Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 80, Rê Pn, 10 Ruwah Jimawal 1869, 5 Oktobêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Babad Giyanti

[Sudah diketik pada Kajawèn no. 20, 10 Maart 1939]

--- [2017] ---

Ăngka 80, Rê Pn, 10 Ruwah Jimawal 1869, 5 Oktobêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Balepustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: lèpèn Donau - Mr. Dr. R. Supama - Bab Sêrat Rama - Lotre - Kawontênan Sajawining Praja - Lêlampahanipun Radèn Wăngsadinama - Bab Polêk Almênak - Bale Pustaka, Kabar Warni-warni, Wêwaosan, Jagading Wanita.

Lèpèn Donau

[Grafik]

Sêsawangan ing lèpèn Donau, kitha Pressbrug laladan nagari Tsjechoslawakije.

--- 2018 ---

Mr. Dr. R. Supama

Kadosdene ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn ngriki kanthi sagambaripun pisan, manawi panjênênganipun Mr. Dr. R. Supama, pangarsa landrat ing kitha Purwarêja, kaangkat dados mahaguru ing pamulangan luhur pangadilan ing Batawi, minăngka gêgêntosipun Prof. Ter Haar, ingkang badhe pêrlop.

Ing sisih punika gambar nalika panjênênganipun badhe pêpisahan kalihan para kănca ing Purwarêja, inggih punika para warganing pakêmpalan Debating-club Persoedaraan di Poerworejo, pakêmpalan wau ingkang dipun adani wiwit panjênênganipun wontên Purwarêja.

Wusana kula sadaya andhèrèk mêmuji, mugi-mugi panjênênganipun anggèning wontên Bêtawi, pinaringan nugraha langkung mulya malih katimbang wontên ing Purwarêja, sarta pakêmpalan dhêbating-klêp ingkang sampun umur mèh 6 taun, ingkang para warganipun prasasat sawungipun nagari Purwarêja, mugi sampun ngantos sami kêmba katilar sêsêpuhipun.

[Grafik]

Kabaripun pêpanggihan wau, sanajan namung priyantun 19 tur tumindakipun pista tanpa lados, ewasamantên ngèdap-èdapakên sangêt, botên namung ing papan pêpanggihan kemawon ingkang rame, sawêg omrupêripun S.R.V. kemawon tumut upyêk, jalaran mawi dipun intêrlokal punapa.

K S.

Bab Sêrat Rama

Kawêdharakên dhatêng R. Arjawiraga, wontên ing Radio Nirom II golflengte 190 ing Batawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 79

Lêlampahan ing cariyos ingkang sae, punika manawi kasêmbadan kalihan gêsang êcaking ukara, ngantos sagêd ngirup dhatêng raosipun ingkang maos, kados-kados tumuta kalêbêt wontên ing jagading sêrat ingkang dipun waos. Măngka tuprap[1] ing Sêrat Rama raos ingkang kados makatên punika pinanggih adhakan wontênipun, ing kalaning bingah, sagêd anjujulakên manah, ing kalaning susah, sok katut nètèsakên êluh, malah manawi nuju pêrangan, tanganipun ingkang maos ngantos tumut ngêpêl-ngêpêl.

Para miyarsa, saupami kula lajêng-lajêng tansah ngucapakên dhatêng saening isinipun Sêrat Rama, dangu-dangu kula rumaos rikuh piyambak. Ing sapunika prayogi santun nyariyosakên ing bab ingkang lèrèg dhatêng kabatosan.

--- 2019 ---

Ingkang kacariyos ing Sêrat Rama sabibaring pêrang Ngalêngka, Bathara Rama kondur dhatêng Ngayodya, nitih wimana pinanggul para danawa mêdal ing gêgana (èmpêripun manawi ing jaman sapunika bokmanawi motor mabur), ingkang andhèrèk nunggil sawimana: garwa, Prabu Sugriwa tuwin Prabu Wibisana. Ing ngriku Bathara Rama ing samargi-margi tansah mriksani patilasan-patilasan ingkang ing ngajêng dipun ambah, sinambi abawa raos. Bab punika wontên ungêl-ungêlan ingkang kula pêthik ing ngriki makatên:

[Dhandhanggula]

mangu-mangu mawa ngandika ris | Narendra Ragusutawijaya | pandhita iki karsane | suci ing dhèwèkipun | karatone mulya sayêkti | marmane ta pinasang | nèng pucuking gunung | wus kudu suci kewala | nora nêdya sêsukêr aja nèmpèli | yayi mungguh manira ||

nanging rêbut sênêng iku yayi | yèn ing ingsun lumaku satitah | ing bathara sayêktine | yèn tinitah wak ingsun | nganggo badan wadhag puniki | yèn ingsun alumuha | ing sêsukêripun | pan dudu Bathara Endra | jisim alus yèn sira yayi lan mami | tan kêna singgahana ||

yèn ajana sêsukêre yayi | aran suci iya mangsanaa | iya iku timbangane | aran wadhag lan alus | ingsun kumbah wadhage yayi | sun wêwêjêg supaya | bisa mor lan alus | karia aran satunggal | pan si wadhag yèn bêrsih linimput ing sih | mung si alus kang ana ||

jaman loro pan maksih cinangking | nora nimpang titahing bathara | yèn kinudu alus bae | wus tan kêna winuwus | ing purwane yayi ing nguni | jêr ora ana aran | wadhag lawan alus | gêlare tinitah ana | ya pagene yayi kudu dèn singgahi | dêstun lumuh kangelan ||

kang parentah-pinarentah kaki | iya yayi panggawening wadhag | pan uwus kinarsakake | balik ta kinèn iku | angadili padha dumadi | yèn bênêr pira-pira | kautamanipun | mangkono bae yèn ingwang | lah ing kono rêbutên ingkang prayogi | yayi Prabu Ngalêngka ||

Para miyarsa, pangandikanipun Bathara Ramawijaya ingkang samantên wau, kados sampun botên prêlu dipun suraos malih, awit kajêngipun sampun katingal, saha ing ngriku sampun awujud wêwarah ingkang prasaja sangêt, malah bokmanawi tumraping para ahli ingkang sampun kêrêp angraosi dhatêng raos kabatosan, sampun botên kêkilapan.

Nanging sarèhning sampun dados kalimrahan, sêsorah ingatasing kabatosan ingkang prasaja tuwin gampil wau adhakan dipun sapèlèkakên, saking botên marêm manawi botên muluk, mila inggih prayogi dipun suraos sakêdhik.

Ing sapunika mêndhêt ingkang gampil kemawon, ingkang dipun wastani ngumbah wadhag tuwin alus. Tamtunipun tumraping para ahli kabatosan, tuwin tatananipun ing wulangan, sampun botên kêkirangan matoning pangumbah wau. Namung manawi mirid pangandikanipun Bathara Rama, anggèning ngrumaosi asarira wadhag, pangumbahipun wau sajakipun inggih prasaja, dene kajênging ngumbah ingkang prasaja, punika tumindak rêrêsik ingkang tanpa kèndêl, ingkang kajêngipun ngosokwangsul kalihan patrap kèndêl. Iba ta rêkaosipun tiyang umbah-umbah tanpa kèndêl punika. Măngka saupami anggènipun umbah-umbah wau rumaos rêsik, atêgês [atê...]

--- [2020] ---

[...gês] taksih rêgêd. Na, manawi makatên wêwarah ingkang prasaja wau sajatosipun inggih botên prasaja.

Para miyarsa, ing ngriki kula munggêl atur kula, murih botên kêpanjang-panjangipun babagan kabatosan. Kula amangsuli bab Sêrat Rama. Mênggahing jêmbaring suraosipun Sêrat Rama, punika kenging dipun gêrba tanpa watês, nanging wontên sawênèhing kapitadosan, cariyos ingkang pinanggih ing pawayangan, punika pangringkêsipun malah sagêd mèpèt wontên ing sarira piyambak, mila sintên ingkang botên nguningani suraosing Sêrat Rama, punika nama dèrèng mrangguli sêrat ingkang dipun wastani sae, tuwin dèrèng kêpêthuk ing sêrat ingkang jêmbaripun tanpa watês. Punika punapa botên dados satunggiling kapitunan.

Makatên malih, mênggahing gampilipun, Sêrat Rama punika pêpindhanipun kenging kangge pangilon, upaminipun tumrap sintêna ingkang dangu botên srawungan kalihan sêrat Jawi ingkang dipun wastani sae, punika manawi ambiyak Sêrat Rama tamtu malêngak, dening nyumêrêpi têtêmbungan tuwin ukara ingkang dipun wastani sae tuwin pantês tinelad.

Wusana nyumanggakakên. Nuwun.

Loterij

[Grafik]

--- 2021 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan Sajawining Praja.

Kawontênan ing Eropah.

Botên saèstu pêrang.

