Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 69, Stu Wa, 1 Rêjêb Jimawal 1869, 27 Agustus 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f. 1.50,- Bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Mêncarakên Têtuwuhan Sarana Peranganing Wit - Madosi Rajabrana - Pigunanipun Toya - Tuntunan Nyinau Nabuh Găngsa - Jurnalis Mubêng Pasar Gambir - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Sampurna.

Lugunipun têmbung sampurna punika ambingungakên, awit tumraping tiyang sampun ngrumaosi sampurna, tandhanipun sampun sarwa jangkêp, tuwin saupami botên jangkêpa, botên sagêd gêsang makatên. Punika sampun dados pasaksèn nyata. Naging punapaa tumraping tiyang, ing mangsanipun kêbuka, lajêng kapengin ngudi ngèlmi kasampurnan. Dados manawi makatên, kasampurnaning badanipun manungsa, kalihan ngèlmu kasampurnan, punika wontên gèsèhipun, dados sampurna ingkang jênggêlêg, beda kalihan kajênging ngèlmu kasampurnan. Awit manawi janggêlêg wau dipun anggêp sampun sampurnaning kawula, nama dèrèng sampurna kabatosanipun. Nanging inggih botên kalèntu manawi gadhah panganggêp makatên. Namung tumrap ingkang purun milahakên kajêngipun, tamtunipun inggih mangrêtos dhatêng watês-watêsipun.

Manawi botên dipun gagapi, pancèn ambingungakên, awit sampurnaning jêgêrêng,[1] punika manawi dipun akêni sampurnanipun, nama ngakên-akên ing kabatosan. Măngka têmbung ngakên-akên wau adhakan botên dipun ajêngi dening sintêna ingkang ngrumaosi sampun sampurna wau.

Nanging sampun dados lampahing pangudi, tiyang ingkang ngudi babagan kabatosan punika tumindakipun tansah kêbêntus-bêntus, têgêsipun tansah ngambah margi ingkang gawat. Yèn caraa layangan tansah minggah mandhap manut lampahing angin. Upaminipun: tiyang ingkang ngrumaosi sampurnaning janggêrêng, punika manawi ngrumaosi apês, ing ngriku wontên raosipun minggah. Cobi punapa botên ambingungakên, tiyang ngrumaosi apês têka malah minggah.

Sapunika kantun anglajêngakên, anggèning ngrumaosi apês wau kadospundi, tuwin jalaranipun punapa, manawi lajêng namung ngugêmi: kawula panggonaning apês, inggih lajêng têrus apês, undêraning apês dumunung supe dhatêng pandamêl. Punika lajêng nama mandhap malih.

Tumrap pantoging panggrayang, kawula punika sampun ngantos apês, sampun ngantos papa sapanunggilanipun. Inggih ing ngriku punika namung kantun pawitan landhêping panampi. Kenging dipun tampi: kawula anane mung apês. Kenging dipun tampi kawula ora bisa apês.

Dene manawi wontên pitakenan, kawula ingkang botên apês punika ingkang kados punapa tuwin marginipun ingkang cêg gêmêg kadospundi. Punika namung badhe sarwa ngrêkaos.

Cêkruktruna.

--- 1070 ---

Kawruh Sawatawis

Mêncarakên Têtuwuhan Sarana Peranganing Wit.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 68.

Upaminipun kula gadhah pêlêm arum manis nanging witipun kikrik gêsangipun botên baud pados têdha, nanging badhe kula pêncarakên supados sagêd gadhah wit pêlêm arum manis ingkang botên kikrik gêsangipun. Kula lajêng andhêdhêr pêlok pêlêm ingkang baud pados têdha, upaminipun pêlok pêlêm blênyik. Pang pêlêm arum manis punika badhe kangge wit ingkang nginggil (entrijs = bovenstam), dene dhêdhêran pêlok punika badhe kangge dêlêg ngandhap (onderstam). Pandhêdhêripun pêlok punika wontên ing pot utawi ing kranjang alit ingkang kaisenan siti.

Yèn dhêdhêranipun watawis sadriji agêngipun, inggih punika kirang langkung umur sataun, sampun kenging kasambung. Saking wit pêlêm arum manis wau (moederboom), kula ngupados pang ingkang agêngipun sami kalihan witing dhêdhêran, punapadene nèm sêpuhipun kirang langkung inggih sami, sarana ningali wujuding kulitipun. Pang wau tumuntên kula bêlèk utawi kula krowèk sapratiganing kandêlipun, dene panjangipun watawis gangsal sènti mètêr. Makatên ugi wit dhêdhêran inggih kula krowèk ingkang lêbêt panjangipun sami. Tatu kalih wau lajêng dipun gathukakên, tumuntên kablêbêd mawi lulub waru ingkang kêncêng. Lulub waru dipun cêlupna ing jer-jeran lilin rumiyin, supados blêbêdanipun rapêt sayêktos, dados botên sagêd kalêbêtan toya jawah. Jalarann manawi kalêbêtan toya jawah lajêng murugakên bosok (infectie).

Manawi tatu kalih wau sampun krakêt dados satunggal, pucuking onderstam sanginggilipun tangsul cakêt lajêng kakêthok babar pisan, prêlunipun mêksa dhatêng onderstam supados têdhanipun dipun sukakakên sadaya dhatêng bovenstam, anakipun kuwalon. Sasampunipun sawatawis dintên pang entrijs sangandhapipun tali kêdah dipun kêthok, dene pangêthokipun kêdah alon-alon. Prêlunipun alon-alonan dipun gêgulang supados entrijs wau nêdha têtêdhan saking êmbokipun kuwalon (onderstam), sasampunipun sawatawis dintên lajêng dipun kêthok babar pisan. Sambungan wau botên kenging tumuntên dipun tanêm ing lêlahan, kêdah dipun lèrèhakên sawatawis dintên wontên ing panggenan ingkang ayom.

