Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 22, Rê Kli, 14 Sura Jimawal 1869, 16 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [325] ---

Ăngka 22, Rê Kli, 14 Sura Jimawal 1869, 16 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Kapal Pêrang - Têntrêm Salêbêting Griya - Kawontênan ing Tiongkok - Wilujêngan Brêsih Dhusun ing Bawah Sokawati, Sragèn - Pajagèn ing Gêgana - Têtingalan Ringgit Tiyang Kridhayatmaka - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Kapal Pêrang

[Grafik]

Kapal pêrang Inggris "Dorsetshire" ingkang dèrèng dangu labuh wontên palabuhan ing Tanjungpriuk.

--- 326 ---

Kawruh Sawatawis

Têntrêm Salêbêting Griya.

Rakêt lan rukuning laki kalihan semahipun, bapa biyung kalihan anak-anakipun, sadhèrèk jalêr kalihan sadhèrèk èstri, punika ing alam donya langkung prêlu, sarta wajib kapundhi-pundhi. Pundi panggenaning kasênêngan utawi kabingahan langkung, aliya saking nunggil kalihan ahlinipun. Sintên ingkang sagêd anglipur kasusahan, langkung saking ahlinipun piyambak, awit panglipuripun katarik saking trêsna. Milanipun nama bêgja yèn laki rukun kalihan semahipun, bapa biyung kalihan anak-anakipun, sadhèrèk jalêr kalihan sadhèrèk èstri, sarta asmi sih-sinihan, sanajan wontên pêrang agêng ingkang nyirnakakên kabingahaning ngakathah, salêbêting griyanipun taksih kadunungan têntrêm.

Bapa ingkang srêgêp ing damêl, botên ngeman ing kangelan, murih indhaking kawilujênganipun anak semahipun sarana tabêrinipun, sanajana nandhang kangelan sadintên, mantuk pinanggih kalihan anak semahipun, ingkang tansah sami ngajêng-ajêng dhatêngipun, tiyang makatên punika, sanajan botên dipun paèlu ing tiyang sajagad, anak semah ingkang maèlu.

Kas kayanipun nyambut damêl dipun gêmèni ing semahipun, makatên ugi kas kayanipun ingkang èstri, kingkang[1] mêdal saking ing budidayanipun piyambak, samukawis ingkang rèmèh tuwin ingkang aos sami dipun opèni, botên wontên ingkang dipun anggêp kêrèmèhên. Kalihipun amulasara sêsêkaring rahayu salêbêting griya, sarta tumêmên ing rumêksanipun dhatêng ingkang kalêbêt ing kukubanipun, punapadene sabên dintên adamêl ecaning manahipun. Anak-anakipun botên kêtempelan ing budi awon, sanajan griyanipun supêk, nanging kadunungan ing rahayu, rakêtipun kalihan bapa biyungipun, akanthi taklim, lan trêsna, sarta bingah sami mituhu ing sakajêngipun, dalasan rencangipun jalêr èstri prasasat dados ahlinipun, punika sami trêsna ing bêndaranipun, sarta têmên-têmên rumêksa ing salêbêting griya, awit sami rumaos dipun ingoni, dipun saèni lan dipun opèni botên ngantos kêkirangan. Dados wontên ing salêbêting griya botên suwita ing bêndara, nanging prasasat suwita ing bapa biyung, sarta sami tumut bingah yèn wontên nalar, ingkang andadosakên jalaran indhaking kawilujênganing bêndaranipun sagarwaputranipun.

Agêng pikantukipun sumrambah ing sih-sinisihan,[2] samukawis ingkang kalêbêt rèmèh dipun anggêp wontên aosipun, tiyang ingkang nandhang papa, utawi kêkirangan dipun uluri têdha kanthi wêlas, kabêgjaning tiyang andadosakên kabingahaning ngakathah. Salêbêtipun kambah ing kasusahan, pintên-pintên rahayu ingkang mêdal saking rukun salêbêting griya, kadadosaning rukun ambingahakên. Têntrêm angawontênakên swarga, congkrah angawontênakên [anga...]

--- 327 ---

[...wontênakên] naraka salêbêting griya.

Tiyang ingkang botên manggih kasênêngan nunggil ahlinipun, sarta ngupados kabingahan dhatêng sajawining griyanipun, punika mêsakakên sangêt, ing pundi panggenan ingkang dipun ambah, badanipun kados tiyang nênêka, awit wontên ing griyanipun piyambak dipun anggêp kados tiyang nênêka, dados prihatosipun dipun sandhanga piyambak, botên wontên ingkang murinani, kabingahanipun namung kêdah-kêdah kêpanggih ing pakêmpalanipun kalihan tiyang sanès. Dintên nalika salakirabi tansah dipun ombal-ambil, anak-anakipun prasasat katingal kados rêrungkud, anggènipun nanêm piyambak, awit botên wontên pamêdalipun.

Kathah-kathahing tiyang wiwitanipun nyêbar wijining congkrah, ing nalikanipun salakirabi, awit prêlunipun botên kamanah, sarta botên ngêdom-êdom wêwatêkanipun, tuwin cacadipun ingkang badhe dados jodho, namung ngarah sugih, singgih, lan kèringan kemawon, dados têntrêm sarta kasênênganing ngagêsang kadamêl wadaling sugih lan singgih, măngka punika botên kenging kadamêl têtambaking prihatos. Dene tiyang jêjodhoan, ingkang kenging dipun ajêng-ajêng tulus ing sapanginggilipun, namung yèn ingkang salakirabi sami trêsnanipun, condhong ing pikir lan wêwatêkanipun, punika ingkang dados têtanggêlaning rahayunipun anggènipun jêjodhoan, sanadyan dhumawah ing kamlaratan, kuwawi nandhang sarta sagêd angraosakên sênêng lan sakeca.

Kathah tiyang alit angsal singgih, tiyang miskin dados sugih, amargi saking kautamènipun sarta srêgêpipun ing damêl, punapadene saking wêkêlipun. Kathah tiyang sugih dados miskin, amargi saking congkrah anggènipun sêsemahan, trêkadhang nyarambahi dhatêng anak-anakipun, andadosakên karisakanipun sadaya.

[Iklan]

Wontên malih ingkang dados wêwinih sirnaning kasênêngan salêbêting griya, kados têtiyang salakirabi enggal, saking koruping pikiripun, dèrèng ngantos gêndhon rukon, lajêng ngupados kabingahan wontên ing karamean, sadèrèngipun anggêgulang nahanakên cacadipun semah utawi rabi, sampun risak wontên ing pakêmpalanipun. Badhe kasambêtan.

R. Moenandar. Gombong

--- 328 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok.

Saya dangu saya katingal saening tandangipun wadya Tiongkok, malah tumrap pabarisan ing Sansi pinanggih sakalangkung wulêt, botên kenging ginagampil ing mêngsah. Miturut wartos, pabarisan Tiongkok ing Sansi tuwin Onan, botên namung bela nagari kemawon, malah kalampahan sampun sagêd ngrêbat papan pabarisan Jêpan ing antawising Linpèng tuwin Yuncèng, kaprênah sacêlaking margi sêpur Tungpu. Salajêngipun wadya Tiongkok tumindak ngrisak margi sêpur ing Tungpu, prêlu kangge nyêgah ajênging mêngsah. Makatên ugi lajêng nyingkirakên kapal-kapal tuwin baita-baita Tiongkok ing lèpèn Hoangho sisih kidul.

Ing ngriku wadya Jêpan lajêng pados pêpulih nêmpuh saking sapinggiring lèpèn Hoanho sisih kidul, prêlu kangge ngalang-alangi lampahing wadya Tiongkok ing antawising Tungkwan tuwin Sèngco. Nanging panêmpuhipun Jêpan wau botên angsal dadêl. Manawi mirid kasantosanipun wadya Tiongkok ingkang pacakbaris ing laladan ngriku, lăngka sangêt Jêpan sagêdipun angsal damêl panêmpuhipun.

Dene tumrap wadya Tiongkok ing sapunika gadhah pangajêng-ajêng unggulipun pabarisan ing lèr kilèn, amargi ngintên bilih Jêpan badhe rêkaès[3] sagêdipun angsal bêbantu tuwin têdha.