Kasamaraning ngakathah badhe wontênipun pêrang ing Eropah sampun ical, dening wontên wartos, bilih mungkaring manahipun ingkang sami badhe pasulayan sagêd sirêp. Sukur

Ing bab gêgayutanipun kalihan kawontênan wau, kados prayogi manawi ing ngriki ngandharakên ing bab babadipun băngsa Tsjech tuwin băngsa Slowaak, awit băngsa punika ingkang tansah kêgayut ing ucap.

Babadipun băngsa Tsjech.

Adêgipun praja Tsjechoslowakije sawêg kala sabibar pêrang donya. Ingkang dados bakuning băngsa, inggih punika băngsa Tsjech, cacahipun 6 1/2 yuta, tuwin băngsa Slowaak 2 yuta. Kajawi punika kêtumpangan băngsa Honggar 750.000, băngsa Jêrman 3 yuta, băngsa Toctheine satêngah yuta, tuwin băngsa Pool kintên-kintên 70.000. Dados gunggunging têtiyangipun ing ngriku sadaya wontên 14 yuta. Adêging Tsjechoslowakije punika kawêwahan laladan asli saking Oostenrijk-Hongarije ing kala rumiyin. Dene ingkang katingal piyambak, golonganing băngsa Tsjech.

Băngsa Tsjech punika kalêbêt golongan băngsa Slaaf, kadosdene băngsa Polên tuwin băngsa Rus. Dene băngsa Slaaf wau aslinipun saking laladan lèpèn Dnjepr, tanah Ruslan. Pangrêbdanipun sarana andhêsêg băngsa Germaan mangilèn, kala ing abad 4, nanging băngsa Germaan wau botên kêdhêsêg sadaya.

Watês-watêsing laladanipun băngsa Tsjech wau botên sagêd nêtêpakên gumathok. Dene tumrap băngsa Jêrman ingkang sapunika pinanggih ing Bohemen tuwin Moravie punika wontênipun sawêg kala ing abad 9, sarêng sabibaring pêrang donya ugi katêdha malêbêt dhatêng praja Tsjech.

Wêwatêkaning băngsa Tsjech.

Băngsa Tsjech punika sêtya sangêt dhatêng kabangsan, tansah ngèngêti dhatêng kaprawiraning lêluhuripun, kangge tuladha. Watakipun brangasan, manawi bangsanipun dipun cacad, lajêng enggal napsunipun. Nagarinipun dipun anggêp dados bêbètèng kamardikaning băngsa Slaaf. Umumipun băngsa Slaaf punika gêthing dhatêng băngsa Jêrman, kabêkta saking tabêting cêcariyosan tindaking raja-raja têdhak Habsburger. Băngsa Tsjech punika wêkêl sangêt, pintêr tuwin kêncêng ing tekad.

Băngsa Tsjech mêmêngsahan kalihan băngsa Jêrman.

Kala ing taun 1085, ing Bohemen madêg karajan, ingkang taksih kêbawah dhatêng Jêrman, saha raja-raja Bohemen tansah rekadaya amrih ngrêbdaning daya Jêrman, sarana suka panguwaos ingkang langkung

--- 2022 ---

dhatêng băngsa Jêrman. Ingkang makatên punika nuwuhakên kasujananipun băngsa Tsjech, diwasanipun lajêng dados gêgêthingan.

Botên nama anèh bilih băngsa Tsjech punika majêng dhatêng sawarnining damêl, awit pancèn sampun anggadhahi dhêdhasar, mila sanadyan kêdhêsêka ing sabab ingkang kados punapa kemawon, inggih dipun tanggulangi.

[Grafik]

Gambar nagari Tsjechoslowakije punapadene nagari-nagari sakiwatêngênipun.

Sarêng ngancik abad 19, băngsa Tsjech wau gumregah yêktos, ebah-ebahanipun saya kiyat, ngantos adamêl kasamaranipun băngsa Jêrman ing Bohemen. Ing ngriku lajêng wontên usul supados tanah Ostênrik dipun perang-perang, nanging usul wau botên dipun parêngakên ing nata, makatên ugi băngsa Tsjech dèrèng kiyat yêktos. Ing kala taun 1862 pangagêng băngsa Tsjech damêl pakêmpalan ulah raga ingkang mawi wulangan kados prajurit. Ing ngriku lajêng nênangi dhatêng raos kaprajuritan, nanging dèrèng mawi dêdamêl.

Sarêng jamanipun pêrang donya, pangajênging băngsa Tsjech nama Masarijk tuwin Benesj sami oncad saking praja angêmori nagari ingkang anggolong dhatêng Inggris, prêlu ngangkah supados Tsjech dipun sukani kamardikan. Dumugining damêl, băngsa Tsjech sami tumut pêrang anggolong dhatêng Inggris, Prancis tuwin Ruslan.

Gêntos kacariyos, kala ing taun 1892 băngsa Magyaar malêbêt dhatêng laladan Slowaak, lajêng amarentah, saha salajêngipun dados laladan Honggari, dados lajêng misah kalihan bănsa Tsjech. Nanging băngsa Slowaak wau botên majêng kados băngsa Tsjech. Namung diwasanipun, sarêng paprangan donya, pangajênging golongan kalih wau saiyêg badhe ngadêgakên nagari, saha dipun sêmbadani ing nagari sanès, wusana kala tanggal 28 Oktobêr 1918 kêlampahan ngadêg, ingkang dados presidhèn Masarijk. Salajêngipun ingkang sumilih Dr. Benesj.

--- 2023 ---

Rekadayanipun parentah.

Miturut undhang-undhang praja, têtiyang isining praja, punika kêdah sabăngsa, măngka manawi mirid katrangan ing nginggil, nagari Tsjechoslowakije punika isi băngsa warni-warni. Ingkang makatên wau parentah Tsechslokije[2] lajêng arekadaya sagêda kasêmbadan, adêging rakyat namung sabăngsa. Dene tumindakipun, sawarnining padamêlan kêdah dipun awaki ing băngsa Tsjech, makatên ugi basanipun. Sanadyan tindak wau rêkaos, saha damêl botên kêduginipun golongan sanès, nanging mêksa kasêmbadan, dayanipun băngsa Tsjech sagêd andhêsêg Jêrman.

Băngsa Jêrman.

Tumraping băngsa Jêrman, punika kêncênging tekad kawon kalihan băngsa Tsjech, mila dangu-dangu lajêng kawon daya, lare-lare băngsa Jêrman ingkang sinau ing pamulangan, inggih lajêng kêdayan dhêdhasar Tsjechoslowakije, makatên ugi tumrap daya padagangan, inggih kasoran. Lêlampahan ingkang kados makatên wau nyulayani kalihan kajêngipun Henlein anggèning badhe manunggilakên băngsa Jêrman, Sudeten kalihan Jêrman. Tumraping golongan Jêrman ingkang rahipun asrêp, malah amalangi dhatêng kajêngipun Henlein.

Golonganipun Henlein punika Jêrman, Sudeten, adêgipun kala ing taun 1933. Ing ngajêng gadhah sêdya badhe mardikakakên golonganipun, nanging taksih gandhèng kalihan Tsjechoslowakije. Nanging sarêng Ostênrik kêrêgêm Hitler, lajêng anggingsirakên manahipun Henlein, nêdya dados satunggal kalihan Jêrman. Malah tumrapipun Jêrman lajêng katingal saya ngegla, anganggêp bilih Tsjechoslowakije punika dados pêpalang anggèning Jêrman badhe mêlar ngidul ngetan. Dados rakêtipun, Hitler dhatêng Henlein amêngku kajêng wigatos.

[Iklan]

Băngsa sanès.

Sayêktosipun ing bab babagan băngsa ingkang manggèn ing sitining liyan, punika tumraping Eropah wetan, pinanggih ing pundi-pundi, wiwit saking Finland ngantos dumugi Turki. Tuwin pinanggihipun sampun sairib kemawon kalihan kawontênan ing Tsjechoslowakije. Malah manawi dipun manah ingkang adil, tumrap têtiyang ngamănca ingkang manggèn ing Tsjechoslowakije, punika taksih langkung sakeca tinimbang wontên ing nagari sanèsipun.

--- 2024 ---

Antêp ingkang andugèkakên sêdya

Lêlampahanipun Radèn Wăngsa Dinama

Kala jaman sèkêt taun kêpêngkêr, ing kampung Grêjèn Surakarta, wontên abdi dalêm Bêkêl undhagi nama Trunakêrti. Bêkêl Trunakêrti anggèning jêjodhoan rukun, jalêr èstri sami majêng ing damêl. Tumrap Bêkêl Trunakêrti, kajawi wêkêl dhatêng wajib padamêlan nagari, manawi wontên ing griya ugi thak-thik nyambut damêl botên wontên kèndêlipun, sawarnining prabot griya bangsaning kajêng sami dêdamêlanipun piyambak. Mila anggèning gêgriya Bêkêl Trunakêrti katingal nêngsêmakên, dados pêpinginaning akathah.

