Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Image

Ôngka 37, Stu Pa, 7 Mulud, Jimawal 1869, 7 Mèi 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Pajagèn Bêbaya ing Gagana - Lotre - Postspaarbank - Aksara Gêndhing - Kawontênan ing Sêpanyol - Wiraosan Sêrat - Andhap-asor Unggul Wêkasane - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman bocah.

Pangungsêt

Lêpat punika dados margining lêrês

Wontên pangandikanipun tiyang sêpuh: wong kang arêp wêruh ing bênêr, iku kudu ngambah ing luput.

Têtêmbungan ingkang kados makatên wau, manawi dipun tampi lômba, tiyang lajêng dhangan kemawon anglampahi dhatêng kalêpatan, malah kêladukipun angugêmi bilih tiyang punika tamtu anglampahi lêpat, botên sagêd badhe selak malih.

Kêkajêngan ingkang kados makatên punika inggih sampun lêrês, namung kajêngipun wontên warni kalih, 1 têtêp anggènipun ngrumaosi bilih tiyang punika pangawak apês, saha badhe apês ing salami-laminipun. 2 Apêsipun wau lajêng dipun sambêti panalôngsa. Dene panalôngsa wau ingkang atêgês sumêrêp yêktos dhatêng kalêpatanipun. Dados tiyang badhe sumêrêp ing lêrês kêdah ngambah dhatêng lêpat, punika sumêrêp yêktos bilih lêpat punika manawi dipun ambah, badhe nyimpang saking lêrês, kajêngipun sampun sok dipun ambah. Ing ngriki lajêng kêtingal wontên sêsulakipun sakêdhik, manawi suda anggèning ngambah lêpat, punika inggih lajêng suda anggèning apês.

Raos ingkang kados makatên wau lugunipun angèl dipun gagapi. Wontên dêdongengan ingkang suraosipun kenging kangge têtimbangan dhatêng minggah mandhaping pangraos, upaminipun, pun: ha, mastani: tiyang anglampahi mandung, punika manawi angsal-angsalanipun kangge mitulungi tiyang, botên nama awon. Pun: na, mastani awon, awit punika têtêp nama mandung. Muluring rêmbag bab kados makatên punika tamtu lajêng ungkul-ingungkulan, sami matonipun.

Bab makatên punika tumrapipun tiyang andandosi kabatosan, gêgambaran wau kêdah dipun sarira piyambak, botên namung badhe mêndhêt gêgambaraning liyan. Nyataning awon sae tumraping mandung punika kadospundi. Manawi panyuraosipun nyata pinanggih, inggih namung sairib kemawon kalihan suraos ing nginggil, anggèning ngambah awon wau akajêng badhe sèlèh dhatêng sae. Nanging manawi nyata wontên sae ingkang botên mawi ngambah awon, punika sasampuning sumêrêp awon, sampun sok dipun ambah. Manawi nyata makatên, kasaenanipun wau sawêg kangge sangu ngambah lêrês. Cara luconing tiyang numpak kreta: têrus: sir.

Cêkruktruna.

--- 558 ---

Pajagèn Bêbaya Ing Gagana.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 35.

Lewisiet,

Lewisiet, ingkang manggih kapisan bôngsa Amerikah, Propesor Lewes, wontên ing wêkasaning pêrang agêng 1914-1918, dados dèrèng dipun wêdalakên ing pêpêrangan. Para sagêd ing Amerikah rumiyin ngintên manawi Lewisiet punika ampuhipun langkung-langkung saking mosterdgas, mila dipun damêl wados sangêt. Sumêbaripun Lewisiet sarêng bôngsa Inggris ing taun 1921 anggiyarakên bab gas punika. Ugi bôngsa Jêrman ingkang sagêd andamêl mosterdgas (sadèrèngipun lewisiet), ing wêkdal punika sampun sumêrêp dhatêng lewisiet.

[Grafik]

Jampi-jampi, pêrban-pêrban lan sanès-sanèsipun.

Tumanjanipun lewisiet mèh kados mosterdgas, ugi sagêd anêmbusakên pangangge, namung ampuhipun kirang saking mosterdgas. Bedanipun kalihan mosterdgas, tiyang ingkang kenging lajêng tumuntên kraos.

Lewisiet ingkang taksih awarni toya, manawi ngèngingi kulit kraos pating trêncêm lan sasampunipun 10 mênit kulit ingkang kenging dados abrit. Salajêngipun kulit wau sasampunipun 10-15 jam pating plênthung. Plênthungan wau gampil pêcahipun.

Gas sanèsipun botên prêlu dipun andharakên malih, awit dayanipun botên anglangkungi gas kêkalih punika.

Pêpèngêt kangge gas-gas bôngsa mosterdgas.

1. Manawi wontên gas dhatêng kados ingkang sampun kasêbut ing nginggil, rai dipun tutupi mawi montên têlês supados gas sampun ngantos kasêrot ing irung lan cangkêm lan ngèngingi mripat.

2. Sampun pisan-pisan ngambah panggenan ingkang wontên mosterdgas-ipun, manawi gas wau dèrèng dipun tawar (punika kangge tiyang ingkang dèrèng kenging gas).

3. Sandhangan ingkang kenging gas dipun bikak lan dipun pêndhêm.

Pitulungan kapisan.

1. Adus mawi toya angêt lan sabunan rambah-rambah, manawi sagêd mawi sabun ijêm (groene zeep) utawi zeep-spiritus. Ugi kulit kenging dipun gosok alkohol. Punika sampun kathah pitulunganipun.

2. Manawi wontên, ingkang kangge nawarakên

--- 559 ---

mosterdgas inggih punika: caporiet (triseptol). Caporiet manawi kacampurakên mosterdgas umob, mila namung kangge damêl rêrêsik siti, sandhangan, pirantos lan sanès-sanèsipun.

Kangge ngrêsiki kulit (kangge wêdhakan) mawi campuran: 1 bagean caporiet lan 2 bagean awu magnesium. Manawi tiyang kenging mosterdgas, panggenan ingkang kenging tumuntên dipun wêdhaki, ing têmbe dipun dusi kados ing bab sapisan.

3. Irung lan cangkêm dumugi têlak dipun rêsiki mawi dubbelkoolzuure soda 20%, hypermangaan oplossing 1/4000, bicarbonas natricus 2%.

Mripat dipun rêsiki mawi boorwater, bicarbonas natricus 2%.

Pratelan jampi-jampi, pêrban-pêrban lan sanès-sanèsipun, ingkang maligi kangge panulak bêbaya ing gagana, saha ingkang prêlu kasadhiyakakên ing sabên griya. Kaimpun dening panjênênganipun Tuwan Dr. P. Peverelli, Hoofd Gemeentelijke Gezondheidsdienst Bêtawi, ngrangkêp Commissaris Transportwezen roode Kruis Bêtawi.

1. Tumrap tatu enggal.

a. Snelverband No. 1-2-3.

b. Hydrophile windsels.

c. Dhus isi gas ingkang steriel.

d. Pêrban kacu mojok tiga (driekante doeken) kapuk pêthak (ontvette watten).

e. Pleister, dom canthelan gunting.

f. Dhus isi dermatolpoeder.

2. Jampi mripat.

a. Boorwater 3%.

b. Bicarbonas natricus oplossing 2%.

[Iklan]

3. Jampi kangge gorokan

a. Waterstof peroxyde 3%.

b. Kaliumpermanganaat 1/4000.

c. Bicarbonas natricus oplossing 2%.

4. Tumrap bêbaya mosterdgas.

a. Caporiet 1 bagean kacampur mawi magnesia 2 bagean (kangge panjagining kulit).

b. Caporiet 3 bagean kaêjèr mawi toya 1 bagean (kangge samukawis).

c. Caporiet (chloorkalk) kasêbar ing siti, sabên 10 m² cêkap 1 kg.

d. Chlooramine oplossing 1% (kangge ngomprès tatu).

5. Tumrap gas ingkang nuwuhakên wahing.

a. Caporiet kaêsokan cokak sakêdhik (uwabibun dipun sêrot ing irung).

--- 560 ---

b. Aspirine tabletten.

6. Tatu kobong jalaran phosphor. Bicarbonas natricus-oplossing 5% (kangge ngomprès).

7. Tatu kobong thermiet lan electron. Oplossing picrinezuur 1% (kangge ngomprès).

8. Tatu kobong sanèsipun. Vaseline ingkang steriel.

9. Jampi kangge nêlêsi klambu, srêbèt, taplak, kêmul, lan sanès-sanèsipun. (Barang-barang punika kangge nutupi lawang, jêndhela lan bolongan sanèsipun, supados gas-gas racun sampun lumêbêt ing griya lan panggenan kangge ngumpêt).

(Neutraliseerende vloeistof).

Jèr-jeran: soda-kristal sabên 200 gram kaêjèr ing toya 1 litêr, utawi jèr-jeran: sarêm limrah, sabên 60 gram kaêjèr ing toya 1 litêr.

R. Pringgadiharja, Leider gas sectie G.G.D. bat.

LOTERIJ AGÊNG

Lotêrij agêng ingkang babathènipun kangge Pakêmpalan Muhammadiyah lan sanès-sanèsipun, ingkang sampun kagêbag ing Bêtawi nalika tanggal 29 April kapêngkêr punika.

