Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 49, Stu Wa, 19 Bakda Mulud, Jimawal 1869, 18 Juni 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Dongèng Minôngka Têpa Palupi - Konggrès Pangrèh Praja - Aksara Gêndhing - Ngemba Rekadayanipun Dr. Pasteur - Susu Blèg-blegan - Utaminipun Lare Èstri Nyambutdamêl - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Rumêksa badan tuwin rumêksa batos.

Ingkang dipun wastani tiyang rumêksa badan, punika bab rumêksa badanipun piyambak, ingkang ngangkah murih badanipun saras, sarananipun warni-warni, wontên ingkang tuwuh saking anjagi saening têdha, anjagi rêsiking papan panggenan, pangangge, badan, sapanunggilanipun. Manawi nyata tiyang sagêd nindakakên tatanan ingkang kados makatên punika, ing pangintên inggih cinakêtan ing kasarasan. Tuwin manawi dipun manah padamêlan ingkang kados makatên punika katingalipun gampil linampahan, saupami caraa angkat junjung inggih kangkat yêktos.

Ing sapunika bab rumêksa batos, sajakipun botên beda, tiyang inggih sami kawakan. Nanging nyatanipun botên makatên, sarêng tumindak rumêksa batos, lajêng kêraos ngrêgiyêg, raosipun kados pisah, awit ngrêksa sampun ngantos pikiran salah, sampun nguja kamurkan, sampun rêmên nêpsu tuwin sanès-sanèsipun.

Cêthanipun tiyang ingkang nindakakên ubaling kêkajêngan tigang warni wau wontênipun tamtu tansah supe, dados nyêbal dhatêng pathokan ingkang dipun wontêni rumêksa. Dados manawi tiyang nêdya rumêksa dhatêng batos, punika kêdah tansah mintir pamawasipun dhatêng batos. Mênggah pikantuking tiyang ingkang kulina mawas dhatêng solahing kabatosan, punika manawi cêthaa botên beda kados ngêmong lare nakal, manawi dipun êmong andaluya, manawi dipun kêrêngi badhe mutung. Mila tumrap ingkang botên pandakan, lajêng uwal saking pangêmong wau, ing ngriku akajêng ingkang dipun rêksa wau botên wontên, awit sampun dados satunggal kalihan ingkang ngrêksa, dados nama wangsul botên ngrêksa batosipun, inggih kawon kalihan ingkang dipun rêksa.

Môngka mênggahing kajêngipun kabatosan, rumêksa punika supados ingkang dipun rêksa wau kenging dipun rèh. Nanging sayêktosipun babagan kados makatên wau namung gumantung dhatêng ingkang nglampahi, tumrap ingkang botên bêtah pancèn sanès punapa-punapa, dene tumrap ingkang ambêtahakên, sajatosipun cêkok, nanging kajênging tiyang jêjampi, punika nêdya saras, saras ingkang badhe mikantuki dhatêng gêsangipun.

Cêkruktruna

--- 750 ---

Dongèng Minôngka Têpa Palupi

Maskumambang

adhuh-adhuh cilaka têmên ing bumi / anaku ing donya / urip aprasasat mati / luwung mati lah karuan //

sapa kêlar kinunjara rina wêngi / sajroning kurungan / arupêk pasaban iki / amung saaubing tampah //

[Grafik]

... tan bisa kobèt sathithik ...

sing dak dêlêng sadina-dina mung iki / rujining kurungan / gêdhèg omah lawan malih / tanduran kang cêdhak-cêdhak //

dosa apa kang kaya awakku iki / dene kawasesa / ing bumi sajêge urip / ilang sakèh kasênêngan //

hèh-hèh kônca kang mibêr mlangkah ing kali / lawan kowe ingkang / dhidhis ing ngisor kêmuning / lan babon sapirang-pirang //

apa manèh kae ingkang amathangkring / ing pang sirikaya / ulêsmu wido kuwali / lawan kae kang gudagan //

siji ulês putih jêpun sruwi-sruwi / siji abang papak / dèn padha sukur ing ati / mujia marang Pangeran //

ing luluse sênêng nora dèn kurungi / saba mrana-mrana / sakarêp-karêpmu dadi / golèk pangan rupa-rupa //

ywa nêmoni kang kadi awakku iki / pocapaning kathah / jago kaya aku iki / pinilala ing bandara //

nanging salah kuwalik iku kuwalik / pinilara iya / tan bisa kobèt sathithik / êndhas kêjêglug kurungan //

hèh manungsa jarene titah linuwih / têka tanpa ngrasa / gêndhak sikara ing bumi / mring sama-samèng tumitah //

apa baya kinira bungah kêpati / cinadhong ing pangan / jagung dêdhak dèn cukupi / kari nucuk tan kangelan //

nanging kowe manungsa kliru pamikir / tumrape wong sungkan / wong kêsèd tan darbe isin / sênêng urip kêmladhehan //

ambruk marang sapadha-padhaning urip / pangan cinukupan / thênguk-thênguk wira-wiri / nora duwe kaprawiran //

wong prawira môngsa gêlêma nglakoni / dirayat ing liyan / eling duwe tangan sikil / yèku pangundhuhing pangan //

hèh mulane manungsa rasaning ati / aku luwih bungah / yèn bisaa anglakoni / mrana-mrene luru pangan //

nora marêm dening pawèwèhmu iki / toblas e e toblas / wus têlung dina saiki / Allah paringa ngapura //

--- 751 ---

dèn wêtokna aku saka jroning buwi / bungah luwih bungah / sênêngku ngudubilahi / rumasaku linuwaran //

nora ngira adhuh biyung adhuh nyai / jêbul kok ginawa / ing kalangan dèn krubêngi / dening wong sapirang-pirang //

anjênggêrêng mungsuhku amêmêdèni / gêng luhur birawa / gêbyaring mata lir thathit / cènggèr têlon mangar-mangar //

jalu linthêng kiwa têngên mingid-mingid / buntute anjêbrag / cucuke katon alungid / wulune wido cêpaka //

dhèk samana kuwur di kang dak lakoni / yèn aku wêdia / têka isin mring sasami / jêr wis klêbu ing kalangan //

yèn ta aku wani nêmaha bilai / katujune ana / sih kawêlasaning Gusti / ulahe kurang trangginas //

mèh sagêthèk gonku tarung tan wis-uwis / rai babak bunyak / pating plêmpuh ngêmu gêtih / larane kagila-gila //

iya panas iya pêdhês iya pêrih / lara sèwu lara / nanging wus ora dak pikir / dak tômpa lawan narima //

amung aku nandhang dosa gêng linuwih / dhuh-adhuh Pangeran / kang sipat Rahman lan Rahim / punapa kang kados kula //

badhe tuwan lêbêtkên naraka benjing / dhuh-adhuh ki sanak / wido cêpaka wus mati / dipun agung apuranta //

manèh-manèh raimu awêtu gêtih / kêna jaluningwang / adhuh hêm sapisan kêni / pramana ngênani mata //

ingkang têngên kêlakon picêk sasisih / maksih kinon mangsah / aku wêlasku kêpati / ing môngka datanpa dosa //

nora rêbut pangan nora satru ati / adhuh kaniaya / gumunku ngudubilahi / marang wong-wong kang tumingal //

dene padha tan duwe wêlas samênir / malah sinurakan / sabên jêdhèt alok mati / ana modar ana bôngka //

[Iklan]

wong tinitah manungsa kok tanpa pikir / agêndhak sikara / sênêng wruh wêtuning gêtih / jarene titah utama //

dhuh lae dhuh Gusti Ingkang Maha Sukci / bok pisan punika / kemawon sampun ping kalih / kula nungkuli lampahan //

ingkang sangêt adamêl girising ati / dhuh lae kisanak / wlas têmên aku yèn eling / mring pêpêsthènmu kisanak //

nganti mata picak sisih dèn labuhi / prang satêngah dina / barêng kalah anêmahi / mati lawan siya-siya //

bêndaramu wruh kalahmu muring-muring / kisanak cinandhak / lading katon mingis-mingis / grês gêtihmu sumamburat //

disêmbêlèh nora angêntèni mulih / têka kaningaya / kisanak tumêkèng pati / lantaran tarung lan ingwang //

sun pêpuji antuka swarga di luwih / e ya muga-muga / Allah tumulia paring / nurunake udan rahmat //

salin jaman atine padha winalik / mahambêg wêlasan / marang sasamèng dumadi / sirnaning gêndhak sikara //

dimèn bungah kabèh kang sarwa kumêlip / hêm wis uwis ta lah / môngsa lêbara sasasi / tiwas kêsêl cangkêm ingwang //

Panjurung

--- 752 ---

Konggrès Pangrèh Praja

Kala Minggu kêpêngkêr para priyantun pangrèh praja ngawontênakên konggrès ingkang kaping wolu wontên ing Surabaya. Ing kala punika ing Surabaya pinanggih rame dening kathah tamu saking môncanagari sajawining kitha Surabaya. Ing ngriku katingal kêmpaling para pangrèh praja ingkang sampun dangu botên sêsrawungan.

[Grafik]

Para priyantun pangrèh praja, ub bêstir Perhimpunan Pegawai Bestuur Bumiputra pêpak.