[Grafik]

Radèn Wăngsa Dinama sarimbit.

Dene Bok Bêkêl Trunakêrti, punika turun saking Lawiyan, ingkang dumugi sapunika kampung Lawiyan punika dados dununging panggaotan bathik agêng. Dados Bok Bêkêl Trunakêrti punika pancèn asli turuning sudagar sinjang.

Kala ing jaman samantên, limrah para anèm punika, sanadyan sampun dumugining jêjodhoan taksih kinêmulan ing tiyang sêpuh. Dene Bêkêl Trunakêrti ing kala punika taksih tumut tiyang sêpuhipun wontên ing kampung Grêjèn wau. Dados Bok Bêkêl Trunakêrti punika ngèngèr marasêpuh.

Ing kala jaman samantên, ing kampung Grêjèn punika panggenaning têtiyang ngabotohan, rintên dalu rug-linurug botên wontên kèndêlipun. Dene Bêkêl Trunakêrti, sanadyan manggèn wontên kampung pabotohan, nanging têbih kêtularan dhatêng tindak wau, awit tiyang kêkalih wau sami mungkul ing damêl.

Kados namung minăngka jalaran, ing satunggaling dintên, Bok Bêkêl Trunakêrti dipun purih nyêpêngakên kêrtos ing marasêpuh èstri. Ing bab punika kamirêngan ing tiyang sêpuhipun jalêr (Mas Ngabèi Amongrêja), Bok Bêkêl Trunakêrti dipun srêngêni kathah-kathah. Măngka sajatosipun, Bok Bêkêl Trunakêrti punika botên rêmên babar pisan dhatêng ngabotohan, inggih sawêg sapisan punika jalaran saking pakèning marasêpuh.

Bok Bêkêl Trunakêrti sarêng tampi srêngêning tiyang sêpuhipun wau, manahipun nalăngsa sangêt, saha lajêng gumregah nêdya nyambut damêl, inggih punika nyambut damêl babagan bathik. Nanging ing sadèrèngipun [sadèrèngi...]

--- [2025] ---

[...pun] kalampahan, Bok Bêkêl lajêng kataman sakit rêkaos. Wah, ing kala punika nuju wawrat pitung wulan. Rahayu, jabang bayi ing kandhutan wilujêng, saha dumugining wanci, lair mêdal jalêr kanthi wilujêng, lare dipun namakakên: Sapardi, mirid saking lairipun ing tanggal 28 wulan Sapar taun Jimawal 1899.

Nyarêngi kala mangsanipun utawi miturut ujar gugon tuhon, pun Sapardi ingkang ambêkta bêgja, sarêng umur 5 taun, bapakipun dipun wisudha dados abdi dalêm panèwu kalang, kaparingan nama Mas Ngabèi Priya Margasa.

Badanipun Sapardi saras, longgor, saha sawancining sêkolah, inggih dipun sêkolahakên. Kados sampun limrah, êmbah punika akasok trêsnanipun dhatêng putu, mila Sapardi inggih sangêt dipun eman-eman ing êmbahipun, saha lajêng kapêndhêt tumut êmbahipun wontên ing kampung Kêmlayan.

Wontên paribasan: wêlas tanpa alis (wêlas wêkasan lalis), punika pinanggih wontên ing lampahanipun Sapardi nalika tumut êmbahipun wau, namung sarwa dipun uthun-uthun, dipun uja ing kasênêngan, mila sanadyan taksih alit, manawi ngunthut kêrtu sampun sagêt rapêt, panyêpêngipun krakêt.

Sarêng tiyang sêpuhipun sumêrêp piyambak dhatêng lêlampahan ingkang kados makatên wau, ngraos botên kêdugi, Sapardi lajêng dipun têdha wangsul mantuk dhatêng griyanipun ing Grêjèn. Ing ngriku Sapardi lajêng dipun ajari nyambut damêl.

Kala punika panggaotanipun Bok Bèi Priya Margasa sampun tumindak sae, Sapardi dipun trapi ing damêl awrat, kenging dipun wastani sadintên muput nyambut damêl tanpa kèndêl.

Sapardi pancèn dhêdhasar lare rêmên nyambut damêl, sarêng sampun tumindak, katingal ing damêlipun, mênggah padamêlanipun: enjing tangi tilêm bibar adus, tumut ngrencangi nyadhongi garapan, salajêngipun nyuwèki montên, nglêmpiti wade, ngêpak, ngintunakên pak-pakan dhatêng gudhang sêpur, kala-kala kapurih nawèkakên dagangan. Jam satunggal sabibaring nêdha siyang dumugi jam tiga anggarisi montên udhêng utawi ciyut. Anggarisi punika kapetang angsal epahan mirunggan, artanipun lajêng kangge gembolan piyambak.

Dumugining umur 15 taun, manahipun thukul badhe sinau nyambi nyambut damêl, inggih punika: ngêrok, ngêcap, ngloyor, ngêcap mêdêl, anggirah, nyoga tuwin anglorot, punika sami dipun caki sadaya. Sarêng sampun angsal sataun, Sapardi kapurih anggêmèni barang-barang ingkang botên kêcacah, kados ta: pocokan montên, rêgêdan lilin, lilin kêrokan, lilin girahan, awu sambi, karung pathi, ngêcusi latu pawon, arêngipun kapurih nglêmpakakên. Sadaya wau kapurih nyade, pêpajênganipun dipun kalêmpakna, ing benjing dipun anggea pawitan nyambut damêl. Botên watawis dangu Sapardi sampun anggadhahi arta celengan f. 500,- asli saking anggènipun anggêmèni wau. Ing ngriku lajêng wiwit kapurih nindakakên padamêlan bathik.

Sarêng umur 16 taun, Sapardi dipun rabèkakên angsal anakipun Mas Kaji Bakri ing Kauman Surakarta dipun sukani nama sêpuh Wăngsa Dinama. Badhe Kasambêtan.

--- [2026] ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Polêk Almênak Bale Pustaka.

V.

Garèng : Wis, Truk, banjurna caritamu, apa manèh isine polêk, Almênak wêton Bale Pustaka, sing kok anggêp bêcik lan migunani tumrap wong urip.

[Grafik]

Petruk : Wah, sing prêlu-prêlu mono isih sasayahe kae, Kang Garèng, kaya ta: pranatan anakaning pagadhean.

Garèng : Kanggo aku ora prêlu, Truk. Kang kapisan: wong anèh bangêt, barang kuwi anggêr sapisan wis tau di lêbokake nyang gadhèn, lumrahe iya sok banjur cumbu, sabên-sabên kêpengin ditêrake tirah nyang gone pak gêdhe jarene, mulane tak tobatake têmênan aku anggadhèkake kuwi.

Petruk : Hêm, barang sok banjur mlêbu mêtu-mlêbu mêtu nyang gadhean kuwi rak saka kurang pangati-atine bae, Kang Garèng, yakuwi mangkene kae upamane: barang dilêbokake: blêdhêng, barêng blanjan dijupuk: kluthuk. Măngka blanjane mung-mungan, kok banjur kêcowok kanggo nêbus gadhene mau, mêsthine dhuwit sing kanggo blănja sabên dina kuwi banjur kurang: plompong kang anjalari barange banjur kêpêksa dilêbokake manèh: slênthêm. Mêngkono sabanjure, dadi iya mèmpêr yèn si barang mau banjur kayadene cumbu: mlêbu mêtu-mlêbu mêtu nyang gone pak gêdhe. Nanging wong sing ngrêti nyang pranatane pagadhean, panêbuse mêsthi ora ngono. Nanging kanthi dicicil sabisane, lo, rak mayar, ta. Ewasamono aku mèlu bungah, Kang Garèng, dene kowe moh bangêt anggadhèkake kuwi.

Garèng : Iya, Truk, aku pancèn êmoh têmênan saikine anggadhèkake barang-barangku kuwi, ngisin-isini, nistha, wong barang-barangku... ora ana sing payu gadhene.

Petruk : We hla cilaka, le ora gêlêm anggadhèkake kuwi, tak arani saka

--- [2027] ---

prawirane, jêbul barang-barange wis ora ana sing payu gadhene. Ora, Kang Garèng, anggonmu ngandhakake mau, kok nganggo kang kapisan, mêsthine iya ana sabab kang kapindho.

Garèng : Mêsthi, Truk, sabab kang kapindho, aku ora prêlu mêruhi pranataning pagadhean kuwi, jalaran para punggawa gadhe iku kabèh abdine rama kangjêng gubêrnêmèn, dadi: tanggung, mêsthi kêna diprêcaya, ora tau ngunthêt.

