaya mangkono iku ya bênêr, awit kowe durung mangrêti bedaning nyinau gêndhing lan nyinau nabuh gamêlan, yèn kowe wis mêruhi bedaning gêndhing lan ulah panabuhing gamêlan, ya mêsthi banjur bisa ngarani, yèn panabuhe gamêlan iku ora gampang diwujudake tulisan.

A: E, dados nyinau gêndhing punika botên sami kalihan nyinau nabuh gôngsa. Kula wastani rak sami kemawon, la bedanipun kadospundi kamas.

I: Wong nyinau gêndhing iku kang disinau lakuning lêlagon, anadene lakuning lêlagon kacêtha gampang ditulisi iku lakuning gerongan, mulane ajar gêndhing Jawa mau yèn gêndhing-gêndhing kang diajarake iku didakeke[2] gerongan, panindaking pangajar: gampang bangêt, awit mung cukup cangkêm karo tulisan, apadene yèn kang ajar mau wis bisa marang aksara gêndhing, iku arêp ajar gêndhing apa bae bisa tanpa guru, janji wis ana tataning aksara kang kadhapuk gêndhing, yaiku kang disinau nganti bisa apal. Mangkono uga panyinauning nabuh gamêlan kang perangan ditabuh tangan siji, kaya ta panabuhing slênthêm, dêmung, saron, saron panêrus, kêthuk, kênong, gong, iku cukup ngapalake aksaraning gêndhing kang dadi ragangan [ragang...]

--- 979 ---

[...an] balunganing gêndhing, awit ragangan balunganing gêndhing mau gampang bangêt ditulisi. Barêng tabuhan kang katindakake ing tangan loro, kaya ta panabuhing gambang, gêndèr, kêndhang, rêbab, bonang, suling sapanunggalane iku panêmuku ora gampang ditulisi, mulane aku ora kêconggah anggawe tuntunan sarana tulisan tumrap sadhengah wong kang sumêdya nyinau dhewe, awit panabuhing gamêlan kang katindakake ing tangan loro iku, lagi arêp nêrangake patrap panyêkêling tabuh bae wis ngandhar-andhar akèh bangêt panulising katrangan, apadene banjur nêrangake pamolahing tangan sapiturute, saya ngomêtake kang bakal nyinau, luwih manèh yèn wis nyandhak bab arang kêrêping thuthukan, mincang gantunging suwara kang gandhèng karo pamêcahing thuthukan sajroning wirama, iku pangiraku saya anggoblêgake sirah, têmah tuntunan kang kaya ngono mau mung bakal dadi conthonging kacang arab bae. Badhe kasambêtan.

Kodrat, Batawi Sèntrêm.

[Iklan]

Pawartos saking Redhaksi.

K. 292 ing Dd. 18 Januari 1905 dhawah Rê, Kli, 12 Dulkangidah Jimakir 1834. 19 Mèi 1911 dhawah Ju, Wa, 20 Jumadilawal, wawu 1842. 27 Rabingulakir 1835 dhawah Kê, Wa, 1 Juni 1905, Alip. 20 Jumadilawal 1841 dhawah Ju, Pa, 19 Mèi 1911.

Tuwan S.N.S. ing Kêrtapati. Redhaksi Kajawèn sampun nampèni karangan panjênêngan, nuwun. Eman dene karangan wau botên sagêd kapacak. Pangajêng-ajêngipun redhaksi, mugi panjênêngan kaparênga ngarang ingkang gancaran kemawon, tuwin kaangkah karangan wau ingkang damêl sêngsêming para maos, upami kawontênanipun nagari padunungan panjênêngan, ingkang sanès pakabaran.

--- 980 ---

Wulang Sae

Pralampitaning Panitisastra Prakawis Suka Kasêktèn dhatêng Durjana.

(Tiyang lampah piawon).

Sambêtipun Kajawèn nomêr 61.

[Dhandhanggula]

awit saka kasêktèning wêsi / winisesa kawasaning brama / wêsi duk kobar urube / mrangangah amalatu / tanpa tilas saktining wêsi / tiwas dayane bebas / atos dadi êmpuk / pèndèng gèpèng ginêmblengan / kaku dadi lêmês mêmês lir têtali / tuladha kanggo têpa //

ingkang para murwa pangrèh nagri / mrih makolih mardi tyas raharja / durjana pamarjayane / supadya dumadya yu / dening ati sanadyan juti / ya uga jênêng janma / tyase dudu watu / dudu wêsi dudu padhas / padha bae lawan salumrahing janmi / tan beda padha uga //

nanging ana ugêring pambudi / mangrèh ati tan nganggo ingobar / kadi mau pakêrtine / ngêrèh wêsi ing sêmu / sumurupa pangrèhing janmi / mungguh para durjana / saking jêjêgipun / adêging panitiraja / pamanduming kukus ngadil têtêp wradin / winardi palamarta //

para durta durjananing nagri / parêng wigar dening sinêbaran / wiji ati raharjane / sarwi sabar ing tanduk / mung tumindak arèrèh ririh / murih olih pêpadhang / wruh panggawe dudu / lan kang iya padha têrang / nora nunjang pêpalang larangan ati / atuhu linakonan //

ya mêngkono laku pakon ati / nora kêna para paripêksa / saka kasantosan bae / hawa sawasa tanduk / amung dumèh wênang mêngkoni / bisa murba wisesa / paniksaning kukum / kumudu sadaya-daya / kaya wêsi bang ginêmblèng dèn paloni / sayêkti lêbda karya //

balik mangrèh atining sujanmi / tan mêngkono iku jênêng ina / wus ana êmpan papane / aja kongsi tumpangsuh / dèn samya wruh atining janmi / pangrèhe uga krana / ati raharja yu / kamartaning sabda tama / tumanduke sarana wasita jati / jati-jatining wulang //