Miturut wawasanipun ahli paprangan ingkang nyipati piyambak dhatêng kawontênanipun ing papan paprangan, pinanggihipun ing Sansi, Sènsi tuwin Hopèi, manawi miturut wartos sampun karêgêm dening Jêpan. Nanging mênggah nyatanipun, ing laladan ngriku punika sadaya taksih têtêp wontên panguwaosipun Tiongkok, dipun cêpêng dening militèr tuwin amtênar Tionghwa.

Dene papan ingkang dipun rêbat dening Jêpan punika namung satunggiling panggenan ingkang botên sapintêna wontên sauruting margi sêpur. Dumuginipun sapunika, paprangan ing ngriku sampun tumindak wolung wulan, gunggunging saradhadhu Jêpan ingkang malêbêt dhatêng Tiongkok sampun langkung sayuta, kapetang dèrèng sumbut kalihan angsal-angsalanipun, awit namung sagêd ngukup kitha-kitha tuwin margi sêpur sawatawis.

Măngka manawi miturut kawontênan ing paprangan, panêmpuhipun wadya Jêpan ing Hangco tuwin Wugu sami kandhêg, panêmpuhing Pèngpu mundur, punapadene wadya ing saurutipun margi sêpur Tinsin - Puho tuwin Peiping - Hanko botên sagêd majêng, namung muthêk wontên salèring lèpèn Hoangho kemawon. Ing salugunipun papan pabarisan ing Hoangho punika kapetang pabarisan ingkang kapisan, Tiongkok dèrèng sagêd pacak baris wontên ing papan sanèsipun, awit sêlak kêdhêsêk ajêngipun wadya Jêpan. Nanging sarêng wadya Tiongkok gadhah grêgêt kados ingkang pinanggih ing sapunika, ing papan sanès-sanèsipun lajêng dipun [di...]

--- 329 ---

[...pun] êdêgi pabarisan ingkang langkung santosa, kanthi kêkiyatan ingkang babag kalihan kêkiyataning mêngsah.

Kajawi punika, golongan Tiongkok inggih lajêng mangrêtos bilih pabarisan ing margi-margi, ing margi sêpur tuwin ing kitha-kitha, punika malah namung mikantukakên dhatêng Jêpan, amargi Jêpan anggadhahi têtumpakan tuwin dêdamêl pêrang langkung kathah ingkang kenging kaambahakên ing ngriku. Mila pratikêlipun Tiongkok, sawarnining margi wau sami dipun risak. Dene pinanggihipun samăngsa Tiongkok botên gadhah margi tuwin margi sêpur babar pisan, saya damêl pakèwêdipun Jêpan anggèning badhe ngangsêg malêbêt, mriyêm-mriyêm tuwin oto-oto mriyêm, botên sagêd kabêkta dhatêng paprangan. Măngka tumraping paprangan, manawi tanpa dêdamêl ingkang kados makatên wau têtandhinganipun wadya Jêpan kalihan wadya Tiongkok, pinanggih botên timbang, Jêpan kawon sangêt sampun tamtu tandangipun wadya Jêpan badhe tanpa daya, dening têtandhingan kalihan mêngsah tigasan wontên ing papan ingkang dèrèng sumêrêp lèr kidulipun.

Ing sapunika tumraping panggêsangan, Tiongkok tansah ambudidaya supados praja sagêd angsal sambutan saking sanès nagari. Manawi mirid kawontênan ing bab kabêtahan punika Tiongkok mênang santosa, tinimbang Jêpan. Nanging sandyan mênang santosa, sarèhning kawontênanipun praja kados makatên, dangu-dangu Tiongkok piyambak inggih botên kiyat, mila tansah ambudidaya sagêdipun angsal pitulungan saking sanès.

[Iklan]

Ingkang sampun pinanggih, ing salêbêtipun paprangan punika kintunan barang-barang saking Tiongkok suda sangêt. Tirahaning barang dagangan sami kandhêg wontên ing palabuhan, ingkang sapunika kêwêngku wontên panguwaos Jêpan. Dados wontênipun namung kapitunan thok. Kajawi punika Tiongkok ugi lajêng kecalan pamêdal saking pabeyan. Măngka lêbêting barang-barang kabêtahaning paprangan saking jawi, jalaran saking wontênipun paprangan, pinanggih saya mindhak kathah tuwin mindhak rêginipun, ingkang kêdah kabayar sanalika. Mênawi ngèngêti kawontênan ingkang kados makatên punika, asor ungguling paprangan dèrèng kenging dipun tamtokakên, awit sadaya taksih sarwa gumantung dhatêng kawontênan ingkang tansah ewah gingsir, awit nyatanipun paprangan punika namung sarwa mêngku kabêtahan agêng. Malah sisip sêmbiripun, danguning paprangan badhe pinanggih sami rêmêkipun.

--- 330 ---

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nuju mriksani wadya kaurmatan wontên ing Tanjungpriuk nalika badhe têdhak dhatêng Sumatrah ing wêkdal punika

Wilujêngan Brêsih Dhusun ing Tanah Sokawati, Sragèn (Surakarta)

Ing tanah Sokawati (Sragèn) dumugi ing sapunika taksih kalampahakên wilujêngan brêsih dhusun ing sabên taunipun sapisan. Tatacara wilujêngan brêsih dhusun punika, mèh saindênging tanah Jawi, sabên padhusunan taksih sami ngawontênakên. Nanging tumrap ing tanah Sokawati, ragi wontên bedanipun kalihan papan sanèsipun ingkang sampun kula alami. Mirid dêdongenganipun tiyang ing ngriku, taksih nglêluri tatacara rikala panjênênganipun Kangjêng Pangeran Mangkubumi dhêdhêkah ing ngriku (mriksanana Babad Giyanti).

Dene ingkang badhe kula têrangakên ing ngriki punika, kawontênan ingkang sampun kula alami piyambak rikala kula gêgriya wontên ing kitha Sragèn taun 1910 ngantos ing taun 1930, kados ing ngandhap punika.

Tatacara wilujêngan brêsih dhusun ing ngriku nalika jaman samantên, botên katamtokakên wulanipun, namung angguru sabibaring panèn. Ing nalika samantên ingkang bupati taksih kagungan lênggah siti salêbêting kitha, sarta sabin sawatawis bau ing sacêlaking kitha ngriku. Mila sabên taun ingkang bupati ugi anggarap lênggahipun sabin wau. Manawi sampun bibar panèn, lajêng ngawontênakên wilujêngan brêsih dhusun, sêsarêngan kalihan para têtiyang tani salêbêting kitha, 5 kalurahan. Mênggah tatacaranipun makatên:

Ing dintên ingkang sampun katamtokakên, ingkang

--- 331 ---

bupati adamêl rombong (gunungan) ngantos sakawan utawi langkung, makatên ugi têtiyang pakampungan sabên sapadhêkahan kadhawuhan andamêl nyatunggal utawi kalih, mila gunggungipun ngantos dasanan, dene wujudipun gunungan wau, botên ngendah-endahi, namung ambèn-ambenan, wangun pasagi wiyaripun watawis 4 mètêr pasagi. Ingkang têngah saha pojokanipun sakawan, dipun adêgi gêdêbog wêtahan, kangge masang jêmbul, katancêpakên ing gêdêbog wau ngantos sakêbakipun.

Jêmbul punika ingkang kadamêl dêling, panjangipun watawis satêngah mètêr, agêngipun sagagang pèn, wangunipun mêrit pucuk. Nanging ongotanipun dêling wau botên katatasakên, dados ing pucuk katingal anjêmbul. Lajêng dipun angge anyunduki têtêdhan, kados ta: opak, lèmpèng, rêngginan, wajik, jênang, juwadah, tuwin sanès-sanèsipun. Manawi sampun isi têtêdhan wau, lajêng malêngkung kadosdene cundhukmêntul. Sarta têtêdhan wau sampun dipun angkah warni-warni, wontên ingkang abrit, ijêm, pêthak, jêne, tuwin sanès-sanèsipun, mila manawi sampun kapasang ing gunungan wau, sinawang katingal sae, pating prêntul, angrêsêpakên ing pandulu.

