Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 43, Stu, Pn, 28 Mulud, Jimawal 1869, 28 Mèi 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Paboyongan ing Pêngaron, Borneo sisih kidul ingkang wiwitan - Adêging Kabudidayan Dhèli sampun 75 taun - Marsudi Gêndhing Jawi - Garêbêg Mulud ing Surakarta - Utaminipun Lare Èstri Nyambutdamêl - Cangkriman Volksalmanak - Kabar Warni-Warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Kasarasan

Bêgja-bêgjaning tiyang gêsang punika manawi pinaringan sêgêr kasarasan, mila tiyang punika prêlu jêjampi. Mênggah jampi wau warni-warni ingkang kêdah cocog kalihan sêsakitipun, têgêsipun ingkang sagêd ngêndhih. Pinanggihing tiyang ingkang saras badanipun, punika sagêd nênuntun dhatêng kaconggahing manah dhatêng babagan punapa kemawon.

Nanging manawi dipun manah malih, mênggahing tiyang ugi taksih ambêtahakên kasarasaning batos, malah manawi dipun manah lêbêt, kasarasan batos wau ingkang wajib dipun cakêtakên, awit sami-sami sêsakit, sêsakit batos punika langkung awon pinanggihipun, pasaksènipun makatên, tumraping tiyang sakit lair, inggih punika sêsakit ingkang dipun wastani limrah, nandhang tatu, bêntèr tuwin sanès-sanèsipun, punika manawi sangêt, malah nuwuhakên wêlasing tiyang sanès. Balik sêsakit batos, dèrèng sangêt kemawon sampun dipun sirik ing tiyang.

Sayêktosipun ingkang dipun wastani sêsakit batos wau, ingkang adhakan dipun sumêrêpi ing sanès, tiyang ingkang wêwatêkanipun awon, sintên tiyang ingkang purun momoran tiyang ingkang awon wêwatêkanipun, kajawi tiyang ingkang nunggil wêwatêkan.

Manawi dipun jajagi lêbêtipun, batos punika pancèn kêbak sêsakit, manawi dipun papras punika, thukul punika. Têrangipun makatên:

Tiyang ingkang nêdya anjampèni sêsakit ing batosipun, punika nama sampun satunggiling ganjaran, awit sampun kêthukulan wiji nêdya saras. Ingkang adhakan piyambak, lajêng mêjahi sawarnining kamurkan, upaminipun ngicali wêwatêkan awon wau. Manawi sampun kalampahan makatên, inggih lajêng kêtuwuhan sakit sanès, inggih punika anggènipun ngrumaosi dhatêng kasaenanipun. Manawi sampun sagêd sumingkir saking bab punika, tamtunipun lajêng ngrumaosi ingkang lêrês piyambak. Inggih manawi sampun dumugi panganggêp lêrês wau ingkang lajêng mêgah-mêgahakên, sampun botên kenging dipun jampèni malih, kajawi manawi saras saking kêbukaning manah.

Cêkruktruna.

--- 654 ---

Paboyongan ing Pêngaron, Borneo sisih kidul ingkang wiwitan.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 42.

Kampung ing ngriku wau cacah jiwanipun kirang langkung namung wolung atusan, pangupajiwanipun bêbêrah sarta dagang. Malah kathah ingkang gadhah kêbon karèt.

Enjingipun tanggal 3 April, kula wiwit matêrpas margi, sarêng sampun rampung kula lajêng sagêd nyumêrêpi inggilipun margi wau wontên 17% hèlêng. Kula lajêng prentah dhatêng mandhor supados dipun dhudhuk malih ngantos 15% hèlêng. Punika sampun ragi cêkap kangge lampahing oto wontên ing ngriku.

[Grafik]

Margi ing tanah parêdèn ing Pêngaron, Martapura.

Jam 2 siyang tuwan kontrolir Martapura sarta asistèn kyai rawuh, kula lajêng dipun dhawuhi andhèrèk dhatêng papan paboyongan malih, prêlu nampèni dhawuh padamêlan. Pangandikanipun, kula supados ngukur siti ing ngriku sarta têrus kabagi kangge têtiyang boyongan, sabên tiyang tampi bageyan 2 ha, namung siti ingkang ngèrèng-èrèng supados botên kabagi, nanging ugi kaparingakên dhatêng tiyang, botên tumut kaetang bagiyanipun, dados kabêgjanipun ingkang angsal. Sarêng sampun rampung dhawuhipun lajêng sami kondur, kula ugi andhèrèk, numpak otonipun, jam 4 sontên nêmbe dumugi ing Mêngkauk.

Enjingipun tanggal 4 April, jam 6 enjing kula sampun bidhal saking Mêngkauk dhatêng siti paboyongan, prêlu ngukur siti wau sarta damêl bageyan tiyang satunggal-tunggalipun. Jam 10 siyang tuwan kontrolir ugi rawuh ing ngriku malih. Andangu dhatêng kula: sadintên sagêd angsal pintên bagiyan. Kula matur: kathah-kathahipun 4 bageyan. Utawi 8 ha, jam 3 kula wangsul dhatêng Mêngkauk. Sabên dintênipun kula wongsal-wangsul dhatêng Mêngkauk. Sarêng tanggal 7 kula lajêng pindhah dhatêng panggenan siti paboyongan, manggèn ing los wau. Awit kula manah-manah sayah sangêt, têbih saking padamêlan.

Wiwit kula pindhah saking dhusun Mêngakuk dhatêng panggenan siti paboyongan, ingkang tumut manggèn ing ngriku kathah, watawis tiyang 50, dene kula sabên dintênipun ngangge kuli kangge ukur 26, tumrap tiyang-tiyang wau sami nyambutdamêl margi tuwin krêtêg. Tanggal 9 April, dhatêng malih tukang-tukang kajêng ingkang badhe anggarap griya asistenan, watawis wontên tukang 10, awit griya asistenan wau kêdah tumuntên rampung. Siti paboyongan ing ngriku punika sadaya parêdèn, ing têngah-têngah wontên lèpènipun alit nama Sungipêlikin, sitinipun katingal sae, sadaya parêdèn, awis sangêt kêkajêngan

--- 655 ---

[Iklan]

ingkang kathah kambêngan. Samôngsa kabêngan wau sampun kabêsmi lajêng kabucalan, lajêng katanêman, punika subur sangêt, kadosdene bôngsa Jawi ingkang sampun lami manggèn ing cêlakipun ngriku, pamêdalipun sae sangêt. Punika kenging kangge tuladha dhatêng tiyang-tiyang boyongan ingkang nêmbe dhatêng. Sarêng anggèn kula nyambutdamêl sampun 7 dintên kula etang sampun angsal 1 km², mêsthi pun kabage tiyang 50, ing wusana namung sagêd kabage tiyang 40, dados racak tiyang 1 nampi bageyan 2½ ha. Ing tanggal 11 April, ing ngriku dipun wontênakên wilujêngan, mragad lêmbu 2, lan menda 2, dene ingkang ngrawuhi tuwan-tuwan asistèn residhèn Banjarmasin, kontrolir Martapura, pangagêng sèndhêng Banjarmasin, sarta priyantun B.B. ing Martapura. Lan kapala kampung ondêr dhistrik Pêngaron sadaya. Sarêng watawis jam 2 wontên utusan, kula dipun timbali tuwan asistèn residhèn, kadhawuhan ambêkta gambar pisan. Ing wusana andangu bab padamêlan, sarta mriksani gambar kar ingkang kula damêl. Gêla sangêt dene kula lajêng botên sagêd mirêngakên sêsorahipun tuwan asistèn residhèn. Nanging saking pangandikanipun asistèn kyai sêsorahipun tuwan asistèn residhèn, namung kangge pambikakan siti kolonisasi wau. Jam 3 sadaya sami kondur.

R.S. Citra Kusuma,

Kêrtakbaruwèh 60

Banjarmasin.

--- [656] ---

[Grafik]

Gambar nginggil: tuwan residhèn (sisih kiwa) lan tuwan burgêrmistêr (têngên) nuju mêdharsabda. Têngah: Sri Sultan ing Langkat lan gambar bundêr Sri Sultan ing Dhèli nuju andèkèk gêgubahan sêkar wontên ing papan pèngêtan (umbul Nienhuys). Ngadhap kiwa: Tuwan Visser, Hoofdadministrateur Deli-Maatschappij nuju mêdharsabda.

Adêging Kabudidayan Dhèli sampun 75 taun.