[Grafik]

Kêmpaling para tamu kakung putri wontên ing kêbon raja.

Makatên ugi tumrap golonganing para putri garwaning para priyantun pangrèh praja ingkang ugi sampun anggadhahi golongan pakêmpalan piyambak inggih ngawontênakên pêpanggihan. Mila ing kala punika kenging dipun wastani ing Surabaya kèbêkan tamu ingkang sami tuwi-tinuwi tuwin pêpanggihan ing kalanipun kêkêmpalan.

--- [753] ---

[Iklan]

Kagunan Jawi

Aksara Gêndhing

Sambêtipun Kajawèn Nomêr 46

Môngka Sri P.B.V. kalihan B.K.P.H. Sôntakusuma, punapadene B.R.M.H. Sumaningrat punika sami angeram-eramakên kasagêdanipun dhatêng ulah karawitaning gêndhing, kados ta, ingkang Sinuhun Sri P.B.V. punika mèh sabên sakatèn, kala taksih jumênêng K.G.P.H.H. kêrêp sangêt rawuh dhatêng ing gamêlan sêkatèn, lajêng ngasta bonang, malah saking pangandikanipun para sêpuh, wontênipun bonangan sêkatèn kaimbal kados ingkang katindakakên samangke punika, ingkang miwiti inggih saking pangastaning bonang sêkatèn Ingkang Sinuhun Sri P.B.V. nalika taksih jumênêng K.G.P.H.H. Pambonang sêkatèn punika ingkang majibi abdi dalêm panglawe niyaga, pangkat panglawe punika tataran tiga saking nginggil, dados inggih sampun nama perangan sêsêpuhing abdi dalêm niyaga ing Surakarta, makatên ugi B.K.P.H. Sôntakusuma punika ngantos kagungan abdi niyaga sagagragan ingkang sami ngrangkêp dados abdi dalêm karaton, prêlunipun kangge angladosi manawi panjênêngan dalêm B.K.P.H. Sôntakusuma lênggah klênengan angasta rêbab. Dados B.R.M.H. Sumaningrat putus dhatêng karawitaning gêndhing punika sampun mèmpêr kemawon.

Sarèhning jaman samangke ungêling gêndhing-gêndhing punika sarana sèndhêring radhio sampun sagêd sumêbar dhatêng laladan têbih ingkang suwaranipun sampun botên patos beda kalihan luguning suwaranipun asli, mila saupami dipun wontêni bêbadan ingkang madêg saking golonganing para êmpu gêndhing, prêlu ngudi saening tatanan kalihan ngudi indhaking kaendahan, punapadene ngrêmbag bab ingkang prêlu-prêlu ingatasing kagunan karawitaning gêndhing, punika pangintên kula saya sae sangêt. Ananging sarèhning para êmpu wau dèrèng tamtu mangrêtos têrang dhatêng gumêlaring jaman kamajêngan, mila ing bêbadan wau prayogi dipun mori dening sawatawis priyantun ingkang jêmbar wawasanipun dhatêng gumêlaring jaman, murih sadaya tatananing para êmpu wau sagêda timbang kalihan kakiyataning raos lan pangrêtosipun ngakathah ingkang badhe nampèni sumêbaring karawitaning gêndhing Jawi.

Anggèn kula gadhah pamrayogi makatên punika sabab ngraosakên ungêling gêndhing ingkang dipun siyarakên ing radhio, punika taksih sarwa ngèwêdakên. Anggèn kula mastani sarwa ngèwêdakên wau makatên: saupami ingkang dipun siyarakên punika sampun mawi tatanan turut sae, dalah pamilihing gêndhingipun inggih gêndhing ingkang brêgas-brêgas, wah panggarap dalah sadayanipun sarwa sae, siyaran wau tumraping para ahli ingkang mangrêtos dhatêng tatanan utawi sampun sagêd ngêmatakên dhatêng endahing karawitan, sampun botên sagêd nacad, ananging kosokwangsulipun, tumraping para panampi ingkang dèrèng sagêd ngêmatakên malah ngrêsêg-ngrêsêgi pamirêngipun, têmahan damêl kritik manawi siyaran wau botên marêmakên panggalihipun. Kosokwangsulipun [Ko...]

--- 755 ---

[...sokwangsulipun] malih, manawi siyaran ingkang kêrêp katindakakên sapunika wau angsal pangalêmbana saking sawatawis para ingkang dèrèng ahli karawitan, môngka salêrêsipun siyaran wau taksih nyênêpakên padharanipun para ahli, sabab saking inggih dèrèng turut panatanipun utawi taksih wontên bab ingkang nguciwani, punika para ahli inggih lajêng pating grêmêng panacadipun. Lho, rak inggih ngèwêdakên panindak ingkang makatên punika.

Awit saking kados makatên kawontênanipun, saupami dipun timbang, lajêng golongan pundi ingkang kadunungan lêpat, punapa golonganing para ahli, punapa golonganing para ingkang dèrèng sagêd nampi lêlungidaning gêndhing, punika kula sumanggakakên ngakathah. Awit kula piyambak inggih botên sagêd nglêpatakên dhatêng salah satunggaling golongan wau, saupami kula nglêpatakên dhatêng golonganing para ahli, anggènipun kêkikrikên, kados ta, nalika dintên punapa tanggal pintên kula kasupèn, sèndhêr S.R.V. nyiyarakên kalênengan saking pundi kula inggih kasupèn, ingkang kula èngêti namung wontên salêbêting wulan Mèi kêpêngkêr, kalihan uruting gêndhingipun, nanging ingkang kula èngêti namung tigang gêndhing, inggih punika mêntas mungêl gêndhing Rênyêp minggah eling-eling kasmaran, lajêng gêndhing Sumêdhang minggah Kapidhondhong, lajêng mungêl gêndhing Mawur mawi ladrangan Kônca, makatên kemawon tumrapipun para ahli, lajêng nyungir têmah grêmêngan makatên: la wong gêndhing Mawur kok didokokake sawising Rênyêp, la rak ya kêbangêtên gone ora bisa matut prênahing panggonan. Pancène rak ya Mawure dhisik, gèk Sumêdhang, banjur Rênyêp, dadi turut. Lho grênêngipun wau dipun tingali saking golonganing para ahli, punika lêrês sangêt, nanging makatên punika rak inggih nama kêkikrikên. Kosokwangsulipun, tumrap para ingkang dèrèng ahli, ingkang dipun rêmêni namung bangsaning gêndhing ingkang kêndhanganipun glêndang tak glêndang tak tong tak tong blang kemawon, manawi botên makatên inggih ingkang kathah geronganipun. Hara, makatên punika rak inggih eman-eman dhatêng kaendahaning gêndhing ingkang sakalangkung adi luhunging wêwilêtanipun, sabab sami dèrèng sagêd ngraosakên kanikmatanipun, dados dipun êmohi. Mila manawi dèrèng wontên tatanan ingkang kangge nuntun dhatêng para ingkang dèrèng sagêd nampi kanyênyêtan wêwilêtaning karawitan, inggih taksih tansah ngèwêdakên panindaking nyiyarakên ungêling gêndhing ingkang andadosakên pamarêming golongan kalih kasêbut nginggil punika.

[Iklan]

Badhe kasambêtan

Kodrat, Batawi Sèntrêm

--- 756 ---

Bab Kasarasan

Ngemba rekadayanipun Dr. L. Pasteur

Sambêtipun Kajawèn nomêr 46

Ing taun 1913 Dr. Noguchi (Japan) nyambutdamal[1] ing griya sakit tiyang ewah ing Amerikah, damêl papriksan-papriksan kawontênanipun satunggiling sêsakit ewah, têtiyang sakit ingkang dipun pulasara ing griya sakit wau, ingkang sampun pêjah dipun priksa utêkipun, pinanggih wontên wisanipun syphilis (spirochoete pollida) môngka ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng, jampi neo Salvarsan ingkang dipun jampèkakên dhatêng ingkang sakit syphilis, ingkang sampun ngrêbda ing utêg utawi sanèsipun punika botên sagêd tumônja utawi tumama. Mila langkung prêlu, ingkang kataman syphilis wau tumuntên konangan dening dhoktêr, dados ingkang sakit sagêd dipun jampèni, supados enggal sagêd saras saèstu.

Kangge nanggulangi sêsakit syphilis punika supados sampun ngantos ngômbra-ômbra makatên:

Tiyang ingkang sakit kêdah purun ngakên lan nêdha dipun priksa dhoktêr, utawi têtiyang umum purun tulung-tinulung supados têtiyang ingkang sakit puruna dipun priksa dening dhoktêr, cêkakipun têtiyang kêdah mangrêtos yèn sêsakit punika ambêbayani, dados kêdah dipun jagi sampun ngantos thukul, tiyang ingkang sakit sampun ngantos sagêd nulari ingkang saras.

Ingkang sakit kêdah dipun jampèni, dados pulisi kêdah damêl pranatan ingkang kêncêng saèstu, tiyang èstri palanyahan kêdah dipun cêpêng pulisi kapriksakakên dhoktêr, yèn wontên ingkang sakit èstri utawi syphilis kêdah dipun jampèni ngantos saras.