Yèn sampun dipun lèrèhakên, kenging lajêng dipun tanêm ing lêlahan, manawi entrijs wau mêdal sêkar utawi wohipun, kêdah dipun prithili, awit nêlasakên têdha ingkang pancènipun kangge damêl pang. Ing onderstam sok mêdal pangipun, punika botên kenging babar pisan, kêdah dipun prithili, awit têdhanipun badhe dipun sukakakên dhatêng anakipun piyambak, botên dipun sukakakên anakipun kuwalon, têmahan sambungan wau mêsthi badhe botên dados. Pananêmipun sambungan wau, panggenan sambungan botên kenging ngantos kacakan siti, sabab manawi makatên entrijs

--- 1071 ---

lajêng damêl oyod piyambak, têmahan entrijs botên purun nêdha têdha saking onderstam. Ing sarèhning oyodipun wau botên baud pados têdha, dados inggih botên badhe sae dadosipun.

Kajawi sarana patrap kasêbut ing nginggil punika, kenging sarana patrap sanès (mriksanana gambar sambungan ing kajawèn nomêr 59). Mênggah patrap lan tumindakipun langkung gampil, rumiyinipun ngêthok pang saking moederboom, lajêng dipun lancipi gèpèng kalêbêtakên ing dhêdhêran ingkang sampun dipun sigar mèncèng sapalih, tumuntên dipun blêbêd ngangge lulub, manawi tatu kalih sampun krakêt, pucuking onderstam sanginggiling blêbêd dipun kêthok. Mênggah panjaginipun sami kemawon kalihan patrap ing nginggil wau.

7 Anggathukakên (plakken)

[Grafik]

Patrapipun anggathukakên.

Patrap mêncarakên têtuwuhan sarana anggathukakên punika awis-awis sangêt ing sapunika dipun tindakakên, awit angèl sangêt dadosipun, mênggah patrapipun kados ing ngandhap punika:

Pucuking onderstam dipun pancas mèncèng, makatên ugi bongkoting bovenstam ingkang sami agêng alitipun, sarta nèm sêpuhipun, inggih dipun pancas mèncèng. Tatu kalih wau tumuntên dipun gathukakên, lajêng dipun tangsuli singsêt kados tiyang nyambung. Kados makatên punika angèl sangêt dadosipun, jalaran bovenstam dangu sangêt angsalipun têdha saking onderstam, dados enggal sangêt alum utawi pêjahipun.

[Iklan]

Kajawi patrap kasêbut nginggil, inggih punika manawi onderstam witipun agêng, kêdah dipun kêthok rumiyin, ing nginggil lajêng dipun krowèk kadamêl tatu majêng tiga (piramidhê majêng tiga kuwalik) tumuntên mêndhêt pang saking wit ingkang sae, ugi lajêng dipun pancas kadamêl wangun piramidhê majêng tiga kuwalik. Pang bovenstam wau tumuntên kalêbêtakên ing krowekan onderstam. Sasampunipun makatên lajêng kablêbêd mawi lulub, kados patrapipun amblêbêt sambungan. Nanging cara makatên punika inggih angèl sangêt dadosipun. Badhe kasambêtan.

Rutam (R.T. Adisumarta).

N.Scr. Purbalingga.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing ing dintên Ngahad sontên tanggal 28 Agustus 1938, wanci jam 1/2 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab: Goenanja Madjallah. Ingkang mêdhar sabda Tuwan Salmun.

--- 1072 ---

Madosi Rajabrana

Ing kajawèn sampun kêrêp ngêwrat wartos ing bab anggèning kapal kêruk Karimata ngêruk sadhasaring sagantên laladan nagari Walandi ing Terschelling, prêlu madosi băndha ingkang kêlêm.

[Grafik]

Nginggil para andon lêlana saking ngamănca ingkang sami dhatêng ningali dhatêng ing Terchelling. Têngên para mudha ingkang sami ningali jangkar. Ngandhap, mriyêm tuwin mimis ingkang pinanggih wontên salêbêting kapal Lutine.

Miturut cariyos, băndha ingkang dipun padosi punika awarni mas salaka ingkang kala ing tanggal 9 Oktobêr 1799 dipun êwrat wontên ing kapal Lutine kèrêm wontên ing ngriku. Băndha wau rêrêgèn f 20.000.000,-

Sasampunipun pinanggih wontên lêlampahan makatên, lajêng wontên sêdya badhe madosi băndha wau, saha kalampahan sampun nate katindakakên kala ing taun 1800–1801, sarana dipun silêmi, ugi angsal damêl, nanging botên sapintêna.

Kajawi tindak ing kala punika ugi sampun nate dipun ambali malih kala ing taun 1851–1861, taun 1857–1891 tuwin taun 1894–1895. Angsal-angsa- [Angsal-angsa...]

--- 1073 ---

[...-] lanipun wontên rêrêgèn f 1.200.000.-

Ing taun 1910 dipun ambali malih, botên angsal punapa-punapa. Ing taun 1934 dipun ambali malih ngangge pirantos sanès, ingkang dipun wastani duikerklok, punika pangêdhukipun sagêd langkung lêbêt. Dados sapriki sampun mèh 140 taun.

Wusana ing wêkdal punika dipun ambali malih ngangge kapal kêruk ingkang nama Karimata. Kalampahan tumindakipun wontên titikipun angsal damêl, katăndha sampun kêrêp angsal barang warni-warni, wontên ingkang awarni jangkar, mriyêm, mimis, êmas balebekan, tuwin sanès-sanèsipun. Ingkang warni êmas wau wawrat 3 1/2 kilo, rêgi f 7000.-

Sarêng wontên titikipun kados makatên, pangupadosipun lajêng mantêp, saha nêtêpakên bilih papan kèrêming kapal Lutine inggih wontên ing ngriku punika, mila mingsat-mingsêting kapal kêruk Karimata inggih namung muthêk wontên ing kanan keringipun ngriku kemawon.

Sarêng wontên wartos bilih kapal kêruk Karimata sagêd angsal barang-barang kados ingkang aksêbut nginggil, wartosipun lajêng sumêbar dhatêng pundi-pundi. Lajêng kagiyarakên sarana radhio. Ing ngriku katingal tandhaning têtiyang ingkang sami suka-suka.