Miturut kawontênan ing kala rumiyin, pamêndhêting kuli-kuli ingkang sami nyambutdamêl ing ngriku, mawi sarana patrap pangrimuk, mila panampinipun têtiyang kathah, lajêng gadhah pandakwa, tiyang dados kuli dhatêng Dhèli punika kenging kabasakakên malêbêt ing bêbaya. Limrahing pitêmbungan dipun wastani: malêbêt Dhèli. Tuwin kala jaman kawan dasanan taun sapriki ing Surakarta wontên têmbung pêprênesan: Dhèli, ingkang têgêsipun ngapusi, upaminipun makatên, wontên tiyang ajak-ajak [ajak-aja...]

--- [657] ---

[...k] punapa kemawon, punika ingkang dipun ajak mangsuli: dhèli: apa. Punika kajêngipun: unimu iku goroh, kaya patrape wong miluta nglêbokake uwong nyang Dhèli.

[Grafik]

Untabing têtiyang wontên ing sakubêngipun papan pèngêtan umbul toya.

Dangu-dangu bab kawontênan ing Dhèli wau lajêng kasumêrêpan ing umum ing bab misuwuring saenipun, inggih punika Dhèli punika panggenaning kabudidayan-kabudidayan sata tuwin sanès-sanèsipun ingkang agêng-agêng, ing ngriku panggenaning arta, malah wontên ingkang maribasakakên: nagari dholar. Dados lajêng cêtha bilih lohjinawi.

Ing wulan Mèi punika adêging kabudidayan ing Dhèli sampun 75 taun, ing ngriku dipun wontênakên pahargyan agêng-agêngan, ingkang dipun adani dening para tuwan-tuwan kabudidayan. Miturut katrangan, ingkang cikal bakal, inggih punika ingkang pados pasitèn ingkang sakawit badhe dipun tanêmi sata, Tuwan Nienhuys, ing diwasanipun ing Dhèli salaladanipun lajêng dados gêmah raharja saha misuwur.

Kala dhawahing dintên pahargyan wau para tuwan-tuwan tuwin nyonyah-nyonyah sami mangangge cara kina ing jaman 75 taun kêpêngkêr, numpak têtumpakan ingkang sarwa prasaja, grobag sapanunggilanipun, para jalêr sami mangangge jas tutup, dalah pasugatanipun inggih cara kina, inggih punika sêkul gorèng, unjuk-unjukanipun bir. Rikala punika pambikaking pahargyan mawi dipun purwani wêdharsabdanipun tuwan residhèn tuwin burgêmistêr.

--- 658 ---

Kagunan Jawi

Marsudi gêndhing Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 40

Ananging asring kemawon para pakêmpalan nabuh pradôngga, manawi dipun suwuni tulung nabuh gôngsa wontên papanipun sadhèrèk warganipun gadhah damêl mantu, sarêng pangantèn kapanggihakên, bibar panggih, pangantèn dipun gandhèngakên, kônca nabuh pradôngga dipun suwuni gêndhing ladrang pangantèn, ingkang kathah lajêng bibrah, jalaran saking botên dipun sinau. Amargi nalika sinau, ingkang dipun rêmêni namung gêndhing prênesan, utawi gêndhing ingkang kenging dipun gerongi. Mila ing ngriki kula andamêl nut ladra[1] pangantèn.

Gd. Ladrang pangantèn. Lr. sl. pt. 6.

[NOTASI]

Prêlu kula têrangakên, sadaya gêndhing ingkang kênong 3 lajêng kênong sakawan, sarêng kalayan gong. Punika dipun wastani gêndhing ladrangan, gêndhing ladrang pangantèn punika ugi gêndhing ladrangan, sabên mungêl kênong kaping 3 lajêng gong.

Dene nut ladrang pangantèn wau, kênongipun kula urutakên ngantos dumugi ôngka 22 (XX) namung kangge nêrangakên, yèn kangge sinau sêsarêngan, punika asring wontên salah satunggalipun sadhèrèk, salêbêtipun sinau nabuh: kalayan takèn (iki têkan ngindi[2] ênggone nabuh iki).

Manawi kênongipun wontên urutipun ôngka, lajêng kantun mastani: dumugi ôngka... samantên.

Lagu macapat Kinanthi, ingkang asring kangge gerong utawi sindhenan, kagêm apilan, prêlunipun sagêd sami pakêcapan saha têtêmbunganipun, sampun ngantos gerongipun anggêga kajêngipun piyambak-piyambak.

--- 659 ---

[Iklan]

1. kang titis panabuhipun / ririh arampak waradin / rêbaban nyadari ngangkang / pamathête dhèmês wasis / ngalêlêr ngês wilêtira / lakune kosok lêstari //

2. kêndhang tètèh anarunthung / swarane lin-sumalin / jêjêg ajêg wiramanya / gêndèr gumlêndhêng-gumlêndhing / nyupak sumruwung bumbungnya / gambang glêbêg banyu mili //

Badhe kasambêtan.

R. Ng. Pringga Ardana.

Nglêrêsakên.

Ing pungkasaning wawasan kula ''wiraosan sêrat'' (ing Kajawèn ôngka 38) wontên ingkang pêrlu kula lêrêsakên, inggih punika ing pratelaning Bausastra ingkang mungêl:

''1: C.T. Winter Sr. : Sêrat isi ect.'' Punika kawaosa makatên:

''1: C.F. Winter Sr. : Sêrat isi têmbung Kawi mawi têgêsipun.''

Wondene ingkang nanggêl jawaban lêrês lêpating panyêratipun têmbung ''sêrat'' (mawi layaran) punika mêsthinipun inggih swargi ingkang mangripta piyambak, dede kula.

Lêpating panyêrat sanèsipun ing wawasan kula wau (Kajawèn ôngka 36 lan 37). Kados ta ''alle'' dados ''als'' etc. mêsthinipun para maos ing batos sampun anglêrêsakên piyambak, botên pêrlu kula pratelakakên.

Batawi, 5 Mèi 1938.

Kandhiyur.

--- [660] ---

Garêbêg Mulud ing Surakarta.

Kados para maos sampun botên kêkilapan dhatêng kawontênaning garêbêg Mulud ing Surakarta, mila ing ngriki prêlu namung ngêwrat gambar-gambaripun.

[Grafik]

Ing nginggil sisih kiwa: gapura Masjid Agêng Surakarta. Nginggil sisih têngên: tuwan gupêrnur tuwin pêpatih dalêm, punapadene para bupati, para tuwan-tuwan, sami wontên ing pagêlaran.

[Grafik]

Gambar têngah: pêpatih dalêm tuwin para bupati nayaka badhe ngêpang ajad dalêm dhatêng Masjid Agêng. Ngandhap: K.G.P.A.A. Mangkunagara, badhe sowan garêbêg.

--- [661] ---

[Grafik]

Garêbêg Mulud ing Ngayogyakarta.

Gambar bundêr: Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan mariksani galadhirêsik.

Nginggil kiwa: Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan jêngkar siniwaka saking sitinggil.

Sisih kiwa ngandhap: gunungan èstri. Ingkang têngên ngandhap: papan barising para abdi dalêm prajurit.

--- 662 ---

Rêmbagipun Garèng+Petruk

Utaminipun lare èstri nyambutdamêl.

IV.

Garèng : Wah, sêmune kowe wis rumasa êmbèk têmênan rêmbugan karo aku ing bab alakirabi kuwi. Hla wong aku kathik kok ajak dhebat-dhebatan prakara alakirabi, ha iya masa mênanga kowe, Truk, apa kowe ora kulak wêrta adol prungon, yèn aku iki pancèn wis bôngsa ahli... rabi. Gumunku kuwi sing gawe nutupi isine le kalah padon ngèlmu karo aku, kathik muni: alakirabi iki prakara gawat, Kang Garèng. ambok muni bae mangkene: sampun tobat bêndara kalih sampeyan, dhu - wa - lo - lo - lo - e.

Petruk : Wayah, iki ana gêndhingan kathik dicampur adhuk wani mêngkono. Wèh, watake Kang Garèng iki kathik ora malih-malih anggone moh kalah, malah kêna diunèkake saya tuwa ora saya mari, jêbul malah saya ambabrak.

Garèng : Toblas, apa aku iki gudhigên utawa kadhasên, kathik diunèkake: ambabrak. Ora, Truk, mara têrangna, sabab-sababe apa, dene kowe ing ngarêp anglairake panêmumu: ora pati cocog anane para wanita nyambutgawe ana ing kantoran kuwi.

Petruk : Wah, sabab-sababe iki pirang-pirang bangêt, Kang Garèng. Kang nomêr siji: wong wadon banjur akèh sing nyêbal karo unèn-unèn kuna, yaiku: ora dadi bêbaune wong lanang, nanging malah dadi mungsuh, Kang Garèng.