wong kang mulang kudu angluwihi / marang apa barang dera mulang / lan ana tôndha yêktine / tinêtêpan rumuhun / anuhoni uga nglakoni / kêna kanggo tuladha / kang padha andulu / lide anggane wus bisa / nganggo dhewe nora owah nora gingsir / salwiring kang wêwulang //

yèku jênêng piwulang sajati / pantês nulya winulangna ing lyan / sayêkti buntas swarane / dumêling sing doh krungu / padha bisa anglèng mring kuping / kaping pirang petungan / yèn kêna pinetung / tinimbang bêndhe tinêmbang / nadyan gantêr tinêtêr anggêgêtêri / takêring adoh cêdhak //

iku maksih angluwihi têbih / yèn katimbang lan jatining wulang / bawana kèbêkan kabèh / swaraning warsita yu / ngayuh wiyat umahya ati / atuhu kautaman / mantêp têmên manut / pae lan lampitanira / lamun pêksi iku menco kang pinilih / micara tiru janma //

manjing môngka sêmuning sujanmi / tukang mulang mung nirokke layang / apa sabarang unine / pintêr ingêring tutur / nanging mungguh badan pribadi / nglakoni nora bisa / basane ing sêmu / tilasing tulis nèng lêmah / ing satêmah mutuwas ngrêgêdi driji / winaca nora cêtha //

--- [981] ---

mung sêdhèlêt ilang tan nglabêti / lire wulang kang tanpa tuladha / aluwung menco ocèhe / ugêre guru tiru / swarèng janma kang piniyarsi / suda wuwuh tan bisa / saka kang rinungu / balik wong adhakan watak / angundhaki suda wuwuh kurang luwih / blasar wèh marga sasar //

titi dera ngripta Dite Paing / nuju kaping lima wulan Bêsar / listya windu kang Di aèng / santêring truh kapitu / kikis warsa Ehe wus akir / purwakaning sangkala / nawung ukara rum / pralampita tinêngêran / nagara ngrèh brasthaning durjana dening / tata darmaning Wedha.

Pranata.

[Iklan]

LOTERIJ

[Grafik]

--- 982 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Angsal-angsal saking kêkesahan.

IV

Petruk : Ambanjurake caritaku lagi anu, Kang Garèng, budhalku kêtêlu saka Sêmarang mênyang Kudus, pancène mono bisa nunggang sêpur, wong siji waragade nèk nunggang klas II mung f 0.51 dadi wong têlu mung f 1.53, nanging repote, Kang Garèng, saka hotèl nyang sêtatsiun, kudu ambayar taksi, ambayar kuli sing ngangkat-angkati kopêr, durung saka sêtatsiun ing Kudus têkan ing dalême priyayi sing arêp takjujug, kajaba iku lakune sêpur Sêmarang-Kudus kuwi, sajake ngulêr kambang bangêt. Mulane saka Sêmarang mênyang Kudus mau, iya naksi, Kang Garèng.

Garèng : Hla kuwi nèk Petruk, dupèh anggone lêlungan: on gêprangkir, têgêse: tanpa cucul dhuwit saêndhil-êndhila, banjur main obral mêngkono.

Petruk : Yak, ambok aja sok mêlèhake sing iya-iya, apa cikbèn konangan wong akèh yèn aku lêlungan mrana-mrana mung urun awak thok, yak, mêngko rak kalakon aku diarani ora sugih. Wis, Kang Garèng, rungokna têruse dongenganaku kiyi, kira-kira jam 2 sore motor sing taktunggangi têkan ing Kudus, sarta aku kêtêlu banjur anjujug ing dalême Dhoktêr Radèn Sutiyana. Wah, panampane nyang aku kêtêlu, kakung putri, dalasan putra-putrane sing isih cindhil-cindhil, gapyak bangêt. Mêdhun saka motor gênjrit, aku têrus lumêbu ing dalêm bluêng, mapan linggih ing gadri: jrèt, andadak: sontit, sontit, lim-liman, Kang Garèng.

Garèng : Omongmu kuwi ora mèmpêr, Truk. Lumrahe madhayoh ana ing dalême priyayi Jawa kuwi, gênjrut, têka, iya banjur disuguhi salah siji, apa wedang kopi, wedang tèh, apa wedang srêbat. Ana kok banjur: sontit, sontit, lim-liman, kuwi rak carane wong awèh slamêt taunan, utawa kawinan nganggo minum-minum kae, banjur dibarungi: sontit, sontit (op uw gezondheid)

Petruk : Madhayoh disuguhi wedang tèh, lan sapadhane, kuwi rak yèn madhayoh lumrah kae, balik madhayohe aku kêtêlu kuwi mau, rak kêna diarani: luar biasah, sabab, mungguh panggalihane sing kagungan dalêm, lakune saka Sêmarang nyang Kudus, sadalan-dalan mêsthine tungkul langganan kêpanasan, mulane aku kêtêlu mêsthine iya luar biasah... ngêlake. Hla nèk disuguh [disu...]

--- 983 ---

[...guh] wedang kopi utawi wedang tèh, hla kaping pira bae anggone kudu tanduk. Jalaran saka iku banjur dipilihake suguhan unjuk-unjukan sing tumrape wong ngêlak: cêsplêng kae. Saora-orane wong iya dhoktêr, têmtune iya bisa ngadon-adoni unjukan sing nyang awak rasane mak pyar kae. Yaiku: limun, ès, dicampuri wiski sathithik. Wah, rasane barêng diombe, iya: lêgi, anyês, kathik ana sêgrak-sêgrake, wah, nyang pandêlêngan, le mak: byar.