Botên dangu lajêng kadhatêngan para andon lêlana saking tanah ngamănca sami numpak kapal mirunggan ingkang maligi prêlu kangge ningali dhatêng kawontênan wau.

[Iklan]

Tumindaking damêl wau mêntas ngaso sawatawis, prêlu ngrêsiki èmbèr pirantosing ngêruk, ngiras ngêntosi wancining hawa ingkang sae. Sarêng hawa sampun pinanggih sae, lajêng badhe wiwit tumindak ing damêl malih.

Ing kalanipun ngaso, kapal kêruk Karimata dipun ingsêrakên saking papanipun lami, sasampunipun rampung lajêng kawangsulakên dhatêng papan prênah kèrêming kapal Lutine.

Pangupadosipun panggenan dununging kapal Lutine taksih tuna dungkap, dèrèng sagêd nêtêpakên ing pundi dununging băndha ingkang yêktos. Mila kapal Karimata tansah dipun ingar-ingêr, badhe madosi ing pundi dununging awak-awak kapal Lutine ingkang perangan wingking.

Ing pangajêng-ajêng tindak punika badhe kasambadan.

Pawartos saking Rêdhaksi

K. 943 ing D. 1 Ju, Wa, 20 Jimawal 1828, lêrêsipun taun Ehe. 2 Sn, Pa, 15 Rêjêb Dal 1831. Lêrêsipun A, Pn. 3 Kê, Wa, 10 Rabingulakir Be 1848, lêrêsipun A, Kli. 4 Sla, Kli, 3 Sura Ehe 1852, dhawah 6 Sèptèmbêr 1921, windu Sangara, wuku Kurantil Mawulu.

--- 1074 ---

Bab Kasarasan

Pigunanipun Toya.

Ingkang limrah tiyang ing tanah Jawi punika angsalipun toya kalayan gampil, kados ta saking lèpèn, rawa, tuk (bêlik), sêndhang, kalenan, wadhuk utawi saking sumur, malah ing jaman samangke ing nagari-nagari ingkang agêng tiyang sami angsal toya saking waterleiding, mila tiyang wau ing sêmu sami botên patos migatosakên, nanging malah ngrèmèhakên, kadosdene hawa makatên, jalaran angsalipun hawa kangge ambêgan punika gampil sangêt, ing pundi-pundi panggenan têmtu wontên hawanipun, mila têtiyang wau lajêng sami botên patos manah (mikir).

[Grafik]

Gêdhong patandhon toya pêndhêtan saking tuk.

Ewadene manawi ing satunggiling panggenan wontên ingkang têbih toya, têtiyangipun inggih katingal susah, awit ingkang nuju ambêtahakên toya botên sagêd angsal tumuntên utawi kangelan pamêndhêtipun saking panggenan sanès ingkang têbih.

Aslinipun toya ing dharatan punika saking sagantên, inggih punika saking bêntèring srêngenge, toya sagantên wau lajêng nguwab (waterdamp), uwab wau kenging angin manginggil tuwin katut dhatêng dharatan saya kandêl, dados mega lan saya asrêp dados mêndhung. Mêndhung wau ing langit katingal pêtêng.

Sarèhning nginggil langit punika hawanipun asrêp sangêt, mêndhung ing ngriku kenging dayaning asrêp lajêng dados toya utawi ès, sarêng dhawah mangandhap kenging sumuking siti (bumi) lajêng dados toya, inggih punika toya jawah. Trêkadhang ès wau dhawahipun saking nginggil dèrèng ngantos dados toya sadaya, wontên ingkang taksih wêtah utawi pringkilan dhawah ing siti, dados jawah uwoh (ès) naminipun.

Ing panggenan ingkang cakêt Noord utawi Zuidpool (kutub lèr utawi kutub kidul) ing măngsa bêdhidhing (winter) saking asrêpipun ing siti-siti kawradinan ès, inggih punika saking toya jawah, toya lèpèn utawi sanèsipun ingkang kenging dayaning asrêp wau. Ing panggenan asrêp ing măngsa bêntèr (zomer) jawahipun inggih toya limrah, nanging yèn ing măngsa bêdhidhing (winter) jawahipun dados sneeuw, inggih punika ingkang kenging katêmbungakên sêkaripun ès, katingalipun kadosdene kapuk ingkang dipun wastani apêthak mêmplak. Sneeuw wau dhawahipun wontên ing siti, sanalika inggih taksih warni sneeuw (kapuk pêthak) nanging ing sawatawis jam kemawon sagêd dados [da...]

--- 1075 ---

[...dos] toya sarta lajêng sagêd dados ès.

Wujudipun toya punika wontên tigang warni: 1. uwab (gasvormig) 2. toya, 3. ès.

Toya punika yèn kenging bêntèr utawi dipun godhog sagêd nguwab (waterdampstoom).

Băngsa Eropah sagêd migunakakên stoom wau kangge nglampahakên mêsin pabrik-pabrik, lan pintên-pintên mêsin locomotief ingkang nglampahakên tram utawi sêpur punika.

[Iklan]

Dene tiyang anggènipun migunakakên toya kangge anglampahakên mêsin-mêsin wau, inggih mêndhêt daya utawi kakiyatanipun toya punika ingkang sampun dados stoom wau, dipun tanjakakên utawi dipun sambêtakên dhatêng mêsin ngantos mêsin wau sagêd ebah utawi mlampah, kados ta locomotief ingkang sagêd narik pintên-pintên kreta tram utawi sêpur, punika toya ing kètèl dipun godhog ngantos umob, nguwab dados stoom. Dene kètèlipun sampun dipun bolongi ing prênah nginggil, prêlunipun kangge ngêdalakên stoom wau, upami kètèlipun botên mawi bolongan, yèn uwab stoom badhe mêdal, măngka botên sagêd, kètèlipun sagêd ugi anjêblug utawi pêcah. Kètèl ingkang wontên ing locomotief wau dipun dèkèki bolongan kalih sami dipun sumpêli tosan ingkang trêp utawi mathis rapêt, sumpêl-sumpêl punika kasama dipun damêl supados sagêd mlêbêt mêdal ing bolongan kanthi gampil, sumpêl kalih wau dipun gandhèng mawi sêtang tosan ingkang kiyat, ing têngah-têngahipun sêtang lêrês dipun trapakên ing sêtang ingkang ngadêg, dipun reka supados sêtang ingkang gandhèng kalihan sumpêl-sumpêl wau ing peranganipun sumpêl kiwa têngên sagêd ebah mangandhap manginggil kadosdene hefboom makatên, yèn hefboom ebah, sumpêl ingkang satunggal mandhap, mlêbêt ing bolongan, sumpêl satunggalipun mêdal saking bolongan, sêtang anjêpat manginggil, saèmpêr kadosdene traju pirantosipun kêmasan kangge nimbang barang mas, salaka utawi intên. (Badhe kasambêtan)