[Iklan]

Petruk : Lo, kene ora duwe gagasan, yèn wong anggadhèkake kuwi sok bisa diblithuk, rambut pinara sêlusin, ora babar pisan. Nanging yèn wong ngrêti sapira anakane barang sing gadhène samene rupiyah ing dalêm samene dina, samene sasi lan sapiturute, panêbuse rak banjur bisa ngêpas: samene, rak bisa rikat tampane bali barange, ta. Sabab punggawane gadhe kono mung kèri nocogake bae. Balik pangetunge mung dipasrahake karo punggawane kono bae, iya bênêr kowe ora bakal diblithuk, nanging rak bisa rèwèl, ta. Sabab, bisa uga kowe banjur anjêngèk: Lo, anakane kok akèh têmên ...

Garèng : Wong ora bakal anjêngèk, Truk, sabab anakane pagadhean kuwi sanyatane pancèn ora akèh. Utang sarupiyah, sasasi mung bayar anakan patang sèn, dadi anakane sataun kuwi 12 X 4 sèn, alias 48%, kacèke rak ora akèh karo yèn kene ngutangi nyang kantor pos (nyèlèngi ing kantor pos) mung ana 46%, sabab ing dalêm sarupiyahe, kene olèh anakan 2%...

Petruk : Wayah, wayah, kok banjur sing ora-ora mêngkono sing dirêmbug. Wis, wis, takbanjurne bae manèh katêranganaku. Ana

--- [2028] ---

manèh isine polêk almênak wêton Bale Pustaka, yaiku: pranatan sakolahan, kaya ta: ing bab bayarane siji-sijining sakolahan, utawa pranataning tulagê kanggo anak.

Garèng : Kanggone aku ora prêlu babar pisan, anakku mung siji Si Poniyêm, ora prêlu tak sakolahake, mundhak ... layang-layangan.

Petruk : We hla cilaka, pikirane kathik kolot têmên mêngkono. Tak kandhani, Kang Garèng, jamane saiki kiyi wis beda bangêt karo jaman biyèn. Mêngkono uga karêpe alaki rabi kuwi saiki iya wis beda bangêt karo jaman biyèn. Dhèk biyèn kêna-kêna bae, yèn saupama ana wong lanang arêp rabi upamane, karêpe mung kanggo awake dhewe bae, mulane anggêre wong wadon lumayan rupane, bisa wêdhak pupur, bisa ngliwêt, bisa ngladèni wong lanang, wis cukup. Dadi wong rabi ing jaman biyèn kuwi, mung rabi kanggo awake dhewe bae. Seje karo wong rabi ing jaman saiki, rabine kuwi kêna diunèkake: rabi kanggo sanak sadulure, kanggo para mitrane, lan kanggo para sêsrawungane. Bisane nyukupi kabutuhane sing sapirang-pirang kuwi mau, wong wadon iya kudu bisa iki, bisa ika, bisa rupa-rupa cêkake. Mulane bocah wadon iya kudu sakolah, prêlune iya supaya pintêr urip bêbarêngan karo sing lanang kuwi mau.

Garèng : Wayah, dene kêrêp bae aku ngalami wong wadon pintêr, pintêr etung, pintêr nulis, pintêr cara Lănda, pintêr miano, malah pintêr... dhangsah barang, saka ngêntèkke le sakolah, dene bisane kumpul kok mung karo wong-wong sing padha drajate utawa luwih bae. Dene sanak sadulur utawa para mitrane, apa manèh sing padha ora duwe, padha nyingkiri kabèh, jarene padha ewa turut usuk.

Petruk : Nèk kaya ngono iya dudu wong wadon pintêr, nanging wong wadon sing tutug sakolahe. Sing diarani wong wadon pintêr kuwi, iya wong wadon kang bisa sêsrawungan sadhengah uwong, bisa tansah gawe lêgane wong lanang, lan sapadhane, nanging kanthi nêtêpi wadone. Banjur bocah wadon dikon sakolah, kuwi prêlune supaya bisa ngudi sawarnaning kawruh, kang ing têmbe bisa anggampangake pangudine nyang kabutuhane urip sêsrawungan ana ing dunyane dhewe kiyi. Dadi sanadyan tutug sakolahe, yèn ora ngudi, iya durung karuan bisa sêsrawungane, bisa karo sanak sadulur, bisa gawe lêganing wong lanang, lan sapiturute. Nanging yèn gêlêm ngudi, kok sakolahe tutug, wah, bisane kaya ngono mau, iya kanthi gampang bangêt, awit wong iya wis kêdhasaran kawruh pirang-pirang mau. Mulane bocah disakolahake sing mêmpêng bangêt, ora prêduli lanang utawa wadon, kuwi prêlu bangêt. Amrih bisane kalêgan atine, sing dadi wong tuwa prêlu kudu mêruhi pranataning sakolahan. Mulane tuku polêk almênak wêton Bale Pustana kuwi tumrap umum prêlu bangêt. Kajaba kabèh mau, isih akèh manèh isine sing prêlu lan maedahi. Nanging ing sarèhne aku sêlak pangkat nyang Surabaya, rêmbugane tak punggêl samene bae, kèri slamêt, Kang Garèng.

--- 2029 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Karawitan Jawi. Ajênging golongan wanita dhatêng babagan karawitan saya katingal. Golonganing kênya ing Surakarta kathah ingkang sampun sagêd nabuh, malah kêlampahan sampun kacobi kasiyarakên wontên ing zender Sri, saking dalêm Kapatihan, kala kalêrês tingalan dalêm G.B.R.A.A. Joyonêgoro. Panabuhipun namung kantun dipun awat-awati ing abdi dalêm niyaga.

Sèn enggal ing Surakarta. Awit saking kaparêngipun parentah, benjing wêkasaning wulan October punika, badhe miji Tuwan L.D. Baron van der Feltz, administrateur ing generaal thesaurier, kabantokakên dhatêng Gupêrnur Surakarta tuwin Ngayogyakarta pêrlu ngrigênakên sumiyaring arta sèn enggal tuwin ngudi lêbêting arta sèn lami.

Golongan Waterstaat. Ir. Pramuji, wiwit tanggal 30 Augustus 1938 katêtêpakên nyambutdamêl wontên ing Hoofdkantoor ing Bandung, ing Dientstonderdeel Weg en Werken afdeeling Constructie en Bruggen.

Baita kaji. Sampun nate kawartosakên ing bab sêdyaning Muhammadiyah anggèning badhe ngawontênakên baita piyambak badhe minggah kaji. Saupami kêlampahan, waragadipun minggah kaji sagêd suda 25%. Namung sagêdipun kêlampahan manawi sampun gadhah arta f 500.000.-. Miturut wartos ing sapunika anggèning kêklêmpak sampun angsal f 50.000.-, arta katitipakên O.L. Mij. Bumi Putra.

Golongan Pakaryan Post. Katêtêpakên dados postklerk klas 1; ing Bandung Mas Musrip, ing Batavia Centrum, R.M. Suwito, ing Bêtawi, Daeng Jaffar, ing Batavia Centrum, Tuwan Undur, ing Menado, Tuwan Lo Eng Tjio, tuwin ing Ngayogya, Tuwan Ruslan, sami postklerk.

Nglêmpakakên prangko. Ing wêkdal punika wontên tindak nglêmpakakên prangko sampun kangge, saya malih tumrap prangko pèngêtan jumênêngan, langkung kawigatosakên, tumrap pêrluning "Stichting Centrale Vereeniging tot bestrijding der Tuberculose in Ned. Indie". Miturut wartos, tumindakipun kalangkung majêng.

Jaarmarkt Surabaya. Malêm Sabtu kêpêngkêr Jaarmarkt Surabaya sampun kabikak dening Burgermeester Surabaya, ingkang minangka pangarsaning Jaarmarkt Vereeniging, Gupêrnur Jawi Wetan aparing wilujêng atas asma dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana.

Inggah-inggahan golongan pangrèh praja. M. Luhur alias Digdoprawiro, juru sêrat asistèn wêdana Kadêmangan, Blitar, dados juru sêrat klas 1. R. Kadi, juru sêrat kantor wêdana Nganjuk, dados juru sêrat klas 1. M. Suprapto, asistèn wêdana Pogalan, Tulungagung, dados adjunct jaksa Landraad Blitar.

Pawartos saking post. Ingajêng sampun nate kawartosakên, bilih prangko pèngêtan jumênêngan nata 40 taun sasampunipun tanggal 15 October botên kasade malih. Supados botên kalintu sêrêp, katêrangakên bilih prangko wau kenging dipun angge ngantos dumugi ing tanggal 30 December 1939. wiwit tanggal 15 October dumugi tanggal 31 October 1938 badhe wontên prangko enggal ingkang kawêdalakên kangge pèngêtan adêging lampah anggêgana ing tanah ngriki sampun 10 taun. Prangko wau mawi kaindhakakên rêginipun, bêbathènipun badhe dipun sukakakên dhatêng Koninklijke Nederlandsch Indische Vereeniging voor Luchtvaart, kangge pêrluning Nederlandsch Indische Luchtvaarfonds. Dene rêgining prangko wau 17 ½ tuwin 20 sèn, kasade rêga 22 ½ tuwin 25 sèn. Prangko wau kenging kangge prabeya kintun sêrat dhatêng salêbêtipun tanah ngriki tuwin dhatêng sajawining praja, dumugi tanggal 30 November 1938.

