Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 34, Rê Pa, 26 Sapar Jimawal 1869, 27 April 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [509] ---

Ăngka 34, Rê Pa, 26 Sapar Jimawal 1869, 27 April 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Kawah Ijèn

[Grafik]

Sêsawangan kawah Ijèn ing rêdi Mêrapi, laladan Băndawasa.

--- 510 ---

Babagan Kasusastran

Mitra jati.

[Maskumambang]

Angêndhanu si mêndhung andhudhah sêdhih | kêdhêr kêdhap-kêdhap | padhanging jagad kalindhih | dhêdhêp tidhêm sabuwana ||

angumandhang swarèng blêdhèg lir tinandhing | gludhug datan kêndhat | kilat thathit lir sêsiring | calèrète gung lumarap |

[Grafik]

...gêgana limêngan, kanggêg kagêlan ing ati...

surêm-surêm sèsining rat kasor dening | sênêning gêgana | kênyaring tranggana kingkin | kêkêsing sasăngka mulya ||

kudhandhangan kandhuhan rudita sêdhih | pêpêdhut kumêdhap | gumandhul mêndhung ngadhangi | sabuwana nandhang brăngta ||

mandhêg mangu sidhakêp tumêngèng nginggil | gêgana limêngan | kanggêg kagêlan ing ati | arsa mentar nora bisa ||

manjing wisma kursi malês dèn dhêpani | wayah candhikala | sumamar wêwarnan kèksi | mung kumriciking kang jawah ||

riwis-riwis wor swaraning maruta ris | atise kalintang | rês-rês munya pating kriyip | yayah abela sungkawa ||

ngaruara orong-orong munya ririh | rinungu araras | barung lan swaraning jangkrik | pangêrike lir karuna ||

sêsauran swarèng canthuka dumêling | ning blumbang angambang | kumêlap malah muwuhi | ngalanguting rasa mulya ||

tan pantara gurnita nêtêr wiyati | truh-truh ing ngawiyat | lintang wulan tawan tangis | kilat thathit têtimbangan ||

binarunging bayubajra andêrpati | tumuruning warsa | sumawur dêrês nartani | sèsining rat kawaratan ||

gêtêr patêr winor dhèdhèt erawati | ron-ron tarulata | wrêksa

--- 511 ---

gung rungkad gumlinting | lubèr kang tirta lumarap ||

lerap-lerap laras robing samodra di | lumrang mring dharatan | rantas dhadhal rinèh warih | akèh wisma kang kêlêban ||

kang darbèni nêmbang têngaraning wanci | babo tulungana | kêbanjiran awak mami | e e tobil nora kaya ||

kêmba têmên nimbangi susahing ati | dene tan sêmbada | lan ubaya wahyèng janji | pangakuning mitra darma ||

swarga nraka donya kerat mitra mami | êndi tandhanira | gene mung kêmbanging lathi | marma kang durung kataman ||

dèn waspada mring pandon tanduking budi | ywa kaduk ing driya | kumandêl mring kadang jati | sadurunge sira coba ||

dipun mulat mring liyêping sambang liring | lèjêm èsêmira | aja dumèh ulat manis | tanpa pamrih lêlamisan ||

aywa keguh ing gêlar pêpulas lair | jroning duka cipta | ing kono lagi katitik | sayêktine mitra darma ||

rowang guyu nora kurang jroning urip | mung rowang karuna | arang têmên sun mrangguli | marma ywa kaduk rumasa ||

ngrasa bêgja rinubung mitra sakêthi | lir nèng bètèng waja | wruhanta yèn têkèng wanci | koncadan kancana mulya ||

tibèng papa oncat mitranta sakêthi | mung kari angganta | anggana atawan tangis | nadyan mijil luh ludira ||

tangèh lamun tètèsing luhira gêtih | bangkit mikat ing tyas | dêstun mung nutuh ngewani | tan pisan bela-sungkawa ||

sèwu susah sèwu sêdhih rasèng ati | wit yêktining mitra | mung kalanira sinandhing | adoh sithik wus kumambang ||

marmanira kang mangeran mitra jati | aywa kliru tămpa | lir dagang yun ngarah bathi | balik mung sambèning gêsang ||

kang sayogya sing samadya tanggaping sih | tan rakêt tan rênggang | tan prêlu dipun golèki | tan yogya dèn singkirana ||

pitayaa ing daya kuwating ati | santosèng jiwangga | ngandêla ajining dhiri | iku pawitaning gêsang ||

Teja Susastra.

[Iklan]

Pawartos saking Redhaksi.

Lêngganan nomêr 3209. Babad Giyanti VIII sampun dipun kintunakên kala tanggal 11/4 '38. Manawi panjênêngan sampun kagungan Babad Giyanti wêdalan Budi Utama jilid I, wêdalan Buning jilid II lan III, wêdalan Bale Pustaka jilid V dumugi VIII, lajêng kula aturi mundhut ingkang jilid IX salajêngipun dumugi jilid XXII. Dene samangke ingkang sampun kaêcap sawêg dumugi jilid XII, rêginipun racak-racak nyatêngah rupiyah.

--- 512 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 31-32.

Sarêng wiwit jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Ingkang kaping VIII taun 1921 sapriki, găngsa-găngsa ing nagari Ngayogyakarta kathah ingkang sami dipun wêwahi miturut wilahan. Kênong wêwah 4 iji, kêmpul wêwah 4 iji, suwukan siyêm 2 iji, gong wêwah 1 iji dhawah laras nêm. Yèn mawi gong kêmadha (sanès gong ingkang gumandhul) dipun laras dhawah jăngga.

Dene namanipun kênong ingkang agêng piyambak kênong dhadha lajêng suda agêngipun, dhawah laras 5 saya suda-suda agêngipun kaurutakên dumugi kênong manis, laras jăngga. Urutipun saking ingkang agêng 1 kênong dhadha, 1 kênong laras gangsal, 1 kênong laras gangsal nêm, 1 kênong laras gangsal barang, 1 kênong laras gangsal gulu (manis).

Tumrap kêmpul-kêmpulipun ugi makatên, satunggal gayor isi gangsal kêmpul, urutipun kados kênong kasêbut nginggil.

Dene urutipun ingkang laras agêng kêdah wontên kiwa. Lajêng satunggal gayor malih isi suwukan gulu, sarta barang, tumuntên satunggal gayor agêng isi gong laras nêm sarta laras gangsal utawi dhadha.

Kangge jamanipun kamajêngan punika, kênong-kênong sarta kêmpul-kêmpul tuwin suwukan, amêwahi ngês sarta rame, dhasar swaranipun runtut.

Wiwit Sinau Nabuh

Pasinaon nabuh ingkang sami dipun sênêngi sadhèrèk kangge wiwitan, inggih punika gêndhing pangkur. Mila anggèn kula ngarang nut punika ingkang kula angge miwiti ugi gêndhing pangkur.[1]

Nampèni Adelborst

Tumrap para neneman ingkang dumunung ing ngriki, inggih băngsa Walandi, punapadene rakyat karajan Walandi ingkang kalêbêt golongan tiyang siti utawi băngsa ngamănca wetanan ing tanah ngriki, tuwin ingkang ing tanggal 1 Sèptèmbêr ngajêng punika dèrèng umur 20 taun dipun sadhiyani panggenan wontên ing taun 1938 ing Koninklijk Instituut voor de Marine, Willemsoord (nagari Walandi): wolung panggenan tumrap sinau Zeeofficier (upsir laut) tigang taun.

Kalih panggenan tumrap sinau officier van den Marine-stoomvaardienst tigang taun.

Katrangan ingkang langkung cêtha bilih wontên ingkang nêdha, dipun têrangakên kanthi ijêman utawi sêrat dening Departement der Marine, Eerste Afdeeling, Batavia- C.

Telf. Wl. 2110 toestel 16.