[Iklan]

Gunungan saking padhêkahan kinalêmpakakên ing kalurahan. Lajêng têrus kaaturakên dhatêng palataran kabupatèn, mawi kaarak têtabuhan, kados ta: jathilan (reyog), slawatan, carabalèn, tuwin sanès-sanèsipun, mawi ginarubyug ing para bêbau dhusun, tuwin para têtiyang kampung, sami ambêkta ambênganipun piyambak-piyambak. Watawis jam satêngah sakawan sontên, sampun ngalêmpak ing palataran kabupatèn. Ing ngriku ingkang bupati lajêng nimbali tukang ngujubakên wilujêngan. Sarta abdi dalêm pangulu saandhahanipun.

Dene ingkang dados juru ngujubakên punika taksih sêntana kabupatèn, neneman milih ingkang bagus warninipun, mawi mangangge kadosdene wirèng panji, anggèning dandos wontên ing pasanggrahan kabupatèn. Dhatêngipun ing palataran kabupatèn, mawi ginarubyug dening para abdi kabupatèn, sarta para lare ingkang sami ningali ngantos gumrudug, jêjêl uyêl-uyêlan. Badhe kasambêtan.

Kyai Pacitan.

--- 332 ---

Pajagèn Bêbaya ing Gêgana

Wiwit taun ingkang kapêngkêr, ing kitha Surabaya, lajêng Sêmarang, Bandhung, Madiun, Cilacap, lan sanès-sanèsipun kawontênakên gêladhèn (oefening) "luchtbescherming".

[Grafik]

Wujuding bom-bom gas.

Sarèhning para maos kathah ingkang dèrèng mangrêtos ing bab kajêngipun luchtbescherming wau, awit têbih saking tuking wara-wara, kados botên wontên awonipun manawi kula nêrangakên sakêdhik, supados sampun andadosakên kalintuning panampi ingkang lajêng nuwuhakên ajrih, saya malih tumrap tiyang ingkang kirang sêsêrêpanipun.

Luchtbescherming punika Jawinipun: pajagèn awang-awang. Dene kajênging pajagèn wau, samăngsa wontên bêbaya ingkang dhatêngipun saking gêgana, inggih punika dhatêngipun motor mabur mêngsah ingkang nyêbar bom-bom, nêdya ngrisak nagari lan padhusunan sagêda jagi-jagi.

Pitakenan: punapa tiyang pribumi ingkang sanès prajurit (saradhadhu) inggih dipun mêngsah ugi.

Punika têrangipun makatên: pêpêrangan ing wêkdal sapunika botên kados jaman rumiyin, ngêbên kêndêl lan trampiling ulah dêdamêl. Kintunan dhatêng pabarataning prang namung têtêdhan lan dêdamêl sakêdhik kangge lintu ingkang risak.

Sasampunipun sanjata lan mriyêm limrah dipun angge, pangintunipun kabêtahaning prang saya kathah, kados ta patrum, mimis, lan sapanunggilanipun.

Pêpêrangan ing jaman sapunika botên abên kêndêl, namung abên kasagêdan, kathahing tiyang lan cêkaping pirantos, sandhang lan têdha.

Kasagêdan pintêripun anggunakakên dêdamêling prang: sanjata lan mriyêm mêsin, otopêrang (gevecht-auto-tank), motor mabur lan sanès-sanèsipun.

Kathahing prajurit lan sakêdhikipun tiyang ingkang tiwas, punika atêgês kiyat. (saradhadhu sami ngêsong kados landhak).

Cêkaping pirantos, sandhang lan têdha punika kêkiyataning băngsa (mêngsah).

Sanjata, mriyêm, tang, motor mabur, kapal pêrang, wontên pabarataning prang kathah ingkang risak, lan kapikut ing mêngsah. Panganggenipun mimis yutan sadintênipun. Pabrik pirantos nyambut damêl siyang dalu mawi tiyang ewon, ewadene kêrêp kantu. Pangintun têdha, sandhang lan jampi tanpa pêdhot. Sadaya punika tansah kawontênakên.

Dados manawi tiyang pribumi sagêd têntrêm sêngkud panyambutdamêlipun, anggampilakên lan angiyatakên ingkang sami pêpêrangan.

Pramila pêrangan jaman sapunika botên namung para militèr kemawon ingkang tumut-tumut, ugi tumrap sadaya tiyang pribumi.

--- 333 ---

Mobilisatie atêgês andamêl sadhiyan pêrang, punika botên namung ngrigênakên tiyang kangge saradhadhu, ugi prêlu kangge nata murih pandamêlipun dêdamêl, sandhang, têdha lan jampi, makatên ugi pangupakaranipun ingkang sami nandhang tatu lan sakit ngantos ewon sagêda cêkap. Nata pajagèn katêntrêman lan têdhanipun ingkang sami kantun. Cêkak aos ing sajawining pêpêrangan, punika ugi kathah padamêlan ingkang iwut.

Ngrisak lampahing mêsin saking pabaratan pêrang punika anglêmêsakên dayaning mêngsah. Pangrisak ingkang makatên punika dipun lampahakên sarana motor mabur ingkang lampahipun kirang langkung 500 km. Sajamipun sagêd ngêwrat bom-bom ngantos 5000 kg. wawratipun.

[Grafik]

Campuh ing nginggil mratelakakên yèn wontên pêrang, nagari lan padhusunan sagêd dipun bom ing mêngsah. Pramila tiyang pribumi kêdah ugi prêlu dipun sumêrêpakên bêbaya punika, lan dipun galadhi, kadospundi ihtiyaripun nanggulangi bêbaya wau.

Ihtiyar tumraping nagari-nagari lan padhusunan katindakakên makatên:

1. Ngawontênakên satunggiling bêbadan (Bestuur) kangge luchtbeschermingdienst. Bêstir lan pulisi ingkang dados pangajêngipun.

2. Bêstir ngawontênakên kursus kangge tiyang ingkang ing têmbenipun sagêd anindakakên padamêlan luchtbeschermingdienst, kados ta:

a. Nêlik dhatêngipun mêngsah lajêng lapur sarana telêpun radhio dhatêng luchtbeschermingdienst, manawi wontên [wo...]

--- 334 ---

[...ntên] mêngsah katingal, kathahipun motor mabur lan purugipun.

b. Wara-wara dhatêngipun mêngsah sarana sirene, loncèng, bêdhug, utawi kitir (bêndhe, kênthongan).

c. Suka sumêrêp dhatêng tiyang-tiyang ing panggenan ingkang kenging kangge pangungsèn, utawi damêl panggenan ingkang sagêd kangge andhêlik, upami luwangan, guwa.

d. Nyumêrêpakên manawi dhatêngipun mêngsah kêrêp ing wanci dalu, prêlu nyingkiri mriyêm lan motor mabur ingkang sami jagi, dados manawi sampun dipun wara-warakakên sasmita dhatêngipun mêngsah, sadaya dilah lan latu kêdah dipun sirêp, supados mêngsah sampun ngantos sumêrêp lan sagêd manggih nagari lan padhusunan.

e. Nyumêrêpakên mutawatosipun: gas racun, ingkang kasêbarakên dening bom gas utawi dipun sêmprotakên saking motor mabur. Rekadaya anyingkiri gas racun wau utawi anggènipun nyawatakên.

f. Ngawontênakên pos-pos (pajagèn) kangge mitulungi tiyang-tiyang ingkang nandhang tatu lan kenging gas racun.

g. Ngawontênakên pajagèn kangge nyirêp griya ingkang kabêsmèn saking bom-bom.

h. Ihtiyar sanèsipun.

Cêkakipun cêcampuhan ing nginggil:

1. Manawi donya taksih dipun ênggèni manungsa, inggih taksih badhe wontên pêrang.

[Iklan]

2. Sadaya băngsa sadhiya prajurit ingkang tansah dipun galadhi ing ngayuda, sanadyan niyatipun pêrang trêkadhang babar pisan botên wontên, namung kangge pajagèn kemawon.

3. Sarèhning adat pêrang sapunika, tiyang ingkang botên tumut-tumut katut ugi lan tanpa jalu, dados prêlu sadaya tiyang pribumi kasumêrêpakên lan dipun galadhi nyingkiri bêbaya wau. Manawi gladhèn wau botên kawontênakên, ing kalanipun wontên pêrang (mugi sampun ngantos kêlampahan), têmtu lêbur tanpa dados.