Manggih barang kina. Ing dhusun Serang. Blitar, wontên tiyang manggih dhuwung tuwin tumbak damêlan kala abad ingkang kaping 13. Miturut wartos barang wau sampun dipun tumbas ing Pakaryan babagan Barang Kina.

[Iklan]

Nirom badhe ngandhapakên contributie. Wontên wartos, bilih wiwit benjing tanggal 1 Januari ngajêng punika Nirom badhe ngandhapakên contributie ingkang rumiyin f 1.50 namung badhe f 1.25 ing dalêm sawulanipun. Kajawi punika Nirom inggih badhe nyaèni papan pangintun suwara, pirantosipun badhe tumbas ingkang langkung sae-sae. Satunggal badhe kangge wontên Bêtawi tumrap kangge kintunan sisih kilèn, satunggalipun wontên ing Surabaya, kangge kintunan sisih wetan. Ing salêbêting sataun, indhaking têtiyang ingkang anggadhahi radio 11.000. Ing sapunika ing tanah ngriki sadaya wontên 65.000.

Gapura ing Surakarta. Awit saking kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, margi ingkang malêbêt dhatêng alun-alun lèr ing kampung Slompretan tuwin Bathangan badhe kawangun gapura. Panggarapipun supados rampung benjing ing wulan Sura.

Malaria ing Imagiri. Miturut wartos, ing Imagiri, Ngayogya tuwuh sêsakit malaria. Miturut paniti, ing dhusun Kêbonagung wontên tiyang sakit 431, ing dhusun Majaura 323. Pakaryan babagan kasarasan sampun nindakakên rêrigên ngêdhuni jampi.

Ingsêr-ingsêran babagan Justitie. Tuwan Mohamad Thaher Gêlar Sutan Tumênggung, warga Landraad ing Sêmarang tuwin Kêndal, dados ondervoorzitter Landraad ing Bêtawi tuwin Tangeran.

Tamu saking tanah sabrang. Wontên wartos, Tengku Raja Bendara, putra Sultan Selangor suwargi, tuwin Pangeran Ariowijoyo, ingkang paman Sultan Kutei, badhe lêlana dhatêng tanah Jawi. Nanging dintên tuwin wulanipun dèrèng katêtêpakên.

Ngêndhêg lampahing zender. Miturut wartos saking pangagêng Pakaryan Post ing Bandung, gêgayutan kalihan kawigatosan ing wêkdal punika, tumra[3] kawat tilpun ingkang interlokaal, botên kaangge tumrap pêrluning zender relay SRV-MAVRO.

Ambikak waterkrachtcentrale. Kala ing dintên Rêbo kêpêngkêr, waterkrachtcentrale ing Jelok, Sêmarang, kabikak, dipun jênêngi ing Gupêrnur Jawi Têngah tuwin Ngayogya, burgemeester Sêmarang tuwin Magêlang, wêwakil Nata Surakarta tuwin Ngayogya punapadene para residhèn tuwin para bupati, golongan partikêlir inggih kathah, kirang-langkung 300.

Manggih balung agêng-agêng. Wontên kuli ing wana Tritik, Nganjuk, nyambutdamêl dhudhuk-dhudhuk manggih balung agêng-agêng kakintên balunging tiyang ing jaman kina. Balung wau lajêng kakintunakên dhatêng Pakaryan babagan barang kina.

Tuwan Amir Hasan. Kawartosakên, Tuwan Amir Hasan ingkang sampun sawatawis taun sinau wontên ing Tokyo, dados guru wontên pamulangan luhur Dagang Taihoku, Formosa. Ing pamulangan luhur wau kawontênakên wulangan basa Malayu tuwin Walandi.

--- 2030 ---

Radio kuping. Ing salêbêtipun kitha Surakarta sampun kathah tiyang ingkang gadhah radio kuping, rêrêgèn f 1.50 sampun jangkêp. Pirantos wau sampun kenging kangge mirêngakên suwara warni-warni, ingkang botên kamirêngan ing sanès. Pratraping ngarah suwara namung tumuju papan pangintun suwara ingkang cêlak piyambak saking dunungipun.

Anggropyok pabrik arta palsu. Pulisi ing Bêtawi mêntas anggropyok griyaning tiyang ing kampung Berok, ingriku pinanggih prabot kangge damêl arta kêrtas palsu, kanthi buktinipun arta palsu, dene ingkang dipun damêl, arta kêthipan. Arta wau wujudipun sae, mèh sami kalihan arta ingkang tulèn, saha arta wau sampun kathah ingkang sumêbar. Tiyang ingkang kacêpêng wontên kalih nama Alam tuwin Peddi, sami tilas punggawa K.P.M.

[Grafik]

Darmawisata. Nalika tanggal 3 wulan punika, murid-murid Mosvia Magêlang ing klas inggil, darmawisata dhatêng tanah Sumatra, ingkang badhe dipun dhatêngi inggih punika tanah-tanah paboyongan ing laladan Lampung, saha ugi badhe dhatêng Palembang, Sungai Gerong, Muara Enim, Pager Alam lan sanès-sanèsipun malih. Inginggil punika gambaripun murid-murid kasêbut nginggil punapadene panuntunipun (lênggah ing têngah) Tuwan S.A. Bachtiar leeraar ing sêkolahan wau.

Mêwahi pamulangan. Ing wêkdal punika gemeente Magêlang ngadani damêl griya pamulangan dhusun 22 panggenan, ing bawah Kêbumèn. Waragadipun sabên griya f 600.-. Ing sawêwêngkon kabupatèn wontên pamulanganipun dhusun 340 ingkang 60 taksih manggèn wontên ing griya partikêlir.

Cobèn-cobèn pangajaran ing H.I.S. Kala ing taun pangajaran 1936/1937 wontên pamulangan-pamulangan H.I.S. ingkang dipun maligèkakên kangge cobèn-cobèn, ingkang murid-muridipun padatan mantuk jam 11, dipun antukakên jam 1. Ing jam wêkasan, para murid wau dipun ajar basa Walandi tuwin sanèsipun, supados benjing wontênipun ing klas 3 sagêd anggampilakên pangajaran. Manawi pangajaran wau botên adamêl sabab ingatasing kasarasan, badhe kalêstantunakên. Ing sapunika wontên wartos saking Departement pangajaran bilih cobèn-cobèn wau pinanggih prayogi. Mila badhe katindakakên wontên ing taun pangajaran 1938/1939.

Dr. Budiarjo tilar donya. Dr. Budiarjo sadhèrèkipun dhoktêr Cipto Mangunkusumo, tilar donya wontên ing Bandung, wontên ing griya sakit. Dhoktêr Budiarjo punika wêdalan saking Stovia, lajêng anglajêngakên sinau dhatêng nagari Walandi, angsal sêsêbutan Arts Walandi, wêkasanipun dados Gouvernementsarts wontên ing Tasikmalaya.

Panenan kapas suda. Jalaran saking kathahing jawah ing taun punika, panenan kapas ing Jawi Têngah pinanggih suda sangêt. Ing Jawi Wetan ragi sae, tinimbang Jawi Têngah. Nanging rêginipun kapas taksih ajêg malorod, jalaran wontêning tandhon kapas taksih kathah.

Papan pambêsmi mayit ing Bandung. Ing Bandung badhe dipun wontêni papan pambêsmi matiy.[4] Adêging papam pambêsmi mayit wau sampun dipun saksèkakên notaris. Ada-ada punika dipun sayogyani ing panjênênganipun Pangeran Paribatra, Pangeran Siam ingkang dêdalêm ing Bandung.

Waterleiding ing Sela. Ing bab badhe wontêning Waterleiding ing Sela, bawah Boyolali, saèstu badhe dipun tindakakên. Rantaman waragad f 10.000.- Waragad samantên wau badhe angsal waragad saking kraton, saking kas nagari, kas dhusun tuwin badhe nyuwun wêwahan saking gupêrnur. Manawi sagêd kasêmbadan, kintên-kintên panggarapipun wontên taun ngajêng. Waterleiding wau wontên ing antawising rêdi Mêrapi kalihan Mêrbabu.