Garèng : Cê-kup. Wong sêmbrana, mèh bae aku kêrugian. Saka anggonku ngêmatake caritamu, nganti kaya mèlu-mèlua ngombe, barêng lagi ngêlêg jêbul mut-mutanaku gula batu mèh bae mèlu kêlêg.

Petruk : We, hla cilaka, gula batune wis mèh ludhis babar pisan. Dadi sajêrone aku ngoprès sadawan-dawan, tangane Kang Garèng tungkul munggah mêdhun mau, dadi lagi nglangsirake gula batu saka wadhah nyang cangkême. Nanging iya ora dadi ngapa, isih sugih... tanggane. Cêkake, Kang Garèng, sanadyan lagi dhog bae, saka andêmênakake tangkêpe sing kagungan dalêm, kakung putri, nyang aku kêtêlu mau, kene iya banjur andadak krasan bae. Sabanjure nuli padha gêguyon sênêng bangêt kae. Nanging ora watara suwe sênêngku mau ujug-ujug banjur kaya: orong-orong kêpidak, mak klêsêt, mandhêg. Awit ing kala samono dumadakan sing kagungan dalêm ngêtokake tilgram kang banjur diwènèhake nyang aku. Mungguh tilgram mau saka kontrolir dhepartêmèn B.B. kang kala samono ana Ngayoja. Isining tilgram, aku dipundhut ing (ora diprentah) supaya sabisa-bisa tanggal 13, 14, lan 15 Juli ana ing Ngayoja, prêlu bangêt jarene. Saka mangkêling atiku, dene aku kapêksa mêdhot lakuku, nganti sadhiyan panganan salusin warna ana ing meja, lali ora ana sing tak... êngèh.

[Grafik]

Garèng : Wayah, sêtun-sêtun: ora ana sing diicipi, jêbul malah dilabasake kabèh. Sabanjure kêpriye, Truk. Nèk padatane kowe kuwi sok banjur duwe pikiran: ah, prêludi sêpêt, aku mêksa arêp ambanjurake lakuku.

Petruk : Ing sakawit aku pancèn iya duwe pikiran mangkono. Nanging barêng isining tilgram mau sarana pangaturan, têgêse tilgrame tuwan kontrolir mau, kana mundhut supaya aku sabisa-bisa [sa...]

--- 984 ---

[...bisa-bisa] têka ing Ngayoja, dadi ora prentah: aku kudu têka, mulane pungkasane aku mutusi: nêdya mituruti apa timbalane tuwan kontrolir mau. Nanging pikiranaku iya banjur wis gêla. Ing môngka aku wis jangji: tanggal 13 Juli aku sowan nyang kêpatihan Blora, kathik tanggal kuwi aku kudu ana ing Ngayoja. Mulane ing batin aku tansah mêmuji mangkene: O, bêndara bèi patih utawa ndara dèn ayu, aja andadèkake rênaning panggalihmu sakalihan, dene aku ora sida andon turu lan andon madhang kono.

Garèng : Hus, wong sêmbrana, kathik dipadhakake awake dhewe bae, nèk arêp kêtamuan, kon wurung, malah bungah, jarene: nyinggêt, ora kelangan sêga, wis, ora susah ngomong sing ora prêlu mangkono.

Petruk : Sêmune kêtara yèn aku iki gêla bangêt. Bokmanawa katitik saka anggonku têrus-têrusan anjublêg tanpa ngomong-omong, kajaba mung... anggayêmi bae. Awit ing kala samono pikiranaku pancèn pêtêng têmênan. Nanging barêng jam 8 pikiranaku banjur padhang manèh, awit dening ingkang kagungan dalêm sakalihan aku kêtêlu diajak nonton kêthoprak Kridhamudha, kang ing kala samono main ana ing Kudus.

Garèng : Lo, apa kêthoprak Kridhamudha, sing digambar lan dialêmbana ing kalawarti Wereldnieuws sarta sing dikêpalani dening Radèn Mas Bok kae. Wèh, kaya apa, Truk, mêsthine iya apik bangêt, wong iya nganti klêbu ing kalawarti Lônda.

Petruk : Wah, iya pancèn jan kêthoprak dêlês kae, Kang Garèng, têgêse: tongtonan Jawa sing satulèn-tulène. Mara, titikane tongtonan Jawa sing sêtulèn-tulène, kaya ta: wayang wong, kêthoprak, lan sapadhane, kuwi apa. Nèk mungguh panêmuku, para kang main, maine padha mêrdika, dadi para kang main wadon-wadon padha plorak-plorok andêlêng wong nonton, sing lanang-lanang tansah klirak-klirik nyang ngêndi-êndi, iya kêna-kêna bae. Mêngkono patrape para kang main ing Kridhamudha sing akèh, jênêngane bae wis cocog bangêt: Kridhamudha, yaiku: kridhaning para nonoman, mulane iya wis mathuk, nèk nonton ana ing kêthoprak Kridhamudha mau, diunèkake: nonton wong gêmagus lan wong kêmayu. Dene sing ngêpalani gêmagus-gêmagusan mau, ora liya iya Radèn Mas Bok. Kala samono tanganku pancèn tansah kêdutên kêpengin nyawat nganggo gandhèn, saupama wêktu kuwi, aja rikuh karo sing kagungan dalêm, sabab wis amborong karcise aku kabèh, aku wis suwe anggonku ngajak: ing, ing, mari pulang...

Garèng : Wah, anggonmu nacad kathik êntèk-êntung mêngkono, ta, Truk. Mulane bêcike ngrêmbug bab kêthoprak Kridhamudha iki disêtop samene bae.