R. Pringgadiharja.

Leider Gasdienst.

--- 335 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Têtingalan Ringgit Tiyang Kridhayatmaka.

Garèng : Anoman aja pisan-pisan andadèkake gêtêring atinira, dene sira ingsun timbali ana ing ngarsa manira.

[Grafik]

Petruk : Kawula nuwun, wontên ing jawi rumaos kêjot kumitir kêcarup maras sarêng abdi paduka nampi timbalanipun gusti kula Sang Prabu Ramawijaya, nanging sarêng wontên ing ngarsa paduka abdi paduka pun Anjaniputra botên anggadhahi manah ingkang kêmarasan, nok nok nok non, hêr, wèh wèh wèh hêr hêr...

Garèng : Aturira andadèkake lêganing panggalih ingsun, Anoman, mung bae anggonmu mêre aja sêru-sêru, wong kampuhku ing ngarêp kalêbus, lan dhadhamu banjur katon gilap jalaran kêbanjiran... ilêrmu.

Petruk : Hê-lo. Iki gênahe rak lagi gladhi rêsik, Kang Garèng, nèk ora diêpêng têmênan anggone main, mêngko rak ora dadi. Dene yèn kanggo mêre akèh sing ambrabas, ambokiya dingapura, bêndungane cangkêm rak mung kèri pirang blindhi.

Garèng : La iya, nèk mung gludhug bae ora dadi ngapa, balik nganggo udan barang, hla aku iki sing rêkasa. Ora, Truk, sabênêre aku kiyi kok isih tomtomên karo gêbyagan wayang wong sing dianakake dening pakumpulan Kridhayatmaka ing Batawi kala malêm Sênèn kae. Ing kala samono aku rumasa gêdhe lan bungah atiku, sanadyan durung marêm babar pisan.

Petruk : Sêmono uga aku, Kang Garèng, rumasa bungah lan gêdhe atiku, jalaran kang kapisan: tongtonane bangsane dhewe wis bisa munggah nyang sêkobêrêh (gêdhong kumidhi) iki sawijining: kaurmatan bêsar, Kang Garèng. Awit lumrahe sing kêna main ana ing sêkobêrêh kuwi, ngêmungake tongtonan kang mawa kagunan sing mêncit bangêt kae. Dadi nèk mêngkono, wayang wong iya dianggêp kagunan sing muluk, apa băngsa Jawa

--- 336 ---

umume ora wajib mêthunthung dhadhane. Kapindho: akèh para jamhur-jamhur sing padha mriksani, malah antarane ana sawatara para: dêlèr-dêlèr... ana.

Garèng : Hus, wong sêmbrana, jênêngane èdhêlir, iki pangkat ing ngalam donya tanahe dhewe kene kiyi, mèh sing mêncit dhewe, ana kok diêlih... dêl... lèr. Saya gêdhe manèh atine băngsa Jawa, dene akèh para kaum têlèk (intellectueelen) sing padha mriksani.

Petruk : Malah akèh sing padha... blangkon. Wah, Kang Garèng, iki sawijining bêbathèning băngsa sing sathekruk. Awit rak akèh bae kaum têlèk sing langganan nganggo cara Lănda, kang sok banjur kuwatir nèk diarani: wong Jawa. Barêng para têlèk-têlèk mau ingatase ana ing sêkobêrêh, padha krêsa ngagêm bêlangkon, malah sawênèh nyampingan nganggo wiron mèphèt barang, atiku iya banjur mak rênggunuk bae. Awit ana ing kono rak prasaksat padha ngaku nyang ngarêpe wong akèh mangkene: aku Jawa, aku Jawa, loso, loso.

Garèng : Wayah, ambok aja disambungi nganggo: loso loso barang mêngkono. Ora, Truk, bab sing wis dirêmbug iki kabèh mula iya gawe bungah lan gêdhening atine băngsa Jawa umume, ewasamono mêksa durung marêmake, lo, kiyi karêpe mangkene: băngsa Jawa kuwi nyang kagunan lan krawitane dhewe, wah, iya pêthunthungan-pêthenthengan têmênan, iki aku ora arêp maido, awit kagunan lan krawitan Jawa kuwi, dening băngsa liya pancèn iya uwis dianggêp muluk têmênan. Nanging anggone mêthunthungi lan mêthènthèngi kagunan sarta krawitane apa kanthi mawa trêsna, hla kuwi atiku kok rada sêmang-sêmang. Buktine lagi malêm Sênèn kuwi bae, ingatase ing Bêtawi kuwi wonge Jawa, wah, sasayahiranèki kèhe, jêbul sing mrêlokake nonton kagunan krawitane dhewe ana ing sêkobêrêh, pating kranthil, pating srênthil, sêthithik bangêt mêngkono. Lo, sêthithik bangêt manawa ditimbang karo cacahe wong Jawa sing manggon ana ing Bêtawi kene. Tak arani wong sing nonton iya usêl-usêlan kae, jêbul mamring, sêtêngah bae ora. Mara, apa wong Jawa kêna diarani dhêmên karo kagunan la karawitane. Omong kosong, nonsên...

Petruk : Kang Garèng, anggone ora akèh băngsa Jawa sing padha nonton ana ing sêkobêrêh, kowe aja guru-guru mutusi yèn bangsane dhewe iki salugune ora dhêmên karo kagunan lan karawitane dhewe, rak bisa uga saka sabab liya-liyane, kaya ta: karcise larang bangêt.

Garèng : Iki kanggone wong kang dhêmên, ora ana alangane. Buktine lagi kowe dhêmên-dhêmêne nyang adu kucing karo bêdor, dene nganti kok lakoni anggadhèkake pakarangane... tanggane.

Petruk : Wiyah, ambok aja doyan mêlèh-mêlèhake mêngkono. Dhêmên kang nganti banjur anglakoni samubarang kang luwih saka watês, kuwi arane dudu dhêmên manèh, nanging karêm, utawa:

--- 337 ---

mangeran. Hla, iki ngajak ora omah, Kang Garèng. Nanging wong dhêmên kuwi iya kudu nganggo duga prayoga, yèn kira-kira sing didhêmêni mau ora kêconggah waragade, dhêmêne iya kudu bisa diabani: sê-top, mas. Nèk mungguh panumuku, ing sêkobêrêh kurang wonge sing nonton, kuwi ora marga saka ora dhêmên, nanging sing akèh-akèh kiraku sabab saka bayarane rada kakèhên. Jajal saupama karcis eklas, loge mung dirêgani têlung talèn lan kêlas êmbèk sêthithik, tanggung Kang Garèng, mêsthi kêbake sing nonton. Kajaba saka iku, anggone ora akèh wong nonton kuwi bokmanawa uga jalaran saka kurang reklamê.

Garèng : Hla nèk iki aku mupakat, Truk, sajake pangrèhe pakumpulan kuwi rada sugih... eman-eman lan... aras-arasên. Sadurunge main, aras-arasên anjêjêli pakabaran nyang layang-layang kabar, maine: eman-eman ngulêmi layang-layang bakar. Lucune manèh, Truk, layang kabar sing diulêmi kuwi layang kabar Walănda: kumplit, layang kabar Tionghwa: pêpak, nanging layang kabar bangsane dhewe, ana sing kêlepyan, yaiku: pêrasaan kita. Tindake pangrèh sing kaya ngono kuwi banjur kayadene anduwèni panêmu: butuhku saiki kiyi mung dialêm, mulane ulêm-ulêmanku jurnalis Lănda lan Tionghwa iya kumplit, awit iki kabèh nyang kagunan Jawa mêsthine ora ngrêti alip bengkong, mulane bisane iya mung ngalêm thok bae. Seje karo jurnalis bangsane dhewe akèh sing ngrêti, iki mêngko rak bisa gawe... rèwèl.

Petruk : Yak, ambok aja guru-guru mada, ta Kang Garèng, kowe kudu ngèlingi, yèn Kridhayatmaka anggone nganakake gêbyagan lagi sapisan kiyi, mulane yèn tindake durung bisa bèrès, isih rada kisruh, kuwi wajib dingapura, nanging aku tanggung, Kang Garèng, gêbyagan kang kaping pindho cara Inggrise mêsthi: olrit, têgêse mêsthi bèrès.