Nyirnakakên sêsakit pathèk. Murih tumindaking nanggulangi sêsakit pathèk saya sampurna tuwin majêng, sampun sawatawis dintên wontên dhoktêr-dhoktêr enggal wêdalan pamulangan luhur dhoktêr dipun sêbar wontên saindênging tanah Jawi. Wontên sagolongan kakintunakên dhatêng Blitar. Tumindakipun sarana madosi tiyang ingkang pathèkên, botên mawi angêntosi wontên ing kliniek tuwin tindak sanès-sanèsipun. Samangsa manggih tiyang pathèkên, lajêng dipun pitulungi sapêrlunipun.

Palapuran sadhiyan pantun. Kawrat kêkancingan gupêrmèn tanggal 24 Sèptèmbêr, supados kantor Statistiek nglêmpakakên katrangan-katrangan ing bab sadhiyan pantun, wos tuton utawi ingkang botên ing saindêngipun tanah ngriki.

Wirèng kraton kasuwun dhatêng Cirêbon. Awit saking panyuwunipun ingkang Bupati Cirêbon konjuk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, kaparênga maringi wirèng, badhe kapitongtonakên wontên ing pandhapi kabupatèn Cirêbon. Angsal-angsalaning têtingalan wau badhe kangge darma babagan nanggulangi sêsakit T.B.C.

Ama kobis. Ing wêkdal punika tanêman kobis ing bawah kaondêran Karangmaja, Gunungkidul, katrajang ing ama ulêr, ngantos botên ngukup.

Ingkang angsal loterij. Miturut wartos, loterij ingkang nêmbe kagêbag punika, prijs ingkang agêng piyambak dhawahing Medan, prijs nomêr kalih dhawah Salatiga, dene prijs ingkang f 5000.- dhawah Medan tuwin Bêtawi.

EROPA.

Pêrang ing Eropa sande. Sampun sawatawis dintên kasamarakên bilih ing Eropa badhe wontên pêrangan agêng, awit nagari pundi-pundi sampun sami sadhiya dêdamêl. Ing mangke wontên wartos bilih wêwakil Inggris ing Praag sampun tampi rêmbag saking Chamberlain, ingkang suraosipun supados Tsjechoslowakije aminangkani punapa ing bab rêmbagipun nagari-nagari ingkang kawontênakên ing Munchen. Miturut wartos, parentah Tsjechoslowakije sampun anyondhongi punapa ingkang dados rêmbag ingkang kajêngipun ngawontênakên padamèn, botên saèstu pêrangan. Dados ing sapunika sampun botên wontên raos ingkang damêl kasamaran.

Juru anggêgana tiwas. Upsir juru anggêgana Inggris nama David Llewellyn, ingkang misuwur saking anggènipun anggêgana saking Londen dhatêng Kaapstad, nêmahi tiwas jalaran dhawah saking gêgana dalah motoripun mabur wontên ing Lympne.

ASIA.

Tienchiacheng uwal saking panguwaos Jêpan. Miturut wartos saking Hankow, wadya Tionghwa ingkang ambelani Tienchiacheng anggadhahi gêlar nyuwungakên kitha, nanging botên kêndho panêmpuhipun dhatêng mêngsah. Malah panêmpuhipun wau sagêd ngrêbat Sungyangschiao ing sakilèn Kwangtsi. Unduripun wadya Jêpan dipun pêdhot marginipun ingkang badhe kangge margi nêmpuh, wêkasanipun sagêd ngundurakên wadya Jêpan ingkang wontên ingriku. Nanging lajênging wartos taksih rêbat-rinêbat papan gêntos asor gêntos unggul.

--- 2031 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

19

Mênggahing Jak piyambak, inggih lajêng ngrumaosi gadhah karosan ingkang langkung saking mêsthi wau, ing wusana piyambakipun lajêng kirang pangatos-atosipun. Kalayan ngungalakên dhadha lampahipun Jak turut wana tanpa ngèngêti bilih ing samargi-margi tansah cinakêtan ing bêbaya. Tumrapipun Akut, manawi ujug-ujug mambêt gandanipun singa barong, sanalika punika inggih lajêng enggal-enggal mènèk ing wit-witan, nanging mênggahing Jak, ing sêmu kadosdene botên amrêduli. Malah lumampah têrus anglangkungi papan pandhêlikanipun singa barong kalayan gumujêng sajak ngerang-erang. Tindakipun Jak ingkang makatên punika ngantos watawis dangu wilujêng. Awit salaminipun punika, singa barong ingkang pinanggih wêtêngipun sampun tuwuk, utawi sagêd ugi jalaran singa barong wau sangêt gumun, dene wontên salah satunggalipun titahing Pangeran ngantos samatên kurang ajaripun. Awit saking gumunipun wau, ngantos kasupèn badhe anêmpuh.

Nanging botên beda kadosdene manusa, sanadyan singa barong, satunggal-satunggalipun inggih anggadhahi watak piyambak-piyambak. Sanadyan wontên singa barong sadasa ingkang botên ngaru-biru dhatêng solah-tingkahipun Jak ingkang sajak kumawani wau, nanging punika botên kenging kapêsthèkakên, bilih singa barong ingkang ăngka sawêlasipun ugi anggadhahi watak ingkang makatên punika. Mênggahing singa barong punika satunggiling kewan ingkang cêpak nêpsunipun. Jalaran cêpak nêpsunipun wau, kadhang-kadhang singa barong inggih sok lajêng enggal-enggal nêmpuh ing damêl.

Ing satunggiling dintên Jak kapanggih singa barong ingkang ăngka sawêlas, kados ingkang mêntas kacariyosakên wau. Ing kala punika lampahipun Jak turut wana ingkang kathah grumbulanipun, lampahipun Akut sawatawis têbih kalihan Jak. Dumadakan Jak sumêrêp singa barong andhêlik wontên ing salah satunggiling grumbul ngriku. Kalayan gumujêng Jak lajêng ambêngoki Akut makatên:

Akut, Akut, enggal lumayua. Ing grumbul têngênku iki ana singa baronge. Wis, tumuli meneka ing wit-witan, Akut. Aku anake Tarsan, kang bakal anjaga nyang kaslamêtanmu.

Salajêngipun kalayan gumujêng Jak anglajêngakên lampahipun mêdal ing margi ingkang nglangkungi grumbul ingkang dados papan pandhêlikanipun singa barong wau.

Mênggahing kêthèk bangkokan ingkang lajêng ambêngoki Jak supados tumuntêna lumajêng, nanging Jak ing sêmu botên amrêduli, malah lajêng ngobat-abitakên towokipun sarta pêncolotan lan jêjogedan kadosdene badhe ngatingalakên bilih piyambakipun botên ajrih babar pisan dhatêng ratuning wana wau. Lampahipun Jak saya anyakêti grumbul papan pandhêlikanipun singa barong, dumadakan ing kala punika singa barong ujug-ujug mêncolot mêdal saking grumbul kalihan anggêro sora tuwin lajêng abên ajêng cakêt kalihan pun Jak. Ing ngriku têtela satunggiling singa barong ingkang agêng sangêt, siwaripun rembyak-rembyak, lan untunipun rangah angajrih-ajrihi. Ing ngriku mripatipun singa barong katingal jêne ijêm, murub, nandhakakên gênging nêpsunipun.

Jak ingkang namung adêdamêl towok alit, sanalika mangrêtos, bilih singa barong ingkang pinanggih sapisan punika beda sangêt kalihan sanès-sanèsipun. Nanging tumrap piyambakipun samangke sampun rêkaos anggènipun badhe ngoncati. Wit-witan ingkang cakêt piyambak, têbihipun mêksa wontên taksih sawatawis mètêr saking ngriku. Manawi piyambakipun nyobi mancolot dhatêng ing wit-witan wau, dèrèng ngantos dumugi, piyambakipun tamtu sampun kacandhak ing singa barong. Ing măngka botên kenging botên singa barong tamtu badhe anêmpuh dhatêng piyambakipun. Ing ngriku wontên wit-witan ingkang langkung cêlak malih, inggih punika wit-witan mawa êri. Nanging kadospundi anggènipun Jak nêdya ngoncati singa barong asarana mènèk ing wit ingkang mawa êri wau. Kajawi badanipun tamtu badhe babak bunyak dening êri-êrining wit-witan wau, ngadêgipun singa barong kalêrês wontên ing antawisipun wit ingkang mawa êri kalihan piyambakipun.

Salêbêtipun punika Jak tansah nyêpêngi landheaning towok. Dumadakan ing kala punika piyambakipun manggih akal murih sagêdipun ngoncati singa barong, sanadyan ing wingking piyambakipun tamtu badhe nandhang [na...]

--- 2032 ---

[...ndhang] tatu. Nanging mênggah gagasanipun Jak, aluwung nandhang tatu sawatawis katimbang dados têdhaning singa barong.

