Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 62, Rê Kli, 6 Jumadilakir Jimawal 1869, 3 Agustus 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f. 1.50,- Bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tiongkok - Tiyang Bacillendrager Sampun 20 Taun Nêmbe Konangan - Intên - Marsudi Gêndhing Jawi - Kawontênan Sajawining Praja - Angsal-angsal saking Kêkesahan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Tiongkok

[Grafik]

Sêsawangan ing Kulang Seu, cêlak Amoy, ingkang ing ngriku dipun jagi dening kapal tèrpedho Jêpan.

--- 958 ---

Bab Kasarasan

Tiyang bacillendrager sampun 20 taun nêmbe konangan.

Ing nagari C. bawah Inggris ing taun 1937 wontên pagêblug sêsakit typhus, ing kitha wau cacah jiwanipun 250.000, ingkang katrajang sêsakit wau wontên tiyang 310, ingkang tiwas 43.

Ing nagari-nagari tanah Eropah lan ing tanah Inggris, bab pranatan panjagi panulakipun sêsakit (hygiene) ingkang nular punika radin-radin têmtu sampun nyêkapi lan botên kuciwa, mila têtiyang ing nagari ngriku inggih sami gumun sangêt, dene ngantos sagêd kadadosan thukul pagêblug sêsakit typhus makatên punika.

Sanajan kêpala nagari utawi chef Geneeskundige Dinst piyambak ing nagari ngriku inggih sami kagèt dening nagarinipun sagêd thukul sêsakit typhus ngămbra-ămbra makatên wau.

Ing wêkdal wau inspecteur dhoktêr lajêng tampi dhawuh saking nagari kêdah enggal-enggal mundhut katrangan sabab-sababipun thukuling sêsakit wau, enggal dipun tanggulangi supados sêsakit wau tumuntên sagêda sirna.

Inspecteur dhoktêr pamriksanipun ingkang rumiyin kawontênanipun têtiyang ingkang katrajang sêsakit wau, lajêng mriksa toya ingkang sabên dintênipun dipun angge umbah-umbah, adus utawi ngombe dening têtiyang ing kitha ngriku, saking pundi angsalipun toya wau, nuntên kapriksa tukipun toya-toya ingkang dipun ilèkakên dhatêng kitha punika.

Pinanggihipun papriksan wau, thukuling pagêblug sêsakit punika gêgayutan kalihan tigang prakawis.

1. Tuking toya ingkang sampun dipun tata mawi bêndungan sae ing wêkdal punika risak pompanipun, mila installatie ingkang kangge mompa toya dhatêng wadhuk ingkang kangge têtiyang 40.000 ing kitha C wau, dipun dandosi.

2. Salah satunggalipun tiyang kuli ingkang nyambutdamêl ing ngriku ngandhut baksil typhus (bacillendrager).

3. Ing wêkdal pompa installatie dipun dandosi, anggènipun nawa toya ing ngriku dipun kèndêli.

Tuking toya (bron) wau ingkang damêl sakitipun tiyang kathah, panggenanipun ing siti ingkang lêdhok, lêbêtipun ± 50 m, sampun dipun tata dening waterleiding bedrijf dipun damêlakên wadhuk sae, lêbêtipun inggih 50 m, pompa installatie ingkang kangge mompa toya saking tuk dhatêng wadhuk wau, sanajan taksih kenging dipun damêl mompa lan toyanipun inggih taksih dipun ilèkakên dhatêng kitha, nanging sampun ewah utawi risak, mila kêdah dipun dandosi malih.

Ing sarèhning kalih taun kapêngkêr wontên kuli kalih ingkang nyambut damêl ing wadhuk ngriku sami katiwasan dhawah saking lift (ing griya-griya ingkang inggilipun 20-30 m. iIng Eropah utawi ing panggenan padamêlan [padamê...]

--- 959 ---

[...lan] ing lêbêt (ngandhap) siti ingkang lêbêtipun 30 m utawi langkung ing Eropah têtiyang ingkang sami nyambutdamêl wau, minggah mandhapipun botên mawi ăndha, mawi lift (kados pêthi bikakan dipun tumpaki tiyang ingkang badhe minggah utawi mandhap wau, dipun kèrèk sarana mêsin), mila têtiyang kuli ingkang baku ajrih sami botên purun nyambut damêl ing ngriku. Waterleiding bedrijf, lajêng ngupados têtiyang kuli sanèsipun ingkang purun utawi kajêng piyambak (prijwillig).

[Iklan]

Wontên tiyang 18 ingkang purun nandangi padamêlan wau, ewadene namung satunggal kalih kemawon ingkang pancèn sampun kulina ingkang purun nyambut damêl rêrêsik ing panggenan ingkang rêgêd ing kalèn, tuwin sapanunggilanipun, dados têtiyang kuli punika inggih botên mawi pilih-pilih rêsik lan saras badanipun. Măngka yèn tiyang gadhah sêsakit ingkang nular nyambut damêl ing toya ingkang kaangge tiyang kathah makatên punika, tumrap têtiyang ingkang ngangge toya wau têmtu ambêbayani. Sanajan tiyang kuli wau sampun nate utawi kulina nyambut damêl ing panggenan ingkang rêgêd, lajêng nandangi padamêlan ing toya punika, inggih botên dados punapa, yèn badanipun kasarasan. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Art. Sêmarang.