Garèng : Iya wis, saiki taknarima dhisik, nanging... awas, yèn nganakake gêbyagan kang kapindhone kok nganti pating prênthil mêngkene, sida aja takon dosa têmênan, mêsthi kalakon takkumbah. Ora, Truk, saiki mungguh panêmumu pêrmainan sing ditongtonake ing kono kêpriye.

Petruk : Mungguhing aku nimbang tongtonan wayang uwong kuwi, kudu nganggo pathokan limang rupa, yaiku: jogèd, têmbang, irama, ăntawêcana, lan dhapure siji-sijining wayang, sukur nganggo dilanjari patrap-patrape siji lan sijine wayang.

Garèng : Bagus, jèrèngên saka siji, Truk. Cêkake rêmbug iki dikatamake. Aku iya wêruh, yèn besuk Kêmis iki kowe arêp nyang Ngayoja prêlu andhèrèk mahargya adêge kadipatèn Pakualaman ganêp satus salawe taun, ewasamono rêmbugane iki dirampungake dhisik, lo.

--- 338 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Ngudi murih tiyang purun nyambut damêl. Directeur's Lands werkinrichting ing Ngawi, apratela bilih têtiyang ingkang dipun kajêngakên nyambut damêl wontên papan ngriku punika tiyang ingkang pancèn baku lumuh nyambut damêl, nanging pinanggihipun têtiyang ingkang dhatêng, sami têtiyang jêmpo saking cacad. Ingkang punika ing sapunika wontên dhawuh saking ingkang wajib ing sêrat kêtrangan supados kapratelakakên bilih tiyang ingkang nyambut damêl punika tiyang saras badanipun.

[Grafik]

Para warga lan pangrèhing Islamietisch Hof. Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn ingkang sampun kêpêngkêr, inggih punika ing bab wontênipun Adathof tuwin Islamietisch Hof, saha dèrèng dangu punika sampun kabikak, ingriki ngêwrat gambaripun para warga ing pangrèhing Islamietisch Hof wau. Saking kiwa manêngên: Mr. R.P. Notosusanto, griffier. H.I.M. Hasan, plv. lid; K.H. Abdulrachman, lid; R.H.M. Isa, voorzitter; H. Mochtar, lid; H. Hasbulloh, plv. lid lan M. Junaidi, adj. Griffier.

Nanggulangi sêsakit malaria ing Selebes. Dr. Stoker, ingkang mêntas nitipriksa ing bab wontêning sêsakit malaria ing Selebes sampun wangsul. Miturut pamanggihipun Dr. Stoker, ing Selebes supados kawontênakên tindak nyaèni kawontênaning patambakan tuwin sanès-sanèsipun, supados botên dados panggenaning lêmut malaria. Saha ingriku kawontênakên ambtenaar binnenvisscherij.

Pabrik karung. Wontên têtiyang golongan sawatawis saking Cirêbon bidhal dhatêng kabudidayan Dlanggu, Klatèn. Têtiyang wau sami juru nênun badhe nindakakên nênun karung wontên ing pabrik Dlanggu. Karung wau badhe kangge wadhah gêndhis.

Jamur agêng sangêt. Ing griyaning satunggilipun tiyang ing Malang pinanggih tuwuh jamuripun agêng sangêt, inggilipun wontên 1 m, agêngipun (jêmbaripun) 1 m tuwin panjangipun 1.20 m. Ingriku lajêng kathah sangêt têtiyang ingkang sami ningali, ngantos andadosakên pajagèn pulisi, saha jamuripun lajêng dipun kurung. Jamur wau nggadhahi oyod ingkang agêngipun salêngên.

Kênthang Jêpan. Ing Bandung wontên bangsa Jêpan bikak panggaotan nanêm kênthang. Sarêng dumugining mangsa nyade, ing Bêtawi kenging dipun wastani kêbanjiran kênthang Jêpan, ingkang pikantukipun ngandhapakên rêgining kênthang sanès-sanèsipun, ingkang rumiyin rêgi f 9.50 sabên 62 kg, lajêng mandhap ngantos namung rêgi f 2.50. Nanging jalaran saking nyarêngi mangsa jawah kêpêngkêr punika, tanêmanipun kênthang bangsa Jêpan ing Bandung wau kathah ingkang bosok, lajêng anjalari indhaking rêrêgèn kênthang, ngantos sagêd pajêng f 4.- dumugi f 5.- sabên 62 kg.

Panggaotan ngantih sampun badhe wiwit. Panggaotan ngantih ingkang badhe dipun wontênakên ing Têgal, kintên-kintên sagêd kawiwitan wontên ing wulan November ngajêng punika.

Sampun wiwit nyambêt ril. Ing bab badhe panyambêtipun ril sêpur saking Kêrtosono dhatêng Kêdiri sampun dipun wiwiti. Ingkang dipun wiwiti saking Kêdiri tuwin Purwosari. Ing sabên dintênipun panyambungipun sagêd angsal 200 m. Kajawi punika ugi mawi nyantuni bantalan tuwin andandosi margi. Pamasanging bantalan kadamêl langkung rêntêt. Amargi margi wau badhe kangge langkung sêpur ingkang lampahipun langkung rikat. Dene tumindaking lampah badhe kawiwitan wontên ing wulan Mèi ngajêng punika. Manawi tindak punika pinanggih mikantuki, lajêng badhe miwiti nyantuni margi sêpur Blitar-Malang tuwin Kêrtosono-Surabaya.

Gas ing Têlaga kawah Ijèn. Miturut pamriksanipun ahli rêdi latu saking Bandung, ing têlaga Ijèn pinanggih langkung bêntèr, kanthi ngêdalakên gas ingkang inggilipun ngantos 1/2 m.[4] Inggiling toya botên mindhak. Mantri ingkang jagi wontên ing sacêlakipun kawah ngriku tansah nindakakên panitipriksa.

Ngèndêli pandhudhukipun siti ing Bantên. Nederlandsche Pacific Petroleum Mij. ingkang tumindak andhudhuk siti wontên ing Bantên, ing sapunika dipun kèndêli. amarggi[5] pinanggih botên manggih wohipun, mangka anggèning andhudhuk sampun 8000 kaki lêbêtipun. Salajêngipun badhe andhudhuk ing pasitèn sanèsipun.

Sêsakit pest ing salêbêtipun pakunjaran. Ing salêbêtipun pakunjaran ing Sumêdang mêntas pinanggih wontên tiyang pêjah jalaran sakit pest. Ing bab punika lajêng nuwuhakên kasamaranipun para ingkang wajib, saha lajêng ngawontênakên papriksan sapêrlunipun. Pinanggihing papriksan, tiyang ingkang pêjah wau asli kêtularan wiji sêsakit pest saking dhusun Rancakalong, sacêlakipun Tanjungsari, sadèrèngipun sampun sakit pest, sarêng wontên ing pakunjaran andadosakên saya sangêtipun. Laminipun anggènipun wontên pakunjaran 7 dintên. Pakunjaran ing Sumêdang lajêng dipun priksa, pinanggih botên andadosakên sabab punapa-punapa.

Têdhanipun têtiyang ing pakunjaran. Awit saking pamriksanipun inspecteur-inspecteur Gevangeniswezen sajawining tanah Jawi, nyumêrêpi bilih têdhanipun têtiyang ing pakunjaran pinanggih botên sae. Ing bab punika supados wontênipun têdha wau dipun priksa ing dhoktêr ingkang dipun pasrahi mriksa, saha kawontênakên tatanan ingkang langkung sae. Ing salajêngipun pakaryan babagan kasarasan lajêng damêl sêrat wara-wara dhatêng para dhoktêr ingkang wajib supados migatosakên bab punika. Kajawi nitipriksa bab saening têtêdhan, ugi kêdah kawontênakên paniti saening dayanipun têtêdhan, punapadene nglangkungi têdhanipun tumrap têtiyang ukuman ingkang nyambutdamêl awrat.