Garèng : Ma-tik aku, bundhêl pikiranaku, Truk, ana wong wadon nyambutgawe kantoran, kathik diunèkake mungsuh. Nèk aku malah kosokbaline, Truk. Ing kantoran kuwi nèk ana punggawane wadon, wah, rêja, Truk. Kang kapisan: sing dadi panggêdhe, saka kêna dayaning punggawa wanita mau, luwih-luwih yèn malèsdrèng, Truk, mêsthi banjur rikuh arêp brigah-brigih utawa kasar, sabab yèn nganti disêngol mêsthi kalang-kabut panggalihe, apa manèh yèn nganti dpleroki, mêsthi... sêtêngah mati. Bathine sapa iki, rak ya punggawa umume, ta. Mara, apa iya ala saikine, anane wanita nyambutgawe kantoran.

Petruk : Iya nèk kêtanggor sèp kantor sing kaya kok kandhakake kuwi mau, sing bisa nyilakani wong lanang têmênan. Iki wiwit nampane punggawa anyar. Kok ana bukakan pagaweyan, sing nglamar wong loro, siji lanang siji wadon [wa...]

--- 663 ---

[...don] upamane. Panggêdhe sing kaya ngono mau, sing dipilih iya banjur dudu: dhuwuring dhêklomane utawa katêmênane, nanging kapintêrane... pupuran lamatan, Kang Garèng. Dene yèn wis ditômpa, wah, bisa ambubrah-bubrahake artikêl. Nèk kabênêran anggêre mèsême dêrês bae, bisa ngalah-alahake kônca-kancane punggawa lanang sing wis lawas dhinêse, sadhela bae bisa dadi... komis, Kang Garèng.

[Grafik]

Garèng : Kuwi rak nèk kowe sing dadi panggêdhe. Masa iya, ana panggêdhe kathik sajak... cluthak mêngkono. Nèk dadi panggêdhe kuwi tumrape jaman saiki, mêsthi adil, ora ambedak-bedakake lanang lan wadon, kulit sing kaya kèju, utawa sing kaya sawo mênilah, sapa sing pintêr lan sing têmên, yakuwi sing mundhak pangkate lan munggah blanjane. Ana ngaran-arani sèp sing ora mèmpêr-mèmpêr mêngkono. Nèk aku isih têtêp panêmuku: ing sajêroning kantor ana punggawane wadon kuwi, mundhak rêjane, sabab prakara ambon-ambon ing sajêroning kantor kono, mêsthine iya ora lêcit utawa kêcut, nanging: srêbêt: minyak dhepiniyah, sriwing: koti, sêndêlup - yèn lagi padha pilêg, Truk - mêsthi banjir dhoklonyo. Banjur luwih untung manèh kanggone punggawa lanang, apa manèh yèn rada disobat karo punggawa wadon mau, lumrahe sok kêrêp bisa anggayêmi, Truk. Awit punggawa wadon kuwi sing akèh sok padha kêmil Truk, nèk nyang kantor sok sangu: coklat, bon-bon, opyês, lan sapadhane. Wah, punggawa lanang sok diuncali, Truk, mara, sajêroning kantor apa ora rêja iki arane.

Petruk : Ana sing dikandhakake têka mung butuhe dhewe bae. Sing ing ngarêp tak arani: bocah wadon nyambutgawe nyêbal nyang unèn-unèn kuna, yaiku ora dadi bêbaune wong lanang, nanging malah dadi mungsuh, kuwi mangkene: Idham-idhamane wong wadon ing jaman biyèn kuwi: supaya enggala laki. Saiki akèh sing idham-idhamane: yèn gêdhe aku arêp nyambutgawe. Nèk dipikir dawa, idham-idhaman loro kiyi, karêpe, wah, wis ngrujak sêntul bangêt. Sing dhisik karêpe: supaya enggala diwêngku ing priya. Iki atêgês: angarêpake bangêt dadi bêbaune priya. Sing kapindho, bêsuk aku arêp nyambutgawe, kuwi karêpe: aku arêp golèk pangan dhewe, arêp urip dhewe, iki atêgês: nyang wong lanang: tidhak mau tahu. Lan bokmanawa iki nganggo ana buntute dawa magkene: sabab, wong lanang kuwi sok siyasiya, [siya...]

--- 664 ---

[...siya,] sok sawiyah-wiyah, sok sawênang-wênang nyang wong wadon, ensopurut. Dadi ing idham-idhamane: supaya enggal laki, wiwit cilik bocah wadon prasaksat kayadene diwulang: dikon mèlu nyang wong lanang, dikon sêtiyar, bêkti, dikon trêsna nyang wong lanang. Mara, dadi wiwit cilik wulangane bocah wadon, dikon dadi bêbau lan mitrane wong lanang. Seje karo idham-idhaman kang ôngka loro, wiwit cilik kayadene banjur diwulang: dikon ngeling-eling: ambêgsiyane wong lanang, anggone dhêmên sawiyah-wiyah, sawênang-wênang lan sapadhane, dadi kayadene dikon mungsuh nyang wong lanang, mulane barêng gêdhe, sabisa-bisa arêp mungsuh, arêp ngongkurèn, aliyas arêp ngêjori nyang wong lanang. Wong lanang sinau ika iki, wong wadon moh kalah, wong lanang sêporêt, tènis, bèdminton, lan sapadhane, wong wadon iya moh kalah. Wong lanang plêsir-plêsir bêngi, wong wadon iya moh kalah....

Garèng : Wayah, apa wong wadon bangsane sing sok dhêmên ngajak ora agama kae, ana wong lanang pêlêsir-pêlêsir ing wayah bêngi, kathik moh kalah, nanging malah arêp ngêjori.

Petruk : Lho, kuwi aku mung arêp ngandhakake bukti-bukti anggone wong wadon sajak arêp mungsuh têrus-têrusan karo wong lanang. Dene yèn banjur wis mratah wong wadon moh kalah ing sakabèh-kabèhe karo wong lanang, aku banjur nyandhak sabab kang ôngka loro anggonku ora cocog anane wong wadon padha nyambutgawe, yaiku: saya ngundhakake cacahe wong angguran.

Garèng : Wèh, hla saya bubar pikiranaku, Truk. Ana wanita padha nyambutgawe kathik diunèkake ngundhakake cacahe wong angguran.

Petruk : Lho, aku mau rak wis kôndha: idham-idhamane bocah wadon ing bêsuk kêpengin nyambutgawe, kang atêgês: ora arêp laki, sabab wong lanang mêngkene, wong lanang mêngkana. Saya akèh bocah wadon padha nyambutgawe, saya akèh pagaweyan-pagaweyan sing maune ditindakake wong lanang saikine banjur ditindakake wong wadon. Iki atêgês: wong wadon sing maune uripe nunut wong lanang, banjur akèh sing urip mandhirèng dhewe sabab bisa nyambutgawe mau. Kosokbaline, wong lanang akèh sing pagaweyane dirêbut nyang wong wadon mau, kang sabanjure dadi panji klanthung. Mara, apa ora saya mundhak cacahe wong angguran.

Garèng : Yèn dijorake mêngkono, suwe-suwene mêsthi bakal ditata bêcik. Upamane bae nagara banjur nganakake wèt anyar, kang amarêngake wong kaya kowe aku iki di... sêlir bêndara komis wadon.

Wara-wara

Ngaturi uninga, sawarnining karangan ingkang kapacak ing Kajawèn, punika ingkang angsal pituwas namung tumrap ingkang sampun sarêmbag kalihan redhaksi ing sadèrèngipun.