--- 960 ---

Intên

Sami-sami barang pêlikan, ingkang sumarambah ing sajagad saha dipun rêmêni ing tiyang, kados botên wontên ingkang ngungkuli intên. Dene anggènipun dipun rêmêni wau botên sanès saking anggèning gadhah sorot gumêbyar.

[Grafik]

Têtiyang nuju sami pados intên wontên ing lèpèn tanah Borneo.

Panggenan ingkang mêdal intênipun wau pinanggih wontên ing Amerikah, Aprikah Kidul, laladan Inggris tuwin tanah ngriki, inggih punika ing Borneo. Dene tanah Borneo ingkang mêdal intênipun wau ing Martapura, laladan Banjarmasin, tuwin laladan Ponteanak sauruting lèpèn Landhak tuwin lèpèn Siak ingkang anjog lèpèn Kapuas. Jalaran saking sumêbaripun têtiyang ing nagari intên wau, inggih punika têtiyang ing laladan Banjarmasin, têtiyangipun lajêng kêtêlah dipun wastani tiyang Banjar, saha limrahipun, tiyang Banjar wau dipun wastani tiyang ingkang damêlipun dagang intên. Mila tumraping nagari ingkang majêng padaganganipun intên, upaminipun ing Kuthagêdhe, Ngayogyakarta, tuwin sanès-sanèsipun, dados ambah-ambahanipun băngsa Banjar wau.

Manawi mirid adining barang wau, tiyang sampun gadhah pangintên rêkaos pangupadosipun, punika pancèn nyata. Miturut katrangan, dununging intên wau wontên salêbêting siti tuwin amor kalihan rêmukan sela utawi wêdhi ing sadhasaripun lèpèn, mila patraping anggènipun pados inggih beda-beda. Wontên ingkang sarana andhudhuk utawi gogo ing lèpèn.

Ingkang pinanggih ing tanah Borneo, ingkang padosipun sarana andhudhuk, punika kanthi patrap kados tiyang damêl sumur, inggih siti ingkang dipun dhudhuk wau ingkang dipun padosi intênipun. Nanging intên ingkang asli dhudhukan saking salêbêting siti wau kawon sae kalihan ingkang asli pêndhêtan saking lèpèn, mila intên ing Borneo ingkang asli saking lèpèn wau kalêbêt onjo. Siti dhudhukan ingkang kasêbut ing nginggil wau lajêng dipun padosi selanipun intên, ingkang wujudipun [wuju...]

--- 961 ---

[...dipun] cêmêng limrah. Dados tumrap tiyang ingkang dèrèng kulina, botên sagêd amastani beda-bedaning sela wau. Dene gumêbyaripun, ing mangke manawi sampun dipun gosok.

Tumrap ingkang pados ing lèpèn, punika patrapipun botên beda kalihan tiyang gogo, siti utawi pasir dipun lêbêtakên ing pirantos ingkang dipun wastani dhulang, ingkang kadamêl kajêng ingkang wangunipun kados caping dipun lumahakên, ing ngriku lajêng dipun limbang ing toya ngantos pinanggih selanipun intên. Patrapipun pados wau katingal prasaja sangêt.

[Grafik]

Anggosok intên.

Sela-sela intên wau lajêng dipun gosok ing pirantos ingkang mawi mêsin, katindakakên ing tiyang ahli. Ing salajêngipun juru anggosok wau lajêng sumêrêp dhatêng aji undha-usuking intên. Wontên ingkang sorotipun bêning pêthak, jêne, sêmu abrit, jambon, wungu, sêmu ijêm, biru tuwin cêmêng. Soroting intên wau lajêng ngawontênakên nama saha ngawontênakên kapitadosan dhatêng dayanipun. Intên wau sawêdalipun saking panggosokan sampun nama dados padagangan.

[Grafik]

Damêl sumuran pados intên.

Ing ngajêng tiyang pados intên punika sami pados piyambak-piyambak, nanging pinanggihipun sok botên urup, dene botên têmtu angsalipun, dangu-dangu lajêng ngawontênakên tindak sêsarêngan, sarana ngêdum waradin angsal-angsalanipun, saha wujud panggaotan.

--- 962 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 60.

Pola ăngka 2.

Gd. Têbusauyun, irama tamban, dipun sênggaki saha dipun gerongi.

[Notasi]

Dumugi samantên rumiyin, anggèn kula andamêl pola gêndhing-gêndhing ingkang pathêt nêm.

Supados botên ambosêni, sapunika kula badhe andamêl pola gêndhing-gêndhing pathêt sanga.

Sagêd ugi salah satunggalipun para maos, dèrèng mangrêtos, punapa ingkang dipun wastani pathêt.

Bab pathêt.

Ingkang dipun wastani pathêt punika, ungêlipun swara ingkang botên kaumbar (swara kapathêt).