--- 339 ---

Ngindhaki rikat lampahing sêpur. Miturut wartos, wiwit benjing wulan Mèi ngajêng punika wontên ewah-ewahan ngrikatakên lampahing sêpur saking Bêtawi dhatêng Bogor, Sukabumi tuwin Bandung. Tumrap margi sêpur Krawang dèrèng sagêd katindakakên, amargi prêlu badhe andandosi marginipun rumiyin, sarana ngewahi margi-margi ingkang menggokipun malêngkung sangêt. Manawi sampun tumindak lampah rikat wau, têtiyang saking Bogor ingkang badhe dhatêng Bandung botên pêrlu mêdal Bêtawi malih.

Lampah layaran saking Makasar dhatêng Eropa. Miturut wartos wiwit ing wêkasaning wulan Maart punika badhe wontên lampah layaran saking Makasar lajêng dhatêng Eropa, ingkang katindakakên dening Kon. Wilhelm Wilhelmsen.

Tosan lami ingkang katumbas dening bangsa Jêpan. Sampun sawatawis dangu tumindaking kintunan tosan lami saking tanah ngriki dhatêng Jêpan dipun kèndêli, margi dèrèng angsal palilah saking parentah Jêpan ingkang gêgandhengan kalihan parentah ngriki. Ing sapunika palilah wau sampun wontên, mila lajêng tumindak wontên kintunan tosan lami malih. Kitunan[6] tosan lami wau saking Padang wontên 4000 ton, saking Oosthaven 400 ton, saking Surabaya 500 ton tuwin saking Tanjungpriok 1300 ton. Salajêngipun kathah têtiyang dagang alit ingkang wiwit pados tosan.

Societeit têtiyang siti. Dumuginipun sapunika ing Bêtawi kenging dipun wastani dèrèng wontên societeit gadhahanipun têtiyang siti ingkang nama agêng. Ing samangsa-mangsa wontên pêrlu ingkang agêng kêpêksa pados panggenan sanès. Ing bab punika lajêng wontên parêpataning para golongan têtiyang siti ngrêmbag badhe damêl gêdhong ingkang nyêkapi samangsa wontên pêrlunipun. Kaangkah sagêda nyêkapi kangge kêmpalan tiyang 2000.

Kajêng saking tanah ngriki tumrap nagari Walandi. Awit saking ada-adanipun Prof. Dr. C. van Iterson, nyobi damêl dlancang ingkang badhenipun kajêng saking tanah ngriki wontên ing T.H.S. ing Delft, pinanggih sae. Sagêd ugi dados majênging kajêng wau saking tanah ngriki.

Pakêmpalan anti-wukêr badhe ngawontênakên congres. Pakêmpalan anti-wukêr ingkang wontên ing Surakarta, ingkang dipun sêsêpuhi Mr. P.A. Blauw, benjing tanggal 9 tuwin 10 April ngajêng punika badhe ngawontênakên congres, manggèn wontên ing soos Harmonie, adhêdhasar parêpatan umum. Congres punika badhe dipun dhatêngi wêwakiling pang-pang saking Medan, Padang, Bêtawi, Bogor, Ngayogya, Magêlang tuwin Surabaya.

Bank Pasar. Bank Pasar dipun êdêgakên dening Centraal Cooperatie ing Sragèn sampun wontên nêm panggenan, inggih punika ing pêkên Sragèn, Gondang, Tangèn, Masaran, Pajok tuwin Sambirêjo. Salajêngipun sampun ambikak malih ing Gêmolong, saha salajêngipun ing Gabugan.

Tilar donya umur 150 taun. Sampun sawatawis dintên Tuwan Nitikromo ing Ngagêl, Ngayogya, tilar donya sampun umur 150 taun. Tuwan Nitikromo wau sanadyan kala gêsangipun sampun umur samantên, untunipun taksih wêtah kiyat sangêt, dèrèng wontên ingkang rêntah satunggal kemawon. Têtêdhan ingkang kados punapa atosipun taksih kuwawi mamah, malah botên kawon kalihan neneman ing sapunika.

Boyongan. Miturut wartos, ing salêbêtipun taun punika badhe wontên kulawarga saking tanah Jawi cacah 300 kêgolong bangsa Madura badhe boyongan dhatêng pulo Muna. Dene tumrap parèh-parèh tuwin Pulauwali wontên kalih golongan bangsa Jawi cacah 300 tuwin 500. Tumrap paboyongan ing Pêngaron (Borneo) pinanggih nyênêngakên. Dene tumrap ing Nieuw-Guinea kintên-kintên badhe kawontênakên ing taun 1942.

Pabrik sês Nitisêmita nunggilakên damêl. Wontên wartos pabrik sês Nitisêmito ing Kudus badhe nyambut damêl sêsarêngan kalihan pabrik sês sanès-sanèsipun sawatawis. Tumindaking damêl sêsarêngan wau adhêdhasar cooperatie. Rancanganipun badhe tumbas motor mabur piyambak, pêrlu badhe kangge anggêgana dhatêng Singapura, pangagêngipun Mr. Sahehudin. Tumindaking wara-wara badhe kalampahan sarana radio saking Kudus. Kintên-kintên ada-ada punika badhe tumuntên katindakakên.

NAGARI WALANDI.

Bangsa Indhu dados Mahaguru. Kawartosakên, Prof. Venkata Raman, satunggiling bangsa Indhu ingkang angsal Nobelprijs, badhe anggêntosi Prof. Zeeman wontên ing Universiteit Amsterdam.

[Grafik]

EROPA.

Usrêk-usrêkan ing Oostenrijk. Kala malêm Sabtu wanci jam 10 dalu wadya Jerman malêbêt dhatêng Oostenrijk. Mênggah wigatosing sêdya supados Schuschnigg kèndêl anggèning nyêpêng panguwaos Oostenrijk, dipun gêntosi dening Seyss Inquart. Kêlampahan Schuschnigg kèndêl. Ing sapunika kenging dipun wastani Oostenrijk sampun dados satunggal kalihan Jerman. Nalika Sang Hitler dhatêng ing Oostenrijk tinampi kanthi gambiraning manah dening rakyat Oostenrijk.

Pajagèn praja Italie. Rantaman waragad marine Italie taun 1938–1939 gunggungipun wontên 2013 yuta lire, inggih punika 155 yuta lire langkung kathah tinimbang taun kêpêngkêr.

Prins Bernhard wontên ing Londen. Sampun sawatawis dintên Sri Paduka Prins Bernhard tuwin ingkang rayi, Prins Aschwin rawuh ing Londen. Kala punika kathah ingkang migatosakên, ing station Liverpool kathah sangêt tiyang ingkang ngurmati tuwin kamirêngan suwaraning têtiyang ngurmati. Sri Paduka Prins Bernhard dipun tampi dening utusan nagari Walandi Van Limburg Stirum, lajêng dhahar wontên kadhaton. Panyarenipun wontên pamondhokan partikêlir. Kala titihan dalêm Sri Paduka Prins Bernhard dumugi ing palêrêman kèndêlipun taksih têbih, lajêng tindak, ingriku dipun urmati ing tiyang kathah ingkang nandhakakên bilih têtiyang ingriku sami sarju.

AMERIKA.

Bêna ing Amerika. Ing Amerika sisih kidul mêntas wontên bêna agêng, wontên kitha satus sami kêlêban ing toya, têtiyang ingkang tiwas 124, ingkang kecalan pangauban 20.000. Kala punika ngantos damêl kandhêging lampahipun sêpur saking Los Angeles dhatêng San Francisco. Wontên griya ingkang dipun suwungakên 1500. Tiyang ingkang ical wontên 117, kapitunan 25 yuta dollar.

AUSTRALIA.

Boyongan dhatêng Australie. Kabinèt Australie nêtêpakên badhe anggêsangakên malih tatanan nampèni têtiyang ngamanca saking Inggris ingkang angsal pitulungan arta saking parentah. Bab cara makatên punika sampun sawatawis taun dipun suwak.

AFRIKA.

Manggih mas tuwin intên. Miturut wartos, têtiyang ingkang sami nindakakên panitipriksa kawontênanipun pasitèn ing Ngabêsi, ing sauruting lèpèn Lulumana sacêlakipun Gima, laladan provincie Gala, manggihakên papan pamêlikan mas tuwin intên. Pamêlikan wau kakintên ing saindêngipun tanah Ngabêsi ingkang agêng piyambak.

--- 340 ---

Wêwaosan

VII Lêlampahanipun Mikalyapotok.