--- 985 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Utusan saking tanah ngriki dhatêng San Francisco. Tuwan Robert Deppe, architect ing Bêtawi, ingkang damêl rancangan Indische Paviljoen ing Tentoonstelling dunya ing San Francisco, benjing tanggal 31 wulan punika badhe bidhal saking Surabaya numpak kapal Hoegh Silverlight, gadhahanipun Silver Line, dhatêng Amerika, pêrlu badhe sadhiya pêrluning yêyasan wau. Tuwan Deppe wontênipun ing San Francisco ngantos dumugi sabibaring damêl, wontên wulan Februari 1939.

[Grafik]

Pêpêthaning gapura ing Glodhog, Bêtawi. Ing nagari pundi-pundi sampun sami upyak anggèning badhe ngawontênakên paargyan benjing dhawahing dintên pèngêtan jumênêngan nata 40 taun. Ingkang kacêtha ing gambar punika pêpêthaning gapura ing Glodhog, Bêtawi, benjing dhawahing dintên paargyan.

Ajrih nyambutdamêl wontên ing pabrik mêrcon. Ing taun punika pabrik mêrcon ing Rêmbang badhe bikak malih, bêtah ngangge bêbau tigang ewon. Nanging angsaling tiyang botên sapintêna, jalaran saking ajrih ing pabrik ngriku nate wontên kasangsaran.

Katêtêpakên manggèn ing kalangan pangadilan. Mr. Dr. Hazairin, asistèn ing pamulangan luhur pangadilan, kabantokakên dhatêng pangarsa Landraad ing Padang Sidempuan sapanunggilanipun sawatawis dangunipun, tumrap babagan griffier. Mr. R. Isa Sutadilaga, maandgelder Landraad ing Purwakarta, ugi katêtêpakên padamêlan makatên wontên ing Landraad Surakarta. Mr. M. Iskandar Suria Atmaja, maandgelder Landraad ing Bandung sapanunggilanipun, ugi katêtêpakên padamêlan makatên wontên ingriku. Mr. R. Sudiono, maandgelder Landraad ing Cirêbon sapanunggilanipun, ugi katêtêpakên padamêlan makatên ingriku.

Adêging N.I.S. 75 taun. Ing wulan Augustus punika N.I.S. badhe ngawontênakên paargyan namung alit-alitan, mèngêti adêging sêpur wontên ing tanah Jawi sampun 75 taun. Manggèn ing Sêmarang.

Bidhaling para utusan. Utusan-utusan saking Kasultanan Ngayogyakarta, saking Mangkunêgaran tuwin Pakualaman ingkang badhe anjênêngi paargyan pèngêtan jumênêngan nata 40 taun dhatêng nagari Walandi, sampun sami bidhal sêsarêngan nitih kapal Christiaan Huygens.

Bab pabrik bata. Miturut katrangan wêwakil parentah ing Raad Kawula, badhe adêging pabrik sêpatu Bata ing tanah ngriki, mawi katêtêpakên ing prajanjian, anjagi supados botên adamêl sabab dhatêng kawigatosaning panggaotan sêpatu ingkang sampun wontên, agêngipun jor-joran ingkang damêl karisakaning padagangan.

Ewah-ewahan tatanan guru. Miturut rantaman babagan pangajaran ing taun 1938-1939, badhe ngawontênakên ewah-ewahan: guru-guru wêdalan Normaalschool tuwin Kweekschool ingkang sapunika tumindak ing damêl wontên H.I.S., sami badhe kapindhah dhatêng pamulangan angka kalih. Dene guru-guru ingkang kapatah mulang ing H.I.S. badhe mêndhêt ingkang wêdalan H.I.K., pêrlu badhe kangge nginggahakên pangajaran. Miturut cathêtan guru wêdalan saking Normaalschool ingkang badhe kapindhah wontên 70, saking Kweekschool 34.

Panggaotan payung majêng. Panggaotan payung ing Juwiring, Klathèn, katingal saya majêng. Bab punika dipun rekadayakakên dening Komite Pangangguran ing Surakarta murih saya majêngaipun.[3] Ing sapunika wontên wartos, bilih Departement van Economische Zaken ugi migatosakên bab punika.

Pikramèn agung. Miturut wartos, awit saking kaparêng dalêm sampeyan dalêm ingkang minulya saha ingkang wicaksana, putri dalêm G.B.R.A. Cokrodiningrat katarimakakên dhumatêng R.M.Ng. Sumasuganda, wêdana dhistrik ing Pojok, Sragèn. R.M.Ng. Sumasuganda punika ingkang rayi K.P.P. Singasari.

Badhe mulyakakên kuburipun R.H. Umar Said Cokroaminoto. Ing Ngayogya wontên comite ingang[4] ada-ada badhe mulyakakên kuburipun Tuwan H.O. Cokroaminoto, ingkang ngajal ing salêbêtipun taun 1934. Tumrap ing kalangan P.S.I.I. tamtu migatosakên dhatêng bab punika.

Mulo Jawi Mardi Rahayu. Pamulangan Mulo Jawi Mardi Rahayu ing Surakarta wiwit taun pangajaran punika angsal pambiyantu arta, saha lajêng badhe damêl griya piyambak manggèn ing sacêlakipun tugu Nasional ing Panumping, kanthi rantaman f 4000.-. Yasan punika dipun apèn-apèni dening R.Ng. Condrodiprojo, panèwu opzichter Kartipraja.

Madosi tilas kadhaton Dêmak. Regentschapsraad Dêmak sampun sarêmbag kalihan pakaryan babagan barang kina badhe madosi patilasanipun kadhaton Dêmak, saha madosi barang-barang kina.