Dene têgêsipun pathêt, tumrap wontên ing găngsa: inggih punika culikan, swara ungêlipun [ungêli...]

--- 963 ---

[...pun] găngsa, ingkang badhe dipun ungêlakên. Namung mêndhêt sabagean, tur swaranipun lirih, de[1] ingkang dipun ungêlakên namung: rêbab, gambang, gêndèr, suling. Lagunipun, kados sulukipun dhalang. Dados pathêt punika têrangipun, grambyangan ringkêsan gêndhing ingkang badhe dipun ungêlakên.

[Iklan]

Upami ingkang badhe mungêl gêndhing laras pathêt nêm, lagunipun suluk ugi pathêt nêm. Tumrap găngsa salendro pathêtipun wontên tiga.

1. pathêt nêm, | 2. pathêt sanga, | 3. pathêt manyura.

Yèn wontên ing găngsa pelog, pathêtipun ugi tiga.

1. pathêt gangsal, | 2. pathêt nêm, | 3 pathêt barang. Badhe kasambêtan.

R. Ng. Pringgaardana.

Bab Buku.

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni:

1. Sêrat Yitna Pandayamurti, ikêtanipun Rêsi Widaya, kawêdalakên dening Bale Sancaya Wiwaradarma ing Jagalan, Surakarta. Aksara Jawi gancaran, isi 21 kaca, ukuranipun cêkapan, rêgi f 0.40. Mratelakakên ing bab kawruh prabot kaalusan.

2. 3. Sêrat Jăngka Jayabaya, Sèh Balir[2] jilid I II saking Radèn Wakija, toko buku Sadubudi, Purwadipuran 54 Surakarta, aksara Jawi, mawi sêkar, isi molulas kaca, ukuran cêkapan, rêgi f 0.30 sabuku. Mratelakakên têturutaning babad tuwin jangkanipun tanah Jawi.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

Ingkang sade buku punika kados ingkang kapratelakakên.

--- 964 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan Sajawining Praja.

Inggris gêgayutanipun kalihan Cekoslowakeyê.

Bab supêkêtanipun Inggris kalihan Prancis, katingal saya cêtha sêsulakipun, malah tumrap gêgayutanipun kalihan nagari sanès sampun katingal ngegla, inggih punika bab anggèning nêdya ngalang-alangi lêbêting wadya Jêrman dhatêng Cekoslowakeyê. Dene tindakipun wau kadosdene gèdhèg anthuk kalihan Prancis. Ingkang dipun dhadhagi dening Inggris.

Tindakipun Inggris anggèning ngêmori damêl babagan Cekoslowakeyê punika, ing pangangkah sagêda tumuntên nyirêp dhatêng pasulayaning rêmbagipun Cekoslowakeyê kalihan Jêrman Sudhètên. Nanging tindakipun Inggris ingkang makatên punika, tumraping sanès anganggêp botên prayogi, awit dipun manah satunggiling tindak salah damêl. Malah tumrap Cekoslowakeyê kêwêdal anggèning botên cocog dhatêng tindakipun Inggris wau. Nanging mênggah sajatosipun, tindakipun Inggris ingkang makatên wau botên namung anggê[3] tumindak kemawon, nyatanipun ugi sampun mêngku kawigatosan saking jawilanipun Jêrman. Dados punapa tindakipun Inggris punika botên kenging tinampi lămba.

Miturut katrangan piwêlingipun Sang Hitler dhatêng Inggris, Sang Hitler botên nêdya pêrang ingkang gêgayutan kalihan prakawis Cekoslowakeyê, awit tumrap Jêrman piyambak taksih kathah kawigatosan ingkang kêdah katindakakên. Nanging samantên wau gumantung dhatêng kêkêncênganipun băngsa Jêrman Sudhètên, narimah tuwin botênipun. Ingkang makatên wau, Inggris kêpêksa sănggarunggi, mila lajêng enggal-enggal nyantosakakên pajagèn.

Ingar-ingêring pulitik praja pancèn sakalangkung gawat, sabên pandomipun mingsêr sakêdhik kemawon inggih lajêng ngewahakên kawontênan. Mila Cekoslowakeyê inggih lajêng ngingêrakên wawasan, araos nayogyani dhatêng tindakipun Inggris punika, awit saupami wontên sabab punapa-punapa, malah kenging kangge saksi, tur inggih sagêd angayomi yêktos. Kajawi punika tindakipun Inggris wau ugi sagêd damêl lêmêsing golongan Cekoslowakeyê ingkang brangasan, botên tansah ngalang-alangi dhatêng babagan pangudi katêntrêman praja. Awit golongan punika ugi gadhah daya kiyat.

Jêrman sarêng sumêrêp dhatêng tindakipun Cekoslowakeyê ingkang kados makatên punika, inggih lajêng mangrêtos, bilih anggèning Cekoslowakeyê gadhah panganggêp anggêbêng dhatêng golongan Jêrman Sudhètên punika botên nyata. Saha ing ngriku lajêng katingal bilih tindakipun Inggris punika kadosdene dados juru pamisah, ingkang ugi atêgês dipun bêtahakên dening Cekoslowakeyê.