--- [513] ---

[Lanjutan dari hlm. 512 : Kagunan Jawi]

Gd. Pangkur lr. Sl. Pt. sanga, lămba, katêlahipun Pangkur Lămba. Pola ăngka 1

[Notasi]

Ungêlipun găngsa ingkang wiwitan, wiramanipun kêdah sêsêg. Jangkêp kaping 3 lajêng katambanakên, wirama sarèh mawi dipun gerongi.

Dados manawi wiwitan sinau sadèrèngipun sagêd nabuh, kêdah sagêd lagunipun anggerong rumiyin, kados ing ngandhap punika.

Pola ăngka 2

[Notasi]

Badhe kasambêtan.

R.Ng. Pringgaardana.

[Iklan]

--- 514 ---

Pèngêtan Sugêngipun Suwargi Sultan Sêlangor

Ing ngajêng sampun nate wontên wartos ing bab sedanipun Sultan Sêlangor, inggih punika ingkang seda kala tanggal 31 Marêt 1938 kapêngkêr. Ing ngriki badhe mratelakakên pèngetan sugêngipun suwargi Sultan Sêlangor wau.

Sultan Sêlangor suwargi punika jêjuluk Sultan Sir Alauddin Sulaiman Syah, kawiyosakên wontên ing kampung Têngah Sêlangor, kala ing dintên Sênèn tanggal 11 Sèptèmbêr 1865, dados dumugining seda yuswa 73 taun.

Sultan Sêlangor punika putranipun Raja Musa, putranipun pambajêng Sultan Abd. Samad miyos saking pramèswari Ratu Arfah, putrinipun suwargi Sultan Muhammad.

Kala ing Sêlangor wontên ura-uru, panjênênganipun tuwin ingkang rama sami wontên ing Singgapura. Satêntrêming praja, sawêg sami wangsul dhatêng Sêlangor, amargi ingkang rama dipun timbali kondur ingkang eyang Sultan Abd. Samad, badhe kajumênêngakên pangeran pati, ingkang kalampahan kala ing taun 1875. Ingkang rama jumênêngipun pangeran pati namung 9 taun, lajêng seda.

Sasedanipun pangeran pati wau, panjênênganipun Sultan Abd Samad lajêng sarêmbag kalihan Tuwan J.P. Rogers, Residhèn Sêlangor, ing bab ingkang sumilih pangeran pati. Wusana panjênênganipun ingkang kajumênêngakên pangeran pati, sumilih ingkang rama. Kala samatên sawêg yuswa 22 taun. Wusana panjênênganipun lajêng krama angsal Têngku Mahrum, putrinipun Têngku Dhiauddin pêputra saking Têngku Arfah, putrinipun Sultan Abd. Samad, dados angsal nak dhèrèk.

Sasedanipun Sultan Abd. Samad, panjênêganipun lajêng kajumênêngakên Sultan Sêlangor. Dumugining tanggal 10 Sèptèmbêr 1937, jumênêngipun sultan sampun 40 taun, ing ngriku kawontênakên pahargyan agêng-agêngan.

[Grafik]

Suwargi Sultan Sir Alauddin Sulaiman Syah

Ing kala sugêngipun Sultan Sulaiman nate ngraosakên sêkêl ing panggalih kaping kalih. Sapisan kala taksih jumênêng pangeran pati panjênênganipun krama kalihan wanita nama H Syofiah. Ing ngriku adamêl botên rêna ing pramèswari sêpuh, kalampahan pramèswari wau lajêng kondur andhèrèk ingkang rama, Tengku Diauddin ingkang wontên pulo Pinang, ambêkta putra sakawan, inggih punika: 1. Tengku Musaddin, putra ingkang sêpuh piyambak, 2. Tengku Mahiran, 3. Tengku Fatimah tuwin 4 Tengku Arfah. kajawi putra sakawan [sakawa...]

--- [515] ---

[...n] wau, panjênênganipun pramèswari ugi nuju ambobot.

Ing sajêngkaripun pramèswari saking kadipatèn, ing kadipatèn pinanggih sêpên, botên nate wontên rabining para agêng ingkang sami sowan. Pramèswari sêpuh ugi sampun wongsal-wangsul dipun aturi kondur, nanging kêncêng ing panggalih botên keguh dening aturipun sintên kemawon. Panjênênganipun saya putêk malih sarêng badhe jumênêng sultan, awit jumênêngan wau botên sagêd kasêmbadan manawi tanpa pramèswari. Wusana sang pramèswari ugi kalampahan kondur.

[Grafik]

Pambêktaning layonipun suwargi Sultan Sir Alauddin Sulaiman Syah.

Sêkêl ingkang kaping kalih, nalika putra pambajêng Tengku Musaddin dipun lorod saking anggènipun jumênêng pangeran pati, ingkang botên saking kaparêngipun sultan piyambak. Kalampahan panjênênganipun sultan ngantos gêrah saha têtirah dhatêng Inggris, nanging sajatosipun inggih gêgayutan kalihan lêlampahaning putra.

Kèndêlipun Têngku Musaddin wau adamêl ebahing manahipun rakyat ing Sêlangor, nanging sarèhning bab punika tuwuh saking kaparêngipun parentah Inggris, raos pamurinaning rakyat wau botên andayani punapa-punapa, dene ingkang gumantos jumênêng pangeran pati, Tengku Alamsyah, putra kakung nomêr tiga, inggih punika ing kalanipun sang pramèswari linggar saking pura taksih wontên ing bobotan.

Suwargi Sultan Sir Alauddin Syah, punika satunggiling sultan ing tanah Malayu ingkang kala sugêngipun ingkang sêpuh piyambak, misuwur ambêg mirah lan asih. Panjênênganipun ngagêm bintang kaluhuran wontên ingkang bintang wau dipun tampèni saking astanipun nata Inggris piyambak.

Ing kala sedanipun lajêng tuwuh rêmbag ruwêt ing bab ingkang badhe sumilih kaprabon. Nanging awit saking kaparêngipun parentah Inggris, ingkang kajumênêngakên têtêp Tengku Alamsyah, anggèning anjumênêngakên ing kala layon angajêngakên bidhal, ajêjuluk Sultan Hasanuddin Alamsyah.

Sasampunipun jumênêng, panjênênganipun sultan lajêng dhawuh ambidhalakên layon.

Kados makatên pèngêtan sugêngipun suwargi Sultan Sêlangor, sanadyan namung cêkakan, katingal wujuding babad praja ing salêbêtipun jumênêng.

--- 516 ---

Jagading Sato Kewan

Unta

Unta punika satunggiling kewan ing nagari bêntèr, limrahipun pinanggih wontên ing tanah Ngarab, tumraping para minggah kaji tamtu botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun unta punika, awit limrahipun unta punika dados têtumpakanipun tiyang minggah kaji, kuwawi mlampah têbih sangêt ingkang hawanipun sakalangkung bêntèr.

[Grafik]

Saking limrahipun unta punika gêsangipun wontên ing nagari ingkang hawanipun bêntèr sangêt, ngantos wontên pangintên botên sagêd gêsang wontên ing nagari ingkang hawanipun botên bêntèr.

Nanging nyatanipun botên makatên, malah ing tanah ngriki ugi sampun wiwit wontên ingkang ngingah, kados ta ing Surakarta, dipun ingah wontên ing kêbon raja Sriwêdari. Katingalipun unta ingkang dipun ingah wau inggih lajêng omah, gêsangipun katingal têntrêm.

Kajawi ing Surakarta ing sapunika ing Bandhung inggih sampun wontên unta kêkalih, dipun ingah wontên ing kêbon binatang. Dhatênging unta wau nyarêngi lampahing para tiyang minggah kaji ingkang wangsul kantun piyambak. Mênggah wujuding unta kados ingkang kacêtha ing gambar.