Bab pranatan punika yèn namung dipun sêrat ing ngriki kemawon pancèn inggih gampil sangêt, sanajan dipun cakakên inggih kenging lan sagêd kalampahan ugi, nanging wohipun, botên mêsthi wontên, utawi botên mikantuki, jalaran têtiyang sadonya punika ingkang kathah botên utawi dèrèng mangrêtos lan botên purun blaka, amargi saking isin utawi rikuh, dados ingkang kathah sêsakit wau botên konangan dening dhoktêr inggih botên sagêd dipun jampèni.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Semarang

Wara-wara

Ngaturi uninga, bilih administrasi sampun wiwit ngintunakên bêlangko pos wisêl tumrap kuwartal kaping III ing ngajêng punika, dene ingkang dipun kintuni blangko wau, botên ngêmungakên ingkang dèrèng ambayar kwartal III kemawon, sanajan ingkang pambayaranipun sampun sah, inggih sami dipun kintuni, kakanthèkakên ing Kajawèn, prêlunipun supados ngirangi padamêlanipun administrasi. Amila para ingkang sampun sami ambayar, mugi sampun kagèt utawi kalintu ing panampi. Blangko ingkang botên prêlu kagêm wau, kenging dipun bucal kemawon.

Asma tuwin nomêring lêngganan ingkang cêtha.

--- 757 ---

Susu Blèg-blegan

Karanganipun Dr. De Haas, dhoktêr lare tuwin maha guru pamulangan luhur dhoktêr ing Batawi.

Tiyang ingkang tumbas susu blèg-blegan, limrahipun pados cap ingkang sawarni kemawon. Dados ingkang dipun wigatosakên capipun, sanès tanahing susu, awit pamanahipun, blèg ingkang capipun sami, isinipun tamtu inggih sami. Pamanggih ingkang kados makatên punika lêpat sangêt. Kauningana, mèh sabên pabrik susu blèg-blegan, sami damêl tuwin nyade susu blèg-blegan warni-warni. Dados kenging dipun wastani sabên cap punika susunipun beda-beda.

[Iklan]

Ing ngriki prêlu mratelakakên warni-warnining susu blèg-blegan ingkang kasade wontên ing tanah ngriki, wontên nêm warni, ugi taksih wontên susu sanèsipun malih, nanging namung dipun angge ingkang mawi pitêdah dhoktêr kemawon.

Susu nêm warni ingkang kacariyosakên punika:

1. Susu tulèn ingkang sampun dipun rêsiki kabucal wijinipun sêsakit, ing caping susu wontên ungêl-ungêlanipun: "sterilized natural milk" ing basanipun Walandi: "gesteriliseerde volle melk". Susu ingkang kados makatên punika perang-peranganing jat-jatipun botên beda kalihan susu lêmbu ingkang pêrêsan enggal. Susu punika sae sangêt, nanging rêginipun awis.

--- 758 ---

2. Susu tulèn ingkang dipun kênthêlakên, ing caping susu wontên ungêl-ungêlanipun: "evaporated whole milk" utawi "geevaporeerde volle melk". Susu ingkang kados makatên punika susu tulèn ingkang sampun dipun uwabakên toyanipun, sampun botên kêmoran punapa-punapa, tuwin botên dipun dèkèki gêndhis, manawi susu wau dipun cuwèrakên mawi toya malih (ukuraning nyuwèrakên, susu sabagean, toya kalih bagean), kawontênanipun botên ewah babarpisan, kados susu ingkang mêntas dipun pêrês kemawon. Susu blèg-blegan ingkang kados makatên punika sae sangêt, manawi dipun tandhing kalihan susu blèg-blegan sanèsipun, kapetang ingkang mirah piyambak, inggih punika wêwaton tumrap têtandhinganing paedahipun.

3. Glêpung susu ingkang botên mawi gêndhis ("milkpowder unsweetened" utawi "ongesuikerde melkpoeder"). Glêpung susu punika asli saking susu ingkang dipun bêntèri kanthi kawruh ingkang langkung prayogi, ngantos ngicalakên toyanipun sadaya ingkang wontên ing susu. Manawi glêpung susu wau dipun cuwèrakên mawi toya, kanthi cara tatanan ingkang kacariyosakên, limrahipun sabên galêpung susu sabagean, toyanipun pitung bagean. Susu ingkang kados makatên punika, dayanipun mèh sami kalihan susu pêrêsan enggal, ingkang wêwaton saking ngèlmi pamisah.

4. Glêpung susu lêgi ("sweetened milk" utawi "gesuikerde melkpoeder"). Susu kados makatên punika dipun garingakên kados susu glêpung ingkang botên mawi gêndhis wau, namung beda susu punika dipun mori bangsaning gêndhis. Caraning nyuwèrakên sami kemawon kados ingkang kasêbut ing bab tiga. Glêpung susu lêgi punika namung kangge lare-lare sêsêpan kemawon.

[Iklan]

Glêpung susu warni kalih wau rêginipun ragi awis, nanging wontên prayoginipun, sanadyan êblègipun sampun kabikak, sagêd dipun rimat dangu.

5. Susu kênthêl lêgi ("sweetened condensed milk" utawi "gesuikerde gecondenseerde melk"). Susu wau sadèrèngipun dipun juri mawi toya, wontên gêndhisipun 40% langkung, tuwin limrahipun susu kênthêl wau dipun cuwèrakên kalihan toya kawan bagean, susu sabagean. Susu kênthêl ingkang lêgi kados makatên punika inggih prayogi kangge lare sêsêpan, kadosdene glêpung susu lêgi wau. Nanging botên prayogi manawi namung dipun ombèni susu punika thok kemawon.

Badhe kasambêtan

--- 759 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Utaminipun lare èstri nyambutdamêl

VII

Garèng : Ora, Truk, lagi anu kowe ngomongake: wong wadon kuwi ditakdirake adhêdhasar: dhêmên mulasara lan dhêmên angurbanake awake. Iki aku ngandêl bangêt, nanging wong kuwi apa iya kudu tansah ngukuhi sing dadi dhêdhasare, ci-la-ka, Truk. Buktine: bangsane dhewe kiyi, dilairake ana ing donya iki diparingi dhêdhasar: alus budine, sabar tuwêkal, nrima, lan sapadhane. Kêpriye saiki kadadeane, iya banjur dadi bôngsa sing klas: êmbèk, têgêse: apa-apane mung tansah langganan: êmbèk ajêgan. Nyêkêl bale omahe dhewe: êmbèk, alias: mintak ampun, ora bisa, kang anjalari ngatur bale omahe dhewe, wong liya sing nandangi. Anjaga bandhane dhewe, iya: êmbèk, manèh, ing wusana wong liya manèh kang banjur ngopèni bandhane mau. Dalasan nyêkêli adat tatacarane dhewe sing pancèn wis apik tênan bae, iya: êmbèk, manèh, mulane saiki akèh bangsane dhewe sing banjur dadi: yangko yangko. Ora liya jalarane iya saka anggone arêp ngukuhi dhasare: alus budine, sabar tuwêkal, nrima lan sapadhane mau.

Petruk : We, hla iki seje manèh, Kang Garèng, bôngsa Jawa duwe watak: alus, sabar, nrima, kuwi ora jalaran wong Jawa pancèn duwe dhêdhasar watak sing kaya ngono, nanging sing wajib disalahake: panggulawênthah lan tuntunan ing biyèn-biyèn. Nèk mulabukane mono, wataking uwong kuwi padha bae, nanging jalaran saka papan padunungane, kaanane ing kono, tuntunan lan panggulawênthahe nyang para kawulane, suwe-suwe wêwatêkane wong ing panggonan siji lan sijine kuwi sok banjur beda-beda.

Garèng : Wangsulanamu ora murwat, Truk. Ewasamono yèn kowe nyata wong Pak Wira, lan kandhamu mau ora mung ngayawara bae, mara, saiki têrangna, sababe apa: bôngsa Tionghwa lan bangsane dhewe kuwi, gêdhene padha, warnane kulite iya mèh padha, bagus lan ayune, iya mung undha-undhi bae, kana mênang bagus mênang ayu, kene mênang luwês mênang kèwês, geneya bôngsa Tionghwa luwih srêgêp, luwih uluwi (luwih sugih dhuwit) luwih cekat-cèkèt tumandang gawene katimbang bangsane dhewe.

Petruk : Iki kang kapisan iya jalaran saka kaanane ing papan padunungane. Ing Tiongkok, [Tiong...]

--- 760 ---

[...kok,] iya ing nagara Cina, kuwi kaanane beda bangêt karo ing kene, Kang Garèng. Ing kene kaanane: ing taun buri, wingènane, wingi, saiki, sesuk, suk êmbèn, sêminggu manèh, taun ngarêp, lan sapiturute, mung padha bae. Kabèh wit-witan, kabèh thêthukulan, têrus ana bae, mulane sêtaun têrus-têrusan iya tansah ana sing kanggo cagak urip ajêgan. Hawane têrus-têrusan kayangene bae, mulane butuhe nyang panganggo iya ora pati ngrasakake bangêt-bangêt. Sanadyan mung nganggo: cawêt bae, pancène ing kene kiyi wis cukup.