R. Sumadirja, Ind. Arts - Sêmarang.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 4920 ing Karangnugal. Cocog.

Lêngganan nomêr 2681 ing Sala. Tumrap kuwartal 3 saha 4.

Lêngganan nomêr 1146 ing Munthilan. Wisêl f 3 sampun katampi.

Lêngganan nomêr 4427 ing Gondhang. Sagêd katampi.

--- 1076 ---

Kagunan Jawi

Tuntunan Nyinau Nabuh Găngsa.

Ginêmanipun Dèn Apa kalihan Dèn Iya.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 67.

A: Manawi sampun sagêd kados kasêbut nginggil punika lajêng kadospundi kamas.

I: Yèn wis bisa marang siji-sijining suwara kang kasêbut dhuwur iku banjur digawèkake tatananing suwara kang wis jênêng cengkoking kêndhangan, yaiku diarani golongan ciblonan.

I: E la, sampun katanggêlan kamas, kula panjênêngan damêlakên tatananipun pisan, inggih ingkang gampil-gampil kemawon.

I: Anggonku gawe tatanan iki, anggonmu nindakake kudu sing sarèh lan cêtha panêbaking tangan, kajaba iku batinmu kudu ngapalake suwarane dhisik, dadi tumandanging tanganmu, miturut parentahing batinmu, siji-sijining cengkok, prêlu nganggo ăngka urut, murih gampang anggone nêngêri, lan siji-sijining cengkok iku panyinaune kudu têrus nganti pirang-pirang rambahan, supaya lung tinampaning suwara kang katindakake ing tangan loro mau bisa dang manggon kaprigêlaning tangan. Saiki tak wiwiti saka ăngka 1. tong dhung tong tak, tong dhung tong bêm, 2. dhung tong dhung tak, dhung tong dhung bêm, 3. tong tak tong tak tong glang tong blang, 4. krêtak krêtak tak krêtak tak, krêdang krêdang dang krêdang dang, 5. tong blong tong blang tong blong blang tak, 6. klung tong tak, klung tak tong klung tak, klung tong dang klung tak, blong klung blang, 7. dhung tong dhung tak, dhung tong dhung tak, dhung tong dhung blang dhung tong dhung blang, 8. klung tak dang bêm tak dang bêm tak, 9. krêtê tong krêtê blong krêtê blong blang tak, 10. thung thut thung thut thung bêhêp thung bêhêp, 11. tong êndot, tong êndat, tong êndot dot tak, 12. klung plag, blang plag, klung plag, blang, klung blag, plag, blag, klung blag, plag.

I: Tatanan dhuwur iku pangiraku wis cukup kanggo nyinau kaprigêlaning tangan, dadi mung kari ajar lakuning irama lan cêcengkokan liyane, anggone ajar cengkok liyane iku wis mung kari ngapalake suwarane bae, tangane sasat wis ora ajar, awit tangane wis prigêl nampani parentahing batin.

A: Wah anggèn panjênêngan nêrangakên patraping nabuh kêndhang ingkang sawêg namung kangge nyinau prigêling tangan kemawon manawi tiyang ingkang kirang mêmpêng anggènipun badhe nyinau, sampun ragi anggoblêgakên sirah, saya malih katrangan sanèsipun, kintên kula inggih makatên, dados lêrês, anggèn panjênêngan botên kaconggah andamêl tuntunan tumrap ingkang dèrèng sagêd nabuh punika kamas.

I: Têkan kene prayoga lèrèn dhisik, sawise ngaso banjur miwiti tuntunan tabuhan liyane.

Kodrat, ing Batawi Sèntrêm.

--- 1077 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Jurnalis Mubêng Pasar Gambir.

I

Garèng : Ora, Truk, rêmbugane ing ngarêp luwih bêcik disêtop samene bae, awit saiki wis ngancik Pasar Gambir, mangsane wong sênêng-sênêng lan main rupyan-rupyan.

Petruk : Mupakat, Kang Garèng, karo manèh banjure dêdongenganaku iki ora ambêjaji, sabab mung prakara gawe pilêm thok bae, tur pilêm kolonisasi. Aja manèh sing ngrungokake, wong aku dhewe sing kudu andongèng, iya wis bosên.

Garèng : Sukur ta sukur, yèn kowe wis mupakat. Nèk ora kaliru, Pasar Gambir wis diwiwiti mau bêngi. Kang iku, ing sarèhne sanadyan diaranana cecrekan, kowe mêksa kalêbu jênêng jurnalis, mêsthine kowe rak iya wis icip-icip, ta.

Petruk : Mau bêngi aku durung nonton, Kang Garèng. Awit niyatku arêp nonton mêngko bêngi, bêbarêngan kare[2] kowe lan bakyu, apadene adhimu Makne Kamprèt. Ewasamono kandhamu ing ngarêp ora kaliru, Kang Garèng. Mula nyata anane Pasar Gambir iki aku wis icip-icip, malah kêna diunèkake: nganyari, yaiku: nalika dina Rêbo kang kapungkur, dadi durung paja-paja Pasar Gambir dibukak, kuwi dening komite Pasar Gambir para jurnalis padha diulêmi prêlu diajak mubêng-mubêng nonton kaanane ing Pasar Gambir kono, saka pandongamu aku mèlu katut.

Garèng : Hla, nèk mêngkono kowe iya bisa ngandhakake, kêpriye kaanane ing Pasar Gambir kono, apa akèh tongtonane sing pantês ditongton bangsane kowe aku kiyi.