58

Kajawi punika banyak wau akalung sêsotya ingkang sakalangkung kathah rêginipun. Nyumêrêpi kawontênan ingkang makatên punika, Mikalya enggal-enggal nyandhak jêmparingipun, nanging sarêng banyak wau badhe kalêpasan ing jêmparing, dumadakan lajêng nyuwara kadosdene manungsa, makatên:

Dhuh, satriya, mugi kula sampun panjênêngan tamani jêmparing punika, awit kula punika sajatosipun dede banyak, nyatanipun manusa botên beda kados panjênêngan. Nama kula: Rara Adhoca, putrinipun Prabu Likoje ing praja Podholi. Manawi panjênêngan krêsa anggêsangi kula, kula sagah dados jatukrama panjênêngan.

Kanthi gumun ingkang tanpa upami, Mikalya tansah ngawasakên dhatêng banyak ingkang sagêd tatajalma punika, saha lajêng bingung anggènipun badhe mangsuli. Ing wusana banyak wau saking balok kajêng wau ujug-ujug lajêng mêncolot ing gisik. Mikalya dèrèng ngantos wicantên punapa-punapa, banyak sampun malih awujud satunggiling kênya ingkang sakalangkung endah ing warni. Nyumêrêpi wawarnèn ingkang makatên wau, Mikalya rumaos katarik manahipun ingkang tanpa upami, amila towokipun lajêng katancêbakên ing siti, kapal kacancang ing towok, sarta lajêng enggal-enggal mêthukakên sang endahing warni wau. Mikalya lajêng nyandhak darijinipun sang kusuma, ingkang kêbak sêsupe mawa sêsotya, sang kusuma lajêng karangkul, nêdya dipun aras. Nanging sang endahing warni wau ngendhani saha enggal-enggal nguwalakên rangkulanipun sarwi wicantên makatên:

Dhuh, satriya mugi panjênêngan sampun age-age ngaras kula rumiyin, awit kula punika dèrèng rêsik. Kauningana, kula punika anakipun raja kapir, amila panuwun kula, mugi kula panjênêngan bêkta dhatêng ing praja Ruslan, ing kitha Kiyêph, supados kula sagêd ngrasuk agami Srani rumiyin, sasampunipun lajêng sagêda kaijabakên kalihan panjênêngan miturut pranataning agami. Manawi sampun kalampahan makatên, kula inggih namung lajêng andhèrèk sakêrsa panjênêngan kemawon.

Tanpa ngucap punapa-punapa Mikalya lajêng nyandhak bangkekanipun sang putri, kajunjung sarta lajêng katumpakakên ing kapalipun. Sasampunipun makatên, Mikalya piyambak lajêng nyengklak kapalipun, ingkang lajêng kabandhangakên nuju dhatêng Kiyèph. Sarêng dumugi ing sacêlakipun kadhaton, Mikalya lajêng undhang-undhang abdi karaton kapurih ambêkta angsal-angsalanipun maliwis lan banyak wana wau dhatêng pawon, dene piyambakipun piyambak enggal-enggal anjujug ing bangsal pahargyan. Sadumuginipun ing ngriku, Mikalya nêlungakên badanipun tumuju dhatêng Prabu Wladhimir tuwin sang pramèswari, sasampunipun lajêng suka urmat dhatêng para tamu sanès-sanèsipun. Salajêngipun Mikalya nuntên matur dhatêng sang prabu kirang langkung makatên:

Dhuh, sang prabu sêsêmbahan kawula sadaya. Sadaya dhawuh paduka sampun kawula lampahi, lan mênggah angsal-angsalan kawula awujud mliwis tuwin banyak wana kados sampun anyêkapi. Kajawi punika kawula piyambak ugi angsal-angsalan, inggih punika: wangsul kawula mriki kanthi ambêkta wanita endah ing warni. Ingkang punika, panuwun kawula dhatêng sang prabu mugi krêsaa paring palilah dhatêng kawula tumuntên kadhaupakên kalihan wanita punika.

Sang prabu: Andadèkake lêganing panggalih ingsun, dene sira olèh boyongan putri, kang arêp dadi têtimbanganira. Wis mêsthi bae yèn ingsun kanthi sênênging panggalih nêdya paring idi marang panuwunanira mau. Kajaba saka iku, anggonira wis ngolèhake apa pamundhut ingsun, sira nêdya nyuwun ganjaran apa.

Mikalya: Nuwun, kados sampun kathah ganjaran nata ingkang kaparingakên dhatêng kawula, dados ing bab punika sinuhun botên prêlu amanggalih. Ewasamantên manawi sinuhun mêksa badhe paring ganjaran dhatêng kawula, panyuwun kawula kalêrês dintên ijab kawula kalihan putri wau, mugi para kawula ing Kiyèph sadaya, kaparênga nêdha lan ngombe sakatogipun laminipun tigang dintên tigang dalu kanthi lêlahanan.

Prabu Wladhimir: Panuwunanira ingsun lêksanani, Mikalya, minăngka angurmati ijabira iki, kabèh uwong kêna ngombe lan mangan sawarêge kanthi wragad ingsun. Dene sira dhewe, ingsun pundhut têmuning pangantèn supaya katindakake ana sajêroning kadhaton, kanthi ngulêm-ulêmi para pangeran, mantri bupati lan para têtungguling prajurit kabèh. Badhe kasambêtan.

--- 41 ---

Nomêr 11, 16 Marêt 1938, taun III

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Bab Pakulitan.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 20.

Mila ing ngriki, sagadug-gadug kula, kula badhe ngandharakên ing bab panjagi, kajawi kados tindakipun C. ugi botên namung cêkap wêdhakan sabên badhe kêkesahan kemawon, sanadyan botên badhe kêkesahan inggih kêdah sabên enjing mrêlokakên siram wuwung, dene wêkdal siram wau sampun ngantos srêngenge malêthèk, samantên ugi yèn siram wêkdal sontên sampun ngantos langkung saking jam gangsal.

Mênggah pikantukipun, soroting srêngenge wêkdal enjing miturut pamanggihipun para sagêd, kirang prayogi tumrap badaning tiyang, ingkang pinuju kakêmbêng ing toya. Dene soroting srêngenge ing wêkdal sontên sae sangêt kangge pakulitan sarta kasarasaning tiyang.

Sasampunipun siram, badan sakojur kêdah dipun kêsat ingkang ngantos garing, langkung-langkung ing cêpit-cêpitaning badan, kêdah dipun srêbèti ngantos garing sayêktos, kados ta: cangklakan, sêla-sêlaning driji lan sanès-sanèsipun. Mila kêdah makatên, awit upami ngêmbêng toya, sanadyan toya ingkang bêningipun anglangkungi, mêksa kirang sae tumraping kasarasan.

Sasampunipun dipun srêbèti sarta sampun garing, badan sakojur lajêng kabobokana utawi kagosoka wêdhak. Dene wêdhakipun prayogi ngagêm wêdhak asrêp, utawi wêdhak parêm, sarta wêdhak wau kêdah dipun toyani toya matêng sarta kacampuran toyaning jêram pêcêl, ugi kenging mawi toya wantah kemawon. Dene sasampunipun wêdhakan, kintên-kintên sampun saprapat jam, lajêng kagosoka andhuk utawi sinjang ingkang rêsik.

Dene ingkang langkung wigatos tumraping ngudi saening praupan, kêdah adhêdhasar saras.

Êmbok Sundiyah.

Mijèn, Boja.

--- 42 ---

Kamajêngan Wanita Bali.

Ing bab kamajênganing wanita băngsa Bali, punika lampah-lampahipun botên beda kados tumindakipun wanita băngsa Jawi nalika sawêk badhe majêng, anggèning badhe ngambah dhatêng pamulangan tansah rangu-rangu, kabêkta saking sawêk katêmbèn. Mila kenging dipun wastani ajêngipun wanita băngsa Bali kapetang kantun tinimbang golongan sanès-sanèsipun.

Rêrigênipun ingkang wajib anggèning badhe ngajêngakên băngsa Bali supados purun anglêbêtakên anakipun dhatêng pamulangan, wiwit taun 1908, nanging wohipun mêksa dèrèng nglêgakakên.

[Grafik]

Para warganing P.B.S. ingkang sami nyinau olah-olah punapadene dêdamêlan tangan.