Tumrap golongan Sudhètên, pamanggihipun beda [be...]

--- 965 ---

[...da] malih. Cariyosipun, băngsa Jêrman golongan Sudhètên, botên purun uwal saking Cekoslowakeyê, nanging dados laladan Jêrman. Kajawi punika golongan wau ugi nampi bingah dhatêng tindakipun Inggris ingkang makatên wau, botên angagro-agro anggèning Inggris pados margi, nanging samăngsa cabar ing damêl, Jêrman tamtu badhe gadhah tindak sanès. Namung nyatanipun Inggris wau taksih kalèk, inggih dèrèng maton yêktos.

Tiongkok.

Pangangsêging wadya Jêpan ing Asiah wetan sampun dumugi ing Kiyukiyang. Miturut wartos, sadumuginipun ngriku wadya wau badhe lajêng ngangsêg dhatêng Hanko ingkang saperangan malih badhe kaangsêgakên mangidul, inggih punika dhatêng Nancang, sadumuginipun ngriku badhe wangsul mangalèr nêmpuh wadya Tiongkok sisihipun. Campuhipun wau badhe pinanggih wontên sakilèn talaga Poyang. Sawarnining kantor inggih gadhahanipun golongan partikêlir utawi gadhahanipun parentah sami badhe dipun pindhah dhatêng Cungkiang.

Ing ngriku wontên wartos, bilih juru pêrang, pangajêng băngsa Jêrman, ingkang samapun[4] sami kaundang wangsul dening Sang Hitler sampun dipun sundhul ing băngsa Rus. Ing ngriku katingal sami mêmpêng tandangipun, adamêl kandhêging tandangipun golongan Jêpan.

Tindakipun băngsa Rus wau kadosdene malês. Kintên sampun wontên sataun, marsêkalêk Toechatsjefski tuwin golonganipun, dipun sanjatani dening Jêpan. Lêt kawan wêlas dintên malih wontên kapal Rus ing lèpèn Amur dipun drèl ngantos kêlêm, ing kala punika têtiyang Rus kèndêl kemawon. Malah ing ngriku golongan Jêpan angsal margi sagêd malêbêt dhatêng Tiongkok sisih lèr. Ing sapunika golongan Rus gêntos anggêdhag golongan Jêpan, nanging Jêpan katingal tanggon. Ing salajêngipun tansah wontên pasulayanipun golongan kêkalih wau ing tapêl watês.

[Grafik]

Sang Nata Inggris nalika dumugi ing Paris, dipun papag dening Presidhèn Lebrun.

Pawartos saking Redhaksi.

K. 2138 ing DJ. Kê, Pa, 30 Bêsar Ehe 1844 dhawah wuku Warigalit.

K. 3577. A, Pn, 23 Sapar Be 1840 lêrês sadaya, măngsa kasanga, wuku Kurantil, 6 Marêt 1910.

K. 4283 ing M, 11 Rêjêb Dal 1847 dhawah Kê, Pn, 3 Mèi 1917.

--- 966 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Angsal-angsal saking kêkesahan.

III

Garèng : Nèk nitik dongenganamu, Truk, ingkang bupati ing Sêmarang nganti krêsa andangu nyang wong sing ora ambêjaji kaya kowe kuwi, iki mula nyata amratelakake, yèn panjênêngan dalêm ingkang bupati mau sumrambah panggalihane.

Petruk : Luwih-luwih sing andadèkake gumune atiku, hla wong wis pirang-pirang windu ora kêtêmu, panjênêngan dalêm kathik isih èngêt nyang aku, iki apa ora sawijining bukti wataking băngsa luhur sing wajib kasalira. Awit sêsrawungane băngsa luhur kuwi lumrahe sathekruk bangêt, yèn nganti ora emutan, mêngko rak kalakon talusar-talusur têmênan. Kaya ta: ana asistèn residhèn anyar wis sowan, barêng lêt watara dina sowan manèh, diajak ajar kênal manèh. Malah salah siji abdine ngadhêp, dupèh macak andhithing rada manglingi, nganggo pupuran lamat-lamat barang, banjur didangu: apa padha kaslamêtan. Awit diwêstani garwaning priyayine.

Garèng : Wayah, apa ingkang bupati mau wis pikun bangêt, kathik karo abdi dalêm dhewe, dupèh macak nganti bokmanawa katone rada lêntrêng-lêntrêng, banjur pangling. Nèk mungguh panêmuku, panjênêngan dalêm ingkang bupati ora pangling karo kowe, sanadyan wis lawas ora pinanggih, kuwi cara Mlayune sabab kowe wong luwar biasah, nanging iya luar biasah... ora wangune kuwi. Ora, Truk, ingatase kowe ana ing pasar malêm ing Sêmarang, mêsthine ing kono tongtonane rupa-rupa, hla kok mêrlokake nonton kêthoprak Darmamudha. Ing kala samana kowe apa iya kalêgan atimu.