[Grafik]

Garèng : Wayah, apa niyat arêp anggêdhèkake cacahe wong pêgatan. Hla yèn ing kene wonge padha cawêtan kabèh, lanang wadon rak enggal padha bosên. Sabab wis jamak lumrah mungguhing manusa kuwi, saya blak-blakan, saya enggal jêlèh, saya primpên, saya: ma-tik, aku.

Petruk : Wiyah, wiyah, ambok aja rupa-rupa mêngkono, Kang Garèng, aku ngandhakake kang kaya mangkono mau, aku mung arêp nuduhake, yèn saka kaanane hawane ing kene kuwi wong ora pati ambutuhake bangêt nyang panganggo. Mara, saiki pikirên dhewe. Ing tanahe dhewe kene, ing sarèhne sarupane têtanduran lan thêthukulan tanpa ana lèrèn-lèrène, dadi sabên dina wong kuwi sanyatane ora tau kêkurangan pangan. Apa manèh ing jaman biyèn nalikane ing tanahe dhewe durung kêbak manungsa ngabathara kaya saiki. Nyang panganggo iya ora pati ambutuhake bangêt, mulane iya banjur kadunungan watak: alon-alon anggêre kalakon. Sabanjure yèn dikon tumindak gawe, kêrêp: mangke rumiyin.

Garèng : Dadi karêpmu, Truk, bangsane dhewe kuwi awit biyèn mula dadi kêkasihe Ingkang Kuwasa, ta, hawane tanahe digawe kêpenak têrus-têrusan, pangan ora kêkurangan.

Petruk : Bênêr, Kang Garèng, bangsane dhewe kuwi pancène mono wiwit biyèn mula dadi kêkasihe Ingkang Maha Kuwasa. Pangane dijaga, hawane iya digawe kêpenak. Nanging diparingi sih kawêlasan sing samono kuwi, bangsane dhewe kuwi ora rasa-rumasa, rumasane iya pancèn kudu wis mangkono. Jajal saupama rumasaa, mêsthine pikirane banjur mangkene upamane: e, aku iki kok disihi ing Pangeran, mulane uripku tak ati-atine, supaya sihing Pangeran kuwi têrus lumintu, yaiku: apa sing diparingake tak eman-emane. Aku tak tansah [ta...]

--- [761] ---

[...nsah] manut miturut apa dhawuhe Ingkang Kuwasa, aja nganti aku ninggal kuwajiban. Cêkak aos: aku tak tansah manut miturut apa dhawuhe, lan tak ora pisan-pisan wani nêrak apa kang dadi awisane, tanggung Kang Garèng, upama bangsane dhewe biyèn-biyène tansah gêlêm ngaji-aji apa dhawuhing Pangeran, kiraku saiki dadi bôngsa: Indhêklas, alias: bôngsa nomêr satu. Nanging ora mêngkono, disênêng-sênêng dening Ingkang Kuwasa, ora rumasa, malah jêbul kaya dilulu, banjur ngêtogake hawanêpsune, kang anjalari kabèh-kabèh promosi, yaiku: anggone main royal, main kêsèd, main luwung nganggur tinimbang nyambutgawe, dalasan anggone nglirwakake marang Ingkang Kuwasa, iya promosi, Kang Garèng, mulane rak iya mèmpêr, ta, yèn wusanane bangsane dhewe kiyi banjur dadi bôngsa: klas wêdhus iki.

Garèng : Wis, Truk, aja kêbanjur-banjur anggone ngundhat-undhat bangsane dhewe. Dadi mungguhing panêmumu, drajate bangsane kêplorod nganti dadi bôngsa klas êmbèk kiyi, sabab ora ngrêti dikêpenakake dening Ingkang Kuwasa, kang pancène kudu rasa-rumasa, jêbul malah: kêmbang salak kêmbang kênangah, adhuh dhi sayang, makan enak, tidhur enak, sêmuwah sêmuwah enak, tidhak kêluwar tênagah, ja-puh.

Petruk : Anggonmu mênyanyi ora karuwan dhong-dhinge, Kang Garèng, luwih bêcik aja: bukak suwara bae. Iya jalaran sing kaya ngono kuwi, anane bangsane dhewe saiki dadi bôngsa: ulêr kambang yèn trima alon-alonan. Seje karo bôngsa Tionghwa, Kang Garèng. Kaanane papan padunungane, iya iku Tiongkok, kuwi beda bangêt karo ing kene. Ing kana kêna diunèkake: têtanduran thêthukulan kuwi uripe mung nêm sasi, sing nêm sasine manèh hawane saka adhême nganti têtanduran thêthukulan padha mati kabèh. Nanging wong-wonge ing môngsa adhêm mau, ora kok banjur: yo-ayo dha kêmulan, loso, nanging sabisa-bisa iya cekat-cèkêt tumandang gawe, êmbuh apa bae sing dicandhak, luwih-luwih kalane môngsa panas, anggone nyambutgawe didhèbêl tripêl, prêlune kanggo jaga-jaga ing masa adhêm mau. Kang mangkono mau bôngsa Tionghwa, banjur tansah sinau: srêgêp sêsimpên, ora wêgahan, lan sapadhane.

Garèng : Hla iya, kuwi rak bôngsa Tionghwa ing Tiongkok kana. Nèk bôngsa Tionghwa sing ana ing kene, kabèh-kabèhe rak padha bae karo bangsane dhewe, geneya bôngsa Tionghwa sing ana ing kene kok iya padha sugih-sugih, padha ...

Petruk : Anak putune wong srêgêp, wong gêmi, wong dhêmên sêsimpên, lan sapadhane, Kang Garèng, mulane iya kêturunan watak-watak sing kaya ngono kuwi. Miturut omongmu kabèh kiyi, dadi wong Jawa kok unèkake duwe dhêdhasar: alus budine, sabar, nrima, kang anjalari: lumuh padu, kêsèd, gêlêm diidak-idak, lan sapadhane, iku salah, Kang Garèng. Sabab watak sing kaya ngono kuwi bisa didandani, anggêre pangulawênthah lan panuntune bae diowahi.

--- 762 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Warga Raad Kawula saking K.P.M. Wontên wartos, pangarsa K.P.M. tuwan Pronk, badhe verlof dhatêng Eropa, wiwit tanggal 29 wulan punika. Ing bab punika tuwan wau lajêng nyuwun mêdal saking anggèning dados warga Raad Kawula. Dene ingkang gumantos ing pangintên ugi mêndhêt saking ngriku.

Kamajênganing Neutrale Europeesche Lagere School ing Surakarta. Pandadaran ing pamulangan kasêbut inginggil ing taun punika, tumrap ingkang dhatêng H.B.S. wontên lare 17 ingkang lulus 16, tuwin wontên lare tiga ingkang lulus malêbêt dhatêng Mulo.

Sana Budaya kajêmbarakên. Wontên wartos Sana Budaya badhe angsal panduman arta sakng[2] Welvaarstfonds f 100.000.-. Arta samantên punika badhe kabage kalih, kangge anjêmbarakên Sana Budaya tuwin kangge ngêdêgakên kunstnijverheidsschool. Ing salêbêtipun taun punika kaangkah sagêda rampung.

Baleswara P.K.N. Wontên wartos, ing salêbêtipun wulan punika P.K.N. ing Ngayogya badhe ngêdalakên baleswara nama Kawula. Dipun pandhegani dening Mr. R.M. Soerjaningrat.

A.M.S. Salemba. Lulus examen wêkasan ing A.M.S. afd. B. ing Salemba, Betawi, R. Brotoseno, Tan Beng Hoey, Tjong Hoa Giok, F.O. Tumbel, Gusti Bagus Ngurah, Oey Biauw Tjan.

Mulo garut. Ingajêng wontên wartos, ing Garut badhe wontên ingkang ngêdêgakên Mulo partikêlir, ing sapunika wontên wartos sêdya wau botên kasêmbadan, amargi kêkirangan waragad.

Nyirnakakên ama ulêr klapa. Sampun sawatawis dangu ing bawah dhistrik Kêmiri, Pituruh tuwin sanès-sanèsipun, Kutoarjo, tuwuh sêsakit ama klapa, awujud ulêr nama brachartona. Ama wau lajêng dipun tanggulangi dening Dr. van der Veik saking Instituut voor Plantenziekten ing Bogor, sarana jampi. Ing sapunika anggèning nanggulangi sampun rampung. Wawrating jampi ingkang kangge nanggulangi wau sakêdhik-kêdhikipun wontên 10.000 kg ingkang sakilogramipun rêgi f 2.50. Wit klapa ingkang kêtrajang sêsakit wau wontên 200.000. Têtiyang ingkang sami nggadhahi panggêsangan saking pamêdaling klapa wau sami kapirangan[3] kamirahan botên ambayar pajêg.

Lêbêting saha wêdaling barang ing tanah Sabrang. Miturut katrangan saking kantor statistiek, ing salêbêtipun wulan April kêpêngkêr, barang-barang ingkang malêbêt ing tanah Sabrang wontên 82.700 ton, rêrêgèn f 13.000.000.-. Dene ingkang mêdal wontên 674.800 ton, rêrêgèn f 39.000.000.-. Dados kathah ingkang kakintunakên.