--- 665 ---

CANGKRIMAN VOLKSALMANAK

(Sambêtipun Kajawèn No. 42)

169e -- Prijs -- Doesah p/a Badoe Amat, guru kepala sekolah negeri, Lagan, Punggasan, Balai Selasa (S.W.K) -- '' -- 5,-

170e -- '' -- Noer Asni Moechtar, leerling H.I.S. Lahat, Palembang -- '' -- 5,-

171e -- '' -- Raden Agoes, Particulier, Astana-garib, Kanoman, Cheribon -- '' -- 5,-

172e -- '' -- Salim, werkm. A.S.S. No. 228, Blok-Bengkel, Sigli -- '' -- 5,-

173e -- '' -- R. Poesposoegondho, Klerk S.S. Inspectiekantoor IV, Kranji, Purwakerto -- '' -- 5,-

174e -- '' -- Mas Roro Roekminiwati p/a Mas Soeparto, Wedono district Sukopuro, Probolinggo SS/OL -- F -- 5,-

175e -- '' -- H.M. Masjkoeri, Drukkerij, Kudus -- '' -- 5,-

176e -- '' -- Darianus Loemban Tobing, Douane Personeel, Selatpanjang -- '' -- 5,-

177e -- '' -- Asnawi p/a kantoor Kiai Tandjoeng, Kandangan (Borneo) -- '' -- 5,-

178e -- '' -- Ideris bin Hadji Tajib, toek, djait, Simpangkapuh, Jambi -- '' -- 5,-

179e -- '' -- Singokarjo, Petinggi, desa Sumberdanti Sukowono SS/OL -- '' -- 5,-

180e -- '' -- Anas p/a St. Djamaris handelaar, Sawah Lunto -- '' -- 5,-

181e -- '' -- R.A. Siti Soetarijah p/a Rijksbestuurder Jokjakarta -- '' -- 5,-

182e -- '' -- Mohamad Saleh, Schrijver B.B. Martapura (Borneo) -- '' -- 5,-

183e -- '' -- Mohd. Arif Effendi, Handelaar, kp. Sukaramai no. 918, Medan -- '' -- 5,-

184e -- '' -- Sitimaria H. Ali, berkebon, Toaja, Donggala -- '' -- 5,-

185e -- '' -- Sastrosoehodo, Schetter Pandhuis, Purwarejo -- '' -- 5,-

186e -- '' -- Iljas gl. Soetan Pamenan, mantri topograaf Herzieningsbrigade, Jagalan g 3a, Malang -- '' -- 5,-

187e -- '' -- R. Prawoto, Adj. Halte Chef S.S. Gempolkerep, Mojokerto -- '' -- 5,-

188e -- '' -- Hirlan, desa Sitimerto, onderdistr, Pagu, Gurah, Kedhiri -- '' -- 5,-

189e -- '' -- H. Abdoelkahar, Hulp filiaal V.E.D.A., tinggal didesa Kepedek, Kutawinangun -- '' -- 5,-

190e -- '' -- Mail, Mantri Opiumverkoopplaats, Mesue, Pangkalpinang -- '' -- 5,-

191e -- '' -- Moehammad bin H. Mohd. Arip Fadli, berladang, kamp. Parit, Sampit (Borneo) -- '' -- 5,-

192e -- '' -- Tjioe Tjioe Hie, Fabriek tjoe, tjap Sport, Pare-Pare (Celebes) -- '' -- 5,-

193e -- '' -- Djamin glr. Chatib Madjolelo, Kadli nikah negeri Tandikat, Lubuk-Aro, Sicincin, Kayutaman -- '' -- 5,-

194e -- '' -- Mohamad Tambi, Mantri voor de Belastingen, Tanjung Balai (Karimun) Riouwen O. -- '' -- 5,-

195e -- '' -- S. Siswosoekarto, Volksonderwijzer, Alasdowo, onderdistr. Dukuhseti, Taju -- '' -- 5,-

196e -- '' -- Ronopawiro, Ambachtsman Radio Zendstation Dayuh-Kolot, Bojongsong No. 91, Buahbatu, Bandhung -- '' -- 5,-

197e -- '' -- Siam p/a Karsoemadi, Jongos H.I.S., Pontianak -- '' -- 5,-

198e -- Prijs -- Idi Affandi, klerk kantoor Cacahjiwa (Gemeente) Bandhung -- '' -- 5,-

199e -- '' -- Soedjarto, Carik desa kl-Trijagan, distr. Bekanang, Solo -- '' -- 5,-

200e -- '' -- R. Oostenrijk, leerling 3e kl. A.M.S. afd. B, Jogjakarta -- '' -- 5,-

201e -- '' -- Dawood bin Ali Mansoor Soeratie, Asst. P.T.T. Ketapang Ardiguno 9, Surabaya -- '' -- 5,-

202e -- '' -- Emoet, Hoofdkantoor Boschwezen, Gang Kebonjae achter No. 55 - Buitenzorg -- '' -- 5,-

203e -- '' -- Tebba daeng Paroto, Mantri Opnemer 1e kula. b/d L.I. Landrenteafdeelingskantoor, Makasser -- '' -- 5,-

204e -- '' -- Tjia Hong Liang p/agêng Kantoor Liem Bian Siang, Handelaar, Kendari (Celebes) -- '' -- 5,-

205e -- '' -- R. Joesoef Sastrowidjaja, desa Ciawitali, onderdistr. Banjarsari, distr. Banjar, Banjasari -- '' -- 5,-

206e -- '' -- Kiagoes Abdulhamid, leerl. 2e Openb. H.I.S. Gang Cendol, Batavia-C -- '' -- 5,-

207e -- '' -- Egones Eberhard Engelb. Josph v. Jacobusz., cand. guru R.K. p/a Bella Jacobusz, R.K. Volksschool, di Ondong Siaoe, Oeloe Siaoe - Manado -- '' -- 5,-

208e -- '' -- Chifnie bin H. Moekmin Choesein p/a H. Ngali, Kauman, Kebumen -- '' -- 5,-

[Iklan]

--- 666 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Jalaran kagèt adamêl tiwas. Satunggiling bong (juru nêtaki) ing dhusun Kalitanjung, nêtaki lare ing dhusun Gambarsari, Banyumas. Nalika bong wau sawêg badhe nêtaki, wontên tiyang ingkang ngungêlakên long, dipun wastani anggènipun nêtaki sampun rampung. Ing ngriku bong kagèt, lading magas wêwadosing lare, pagas kapisanan, andadosakên ing tiwasipun, drijinipun bong piyambak sakawan sami rantas, lajêng botên èngêt.

Ngayomi warak. Miturut wartos, Pakaryan Wana gadhah atur dhatêng Parentah, supados wana ing Ujung Kulon, Bantên, dipun tutup babarpisan, pêrlu kangge ngayomi warak ing wana ngriku. Ing bab punika sawêg dados rêmbagipun Directeur Economische Zaken tuwin pangagêng nagari ngriku, saha lajêng nêdha panimbang dhatêng Gupêrnur Jawi-Kilèn.

Manggih barang kina ing Sanggariti. Ing Batu, Malang, wontên candhinipun nama Sanggariti, adêging candhi wau kintên-kintên kala ing abad IX. Dangu-dangu candhi ing ngriku wau risak, saha lajêng dipun mulyakakên dening Pakaryan babagan Barang Kina. Ing nalika andandosi candhi wau amanggihakên pêthi sela tutupan. Pêthi-pêthi ingkang pinanggih wau sarêng kabikak isi barang-barang kina ingkang majaji, kintên-kintên barang pirantosing sêmbahyang tuwin sanès-sanèsipun, wontên ingkang mas punapa. Barang-barang wau lajêng kasimpên wontên ing pasimpênan barang-barang kina ing Bataviaasch Genootschap ing Bêtawi.

Walur dados padagangan. Ing ngajêng sampun nate kawartosakên, bilih bangsa Jêpan purun andagang walur, miturut wartos barang wau lajêng dipun angge glêpung ingkang dipun wastani Konyaku, glêpung wau kathah sangêt pigunanipun. Kala ing taun 1933 kintunan barang wau saking tanah Jawi wontên 212.732 kg, rêrêgèn f 17.000.-. Kala taun 1936 mindhak dados 1.940.745 kg, rêrêgèn f 135.650.-. Ing sapunika wontên wartos ing nagari Walandi ugi nindakakên cobèn-cobèn ngangge barang wau kangge wontên ing papan pamelikan arêng sela, pêrlu kangge ngrêsiki toya ingkang tilas kangge ngumbah arêng sela.

Lare dèrèng ngumur nindakakên kadurjanan. Pulisi ing Mr. Cornelis, mêntas nyêpêng lare nama Main, umur 13 taun, lare wau dados pangajênging durjana sanèsipun ingkang ugi lare-lare. Durjana alit-alit wau sampun nglampahi kadurjanan 15 rambahan sarana pangrisak.

Telegram dhatêng Raad Kawula. Nyarêngi dhawahing dintên pèngêtan adêging Raad Kawula sampun 20 taun, tampi pambagya wilujêng lumantar telegram saking tuwan-tuwan Koningsberger, Schumann, Neytzell de Wilde,. Meyer Ranneft, Prof. J.J. Schrieke tuwin Mr. Weyer.

Tampi tanda kangge kasênêngan. Pangajênging Stichting Centrale Vereeniging tot Bestrejding der Tuberculose tampi tanda bêbingah saking N.V. Telegraaf Maatschappij Radio Holland awarni pirantos panampi radio, supados kasukakakên dhatêng sanatorium tiyang sakit napas ing Sanggariti ingkang badhe kabikak.

Kadhêndha awrat jalaran pajêg. Pangadilan Landraad ing Salatiga mêntas ngrampungi prakawisipun bangsa Tionghwa nama Tuwan Tjioe Tjin Liang ing Têngaran, Salatiga, kadakwa prakawis nguntêt pambayaripun arta pajêg, ingkang lantaran saking anggènipun nglampahakên arta tuwin nyewakakên griya. Karampunganipun kadêndha f 2000.- utawi kakunjara 10 wulan.