Petruk : Kalane aku nonton ana ing Sêmarang mau, kabênêran anjukuk lakon Kyagêng Mangir. Mungguh Kyagêng Mangir kuwi sawijining ulama kang mungkul, sanadyan wonge sabênêre isih mudha. Mulane kaanane Kyagêng Mangir mau iya kêna diwujudake ing uwong kang isih mudha tur bagus, nanging solah-tingkahe iya digawe kaya wong ngulama, sing uripe mung tumuju nyang Pangerane bae, dadi iya sing: antêng, jatmika lan mungkul kae. Mêngkono uga panganggone iya sarwa prasaja. Seje karo Kyagêng Mangir sing diwujudake kala samono. Panganggone cara Batawine: pêrlente bangêt, nèk cara Jawane: bêsas,[5] Kang Garèng. Dadi wujude mau ora kaya bangsane wong khawasul khawas, nanging kaya wong sing ora kêna wêruh: pi-lus. Dhêmên jêjogedan, dadi kaya bangsane: majênun, nèk dhikir ora: lailaha illêllah, nanging: lae laelo, anak jaran jare bêlo, bojo siji tambah loro...

Garèng : Wayah, wayah, ambok aja dibajur-banjurake mêngkono, ambok kăndha sing cêkak bae: sing dadi Kyagêng Mangir ora mathuk. Kêpriye maine liya-liyane, apa iya isih [i...]

--- 967 ---

[...sih] nyênêngake kaya sing uwis.

Petruk : Sing dadi nata ing Mataram, iya isih ajêg bêcik. Sastra Sandirana utawa: Slèngêr, iya isih gawe panujune para mriksani, mêngkono uga liya-liyane, iya ora nguciwani, sanadyan aku rada gêla, sing... kêmrêmês omongane, ora mêtu-mêtu. Mulane lagi têngah-têngahing main aku ujug-ujug nari Makne Kamprèt: Bune, ayo mukah bae.

Garèng : Kathik kaya wong pasa nganggo mukah, sêtun-sêtun rak iya mêdhot kuwi têmbunge, Truk. Ora, kajaba nonton pasar malêm, salawase ana ing Sêmarang kuwi, kowe apa ora kliling-kliling andêlêng kaanane kutha, Truk.

Petruk : We, hla, dhinês, Kang Garèng. Nanging ing kala samono aku kudu ngèlingi: sangu cumpèn. Mulane iya banjur ngêntèn-êntèni nèk-nèke ana rêjêki kêsasar, ya kuwi bisa palêsir-palêsir tanpa cucul rini. E, dilalah krêsaning Sang Hyang Widhi, dumadakan panjênêngane bêndara up jêksa sakalihan rawuh sarana motore sing isih grès, prêlu mêthuk aku kêtêlu diajak cara Mlayune: putêr kayun, Kang Garèng. Wis mêsthi bae yèn aku kêtêlu banjur sêmranthal bae. Ana ing motor aku mapan linggih jajar bêndara up jaksa, sabab panjênêngane nyupiri dhewe. Dene ingkang garwa, Makne Kamprèt, apadene Bu Mar ana ing jêro. Sajêrone mubêng-mubêng motoran mau, gagasanaku, wah, warna-warna têmênan, Kang Garèng, kang anjalari aku sok nyuwun pitakon karo bêndara up jaksa mangkene: Ora, mas, têpangan panjênêngan ana ing kene apa wis akèh. Dhawuhe bêndara up jaksa: Iya durung, wong aku durung pati lawas ana ing kene. Wangsulan kang kaya mangkono mau andadèkake ayêming atiku, sarta karo mèsêm aku banjur matur manèh mangkene: Yèn mangkono upas-upas padha saluwir, akèh wong padha bukak topi, lan urmat, kuwi durung kinaruhan, ta, yèn sing diwènèhi urmat mau mêsthi panjênêngan.

[Grafik]

Garèng : Sabab bêndara up jaksa ngandikakake: Durung akèh têpungane, akèh wong padha urmat mau, sing akèh-akèh têmtune padha awèh urmat nyang kowe, mêngkono apa gagasanmu. Bokmanawa gagasanmu malah: kowe sing duwe motor, bêndara up jaksa: sopirmu. Hla kuwi nèk manungsaning ngabathara, kok lumrah yèn [yè...]

--- 968 ---

[...n] sok duwe gagasan: luwih brêgas, luwih gagah, luwih mêthongkrong katimbang sapadhaning umat. Hla wong gênah nunut motor, rumasane luwih gagah lan luwih brêgas katimbang wong sing dinunuti motore mau, sabanjure gagasane: wong-wong sing padha wêruh mêsthi duwe panêmu: aku sing duwe motor, sing jèjèr aku iki sopirku. Malah nèk adate Petruk, bokmanawa nèk kabênêr ana wong akèh, mêntala prentah bêndara up jaksa: kanan, pir.

Petruk : Wayah, rumasamu kuwi aku iki apa wong amênthelang bangêt, apa kêpriye. Sajêrone aku motor-motoran mau, elingku mung sapisan aku duwe atur nyang bêndara up jaksa, yaiku kalane wong-wong ing hotèl padha nonton arêpe kene budhal. Dene aturku mung mangkene: Sèh, bènsin sudhah cukup.