Satunggal prijs ingkang f 75.000.-: No. 14198

Satunggal prijs ingkang f 15.000.-: No. 15452

Kalih prijs ingkang f 5.000.-: No. 19552 tuwin No. 31588

20 Prijs ingkang f 1.000.-

[Grafik]

50 Prijs ingkang f 500.-

[Grafik]

300 Prijs ingkang f 100.-

[Grafik]

Java Bode

--- 561 ---

Postspaarbank Badhe Mèngêti Adêgipun Sampun 40 Taun.

Benjing tanggal 1 Juli ngajêng punika, adêging Postspaarbank sampun 40 taun. Ing dintên wau dhirèksining Postspaarbank badhe ngêdalakên buku pèngêtan.

[Grafik]

Gêdhong kantor agêng Postspaarbank ing Molenvliet Batawi, dipun sawang saking ngajêngan.

Kawontênanipun Postspaarbank punika pinanggih saya majêng, saya dangu saya dipun sumêrêpi ing tiyang kathah. Majêngipun wau botên sanès saking rekadayanipun Postspaarbank anggèning ngawontênakên propagandhah ingkang sagêd nênangi dhatêng ngakathah, lajêng sami purun tumindak gêmi. Caraning tumindakipun, tiyang punika sampun ngantos nêlasakên pamêdalipun, wontêna saperangan ingkang dipun cèlèngi, kangge jagi-jagi manawi wontên prêlu ingkang dhatêngipun botên kinintên, upaminipun sakit, agêngipun kêpêjahan, makatên ugi kangge jagi-jagi samôngsa sampun sêpuh, badan sampun botên kiyat kangge tumindak ing damêl malih.

Kajawi punika, dangu-dangu têtiyang sami pitados dhatêng santosanipun nyimpên arta wontên ing Postspaarbank, amargi arta ingkang sumimpên punika kawilujênganipun dipun tanggêl ing gupêrmèn.

Dene bab tumindaking arta ingkang tumitip, para maos kêrêp nguningani ingkang sabên-sabên dipun pacak ing Kajawèn.

[Grafik]

Ing salêbêting gêdhong Postspaarbank, papanipun kobèt, nyênêngakên.

--- 562 ---

Kagunan Jawi

Aksara gêndhing

Ingkang dipun wastani aksara gêndhing punika panganggenipun sami kemawon kalihan aksara ingkang tumrap basa, inggih punika sami kangge têngêring suwara. Manawi aksara basa kangge têngêr ambedakakên kêdaling pakêcapan, manawi aksara gêndhing kangge ambedakakên agêng aliting suwara laras wilahaning gamêlan. Ingkang sampun kêlimrah ing jaman sapunika aksara gêndhing wau dipun wujudakên ôngka, miturut namaning wilahan ing laras slendro kalihan laras pelog, inggih punika ing laras slendro namung wontên gangsal aksara, ingkang tumrap laras pelog namung wontên pitung aksara. Namaning wilahan laras slendro gangsal warni wau dipun wastani, panunggul, gulu, dhadha utawi têngah, gangsal (lima) nêm. Ingkang panunggul dipun wujudakên ôngka 1, ingkang gulu ôngka 2, têngah ôngka 3, gangsal ôngka 5, nêm ôngka 6, dene namaning wilahan laras pelog, ingkang panunggul ugi kawujudakên ôngka 1, ingkang gulu ugi ôngka 2, têngah ôngka 3, wilahan ingkang nama pelog, kawujudakên ôngka 4, gangsal ôngka 5, nêm ôngka 6, barang ôngka 7. Uruting suwara wilahaning gamêlan kalih golongan wau saking wilahan panunggul (ôngka 1) lumampah manêngên, dados saking agêng dhatêng alit. Ananging sarèhning lêlagoning gêndhing punika ingkang kathah mawi ngambah suwara agêng utawi alit, mila inggih lajêng dipun wêwahi têngêring suwara agêng kalihan alit, inggih punika sadaya ôngka ingkang mawi cêcêg ngandhap, nandhakakên agêng, manawi mawi cêcêg nginggil nandhakakên alit. Dados satunggal ôngka wau sagêd kangge tigang suwara, inggih punika upaminipun, ôngka satunggal mawi cêcêg ngandhap suwaranipun agêng, lajêng ôngka satunggal ingkang tanpa cêcêg, suwaranipun dipun wastani cêkapan, ingkang mawi cêcêg nginggil suwaranipun alit, wondene agêng cêkapan, alit punika suwaranipun dipun wastani gêmbyang (nunggil raos).

Sanadyan uruting wilahan laras pelog punika wontên warni pitu, ananging manawi dipun ungêlakên ing lesan miturut turuting raos, saking suwara agêng dhatêng alit, utawi saking alit dhatêng agêng, ingkang kangge ugi namung gangsal suwara. Sabab panganggening wilahan pelog (ôngka 4) kalihan panganggening wilahan barang (ôngka 7) wau, ingkang wilahan pelog kangge lintuning wilahan têngah (ôngka 3) utawi wilahan gangsal. Makatên ugi panganggening wilahan barang namung kangge lintuning wilahan panunggul.

Uruting wilahan laras pelog punika manawi sampun kadhapuk dados ukaraning gêndhing, inggih asring dipun angge sadaya, ananging panganggenipun, saupami wontên laguning gêndhing ingkang nuthuk wilahan têngah, môngka lajêng nuthuk wilahan pelog (ôngka 4) punika manawi badhe lumampah nuthuk wilahan sanginggilipun (ingkang langkung alit) ta-

--- 563 ---

[Iklan]

mtu nglumpati wilahan gangsal. Makatên ugi manawi saking alit dhatêng agêng, saupami lagoning gêndhing wau nuthuk wilahan gangsal môngka lajêng nuthuk wilahan pelog, manawi badhe lumampah ngagêng, tamtu nglangkahi wilahan têngah, dados panganggening wilahan pelog punika namung kangge linta-lintuning wilahan têngah utawi wilahan gangsal. Dene wilahan barang (ôngka 7) namung mligi kangge lintuning wilahan panunggul. Wondene bedaning laras slendro kalihan laras pelog punika miturut tutupaning driji dhatêng kawating rêbab, tumrap ing laras slendro, godhaging panutup katingal turut, manawi laras pelog, godhaging panutup botên turut, ing ngriki kula ngaturi gambaran uruting godhagan ingkang tumrap laras slendro kalihan pelog. Pandamêl kula, kula urutakên saking kiwa manêngên (saking suwara agêng dhatêng alit) uruting godhagan laras slendro:

[Notasi]

godhaganing laras pelog:

[Notasi]

godhaganing laras pelog barang:

[Notasi]

godhaganing laras pelog jangkêp

[Notasi]

Badhe kasambêtan

Kodrat, Batawi Sèntrum.

--- 564 ---

[Grafik]

Kawontênan ing Sêpanyol

Para maos kados botên kêkilapan dhatêng kawontênan ing Sêpanyol. Ing ngriki prêlu ngêwrat gambar-gambaripun, supados kauningan ing para maos.

Gambar nginggil sisih kiwa: kitha Barcelona sasampuning kadhawahan bom tuwin untabing golongan Roode Kruis tumindak têtulung. Sisih têngên: karisakan ing salêbêtipun kitha ingkang langkung cêtha. Ngandhap piyambak, untaping têtiyang ingkang sami ngili.

--- 565 ---

Wiraosan Sêrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 36

Sawêg ambiyaki kemawon, rumaos kula sampun manggihi têmbung-têmbung ingkang mlèsèd anggènipun anjarwani, dados botên kagêpok wosing têgêsipun, kados ta:

Ali-ali tamengan, dipun jarwani: zegelring = ali-ali kanggo ngêcap tôndha asma. Sasumêrêp kula yèn cara Ngayogyakarta ali-ali tamengan punika sêsupe ingkang cakriking pasrènipun sawarni tamèng, kajawi punika kula dèrèng nate mirêng supe cap (zegelring) dipun wastani supe tamengan. Miturut pangandikanipun priyantun saking Surakarta ingkang undhagi ingatasing basa lan kasusastran Jawi (doctor Oostersche letteren ingkang kacathêt kapunjulanipun) tumraping Surakarta bab punika botên wontên bedanipun kalihan ing Ngayogyakarta.

Sandhung jêkluk tiba kabruk. Dipun jarwani: (plotseling) het te pakken hebben (iz. Verliefdheid) punika cara Jawinipun kirang langkung: dumadakan kataman bangêt (khususe kanggo wong kang kataman ing asmara). Punika saking pamanggih kula babarpisan malèsèd anggènipun anjarwani. Wontên ungêl-ungêlan: sandhung jêkluk sambate Jaka Tingkir. Tiba kabruk: Jaka Tingkir. Wahing: Jaka Tingkir. Watuk: Jaka Tingkir. Punika têgêsipun: Jaka Tingkir dados sêkar lathi, het is Jakatingkir voor en Jakatingkir na. Swargi Sang Cato punika sadhung jêkluk pangandikanipun: kartago kudu dirêmuk. Heeft Cato plotseling een zwere verliefdheid te pakken voor de verwoesting van Carthago?