Ngindhaki golongan B.B. Departement Pangrèhpraja mêntas ngusulakên wontên ngarsaning parêpatan ing ngarsa dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana bab amêwahi cacahing punggawa Pangrèhpraja ing taun 1939.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus doctoral examen perangan kapisan, Tuwan Abdul Latief.

Kawontênaning rêdi-rêdi latu. Miturut palapuran, pikantukaning paniti rêdi-rêdi latu, rêdi-rêdi ingkang têrus ngêdalakên latu inggih punika rêdi Tangkuban Prau, Pêpandayan, Cêrêmai, dene ingkang dados pajagèn ngantos pintên-pintên panggenan, rêdi Kêlud, Lamongan tuwin kawah Ijèn. Tumrap tanah Sabrang rêdi Piek van Korintji tuwin rêdi Dukono, pulo Halmahera.

[Iklan]

Directeur Economische Zaken dhatêng Borneo. Benjing tanggal 31 wulan punika, directeur van Economische Zaken badhe dhatêng Borneo, dipun dhèrèkakên dening Dr. J.H. Becking, pangagêng Pakaryan Wana, Tuwan A. Luytjes pangagêng Têtanèn, Tuwan D.J.C. van der Peijl, consulent dagang ing Surabaya, pêrlu badhe papriksa kawontênanipun laladan Borneo.

Pakêmpalan Ngèsthi Harja. Ing Purwakêrto wontên pakêmpalaning para kêpala dhusun nama Ngèsthi Harja, ingkang sampun angsal rechtspersoon. Pakêmpalan wau mêntas ngawontênakên pêpanggihan ingkang mawi dipun paargya ing gangsa, manggèn ing kalurahan Kranji. Pakêmpalan wau pinanggih majêng.

Tanah ngriki badhe tumut ngêdali tentoonstelling ing New York. Miturut wartos, benjing tentoonstelling ing New York ing taun 1939, tumrap karajan Walandi badhe ngêdêgakên griya kangge pêrluning nagari Walandi tuwin tanah ngriki, dados sagriya. Tumrap ingkang gêgayutan kalihan tanah ngriki amujudakên kawontênanipun nagari Walandi gêgayutanipun kalihan tanah ngriki. Ugi ing ngriku ngatingalakên ing bab gêgayutanipun tanah ngriki ing bab padagangan.

Congrès Midpost. Congrès Midpost ingkang kaping pitu badhe kawontênakên ing Surabaya, dhawah tanggal 4 dumugi 6 Juni ngajêng punika. Ing pêpanggihan dalu manggèn ing Gêdhong Nasional Indonesia, salajêngipun manggèn ing Clubhuis gadhahanipun Midpost pang Surabaya. Hoofdbestuur Midpost punika manggèn ing Bandhung, nyêlaki kantor agêng Pakaryan Post.

Arta bayaran sêkolah ing Gemeente Bêtawi. Wontên wartos bilih panariking arta bayaran sêkolah Gemeente ing Gemeente Bêtawi badhe katindakakên sarana dipun purugi dhatêng griyaning tiyang sêpuhing lare dening punggawa Gemeente.

Kêmasan ing Bêtawi kêdah nêdha palilah. Sarèhning kawontênaning kêmasan punika gampil kêtuwuhan sabab bêbaya latu, ing sapunika wontên usul saking B. en W. dhatêng gemeenteraad supados manawi wontên tiyang badhe ngêdêgakên kêmasan kêdah nyuwun palilah rumiyin, dene ingkang sampun wontên supados lajêng lapur, kaparingan inah salêbêtipun tigang wulan.

Kaparêngakên nindakakên kadhoktêran. R. Soedarsono Mangoenhadikoesoemo kaparêngakên ambikak kadhoktêran wontên ing saindêngipun tanah ngriki.

Mas ing Soreang. Awit saking pangudinipun Dr. Philippi, sagêd manggihakên pasitèn ingkang wontên êmasipun ing Soreang, Priyangan, saha salajêngipun nyuwun palilah dhatêng ingkang wajib badhe pados mas wontên ing ngriku. Bab punika tumrap têtiyang ing Bojonghonje nyumêrêpi tindakipun Dr. Philippi nalika nindakakên cobèn-cobèn saha sagêd niru. Salajêngipun sami pados, sadintênipun ngantos wontên ingkang angsal ngantos rêrêgèn sarupiyah. Wusana bab punika lajêng dipun awisi. Têtiyang ing ngriku botên narimah, lajêng gadhah atur dhatêng ingkang bupati ing Bandhung.

--- 667 ---

[Iklan]

Têtiyang ingkang sami botên mulur manahipun. Pangadilan Landraad ing Surabaya mêntas ngrêmpungi prakawis rajapêjah, aluraning pakawis, wontên tiyang nama Sênari ing dhusun Kêrut, gadhah panêdha dhatêng anakipun nama Djen, supados dipun pêjahi, amagi sampun sêpuh saha sampun rêkaos anggèning pados têdha. Panêdhaning tiyang sêpuhipun ingkang makatên wau dipun pituruti, gulunipun lajêng dipun tangsuli singsêt wusana dumugi ing tiwas. Papriksan punika dèrèng sagêd rampung ngontosi[3] sanès dintên.

Kawigatosaning rêmbag ing Volkenbond. Volkenbond nayogyani dhatêng rêmbag ing bab anjêmbarakên paniti panggêsanganing rakyat, saya tumrap rakyat ing jajahan Asia. Têlênging pangudi babagan punika badhe kawontênakên ing Coonor, tanah Indhu. Ing bab punika, awit saking kaparênging Parentah, Dr. A.G. van Veen, pangagênging Chemische Afdeeling van Eykman Instituut ing Bêtawi, katêtêpakên dados warganing commissie panggêsangan rakyat saking Volkenboond, kaanggêp satunggiling tiyang ahli kawigatosan ing bab punika ing tanah ngriki.

Kweekschool ing Munthilan. Ing taun punika R.K. Centrale Kweekschool ing Munthilan ngawontênakên wulangan enggal mawi klas sami ingkang kaperang-perang, sagêd nampèni murid enggal 60.

Para murid Mulo ingkang badhe nêmpuh exsamen wêkasan ing Sêmarang. Miturut wartos para murid Mulo ing laladan Sêmarang, inggih punika kalêbêt Têgal, Pêkalongan, Salatiga tuwin Ambarawa, wontên 347, cacah samantên wau ingkang tumrap Sêmarang piyambak wontên 236. Examen schriftelijk sampun kalampahan tumindak wontên ing panggenanipun piyambak-piyambak, dene exsamenipun mondêling badhe sêsarêngan kawontênakên ing Sêmarang.

Pangeranpati Jaman. Miturut wartos, Pangeranpati Jaman ingkang dipun wartosakên dipun aturi mampir dhatêng tanah ngriki, punika wontên wartos ugi marêngakên.

Sês Eng Siong andhêsêk sês krètèk. Miturut wartos, kawontênaning sês krètèk ing laladan paresidhenan Kêdhu, pinanggih kêndho, jalaran kêdhêsêk saking pajênging sês Eng Siong wêdalan Kêbumèn.

Nyêpêng tiyang nêdya lampah awon. Pulisi ing Purwarêja andêngangi golonganing têtiyang ingkang nêdya nindakakên lampah kadurjanan agêng. Pangajênging golongan wau nama Tjipto lajêng kacêpêng.

Karisakan jalaran ombaking sagantên. Miturut wartos saking Donggala, Sèlèbês, ing laladan Parigi kêtêmpuh ing bêbaya inggahing ombak sagantên dhatêng pasisir, adamêl karisakan agêng. Ing Torilulu, wontên ombak sakalangkung agêng, ngantos malêbêt dhatêng nagari, wontên tiyang 8 ingkang ical larinipun, 3 ingkang sampun pinanggih mayitipun. Kêwan-kêwan tuwin klapa kathah ingkang kèli katut ombak. Ing antawising Toribulu dumugi Parigi wontên griya 450 sami ambruk 100 sami doyong.[4] Ing sunglon Ampibabo ugi wontên ombak agêng. Ing Toboli tuwin ing Kêbonkope wontên jugrugan, kathah margi-margi ingkang mlêsêg. Kawat tilpun kathah ingkang pêdhot. Waterleiding ing Palu karisakan agêng. Margi saking Palu dhatêng Kulawi botên kenging kangge langkung. Miturut wartos saking Mênadho. Ing Rinombo ugi karisakan agêng. Lampahing ombak minggah ing pasisir Donggala ngantos 100 m, kathah griya ingkang sami ambruk. Residhèn ing Mênadho kanthi têtiyang ingkang badhe tumindak têtulung sampun bidhal dhatêng Tominibocht.