Garèng : We, hla sêmbrana, sing kaya ngono kuwi rak pandangune ndara bèi nyang supire. Wis, wis, saiki caritakna nyang aku, sing kok dêlêng dhisik dhewe apa, lan mungguh panêmumu kapriye.

Petruk : Sing dijujug ing motor mau ing Makamdawa, yaiku sawijining papan kang dhuwur bangêt dununge, saka ing kono prasaksat bisa andêlêng kaanane ing kutha Sêmarang kabèh. Wah, asri bangêt, Kang Garèng. Ing sakubênge Makamdawa kono, wis akèh omah-omahe, apik-apik, cèkli-cèkli, nècis-nècis, kathik kawuwuhan cara Banyumase: sêmangêr. Mêngkono dalan-dalane sing anjog mrono, sanadyan saka Sêmarange munggahe ngathir bangêt, digawe luwih saka bêcik, iya mêling iya alus. Jalaran saka iku pikiranaku banjur anglangut bangêt, luwih manèh barêng nyumurupi, ing dhuwur: omahe para sugih-sugih, ing ngisor: ana ing jurang-jurang, kayadene dikon nadhahi sing... rupa-rupa, omah-omahe băngsa inyong, wah, pikiranaku iya andadak pating klênyit kae.

Garèng : Bab sing kaya ngono kuwi ora prêlu kok gagas dawa-dawa, Truk, awit pancèn wis jamak lumrah ing donya kuwi, ana sing sugih ana sing mlarad, ana sing mêthongkrong, ana sing mêgab-mêgab. Mulane timbangane kowe dadi komunis sabab anggagas sing pating klênyit kuwi, luwih bêcik bab iki: sêtop samene bae, saiki caritakna, saka kono nyang ngêndi parane.

Petruk : Saka kono têrus nyang dalême bêndara up jaksa dhahar bêsar-bêsaran, Kang Garèng, malah bêndara wêdana sakalihan iya rawuh, wah, sênang-sênang dhi dhalêm hati cêkake, sakuwise rampung anggone dhahar: sosopan, blêstik-blêstikan, lan sapadhane, sarta sauwise omong-omong lan guyon-guyon nganti warêg, aku kêtêlu, cara priyayine sarana nitih motore bêndara wêdana, banjur kondur nyang hotèl, midhune saka motor, ing kala samono ngarêp hotèl rada akèh uwong, mulane lakuku iya takgawe-gawe ambanthuk-banthuk, cikbèn diarani: ndara priyayi. Sorene aku kêtêlu bablas nyang Kudus. Liya dina tak dongèngi lêlakoku ana ing Kudus.

--- 969 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Kapal ingkang bidhal dhatêng Afrika Kidul. Kapal Boissevain sampun bidhal saking Tanjungpriok dhatêng Afrika Kidul. Ing klas satunggal kêbak, tumrap klas sanèsipun kêbak dipun tumpaki ing bangsa Tionghwa. Bangsa Tionghwa wau sami badhe among-dagang utawi dados bêbau nyambutdamêl.

Pajagèn bêbaya saking gêgana. Wiwit sapunika ingkang wajib sampun nindakakên padamêlan ing bab babagan pajagèn samangsa wontên bêbaya saking gêgana, ingkang tumrap pakaryan Praja, kados ta S.S. palabuhan, pakaryan toya kangge kêkiyatan lêstrik, gêdhong-gêdhong nagari tuwin P.T.T. Ing têmbe samangsa sampun katindakakên pacobènipun, lajêng badhe mêling pirantos nywara 100 iji ingkang badhe dipun dèkèk ing papan ingkang wigatos ugi ing taun punika. Ing wiwitaning wulan October badhe tumbas topèng gas 12.000 iji, kangge pakaryan babagan nanggulangi bêbaya gas.

Nyinau babagan sêsakit lepra. Ing tanah Jawi kêdhatêngan Dr. Kim Song Bakdi, satunggiling gedelegeerde Volkenbond, pêrlu badhe nyinau babagan sêsakit lepra. Lampahipun dipun kanthèni Dr. Sitanala, pangagênging babagan nanggulangi sêsakit lepra.

Paargyan ing Surakarta. Badhe wontêning paargyan mèngêti jumênêng dalêm nata 40 taun tumrap Surakarta sampun ngawontênakên rancanganipun, wontêning paargyan wiwit tanggal 5 Sèptèmbêr dumugi tanggal 8 Sèptèmbêr. Sampun karancang punapa pasamuwanipun.

Kamirahan dalêm nata. Tuwan Uripna, satunggiling murid wêdalan A.M.S. afd. B. ingkang mêdalipun nomêr satunggal, ing bab babagan wiskunde angsal biji 10. Awit saking kaparêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saka Ingkang Wicaksana, kadhawuhan anglajêngakên sinau apothèkêr dhatêng nagari Walandi kanthi waragad saking praja Surakarta. Tuwan Uripna punika putranipun R.M.Ng. Wiryohartoko ing Klathèn.