Ngêmping lara anggenjah pati, dipun jarwani: zich als getroosten (om zijn doel te bereiken) = (kirang langkung) lara pati diêtohake supaya katêkan sêdyane. Punika ugi mlèsèd, mêsthinipun: anjarag golèk lara lan golèk mati kang tanpa dunung = prasasat nglalu = opzettelijk noodeloos zijn leven wagen, net zoo goed als zelfmoord plegen. (Ngêmping lara = anjaluk êmpingan lara, anggenjah pati = anggege pati sadurunging môngsa).

Mandi, dipun jarwani: krachtig, scherp, vinnig = rosa, landhêp, pêdhês. Punika mlèsèd malih, mêsthinipun: ampuh, andayani = effect sorteeren. Kathah kemawon ginêm ingkang kêras, landhêp, pêdhês, nanging botên mandi, kosokwangsulipun: wontên ugi wicara ingkang manis arum, nanging mandi.

Dipêngkokake, dipun jarwani: gestuit = diêndhêgake, dipalangi. Punika mlèsèd malih, mêsthinipun: dipun pèpètakên (letterlijk) = in het nauw drijven. Entar: dipun wêlèhakên ingkang ngantos kalingsêman = op beschamende wijze op zijn nummer zetten, schaakmat zetten.

Disampluk. Dipun jarwani: een slag, veeg over het gezicht krijgen (met stok, rug van de hand enz) punika radi kèwêdan anggèn kula badhe anjawèkakên, slag utawi veeg punika têgêsipun: gêpokan ingkang sawatawis sora. Jarwanipun punika saking pamanggih kula mlèsèd malih. Kêsampluk punika têgêsipun kasabêt ing barang [ba...]

--- 566 ---

[...rang] kakên ingkang mobat-mabit = door een zwaaiende beweging van een hard en stomp voorwerp getroffen. Yèn barangipun botên mobat-mabit, botên kenging kawastanan kêsampluk. Yèn barangipun wau alit lan lêmês, lajêng botên nama kasampluk, nanging kasabêt.

Atut (atut-runtut), dipun jarwani: het (reeds) goed samen kunnen vinden (jonggehuwden) = wis bisa rukun (pangantèn anyar), punika ugi mlèsèd. Mêsthinipun kêdah kabedak-bedakakên: atut lan atut-runtut. Atut-runtut punika têgêsipun: rukun, botên cêcongkrahan, nanging: atut (tumraping pangantèn enggal) punika atêgês: sampun sae, sampun carêm = reeds vleeschelijke gemeenschap met elkaar hebben. Katandhingna têmbung: ''patutan''.

Kados sampun cêkap kula punggêl samantên kemawon pratelaning têmbung-têmbung ingkang mlèsèd anggènipun anjarwani.

Kajawi mlèsèdipun anggène anjarwani, kados têksih wontên malih kuciwanipun, inggih punika kêkiranganing têmbung-têmbung ingkang dipun jarwani, kados ta:

Namaning para dewa lan para satriya ingkang dados pokoking lêlampahan ing pawayangan botên kawrat ing sêrat punika, makatên ugi namaning kêrtu.

Têmbung angguran ingkang atêgês: tiyang ingkang botên sagêd angsal padamêlan (werkloozen) ugi botên kawrat. Makatên ugi têmbung-têmbung:

Basuki.

Samparwangke. (gev. Tumraping Cilacap) tunggil têgês kalihan: sandhung watang.

Ngilani, ingkang atêgês angina kasagêdaning tiyang.

Kêsamplak, ingkang tunggil têgês kalihan kêsampluk, namung kaot barangipun radi panjang, ect.

Miturut hukumipun Drs. Melema mêratsêrat. Bausastra Pigeaud punika dados têtugu ing margining pasinaon basa Jawi, sarta dipun antu-antu 60 taun laminipun.

Badhe kasambêtan.

Kandhiyur.

Gambar R.A. Kartini

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni gambaripun R.A. Kartini 2 iji, saking toko buku Pustaka Nasional ing papilyun, G.N.I. Surabaya. Gambar wau beda kalihan gambar ingkang sampun kêlimrah. Gambar punika wujud mawi ukêl agêng rinêngga ing sêkar. Pangêcaping gambar punika wontên ing plui, nanging dlancangipun kandêl tuwin gilap, saupami dipun plangkani inggih sae, kenging kangge rêrênggan tembok, rêginipun satunggal iji namung f 0.05, manawi mundhut ngantos 50 angsal sudan 20%. Para putri pantês angrimat gambar punika.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan No. 2909. Ing pariwara No. 9 wontên ungêl-ungêlan: jawaban kêdah namung dipun kintunakên kados sêrat. Jawaban ing kaca (kados pigura), kajêng, sutra utawi barang sanèsipun dalancang botên kangge. Punika pikajêngipun: sadaya jawabaning cangkriman wau kêdah kasêrat utawi katèmplèkakên ing krêtas, dados kadosdene sêrat limrah, botên kenging kasêrat utawi katèmplèkakên ing kaca, kajêng, sutra utawi barang sanèsipun krêtas. Awit wontên sawênèhing tiyang ambadhe cangkriman wau kasêrat wontên ing kaca, kajêng utawi sutra, sae sangêt, nanging punika botên kangge. Kawuningana.

--- 567 ---

Rêmbagipun: Petruk lan Garèng.

Andhap-asor unggul wêkasane

III.

Petruk : Rungokna manèh, Kang Garèng, tak banjurne andharanaku. Dadi mungguhing wong sugih, patrape nyang uwong urmat, nganggo mêndhêg-mêndhêg, nèk caturan iya ora lali anggone: hehak-hèhèk, mringas-mringis barang kae, nanging mringas-mringis ora arêp nyokot, utawa ora arêp mamèrake untune sing kinclong, nanging mringas-mringis jalaran saka rêsêpe patrape nyang uwong, lo, sing kaya ngene kiyi kêna diunèkake: wong sugih kang andêmênakake lan wong sugih kang ngrêti tatakrama, nanging durung karuwan yèn kêna ditêtêpake aran: wong sugih kang andhap-asor.

Garèng : Wèh, Truk, omongmu kuwi mau aku kok ora pati mathuk, dhing, lo, sêmono kuwi yèn aku ginanjar dadi wong sugih. Yèn aku dadi wong sugih, wis mêsthi bae yèn patrapku nyang uwong kudu sing ngrêsêpake, nanging iya wong sapa, sèh. Mêsthine iya nyang ndara wêdana upamane utawa nyang tuwan komisaris pulisi, prêlune cikbèn aja ngêngèl-êngèl uripku. Banjur nyang bangsane adpokat, prêlune yèn aku kêna ing prakara, dadi gampang anggonku arêp minta sraya. Tumrap wong-wong iki rêsêping patrapku mêsthi tak gawe luwar biyasah, malah sabisa-bisa kudu tak sobat kêras. Awit saora-orane wong isih jênêng manusa, mêsthine iya isih ana bae sing anggêdhèkake: sobat katimbang sêtatsêblat. Nanging yèn banjur kudu rêsêp karo sauwong-uwonge, wah, cilaka, Truk, ora wurung ditêmbungi utang têrus-têrusan.

Petruk : Tujune kowe ora sugih, Kang Garèng. Iya wong sugih sing kaya ngono kuwi sing pantês diarani: mangeran nyang dhuwit. Saka anggone: dhêmên, bêkti lan ngaji-aji nyang bêndara gusti dhuwit, lumrahe wong sing kaya ngono kuwi, yèn kabênêr nyang buri kok wêruh kêdhêle, iya banjur dicuthiki, awit, iki jarene iya: dhuwit, Kang Garèng. Wis, wis, Kang Garèng, saiki tak andharne wong sugih sing pantês diarani: andhap-asor kuwi. Yaiku wong sugih sing ngrumasani apês nyang Gusti mau. Dadi iya wong sugih kang ngrumasani, yèn kabèh kang kumêlip ana ing donya iki Gusti kang kagungan, mulane iya banjur ngrumasani, yèn kasugihane mau iya kagungane Gusti, nanging saikine digadhuhake nyang awake. Ing sarèhne ngrumasani mung digadhuhi bae, mêsthine dhawuhing Gusti iya tansah diturut kanthi sênênging ati, apa dhawuhe Gusti kuwi, yaiku: jakat pitrah, driyah, dhêmên tulung nyang sapadhaning umat, lan sapiturute. Yèn kabèh iki dituruti kanthi têmên-têmên, apa iya ora slamêt, awit, uwong sing arêp angaru-biru, gêdhene arêp ngalani, mêsthine iya ora têgêl, ora kolu, jarene: eman-eman, wong bêcike ora jamak. Ing sakawit [sakawi...]

--- 568 ---

[...t] mung eman bae, nanging suwe-suwe uwong-uwong rak padha ngaji-aji. Mara, apa pungkasane ora banjur luhur. Iya pratingkahe wong sugih sing kaya ngono kuwi, yaiku: saka ngrumasani apês nyang Gusti mau, banjur urmat, dhêmên, asih, lan sapiturute, nyang sapadhaning titah, kang pantês diarani: andhap-asor luhur wêkasane mau.