Pambikakipun Soos Jakarta. Kala Sabtu malêm Ngahad kêpêngkêr, ing gêdhong V.O.R.O. ing Kramat, Bêtawi, kêlampahan sampun ambikak Soos Jakarta, mawi paargyan. Pangarsaning Soos wau Mr. Subroto, panitranipun Tuwan Masihono. Bibaring pasamuwan ngantos lingsir dalu. Soos wau anampèni warga tanpa pilih bangsa, sintêna kemawon kenging malêbêt.

Kintunan arêng sela saya mindhak. Kala ing taun 1937 padagangan arêng sela ing tanah ngriki pinanggih sae. Ing taun punika makatên ugi. Miturut pèngêtan, ing salêbêtipun 6 wulan saking wiwitaning taun punika wêdaling padagangan arêng sela langkung kathah tinimbang pêpetangan makatên ing taun 1937. Tamtunipun dumugining wêkasan taun saya kathah.

Ingkang angsal loterij. Loterij nomêr 1 ingkang nêmbe kabikak punika dhawah Batavia-Centrum. Ingkang nomêr kalih dipun tumbas tiyang ing Bêtawi. Dene ingkang f 5000.- dhawah Bandung tuwin Surabaya.

Kapal-kapal tumpakan saking Australie. Benjing tanggal 22 Sèptèmbêr ngajêng punika wontên commissie golongan militèr, kapitein adjudant M.F. Stenger, pangarsa, 1e luitenant der cavalerie D.F.W. Boes Lutjeus tuwin paardenarts 2e klas W. Parce, sami badhe bidhal dhatêng Australie, numpak kapal Nieuw Holland. Mênggah pêrlunipun badhe tumbas kapal tumpakan kangge wadyabala cacah 204. Wangsulipun wontên salêbêting wulan November utawi December.

--- 986 ---

Bestuursacademie. Miturut pawartos praja, nêtêpakên para ingkang badhe curatoren tumrap Bestuursacademie, president curator Prof. Dr. R.A. Husein Jayadiningrat. Ingkang dados curator resident t/b H.A. van Loghem, Adviseur van Inl. Zaken Dr. G.F. Pijper, Bupati Bêtawi R.T.A. Hassan Sumadipraja, warga Raad Kawula. Dr. Mr. Todung Gelar Sutan Gunung Mulia.

Ajar-ajaran pêrang ing lautan. Sampun dados padatan, ing sabên taun sapisan ngawontênakên ajar-ajaran pêrang ing sagantên, ing taun punika badhe katindakakên wontên ing tanggal 6 Sèptèmbêr ngajêng punika, manggèn ing supitan Sunda, antawising Sumatra kalihan tanah Jawi. Ajar-ajaran punika ugi ngiras kangge maargya jumênêngan dalêm nata 40 taun. Sawarnining kapal golongan marine sami tumut sadaya. kapal-kapal wau sadèrèngipun dumugi Tanjungpriok, sampun gladhèn rumiyin wontên ing sagantên Jawi.

B.R.M. Mr. Hapsara. B.R.M. Mr. Hapsara, putranipun B.K.P.H. Hadiwijoyo, ing Surakarta, ingkang nêmbe wangsul saking nagar[5] Walandi, awit saking kaparêng dalêm sampeyan dalêm ingkang minulya saha ingkang wicaksana, kadhawuhan nyambut damêl wontên kantor nagari golongan C apangkat panèwu kaparingan nama R.M.Ng. Mr. Jaksadipraja.

Radio ing gêgana. Kawartosakên, wiwit tanggal 1 Augustus punika ing salêbêting motor mabur K.N.I.L.M. kawontênakên pirantos telegram radio, tumrap para ingkang sami numpak sagêd kintun telegram saking ngriku dhatêng pundi kemawon utawi dhatêng motor mabur sanèsipun ingkang nuju anggêgana. Waragadipun satêmbung f 0.50, tuwin botên kenging langkung saking 18 têmbung.

Tiyang kentir ing sagantên. Sampun sawatawis dintên wontên têtiyang asli saking Ciasêm, bawah Purwakarta ambêkta dêling dipun gèthèk badhe dipun sade dhatêng Bêtawi mêdal sagantên. Sarêng wontên ing sagantên kabêkta ombak kombal-kambul dumugi têngah, wusana dumugi pasisir sakilèn Lampung. Salajêngipun têtiyang wau badhe kaantukakên dening pangrèh praja ing Menggala dhatêng nagarinipun. Têtiyang wau salêbêtipun wontên ing lautan sakalangkung sangsara, kêtêlasan têdha.

Panyobi pandamêling agêr-agêr dèrèng marêmakên. Sampun sawatawis dangu Ysfabriek Petojo ing Surabaya pados katrangan momoraning agêr-agêr ingkang mikantuki. Ngantos sapriki dèrèng manggihakên, dados dèrèng sagêd nêtêpi kados pangajêng-ajênging ngakathah. Makatên ugi tumrap pangudining para ahli ugi dèrèng manggihakên bab pandamêling agêr-agêr ingkang sae tuwin ingkang ngathahakên bêbathèn. Kajawi punika ugi sawêg migatosakên mêsin-mêsinipun ingkang kangge damêl.

Pakêmpalan tukang untu. Para tukang untu bangsa Tionghoa ing Ngayogya sampun kalampahan adamêl paguyuban saha ngawontênakên pêpanggihan. Pakêmpalan wau dipun namakakên "Chung Hau Ja Jeh Kung Hui". Nalika pambikaking paguyuban wau kathah ingkang sami dhatêng anjênêngi.

AMERIKA.