[Grafik]

Ing bab gêsanging unta, punika pancèn inggih nyalênèh tinimbang kewan sanès-sanèsipun, golonganing kewan ingkang sarwa takatan, katăndha sagêd gêsang wontên ing hawa bêntèr sangêt, purun nêdha sawarnining têtêdhan, bêtah mlampah, sagêd tahan ngêlak tuwin luwe.

Dene bab tahan ngêlak tuwin luwe wau pancèn wontên sababipun, sanès dintên badhe kapratelakakên ing Kajawèn.

--- 517 ---

Wulang Sae

Andhap Asor.

Piwulangipun para sêpuh kina, sampun umum bilih andhap asor punika satunggiling watak ingkang prayogi sangêt dipun èsthi lan katindakakên. Malah ngantos wontên dhapukaning piwulang: sapa wonge andhap asor, mêsthi olèh pangaji-ajining liyan. Utawi: kinasihan ing sasama. Piwulang ingkang kados makatên punika pancèn inggih kathah lêrêsipun. Nanging ingkang sagêd mangrêtos ing tancêping raos andhap asor, punika ingkang taksih awis-awis ingkang mangrêtos. Jalaran ingkang kinajêngakên andhap asor ing piwulang wau, sanès solah bawa utawi tênaganing lair, malah lajêng kasambêtakên ing raosing batos. Amila manawi dipun tintingi yêktos, lajêng botên gampil sagêd dipun dumuk, kados punapa wujudipun tiyang ingkang kalêbêt andhap asor punika.

[Iklan]

Sanajan amastani badanipun piyambak kemawon, kathah ingkang tuna dungkap, daruna saking kadospundi. Botên liya amargi dèrèng paham yêktos ing sajatining ingkang nama andhap asor, ingkang ginêbêng

--- 518 ---

ing raos kabatosan. Malah sisip-sêmbiring panganggêp wau nêdya badhe nglampahi andhap asor, jêbul malah dhawah akosokwangsul.

Dene mênggah ingkang nama andhap asor ingkang sajati punika, kêdah gadhah raos bilih awakipun punika kawon sae, kawon utami, kawon… punapa-punapanipun kalihan sintêna tiyang ingkang dipun andhap asori, kang măngka nancêpakên ing raos kados makatên wau tuhu angèl yêktos. Nanging ingkang kathah sagêdipun lampah andhap asor, namung nandukakên ing tênaga lair. Dene nandukakên andhap asor ing lair wau yèn sarana dipun damêl, mênggahing kabatosanipun malah dhawah akosokwangsul (botên andhap asor malah kumaluhur). Cobi kagaliha, sawênèhing sadhèrèk sok wontên ingkang kadunungan watak sabên wontên ing pajagongan utawi sasrawungan, botên purun lênggah anglênggahi sapapan punapa mêsthinipun, malah kadamêl ing sangandhapipun, bêbasan: olah ngisor. Tiyang ingkang gadhah lagean ingkang kados makatên wau, katingalipun umum, alok tiyang ingkang andhap asor, nanging mênggah sajatosipun, trêkadhang malah gumêdhe. Jalaran tiyang wau sagêd ugi gadhah pangraos: aku lungguh ing kene iki harak tak jarag angêsorake ing dhiriku, bênêre palungguhanku rak ana ngisor talang kana. Yèn tiyang wau gadhah raos makatên, hla punapa sagêd nama tiyang andhap asor, lah mêsthi malah tiyang kumaluhur (ngakên luhuring dhirinipun). Dados ingkang têtêp nama ambêg andhap asor ingkang sajati punika ingkang sagêd angêcakakên tênaga olah ngandhap tur raosing manahipun botên angrumaosi ngêsorakên ing dhirinipun. Têgêsipun anggèning ngênggènakên ing awakipun ing ngriku wau, ngrumaosi bilih lênggahipun pancèn ing ngriku punika. Dados botên ngrumosi yèn angêsorakên ing dhirinipun. Mila inggih angèl sangêt.

Kyai Pacitan.

[Iklan]

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 4161 ing Banjarmasin. Lêngganan kapetang wiwit: 1 December 1937, bayaran tumrap kuwartal I sawêg dipun sahi kaping 8-3-'38, botên pikantuk.

Lêngganan nomêr 5052 ing Kraksan. Lêngganan kapetang: 1-2-'38. botên angsal bêbingah.

Lêngganan nomêr 5104 ing Panican. Lêngganan kapetang wiwit 1-2-'38. botên angsal bêbingah.

--- 519 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Suryawirawan.

VII.

Petruk : Kang Garèng, mêsthine kowe iya wis bosên wijaya, wong mung ngrêmbug prakara Suryawirawan bae, kathik dawa ngalur-alur mangkene, mulane rêmbug iki cara maine padha dilabasake ing dina iki bae, lan liya dina banjur padha rêmbugan ing bab liyane manèh. Kanggo angrampungake rêmbug iki, saiki tak ngandharake pambudidaya kang ăngka 5 yaiku: andhêdhêri rasa kuwajiban lan rasa nanggung jawab.

Garèng : Dadi para mudha kuwi kudu didhêdhêri supaya padha ngrêti nyang wajib, ta, wah, iki bênêr bangêt, Truk. Dadi wong urip kuwi ora kêna ora kudu ngrêti nyang wajib, yaiku sing diarani sahadat, salat, jakat, pasa, lan munggah kaji.

Petruk : Wayah, kok banjur ngêtokake rukun Islam limang prakara mangkono. Iki mula iya nyata wajib kang kudu ditindakake kanthi têmên-têmên. Mulane banjur ana unèn-unèn sing mangkene kae: pêngên anggonmu manêmbah nyang Pangeranmu, awit elinga yèn nyawamu iki bisa dipundhut mêngko utawa sesuk, nanging kowe kudu tansah eling, yèn wajib sing kok kandhakake mau, sanyatane mung kanggo makani rohe bae, saiki sing kanggo pakane badan wadhap[2] apa, Kang Garèng. Mulane uwong urip kuwi kudu ngrêti nyang wajib: golèk dhuwit.

Garèng : Wah, hla kiyi aku ora cocog, Truk, hla wong dikon urip tangat, ya kuwi mêmpêng panêmbahe nyang Pangeran, kathik cara Landane tevens, yaiku: dibarêngi golèk dhuwit, măngka jarene dhuwit kuwi lêlêthêking donya.

Petruk : Dianggêp lêlêthiking[3] donya, ya kuwi yèn wong banjur amangeran mênyang dhuwit mau, Kang Garèng. Hla nèk wong mung ngêndêlake nyang anggone manêmbah nyang Pangerane bae, apa rumasamu banjur mak pêthongkrong ana sêga pêcêl ana ing ngarêpmu. Ora bisa, Kang Garèng, nèk ora disaranani golèk dhuwit, kêpriye bisane mêmpêng anggone arêp tindak tangat mau. Awit jalaran saka ora duwe dhuwit kang kanggo piranti badan wadhag, awake apa banjur ora lêmês, suwe-suwene banjur ngêmis, sabanjure dupèh anggone ngêmis mau mung olèh sasèn rong sèn, ora tlatèn, wusananing ana jarit sampiran banjur… diopèni.

--- [520] ---

Garèng : Ambok banjur nayab ngono bae rak iya uwis, kathik nganggo dicengkokake barang.

[Grafik]

Petruk : Iya, Kang Garèng, mara, apa kadadeane anggone jarene mêmpêng manêmbahe nyang Pangerane mau, apa malah ora nyang nêraka, kang atêgês: sing diênêr ora têka. Mulane unèn-unèn pêngên anggone manêmbah ing Pangeranmu, awit elinga yèn nyawamu kuwi bisa dipundhut mêngko utawa sesuk, kuwi iya kudu ana timbangane mangkene: pêngên anggonmu golèk dhuwit, upamakna yèn uripmu bakal salawas-lawase. Kajaba iku wong urip kuwi kudu ngrêti nyang kuwajiban, mulasara awake dhewe lan anak bojone, ngrêti nyang kuwajiban mungguhing pasrawungan lan sapiturute. Iki kabèh andharane pancène iya panjang lebar, Kang Garèng, nanging mundhak ambosêni, mulane cukup samono bae.