[Grafik]

Garèng : Dadi pathokane ing kono kudu ngrumasani apês tumrape Gusti. Nèk kanggone wong sugih, pancène iya ora pati ngrêkasa, awit dhuwite wong iya turah-turèh. Hla nèk wong kaya saaku iki, sing pamêtune mung-mungan, apa iya ora rêkasa bangêt, sing kêrêp malah mung kudu muring-muring nyang Gusti bae. Kaya ta: sênêng-sênêng olèh bêbathèn sêpuluh rupiyah upamane, dumadakan anak lara, kang banjur kapêksa kudu ngundang dhoktêr, tuku tômba, nganti bêbathène sing sêpuluh rupiyah banjur amblas, ora mèlu mangan sarini-rinia.

Petruk : Lho, yèn lagi ginanjar kaya ngono kuwi kowe kudu migunakake têmbung: tujune. Tujune olèh bêbathèn sêpuluh rupiyah, ajaa rak ora bisa mragadi anakku sing lara.

Garèng : Saupama dilêpas saka pagaweyane, kang sabanjure bakal urip rêkasa, apa iya dikon muni tujune.

Petruk : Haiya, ta, Kang Garèng, tujune aku dilêpas saka pagaweyanaku, dadi sabanjure aku ora tau disêntak-sêntak manèh dening lurahku.

Garèng : Dadi saupama kapatèn bojomu, apa iya banjur kudu muni: tujune bojoku mati, dadi aku bisa rabi manèh. Sasat ane.

Petruk : Lho, aja kaliru tômpa, Kang Garèng, kuwi karêpe mangkene: wong ngrumasani apês tumrape Pangeran, lan ngrumasani kabèh iki kagunganing Gusti. Sarta apa sing nyang uwong kuwi kabèh mung digadhuhake bae. Dadi yèn tiba wêktune dipundhut bali dening ingkang kagungan, kudu sing rila, aja banjur ngênês lan anglalu, iki ora bêcik wusanane, Kang Garèng.

Garèng : Iya wis, Truk, saiki banjurna manèh andharanamu ing bab andhap-asor unggul wêkasane mau.

Petruk : Yèn anduwèni pangkat sing sahohah lan balônja sathekruk, aja kêmratu-ratu, têgêse: aja nganggêp wong sing dudu sajajare [sajajar...]

--- 569 ---

[...e] kayadene gêdibal bae, yèn wong sosorane manganggo rada brêgas sawatara, kuwatir yèn dipadhani, banjur mlerok bênggala.

Garèng : Iki gênah wong apangkat luhur kang ala dhapure. Sosorane kudu amênganggo kang sarwa ora ambêjaji, prêlune: wujude mênang ala kae, anggêre panganggone mênang brêgas, dadi mêksa isih bisa: mêthènthèng.

Petruk : Wiyah, ambok aja guru anyambung rêmbug dhisik. Aku tak nêrangake dhisik anane pangkat luhur kang nganggêp wong kang dudu sajajare kayadene gêdibal bae, kajaba moh kungkulan panganggone, yèn diadhêpi wong sosorane kang basane kurang jangkêp, sêmbahe kurang nrithil, banjur mlengos, sabab dianggêp wong dêgsura.

Garèng : Yah, rak iya wis mêsthine, ta Truk, wong sing ngadhêpi kuwi dudu sêpadhane, sabab panjênêngane rak putra wayahe ndara malaekat, ta, nanging rumaose ...

Petruk : Yak, ambok aja andalodog mêngkono, iya ora ana wong kang ngrumasani putra wayahe malaekat kuwi. Ora, Kang Garèng, pangkat luhur sing duwe tindak mangkono kuwi, sing sabanjure sawênang-wênang lan sawiyah-sawiyah marang bawahane, lo, kuwi rak sing ora ngrumaosi apês tumraping Gusti. Kosokbaline rumaose: sajêge nyêkêl kuwasa, abôndha-abandhu, ora bisa dhongkolan, ora bisa jêmpo, malah rumaose: kirun wanakirun bae wêdi nyang salirane. Hla, iki pangkat luhur sing ora kadunungan andhap-asor saithik-ithika. Pangkat luhur kang andhap-asor kang mêsthi luhur wêkasane kuwi, iya pangkat luhur sing kagungan rumaos apês tumrap Gustine mau. Dadi iya ngrumaosi, yèn pangkate sing anjênggarang, gêdhe panguwasane lan sathekruk balanjane, kuwi mung gadhuhan bae, sesuk utawa êmbèn pangkate mau bisa dijabêl karo Ingkang Kuwasa. Mulane iya ora wani nyang sapadha-padha arêp siya-siya, sawiyah-wiyah, utawa sawênang-wênang, nanging nganggêp sauwong-uwonge iya titahing Gusti uga.

Garèng : Dadi karêpmu, wong dadi pangkat luhur tur kuwasa kuwi, kudu sing sumèh, sing andêmênakake, sing trèsèh, cêkake sing bisa ngrêsêpake uwong. Aku ora cocog, Truk, mêngko rak kalakon ora kajèn têmênan, nèk wis ora kajèn, dayane nyang wong bawahe iya banjur pêrlop, nèk wis pêrlop dayane, mêsthine pagaweyane iya: bisae. Mara, andak iya bêcik, ta, saupama ana wong andhapan kêtêmu karo panggêdhene banjur wani ambêngoki mangkene: en tuwan bêsar ... apah kabar.

Petruk : Yah, apa sugih utang, nganti ana wong wani ambêngoki mêngkono. Kang Garèng, têgêse: patrape nyang uwong andêmênakake, ngrêsêpake, ora kok banjur karo sadhengah uwong arêp rangkul-rangkulan, utawa ngajak lim-liman mêngkono. Nanging rak bisa bae nindakake patrape nyang uwong kanthi andêmênakake, tanpa ngasorake kaluhurane drajate. [drajate...]

--- 570 ---

[....]

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

[Grafik]

Prof. Dr. R.A. Hoesein Djajadiningrat sampun 25 taun jumênêng Doktor. Ing tanggal 3 Mèi punika paduka Prof. R.A. Hoesein Djajadiningrat, warga Raad Indiya anggèning jumênêng Doktor sampun 25 taun. Anggèning angsal sêsêbutan Doktor punika wontên ing Leiden. Ing sakawit paduka Prof. Dr. R.A. Hoesein Djajadiningrat wontênipun ing tanah ngriki dados amtênaar babagan mahamakên basa-basa ingkang wontên ing tanah ngriki, wusana lajêng kaangkat dados Adjunct-Adviseur voor Inl. Zaken, ing taun 1924 jumênêng Prof. ing R.H.S.

Ing taun 1935 jumênêng warga Raad Indiya. Kathah buku karangan-karangan ingkang kawêdalakên, kados ta Aceh-Nederlandsch Woordenboek. Buku ing basa Mêlayu tuwin kasusastran, Moehammedaansche recht, Sêjarah Tanah Indiya, De Moehammedaansche wet en het geestesleven der Indonesische Mohammedanen, De Magische achtergrond van de Maleische pantun tuwin sanès-sanèsipun. Paduka Prof. Dr. R.A. Hoesein Djajadiningrat punika ingkang ngadani adêgipun Java-Istituut, tuwin pantês pinèngêtan anggèning wontên ing Koninklijk Bataviaasch Genootschap kathah kawigatosanipun.

Botên langkung redactie Kajawèn ugi andhèrèk mêmuji ing kasugêngan, sampun kirang satunggal punapa.

Veldmaarschalk Von Blomberg wontên ing tanah ngriki. Kapal Huygens ingkang dhatêng ing Tanjung Priok saking Eropa, dipun titihi Veldmaarschalk Von Blomberg, ingkang kala rawuhipun wau mangagêm pangagêman sport, nanging kala punika panjênênganipun namung pratela bilih anggèning rawuh ingriki punika namung lêlana sabibar krama, salajêngipun badhe anjajah tanah Jawi. Ing salêbêtipun wontên ing tanah ngriki rumaos rêna ing panggalih. Ing salajêngipun wangsulipun dhatêng Eropa inggih nitih kapal Huygens malih.

Pabrik prabot panyêratan. Ing Bêtawi badhe wontên ingkang ngêdêgakên pabrik prabot panyêratan ingkang kantoripun agêng manggèn ing Apeldoorn, gadhahanipun N.V. Talens en Zoom. Ing pabrik wau mawi dipun wontêni kantoran directie, administratie tuwin laboratorium. Kintên-kintên pabrik wau tumuntên ngadêg.

Kawratanipun para tukang sêpatu. Badhe adêging pabrik sêpatu Bata, tansah damêl kasamaranipun para tukang sêpatu, sanadyan para tukang sêpatu wau sampun angsal katrangan warni-warni supados botên nyamarakên, nanging mêksa botên damêl pamarêm. Ing salajêngipun para tukang sêpatu sami ngaturakên sêrat paturan dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nyuwun pangayoman ing bab punika.

Pakaryan babagan Kasarasan ngawontênakên conferentie. Pakaryan babagan Kasarasan mêntas ngawontênakên conferentie ingkang dipun pangajêngi Dr. Offringa. Ingkang karêmbag: 1 badhe nindakakên rêrigên ing bab kasarasan kanthi yêyêktosan. 2 masrahsakên têtanggêlan Praja babagan Pakaryan Kasarasan dhatêng raad-raad. 3 migatosakên ing bab wontênipun toko-toko jampi. 4 pangupakara babagan kadhoktêran ing papan paboyongan. 5 nyirnakakên bab sêsakit pathèk.