Pacobèn sêpur dalu. Ing salêbêtipun Sêkatèn, N.I.S. ngawontênakên cobèn-cobèn sêpur dalu, bidhal saking Ngayogya dhatêng Surakarta, bidhalipun saking Ngayogya jam 7 sontên, wangsulipun saking Surakarta jam 1 dalu. Pacobèn wau pinanggih marêmakên, têtiyang ingkang numpak kêbêk. Kintên-kintên ing taun ngajêng badhe nindakakên sêpur dalu kados makatên saking Ngayogya utawi saking Surakarta, pêrlu kangge nyadhiyani ingkang sami badhe ningali Sêkatèn dhatêng kalih nagari wau.

Toya leiding ing Cirêbon. Miturut papriksaning tiyang ahli, ing bab wontêning toya leiding enggal ing Cirêbon, botên pêrlu kagodog malah sampun kenging kaombe. Toya wau asli saking umbul ing Cipaniis, ing èrèng-èrènging rêdi Cêrimay. Toya punika kaangkah wontênipun ing Cirêbon badhe nyêkapi.

Bangsa Eropa ingkang rêmên tosan aji. Tuwan Gall, tilas consul Oostenrijk ingkang sapunika manggèn ing Surabaya, misuwur anggènipun rêmên dhatêng barang-barang bangsaning wêsi aji, dumuginipun sapunika anggèning nglêmpakakên barang-barang wau sampun langkung sèwu, awarni dhuwung, tumbak sasaminipun. Malah tuwan wau ing sapunika badhe damêl wilahan dhuwung kathah sangêt, mawi dipun dèkèki pamor sae.

Sata ing tanah karajan Jawi majêng. Miturut wartos, sata wêdalan tanah karajan Jawi ingkang dipun dhasarakên wontên ing Amstêrdam, pinanggih majêng. Ingkang kasade wontên 13.319 pak, rêginipun mindhak saking taksiran. Sata wau katingal dipun sênêngi dening bangsa ngamanca. Prancis tumbas 1900 pak, rêginipun tinimbang taksiran mindhak 30 dumugi 50%, Zwitserland mindhak 50 dumugi 100%. Tumrap nagari Walandi piyambak, Jêrman tuwin Bèlgie ugi sami tumbas.

Bab wontêning Literaire Faculteit. Ing ngajêng wontên wartos bilih ing Rechtshoogeschool ing Bêtawi badhe dipun wontên Literaire Faculteit, wusana lajêng botên saèstu. Bab punika ing sêmu taksih dados rêmbag, botên sagêd kalêbêt ing rantaman taun 1939, nanging sagêd ugi kalêbêt ing rantaman taun 1940.

EROPA

[Grafik]

Pirantos nyilêm gagrag enggal. Tuwan Galeazzi salah satunggiling insinyur ing nagari Itali sagêd damêl pirantos nyilêm ing dhasaring sagantên langkung lêbêt malih tinimbang kados ingkang sampun dipun damêl ing tiyang sanèsipun ingkang sampun wontên. Mriksanana gambar, juru silêm nalika badhe lumêbêt ing pirantos nyilêm wau.

--- 668 ---

Wêwaosan

I. Lêlampahanipun Wasili, anakipun Busli.

78

Sarêng mirêng pambêngokipun nêdha tulung para neneman ingkang sawêg kasêsêr ing pêrang wau, rencang èstri ingkang nêdya ngangsu toya kasêbut ing nginggil, sangêt ing wêlasipun. Sanalika punika èmbèr kalih ingkang badhe kangge ngangsu lajêng kabucal, saha enggal-enggal lumajêng mantuk. Dumugi ing ngriku piyambakipun tumuntên nuju dhatêng kamar pêtêng ingkang kangge nutup Wasili, tanganipun lajêng dipun kêpêl kangge anggêdhog-gêdhog kori ingkang agêng sarwi abêngok-bêngok makatên:

Tuwan, Tuwan Wasili, punapa panjênêngan sare, têka panjênêngan botên mirêng babarpisan suwara rame, inggih punika suwara pôncakaranipun andhahan panjênêngan kalihan para têtiyang ing Nopgorod. Punapa panjênêngan botên uninga mênggah kawontênanipun kitha ing samangke. Andhahan panjênêngan anggènipun pêrang campuh kalihan têtiyang Nopgorod sampun tigang jam dangnipun. Sirahing para mitra panjênêngan ing samangke sampun kêbak tatunipun, lan tanganipun ingkang godrès rah sami dipun balêbêt, andhahan panjênêngan wontên ing pundi-pundi panggenan tansah kasêsêr juritipun.

Pambêngokipun rencang èstri wau, adamêl kagètipun Wasili ingkang ing kala punika ing sêmu sawêg sakeca anggènipun tilêm. Sakala Wasili gregah tangi, dandos saha lajêng andêdêl kori ingkang kêkancing saking ing jawi wau, sadêdêlan kemawon, kori ingkang agêng sarta santosa wau, sampun sagêd jêbol. Sarana tanganipun, gêmbok tuwin palang pintên-pintên ingkang angancing kori wau, sagêd karisak ingkang anjalari kori lajêng sagêd mênga anjêblag. Kanthi agêrêng-gêrêng Wasili lajêng mêdal ing jawi, niyatipun nêdya ngupados palang tosan minôngka kangge dêdamêlipun, nanging namung sagêd amanggihakên indhêning rodha kareta, lajêng kapêndhêt sarta lumajêng sakiyatipun nuju dhatêng papan pôncakara wau. Saking katêbihan Wasili sampun mirêng suwaraning pêrang ingkang sakalangkung rame punika, kanthi sarosanipun Wasili ambêngoki andhahanipun ingkang sawêg sami pêrang campuh wau makatên:

He, mitra-mitraku kabèh, aja cilik atimu, aku kang têka. Aku ora pisan-pisan nêdya negakake nyang kowe kabèh, mungguh sanyatane aku iki ditutup ana ing kamar pêtêng dening ibuku, lan ana ing kono aku kêbanjur turu. Mitra-mitraku kang padha ambêg prawira, kowe kabèh saiki padha ngasoa, aku dhewe saikine kang bakal tumandang gawe. Wis, padha nisiha, supaya aku aja nganti kaliru, nêdya mêcah êndhase wong-wong Nopgorod, jêbul ngênani sirahmu.

Sakala punika Wasili ngobat-abitakên indhêning rodha kareta wau, sintên ingkang kataman ing indhêning rodha, mêsthi dhawah ing tiwas. Soroh amukipun Wasili ing kala punika botên wontên tiyang ingkang sagêd anadhahi, pêjahipun mêngsah sayêktos prasasat bêbadan pacing. Ingkang makatên punika adamêl girising têtiyang ing Nopgorod sadaya, salajêngipun têtiyang ingkang taksih wilujêng, sami salang-tunjang anggènipun ngupados gêsang. Sawênèh wontên ingkang lumajêng nuju dhatêng satunggiling kapandhitan, padununganipun: Ondranicu, satunggiling pandhita ingkang gagah prakosa lan agêng inggil, prêlu badhe minta sraya. Mênggah sayêktosipun pandhita Onranicu wau bapa angkatipun Wasili. Sasampunipun têtiyang wau sami atur pisungsung awujud: êmas, salaka, tuwin sêsotya dhatêng sang pandhita, lajêng sami umatur makatên:

Dhuh, sang pandhita, mugi krêsaa paring pitulungan dhatêng têtiyang ing Nopgorod sadaya. Manawi panjênêngan botên tumuntên andhawuhi putra angkat panjênêngan pun Wasili, sampun ngantos kalajêng-lajêng anggènipun soroh amuk, botên sande tiyang ing Nopgorod têmtu badhe tumpês sadaya.

Pandhita Ondranicu lajêng yandhak gada agêng, mêndhêt gêntha greja ingkang wawratipun kirang langkung sangang dasa kilo, ingkang lajêng kapanggul, saha lajêng mêdal ing jawi nuju dhatêng papan paprangan wau. Botên watawis dangu pun pandhita lajêng mirêng pajêritipun têtiyang ingkang sami kamigilan, saha sêsambatipun têtiyang ingkang sami nandhang tatu, tuwin pambêngokipun tiyang èstri sarta lare-lare. Nêpsunipun pun pandhita tanpa upami, sarêng nyumêrêpi tindaking anakipun angkat ingkang sakalangkung siya punika, sarta lajêng abêngok-bêngok makatên:

He, anakku, mandhêg-mandhêg, aja kok banjur-banjurake anggonmu mêmatèni wong kang tanpa dosa iki. Dene yèn kowe ora nurut apa pakonku, sida kalakon kowe tak ajar dhewe nganggo gadaku kiyi.