Garèng : Iya wis ngrêti aku, Truk, saiki ing bab rasa nanggung jawab, wah, nèk bab kiyi cêkake wis ana ing kêpekanaku, Truk, wong urip kudu duwe rasa nanggung jawab, kuwi karêpe: wong urip kudu bisa nangung jawab ing bab ngêndi sing wajib, ngêndi sing sunat, ngêndi sing mêkruh, ngêndi sing wênang, sing batal, sing halal, sing…

Petruk : Iya, iya , Kang Garèng, nanging iya ora mung mangkono bae, kabèh kang dilakoni lan ditindakake, kudu wani nanggung jawabane, têgêse: wani nanggung kêpriye kadadeane ing têmbe buri. Aja yèn apik kok banjur sêsumbar mangkene: wong iya aku sing nindakake, nanging barêng kadadeane ala, unine: sanès damêlan kula, iki apêse iya tumindake wong clila-clili.

Garèng : Dadi karêpe, Truk, wong sing duwe rasa wani tanggung jawab kuwi, ala bêcik iya wani andhadhagi, ta, iya wis ngrêti aku, saikine banjurna andharanamu.

Petruk : Kang ăngka nêm. Disinau makuwon ana ing ara-ara utawa ing tanah blak-blakan, supaya kêtuwuhan ati trêsna nyang alam lan Pangeran.

Garèng : Wah, pikiranaku rada glatho-glatho, Truk, hla uwong têka dikon trêsna karo alam, wong rupane alam kuwi rumasaku padha bae, aku durung tau mênangi anggone…ayu, Truk.

Petruk : Wayah, kathik kaya prawan dikon ayu barang. Bangsane dhewe umume kuwi pancèn iya anduwe trêsna nyang alam, awit ing tanahe dhewe iki ditêkdirake têrus-têrusan olèh soroting srêngenge.

--- 521 ---

Kang anjalari kaanane alam ajêg padhang, ajêg gilang-gêmilang. Ing sarèhne sabên dina nyumurupi kang kaya mangkono mau, rumasane kaanane alam banjur padha bae, kang wohe banjur ora anduwèni trêsna. Iki sabênêre kaliru bangêt, Kang Garèng. Wong urip kuwi sanyatane kudu ngandêl mênyang kodrat (kuwasa) lan wiradating (krêsaning) Pangeran. Jarene wong urip kuwi kudu trêsna, wêdi lan angaji-aji marang Pangeran. Saka dening panguwasa lan trêsnaning Pangeran ingkang kuwasa wis nitahake alam, kang mangkono kuwi wong urip kudu angrêgani lan angaji-aji. Nanging mula iya nyata: tuwuhing trêsna kuwi saka kulina. Nèk para mudha ora dikulinakake mêlancong utawa makuwon nyang ara-ara, utawa nyang papan têgalan, mung ana ing sajêroning ngomah bae, mêsthine iya banjur ora kêtuwuhan trêsna nyang alam mau. Mulane para mudha disinau, lan dikulinakake sing mangkono mau, aku mupakat bangêt, awit yèn ing têmbe tuwuh trêsnane nyang alam, mêsthi banjur kandêl prêcayane nyang kodrat lan wiradate Ingkang Kuwasa, iki atêgês: rasa trêsna, wêdi, bêkti mênyang Ingkang Kuwasa saya kandêl, Kang Garèng.

Garèng : Iya wis, Truk, aku tak ngandêl nyang andharanamu kiyi. Saiki banjurna manèh katêranganamu.

Petruk : Kang kaping 7, nyinau sarana marga warna-warna ing bab kaprigêlan. Yaiku upamane sarana ulah raga rupa-rupa.

Garèng : Ulah raga, aliyas main sêporêt, dadi iya kayadene bal-balan, main tènis, bètminton, lan sapadhane. Iki aku durung bisa anêksèni bêcike, sing wis gênah lan cêtha wela-wela: promosi anggone ngêntèk-êntèkake dhuwit, kaya ta; kanggone main tènis, kudu tuku rèkêt, bal, sêpatu tènis, durung kanggo sing bêsus, tuku rèkêt iya êmoh sing murah-murahan, apa iki ora mung ngajak malarat.

Petruk : Wayah, yèn banjur mung arêp gagah-gagahan bae, iya mêsthi bae yèn akèh waragade. Nanging rak bisa, ta, ulah raga sing ora ambuwang dhuwit akèh-akèh, kaya ta: gobag sodoran,…

Garèng : Mêksa uga mundhak waragade yèn ditimbang karo sêparat-sêporot, awit anggone ngombe lan mangan banjur dhobêl tripêl, hla nèk sêporêt,… macul, arêpa mangane andhobêl, wong ana paedahe…

Petruk : Iya, iya, sêporêt macul iya kêna, anggêre jênêng ulah raga bae, awit uwong kuwi anggêr kulina ulah raga, awake banjur waras, yèn awake waras, pikirane iya waras. Kajaba saka iku kabèh kang kanggo ngajokake para mudha mau ana manèh pranatan liya-liyane kang absah, têgêse: pranatan-pranatan kang dipigunakake, kang ora cêngkah klawan parentah sarta wêwalêring nagara utawa agama. Kang Garèng, kaya-kaya wis cukup andharan ing bab Suryawirawan iki. Bêcik orane kowe mêsthine saiki rak bisa nimbang dhewe.

--- 522 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI

Pamulangan Kleermaker. Ing Kêbumèn wontên pamulangan Kleermaker ingkang dipun adani dening Tuwan Moh. Muhni, pambikakipun wiwit kala tanggal 1 Januari 1938, kanthi bayaran ing dalêm sawulanipun f 2.50, lamining pasinaonipun sataun. Dumuginipun sapunika muridipun kathah, malah nampèni murid saking sanès nagari punapa.

[Grafik]

Dr. Sitanala sampun wangsul saking Mêsir. Ing kala tanggal 14 wulan punika Dr. Sitanala (kacêtha ing gambar) sampun wangsul saking anggèning anjênêngi congres babagan sêsakit lepra ing Mêsir. Miturut katranganipun Dr. Sitanala, ing kala congres punika wontên wêwakil saking nagari-nagari cacah 55 nagari. Tumrap tanah ngriki kawigatosakên dening parêpatan. Ing sapunika saya katingal ing bab tataning panyêgah sêsakit lepra wau.

Gusti Bandara Radèn Ayu Jayadiningrat seda. Kala ing dintên Rêbo kêpêngkêr, G.B.R.A. Jayadiningrat, sadhèrèk dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana seda, yuswa 76 taun, jalaran gêrah sêpuh. Layon kasarèkakên dhatêng astana Lawean.

Expeditie Archbold. Parentah sampun nêtêpakên tumindaking Expeditie Archbold dhatêng Nieuw Guinea. Tumrap tanah ngriki badhe miji Dr. Toxopeus, Dr. Meyer Drees tuwin punggawa sanèsipun. Expeditie punika badhe tumindak nglêmpakakên kewan-kewan, pêksi-pêksi tuwin têtanêman, kajawi punika ugi badhe anggambar saking gêgana. Expeditie punika mawi ambêkta motor mabur kanthi punggawa juru anggêgana bangsa Amerika 3. Tumrap militèr dipun kanthèni tigang bragada têtindhih kaptin tuwin punggawa kasarasan dipun tindhihi dhoktêr militèr.