Mênggah akal ingkang badhe katindakakên punika makatên:

Nalika sêkolah, Jak punika asring sangêt dolanan kalihan kănca-kancanipun lumpat-lumpatan sarana migunakakên gantar. Dolanan ingkang makatên punika ing kala rumiyin Jak prigêl trampil sangêt. Sarana migunakakên gantar wau, Jak sagêd anglumpati kalèn ingkang ragi wiyar sawatawis, sagêd malumpat wontên ing wit-witan ingkang watawis inggil, lan saminipun. Ing samangke Jak anggadhahi manah, sarana landheaning towok, saking papanipun ngadêg wau, nêdya mêncolot dhatêng wit-witan ingkang mawa êri wau, kanthi anglumpati singabarong. Akal cara makatên punika, sanadyan nguwatosi sangêt, kêdah enggal-enggal dipun tindakakên, sampun ngantos karumiyinan singa barong anêmpuh. Ing kala punika Akut katingal gumun sangêt, langkung malih singa barong, sarêng nyumêrêpi Jak kadosdene nêdya anêmpuh dhatêng singa barong. Nanging mênggah sajatosipun punika ancang-ancanganipun Jak anggènipun sarana migunakakên landheaning towok, nêdya mêncolot dhatêng wit-witan ingkang mawa êri wau. Saking gumunipun, singa barong ngantos andongong sawatawis dangunipun. Nanging wêkdal samantên punika sampun cêkap tumrap Jak kangge mêncolot kanthi wilujêng dhatêng ing wit-witan ingkang mawa êri wau.

Salaminipun gêsang Akut dèrèng nate sumêrêp cara mêncolot sarana gantar wau, amila sarêng Jak kalêksanan sagêd ngoncati singa barong mêncolot wontên ing wit-witan ingkang mawa êri wau, bingahipun tanpa upami, sarta lajêng jêjingklakan wontên ing wit ingkang dados penekanipun sarwi mêmoyok lan mêmisuhi singa barong wau. Dene pun Jak, ingkang daleweran rahipun jalaran tatu pintên-pintên dening ririning wit-witan ingkang dipun pêncoloti, lajêng ngupados papan ingkang kirang rinipun sawatawis. Lêrês piyambakipun ing kala punika sagêd oncat saking bêbaya pêjah, nanging kanthi nandhang sakit ingkang tanpa kinintên-kintên. Salaminipun Jak wontên ing wit-witan ingkang mawa êri wau, rumaosipun kadosdene singa barong botên nêdya kesah saking ngandhapipun ngriku. Mila nyata anggènipun singa barong anênggani wontên ing ngandhapipun wit-witan wau ngantos langkung saking saêjam. Nanging ing wusana sarêng Jak sêmu botên nêdya mandhap saking ing wit-witan, singa barong lajêng kesah saking ngriku kalihan gêrêng-gêrêng. Sarêng lampahipun singa barong sampun têbih, Jak lajêng mandhap saking wit-witan ingkang mawa êri wau. Sampun têmtu kanthi saya wêwah tatunipun.

Ngantos pintên-pintên dintên dangunipun anggèning tatu-tatunipuk[5] sagêd pulih kados suwaunipun malih. Nanging tumrapipun Jak kadadosan ingkang makatên wau kadosdene satunggiling pangajaran ingkang salaminipun gêsang piyambakipun botên badhe supe, inggih punika sampun pisan-pisan kumalungkung sarta kibir, dupèh kalangkunganipun sampun anyêkapi.

Wontên ing wana ngriku Akut tuwin Jak ngaso pintên-pintên dintên, murih tatunipun Jak sagêda mantun babar pisan. Sabên enjing sarta sontên kêthèk bangkokan andilati tatu-tatunipun ngantos rêsik, usada sanèsipun botên wontên, ewasamantên tatu-tatunipun wau mêksa sagêd mantun, jalaran daging ingkang saras punika enggal waluyanipun.

Sarêng Jak sampun mantun sakitipun, kairit dening Akut, anglajêngakên lampahipun dhatêng pasisir. Dangu-dangu inggih lajêng sagêd kadumugèn punapa ingkang kasêdyakakên. Ing kala punika lampahipun Akut tuwin Jak mêdal ing wana bêbondhotan, dumadakan saking panging wit-witan ingkang andhap mripatipun Jak ingkang sakalangkung awas, sumêrêp tapaking manungsa, ingkang sanadyan sampun watawis dangu, nanging mêksa taksih katingal cêtha. Sarêng Jak namatakên tapak wau kanthi wigatos, bingahipun tanpa upami. Awit ing ngriku cêtha wontên tapakipun têtiyang băngsa kulit pêthak. Inggih lêrês ing ngriku katingal tapak suku ingkang botên lêlambaran punapa-punapa, nanging tapak-tapak suku lagaran wau, wontên ugi ingkang tapaking sêpatu, nandhakakên bilih ing ngriku wontên tiyangipun băngsa kulit pêthak. Lampahipun tapak wau ngênêr mangalèr, kosokwangsul kalihan ingkang badhe dipun lampahi Akut kalihan Jak.

Dene mênggah gagasanipun Jak: tamtunipun têtiyang băngsa kulit pêthak punika sumêrêp ing pundi kitha ing pasisir ingkang cakêt piyambak. Bokmanawi kemawon ing samangke punika lampahipun ngênêr dhatêng ing ngriku. Amila kados badhe agêng gunanipun saupami lajêng sagêd nusul lampahipun têtiyang băngsa kulit pêthak wau, sanadyan namung prêlu nêdya nglêgani manahipun anggèning sagêd pinanggih kalihan bangsanipun piyambak. Jalaran saking punika, bingahipun Jak sakalangkung, sarta lajêng daya-daya sagêda tumuntên nusul. Nanging ing sêmu Akut botên cocog dhatêng sêdyanipun Jak wau. Miturut ingkang sampun dipun alami, manusa punika botên kenging dipun sanak. Awit mênggahing Akut, Jak punika sanès bangsaning manusa, ngêmungakên kêthèk limrah. Awit Jak punika anakipun ratuning kêthèka[6]

ingkang nama Tarsan. Badhe kasambêtan.

--- [153] ---

Nomêr 39, 5 Oktobêr 1938, taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Wêdi Marang Gusti Allah

Sambêtipun Jagading Wanita ing Kajawèn nomêr 78.

[Pocung]

yèn cinatur akèh bangêt kang pêpacuh | larangane Allah | aja pisan anglakoni | yèn wania nêrak bakal pinidana ||

baya cukup lamun nêdya anênuntun | marang watak wêlas | tumrap bocah isih cilik | upamane dikon wèwèh wong pêpriman ||

[Grafik]

Nyi Darmaprawira

lamun wêruh bocah nyiya-nyiya batur | bêcik linarangan | pratingkahe mituturi | kudu cêtha nganti bocah bisa nămpa ||

layak mathuk amêmulang marang sunu | dhêmên maca layang | kang isi piwulang bêcik | kayadene kang kanggo ing pamulangan ||

duk karuhun jaman rong puluhan taun | dongèng sato kewan | buku dongèng wulang bêcik | anggitane Tuwan Wintêr kang wus swarga ||

lawan buku anggitane pujăngga gung | Punsên kang wus swarga | oncèn-oncèn diarani | têlu pisan anênangi ambêg wêlas ||

anênuntun wêdi marang Hyang Maha Gung | dongèngane pêpak | tuladhane anyukupi | eman dene saiki tan pinilala ||

jaman maju anggêr bocah dhêmên buku | dhêmên layang kabar | eman akèh dhêmên ngliling | pakabaran lan carita bab dolanan ||

isih patut bocah dhêmên maca buku | isi bab dolanan | kang sawênèh pijêr ngliling | buku dongèng kang isi bab pêpacangan ||

krasa ngêlu yèn mêmaca liya buku | jare crita apa | crita ora maedahi | angur baya gêgojegan karo tăngga ||

jaman maju bocah wadon durung ngumur | akèh kang wis wikan | uwis mikir golèk laki | wis birahi sanajan isih sêkolah ||

harak kojur sinaune durung cukup | jêbul salewengan | milih ika milih iki | yèn diuja ngrusakake tatakrama ||

para biyung kudu bisa milih buku | kanggo wacan anak | cikbèn kang tinêmu wuri | kalis saka rubeda satêmah mulya ||

Nyi Darmaprawira, Kêpanjèn Malang.

--- 154 ---

Ngrewangi apa Ngrusuhi

Ungêl-ungêlan ing nginggil punika, tamtu kathah para sadhèrèk ingkang sampun nguningani, inggih punika namaning satunggaling buku waosan ingkang asring kangge ing pamulangan Jawi. Nanging punopoa têka kula pasang ing irah-irahaning karangan punika. Awit pancèn mathuk sangêt yèn kapacak ingkang badhe kula aturakên ing ngandhap punika.