Pêpadhang ing dintên paargyan. Benjing dhawahing dintên paargyan pèngêtan jumênêngan nata 40 taun wiwit tanggal 6 Sèptèmbêr salajêngipun, ingkang badhe angsal pêpadhang saking waragad nagari ngêmungakên gêdhong-gêdhong nagari. Arta ingkang kangge waragad punika sampun dipun sadhiyani, badhe katindakakên dening Departement Verkeer en Waterstaat.

Gagunan barang salaka ing Ngayogyakarta. Awit saking rêrigènipun Ir. Supardi ing Ngayogyakarta, pangagêng consultatie bureau, sagêd ngajêngakên para kêmasan ing Kuthagêdhe, sarana nelad sêsêkaran ing candhi-candhi, mawi kabakar cêmêng, ingkang limrahipun dipun rêmêni ing bangsa ngamanca. Salajêngipun dipun sinau damêl ukir-ukiran nelad rêca. Ing Kuthagêdhe punika papan pakaryan babagan makatên wau wontên 50 panggenan, pêpajênganipun ing dalêm sataun wontên f 400.000,-

Tampi dhawuh malêbêt cursus Ind. Hoofdacte. Awit saking kaparêngipun Departement Pangajaran, andhawuhakên dhatêng: 1. R. Sunaryo, guru Ambonsche School, 2. R. Sutontro Cokrosuharto, guru H.I.S. 3. R. Suparno, guru Bijz. H.I.S. supados sami nglajêngakên sinau cursus Ind. Hoofdacte.

Ngêmpalakên têmbang-têmbang ing Jawi Wetan. Tuwan Sastrosukoco, guru H.I.S. M.N. atas dhawuh saking Departement Pangajaran, salêbêtipun liburan kadhawuhan mubêng-mubêng dhatêng Jawi Wetan pêrlu nglêmpakakên têmbang-têmbang ingkang gêsang wontên ing laladan ngriku.

[Iklan]

Lare kêmbar sakawan ing Blitar. Tiyang nama Bok Karno ing Blitar ingkang gadhah anak kêmbar sakawan, anak-anakipun têrus dipun upakara wontên ing griya sakit dening dhoktêr, ngantos sapriki pinanggih sae. Dhirèkturing griya sakit gadhah rêmbag dhatêng burgemeester supados botên marêngakên tiyang anggambar lare-lare wau, amargi dipun samarakên manawi lajêng kathah tiyang ingkang sami ningali.

Pabrik-pabrik tênun ing Jawi Wetan majêng malih. Ing salêbêtipun 5 taun, pabrik-pabrik tênun ing Jawi Wetan sami kandhêg, dening kêndhoning padagangan. Ing sapunika pabrik-pabrik wau sampun sagêd tumindak malih, nanging rêgi dèrèng sagêd pulih kados sawaunipun. Miturut katrangan, anggèning pabrik-pabrik wau sagêd tumindak malih, jalaran saking kèndêling kintunan sarung saking Jêpan.

Prangko pèngêtan. Nyarêngi benjing paargyan jumênêngan nata sampun 40 taun Pakaryan Post badhe ngêdalakên prangko pèngêtan, tumindak wiwit tanggal 30 Augustus dumugi tanggal 15 October 1938, prangko wau rêgi 2, 10, 15 tuwin 20 sèn, têtêp botên dipun indhakakên. Prangko wau kenging dipun angge kintun sêrat dhatêng pundi kemawon ngantos dumugi tanggal 31 December 1939. Ing salêbêtipun prangko wau dipun sade, samangsa wontên tiyang tumbas prangko dipun sadèni prangko wau, kajawi manawi ingkang tumbas gadhah panêdha, nêdha prangko ingkang limrah.

Kathah tiyang ingkang purun dhatêng paboyongan. Ing bab tumindaking têtiyang ingkang badhe boyongan dhatêng Selebes ing sapunika katingal saya majêng, sampun wontên têtiyang ingkang sagah badhe boyongan, saking Cirêbon 102 kulawarga, saking Majalêngka 24 kulawarga tuwin saking Kuningan 77 kulawarga. Bidhalipun benjing tanggal 5 Augustus punika.

--- 970 ---

[Grafik]

Siti jugrug. Margi sêpur antawisipun Bandung-Bêtawi, tanah parêdèn laladan Priyangan, dèrèng dangu pinanggih jugrug, damêl kandhêging lampahipun sêpur ngantos 4 jam, kados kacêtha ing gambar nginggil punika.

Inggah-inggahan tuwin ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, R. Panji Achmad Amijoyo, tijd. wd. asistèn wêdana paresidhenan Surabaya, dados adjunct jaksa Landraad ing Bondowoso, paresidhenan Bêsuki. R. Susito, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi paresidhenan Surabaya, dados asistèn wêdana paresidhenan Surabaya. M. Mintarum Sumodirêjo, tijd. wd. Adjunct-hoofd Jaksa Landraad ing Surabaya, dados adjunct jaksa Landraad ing Bangil, paresidhenan Malang.