Tamu saking Siam. Kados ingkang sampun kawartosakên, tamu agung saking Siam, ing sapunika sampun rawuh, inggih punika pramèswari warandha Nata Siam asma Swang Awdhana, eyang Naya Siam ingkang jumênêng ing sapunika. Rawuhipun anjujug ing dalêmipun Pangeran Paribatra ing Bandung, dene ingkang andhèrèk, Pangeran Rangsit, nyare wontên ing hotèl. Sang putri punika sampun yuswa 75 taun. Anggènipun wontên tanah ngriki laminipun 6 minggu.

Kintunan jagung dhatêng Jêpan. Ing wêkdal punika kintunan jagung saking tanah ngriki dhatêng Eropa pinanggih suda. Dene tumrap Jêpan saya majêng, kala tanggal 20 April, kapal Nagayo Maru momot jagung 1800 ton saking Banyuwangi.

Dipun awisi mangangge sakenging-kengingipun. Kawrat dhawuhing parentah praja Surakarta dhatêng para bupati, supados andhawuhakên kêncêng dhatêng para andhahanipun, manawi kêkesahan ingkang botên nindakakên wajib, sampun mangangge sakenging-kengingipun, kados ta sarungan, hancincon, kuplukan tuwin sanès-sanèsipun. Samangsa kasumêrêpan wontên ingkang mangangge makatên supados kalapurakên. Tumindaking dhawuh punika minangka angambali dhawuh ingkang sampun kadhawuhakên ing ngajêng, ing bab babagan tatakrama.

Gladhèn pêrang abdi dalêm prajurit. Sampun sawatawis dintên, abdi dalêm prajurit ing Surakarta sami dipun gladhi pêrang-pêrangan wontên ing pakampungan tuwin padhusunan. Miturut wartos gladhèn wau dipun gambar kangge film, badhe kapitongtonakên benjing dhawahing pèngêtan adêging karaton Surakarta 200 taun.

Têtakan Muhammadiyah. Muhammadiyah pang Surakarta mêntas ngawontênakên têtakan tumrap lare-lare anakipun têtiyang kêkirangan. Cacahing lare ingkang dipun têtaki wontên 103, kawiwitan enjing, jam 9 sampun rampung sadaya. Ingkang nêtaki para bong kanthi dipun titipriksa dening Dr. Suratman Erwin.

Kêndho kêncênging rèk jêklekan damêlan tanah ngriki. Kala jaman sangêt-sangêting ngrêkaos, rèk jêklekan damêlanipun têtiyang ing dhusun Ngunut, Tulungagung, pinanggih majêng sangêt, amargi têtiyang sami tumindak ngrid. Kala samantên têtiyang ingkang angsal têdha jalaran saking padamêlan wau wontên tiyang sèwu gangsalatusan. Wusana sarêng jamanipun wiwit pulih, inggih punika wiwit ing taun 1937 kathah rèk jêklekan saking sajawining praja malêbêt malih, padamêlan wau lajêng suda.

Nglajêngakên paboyongan ing Pulo Laut. Ingajêng wontên wartos bilih tumindaking damêl paboyongan ing Pulo Laut dipun kèndêli. Ing sapunika wontên wartos badhe kalajêngakên malih.

Pêpajênganing kartu pos mindhak. Gêgayutan kalihan mandhaping prabeya pos, pêpajênganing kartu pos mindhak kathah sangêt. Ingkang pinanggih ing taun kêpêngkêr pêpajênganipun sampun tikêl.

Pabrik agêr-agêr. Miturut wartos ing Kudus badhe dipun dêgi pabrik agêr-agêr, ingkang dipun adani dening bangsa Eropa. Ingkang dados badhening agêr-agêr wau sukêt sagantên, pamêndhêtipun saking pasisir Jêpara tuwin Juwana. Ingajêng agêr-agêr ingkang dipun sade wontên tanah ngriki sapunika wêdalan Jêpan tuwin Tiongkok.

Majênging padagangan sigarèt. Pinanggihipun wontên ing wêkdal punika padagangan sigarèt wêdalan tanah ngriki sagêd andhêsêg padagangan sigarèt saking sajawining praja. Pamêdal sigarèt ing tanah ngriki ing dalêm sataun wontên rêrêgèn f 36.000.000.-. Rêrêgèn samantên wau ingkang kalinting mawi mêsin 26 yuta, ingkang lintingan tangan 10 yuta. Tumrap sês krètèk wontên rêrêgèn f 12.000.000,-. Ajênging padagangan wau pinanggih wiwit sadasa taun kêpêngkêr.

Koncatan sêsakit pest. Dumuginipun sapunika ing Cijulang, Dhistrik Panjalu tuwin Cikonang, Dhistrik Ciamis, sami Kabupatèn Ciamis, sampun botên kambah ing sêsakit pest malih. Wontênipun sagêd mastani makatên, amargi sampun langkung 2 wulan ingriku sampun botên wontên tiyang ingkang kêtrajang ing sêsakit pest.

Persatuan Perusahaan Bathik Bumiputra ing Ngayogya. Ing sapunika adêging Persatuan Perusahaan Bathik Bumiputra ing Ngayogyakarta sampun sagêd nêtêpakên warganipun pangrèh enggal, inggih punika, direcsa Tuwan M.A. Zakarsie, sêsêpuh Tuwan Jayèngkarso, panitra Tuwan Subani, artaka Tuwan Haji Muhadi tuwin pambantu Tuwan Jamingun. Toko tuwin cooperatie, punapadene kalawartinipun ingkang nama Blencong P.P.B.B.P. têtêp botên ewah.

Têdhak dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana anjumênêngi conferentie. Miturut wartos, têdhak dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana anjumênêngi conferentiening para bupati ing Malang ing wulan Mèi ngajêng punika, kondur dalêm badhe mampir ing Madiun, nyare wontên ing Grand Hotel Sarangan, enjingipun têdhak dhatêng Maospati, Ngawi tuwin Mantingan, lajêng dhatêng Surakarta, saking Surakarta dhatêng Magêlang anjumênêngi conferentie para bupati ing Jawi Têngah, salajêngipun anjumênêngi conferentie para bupati ing Jawi Kilèn wontên ing Bandung.

M.H.S. tuwin A.M.S. ing Surabaya. Kawartosakên bilih ing Surabaya badhe kaêdêgan Middelbare Handels School, dene Algemeene Middelbare School ing Malang badhe kadadosakên satunggal wontên Surabaya. Pamulangan kalih pisan wau badhe kadèkèk wontên ing filiaal H.B.S. ingkang sapunika dipun ênggèni veldpolitie. Nanging jalaran pindhahing veldpolitie wau taksih dangu, tumindakipun sawêg benjing taun 1939.

Arta kêrtas palsu. Pulisi ing Mênado nyêpêng têtiyang bangsa Tionghwa pintên-pintên ing Tondano ingkang kadakwa nyêbar arta kêrtas palsu anggangsal rupiyah. Arta wau kakintên damêlan saking Tiongkok. Mênggah bedanipun arta kêrtas wau ingkang palsu wau kalihan ingkang botên, ungêl-ungêlan ingkang lêrêsipun Haarlem, mungel Haarlen. Kajawi punika, arta kêrtas palsu wau manawi kenging toya lajêng mutah cètipun.

Damêl sarêm ing Kalikobak. Wiwit tuwuhipun jaman ngrêkaos, tumrap têtiyang ing dhusun Kalikobak, Sragèn, sagêd angsal panggêsangan sarana damêl sarêm mêndhêt saking toya sumur ingkang kenging kadamêl sarêm, lajêng kenging katêdha utawi kasade kangge cagak gêsang. Ing sapunika wontên dhawuh saking ingkang wajib, pandamêlipun sarêm saking sumur wau namung kaparêngakên ing salêbêtipun nêm wulan malih.