Lurah tuwin mantri wana kacêpêng. Lurah dhusun ing bawah ondêr dhistrik Pituruh, Kutoarjo, dipun cêpêng ing pulisi jalaran kadakwa nindakakên kadurjanan kajêng sampun pintên-pintên taun, mêndhêt saking wana pajatosan Gupêrmèn. Kajawi punika ugi wontên mantri wana ingkang dipun cêpêng, jalaran gêgayutan bab punika. Saking pangakênipun lurah dhusun wau, kajêng asli kadurjanan wau pambucalipun dhatêng Kêbumèn.

Pabrik gêndhis ing Jênar katutup. Wontên wartos, pabrik gêndhis ing Jênar, Purworejo, sampun katutup, botên badhe giling malih. Malah mêsinipun sampun sami dipun bibrahi sadaya.

Cêngkèh saking Zanzibar. Awit saking kaparêngipun Departement van Economische Zaken badhe ngutus babagan ahli dhatêng Afrika sisih kidul pêrlu niti ing bab kawontênaning padagangan cêngkèh. Awit kawontênaning padagangan cêngkèh saking nagari wau ingkang malêbêt dhatêng tanah ngriki kathah sangêt, ing sabên taunipun ngantos wontên rêrêgèn yutan rupiyah. Wontênipun ndhatêngakên cêngkèh saking tanah ngriku punika saking kawontênanipun cêngkèh wêdalan ingriki kêkathahên lisahipun. Golongan ahli ingkang kapiji wau badhe niti ing bab kawontênaning cêngkèh ingkang kados makatên wau.

Congres Gerindro. Benjing tanggal 20 dumugi 24 Juli ngajêng punika Gerindro badhe ngawontênakên congres, manggèn ing Betawi.

[Iklan]

Ewah-ewahan undhang-undhang kasusilan. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana anêtêpakên wêwahan undhang-undhang bab kasusilan.

Utusan Pakualaman dhatêng nagari Walandi. Awit saking kaparêngdalêm K.G.P.A.A. Prabu Soerjodilogo, ingkang kautus anjênêngi paargyan jumênêngandalêm Sribagenda Maha Raja Putri, pêpatih ing Pakualaman K.P.A. Soerjoatmodjo.

Kasangsaran motor mabur. Ing Bandung mêntas kawontênakên ajar anggêgana ngangge motor mabur Glenmartinn 517. Nalika motor mabur badhe mandhap, klèntu anggènipun nglampahakên, motor mabur lajêng dhawah wusananipun kêbêsmi. Punggawanipun satunggal nama tuwan H.J. Cornet nêmahi tiwas.

Papan anggêgana ing Surakarta. Wontên wartos, ing Surakarta badhe dipun wontêni papan anggêgana. Ing sapunika ingkang nindakakên paniti papan ingkang badhe kapilih, Ir. Soeratin kanthi pangagêng sanès-sanèsipun. Mênggah wigatosing papan wau badhe kangge gêgayutan kalihan badhe wontêning pèngêtan adêging praja Surakarta sampun 200 taun. Dene papan ingkang sampun kaanggêp prayogi, ing Bekonan.

Lindhu ing Ambon. Kala tanggal 10 wulan punika ing Namlea, Buru, laladan Ambon, wontên lindhu ngantos adamêl minggahing toya sagantên 1½ m. Ing dintên wau kêrêp kêraos wontên lindhu. Karisalan[4] namung pinanggih sawatawis, wontên krêtêg longsor tuwin griya ambruk satunggal.

Motor mabur Archbold expeditie. Motor mabur Archbold expeditie kêlampahan sampun anggêgana saking San Diego dhatêng Hollandia ingkang têbihipun 10.000 mijl dipun lampahi salêbêtipun 6 dintên. Lampah ingkang wêkasan piyambak saking pulo Wake ing sagantên Pacific, wontên 2300 mijl.

Katêtêpakên dados arts. Katêtêpakên dados arts wêdalan Pamulangan luhur Dokter ing Betawi, Iljas gêlar Mangkoeto Sati, N. Hening Soetrisno. Kenging nindakakên padamêlan dokter wontên ing tanah ngriki, M. Soekandar.

--- 763 ---

Examen wêkasan ing Mosvia Magêlang. Saking Jawi-Kilèn: R. Achmat Soerjahaminata, R. Agoes Soerjasoemantri, R. Ibrahim, R. Kanas, R. Moechtar Affandi, R. Moeh. Achmad, R. Obos lan R. Roesadi.

Jawi-Têngah: R. Abdoel Rachman, R.M. Aboebakar, R.M. Bambang Soeprapto, R.M. Gatot, R. Koempoel Soegianto, R.M. Soewarno, R.M. Soebeno, R. Soemarsono, R. Soeroto, R.M. Woekirno.

Jawi-Wetan: K. Achmad Tahir, M. Moeh. Imam Sochari, R. Djokosoejono, R.M. Koesdarjo, R.M. Koeswijoto, R. Moeljadi, M.Ng. Pramono, R.M. Singgih, R. Soekirno.

Sumatra: Têngkoe Darman Sjah, Noerdin, Aboekasim, Boerhanoeddin, Mêsagoes Abdoel Rachman.

Saking klas I minggah klas II: R. Soebiono, R.P. Poernomo, Sapoean, R. Soepangkat, M.D. Soedarman, M. Soesilo, R.P. Soejanto, R.P. Machmoed, R. Hasan, R. Rachman, R. Soetanto, R.M. Aplaloel Djildi, R.M. Kartono, R.M. Ibnoekoeswani, R.M. Notosoesanto, I.G.P. Rijasse, R. Soeawal, R. Koeswadi, R. Soeroso, R. Soetjipto, R. Hartono, M. Ismail, R.M. Soetarto, R. Wahjoe, R. Soeparto, R. Hanggoro lan R. Ismaoen Salèh - Botên minggah 2. Saking klas I B. minggah klas II: R. Herman, R. Makboel, R. Abdoellah, R. Djenal Hoesen, R. Kasim, M. Memed, R. Abdul Salèh, Toebagoes Moehammad Amin, R. Cody, Arifin, R. Sadikin, M. Achmad, Haroen Noer Rasjid, Hisar Poeloengan, Lokmhosjah, Moehammad Joesoef, Zainoe'Masri, Tohoembowo Zeboea, Basaroedin, Soetan Bahroen, Zainoe'l Affirin, J.F. Siahaan lan Teungkoe Moehammad Alie - Botên minggah 1 - Klas punika ingkang dipun pindhah dhatêng Mosvia ing Bandung ingkang badhe dipun bikak malih tanggal 1 Augustus ngajêng punika. - Saking klas II minggah klas III: R.M. Boedihardjo, R. Soeharto, R.P. Moehammad Noer, R.P. Pêrmadi, R.Ng. Soetjipto, R. Gampang, M. Soenarto, Amrah Moeslimin, R. Kamil, R. Moehammad Noerdjaman, R. Soelaeman, R. Achmad Salèh, M. Gastina, R. Alex, R. Goenodisoerjo, R. Soehardjo, R.M. Sêmpoe Moeljono, Roestanto Alioefiddin Saldin, Samiono, R. Soeparno, R. Soeparmo, R. Soewarno. R. Soetardjo, R. Moenarso, M. Waloejonono lan Mochtar Affandi.

Van Deventerschool Sêmarang. Lulus examen wêkasan. Probelonderwijzeres: Rr. Soedewi, Mr. Sriati, Sr. Siti Julana, Rr. Djohar Insijah, Nyi Rr. Êmping, Rr. Siti Apijah, Rr. Indijah, Rr. Soehartilah, Rr. Sri Poernomowoelan, Rr. Soemarmi, Rr. Soedjambijah, Rr. Soedartini, Rr. Rien, Rr. Soerjati, Mr. Panoeti, R.a. Soemarwijati, R.a. Tati Wirjosapoetro, Rr. Soetarmi, Rr. Julia Dien Koesoemo, Mr. Sri Antari, Rr. Ngatijem, Mr. Moertosijah, Rr. Soemalien lan May Molenkamp.

Kêlantipaning lare tanah ngriki. Miturut wartos, pinanggihing pandadaran wêkasan ing H.B.S. Sêmarang ing wêkdal punika, ingkang bijinipun agêng piyambak, tuwan Soemardjo, ingkang nomêr kalih tuwan Soedjono.

Kalawarti enggal. Awit saking rekadayanipun P.A.P.I. (Perhimpunan Anti Pelacuran Indonesa), ingkang pangajêngipun manggèn ing Sêmarang, ngêdalakên kalawarti nama "Slomprèt Indonesia". Ingkang dados redacteur tuwan S. Sêtyasoedarmo.

Kasêrêg jalaran ambêsêli inspecteur pulisi. Ing satunggiling dintên tuwan Sosrodanoekoesoemo, inspecteur van Polite ing Betawi dipun panggihi satunggiling nyonyah bangsa Tionghwa kanthi nyukani arta f 50.-, pêrlu supados ingkang jalêr ingkang dipun tahan dipun luarana. Bab punika lajêng dipun sêrêg ing prakawis.

Ingkang badhe anggêntosi Dr. Soetomo. Miturut wartos, Hoofdbestuur Parindra ing Surabaya nêtêpakên rêmbag ingkang kapilih dados Voorzitter Hoofdbestuur anggêntosi Dr. Soetomo, R.M.H. Woerjaningrat, nanging bab punika taksih badhe karêmbag benjing congres ing Bandung tanggal 23-27 December ngajêng punika.