Boyongan saking Madura dhatêng Borneo. Sampun sawatawis dintên kêlampahan wontên têtiyang saking Sumênêp 26 somah 20 saking Pamêkasan tuwin 30 saking Bangkalan. Sadaya wau sami boyongan dhatêng Martapura, Borneo. Ing sadumuginipun Borneo ing salêbêtipun 15 dintên kapurih damêl griya alit-alit, kangge papan panggenanipun piyambak-piyambak. Sasampunipun makatên lajêng kapurih anggarap pasitèn cacah pitung kothak manut ukuran ingkang sampun dipun tamtokakên, pasitèn wau minangka pakaranganipun, supados dipun tanêmi bangsaning jêjanganan ingkang tumuntên kenging dipun pêthik, kados ta lombok sapanunggilanipun. Sasampunipun rampung panggarapipun sadaya wau lajêng tampi pasitèn sabên tiyang satunggal tigang bau, warni sabin, kangge nanêm pantun, jagung tuwin sanès-sanèsipun, pasitèn wau kantun maculi kemawon, lamining panggarap 2½ wulan. Salêbêtipun anggarap wau angsal pitulungan arta tuwin sanès-sanèsipun saking ingkang wajib, punapadene pirantos nyambutdamêl. Ing sasampunipun punika sawêg wiwit tumindak ing damêl piyambak.

Ukuman ingkang gunggungipun kathah. Benggoling durjana nama Alijas ing Bogor ingkang misuwur gadhah tindak awon, sampun kêcêpêng saha sampun karampungan prakawisipun. Jalaran saking kathahing prakawisipun, gunggunging ukuman ngantos 51 taun.

Dhatênging bangsa Tionghwa ing tanah ngriki saya suda. Sampun sawatawis wulan ing tanah ngriki kathah bangsa Tionghwa ingkang sami dhatêng, pêrlu sami badhe pados panggêsangan, amargi kawontênanipun ingrika sawêg ura-uru sangêt. Nanging ing sapunika pinanggih sampun suda sangêt, nandhakakên bilih kawontênan ing Tiongkok sampun ewah tinimbang kala ingajêng.

Lampah anggêgana saking tanah ngriki dhatêng Australie. Lampahing motor mabur K.L.M. saking tanah ngriki dhatêng Australie tumindaking sambêtan lampah wontên ing Surabaya têrus dhatêng Bali, sipêng ingriku salajêngipun bidhal dhatêng Darwin mampir Kupang salajêngipun dhatêng Australie.

Babagan guru. Tira, Inl. Hulponderwijzer, katêtêpakên wontên ing vervolgschool ing Blimbing, Jombang.

Tatanan nyambutdamêl kêtarik saking dayaning ulahraga. Handelsvereeniging ing Medan mêntas ngawontênakên parêpatan, ngrêmbag ngawontênakên tatanan supados sawarnining kantor ambibarakên punggawanipun wanci jam 4.30, pêrlu kangge mikantukakên dhatêng para ulahraga. Ing bab punika lajêng sampun katindakakên damêl sêrat sêbaran dhatêng sawanining kantor dagang.

Kasangaran tram lestrik ing Bêtawi. Kala ing taun 1937 wontênipun kasangsaran tram lestrik ing Bêtawi wontên 100 rambahan, nubruk opêlèt kaping 5, auto kaping 26, auto momotan 16, dhilman 16, grobag 6, sêpeda motor 1, sêpeda limrah 20, tiyang mlampah tuwin grobag surungan 10 rambahan. Kasangsaran sadaya wau adamêl tiwasing tiyang 3, kêtaton sangêt 2 tuwin tatu mayar 24. Manawi dipun timbang kalihan taun kêpêngkêr malah langkung kathah ing taun 1937.

Golongan Perhimpunan Kaum Bêtawi badhe tumbas pasitèn kangge kuburan. Wontên wartos Golongan Perhimpunan Kaum Bêtawi mêntas ngawontênakên parêpatan, ngrêmbag badhe tumbas siti wontên sajawining Gemeente Bêtawi pêrlu badhe kangge kuburan, amargi kuburan ing salêbêtipun Gemeente sakalangkung awis. Kêjawi punika badhe nyalonakên golonganipun wontên ing Gemeenteraad minangka wêwakilipun.

--- 571 ---

Badhe mêwahi sêkolahan. Wontên wartos, Departement Pangajaran badhe amêwahi sêkolahan wontên ing taun 1939, inggih punika sêkolahan H.I.S. tuwin H.C.S. Ing bab punika sampun ngaturakên usul dhatêng Parentah.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah, M. Margono, juru sêrat klas 1 ing ondêr distrik Sukaraja, kabupatèn tuwin paresidhenan Banyumas, dados mantri pulisi paresidhenan Banyumas. R. Hadisoekmo, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi veldpolitie ing Banyumas, dados asistèn wêdana paresidhenan Japara-Rêmbang. R. Moerjono, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Tayu, kabupatèn Pathi, paresidhenan Japara-Rêmbang, dados tijd. nindakakên padamêlan wd. mantri kabupatèn Wonosobo, paresidhenan Kêdhu. Djoharngaripin, juru sêrat klas 1 Patih ing Blora, ingkang ngrangkêp distrik Karangjati, kabupatèn Blora, paresidhenan Japara-Rêmbang, dados mantri pulisi paresidhenan Japara-Rêmbang. M. Djen Mochamad, juru sêrat klas 1 asistèn wêdana Susukan, kabupatèn tuwin parsidhenan Sêmarang, dados mantri pulisi paresidhenan Sêmarang.

Rêmbagan lumantar telefoon dhatêng kapal Nieuw-Amsterdam. Sampun sawatawis dintên mêntas kawontênakên rêmbagan saking Bêtawi kalihan kapal Nieuw-Amsterdam, inggih punika satunggiling kapal Walandi ingkang ngangge radhio telefoon ingkang kapisanan. Ing salêbêtipun kapal wau lumampah, para ingkang sami numpak sagêd telefoon dhatêng Eropa tuwin Amerika.

Kapal silêm kasade. Kawartosakên, The Indo-Straits Trading Co ing Bêtawi, inggih punika satunggiling firma ingkang ngintunakên tosan tuwin waja lami saking tanah ngriki dhatêng Jêrman, tumbas kapal silêm saking Koninklijke Marine K 2 tuwin K 5, ingkang sapunika labuh wontên ing Surabaya. Kapal wau lajêng badhe dipun bibrah. Panjanging kapal-kapal wau 57 m, wiyaripun 5 m tuwin lêbêtipun 5.45 m. Marine nanggêl bilih kapal-kapal wau tosanipun 651 ton, timah 60 ton tuwin brons 4 ton. Kajawi punika, maatshappij wau ugi rêrêmbagan kalihan Marine bab badhe numbas kapal malih.

Ngunjukakên kasugêngandalêm Sripaduka Prinses Juliana. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana mêntas ngunjukakên kasugêngandalêm Sripaduka Prinses Juliana anyarêngi wiyosan dalêm, ingkang suraosipun kanthi ngucap suka-sukur ing kabagyandalêm ing wêkdal punika, makatên ugi atas namanipun rakyat ing tanah ngriki ugi sami ngunjukakên kasugêngandalêm. Telegram wau ugi sampun angsal wangsulan, ingkang suraosipun tinampi kanthi suka pirênaning panggalih.

Badhe ngawontênakên pasinaon pajagèn bêbaya saking gêgana. Benjing tanggal 9 wulan Mèi punika wanci jam 5 sontên, ing Koningsplein badhe dipun wontênakên pasinaon pajagèn manawi wontên bêbaya saking gêgana. Ingriku kawontênakên pêpindhan ing Bêtawi dipun têmpuh saking gêgana, motor-motor maburing mêngsah sami andhawahi bom ingkang sagêd nuwuhakên kêbêsmèn punapadene andhawahi bom gas. Ing sanalika ngriku lajêng kawontênakên têtulung sapanunggilanipun ingkang katindakakên dening ingkang sampun amajibi kanthi tindak rêrikatan. Sadaya badhe katindakakên miturut tatanan ingkang sampun dipun tamtokakên.

Pindhahipun panuntun Isteri Indonesia. R.A. Ranoemihardjo, pangajênging Isteri Indonesia ing Bêtawi, ing sapunika pindhah dhatêng Magêtan tumut pindhahipun ingkang kakung. Jalaran saking sampun kêtingalipun R.A. Ranoemihardjo dhatêng babagan pakêmpalan wanita, ing sapunika ugi sampun sagêd ngêdêgakên pakêmpalan wontên ing Magêtan, nama Wanito Sedyo Utomo. AntasingAncasing. pakêmpalan ngajêngakên babagan olah-olah tuwin padamêlan tangan.

ASIA

Dêrma agêng. Tuwan Auw Boon Haw, millionnair ingkang gadhah pabrik lisah cap Macan ing Singapura dêrma dhatêng parentah Tiongkok 2.000.000 dollar. Arta wau supados kangge ngêdêgakên griya sakit pêrluning paprangan, kangge ngupakara para saradhadhu ingkang kêtaton tuwin kangge griya lare lola.