--- 523 ---

Parêpatan para dhoktêr kewan. Benjing tanggal 13, 14, 15 tuwin 16 Juni ngajêng punika ing Bêtawi wontên parêpataning para dhoktêr kewan ing saindêngipun tanah ngriki. Ingkang badhe parêpatan punika botên ngêmungakên dhoktêr gupêrmenan kemawon, ugi tumrap golongan dhoktêr sanès-sanèsipun. Mirid rancangan badhe wontên rêmbag wigatos 25 bab. Parêpatan punika angsal pambiyantu warni-warni saking parentah tuwin saking sanès.

Pêpanggihan familie bond P.W.B. Nalika tg. 17 ingkang kapêngkêr familie bond "Pusoro Wargo Banyurip" ngawontênakên pêpanggihan manggèn wontên griyanipun R. Darmodirêjo ing Gênêng, Jombang, dipun pangajêngi dening R. Sukarno Cindar Harimurti. Pêpanggihanipun para kadang P.W.B. sami anêtêpakên para pangrèh agêng P.W.B., sami darah Banyurip.

Para familie P.W.B. sadaya para turun-turuning Nata Jawi, lan P.W.B. gadhah idham-idhaman badhe nyawijèkakên kadang lan angèsthi luhuring budi nyambut damêl gotong royong, abêbrayan. Dene sumêbaring darah wau mèh pinanggih ing pundi-pundi, mila nalika ngawontênakên pêpanggihan wau kathah ingkang dhatêng saking sanès nagari (P).

Pamulangan luhur dhoktêr. Lulus doctoraal examen perangan kapisan, Tuwan Bêrmawi. Lulus doctoraal examen perangan kaping tiga, Tuwan Siok Hie Ko.

Obat nyamuk. Ingkang sampun kalampahan, obat nyamuk punika ingkang kadamêl bangsaning sêkar pêthak asli wêdalan saking Jêpan. Nanging sarêng sapunika kawontênanipun pinanggih kados makatên, botên sagêd andhatêngakên barang ingkang kados makatên wau. Dene wijining tanêman wau sampun nate wontên ingkang angsal, nanging sarêng dipun tanêm wontên ing tanah ngriki botên sagêd gêsang. Ing sapunika bawah Surakarta wontên ingkang nanêm sêkar ingkang kenging kangge obat nyamuk wau wontên ing parêdèn Mêrapi, sagêd sae, ing pangintên lajêng badhe sagêd dipun tangkarakên. Dene pandamêling obat nyamuk wau, dipun abêni lisah pèt, lajêng kenging kadamêl kadosdene obat nyamuk limrah.

Durjana ingkang malêbêt dhatêng toko mas ing Surakarta. Ingajêng sampun nate kawartosakên, ing Surakarta wontên durjana malêbêt ing toko mas lajêng nêdha barang-barang, salajêngipun kenging kacêpêng. Tiyang wau ingajêng ngakên nama Rama. Kala kacêpêng mawi nandhang tatu jalaran kenging pistul, ing sapunika sampun saras. Tiyang wau sajatosipun nama Abdullah, ingajêng dados warga marine, sampun nate kaukum, saha sampun nate nindakakên apus wontên ing Bandung. Salajêngipun badhe kapriksa prakawisipun, saha ugi badhe kapriksa ing bab babagan prakawis ing Bandung.

Mèngêti adêging Raad Kawula 20 taun. Miturut wartos benjing tanggal kaping 18 wulan Mèi ngajêng punika, Raad Kawula badhe mèngêti adêgipun sampun 20 taun, mawi ngêdalakên buku amèngêti tidak ing salêbêtipun 10 taun.

NAGARI WALANDI.

Upacara mbabtis. Kawartosakên benjing dhawahing dintên pambabtis dalêm Putri Beatrix, badhe wontên golonganing lare-lare kathah sami mênyanyi wontên ingarsa dalêm Sri Paduka Prinses Juliana tuwin Sri Paduka Prins Bernhard ing pura Noordeinde.

Angsal-angsalanipun K.L.M. Miturut palapuran, angsal-angsalanipun K.L.M. ing salêbêtipun taun 1937 wontên f 8.900.000.-, mindhak 2 yuta rupiah tinimbang taun ingkang kêpêngkêr. Arta pambiyantu saking parentah têtêp f 1.550.000.-.

Pikramèn agung. Benjing tanggal 4 Mèi ngajêng punika Prins Louis Ferdinand van Hohenzollern badhe krama kalihan Groothertogin Kyra saking Ruslan, ijabipun wontên ing Doorn, nagari Walandi, katindakakên dening hofdrediker Dr. Dohring.

EROPA.

Golongan ambalela kêcêpêng. Codreanu, pangajênging ebah-ebahan fascist ing Rumenie, kanthi têtiyang andhahanipun cacah 200 sami kacêpêng. Têtiyang wau pinanggih sawêg arak-arakan wontên ing Bukarest, dene kajêngipun badhe ngêbrukakên parentah.

Kitha sangandhaping siti. Wontên wartos, ing Paris wontên rêmbaging para pangagêng, nêdha badhe ngawontênakên kitha ing sangandhaping siti, lêbêtipun 80 m lêrês sangandhaping kitha Paris. Tata wangunanipun botên beda kados kitha limrah. Sêdya ingkang makatên wau pêrlu kangge anjêmbarakên têbaning kitha utawi kangge pandhêlikan samangsa wontên bêbaya.

[Iklan]

Kasangsaran motor mabur. Motor mabur militèr Italie ingkang anggêgana wontên sanginggiling papan anggêgana ing Lonate dhawah wontên sacêlaking kitha Serravalle Sesia. Tiyang 3 punggawaning motor mabur wau sami tiwas, tuwin wontên satunggal ingkang nandhang tatu.

Lindhu ing Turki. Ing Dhistrik Kirshehir, Turki, wontên lindhu agêng sangêt, kawêkasanipun wontên dhusun 15 sami sirna babar pisan. Cacahing tiyang ingkang kasangsaran dèrèng kasumêrêpan. Miturut wartos ingkang kantun, têtiyang ingkang tiwas kintên-kintên 250.

Ngapuntên dêdosan. President Benesj ing Tjsecho Slowakije anandhatangani sêrat karampungan bab ngapuntên têtiyang dêdosan 1000, ingkang kadakwa gadhah tindak mitênah, kajawi ingkang pancèn dosa agêng tuwin sêpiyun.

Sisa granaat anjêblos. Ing sacêlakipun Nervesa Della, Italie, wontên lare manggih sisa granaat ing kala jaman pêpêrangan. Granaat wau lajêng dipun bêkta, wusana lare wau dhawah, granaat wau anjêblos, larenipun tiwas. Wontên lare 9 ingkang tut wingking ugi sami tiwas.

ASIA.

Nunggilakên golongan. Wontên wartos, bilih ministêr babagan salêbêting praja Jêpan, Admiraal Suetsugu, badhe mangagêngi sawarnining golongan pakêmpalan pulitik, supados sagêd nunggil dados pakêmpalan kabangsan.

Bom anjêblos wontên salêbêting motor mabur. Satunggiling motor mabur ingkang anggêgana saking Hongkong dhatêng Hankow, ingkang dipun tumpaki T.V. Soong tuwin bangsa Tionghwa sanès-sanèsipun ingkang pangkat inggil, nalika wontên têngahing margi wontên bom ing salêbêting kanthong post anjêblos.

AMERIKA.

Tampi wêlingan motor mabur. Miturut wartos, Amerika nampi wêlingan motor mabur saking Inggris 100 iji, sami motor mabur pirantos pêrang, kangge ambucal bom, ingkang lampahipun rikat sangêt.

AFRIKA.

Tindakipun tilas Nata Ngabêsi. Tilas Nata Ngabêsi mêntas kintun sêrat dhatêng Volkenbond, ingkang suraosipun taksih badhe ngintunakên wêwakil ing parêpatan.

--- 524 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Budimirowic.