Lindhu ing Amerika. Kala tanggal 29 Juli wanci jam 3 dalu têtiyang ing New York ingkang nêngah-nêngahi tilêm sami kagèt saking wontên lindhu ingkang sakalangkung santêr. Pirantos mariksa kawontênan lindhu ing Fordham-Universiteit nyathêt bilih lindhu wau pinanggih santêr sangêt.

EROPA.

Saradhadhu abrit tumrap Spanyol. Wadya Polen ingkang manggèn ing tapêl watês nyêpêng tiyang 19 sami communist bangsa Polen, ingkang anjarag langkung ingriku badhe dhatêng Sovyet Ruslan. Têtiyang ingkang sami dipun cêpêng wau apratela bilih sami malêbêt dados wadya Spanyol abrit, saha badhe nglampahi ajar wontên Ruslan. Kajawi punika sami dipun sagahi samangsa bibar paprangan ing Spanyol badhe dipun sukani padamêlan wontên ing Sovyet Ruslan kanthi blanja murwat.

ASIA.

Motor mabur ingkang ical. Sampun sawatawis dintên kawartosakên wontên motor mabur saking Amerika ical. Miturut wartos saking Manila, motor mabur ingkang ical wau Clipper, ing tanggal 30 Juli katingal anggêgana mangilèn nglangkungi pulo Luhuy, kanthi angsal wartos saking motor mabur wau. Miturut wartos saking kapal Meigs, kaprênah ing lautan panggenaning icalipun motor mabur wau pinanggih wontên bènsin tuwin lisah kumambang ing lumahipun sagantên. Inggih ing papan ngriku punika ingkang kangge ancêr-ancêr madosi. Pangintên icaling motor mabur dèrèng gumathok. Nanging wontên ingkang ngintên, motor mabur wau sampun kalêlêp ing toya dalah tiyangipun 15, lêbêting toya ing lautan ngriku wontên 20.000 kaki.

Campuhipun wadya Sovyet kalihan wadya Jêpan. Miturut wartos ing tanggal 31 Juli, wadya Jêpan-Mansyukuo ngubêr wadya Sovyet Ruslan saking Changkufeng dhatêng Shaotsoaping. Ing kala punika wadya Sovyet nêmpuh wadya nganglang Jêpan-Mansyukuo kanthi migunakakên mriyêm. Ingriku wadya Jêpan-Mansyukuo nanggulangi, wadya Sovyet kêplajêng, ngantos mundur saking garising paprangan, Changhufeng tuwin Sahotsaoping karêbat ing wadya Jêpan-Mansyukuo. Unduripun wadya Sovyet angrêrisak padhusunan. Wadya Jêpan angsal jarahan awarni motor dêdamêl mriyêm 11, mriyêm parêdèn 2, tuwin sanès-sanèsipun. Tumrap kasoranipun Jêpan dèrèng wontên wartosipun.

Pasrah bongkokan. Ing bab ura-uru ingkang pinanggih ing Rangoon adamêl tiwasing tiyang 67, kêtaton 24, kapitunanipun wontên sayuta rupee. Sasampunipun pulisi nindakakên pajagèn kêncêng, para ambalela sagêd sirêp. Salajêngipun wontên wartos, bilih pangajêngipun golongan ambalela nama Shwe Hpi, tiyang Islam, inggih punika ingkang ngarang buku ingkang damêl gêndra, sampun pasrah bongkokan dhatêng pulisi.

[Grafik]

Rêkaosipun wontên paprangan. Wartos ing bab wontêning paprangan ing Tiongkok saya rame. Ingkang kacêtha ing gambar punika tumindaking wadya Jêpan nalika tumindak ing damêl wontên salêbêting paprangan, katingal sakalangkung rêkaos.

--- 987 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

5

Wêruha, aku iki Waya, kêpalane bôngsa Wayi. Dene kowe iku Muhamad bin Dhobi, wong Arab kang nêdya amatèni bangsaku lan nyolong gadhing-gadhingku. Saiki kowe kêcandhak ing tanganku. Aja takon dosa, mêsthi bakal takkêmah-kêmah. Saikine kowe tak tinggal ana ing kene, nanging mêngko aku bali mrene manèh. Sasampunipun wicantên makatên, anakipun Tarsan wau, sarana mêdal ing jandhela, nilar kamaripun, nêdya nindakakên punapa ingkang dipun sêdya wau.