Juru anggêgana tumrap Tiongkok. Wontên bangsa Rus langkung 500 ingkang sampun dumugi ing Hankow. Saha commissie babagan wadya gêgana, T.V. Soong sampun mêling motor mabur cacah 400 dhatêng Ruslan, awarni motor mabur pirantos pambucal bom, pambujêng mêngsah tuwin pangungak.

Wadya Tiongkok saya ngangsêg. Miturut wartos saking Hankow, ajênging wadya Tiongkok kalangkung nglêgakakên. Suwaraning mriyêm ngantos sagêd kamirêngan saking Shanghai. Salajêngipun wadya Tiongkok sampun sagêd dumugi sakubênging Tushanwan tuwin Ziayin, ajêngipun kanthi pêpêrangan tanpa kêndhat. Malah salajêngipun anggèning ngangsêg sampun dumugi sacêlakipun Nanking.

[Iklan]

NAGARI WALANDI

Pambaptisdalêm Putri Beatrix. Miturut wartos saking Den Haag, pambaptisdalêm Putri Beatrix wontên ing tanggal 12 Mèi punika, badhe katindakakên dening Pandita Baarn Blaauwendraad sêsarêngan kalihan tilas Pandita kadhaton, Welter, saha kanthi Pandita Kadhaton ing sapunika. Eyangdalêm kêkalih ugi badhe anjumênêngi, tuwin para agêng sanès-sanèsipun.

Paargyan dintên wiyosandalêm Sripaduka Prinses Juliana. Dhawahing dintên wiyosandalêm Sripaduka Prinses Juliana, ing kadhaton Sustdijk kadhatêngan tiyang ewon saking Sustdijk ngriku tuwin Baarn, sami ngunjukakên sêkar kathah sangêt. Ing kala punika Sripaduka Prinses Juliana ambopong Putri Beatrix wontên ing jandhela kanthi nglawèkakên asta. Dene Sri Bagendha Maha Raja Putri tuwin Sripaduka Prins Bernhard jumênêng wontên sacêlakipun ngriku. Ing pundi-pundi kawontênakên paargyan.

EROPA

Pêpanggihanipun pangagêng praja kêkalih. Ing tanggal 2 wulan punika Sang Hitler bidhal saking Berlin dhatêng Rome, badhe pêpanggihan kalihan Sang Mussolini. Ing kala punika kawontênakên pajagèn sakalangkung santosa, malah dèrèng nate wontên pajagèn pêpanggihaning pangagêng ingkang kados makatên santosanipun. Ingriku wontên tiyang atusan ingkang kenging pandakwa badhe adamêl piawon, sami dipun cêpêngi, ingkang kathah bangsa Yahudi-Jêrman. Pakunjaran ing Rome ngantos sêsêg. Kathah têtiyang Yahudi ingkang sami sumingkir saking Rome. Sawarnining tiyang ingkang wontên ing margi ingkang badhe dipun langkungi pangagêng kêkalih punika sami dipun priksa. Para andon lêlana sami dipun priksa bêbêktanipun tuwin sêratipun palilah.

Andhawahakên pangapuntên. Ing tanggal 1 Mèi, Sang Hitler andhawuhakên paring pangapuntên dhatêng sawarnining tiyang ukuman ènthèng ing saindêngipun praja Jêrman.

Kasangsaran motor mabur. Utusan Albanie, Djafer Villa, ingkang numpak motor mabur dhatêng Rome, nêmahi tiwas jalaran motor mabur wau kasangaran wontên ing parêdèn sacêlakipun Formia. Para ingkang sami numpak tiwas sadaya saha sampun ical titikipun jalaran kêbêsmi. Kasangsaran punika tumraping praja Italie kapetang ingkang agêng piyambak, ingatasaning babagan lampah anggêgana.

Golongan abrit ing Prancis. Ing Prancis pinanggih wontên golongan communist ingkang nêdya damêl wêwinih pasulayaning kabangsan. Nanging lajêng kasumêrêpan ing pulisi saha sagêd ambêskup sêrat-sêrat ingkang minangka bukti. Malah miturut wartos, golongan communist wau wontênipun ing Marseille sadhiya auto lapis waja ingkang sae, punapadene sanjata mêsin jangkêp.

--- 572 ---

Wêwaosan

II. Sirnanipun para linangkung.

72

Mirêng sêsumbaripun satriya kêkalih ingkang sêmu ngerang-erang wau, para linangkung sakala punika sami kalimput manahipun. Kajêngipun ing ngriki, bilih para linangkung wau botên kêtuwuhan gagasan punapa-punapa, kajawi ngêmungakên ing sangajêngipun ngriku wontên tiyang kêkalih ingkang sami kumalungkung lan kumawani nyumbari prajurit pitu cacahipun, ingkang mênggahing kadibyanipun ing saindênging bawana tanpa wontên tandhingipun. Ing ngriku para prajurit linangkung wau tamtu sami botên anggadhahi pangintên, bilih prajurit kêkalih wau sagêd ugi utusaning Pangeran, prêlu kadhawuhan midana dhatêng para titahipun ingkang kumawani ngumbar suwara ingkang tanpa dugi-prayogi. Awit mênggahing nyatanipun, anggèning purun nyumbari para prajurit saking suwarga, punika prasasat ngina utawi ngrèmèhakên dhatêng asmaning Pangeran, inggih ingkang nitahakên sadaya mahluk punika.

Saking agênging manahipun dene sagêd numpês prajurit ingkang tanpa wicalan kathahipun wau, para linangkung lajêng kêtuwuhan manah kibir, ngrumaosi bilih sakathahing titah ing saindênging bawana sakurêbing langit, tamtu botên wontên ingkang sagêd anadhingi mênggahing kalangkunganipun. Kala mirêng sêsumbaripun prajurit kêkalih wau, ing ngriku botên lajêng èngêt dhatêng sêsumbaripun ingkang kirang dugi-prayogi wau, ngêmungakên lajêng tuwuh kanêpsonipun kemawon. Langkung malih Alsaya, saking kêdêrêng dening nêpsunipun, tanpa kamanah malih, kapalipun lajêng kabandhangakên saha lajêng nêmpuh dhatêng prajurit kêkalih wau. Prajurit kêkalih nuntên sami kataman ing pêdhang dening Alyasa, lan kalih-kalihipun lajêng sami sigar dados kalih. Nanging anèhipun, ingkang kapêdhang wau botên lajêng sami sirna, malah lajêng jlêg dados sakawan. Nyumêrêpi kawontênaning mêngsah ingkang kados makatên wau, trangginas Dhobrinya lajêng tumut anêmpuh. Prajurit sakawan wau lajêng dipun dhawahi pêdhang satunggal-satunggal, sintên ingkang kataman ing pêdhangipun Dhobrinya, mêsthi lajêng sigar dados kalih. Ewasamantên ugi botên lajêng sami pêjah, nanging ingkang lajêng amangsah pêrang abên ajêng kalihan Dhobrinya tuwin Alyasa, botên namung prajurit sakawan, malah dados wolu.

Ilya ingkang sakawit namung nyawang saking katêbihan, nyumêrêpi kawontênanipun mêngsah ingkang botên sagêd sirna, malah kosokwangsulipun cacahipun tansah wêwah-wêwah kemawon wau, rumaos botên tega dhatêng sadhèrèkipun sinarawèdi kêkalih punika, salajêngipun nuntên tumut anêmpuh ing pêrang. Pangamukipun Ilya ing kala punika prasasat banthèng mambêt obat, sintên ingkang nyakêt, lajêng kadhawahan ing gada utawi pêdhangipun, ingkang lajêng sigar dados kalih. Nanging botên beda kados ingkang sampun, ingkang kadhawahan ing dêdamêl wau botên lajêng pêjah, malah cacahipun lajêng tangkar-tumangkar botên kantênan kathahipun. Makatên ugi para têtungguling prajurit ingkang sakawan inggih lajêng tumut anêmpuh pêrang. Nanging saya kêrêp anggènipun ngêmpakakên dêdamêlipun dhatêng mêngsah, saya wêwah kathahing cacahipun.

Têtungguling prajurit ing Ruslan pitu cacahipun wau, anggèning sami bôndayuda kalihan mêngsahipun sampun tigang dintên tigang dalu laminipun, ewasamantên mêngsahipun dèrèng wontên satunggal-satunggala ingkang sirna, kosokwangsulipun, kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, cacahing mêngsah malah tanpa wicalan kathahipun. Dangu-dangu Ilya sakancanipun wau karaos sayah, anggèning ngobat-abitakên dêdamêlipun saya suda kêkiyatanipun, dene kapal tumpakanipun ugi sampun katingal sayah sangêt, ingkang anjalari sampun botên sagêd andhupak, mengkal utawi ambrakot malih. Kajawi saking punika landhêping pêdhangipun, jalaran tanpa kèndêl anggènipun dipun tamakakên ing mêngsah, ugi sampun suda sangêt, ing môngka pangêsuking mêngsahipun ajêg tanpa wontên ewahipun, kosokwangsulipun, malah saya andhêsêg. Ing wusana para prajurit pitu ingkang salami-laminipun botên nate ngucira ing pêrang, ing kala punika lajêng sami kamigilan, saha lajêng sami kêplajêng, minggah rêdi lumêbêt ing wana, nanging tansah dipun tut wingking ing mêngsahipun. Kadospundi kadadosanipun prajurit pitu wau, botên wontên tiyang ingkang sagêd nyumêrêpi. Nanging wiwit punika, namaning prajurit linangkung ingkang pitu wau lajêng botên kacariyos malih.