69

Para nyai-para nyai wau lajêng enggal-enggal murugi gustinipun. Sarêng sami sumêrêp wontênipun griya tiga wontên ing sangajênging kaputrèn ingkang sakalangkung èdi wau, gumunipun tanpa upami. Dene Dèwi Sabawa piyambak, botên beda kadosdene limrahipun para wanita, inggih lajêng kapengin sumêrêp mênggah kawontênanipun griya tiga wau. Salajêngipun sang putri nuntên enggal-enggal busana, mawi ngagêm dhuwung, sarta lajêng ajak-ajak salah satunggal putri santana mêdal saking kaputrèn prêlu amriksani kawontênanipun griya enggal tiga punika. Sarêng dumugi ing griya ingkang ăngka satunggal, sang putri kèndêl amirêngakên wontên ing jawi. Ing nglêbêt kamirêngan kumrincinging arta êmas tuwin salaka ingkang sawêg dipun etang ing tiyang. Malah sajatosipun punika bandhanipun Budimirowic ingkang sawêg kaetang saha kawadhahan ing pêthi. Sang putri lajêng murugi griya sanèsipun saha lajêng amirêngakên kanthi yêktosan. Ing nglêbêt griya ngriku sang putri mirêng suwaraning tiyang klêsik-klêsik: Inggih punika tiyang èstri sêpuh ingkang sawêg anêmbah dhatêng Pangeranipun, amêmuji sarta anênuwun supados anakipun jalêr sagêda wilujêng lan sênêng gêsangipun. Salajêngipun sang putri nglajêngakên tindakipun dhatêng griya ingkang ăngka tiga, wontên ing ngriku sang putri inggih lajêng amirêngakên malih. Ing nglêbêt kamirêngan suwaraning clêmpung mawi dipun timbangi ing suwara ingkang êmpuk lan sakeca, sarta mawi dipun gerongi dening para mudha sawatawis. Awit ing kala punika Budimirowic sawêg sênêng-sênêng kalihan para andhahanipun.

Ing sanalika punika ing sanubarinipun wanita kêkalih wau tuwuh manahipun kapengin sangêt lumêbêt ing griya ngriku prêlu badhe anêksèni anggènipun para mudha sami sênêng-sênêng wau. Kanthi alon-alon putri kêkalih wau lajêng ambikak kori ingkang anjog ing kamar ingkang ăngka satunggal. Ing nglêbêt ngriku katingal sae lan asri sangêt, pangêcètipun êpyan angemba ngawiyat anggadhahi raos gêsang sayêktos, wulan saha lintang-lintangipun ingkang abyor sumorot amadhangi ing kamar wau, dene ing pojoking kamar sulak abrit pêpêthanipun surya ingkang badhe mlêthèk. Saking ngriku putri kêkalih wau lajêng sami nginjên ing salêbêting kamar sanèsipun. Mênggah kawontênanipun kamar ingkang ăngka kalih punika, kajawi langkung jêmbar ugi langkung èdi katimbang kamar ingkang ăngka satunggal. Ing salêbêtipun kamar ngriku wontên para mudha ingkang sami mangangge sarwa sae lan pèni cacahipun tigang atus, ingkang ing kala punika sawêg sami jêjogedan tuwin têtêmbangan. Nanging dumadakan ing wêkdal punika para mudha wau ujug-ujug sami sumêrêp dhatêng sang putri, lan sadaya lajêng sami kèndêl anggènipun sami jêjogedan tuwin têtêmbangan sarta lajêng sami nyawang dhatêng sang putri wau. Dèwi Sabawa sakalangkung kagèt, sakala punika karaos sariranipun sakojur gumêtêr, tuwin mastakanipun karaos mubêng. Sarêng Budimirowic nyumêrêpi ingkang makatên punika, enggal-enggal lajêng murugi sang putri, nyandhak astanipun saha lajêng umatur dhatêng sang putri makatên:

Sangêt bingahing manah kula, dene panjênênganipun sang putri, putra kapenakanipun Prabu Wladhimir, krêsa angrawuhi ing pondhok kula punika.

Priksa wujuding tiyang anèm ingkang bagus tuwin karêngga ing busana wau, sang putri rumaos kapranan panggalihipun, nanging mêksa katingal lingsêm sangêt, ewasamantên, sang putri lajêng amangsuli makatên:

Nuwun, lan kaparênga kula ngaturi sugêng panjênêngan Sang Budimirowic, dene panjênêngan samangke sampun dumunung wontên ing ngriki. Walèh-walèh punapa, sajatosipun kula rumaos sampun cocog kalihan panjênêngan, lan kula inggih botên badhe selak saupami kapêndhêt dados garwa ing panjênêngan.

Patrapipun sang putri ingkang makatên punika, sajatosipun inggih kirang ngèstrèni, nanging mênggahing Ruslan ing jaman kinanipun wanita punika dipun wênangakên naros dhatêng priya dados têtimbanganipun. Malah dumuginipun samangke, tumraping salaki rabi, wanita ing Ruslan punika langkung mardika katimbang ing nagari sanès-sanèsipun.

Budimirowic punika asli saking sanès praja, inggih punika saking Penesiah, ing ngriku tatacaranipun beda sangêt kalihan ing Ruslan. Amila sarêng mirêng ngandikanipun sang putri ingkang makatên punika, lajêng enggal-enggal amangsuli makatên:

Sajatosipun kula sampun rêmên dhatêng panjênêngan, dhuh sang putri. Nanging kula botên cocog manawi panjênêngan ingkang naros kula supados kula puruna dados têtimbangan panjênêngan. Ing nagari padunungan kula punika, kênya amung pasrah, ingkang wajib anglamar punika jêjaka.

Mirêng aturipun Budimirowic ingkang makatên wau, sang putri sakalangkung anggènipun lingsêm ngantos waspanipun daleweran. Astanipun enggal-enggal dipun uculi saking tanganipun Budimirowic, saha lajêng tumuntên kondur dhatêng ing kadhaton. Badhe kasambêtan.

__________

Isinipun: Kawah Ijèn - Marsudi Gêndhing Jawi - Pèngêtan Sugêngipun Suwargi Sultan Sêlangor - Unta - Andhap Asor - Bab Suryawirawan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

--- 65 ---

Nomêr 17, 27 April 1938, taun III

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Mèngêti R.A. Kartini.

Kala tanggal 21 April punika, ing dalêmipun Radèn Ngabèi Sasraadikusuma, College van Gedelegeerden, ing Salembaplein, Batawi, kawontênakên pahargyan mèngêti suwargi panjênênganipun R.A. Kartini. Ing kala punika up amtênar Bale Pustaka, Dr. K.A.H. Hidding tuwin sanès-sanèsipun ugi rawuh prêlu ngaturakên buku babaran enggal ingkang sawêg kawêdalakên wontên ing dintên wau, inggih punika prêtalan sêrat-sêratipun R.A. Kartini ing basa Malayu.

[Grafik]

Tuwan Dèrèng. K.A.H. Hidding tuwin amtênar kêkalih ing kantor Bale Pustaka ingkang tumut anjênêngi pèngêtanipun R.A. Kartini. Putri ing têngah R.A. Sumatrisasra Adikusuma.

Kados para maos kathah ingkang sampun uninga, bilih Radèn Ayu Sumatri Sasraadikusuma punika ingkang rayi R.A. Kartini. Ing padatan, sabên taun kawontênakên pahargyan mèngêti R.A. Kartini. Ing taun punika Bale Pustaka ugi tumut mahargya panjênênganipun suwargi wau ingkang kenging dipun wastani ragi langkung.

Radèn Ayu Sasraadikusuma punika kaparêng ambiyantu dhatêng kantor Bale Pustaka, kanthi amaringi nyambut gambar-gambar kulawarga tuwin mitra-mitranipun R.A. Kartini, ingkang dèrèng nate dipun giyarakên. Kajawi panjênênganipun, ingkang bupati Japara sapunika, Radèn Adipati Arya Sukahar ugi ambiyantu aparing gambar tanah wutah rahipun

--- 66 ---

R.A. Kartini tuwin sawangan kitha Japara warni-warni.