Petruk : Nèk tongtonane, sapisan kiyi, wah, jan dikayang têmênan, Kang Garèng, lan ing kono komitene Pasar Gambir ngatonake, yèn trêsna têmênan nyang bangsane kowe aku, yaiku băngsa Jawa.

Garèng : Mêngko sik, Truk, omongmu kiyi sêmune kok ana kênduk-kênduke sing ora kêpenak. Têka kok unèkake: Komitene Pasar Gambir trêsna nyang băngsa Jawa, lo, kuwi anjukuk pathokan saka ngêndi.

Petruk : Jêpipingna kupingmu, Kang Garèng, tak têrangake sing nganti kumplit. Apa sing tak wêruhi kalane para jurnalis diulêmi dikon nonton kaanane ing Pasar Gambir, wah, tongtonane pancèn iya bakal anyênêngake bangêt, sabab,

--- 1078 ---

mula iya pancèn kumplit. Ewasamono murih têrange, luwih bêcik tak andharake saka wiwitan bae.

[Grafik]

Jam 4.30 ing dina Rêbo tanggal 24 Agustus, para jurnalis wis padha ngumpul ana ing kantore komite. Salah siji pangrèhe banjur lèngsêng sawatara ing bab anane Pasar Gambir saiki kiyi, sauwise para jurnalis banjur diajak mubêng-mubêng. Kang dijujug dhisik dhewe ing papan kang bakal dipigunakake kanggo tèntunsêtèling pitik iwèn. Miturut salah sijining pangrèh, jarene ing kono, sauwise Pasar Gambir dibukak, arêp dipitongtonake pitik saka Ostraliyah, cacahe 200 iji, kang bakal digawa mrene sarana mêsin mabur. Antarane pitik rongatus mau, jarene sing bakal mati 7, dadi sing bakal dipitongtonake mêksa isih ana 193, kajaba iku ing kono uga bakal dipitongtonake mêrak sajodho.

Garèng : Êmbuh, ya, pikiranaku kok ora pati nyandhak. Mungguhing aku dhewe, nèk mung dikon nonton pitik bae, arêpa pitik saka Junggringsalaka pisan, kok iya mung pitik bae. Nèk aku kok iya ora gumun. Dene mungguhing mêrak, aku iya sok sênêng nonton, nanging iya sêlagine... pêrlip, aliyas: kalane mêrak lanang lagi: bèk meyong, bèk meyong, wag wag kêthêkur, ngono kae.

Petruk : Iya, wujuding mêrak lanang ing kala samono pancèn iya asri bangêt. Saka kono, ngliwati ing dalan kang ing kiwa têngêne ana padhasarane warna-warna lan rupa-rupa, para jurnalis mau padha diirit nyang papan padhasaran tumrap barang-barang kawêkêlane wong bumi.

Garèng : Mêngko sik, Truk, iki kok rada luwar biyasah, lumrahe papan padhasaran kuwi rak mung sasisih, ana saikine têka kiwa têngên ana papan padhasarane.

Petruk : Kanggone Pasar Gambir saiki, mula akèh sing luwar biyasah-luwar biyasah kuwi, Kang Garèng, mêngko kowe bakal krungu kabèh. Dene papan padhasaran sing sasisih, wujud: omah warna-warna, saka sewan f 25.- têkane sewan f 150.-

Garèng : Iki luwar biyasah kang kaping pindho...

Petruk : Dene papan padhasaran sing sasisih manèh, toko warna-warna, Kang Garèng, apa sing bakal didhasarake ing papan padhasaran tumrap barang [ba...]

--- 1079 ---

[...rang] kawêkêlane wong bumi, aku durung bisa crita apa-apa, Kang Garèng, awit ing kala samono, ora mung isih suwung gêmplung bae, malah panggarape iya durung rampung. Saka kono banjur mênyang ing papan palorodan. Nanging iki beda karo biyèn, anane papan palorodan dhèk biyèn, wong loro utawa têlu gêgandhengan, mlorod saka ing dhuwur mangisor, wêr, wêr, wêr, kruntêl. Sing diunèkake: kruntêl, kuwi yèn wis tiba ana ing ngisor. Dene papan palorodan saiki beda, Kang Garèng, anggone mlorod saka ing dhuwur saiki sarana nunggang prau, ana ing ngisor diwènèhi blumbangan, dadi saka ing dhuwur: sêr, sêr, sêr, têkan ing ngisor: kêcopak, ora kok banjur kêcêbur ing blumbangan, nanging isih têrus nunggang prau, ngêmungake panganggone rada têlês sathithik.

[Grafik]

Gambar lawang ing Pasar Gambir.

--- 1080 ---

Garèng : Luwar biyasah kang kaping têlu. Nanging ora pati nyênêngake kaya plorodan cara biyèn, sabab ora bisa mak: kruntêl.

Petruk : Luwih-luwih yèn kancane plorodan bangsane sing... pupuran. Kowe kuwi pikirane sing ora ora bae ngono. Ana ing kono disadhiyani: bir, Kang Garèng...

Garèng : Dadi ana ing kono kowe lim-liman, ta. Luwar biyasah kang ăngka papat.

Petruk : Saka kono banjur diirit nyang sing diarani: Batawi kuna. Ing kono ana gêdhong warna-warna, kaya ta: gêdhong gupêrnuran, kantor arkip, romah obat, lan liya-liyane manèh. Kabèh kuwi ngemba gêdhong-gêdhong sing têmênan, nanging sarwa cilik, malah ing kono uga ana kapale Walănda ing jaman kuna.

Garèng : Luwar biyasah kang kaping lima.

Petruk : Banjur kaanane sêpur ing tanah Jawa, lan ing Sumatrah, kuwi digambar cêtha bangêt, nganti kowe wêruh - kapriye lakune wong lêlungan saka Ngayoja upamane, nyang Lampung, utawa nyang Palembang. Dhisike nunggang sêpur, têkan Tanjungpriuk, utawa: Mêrak, saka kono banjur nunggang prau têkan ing Tanjungkarang.