Tanêman jagung dipun trajang ing kidang. Sawênèhing dhusun ing bawah Saradan wontên tanêman jagung ingkang dipun risak ing kidang. Kidang ingkang nêmpuh ngriku punika ngantos pintên-pintên iji. Ing bab punika têtiyang tani ing dhusun ngriku lajêng lapur dhatêng ingkang wajib, kasamarakên manawi kidang ingkang dados ama wau saya ngrêrisak.

Klèntu nêdha racun. Tuwan H.J.F. Grijs, pangagêng guru pamulangan ing Pamêkasan, anêmahi tiwas jalaran nêdha jampi, klèntu ingkang dipun têdha wau racun. Ing sapunika sawêg kapriksa, aslinipun racun wau saking pundi.

[Iklan]

EROPA

Kapal Inggris ambêkta dêdamêl. Miturut katrangan ingkang kenging dipun têtêpakên, wontên kapal Inggris cacah 11 sami ambêkta dêdamêl pêtêng ingkang kalêbêtakên dhatêng Spanyol. Malah miturut katrangan ing salêbêtipun wulan Januari dumugi Sèptèmbêr taun 1937 sampun wontên kapal Inggris cacah 200 ingkang gêgayutan kalihan babagan punika. Kapal sadaya wau sami ngangge bandera Inggris.

Nobelprijs. Awit saking usulipun sawênèhing ahli kasusastran bangsa Noorwegen, pangarsaning pakêmpalan babagan kasusastran, supados nyukakakên Nobelprijs dhatêng Frankbuchman, ingkang ngarang babagan padhamèn tumrap ing kalangan Kristên.

Lindhu ing Eropa. Miturut wartos, kala tanggal 12 wulan punika ing Den Haag kêraos wontên lindhu, nanging botên sapintêna, namung kraos wontên ing griya ingkang mawi lotèng. Ing Amsterdam ugi kraos wontên lindhu. Miturut katrangan pinangkaning lindhu punika saking Prancis. Ing Bèlgie lindhu wau ragi kraos kêncêng ngantos adamêl pêcahing jandhela tuwin jugruging tembok-tembok griya, malah wontên pêpêjah punapa. Ing kalanipun wontên lindhu kathah tiyang sami mêdal saking griya nglêmpak wontên ing margi. Ing Prancis ugi wontên lindhu, kraos ing pundi-pundi. Ing Prancis sisih lèr kathah tembok-tembok ingkang jugrug. Jam-jam tuwin radio sami kandhêg lampahipun.

NAGARI WALANDI

Sêrat palilah malêbêt dhatêng nagari Walandi. Awit saking dhawuhing Ministêr van Justitie kawrat ing sêrat sêbaran, anêtêpakên, sawarnining bangsa ngamanca ingkang wontên nagari Walandi, ingkang manggènipun ingriku langkung saking 10 dintên, kêdah mawi sêrat palilah. Tuwin malih sêrat palilah wau kenging dipun suwak ing sawanci-wanci.

Paduka Dr. Colijn tampi bintang saking Tiongkok. Kawartosakên, paduka Dr. Colijn tampi bintang Tiongkok Grootkruis Jade Orde.

--- 764 ---

Wêwaosan

II. Pêjahipun Wasili

84

Mirêng anggènipun nyupaosi cumplung ingkang makatên wau, Wasili gumujêng latah, lan ing sêmu sajak botên amrêduli babarpisan, piyambakipun nuntên anglajêngakên lampahipun.

Sasampunipun Wasili saandhahanipun anginggahi rêdi Tabor, lajêng minggah ing baita malih, prêlu anglajêngakên lampahipun nuju dhatêng kitha Yurisalim. Sadumuginipun ing ngriku, ingkang kajujug rumiyin ing greja, ingkang rumiyin prêlu sêmbahyang anyuwunakên pangapuntên mênggahing dosaning ibunipun, salajêngipun nuntên nyuwunakên pangapuntên mênggahing dosanipun piyambak. Kajawi punika Wasili botên kasupèn ugi nyuwunakên pangapuntên tumrap dosaning bapakipun ingkang sampun tilar donya tuwin sadhèrèk-sadhèrèk sanèsipun ingkang sampun wontên ing jaman kalanggêngan. Dene ingkang ngimami sêmbahyangipun Wasili saandhahanipun wau, kêpalanipun agami ing greja ngriku kanthi kabantu dening para pandhita sawatawis. Sasampunipun rampung, kêpala agami sakancanipun lajêng sami kasukanan ganjaran warni-warni, kajawi punika minôngka kangge amêmajang greja wau, Wasili nilari arta kathah. Sarêng sampun rampung mênggah ingkang dados prêlunipun wontên ing kitha Yurisalim ngriku, Wasili saandhahanipun lajêng bidhal dhatêng ing lèpèn Yordhan, prêlu badhe sami adus. Kanthi nêtêpi tatacaranipun ngriku, para andhahanipun Wasili anggènipun sami adus ing lèpèn wau, sami ngangge kêmejan, ngêmungakên Wasili piyambak ingkang anjêgur ing lèpèn botên miturut tatacaranipun ngriku, inggih punika mangangge kêmejan wau, malah wuda blêjêt. Tiyang èstri sêpuh ingkang nyumêrêpi tingkahipun Wasili ingkang makatên wau, enggal-enggal lajêng amurugi sarwi awicantên makatên:

He, Wasili, têka kumalungkung têmên kowe, kumawani adus ing banyu kali Yordhan kang sukci iki, mung wuda blêjêt bae. Wêruha kowe, ngêmungake Kangjêng Nabi Ngisa piyambak kang dikêparêngake siram ana ing kene cara mêngkono kuwi, yaiku: nalika panjênêngane Kangjêng Nabi dibabtis dening Sang Minulya Yohannês. He, para andhahane Wasili kabèh, ngrêtia yèn ora suwe manèh kowe bakal kelangan panggêdhe, yaiku: Wasili, kang nyata ora ngrêti mênyang duga prayoga kuwi.

Para andhahanipun Wasili sami amangsuli makatên:

He, wong tuwa wadon, andadèkna kawruhanamu, mungguh sanyatane panggêdheku, Sang Wasili, ora pitados nyang sasmita apadene pawêca, mangkono uga iya ora pitados marang impèn.

Nanging ing kala punika Wasili andadak manahipun trataban sarta lajêng anggadhahi kuwatos ingkang botên-botên. Sarta lajêng wicantên dhatêng para andhahanipun makatên:

He, kônca-kancaku kabèh, nalika aku lan kowe kabèh padha ngunggahi gunung Tabor, aku ngrumasani wis anglakoni dosa kang gêdhe, dene aku kumawani ngrèmèhake lan ngina marang cumplung kae. Tindakku kang kaya mangkono iku mau, tak akoni yèn iku dudu tindake wong Kristên. Jalaran saka iku, aku nêdya bali mênyang gunung Tabor manèh, prêlu arêp anjaluk ngapura marang cumplung mau. Muga-muga si cumplung kae gêlêma awèh pangapura marang kaluputanku mau.

Wasili dalah andhahanipun lajêng minggah ing baita malih, sarta lajêng bidhal nuju dhatêng rêdi Tabor. Sadumuginipun ing ngriku, Wasili kanthi dipun irit dening para andhahanipun, lajêng minggah ing rêdi prêlu ngupadosi cumplung kasêbut ing nginggil. Nanging pun cumplung botên sagêd kapanggih. Dene ing papanipun cumplung gumlethak wau, ing samangke wontên selanipun agêng, ingkang wontên sêratanipun makatên:

Sing sapa wani nglumpati watu iki, mêsthi ora bakal urip manèh.

Wasili maos sêratan wau, saha lajêng wicantên makatên:

Aku ora ngandêl marang pawêca sing mêngkono kuwi. Lan saiki nêdya tak nyatakake, yèn aku ora wêdi babarpisan marang unèn-unèn iki.

Wasili ancang-ancang saha lajêng nglumpati sela wau, nanging kêplèsèt sarta lajêng dhawah, sirahipun kêbêntus ing sela wau. Sakala punika Wasili ngraos bilih botên badhe gêsang malih. Amila lajêng enggal-enggal wicantên makatên:

He, kônca-kancaku kabèh, enggal padha balia nyang Nopgorod, matura marang ibuku, yèn aku wis tumêka ing tiwas ana ing gunung Tabor kene. Lan nyuwuna nyang ibu, aja ngeman bandhane, nanging tumuli digawea nyêdhêkahi aku, murih dosaku kabèh pinaringan ngapura dening Ingkang Kuwasa.

Sasampunipun wicantên makatên wau, Wasili lajêng pêjah. Sasampunipun jinasah kapêndhêm, para andhahanipun lajêng sami minggah ing baita, têrus wangsul dhatêng Nopgorod.

Sadumuginipun ing griyanipun Wara Mamelyah, ibunipun Wasili lajêng enggal-enggal pitakèn: ana ing ngêndi panggêdhemu Si Wasili.