Buku ingkang kaaturakên dhatêng Radèn Ayu Sumatri Sasraadikusuma punika kadamêl adèn, anggèning ngaturakên panjênênganipun Dr. Hidding kanthi wêdhar sabda cêkakan, saha tinampi ing panjênênganipun Radèn Ayu Sasraadikusuma.

Para kadang warga suwargi R.A. Kartini nalika nguningani buku adi wau katingal sami rêna ing panggalih, ing sêmu katingal, bilih tindak makatên punika badhe ngindhakakên sumêbaring pangajêng-ajêngipun ingkang suwargi tumrap kamajênganing nagari.

Pêpanggihan ing kala punika katingal sarwa rêsêp-rinêsêpan, wusana sasampuning dumugi anggèning lêlênggahan, lajêr[4] bibaran, wilujêng.

Kangjêng Radèn Ayu Adipati Tasikwulan.

Kala dintên Salasa Kliwon tanggal kaping 4 Sapar Jimawal 1869 utawi kaping 5 April 1938, Kangjêng Radèn Ayu Adipati Tasikwulan, pangagênging parentah kaputrèn ing salêbêting kadhaton Surakarta, kalêrês tumbuk yuswa 64 taun. Ing dintên wau ing kadhaton kawontênakên lêlênggahan sawatawis.

[Grafik]

Kados para maos ing sajawinipun Surakarta dèrèng patos dhamang dhatêng kawontênaning pangkat wau. Mila ing ngriki prêlu kaandharakên sawatawis mêndhêt saprêlunipun kemawon.

Ing salêbêting kadhaton punika wontên paprentahan ingkang katindakakên maligi ing para èstri, pangagêngipun apangkat adipati, adipati punika pangkat sanginggiling bupati, sanès sêsêbutaning bupati. Adipati wau anggadhahi karerehan sanès-sanèsipun, tumraping damêl, ugi wontên mantrinipun pulisi punapa. Cêkakipun caking damêl sami kemawon kalihan paprentahan. Namung samantên.

Ing salajêngipun, ing abipraya (susipun para abdidalêm tuwin sanès-sanèsipun) ugi dipun wontênakên pahargyan ada-adanipun darah rah Tus Pajang (Yasadipura I) panjênênganipun ingkang pinahargya punika darah Tus Pajang. Mahargya tumbukan wau mawi arak-arakanipun abdidalêm prajurit, ngarak gambaripun ingkang pinahargya, bidhal saking wirengan dhatêng abipraya.

--- 67 ---

Ing dalu dhawahing pahargyan wontên utusan dalêm bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, rawuh ing abipraya, ngiras jumênêng wêwakilipun ingkang pinahargya. Ing ngriku kawontênakên wêdhar sabda ingkang suraos mêmuji dhatêng kasugênganipun Kangjêng Radèn Ayu Adipati Tasikwulan. Wilujêng dumugi bibaran.

Botên langkung Kajawèn ugi andhèrèk mêmuji dhatêng kasugênganipun ingkang pinahargya, sampun kirang satunggal punapa.

Bab Olah-olah.

Thiwul Pisang Kluthuk.

Kados para nupiksa botên kêkilapan punapa ingkang dipun wastani thiwul, mênggah têtêdhan thiwul wau ingkang limrah lan kaprah ingkang dipun damêl gaplèk pohung. Ananging ugi wontên malih thiwul ingkang dipun damêl punika pisang kluthuk, wondene mênggah pandamêl sarta pangolahipun kados ing ngandhap punika:

Amundhuta pisang kluthuk ingkang sawêg suluh, lajêng dipun oncèki ingkang rêsik, sampun pisan-pisan kakumbah. Sasampunipun rampung anggèning ngoncèki, lajêng kasigar-sigara, sabên pisang satunggal ulêr kadadosna tigang iris (tigang blebekan) yèn sampun rampung anggèning nyigari sadaya, tumuntên kapepea mawi lambaran utawi kepang (kados sacaraning mepe gaplèk), yèn pamepenipun sampun garing saèstu, punika sawêg kenging kadhêplok, namung sadèrèngipun kadhêplok kêdah dipun icali tlutuhipun rumiyin ingkang sampun sami garing tumèmpèl ing irisan pisang wau, caraning ngicali tlutuh kêdah kakêrok ngangge lading, supados enggal rêsik. Yèn sampun rampung sadaya pangêrokipun, punika sawêg kenging kadhêplok. Wondene pandhêplokipun kêdah ingkang alon-alon, ingkang supados

kalênthêng (isining pisang) wau botên ajur, lan sagêda pisah lan gaplèkipun, sarampunging dhêplok lajêng dipun tapèni, mila dipun tapèni, supados

[Grafik]

Pisang kluthuk dalah jantungipun.

kalênthêng wau gampil pambucalipun, tur sagêp[5] rêsik saèstu. Sarampunging napèni, sawêg kenging kaêdang. Inggih punika botên beda ngêdang kados sacaraning ngolah thiwul gaplèk pohung.

Mênggah raosipun thiwul pisang kluthuk wau botên [bo...]

--- 68 ---

[...tên] purun kawon ecanipun kalihan thiwul gaplèk pohung, kajawi anggadhahi raos gurih, inggih wontên lêginipun, sanajan tanpa gêndhis, tur ngage[6] tuntung sêdhêp, kados yèn kangge nyêgah pawong mitra utami tamu, ingkang sawêg sami katêmbèn dhahar, dados botên badhe nguciwani, lajêng sagêd priksa yèn punika thiwul pisang kluthuk. Mathuking pandhaharipun wanci sontên bibar wungu sare, kathik kalêrês dintên Minggu, unjukanipun wedang tèh, nyamikanipun thiwul pisang kluthuk, sinambi maos sang dyah rara Kajawèn.

Kajawi kasêbut ing nginggil, gaplèk pisang kluthuk punika yèn kasimpên sagêd kiyat ngantos sataun, saugêr pamepenipun sagêd garing saèstu.

Pun S.W. Rêmbang

Sinjang Kakrasana.

Sinjang Kakrasana punika latar cêmêng bangsaning cêplok, wujudipun prasaja, nanging katingal ngrawitipun, wujudipun ngêngrêng. Malah pinanggihipun wontên ing sawangan, pantês dados pangagêmanipun para agêng ingkang sampun yuswa.

[Grafik]

Nama Kakrasana, punika sampun cêtha bilih pêndhêtan saking namaning ringgit, nanging lajêng kapirid saking wujud ingkang pundi, awit botên wontên ingkang mèmpêr wujuding ringgit Kakrasana.

Nanging mênggahing sajatosipun, sêratan punika pancèn wontên ingkang mêndhêt saking raosipun, sairib kados kajêng raosing gêndhing. Wontên ingkang raos grêgêt, berag, mêmêlas. Makatên ugi mênggahing sinjang, wontên ingkang wujudipun ngrêsêpakên, wontên ingkang cakrak, wontên ingkang ngurang-ajari tuwin sanès-sanèsipun. Dene tumrapipun sinjang Kakrasana, punika wandanipun cakrak, nanging prasaja.

Sinjang Kakrasana punika golonganing sêratan ingkang ngrawit, kathah lêluwêsanipun ingkang anjalari pantês, soganipun nyarambahi ing sêratan, cêmênging lataripun pinanggih sumêblak. Mila tumrap sinjang kados makatên punika kêdah dipun ugi[7] yêktos murih cêmênging wêdêlanipun.

Namung sarèhning raos dhatêng sinjang punika cocogan, namung kasumanggakakên.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [525] ---

 


Dilanjutkan pada hlm. 513. (kembali)
wadhag. (kembali)
lêlêthêking. (kembali)
lajêng. (kembali)
sagêd. (kembali)
ngangge. (kembali)
udi. (kembali)