Badhe kasambêtan

--- 73 ---

No. 19, 7 Mèi 1938 Taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

PÊNJAGANE WONG TUWA NYANG ANAK

Bocah-bocah, ing ''Taman Bocah'' kang kapungkur, aku wis nyaritakake ing bab katrêsnane biyung utawa bapa nyang anak. Nanging kuwi mau mung tuladha sêthithik bangêt. Nèk ana wêktune liya dina aku bakal nyaritakake tandhayêkti katrêsnaning wong tuwa nyang anak mau. Dene sing arêp tak kandhakake saiki ing bab pênjagane wong tuwa nyang anak. Nanging ing kene aku mung arêp nyaritakake kaananku dhewe bae.

Nalikane aku isih cilik, bokmanawa ya ora beda karo kowe kabèh, sok duwe pikiran sing ora-ora tumrape wong tuwaku. Kaya sing wis takkandhakake dhèk biyèn, aku sok duwe pênêmu, yèn wong tuwaku ki sêngit, malah cêmêri-cêri nyang aku. Barêng aku gêdhe, aku lagi ngêrti, yèn anggone wong tuwaku sajak sêngit lan cêmêri-cêri mau, sanyatane saka pangeman lan panjagane nyang aku, kaya ta upamane mangkene:

Nalikane aku isih cilik aku ya disêkolahake, ora beda karo kowe kabèh, nanging yèn ana ing omah, prasasat ora mantra-mantraa yèn aku iki anake. Sabab aku iki prasasat ora tau nganggur. Nanging tanpa lèrèn tansah dipêrdi ing gawe, yaiku rêrêsik omah, yèn mangsane bapak ibu ngunjuk wedang, aku kudu nggodhog wedang, kudu milu ngrewangi olah-olah nyang pawon, kudu ngladèni, cêkake kabèh pagawean aku kudu milu ngêcaki. Dolan prasasat ora kêna babar pisan. Dene patrapku nyang wong tuwa kudu basa mlipit, kudu hormat bangêt, cêkake kudu nindakake tatakramaku kanthi têmên-têmên. Kang mêngkono mau sok banjur tuwuh pikiranku mangkene: ''Aku iki bakune apa anak apa batur.'' Dhèk samono nganggurku kuwi prasasat yèn ana ing sêkolahan bae. Kajaba kabèh mau, yèn ana ing omah, tindak lakuku ora kêna sakarêp-karêp, nanging apa-apa tansah dicênthok, kaya ta mangan kêcap, disêntak dipadhakake kirik, lungguh sangga-uwang, iya ora kabênêran, diunèkake ora pantês lan êmbuh apa manèh sing dadi larangan, aku ora bisa nyaritakake kabèh. Iya wis mêsthi bae kaya mêngkono iku kêrêp bangêt andadèkake jèngkèlku, kang banjur sok tuwuh pikiran sing ora-ora mau.

Nanging barêng aku gêdhe, aku banjur ngêrti karêpe wong tuwa kang mêngkono mau kabèh, yaiku, ngulinakake aku supaya dhêmên gawe, ngêrti tatakrama, bisa basa têmênan lan sapadhane. Iki kabèh dadi kabêgjanku dhewe. Mulane bocah-bocah, yèn kowe didukani bapak utawa ibumu, aja pisan-pisan koktampa sêrik, nanging kabèh mau, tampanên kanthi sênêng, awit ngèlingana, yèn kowe tampa dêduka mau, mêsthine kowe ya luput, dadi dukane mau saka pangemane lan panjagane marang kowe, aja nganti kêbanjur-banjur tindakmu sing ora bênêr mau.

Wis samene bae dhisik.

Bu Mar

--- 74 ---

WAYANG WONG

[Grafik]

Sêdulurku kabèh kang padha maca Taman Bocah, mêsthine wis padha tau ndêlêng wayang wong, sanajan barangan pisan. Ananging apa iya mêsthi padha anggatèkake panganggone wayang wong mau? Upamane ngêrtia jênênge siji-sijine, sing mêsthi iya ora titi, sabab aku dhewe kang wis kaping-kaping ndêlêng wayang wong ing ngêndi bae, malah uga wayang wong ing kraton Ngayogyakarta, iya wis tau nonton ewasamono anggonku gêlêm anggatèkake, ya lagi saiki iki, sabab arêp tak anggo urun-urun ing Taman Bocah kene, supaya sêdulur-sêdulurku kabèh uga ngêrti jênênging siji-sijining sandhangan.

Coba dêlêngên gambar wayang wong kang kacêtha ing gambar iki. Kang tumumpang ing sirah iku kabèh diarani songkok. Perangan buri ing dhuwur kuwi arane sangga-gêlung utawa kancing-gêlung lan kang ngisor têtirone rambut, banjur disambung rambut têmênan, dikawèrake ing dhadha sisih kiwa-têngên. Dene enggok-enggok lincip-lincip kang mubêng sirah têpung têkan kancing gêlung iku jamang.

Ing kuping kiwa lan têngên arane sumping, banjur nganggo kanthil-kanthil yaiku oncèn-oncèn. Sumping iku manawa kang nganggo Pandhawa kaya ta Ngamarta, Wêrkudara, Janaka, Nakula lan Sadewa arane banjur ron mangkara.

Kang disrempangake ing dhadha iku arane kawêng banjur ditumpangi sangsangan (kalung). Sangisoring kalung kang disabukake ing wêtêng iku, kang jêro dhewe lontong, sabuke irêng iku kamus. Kang kanggo nyathokake diarani trêtêp. Ing sisih buri kêpara têngên kang disêngkêliti wangkingan (kêris) uga nganggo oncèn-oncèn, lan ing ngiringan kiwa lan têngên ditlêsêpi sondhèr. Kang ana ing lêngên kiwa-têngên iku kêlat bau.

Samene katranganku bab sandhangan wayang wong kang kacêtha ing gambar. Dene iku sawijining wayang wong kang sabên-sabên disêmuwakake ing kraton Ngayogyakarta. Satêmêne sandhangan iku mau kabèh ora sarwa irêng lan putih kaya ing gambar, nanging sarwa èdi lan pèni, dipulas mancawarna. Apa manèh ing jamang, kancing-gêlung trêtêp lan liya-liyane iku uga rinêngga-rêngga pating krêlip lan pating glêbyar.

Dene wayang mêngkono iku yèn dandan arêp disêmuwakake nganti jam-jaman. Dadi ora kaya manawa sêdulurku pandu (padvinder) yèn dandan limang mênit suwe-suwene sêpuluh mênit wis kudu rampung.

Sêdulurmu, Pranawa Soetoto Bantool.

LÊLUCON

Kakehan gunêm

Dhoktêr : ''Sanajan pait, jamu iki kudu kok ombe. Yèn kowe pinuju ngombe nggagasa kaya nèk kowe ngombe limun kae.''

Wong lara : ''Botên, ngombe limun kemawon, mangke manawi pinuju ngombe, kula nggagas manawi ngombe jampi.''

S. Har, Surakarta.

Bêndara : ''E, Siman, layang sing ana meja iki mau êndi?''

Siman : ''Anu, ndara, sampun kula posakên.''

Bêndara : ''Hus, la wong durung diadrèsi jare!''

Siman : ''Oo, kula wastani sêrat budêng ndara.''

Roekijah, Purwêkorto.

Batangane cangkriman kang katulis dening Moch. Dawami.

I. Ambarawa

II. Imogiri

III. Selebes

--- 75 ---

SUTOYO NÊMU AKAL

[Grafik]

Sarèhne Sutoyo munggah klas têlu, digawèkake dhokar cilik sarta ditukokake wêdhus, minangka bêbungah anggone mêmpêng sêkolahe. Ing gambar ndhuwur iki Sutoyo lagi ngajari wêdhuse. Wis kaping-kaping Sutoyo anggone nyambuki wêdhuse, nanging kewan mau ora gêlêm mlaku, malah mundur-mundur, nganti arêp natap wit-witan. Sutoyo mangkêl atine, mudhun saka dhokar, wêdhus diantêmi, digèrèt, nanging maksa ora gêlêm mlaku, malah arêp nyundhang pisan. Tujune Sutoyo banjur nêmu akal, nyêmpal pang kang ana godhonge ênom-ênom. Kowe padha nêksèni dhewe ing gambar, tangan kiwa nyêkêl kêndhali, sing têngên nyêkêl pang mau. Wêdhuse kêpengin mangan godhong kang ênom mau, nuli mlayu bae ngoyak godhong mau. Playune si wêdhus mau sarosane, nganti lali kêsêl lan wangkale, dene matane têrus mandêng kang dikêpengini. Sutoyo wis ora pêrlu nyambuki wêdhuse manèh, si wêdhus wis mlayu karêpe dhewe. Mara Sutoyo pintêr apa ora cah?