Para andhahan amangsuli: Sampun tiwas, lan ing samangke sampun kakubur wontên ing rêdi Tabor.

Ibunipun nangis angguguk. Enjingipun sadaya bandhanipun lajêng kapasrahakên dhatêng ing greja pundi-pundi, murih samia nyuwunakên ngapuntên mênggahing dosaning anakipun, inggih pun Wasili wau.

Badhe kasambêtan

--- 97 ---

No. 25, 18 Juni 1938, Taun IX.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN. BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

KASÊTYANING KEWAN

Bocah-bocah, mêsthine kowe kabèh wis sok krungu bab kasêtyaning kewan, kayata kucing lan asu. Kewan loro iku padha anduwèni watak kaya dene manungsa, yèn digawe bêcik, ditrêsnani, iya banjur tuwuh katrêsnane. Apa kowe isih padha eling dêdongèngane sawênèhing wong wadon tuwa, kang duwe kucing siji. Wong tuwa mau anggone ngopèni kucinge kaya dene ngopèni anake dhewe. Sikile putung, iya banjur ditambani, nganti bisa mlaku. Anuju sawijining dina wong wadon tuwa mau lungguh ing ngarêp diyan karo mangku kucing mau. Suwe-suwe krasa ngantuk nuli turu. Saking kêpatine anggone turu, sikile nyenggol diyan, tumpale jarik kobong, dhèwèke ora krasa. Tujune si kucing tangi banjur nyuwara, ngeyong-ngeyong tanpa lèrèn. Mungguh cêthaa mêngkono ya calathu mangkene: "E, tangia-tangia, jarikmu kobong." Wong wadon banjur tangi, nrima bangêt marang kucinge, dene dhèwèke kêtulungan saka bêbaya gêdhe.

Asu mêngkono uga, wis kêrêp ana asu têtulung bêndarane saka bêbaya gêdhe, kayata ana asu milu mbêdhil bêndarane. Barêng têkan ing alas, bêndarane tiba kalêngêr, jalaran bêdhil kêcanthèl ing pang, awake dhewe kêbêdhil. Asu nuli mlayu marani bêndarane putri, nggubêl, anggèrèt jarike karo mbaung mêmêlas-asih. Bêndarane putri banjur ngêrti yèn ana bêbaya, mula enggal-enggal kongkonan wong marani. Tujune tatune ora ambêbayani, nanging upama ora kêtulungan dening asune mau iya bisa uga tumêka ing pati. Cêkake yèn asu iku wis kondhang bab kasêtyane nyang bêndarane.

Kajaba kewan loro iki, jaran uga duwe watak kang kaya mêngkono.

Kacarita ana sawijining wong Arab, aran Hasan, lêlungan karo kanca-kancane. Barêng têkan ing panggonan kang sêpi, dikroyok ing begal bangsa Turki. Kanca-kancane kang milu kabèh padha dipatèni, dene Hasan kacêkêl jarane mbêngingèh.

Barêng bêngi begal-begal mau padha ngaso, ngêgarake mothane, dene Hasan gumletak, kabanda tangan lan sikile, ana ing sajabaning motha. Sasuwene têturon mêngkono, krungu jarane mbêngèngèh.

Kanthi trênyuhing ati Hasan kêpengin ndêlok jarane. Hasan nuli mbrangkang sajak kangelan mênyang panggonan jaran mau, calathune: "O, mitraku kang bangêt daktrêsnani, kapriye bakal kadadeanmu. Kowe mêsthi bakal dipapanake ing gêdhogan kang rêgêd sarta bakal disiya-siya. Saiki enggal minggata bali nyang omahe bêndaramu, matura nyang ndara putri, yèn dhèwèke ora bakal kêtêmu karo aku manèh!" Barêng jaran krungu, sanalika iku, tali kang kanggo nalèni sikile jaran mau dicokot kongsi pêdhot, nganti jaran bisa luwar. Sawise, kewan mau nuli nungkulake sirahe nyang bêndarane, bêndarane diangkat kanthi nyokot cathokane wêlulang kang dianggo lan banjur digawa ambandhang anjujug ing omahe bêndarane. Satêkane ing kono, kewan mau nuli nglêmpuruk, têrus mati, nanging bêndarane slamêt ora kurang sawiji apa, kêtêmu manèh karo anak lan bojone.

B.M.

--- 98 ---

LÊLUCON

Unta

Morot : "Geneya, unta iku sikile papat?"

Modot : "Yèn asikil loro, mendah yèn disawang, rak nglarakake mripat.

BEDANE

Morot : "Geneya, bêdhès kok duwe buntut?"

Modot : "Lha, yèn ora duwe buntut, bedane karo kowe apa?"

Morodmoddod.

Bapa : "Le, yèn diparingi apa-apa kuwi kandha marang sing maringi: "matur nuwun" ngono ya, aja lali."

Anak : "(Isih cilik, diparingi olèh-olèh dhayoh, banjur matur): "Matur nuwun, ngono ya, aja lali."

Panji Wulung, P.A., Ngayogya

ING PAMULANGAN

Simin ana ing jêro klas ora gêlêm nyêmak, bukune malah ditutup, banjur ndêlêng ing njaba wêruh ana wong mlêbu ing warung. Guru wêruh yèn Simin ora nyêmak banjur ditakoni:

E, Simin têkan ngêndi? (pêmacane)

Simin : "Dumugi ing wande, pak Guru."

Handojo, Paninggaran

WITING KLAPA

I. Bocah-bocah ayo lumêbu sêkolah, | Ngati-ati ngarah-arah, aja wêgah, | Miturut kabèh wêwarah, | Cikbèn ora nêmu susah ||

II. Nèk wis gêdhe bisa gampang nyambutgawe, | Cikbèn kêpenak uripe, besukane, | Lêga lan bungah atine, | Bapak-ibu sêkarone ||

III. Kapintêran kudu dipêrsudi tênan, | Awit iku kanggo gaman, golèk pangan, | Lan ngawruhi kautaman, | Kang wajibe linakonan ||

IV. Wiwit cilik sinaua rêsik-rêsik, | Jroning omah cikbèn apik, aja suthik, | Anglakoni tindak bêcik, | Dadi lahir batin rêsik ||

Sulardjo

SRIKANDHI TANDHING KARO BUTA CAKIL

[Grafik]

Bocah-bocah, mêsthine kowe wis kêrêp krungu ing bab pêthilan Srikandhi lan buta Cakil. Lan mêsthine kowe ya ngêrti yèn jogède ora gampang. Nanging kang kacêtha ing gambar iki anèh, dene kang nglakoni bocah isih cilik-cilik, tandang tanduke wis ora nguciwani. Wah manèh sing dadi athik bangsa Tionghoa. Srikandhine jênêng Utelien Tan Giok Lien butane Tan Tjin Seng.

Wah ya ora kurang nyênêngake.

KEWAN KANG AMBÊKE KAYA SATRIYA

Anuju sawijining dina ana macan kang wis tuwa mati ana sangarêpe pandhêlikane. Kewan-kewan liyane kang maune padha wêdi lan gumêtêr, barêng wêruh saiki padha nyêdhak, sabab saiki padha ngêrti, yèn mungsuhe kang mêdèni bangêt wis ora bisa apa-apa manèh. Banjur ana salah sijine kewan kang ngisin-isin lan natoni.

Ana kancil ya uga milu ngerang-erang, kêbo nyundhangi nganggo sungune kang gêdhe tur prakosa lan cèlèng nggadhili nganggo gadhile kang landhêp nganti tatu. Mung jaran kang uga ana kono ora milu apa-apa. Ing kono si kancil calathu: "Bok iya ngêkèkana sepak apa piye! Dhèwèke rak lagi anu kae mangsa anakmu!" Nanging kewan kang watake kaya satriya mangsuli: "Ora, aku moh nêmu kuwuk mungsuh kang wis ora bisa apa-apa. Aku trima ora ngapak-apakake."

Soetono, Surabaya.

--- 99 ---

CALON JURU MITULUNGI KASANGSARAN

[Grafik]

Gambar iki padha bocah-bocah wadon kang disinau caraning mitulungi kasangsaran, kayata bocah kang nglemprak (lungguh ing têngah) iku bocah kang diupamakake lagi nandhang sangsara. Bocah-bocah mau diênggon-ênggoni sarwa putih, dalasan krudhunge pisan iya putih, lan ana cirine mrapat abang, cara landane "Roodekruis."

MENEER S.