Garèng : Luwar biyasah kang ăngka 6.

Petruk : Kajaba iku isih akèh liya-liyane sing pantês ditongton. Kabèh iku mau, bênêr bêcik lan nyênêngake, nanging tumrape wong saaku kowe, nonton sapisan bae, iya banjur wis bosên. Dadi kanggone wong Jawa, nonkon[3] Pasar Gambir saiki kiyi, nonton sapisan bae, mêsthi wis bosên. Ora bakal dipindhoni, apa manèh dikaping têloni, mulane aku mau kăndha: komitene Pasar Gambir trêsna bangêt nyang băngsa Jawa, ngeman yèn nganti main royal.

Garèng : Yak kliru, Truk, nyang Pasar Gambir kuwi, bosên nonton iki iku, lumrahe banjur bisa nonton sing ora bisa bosên, yaiku: wayang wong utawa: kêthoprak.

Petruk : Tongtonan rong rupa iki disêngaja ora dianakake, karêpe komite ora liya, ya kuwi mau, ngeman nyang wong Jawa aja nganti royal-royal.

Garèng : Iki komitene sing sabênêre ora gênah, dadi ing kono prasaksat ngêmohi kagunan Jawa. Jarene lagi anu para têlèk Jawa cacahe 80 padha rêkès nyuwun supaya dianakake kêthoprak utawa wayang wong. Kabare wangsulane kêpriye, Truk.

Petruk : Gêntenan, gêntenan, ing sarèhne salawas-lawase ing Pasar Gambir dianani wayang wong, adile saiki dianani tongtonan Sundha.

Garèng : Luwih adil manèh, lan bisane gêntenan, ing Pasar Gambir taun ngarêp, aja dianakake: wayang wong Jawa, utawa tongtonan Sundha, bêcike... cakalele bae. Wah, aku moh nonton bae, kok isin aku.

Petruk : Lo, aja ngono, sapisan-sapisan iya padha nonton, nèk isin padha macak cara Sundha kabiyan.

--- 1081 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Muhammadiyah tumrap congres ing Mêsir. Benjing tanggal 17 October taun punika, ing Mêsir wontên congres wakil-wakilipun praja Islam, pêrlu ngrêmbag babagan Palestina. Pakêmpalan Muhammadiyah Ngayogya nêtêpakên botên badhe ngintunakên wakil dhatêng congres wau, amargi Muhammadiyah punika sanès pakêmpalan politiek. Bab punika kasumanggakakên dhatêng majêlis Islam luhur ing Surabaya.

Bupati Magêtan. Miturut wartos praja, R. Suryo, wêdana ing Porong, Sidoarjo, katêtêpakên dados bupati ing Magêtan, kanthi sêsêbutan tumênggung.

Pamulangan Bestuursacademie. Miturut wartos tumrap Jawi Têngah priyantun ingkang gadhah panyuwun badhe malêbêt dhatêng Bestuursacademie wontên 64, ingkang badhe katampèn namung 4. Mila lajêng badhe kawontênakên pandadaran saringan, manggèn ing Mosvia. Ing golongan wau ingkang gadhah pangajêng-ajêng katampèn R.M.P.P. Tondowijoyo, asistèn wêdana kitha Sêmarang.

Dhukun dipun cêpêng. Ing dhusun Krètèk, Ngayogya, wontên satunggiling dhukun dipun cêpêng. Dhukun punika dipun suyudi ing tiyang kathah, ingkang kathah têtiyang ingkang sampun nate kaukum tuwin tiyang ngulandara. Saking cariyosing kyai dhukun, piyambakipun sagêd adamêl kêdhotan dhatêng têtiyang sadaya wau.

Ambêskup buku. Pulisi ing Padang mêntas ambêskup buku-buku kuminis ing griyanipun tiyang siti nama Rabbie, nama buku Van Moskou naar Tiflis, karanganipun Rustam Effendi; Grondwet U.S.S.R.; Spanje in het communisme; Fascisme en Trotzkysme. Sadaya wau wêdalan saking Pegasus ing Amsterdam.

Saradhadhu bangsa Batak. Miturut wartos saking pangagêng militèr ing Sidikalang, ing taun punika badhe nampèni tiyang malêbêt saradhadhu bangsa Batak cacah 60. Ingkang punika juru ngajari wontên ing Balige, tuwin ngawontênakên dhoktêr kangge mriksa têtiyang ingkang sami badhe malêbêt saradhadhu.

Residhèn Pamêkasan. Tuwan E.L.J. Tydeman, Residhèn Pamêkasan badhe verlof dhatêng Eropa laminipun 8 wulan wiwit tanggal 29 Augustus punika. Salajêngipun dipun wakili Tuwan F. Velthuizen Weil, asistèn residhèn ingkang kabantokakên dhatêng Residhèn Malang.

Serum Prof. Reenstierma. Wontên wartos, Prof. Reenstierma ing Surabaya, tampi wêlingan saking Amerika supados ngintunakên serum lepra ingkang kathah dhatêng Amerika. Ing bab punika Prof. Reenstierma dèrèng sagêd nyêmbadani, amargi sapunika taksih katindakakên kangge cobèn-cobèn.

Boyongan golongan pangajaran. Tanggal 23 wulan punika sampun wontên golongan pangajaran ingkang bidhal saking tanah Jawi dhatêng papan paboyongan ing Lampung.

Têtiyang sagriya dipun cakot sawêr. Ing kampung Sepang, bawah Serang, Bantên, wontên lare èstri nama Sarwi, nuju dolan wontên sajawining griya dipun cakot ing sawêr siti. Sontênipun malih wontên tiyang jalêr nama Salim, bapakipun Sarwi dipun cakot sawêr, kêlajêng andadosakên ngajalipun. Botên dangu adhinipun Sarwi ugi dipun cakot sawêr, salajêngipun ngajal. Ing Bantên punika misuwur kathah sawêripun mandi, dene ingkang langkung mandi, inggih sawêr siti wau.