Badhe kasambêtan.

--- 85 ---

No. 22, 28 Mèi 1938 taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM, RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

BOCAH KANG KURANG NGATI-ATI

Bocah-bocah, yèn kowe dipitaya momong ing wong tuwamu, ngêmong adhimu utawa kêponakanmu, poma sing ngati-ati, aja kaya Si Minah kang kacêtha ing gambar iki.

[Grafik]

Si Minah iku gawene momong adhine, yèn mbokne pinuju olah-olah, utawa umbah-umbah. Anuju sawijining dina mbokne pêrlu mênyang pasar. Sadurunge mangkat Si Minah dikandhani mangkene: ''Nduk, aku arêp nyang pasar sêdhela, adhimu êmongên, aja nganti nangis. Lela-lelanên nganti turu, dene yèn wis turu, turokna ing paturone, nanging aja minggir-minggir sing mênêngah bae, pinggire dialing-alingi guling lan kursi loro, jalaran si thole wis bisa mbrangkang, dadi nguwatiri yèn tiba. Yèn bocahe tangi, mangka aku durung têka, enggal dulangên, gilo iki bubure ing meja. Sabisa-bisa sasuwene adhimu turu, kowe nungganana ing sacêdhake, ''poma ya nggèr, aja kok tinggal suwe-suwe.''

Sawise calathu mangkono, êmbokne têrus budhal nyang pasar. Si Minah njupuk êmban-êmban, adhine diêmban, digawa mênyang latar karo dilela-lela. Yèn anggone nglela-lela mono wah, wis wasis bangêt, nganggo ditêmbangake Pucung barang lan dinyanyèkake lagu ''têrang bulan'' lan ''ès lilin'', ya sabisae kae.

Ora antara suwe adhine banjur turu. Dumadakan kancane dolan Si Minah, yaiku Si Paikêm liwat arêp golèk kinjêng kanggo pakan manuk. Saka kadohan undang-undang Si Minah mangkene: ''E, Nah, Nah, ayo milua golèk kinjêng.''

Wangsulane Si Minah: ''Golèk ing kêbonku kene bae, mêngko tak rewangi.''

Wangsulane Paikêm: ''Iya bêcik, yèn ing kene akèh.''

Minah mangsuli: ''Nanging aku arêp nurokake adhiku dhisik ya, dhèwèke wis turu.''

Minah nuli rêrikatan mlêbu ing omah, pêrlu nurokake adhine. Nanging sarwa kêsusu, diglèthakake ing paturone, nanging ing pinggir, tanpa dialing-alingi apa-apa. Dhèwèke lali nyang kandhane êmbokne, sêlak kêsusu arêp nêmoni kancane dolan. Enggal-enggal Minah mlayu mêtu, marani kancane, nuli padha apèk kinjêng bêbarêngan. Ketoke bocah loro mau sênêng bangêt, sadhela bae wis entuk sabumbung, anggone apèk saya adoh, saya adoh.

--- 86 ---

[Grafik]

Kocapa, barêng adhine Minah tangi, lingak-linguk ora ana wong, nuli mbrangkang arêp mudhun saka ambèn, banjur tiba. Si thole banjur njêrit saka kagèt lan larane, nangis sêru, nanging ora ana wong krungu. Barêng kira-kira wis saprapat jam anggone jêrit-jêrit, Minah krungu panjêrite, nyut, kèlingan adhine. Sapira kagète Si Minah, barêng diungak adhine wis ngglethak ing ngisor, karo nangis, rupane nganti biru. Adhine enggal dibopong, diênêng-ênêngi, nanging mêksa ora gêlêm lèrèn anggone nangis. Wah, Si Minah gêtun bangêt, dene ora nurut marang kandhane êmbokne, mung mêrlokake kasênêngane dhewe bae. Barêng mbokne têka, bocahe isih kamisêsêgên, nuli pitakon: ''Lho, Minah, apa adhimu ora kodulang, têka nganti nangis mêngkono.''

Wangsulane Minah karo nangis, sêmu gêtun: O, êmbok...êmbok...aku...sing luput...adhi...tiba,...tak...tinggal dolanan...karo Paikêm. Saiki aku ora arêp manèh...manèh êmbok!!!

B.M.

RUKUN AGAWE SANTOSA

(Sinom)

1. Ana sawiji wong desa / darbe suta kakang adhi / ananging bangêt susahnya / sabab anakira sami / padu sa-ari-ari / uripnya tan bisa rukun / kèh piwulange bapa / nanging nora migunani / malah ndadra nggènnya sami cêcongkrahan //

2. Nuju sawijining dina / bapa mau angundangi / anake kalih-kalihnya / nêdya arêp dèn tuturi / barêng wus sami prapti / yayahya aris cêlathu / sun duwe sapu sada / nggonku tuku anèng margi / bakal ingsun gawe nandhing rosanira //

3. Mara sapa ingkang bisa / mutung sapu sada iki / sun ganjar jaran sajuga / miwah lumbung kêbak pari / tumandang kakang adhi / gênti-gêntèn rêbut unggul / kringêt kongsi dleweran / nanging tan ana nguwisi / datan dangu samya nrima srah bongkokan //

4. Sang bapa mèsêm ngandika / ênggèr ingsun wis andugi / yèn sira nora kuwawa / nugêl sapu sada iki / mung yèn suh diuculi / mêsthi gampang nyoklèkipun / lugune upamanya / dhuh kulup awakmu kaki / mula sira dèn rukun dimèn santosa //

5. Manut ujare wong tuwa / pra guru tuwin pra wasis / rukun agawe santosa / yèn congkrah manggih bilahi / marma pitutur iki / nggèr lêbokna jroning kalbu / cikbèn idhupmu samya / nora nêmahi bilahi / dhuh sutaku rukuna lan kadangira //

Moch. Madijana, Têmanggung.

--- 87 ---

BIYUNGE SABAR, ANAK-ANAKE PADHA AMBANGUN-TURUT

[Grafik]

Gambar bèbèk kang ngêmong mêri-mêrnie ana ing pasaban iki dadi tandha kasabaraning biyung lan ambangun-turuting anak, uripe tansah padha nêmu kasênêngan.

GODHANING BOCAH SÊKOLAH

Wayah jam nêm sore diyan-diyan ing dalan apadene ing omah-omah wis padha murub. Ana bocah lanang jênêng Soehardi lagi lungguh ana ing ngarêp. Dhèwèke ketoke kêsêl bangêt. Ya mèmpêr, sabab mêntas badminton, tandhane dhèwèke isih nyêkêl racket. Soehardi iku bocah sêkolah Mulo lagi pangkat I. Dhèwèke sênêng bangêt marang kasênêngan, apa manèh marang muzik, nganti sok nglirwakake pasinaone.

''Thèng'' jam muni sêtêngah pitu Soehardi isih lungguh bae, mangka esuke dhèwèke ora libur. Barêng ndêlok jam, kagèt, wis sêtêngah pitu. Dhèwèke ngunandika: ''E, la, sesuk aku repetitie jare, mangka durung apa-apa.'' Têrus nyat lunga mênyang buri arêp adus.

Kira-kira jam 7 rampung têrus nyandhak tas arêp sinau. Durung suwe anggone sinau, krungu radhione distèl Hawainan. Sêdhela-sêdhela Hardi mandêg ngrungokake. Apa kang disinau ora pati mlêbu sabab pikirane ora tumuju marang apa kang disinau. Jam 9 dhèwèke têrus natani bukune karo muni: ''Sesuk aku tak tangi sing gasik arêp sinau manèh, ah mêsthi apale. Aku tak ngrungokake radhio dhisik. Jam 11 lagi mapan turu. Barêng esuk tangine kêrinan, olèhe dandan gugup, mulane ora bisa sinau dhisik. Ana ing dalan disambi sinau, nanging ya ora bisa mlêbu ing pikiran, dalane rame bangêt tur mung sêdhela. Kaya mêngkono tingkahe Soehardi jalaran malah ora sapisan iku bae, wis kaping-kaping. Mulane barêng tampa rapport ya akèh abange (onvoldoende). Tujune dudu rapoort pungkasan, mulane isih bisa ndandani. Soehardi dipituturi warna-warna dening bapane. Wiwit iku Soehardi banjur srêgêp sinau. Barêng unggah-unggahan, dhèwèke iya banjur munggah pangkat, andadèkake sênênging wong tuwane.