Nanging wantuning pangudi wau tansah lumintu, dangu-dangu inggih lajêng sagêd ambuka manah, malah dumugi wanitanipun pisan ugi sami majêng. Dumugi taun 1930 sampun wontên wanita băngsa Bali ingkang nglajêngakên pasinaonipun dhatêng Bandhung, tuwin ing taun 1931 wontên malih 24 ingkang dhatêng Blitar sami nglajêngakên sêkolah guru.

[Grafik]

Murid-murid kursus basa Walandi ingkang dipun wontênakên dening P.B.S. Dhènpasar. Ingkang ngangge clana punika gurunipun.

Ing salajêngipun ing Dhènpasar wontên bikakan Meisjesvervolgschool, saha sami ngangge guru asli saking ingkang nglajêngakên pasinaon wau. Namung sarèhning taksih kêkirangan panggenan, kathah ingkang dèrèng tumănja.

[Grafik]

Ing salah satunggiling sêkolahan kursus a.b.c. gadhahanipun P.B.S. ing Dhènpasar.

Dumugi ing tanggal 1 Oktobêr 1936, para wanita ing Dhènpasar Bali, sampun sagêd ngêdêgakên pakêmpalan nama Poeteri Bali Sedar. P.B.S. ing sakawit warganipun namung 5, dangu-dangu saya mindhak kathah. Dene ancasing pakêmpalan wau:

1. Mitulungi lare-lare èstri wêdalan pamulangan andhap ingkang kandhêg pasinaonipun, jalaran [jalar...]

--- 43 ---

[...an] botên gadhah waragad, lajêng dipun waragadi, 2. Ngudi para botên sumêrêp sastra sagêda maos tuwin nyêrat, 3. Nampèni lare-lare èstri ingkang asli saking sanès panggenan, 4. Ngawontênakên wulangan basa Walandi, tuwin 5. Ngawontênakên wulangan olah-olah.

Sadaya wau kenging kangge titikan kamajênganing wanita băngsa Bali, ing salajêngipun tamtu botên beda kalihan kajamênganing wanita golongan sanès.

Mêgatruh

Surup-surup kapiyarsa jago kluruk | binarung ocèhing pêksi | ting kariyèk kuthuk-kuthuk | jroning kombong kapiyarsi | kruk kruk suwaraning babon ||

ing ngawiyat sumilaking mega mêdhung | akarya lamlaming ati | ing plataran ting gadêbug | swaraning lare prasami | dêdolanan myang gêguyon ||

hyang baskara wus tan kèksi sunaripun | lir nyatru isining bumi | rêpêt-rêpêtnya sumusul | lir pendah asung pêpeling | yèn sang pêtêng wus mèh rawoh ||

pêtrèk-pêtrèk kamirêng swara sing pungkur | anguwuh putranya èstri | ingkang lagi enak lungguh | ngrasakkên kêsêling dhiri | jalaran mêntas badminton ||

dhuk dhuk gêndhuk bok wis enggal mênyang pungkur | adus-adus kana dhisik | cikbèn ta ilang kêsêlmu | mumpung durung pêtêng iki | aja tansah anjêdhodhog ||

ta dêlêngên gulo wis mèh tabuh pitu | bokya rada eling wanci | aja dupèh dina Minggu | banjur apa-apa prèi | kajaba ngêpêng badminton ||

ngèlingana jênêng wadon mono gêndhuk | yèn miturut kawruh Jawi | sayêkti gawat kalangkung | nadyan jamane wus salin | iya kudu ngatos-atos ||

luwih-luwih jaman iki sarwa worsuh | tan bedakkên jalu èstri | kagawa lajuning kawruh | kawruh anyar ngatasangin | kang tansah mung gawe gawok ||

pancèn aku nadyan kolot uga mathuk | mring ajuning cah saiki | gone padha ngudi kawruh | kanggo sanguning ngaurip | urip anèng jaman poprok ||

muga-muga Gusti kang murbèng sawêgung | angosikkên jroning ati | mring pra mudha ywa kalimput | kasusilanya pribadi | aywa kongsi katalorop ||

ngèlingana yèn padha Jawi satuhu | tan prayoga lamun kongsi | nilar kasusilanipun | luwih-luwih tumrap èstri | nadyan putus kawruh kulon ||

mula gêndhuk datan liya wêkas ingsun | nadyan ta sira wus wasis | cara Lănda Inggris putus | kasusilanmu ywa lali | êndi kang pantês linakon ||

yèn matrapkên muna-muni tindak-tanduk | dèn prayitna ngati-ati | aywa kongsi manggih dudu | dèn bisa anuju ati | iku aran wruh ing kewoh ||

lamun muwus kulinakna ingkang alus | linuting ulat kang manis | supaya bisa amatuh | marang pakarti kang bêcik | mamrih rêna ingkang wêroh || Badhe kasambêtan.

S. Bok Wir.

--- 44 ---

Bab Olah-olah.

1. Răndhakèli

Damêl pincuk, godhongipun kêdah dipun alumakên rumiyin. Jladrèn glêpung wos kadamêl cuwèr lan santên kaparingan gêndhis jawi salêginipun, lajêng kagodhog ngantos matêng. Bilih sampun matêng. Nuntên dipun sokakên ing pincuk wau.

Anggodhoga santên kanil kaparingan glêpung sakêdhik, manawi sampun matêng, lajêng kaêsokakên ing sanginggilipun (ing salêbêting pincuk), lajêng kadhahar.

2. Klapêrtar

Tigan lan gênmis[7] pasir kaublêg ngantos wat. Roti kêring dêgan lan panili kadhêplok ngantos lêmbat. Sadaya kacampur kalihan ublêgan tigan lan gêndhis pasir kasêbut ing nginggil, lajêng kaparingan susu. Kawadhahan ing piring sèng nuntên dipun êpan, manawi sampun jêne, lan saupami kacublês sujèn sampun kalis, tăndha sampun matêng.

3. Lumpiah

Ngublêga tigan ngantos wat, manawi sampun kaparingana trigu sakêdhik, tuwin kaparingan santên kanil lan sarêm, lajêng kadadar tipis-tipis, bilih sampun matêng, kaisènan bakmi garing. Sasampunipun lajêng kagorèng mawi mêrtega utawi lisah klapa, prayogi kadhahar mangêt-mangêt.

4. Osik

Brambang 3 sendhok dhahar, bawang 3 siyung, lombok abrit agêng godhogan 5 iji, laos 3 iris, jae 2 iris, kunir bakaran 1/2 driji, kêmiri 6 iji, trasi 1 sendhok tèh, asêm 1 sendhok tèh, gêndhis jawi. Sadaya wau kaulêg ngantos lêmbat lajêng kagorèng. Daging kacêmplungakên lajêng dipun ungkêp ngantos jêne, sasampunipun lajêng kaparingan santên klapa 1/4 gluntung, sêre 1 driji, godhong jêruk purut 1 lêmbar. Manawi sampun mêdal lisahipun kaêntas.

5. Randhang (rêndhang)

Kêmiri, tumbar, jintên, lombok abrit, bawang, brambang, jae, trasi, kunir kaulêg, dipun godhog kalihan daging, kaêmoran toya klapa, santên, sêre, godhong salam, manawi sampun ragi asat dipun kêcêri toya jêram pêcêl, kagodhog ngantos mêdal lisahipun.

6. Sambêl Brandhal

Lombok 10 dipun panggang sakêdhap, trasi, kêmiri, sarêm, toya jêram pêcêl, kaulêg lajêng kagăngsa.

7. Buta ngilêr.

Anggodhoga toya 1 panci kalihan gêndhis pasir sacêkapipun. Manawi sampun umob, dipun soki jer-jeran pathi tela 2 cangkir. Dipun udhak ngantos kênthêl, matêng. Lajêng dipun sok ing wadhah, dipun lèr ngantos kenging dipun irisi, lajêng dipun krawu mawi parudan klapa mawi sarêm sajumput.

SUPIYAH, Bancar.

Jatirogo-K. 2632.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


ingkang. (kembali)
sih-sinihan. (kembali)
rêkaos. (kembali)
km. (kembali)
amargi. (kembali)
Kintunan. (kembali)
gêndhis. (kembali)