Angsal-angsalanipun Pakaryan Post. Angsal-angsalanipun Pakaryan Post wiwit wulan Januari dumugi Juli kêpêngkêr, tumrap post wontên f 7.171.142.-; Telegram f 2.477.917.-; Telefoon f 14.019.712.-. Angsal-angsalan pêpetangan makatên ing taun 1937, tumrap post wontên f 7.545.694.-; telegram f 2.819.088.-; telefoon f 14.716.169.-.

Ir. Abdulkarim. Wontên wartos, Ir. Abdulkarim, ingkang sapunika dados directeur P.A.M.S. ing Surakarta, nglamar padamêlan comm. Van Politie. Ing sêmu bab punika wontên unthutipun kaparêngakên.

[Iklan]

Arta pitulungan saking parentah. Miturut wartos, parentah nyadhiyani arta f 17.000.-, kangge pitulungan dhatêng têtiyang ing laladan Madiun sisih lèr ingkang sami botên kêmêdalan.

Inggah-inggahan guru. M. Sukarji, guru vervolgschool ing Durenan, dados kêpala guru vervolgschool ing Mulyosari (Pagêrwojo) sami bawah Tulungagung. Joyodiwiryo, dados kêpala guru pamulangan angka 2 Sidomulyo (Kalangbrèt), Tulungagung.

Dados Directeur Ambachtsleergang. Karno, gediplomeerd vakonderwijs 1e Gouvernementsambachtsschool ing Bêtawi, dados wd. Directeur Ambachtsleergang ing Purwokêrto.

Kadurjanan kina ing Bandung. Sampun dangu kabudidayan kina ing Bandung tansah kecalan kina, nanging dèrèng sagêd nêtêpakên kadospundi cara-caranipun anggèning nyolong. Dangu-dangu inggih lajêng sagêd nyumêrêpi, inggih punika mêndhêt ing kalanipun taksih dipun pe tuwin mêndhêt saking gudhang, saha salajêngipun pulisi sagêd nyumêrêpi cara-caraning pambucalipun. Mênggah nyatanipun, ingkang dados tukang tadhah bangsa Jêpan tuwin bangsa Eropa. Malah pulisi sampun sagêd ambêskup kina kathah wontên ing griyanipun tukang tadhah.

Mrajaya nyalawados. Tuwan Caluwe, ingkang nindakakên pakaryan damêl agêr-agêr ing Kudus, ing wanci dalu nalika nêngah-nêngahi damêl agêr-agêr, ujug-ujug dipun pênthung ing tiyang ingkang botên kasumêrêpan tiyangipun. Tuwan Caluwe nandhang tatu tuwin godeg utêkipun, salajêngipun kabêkta dhatêng griya sakit ing Sêmarang. Ing pangintên, anggèning Tuwan Caluwe dipun cidra wau jalaran dipun bêntèri, saking anggènipun ngêkêr wêwadosipun damêl agêr-agêr.

Babagan ambtenaar arta praja. R. Suryono, adjunct-controleur babagan pajêg ing Cirêbon, dados adspirant-controleur babagan pajêg ing Bêtawi.

Tuwan Supratman tilar donya. Kala tanggal 17 wulan punika Tuwan Supratman, satunggiling bangsa Jawi ingkang ngarang lagu Indonesia Raya tilar donya wontên ing Surabaya. Tumraping golongan kabangsan, sami amèngêti dhatêng lêlabêtanipun Tuwan Supratman.

--- 1082 ---

Katahan gêgayutan arta palsu. Sampun sawatawis dintên, R.S. commes S.J.S. ing Sêmarang katahan ing pulisi jalaran kadakwa gêgayutan prakawis arta palsu. Aluraning prakawis, tuwan wau ngundang dhukun, dipun bayar arta tigang rupiyah, kêthip sadaya. Sadumugining griya, dhukun wau sawêg sumêrêp bilih arta wau sadaya palsu, salajêngipun lapur dhatêng pulisi. Ing wusana dados prakawis punika, Tuwan R.S. katahan.

Bêbau ing Nieuw-Caledonia. Parentah tanah ngriki amarêngakên dhatêng panyuwunipun consul-jendral Prancis mêndhêt bêbau bangsa Jawi tuwin Madura cacah 500 badhe kaêcakakên damêl ngêmungakên wontên sanginggiling siti, ingkang kajêngipun botên wontên ing papan pamelikan salêbêting siti, ing Nieuw-Caledonia.

[Grafik]

M. Samud Sastrowardoyo sakalihan garwa.

M. Samud Sastrowardoyo. Panjênênganipun M. Samud Sastrowardoyo punika asli saking Bojonêgoro. Satamatipun saking pamulangan klas II nglajêngakên dhatêng pamulangan klas I (1907), saha lajêng malêbêt dhatêng Kweekschool ing Ngayogya. Sasampunipun dados guru kintên-kintên 2 taun, lajêng nglêbêti cursus Hulpacte partikêlir ing Bandung (1913). Pasinaonipun punika dipun lajêngakên dhatêng nagari Walandi. Ing taun 1916 lulus pandadaran Hulpacte, lajêng wangsul dhatêng tanah ngriki. Salabêtipun[4] nyêpêng damêl, nyambi ngudi pados Hoofdacte, inggih punika Europeesche Hoofdacte, sagêd kêcêpêng wontên ing taun 1922. Salajêngipun dados pangagêng guru H.I.S. ing probolinggo, tuwin ing taun 1930 dados directeur Normaalschool ing Jombang. Sarêng pamulangan wau suwak, lajêng dados pangagêng guru H.I.S. ing Kêdiri malih. Ing Wêkdal punika panjênênganipun lulus pandadaran basa Jawi tuwin Land- en Volkenkunde tanah ngriki. Ing taun 1937 kaangkat dados ambtenaar ter beschikking ing Departement Pangajaran. Ing sapunika dados Plv. Inspecteur Inl. onderwijs ter beschikking. Limrahipun padamêlan punika dipun tindakakên ing bangsa Walandi.