GAMBUH

(Pitutur kang bêcik)

kêpengin milu urun / nadyan aku bocah ora pêcus / ora isin digêguyu pra winasis / anggêpe lir wong pinunjul / tan rumasa lamun bodho //

awit kèlingan ingsun / nalikane sêkolah ing Kopschool / ibu guru anggone amituturi / mring para murid sadarum / wulange kaya ing ngisor //

dene wulange iku / marang para murid duk rumuhun / sira kabèh kudu gêmi lan nastiti / ngati-ati mbangun-turut / aja lali andhap-asor //

abote klangkung-langkung / nanging lamun dipikir kang landhung / kabèh iku mung gumantung kang nglakoni / wit dikandhut ora mrucut / digembol ya ora mrojol //

rèhning sira sadarum / isih bocah durung ngrêngga butuh / luwih bêcik ing saiki diwiwiti / supaya njur bisa matuh / sanadyan ta kanthi alon //

wêwarah kang kasêbut / dhuwur iku kabèh yèn diturut / mêsthi bakal sênêng uripe ing wuri / prasasat maune mungsuh / gêlêm ngaku mitra karoh //

akèh lamun cinatur / awit mêsthi dadi wong pinunjul / nanging kene pinunjul têgêse salin / dudu gagah gêdhe dhuwur / kang bisa nêlukke mungsoh //

têgêsira pinunjul / dene bisa ngrèh kamurkanipun / duwe pêrlu pinikir kanthi nastiti / dèn gêmèni darbèkipun / ngati-ati lamun omong //

ing kene pêrlu ngrêmbug / andhap-asor lawan mbangun-turut / andhap-asor têgêse ngêsorkên dhiri / mbangun-turut sarwa manut / anglakoni ing sapakon //

Kadarwati, Magêlang.

--- 76 ---

WATU DODOL

Ing sapinggiring sêgara, salore Banyuwangi ana watune gêdhe sarta dhuwur. Ing sisih ana growongane kang sok dicêmplungi dhuwit sèn dening wong-wong kang padha têka mrono.

Nalika pêncaring Agama Islam wis mratani têkan tanah Jawa Têngah lan Wetan, akèh dharah luhur kang lolos saka nêgarane amarga ora kêrsa ngrasuk agama anyar iku.

Kacarita dhèk nalika samono ana bupati kang uga lolos saka nêgarane. Kêrsane ngungsi mênyang tanah kang ndhêlik sarta adoh saka nêgarane. Tindake kadhèrèkake ing abdi siji nyangking buntêlan sajèn kang bakal kanggo sêsaji ing panggonan kang dijujug. Abdi mau wis diwanti-wanti ora kêna pisan-pisan nginguk isining buntêlan, gêdhene ndulit. Mangka tindake mau pancèn dijarag siyam supaya bisaa kalêksanan kang sinêdya. Abdi mau iya didhawuhi pasa. Wah, ya rêkasa bangêt, ingatase mlaku pirang-pirang dina ngambah dalan kang ora kêpenak, yèn panas kêpanasan, yèn udan, kodanan, ndadak pasa barang.

Barêng lakune têkan ing pasisire tanah Jawa kang wetan, kêrsane sang bupati arêp ngaso sadhela, sarta ngiras sêsaji nyuwun barkahing Hyang Murbèng Alam. Sapira kagèting sang bupati barêng priksa yèn abdine ora miturut apa kang didhawuhake yaiku wani ngêlong isine buntêlan. Sêpira gêdhene paukuman kang bakal tumiba ing bêndara lan abdine mau, Ingkang bupati wus mangêrtos. Saka bangêting kagèt bupati mau jlêg owah sêsipataning manungsa, dadi rêca, mêngkono uga abdine. Dadi ing panggonan kono ing sapinggiring dalan ana rêcane cilik-cilik, nanging saiki êmbuh isih, êmbuh ora aku ora pati têrang. Nalika ana kêdadean kang gawe ngêrêsing ati mau ana wong wadon nggendhong jênang dodol sarinjing barêng lan tindake priyagung mau. Saka kagète, gendhongane tiba, bluk, tumancêp ing lêmah lan malih dadi watu, mundhak gêdhe nganti kira-kira salumbung. Ing sisih ngarêp ana growongane kang sok diisèni dhuwit dening wong-wong kang padha têka mrono, minangka lirune rêgane jênang. Sawise iku ing sacêdhake kono diyasani pasareyan kanggo priyagung mau. Sing sapa dolan mrono bakal wêruh sêsawangan kang asri, pulo Bali katon cêtha wela-wela, dalasan pakêbonan krambil iya katon, ing antarane ana pabrik-pabrike. Saka plabuhan kono mênyang Bulèlèng yèn nunggang prahu K.P.M. mung lakon 6 jam.

M. Try, Blitar.

MANGSULI LAYANG

S. Har, Surakarta. Lêluconmu wis kêtampan, kêtrima bangêt. O, Har, aku iya kêpengin ndêlok Sêkatèn, kêpengin mampir nyang omahmu, nanging bokmanawa ora bisa. Iya titip bae karo kowe, besuk aku critanana apa sing kokwêruhi.

Pranawa Soetoto, Bantul, Ngayogya. Kalawarti Kêjawèn lan Panji Pustaka iku rêdhakture dhewe-dhewe, lan sing ngêmbani Taman Kanak-Kanak dudu Bu Mar, yèn kowe arêp kirim layang ya adrèsna nyang rêdhaktie Panji Pustaka bae, ya wis cukup. Aja pisan-pisan ngarêp-arêp lirune anggonmu ngirimake photo, upama bisa kapacak bae wis bêkjo bangêt. Yèn kowe arêp ngirimi karangan bab darmawisata yèn cêndhak, ora kêdawan lan nêngsêmake nganggo potrèt-potrèt sing cêtha, bokmanawa iya bisa kapacak.

Katijah, Badran, Surakarta. Bab sayêmbara sabun, Bu Mar durung ngêrti sapa sing entuk lan sing ora. Karanganmu uga wis daktampa, kanthi bungah.

Soewardjo, Sidarêja, Banyumas. Yèn kowe arêp ngaturi layang Rama Petruk, adrèse p/a Kêjawèn iya wis têkan, ora pêrlu ngaggo asma sing têmênan.

Soerjati, Klampok. Layangmu sing dhisik aku uga wis tampa, pancèn iya kêsasar nyang Bungur Jawa. Kowe pitakon bab pangirime buku saka Bale Pustaka. Yèn kowe arêp tuku buku Babad Arungbinang, ya ngirimana dhuwit rêgane buku mau, upama f 0,32, iya ngirimi f 0,32 nyang administratie. Dene sing mragadi pangirime Bale Pustaka dhewe. Sri Dadijah sing kêsripahan, yaiku têpunganmu Sri Dadijah saka Bawang.

Oei Sioe Tjwan, Pacitan. Sukur yèn kowe arêp milu urun-urun ngisèni Taman Bocah, aku ya mupakat. Nanging upama kowe ngirimi karangan, saupama ora dipacak, ya aja nêsu, wajibe kowe malah kudu nyrêmpêng anggonmu ngarang.

Roek c/o Mantri Waterbeheer Wlingi. Pambatangmu cangkriman iya bênêr kabèh. Pancèn wis lawas Rama Pêntul ora ngêndikan ing Kêjawèn, bokmanawa lagi ora kobêr akèh pagaweane liyane.

Hadipoernama, Pacitan. Karanganmu wis daktampa, ora liya tak trima bangêt.

Wijati, Cungkal. Apa iya Ti, kowe ora ngêrti. Maggi, iku wêrna loro, sing cuwèr rupane kaya kecap diwadhahi ing gêndul cilik, dene sing diwadhahi blèg kayadene Hopyes. Kuwi kabèh kanggo momoran kaya ta sop, amrih luwih enak rasane. Yèn kowe nyang toko, banjur njaluk Maggi, sing adol rak mêsthi ngêrti.

Saikin, Bandung. Biyèn aku pancèn janji yèn karanganmu arêp dakpacak, nanging barêng isining Kêjawèn saiki wis diowahi, karanganmu banjur ora bisa kapacak. Mula aku iya cocog bangêt, yèn kowe arêp gawe karangan dongèng sing cêkak-cêkak, pancèn ngono mau sing dakkarêpake. Saiki dongèng sing dawa-dawa, sing tansah ana candhake ora bakal dipacak manèh, mundhak mbosêni.

Sri Paloepi, Surakarta. Aku bungah, dene kowe wis waras anggonmu ginanjar lara. Bab panuwunmu nyang Rama Redhaktur wis dakaturake.

Koesijah, Purwakêrta. Karanganmu wis daktampa, yèn ana papan, bokmanawa bisa kapacak.

Waidjah, Magêlang. Karanganmu uga wis daktampa, dakpikir-pikire dhisik, apa dakpacak apa ora.

Bison, Plosso. Yèn kowe maca Kêjawèn kang anyar-anyar mêsthine banjur ngêrti, yèn isining Kêjawèn wis diowahi, crita cêkak-cêkak, kang maedahi lan mbocahi, mula aja pisan dadi atimu, karanganmu ora bisa kapacak. Coba ngirimana manèh sing cêkak-cêkak lucu utawa maedahi.

Siti Indijah, Kêbumèn. Dadi kowe mlêbu nyang hospitaal, layak wis lawas bangêt ora ngirimi layang nyang Bu Mar. Dhèk aku nyang Kêbumèn ora mampir nyang omahmu jalaran kêsusu bangêt. Apa laramu wis mari babarpisan, yèn durung ya sing ngati-ati.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- [0] ---