Dhèk aku isih sêkolah biyèn, aku duwe guru asmane meneer S., dêdêge cêndhèk, irêng lan kêrênge wah, ora karuwan. Para muride kabèh padha gêthing utawa wêdi, utawa ya wêdi ya gêthing. Ing sawijining dina mèh unggah-unggahan, aku lan kancaku Is mlêbune rada kesukên, dadi pêkarangan sêkolahan isih sêpi. Manut undhang-undhang, bocah-bocah ora kêna mlêbu ing klas sadurunge ana guru rawuh. Dilalah, aku ngliwati klasku dumadakan wêruh puntenlijste meneer S. gêmlethak ing meja. Sanalika aku gêmêtêr saking bantêre anggonku bratayuda karo adrênging kêpenginku mlêbu pêrlu ndêlok bijiku. Sarèhning aku ki ora ditêkdirake duwe otot kawat, balung wêsi lan ati waja, dadi aku ya kasoran. Cêkaking rêmbug Is takkon jaga lawang lan dhèhèm-dhèhèm yèn ana guru katon kêmlebat, aku têrus thimik-thimik mlêbu. Lêt sadhela ilang dhêg-dhêganing atiku saking kaslimure anggonku ndêloki biji-biji. Ujug-ujug Is mlêbu, mêsthi bae aku nêsu. Tanpa nginguk saka puntenlijst bocahe tak sêntak: "Kowe ki edan apa piye!. Wong dikon njaga guru kok milu mlêbu. La nèk konangan meneer S. rak mati aku. Ayo ndang mêtu manèh!" Ndadèkake gumunku barêng Is mbêgêgêg bae, ora obah. Mèh bae aku misuh-misuh, tujune mlengak dhisik. Kaya apa kagètku barêng wêruh yèn sing ngadêg ing ngarêpku dudu kancaku, jêbul ... meneer S. dhewe. Aku têrus njêjak bumi ping têlu, emane jubine gewapend bêton. Dadi aku ora bisa amblês kaya Antarêja. - Bocah-bocah mêsthine padha ngira kabèh yèn aku distrap (ukum) abot bangêt; aku dhewe dhèk samana wêdi bakal ditokake saka sêkolahan, nanging anèhe, meneer S. kèndêl bae, ngêndika ora, mèsêm ya ora, malah barêng wis unggah-unggahan aku bisa munggah sarana pangalêmbana sing awèh tangan dhisik dhewe yaiku ... meneer S., ning kèndêl bae, ngêndika ora, mèsêm ya ora. O, anèh, pancèn anèh panjênêngan punika, meneer S., meneer S.!

Uncle, Sum.

KÊWÊLÈH

Anak : "Pak, aku njaluk brutune bae."

Bapak : "Hus, bocah cilik ora kêna mangan brutu, ora ilok, mundhak bodho."

Anak : "Ah, bapak ngapusi, wong kandhane simbah iwak brutu kuwi sing enak dhewe, rasane mat bangêt."

Bapak : "Mula-mula ya êmbahne, barêng wis ora têdhas dhewe wadine dikandhak-kandhakake bocah.

P. Mansoe, Bandung

--- 100 ---

DHÊMÊN UGAL-UGALAN NGANTI KAYA WONG GÊMBLUNG

[Pocung]

1. Gilo iki, banyolan dongènge biyung / biyèn duwe tangga / omah cakêt tunggal tritis / ya pak Sura, jênênge wong kang kacrita //

2. Watêkipun, kaya dene uwong gêmblung / dhêmên gal-ugalan / dhasar dhèke dadi modin / saya anggak anggêpe kaya pangeran //

3. Dhèk samono, dipun undang tangganipun / pêrlu kêndurenan / ngêpung kajat mulud Nabi / wong kabênêr sasi Maulud tanggal rolas //[5]

4. Wis ndilalah, pak Sura ing dhatêngipun / dadi tèn-êntenan / kancane kêju ngêntèni / barêng têka uwong akèh padha nyêntak //

5. Priye ta Din, kasèp têmên ta têkamu!" / ngglayêm si pak Sura / anyêlèwèng le mangsuli: / "Ya tinggalên nèke êmoh nggawa brêkat!" //

6. Nggone clathu, ngono mau karo mlêbu / nglangkahi ambêngan / pancèn njarag jroning ati / wonge kabèh bène ora sudi brêkat. //

7. Ndadak kojur, modin kêmplu dhasar ndludur / sidane kisinan / tiba awake njêdhindhil / gupak upa duduh jangan lan gudhangan. //

8. Nalikane, arêp mlêbu njangkah maju / nglangkahi ambêngan / dijegal sikile buri / tiba ndhodhok nglungguhi sêga janganan. //

9. Wis mangkono, modin kêmplu kang tinêmu / wurung olèh brêkat / mulih lêgèh thili-thili / cêlinguran anggêre kêpêthuk bocah. //

Setoe

BATANGAN CANGKRIMANE SOEWONDO ING MR. CORNELIS

Manêngên:

1 Subuh. 2. Tiang. 3 Mulang. 4 Suda. 5 Kupang. 6 Alus. 7 Ampênan. 8 Bisu. 9 Putus. 10 Jara. 11 Angkuh. 12 Surabaya.

Mangisor: Bale Pustaka.

MANGSULI LAYANG.

Moestafa Eddi, Jombang. Layangmu panjaluk dadi langganan Taman-Bocah wis daktêrusake nyang administratie. Yèn kowe arêp ngirimi potrèt kang arêp dicap, prayogane iya afdruk sarta kang cêtha.

Amirhadi, Ngayogya. Nalika tanggal 12 Juni aku mêrlokake nyêtèl Mavro, nanging cuwa bangêt, dene ora bisa krungu cêtha, pating glodhag ora karuwan. Ing mangka anggonku ngarêp-arêp wis lawas, sabên dina dakeling-eling: Dina minggu jam 5 arêp ngrungokake toneel, ngrungokake Panji Wulung, tibane ora bisa.

Morrodmoddod, G. Gambini, Sawung Galing lan Dèwi Sêkartaji. Mojo 5A. Pacarkêling-Oost, Surabaya. Aku wis nampa pitêpunganmu kabèh, gawe bungahing atiku. Morrodmoddod lan G. Gambini, karanganmu uga wis kêtampan, lan Sawung Galing apadene Dèwi Sêkartaji. Sukur dene arêp padha milu lêlumban ing Taman-Bocah, milu urun-urun karangan. Saya akèh kêponakane, Bu Mar saya sênêng.

Soelandjari lan Hidajati ing Wunut. Layangmu pitêpungan wis kêtampan, bangêt panrimaku. Nanging aja pisan dadi atimu karangane ora bisa kapacak, coba gawea liyane sing luwih apik.

Handojo, Paninggaran. Sabisa-bisa kowe ya ngaranga dhewe bae, nanging upama mrangguli karangan apik basa Walanda utawa Mlayu, arêp kokpêthik iya kêna, nanging aja sing plêk, rada owahana.

Moch. Dawami, Muntok. Wis lawas kowe ora kirim layang ngabarake bab kêslamêtanmu, lagi saiki. Apa murid-muridmu isih padha nggatèkake anggone maca Taman-Bocah? Karanganmu wis daktampa, bangêt panrimaku.

S.H. Hartono, Dêlanggu. Aku bungah bangêt, kowe mêrlokake anêpungake nyang Bu Mar lan ngirimi karangan rupa cangkriman.

R. Joes, Schoolweg 38, Dêmak. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênêng. Aja pisan dadi atimu ya, karanganmu ora bisa kapacak kabèh, jalaran aku tampa lêlucon uga, saka bocah lima, padha ngirimi lêlucon têlung warna plêk kaya kirimanmu. Dadi aku banjur ora bisa macak.

Siti Marlikin, leerling M.J.S. Tipar, Purwokêrto. Bu Mar mêsthi luwih sênêng yèn kowe milu langganan Taman-Bocah. Pêrkara basa utawa ngoko kuwi aku pasrah marang kowe, sakarêpmu. Yèn arêp ngirimi karangan, iya tulisên ing postblad utawa sarana layang tutupan, ditèmplèki franco f 0,10, banjur dikirimake marang Bu Mar.

Widagdo, Cinderêja, Surakarta. Karanganmu wis daktampa, dene kêpacak utawa orane isih dakpikir-pikir dhisik.

Michelin, Têgal. Kowe pitakon bab Europese Kweekschool, iku ana ngarêp C.B.Z. (Bêtawi). Sing ditampa bocah kang duwe diploma Mulo utawa driejarige H.B.S. Dene yèn munggah klas II Mulo kuwi iya kêna nglêboni T.S., nanging iya ditampa ing klas I, lan tanpa nganggo examen.

Sp. Idie, Sumatra. Aku wis tampa layangmu, surasane wis mangêrti kabèh, milu gawe susahing atiku. O, Soepaydie, muga-muga aja nganti sing kaya ngono. Yèn oommu ngalih apa kowe iya ndhèrèk, sarta apa ngalihe nyang Bêtawi sida besuk sasi ngarêp iki?

Soejono p/a R. Salatoen, Plaosan. Purworêjo. Aku wis tampa karanganmu, kêtrima bangêt.

As, Mênggungan 159, Surakarta. Pancèn saiki hawane lagi ora kêpenak, akèh wong sambat ngêlu utawa ora kêpenak awake. Dadi kowe aja kuwatir apa-apa.

Artinah, Paree. Layangmu pitêpungan wis daktampa kanthi bungah. Kucingmu kok ndhêmênakake têmên, ya, ingatase kewan kok anggone mêngêrti kaya manungsa, ngêrti kabêcikan, malah manungsa akèh sing ora mêruhi kabêcikaning liyan. Bênêr bae anggonmu kelangan barêng ditinggal mati, la wong wis kaya anak.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. nyambutdamêl. (kembali)
2. saking. (kembali)
3. kaparingan. (kembali)
4. karisakan. (kembali)
5. Lebih satu suku kata: wong kabênêr sasi Mulud tanggal rolas. (kembali)