[Grafik]

Biyang Marta Sleman

Para wanita ingkang ngambah jaman kala antara kados kula punika (antaraning kolod lan modhèrên) kêrêp kemawon tampi panyaruwe saking ngrika-ngriki, kapanggalih ngrusuhi utawi ngalang-alangi ajênging jaman. Wujuding panyaruwe warni-warni sangêt, nanging botên prêlu kula andharakên ing ngriki (mriksanana sadaya karanganipun tuwan Garèng lan Petruk ingkang ngengingi kula para wanita).

Sadaya kaantêpan tuwin pêpalangipun para kolod, punika yèn kataliti saèstu, kathah ingkang atêgês: ngrewangi, milujêngakên dhatêng ajênging jaman samangke ingkang langkung gawat punika. Mênggah wujuding pêpalang utawi kaantêpaning para kolod wau, ugi botên prêlu kula bèbèr, para maos tamtu sampun sagêd andumuki piyambak.

Ing ngriki kula namung badhe anggambarakên tatacaraning pasamuwan sawatawis, inggih punika tataning lênggahan cara kilenan kalihan lênggahan cara Jawi, supados kenginga kangge têtimbangan.

Kula kêrêp sumêrêp, ugi sampun nate ngawaki, jagong lênggahan pasamuwan têmantèn, rêsèpsi lan sanès-sanèsipun, ingkang tatananing lênggahan campur tamu kakung lan tamu putri. Utawi dipun pilah, nanging dados sapanggenan (sapandhapi). Saking panyawang kula, kalih-kalihipun (kakung lan putri) têka botên sagêd mardika yêktos. Pintên-pintên para tamu putri ingkang satêngah kolod kados kula punika, sami kèndêl-kèndêlan kemawon. Kados dipun bungkêm, botên sagêd kawêdal badhe imbal pangandikan kalihan kănca kancanipun lênggah. Trêkadhang wontên ingkang sagêd, nanging namung lirih sangêt utawi klêsik-klêsik. Dhatêng dhaharan pasugatan botên katingal rahab. Sawênèh ing batos sami gêbrès-gêbrès jalaran kêplêpêkên kêbuling srutu, klisma, siyong lan krètèg, malah wontên ingkang ngantos yêr-yêran puyêng. Ingkang kulina anggantèn, sanadyan kêtagihanipun sangêt, tur inggih sampun sangu ubarampe piyambak, ewasamantên èwêd badhe ngêdalakên. Sawênèhing tamu badhe mêdal dhatêng wingking (kolah) rikuh dlajigan ing saantawising tamu kakung, kapêksa dipun ampêt. Taksih kathah èwêd-pakèwêd sanès-sanèsipun tumrap kula para tamu wanita.

Para tamu kakung ingkang dèrèng patos kulina lênggahan makatên punika, bokmanawi inggih kathah ingkang kirang mardika, tandhanipun katingal kirang berag, wontên ingkang têrus tumungkul kemawon, yèn sayah lajêng sêmu andhangak nyawang dilah utawi usuk

--- 155 ---

tuwin kathah patrap sanès-sanèsipun ingkang ngatawisi pakèwêd tumrap dhatêng para tamu wanita. Tumrap kula băngsa Jawi, lênggahan cara makatên punika, botên sagêm mardika kados băngsa kilenan, jêr watêk kula Jawi punika, taksih kathah sangêt èwêd-pakèwêdipun tumrap srawunging jalêr lan wanita.

Katrangan kula kasêbut ing nginggil punika, para maos tamtu sagêd mêwahi sabab-sabab sanèsipun, ingkang sakintên sagêd nuwuhakên èwêd-pakèwêd wau.

Kula para wanita, kados sami sagêd anggambarakên kados punapa gambiraning manah manawi nuju lêlênggahan kêmpal putri sami putri. Jalaran saking sêpên pakèwêd, ngantos kumruwuk anggènipun ngandikan, bab warni-warni dipun ngandikakakên sinambi gêgujêngan ingkang adamêl rênaning pasamuwan ngriku. Trêkadhang yèn ingkang dipun rêmbag laras kabêtahaning wanita, sok kasupèn wêkdal, ngantos kalantur. Para tamu kakung, makatên ugi, manawi papaning lênggahan punika milah (botên nunggil sagriya), wangunipun sami rêna: gar-gêr. Gumujêng latah-latah. Ingkang ngandikan ugi katingal mardika, botên wontên ingkang dipun pakèwêdi.

Saking pamanggih kula, tatanan lênggahan cara Jawi punika, sampun laras sangêt yèn kagathukakên dhatêng kasusilan kula băngsa Jawi.

Wusana tuladha gêgambaran ing nginggil punika, kula sumanggakakên para maos, kalêbêt golonganing ngrewangi apa ngrusuhi, tumrap ajênging jaman samangke punika.

Lêpat nyuwun pangapuntên.

Biyang Marta Sleman.

Gringsing

Ing Kajawèn Jagading Wanita sampun nate ngêwrat ing bab sinjang gringsing. Nanging ing ngriki prayogi dipun têrangakên malih.

Sinjang gringsing punika bakunipun dhêdhasaring sinjang latar pêthak, dene sêratanipun kenging sakarsa-karsa. Wanguning gringsing punika warni-warni, kados ta: gringsing ringgit, gringsing klungsu tuwin gringsing sisik. Dene gringsing ingkang kacêtha punika gringsing sisik.

[Grafik]

Gringsing sisik punika ingkang dipun emba sisiking ulam, mila wujudipun sap-sapan kados tumpang-tumumpanging sisik. Manawi panggarapipun kalêrêsan, [kalêrê...]

--- 156 ---

[...san,] pêthakipun sagêd sumêblak, dados bakunipun sinjang gringsing sisik punika ngangkah pêthaking gringsing, botên ngangkah gumêbyaring sogan.

Tumrap pantêsipun, sinjang gringsing punika dipun agêm ing putri, mathuking abên-abênan, purun dipun agêmi rasukan punapa kemawon. Dipun agêm ing putri pakulitan cêmêng manis, katingal wijang, dipun agêm ing putri pakulitan jêne, katingal ngalela.

Mênggahing căndra pinanggih wontên ing Sêrat Pranacitra: Rara Mêndut sinjangnya guringsing, kêmbênira jingga pinarada …

Pamoripun wontên ing sawangan: Rara Mêndut punika pakulitanipun jêne, sinjangipun latar pêthak, kêmbênipun jingga pinarada. Punika wontênipun namung mujudakên sarwa ngegla padhang, bokmanawi kados rêmbulan nuju tanggal kawan wêlas, kêpêncil wontên ing langit biru. Kula aturi manggalih piyambak.

Bab Olah-olah

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 78

Abênipun dhahar jadah punika, manawi têlêsan ingkang cocog piyambak kalihan tigan kamal utawi pindhang, punapa ulam têrik kêring, ulam ragi ing salah satunggal. Manawi jadah garangan, kalihan ulam abul, abon, dhèndhèng, gorengan balur kutuk kagêpuk.

Dhaharan jadah, jênang, wajik, lèmpèng, punika kenging karimat ngantos dangu, sawanipun namung anjamur, nanging botên dados punapa, amargi inggih taksih eca kemawon. Jamur wau inggih gampil ical-icalanipun, bilih pandhaharipun jadah sampun rumaos manuh (bosên) măngka jadahipun tirah, inggih prayogi lajêng karajanga ingkang sakalangkung tipis, sakêrtu-kêrtu, lajêng kapepea ingkang ngantos garing sayêktos. Bilih kagorèng mawi lisah: nama karag jadah, raosipun gurih kumrêmês êmpuk, margi kaduk kalapa, bilih kirang klapa, atos tuntung alot. Bilih kagarang, namanipun jrangking.

Jênang

Panggarapipun uwos sami ugi kadosdene olah jadah, namung bedanipun uwos wau uwos pantun sêkul, sanès kêtos, tuwin uwos wau kaglêpung alus, lan lajêng dipun ayaki, supados saya wêwah alus, lan kêlapanipun kadamêla santên, pêrêsan sapisan kaping kalih, kados ta satunggal wadhah lajêng kapiyambakna (namanipun: santên kênthêlan, dados kaot sakêdhik lan santên kanil) pêrêsan ingkang kaping tiga kaanggea ngêjèri glêpung ingkang sampun alus, kênthêl cuwèripun kawatawisa ingkang cêkapan. Dene takêraning abênan, manawi glêpung: uwosipun samanci, klapanipun kêdah kalih iji, ukuran kalapa ingkang cêkapan agêng alitipun. Badhe kasambêtan.

Nyai Pranata.

--- [0] ---

[Lanjutan Babad Giyanti]

[Sudah diketik pada Kajawèn no. 20, 10 Maart 1939]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


tumrap. (kembali)
Tsjechoslowakije. (kembali)
tumrap. (kembali)
mayit. (kembali)
tatu-tatunipun. (kembali)
kêthèk. (kembali)