Wontên ing papan patilêmanipun Jak ngriku, Harolmur budi sarosanipun murih sagêdipun luwar saking bêbandanipun wau. Salêbêtipun punika piyambakipun angrumaosi, saupami botên enggal-enggal wontên tiyang ingkang suka pitulungan, botên sande piyambakipun têmtu kêplêpêgên dening sumpêl ing cangkêmipun punika. Jalaran saking rosaning budinipun wau, ing wusana saking papan patilêman piyambakipun lajêng dhawah ing siti. Saking sakit sarta kagètipun jalaran dhawah wau piyambakipun lajêng sawatawis sabar manahipun. Ing sakawit, saking gugup lan bingunging manahipun, Harolmur kadosdene ical manahipun, amila lajêng botên sagêd mikir punapa-punapa, nanging sarêng manahipun sampun sabar malih, inggih lajêng sagêd anggagas kadospundi anggènipun sagêd luwar saking kasangsaranipun wau. Ing wusana piyambakipun èngêt, bilih kamar ingkang kangge ngandikan Lodgrèstuk tuwin ingkang garwa kalihan piyambakipun, kalêrês wontên ing ngandhapipun kamar ingkang sawêg kangge galangsaran wontên ing siti punika. Piyambakipun mangrêtos, bilih piyambakipun nilar kamar wau sampun sawatawis dangu lan bokmanawi Lodgrèstuk tuwin ingkang garwa, ing kala punika ugi sampun jêngkar saking ngriku, awit mênggah rumaosipun, anggènipun wontên ing kamar ngriku wau sampun dangu sangêt. Nanging ing samangke kadospundi rekadayanipun murih sagêdipun angsal pitulungan wau, botên sanès kajawi saking ing ngandhap ngriku sagêda wontên tiyang ingkang andêngangi kawontênaning piyambakipun wontên ing kamar ingkang nginggil. Sasampunipun anandukakên pambudidaya warni-warni, ing wusana sarana sukunipun lajêng sagêd anggêdrug-gêdrug ing siti ngantos rambah-rambah. Danguning-dangu pambudidayanipun wau sagêd angsal damêl, awit botên watawis dangu lajêng kamirêngan suwaranipun tiyang lumampah amurugi mriku. Salajêngipun saking ing jawi korining kamar ngriku wontên ingkang nothok, jalaran cangkêmipun kasumpêlan, sampun tamtu bilih Harolmur botên sagêd amangsuli punapa-punapa, kajawi namung anggêdrug-gêdrugakên sukunipun wau. Kori kathothok malih, wangsulanipun Harolmur inggih namung angêdrug-gêdrugakên sukunipun malih. Dangu-dangu kamirêngan suwara ingkang apitakèn makatên: Tuwan Jak.

Sakala punika Harolmur inggih lajêng mangrêtos, bilih ingkang undang-undang punika salah satunggiling abdi ngriku. Nalika kori kathothok malih wau, Harolmur nyobi nêdya amangsuli. Nanging jalaran kêncênging sumpêlipun wau, kadosdene rahipun moncrot-moncrot ing mripat. Ing kala punika, tiyang ingkang wontên ing jawi wau, nothok kori malih, sarêng tansah botên angsal wangsulan kemawon wau, salajêngipun pêntholing kori kacêpêng nêdya dipun bikak piyambak korinipun. Ing wêkdal punika kagètipun Harolmur tanpa upami, awit kèmutan, bilih nalika piyambakipun lumêbêt ing kamar, kamar wau saking nglêbêt lajêng kakunci piyambak.

Harolmur mirêng, bilih tiyang ingkang wontên ing jawi, wongsal-wangsul nyobi ambikak korining kamar, nanging tanpa damêl. Saking bingungipun ing wusana Harolmur lajêng botên èngêt.

Ing wêkdal punika Jak sawêg sênêng-sênêng aningali punapa ingkang kapitongtonakên wontên ing kumidhi sirkus. Nalika Jak lumêbêt ing gêdhong kumidhi, sarta mapan linggih wontên ing klas losê, ing ngriku kalêrêsan kêthèk bangkokan ingkang nama: Ayak, sawêg wiwit main. Ningali solah tingkahipun Ayak ingkang mèh botên beda kalihan manusa limrah, gumunipun Jak tanpa upami. Botên watawis dangu juru mainakên kêthèk bangkokan sumêrêp dhatêng lare bagus ingkang linggih wontên losê wau. Ingkang dipun pitongtonakên dening Ayak ingkang sayêktos anarik manahipun tiyang kathah, punika kaêculakên ing losê. Ing ngriku limrahipun Ayak lajêng anitipriksa dhatêng para ingkang lênggah wontên ing ngriku. Miturut pratelaning juru mainakên wau, kêthèk bangkokan sawêg nitik sadhèrèkipun. Sarêng sumêrêp lare bagus ingkang linggih wontên ing losê wau, gagasanipun juru mainakên kêthèk, iba sênêng lan ramenipun tiyang ningali manawi Ayak kaêculakên minggah dhatêng losê punika. Awit tamtunipun lare bagus punika, manawi lajêng dipun purugi ing kêthèk bangkokan sarta dipun cêpêngi ing pundhakipun, botên kenging botên tamtu lajêng kamigilan.

Dening juru mainakên, kêthèk bangkokan lajêng dipun têdahi lare bagus ingkang lênggah wontên ing losê. Sanalika Ayak lajêng mêncolot [mênco...]

--- 988 ---

[...lot] minggah ing losê sarta nyandhak pundhakipun lare bagus, inggih pun Jak wau. Nanging ing kala punika juru mainakên kêthèk rumaos kêcêlik sangêt, awit pangintênipun ing ngajêng, lare wau tamtu badhe kamigilan ingkang anjalari tiyang ningali sami gumujêng rame, nanging ing wusananipun jêbul kosok wangsul. Sarêng kêthèk bangkokan wau murugi saha lajêng nyandhak pundhakipun kalih pisan, lare wau malah mèsêm sarta nyêpêngi tanganipun kêthèk bangkokan ingkang dhiwut-dhiwut punika. Pun kêthèk bangkokan nyawang rainipun Jak kanthi taliti sangêt, dene Jak ngêlus-êlus sirahing kêthèk sarta ambisiki warni-warni.

Salaminipun Ayak dèrèng nate aniti tiyang ngantos dangu kados ing kala punika. Ing sêmu kêthèk bangkokan wau kadosdene bingah sangêt, lan katingalipun kadosdene lajêng gêgujêngan kalihan lare wau. Dene juru mainakên ingkang rumaos salaminipun dèrèng nate ngalami, anggèning kêthèk bangkokan ngêlus-êlus lare wau kadosdene tiyang sêpuh ngêlus-êlus anakipun. Salajêngipun kalayan sasakecanipun, kêthèk bangkokan lajêng linggih anjajari Jak. Ing kala samantên têtiyang ingkang sami ningali sami kamitênggêngên, saya malih sarêng juru mainakên anyobi ngêdalakên Ayak saking losê ngriku. Nanging katingalipun kêthèk bangkokan botên nêdya kesah saking ngriku. Pangagêngipun sirkus ingkang botên rêna sangêt manahipun, awit mainipun kêthèk bangkokan wau sampun anglangkungi wêkdalipun, lajêng marentah dhatêng juru mainakên kêthèk, supados enggal-enggal ngêdalakên Ayak saking losê ngriku. Nanging sarêng juru mainakên kêthèk lumêbêt ing losê nêdya narik tanganipun Ayak, ujug-ujug Ayak anggêrêng saha ngatingalakên siyungipun.