Sadulur-sadulurku kabèh sing isih padha nggayuh marang kapintêran, ora liya pamujiku sing padha eling olèhe padha sênêng-sênêng. Elinga marang pasinaonmu, sabab kapintêran iku minangka sanguning ngaurip. Elinga rêkasane wong tuwamu mung kanggo mragadi kowe, bisaa dadi wong kang bêcik.

Froggie, Purbolinggo.

SARU

Ana wong mêdhayoh nganti suwe ora lunga-lunga, amarga pancèn ngêntèni suguhan. Barêng disuguh anggone mangan nganti kuwarêgên, jalaran apa sing diadhêp diêntèkake. Nalika sing duwe omah lagi mlêbu ngomah nyingkirake piring-piringe, dayoh mau wêruh ana keceran dhêle siji, dijupuk, banjur diêmplok. Durung nganti dimamah, sing duwe omah wis mêtu manèh, lan wêruh yèn dhayohe ngêmut dhêle. Sêtêngah rada ngguyu karo calathu ehtok-ethokke kelangan: ''Lho, ali-aliku matane kok ilang. Dhayohe kuwatir, mêngko gèk diarani sing diêmut iku mata ali-aline. Mulane kêpêksa ngêtokake mut-mutane karo calathu: ''Punika namung dhêle lho.''

Djoefainah, Jogja.

--- 88 ---

BATUR LANTIP

Ana dhayoh disuguh mangan kursèn. Olèhe mangan durung warêg, sêga kang ana piringe mèh êntèk, nanging ora ditanduki.

Batur sing ngladèni dilirik-lirik mênêng bae, ngenak-enak mbopong cêthing. Dhayohe duwe pangira, yèn sêgane wis êntèk, nuli golèk akal olèhe arêp ngungak cêthinge.

Ora suwe, dhèwèke ngadêg ngagèt saka kursine, calathune: ''Aduh cêkit, apa iki sing ngantup?''

Calathu mangkono karo ngungak cêthing.

Batur pancèn lantip atine, wêruh yèn cêthinge diungak, enggal-enggale olèhe ngiingake karo gunêman: E, e, lalêr kiyi kêpriye, gèk sing dirubung apa, wong wis kothong ngene.'' Dhayoh rumasa yèn akale konangan, banjur ndingkluk, ing sêmu kaya wong isin.

L. Stone, Surabaya.

MURID KANG LANTIP

Ana pamulangan dhesa,[5] dipêriksa dening bêndara schoolopziener, sing dipêriksa kl. I kabênêr mulangake cacah papat. Rawuhe ndara schoolopziener mau nitih motor. Guru mbanjurake ênggone mulang.

Guru : ''Sapi sikile pira?''

Murid : ''Sakawan.''

Guru : ''Jaran sikile pira?''

Murid : ''Sakawan.''

Guru : ''Kreta rodhane pira?''

Murid : ''Sakawan.''

Guru : ''Motor rodhane pira, Kasim?''

Kasim nglirik mênyang jaba ndêlêng motore opziener, mbanjur mangsuli: ''Gangsal, pak guru.''

Guru : ''Si Kasim pancèn bocah goblog, wis diwulang bola-bali, motor bae ora wêruh rodhane. Jajal mrene mêtua, dêlêngên lan etungên rodhane.'' Si Kasim digèrèt mêtu, mbanjur milang rodha motor mau têmbunge: ''Siji, loro (rodha ngarêp), têlu papat (rodha buri), lima (rodha ngiringan, yaiku sing kanggo reserve).''

Gurune ngêlus dhadha karo calathu lirih lan alon bangêt: ''I...y...a...b...ê...n...ê...r.''

Sri Moeliati, M. Hoed

Gadingan, Jatibarang.

MANGSULI LAYANG

Imam Soebêkti, Nganjuk. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Bêcike yèn kowe arêp lêngganan T.B. kirima layang dhewe nyang Administratie. Saiki uga wis dak kandhakake nyang administratie, nanging murih cêthane, ya kowe uga ngirimana layang.

Soetanti, Kêpatihan Kulon 31, Surakarta. Batanganmu cangkriman ana siji kang luput, yaiku Arabica, mêsthine Aladina. Yèn kowe arêp ngirimi karangan cangkriman2 iya kêna.

Tjaroem, Karangturi, Indramayu. Kirimanmu layang pitêpungan sarta karangan wis daktampa, bangêt panrimaku.

Soemartijah, Bangil. Pitakonmu bab adrès-adrèse wong loro iku Bu Mar ora ngêrti, jalaran ora tau kirim layang.

Froggie, Purbalingga. Mêsthi bae kowe ora tampa wangsulan saka Uncle Sum, awit anggonmu ngadrèsi kêliru, mêsthine postbox 405. Nalika samono pangêcape ing Kêjawèn uga kêliru. Apa iya têmênan kowe arêp ngirimi potrèt?

Ekasedijawati, Sêpanjang, Glenmore. Kirimanmu cangkriman wis daktampa. Kêpacak utawa orane isih dakpikir-pikir dhisik. Apa saiki ing omahmu kabèh wis pinaringan waras anggone padha lara. Sukur yèn wis padha waras. Bu Mar milu mujèkake.

Roek, Wlingi, Blitar. Aja pisan dadi atimu, karanganmu wongsalan[6] ora bisa kapacak.

Joesatno, Rêngat. Yèn kowe maca T.B. dhèk Sêtu buri mêsthi bakal wêruh, yèn kirimanmu gambar kêpacak. Pitêpunganmu uga wis daktampa kanthi bungah.

Siti Lantarsih c/o S. Soeroamidjojo Crani onderneming Tolan post Pangkatan S.O.K. Layangmu karo-karone wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku.

Soenaka, Tuban. Layangmu wis daktampa, lan uga wis daktêrusake nyang Administratie.

H. Oho, Purwakêrto. Aku wis tampa kirimanmu cangkriman lan lêlucon, kêtrima bangêt.

Oei Sioe Tjwan, Pacinan. Wah sênêng ya, padha plêsir2 nyang Surakarta. Apa kowe uga uga milu lan apa adhimu sêkolahe nyang pamulangan H.I.S.?

Soetono, Surabaya. Karangan-karanganmu wis daktampa, kêtrima bangêt. Dene têmbange Kinanti kurang apik, ora bisa dipacak. Lan aku arêp kandha marang kowe, yèn ngirimi karangan, aja njupuki layang kabar liya, kaya sawênèhing bocah, kang ajêg ngirimi karangan nyang Bu Mar, nanging ajêgan njupuk saka layang kabar liya, plêk ora ana sing diowahi, wis mêsthi bae banjur ora bisa kêpacak. Kowe rak ora ngono ta, No?

Timan, Surabaya. Aja pisan dadi atimu ya, karanganmu lêlucon (dialec Surabaya), ora bisa kêpacak, awit kanggo liyane bocah ing Surabaya, kurang ngêrtèkake.

Sri Dadijah, Bawang. Wiwit kowe kêsusahan, lagi iki ngirimi layang nyang Bu Mar. O, Sri, aja tansah kokelng-eling,[7] ora mung kowe dhewe kang wis ora duwe ibu, nanging pirang2 kêponakane Bu Mar sing uga wis ora duwe ibu. Saiki ibumu rak wis kêpenak, dene upama kowe isih nyandhing nanging tansah gêrahên bae, rak ya mêsakake. Kowe saiki sing pintêr ngladèni bapak lan momong kêponakanmu sing wis ora duwe bapak. Kirimanmu potrète Soetardi lan kêponakanmu wis daktampa kanthi bungah. Batanganmu cangkriman ana kang luput.

Trima, Gêdangan c/o Chr. H.I.S. Mojowarno. Kirimanmu lêlucon lan cangkriman aku wis tampa, bangêt panimaku.

Saikin, Bandhung. Karanganmu lêlucon wis daktampa ora liya bangêt panrimaku.

Sri Mastoeti, Surakarta. Wah, kowe kok ana-anabae, aja kok kulinani bangêt2 kucingmu kuwi, yèn ladak ngono, la wong nganti aboh jare. Wiwit saiki angognmu[8] ngopèni ya sawatara bae, jalaran dicokot kucing, yèn nganti infectie, iya nyamari. Ana sawênèhing putra wêdana dicakar dhadhane, nganti abuh, digarap dhoktêr nganti rong sasi. Dadi kowe wiwit saiki sing ngati-ati, ya Sri, aja dhêmên gojèg karo kucingmu.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

Catatan kaki:

1. ladrang. (kembali)
2. ngêndi. (kembali)
3. ngêntosi. (kembali)
4. dhoyong. (kembali)
5. desa. (kembali)
6. wangsalan. (kembali)
7. kokeling-eling. (kembali)
8. anggonmu. (kembali)