Têtakan ing pabrik Marikangên. Pabrik sigarèt Marikangên ing Surakarta mêntas nêtakakên anak-anaking punggawanipun cacah 54. Ingriku mawi paargyan, tamunipun kirang-langkung 3000. Rèsipun wontên ing Hulp-Ziekenhuis Muhammadiyah ing Bathangan. Ingkang sami têtak katumpakakên autobus rinêngga-rêngga wangun garudha tuwin baita. Têtingalanipun ingriku ringgit tiyang, kêthoprak tuwin sanès-sanèsipun, ingkang dipun tindakakên dening punggawa ingriku piyambak.

Bank tiyang siti. Kala Congres Centrale Raad Javaansche Katholiek Socialen Bonden ing Ngayogya, wontên rêmbag nêtêpakên adêging bank apawitan f 10.000.-. Ingkang kapilih dados directeur Tuwan R.M. Th. S. Purbadibrata, bank madêg ing Ngayogya.

Kratatau mindhak inggil. Miturut papriksan, sasampuning mêntas mblêdhos, inggiling rêdi Krakatau mindhak dados 82 m, ingajêng namung 75.80 m. Pulo ing sacêlakipun ingkang inggilipun dados 80 m, pulo sandhingipun malih dados 50 m.

Rumêksa kamlarataning pangrèh praja. Wontên dhawuhing parentah dhatêng para pangrèh praja, supados ing sabên taun angladosna pratelan pintên kathahing sambutanipun ing taun wau. Bab punika parentah manggalih bilih tumraping pangrèh praja botên prayogi manawi sugih sambutan. Kajawi punika parentah inggih botên rêna manawi asring damêl ramèn-ramèn, amragi[5] tindak makatên wau inggih mahanani botên sae.

Pamulangan luhur Dhoktêr. Lulus dados arts perangan kapisan, Tuwan Liem Yang Kiok tuwin Tuwan R.S.A. Paminto. Katêtêpakên dados arts, Tuwan-tuwan J.O. Picaly, Sarjono Utomo. Lulus candidaatsexamen perangan kalih kanthi angsal pangalêmbana M. Satriyo, nonah Oei Gwat Nio tuwin Tuwan R. Ali Murti tuwin M. Suparto.

Badhe mèngêti para ridder M.W.O. Ing Bandung madêg comite ingkang badhe ngawontênakên paargyan mèngêti wontêning M.W.O. sampun 125 taun, dhawah tanggal 30 April 1940. Pèngêtan punika badhe kawujudakên paargyan kanthi ngulêmi para ingkang sami angsal bintang M.W.O. ing saindêngipun tanah ngriki dhatêng Bandung. Tumrap tanah ngriki ingkang angsal bintang M.W.O. wontên 275. Ingkang katêtêpakên dados warga pangrèh, Jendral Berenschot, pangarsa, Mayor Van der Sterren, panitra, pangarsaning Javasche Bank, artaka. Warga sanès-sanèsipun, Residhèn Priyangan, Ader, pangagêng S.S., Tuwan-tuwan Roed, Rehatta, Mogot tuwin Sosrohadikusumo, sami warga Raad Kawula.

Parade agêng. Ing sarèhning badhe wontêning baris kapal pêrang ing lautan Tanjungpriok dipun sandèkakên, inggih punika dintên dhawahing paargyan mèngêti jumênêng nata 40 taun ing tanggal 6 Sèptèmbêr ing Bêtawi kawontênakên parade agêng saking golongan-golongan wadya ing Weltevreden, Mr. Cornelis tuwin Bogor, tuwin wadya kapalan saking Bandung. Kajawi punika wadya gêgana ugi badhe baris wontên sanginggiling papan parade. Tumrap parade padatan ing tanggal 31 Augustus kasuwak.

Rêdi Papandayan kêbêsmèn. Dèrèng dangu rêdi Papandayan mêntas kêbêsmèn, latu mrèmèn ambêsmi walirang. Rahayu punggawa pakaryan wana tuwin pangrèh praja lajêng sagêd nyirêp, kanthi rêkaos.

NAGARI WALANDI.

Utusan dalêm nata Surakarta. Utusan dalêm nata Surakarta, B.K.P. Hangabèi sakalihan tuwin putra kalih, sampun dumugi nagari Walandi, dipun papag wêwakil dalêm nata, kaptin Romswinckel, tuwin wêwakil ministêr Jadahan, Tuwan petrus Blumberger. Utusan dalêm punika lêrêm wontên hotèl Wittebrug.

EROPA.

Nata Belgia badhe têdhak Parijs. Wontên wartos, benjing wulan October ngajêng punika, panjênêngan Nata Belgie badhe têdhak Parijs, pêrlu badhe masang sela pèngêtan tumrap suwargi ingkang rama, Prabu Albert.

ASIA.

Palestina saya ruwêd. Rêrêsah ing Palestina taksih lajêng kemawon. Hebron dipun pêjahi dening golongan rêrêsah. Bank Barclay dipun koyok. Awisan tiyang mêdal ing wanci dalu katindakakên kêncêng. Wontên wadya bêbantu saking Jerusalem kanthi motor dêdamêl mriyêm. Motor mabur nyirêp golongan rêrêsah saking gêgana.

Kasangsaran ing Jêpan. Gunggunging tiyang ingkang tiwas jalaran saking wontêning bêna ing Korea lèr wetan, kalêbêt Kankhyohokudo, Kankyonando saya wêwah-wêwah. Dumuginipun sapunika, miturut cathêtan, tiyang ingkang tiwas 363, nandhang tatu 50, ical 351. Griya ingkang kèli 1375, griya ambruk 1254, griya ingkang kêbênan 19.134. Kapal-kapal ingkang ical 27.

Kapal Hansa kèrêm. Sampun sawatawis dintên kapal Jerman "Hansa" tubrukan kalihan kapal Inggris Tungwo wontên ing lèpèn Whangpo, kapal Hasan kèrêm, kintên-kintên wontên tiyang bangsa Tionghoa cacah 150 ingkang sami numpak kapal Hansa sami tiwas. Ingkang sagêd kêtulungan namung nangkodaning kapal bangsa Jerman tuwin bangsa Tioghoa 13.

 


jênggêrêng. (kembali)
karo. (kembali)
nonton. (kembali)
Salêbêtipun. (kembali)
amargi. (kembali)