Têtiyang ingkang ningali sami surak rame sangêt. Ing sêmu têtiyang ningali wau sami sênêng ningali sêsrawunganipun kêthèk bangkokan kalihan lare ingkang katingal lajêng sami mêmitran wau. Kosok wangsulipun tiyang ningali sêmu jèngkèl dhatêng pangagênging sirkus saha juru mainakên kêthèk, dene kalih-kalihipun sajak badhe mêksa dhatêng Ayak supados enggal kesah saking ngriku. Amila têtiyang ningali rame suwaranipun anggèning sami ngungêl-ungêlakên tuwin misuhi tiyang kalih wau.

Saking jèngkèlipun juru mainakên kêthèk wau ngantos lajêng botên èngêt punapa-punapa, saha nuntên enggal-enggal lumajêng dhatêng kamaripun prêlu mêndhêt cêmêthi, ingkang nêdya kangge ngajar kêthèk bangkokan wau. Sarana ambêkta cêmêthi salajêngipun juru mainakên kêthèk wangsul dhatêng losê malih. Nanging sarêng juru mainakên kêthèk ngagag-agagi Ayak mawi cêmêthi, ing ngriku botên ngêmungakên kêthèk bangkokan kemawon ingkang lajêng madhêp nêdya anglawan, nanging ugi Jak ingkang ing kala punika katingal sajak nêpsu sangêt, lajêng trangginas mênyat saking palinggihanipun nêdya anêmpuh dhatêng juru mainakên kêthèk sarana adêdamêl kursi ingkang dipun linggihi wau. Ing ngriku Jak botên mèsêm kados suwaunipun, nanging mripatipun mancêrêng amawas dhatêng juru mainakên kêthèk. Pancêrênging mripatipun Jak wau wontên titikanipun ingkang anjalari juru mainakên kêthèk dados kamigilan saha lajêng mundur. Dene kêthèk bangkokan sampun samêkta nêdya ngrangsang.

Kadospundi kadadosanipun ing wingking manawi sakala punika lajêng botên wontên pitulungan, tamtunipun botên wontên tiyang ingkang badhe sagêd anggagapi, nanging apês ambalêbês juru mainakên kêthèk wau, tamtu badhe babak bunyak dening panêmpuhipun kêthèk bangkokan tuwin Jak wau.

Kanthi pucêt sangêt abdi ingkang wongsal-wangsul thothol-thothok ing kamaripun Jak wau, lajêng lumajêng ngupadosi Lod tuwin Lèdhi Grèstuk, prêlu nêdya anglapurakên, kamaripun Jak dipun kancing, lan piyambakipun wongsal-wangsul nothok korining kamar, tanpa wontên wangsulanipun punapa-punapa, kajawi suwara gêdrug-gêdrug ingkang nganèh-anèhi tuwin suwara ingkang ngèmpêri kadosdene suwaraning badan koming.

Kanthi rêrikatan: Tarsan alias Jonkleton, lajêng lumajêng nuju dhatêng kamaripun Jak, kaêtut wingking dening Jènê alias Lèdhi Grèstuk tuwin abdi wau. Sapisan Lodgrèstuk animbali putranipun, nanging sarêng botên nampi wangsulan, sarana sariranipun korining kamaripun Jak wau lajêng dipun dhêsêk, ingkang ambikak ngêblak. Ing cakêtipun kori ngriku, katingal Harolmur gumlethak ing siti, botên èngêt ing purwa duksinanipun.

Sasampunipun sumpêl ingkang wontên ing cangkêm kacopot, bêbandanipun dipun uculi, sarta rainipun kasiram ing toya Harolmur wau lajêng èngêt malih. Sakala punika Jonkleton enggal andangu makatên: Wontên pundi anak kula Jak.

Kanthi alon-alon Harolmur ngadêg, saha lajêng nyawang ngiwa nêngên. Sarêng sampun èngêt malih kados ing suwaunipun, ujug-ujug lajêng kalair têtêmbungipun makatên: Sapunika ugi kula nyuwun kèndêl, tumrap putra panjênêngan, botên prêlu panjênêngan mundhut guru, langkung utami panjênêngan mundhut... juru panutut kewan.

Kanthi gugup Lèdhi Grèstuk andangu: Piyambakipun sapunika wontên pundi.

Harolmur: ningali mainipun kêthèk bangkokan.

Tarsan alias Lodgrèstuk, ragi kangelan anggènipun ngampêt èsêmipun. Sasampunipun anguningani bilih Harolmur botên tatu babarpisan, ngêmungakên kagèt kemawon, lajêng dhawuh supados nyadhiyakakên motoripun, nêdya tindak dhatêng kumidhi sirkus ingkang wontên kêthèkipun bangkokan main wau. Badhe kasambêtan.

--- [989] ---

Catatan kaki:

1. § Ingkang jilid I punika ugi dipun pisungsungakên dhatêng panjênêngan dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagara. (kembali)
2. didadèkake. (kembali)
3. majêngipun. (kembali)
4. ingkang. (kembali)
5. nagari. (kembali)