Mulyakakên Tamansari. Ing bab wartos badhe mulyakakên Tamansari ing Ngayogyakarta, namung badhe dipun tambal-sulam kemawon, waragadipun dipun sadhiyani f 3000.-.

Lulus dados Apothekers-assistant. Lulus examen Apothekers-assistant, Nonah Asnah Harahab, Nonah J. Brilleman, Nonah C.J. de Geunick van Cappele, Nonah K. v.d. Dussen, Nonah E.N. Flohr, Gan Kian Som, Gan Teng Hok, H. Haacke, Nonah L. Han Biauw Nio, Indrakusuma Ratu Natusion, Yusuf Hasri, Ko Kwat Hian, Nonah W.H. Kramers, Nonah Lie, Lie Pok Gwan, Liem Ping An, Lim Toan Hwie, R.K. Martindas, Oei Khing Han, Nonah A. Ondang, Ong Tjok Bik, Sie King Hie, Nonah Siem Winny, Nonah Tan Lies, Tan Kiem San, Nonah Ch. Tan Tjien Nio, Torang Lubis, Zaenu'lbahar.

Sami kacêpêng jalaran milih kêpala dhusun. Dèrèng dangu pulisi ing Ngawi nyêpêng tiyang cacah 89, sami kadakwa tampi arta sogokan saking magang kêpala dhusun Watuwalang, supados sami milih piyambakipun samangsa wontên pilihan. Têtiyang ingkang sami dipun cêpêng wau sami botên angsal mampir mantuk. Sarêng sampun kapriksa, wontên tiyang 30 ingkang dipun mardikakakên.

Technische Hoogeschool sampun umur 18 taun. Ing tanggal 29 wulan punika Technische Hoogeschool ing Bandung sampun umur 18 taun. Ing dintên wau kawontênakên paargyan kanthi sêsorah ingkang nyariyosakên kamajênganing pamulangan luhur wau.

Kasangsaran auto. Sampun sawatawis dintên, Dr. Lodewijk Tamaela, Hoofd Ind. Arts ing Mojokêrto, kesahan numpak auto. Nalika lampahing auto dumugi sacêlakipun Kêmlagi manggih kasangsaran, nandhang tatu, lajêng kabêkta dhatêng C.B.Z. ing Surabaya. Mirid tatunipun katingal botên ambêbayani. Nanging sarêng wontên ing C.B.Z. dumugi ing jangji.

Jambêt bolmete. Gêgayutan kalihan majênging padagangan isi jambêt bolmete wêdalan saking tanah ngriki ingkang kakintunakên dhatêng Eropa tuwin Amerika, lajêng badhe dipun kathahi pananêmipun. Isi jambêt bolmete wau dipun angge lisah. Tumrap tanah Indhu, kala ingantawisipun taun 1935–1936 ngêdalakên asil isi jambêt bolmete wau 20.800 rupee.

NAGARI WALANDI.

Kapal kêruk Karimata. Miturut wartos saking Billiton Mij., kapal kêruk Karimata botên badhe wangsul dhatêng tanah Indiya ing taun punika, gêgayutan kalihan tumindaking damêl ngêruk kapal Lutine. Tumindakipun ing sapunika pinanggih titikipun angsal damêl, katandha sampun sagêd manggihakên barang-barang blebekan têmbagi praboting kapal Lutine tuwin sanès-sanèsipun.

Karimata angsal damêl. Kala tanggal 30 Juli wanci jam 2.30 dalu, pangêrukipun kapal Karimata angsal kêthokan mas. Kala angsal ingkang kapisanan punika lajêng dipun pasrahakên dhatêng wêwakil Billiton Mij. Mas ingkang pinanggih wau awarni mas kêthokan, panjangipun 20 cm. mawi ciri F.B.B. 57. Kala manggihakên mas wau ing palabuhan lajêng manjêr bandera tuwin kêmirêngan suwaraning pluit. Ingriku lajêng kathah tiyang ingkang dhatêng ing palabuhan. Wontên pangintên bilih mas ingkang pinanggih punika sanès panunggilanipun ingkang dipun padosi. Wawrating mas ingkang dipun panggih wau 3 1/2 kagungan, regi f 7000.-. Panunggilanipun mas punika sampun nate pinanggih kala ing 23 Sèptèmbêr 1858 ciri F.B.B. 56, tuwin kala 14 October 1801 ciri F.B.B. 58.

EROPA.

Nyingkirakên tiyang ingkang sanès bangsa Aria. Awit saking kêparêngipun parentah Oostenrijk, sawarnining rencang èstri ingkang sanès bangsa Aria, tuwin ingkang umuripun sangandhaping 35 taun, kasingkirakên. Ing bab wau katêtapakên kêdah wiwit tanggal 1 Juli.

ASIA.

Ura-uru ing Rangoon. Ing wêkdal punika ing Rangoon tuwuh ura-uru sakalangkung sêrêng, ing pintên-pintên kitha tuwuh tiyang pêjah-pinêjahan. Ingriku lajêng dados pajagèning wadya infanterie punapadene pulisi, lajêng sami rundha ing sauruting margi. Mênggah jalaraning pasulayan wau tuwuh saking golongan Islam ngêdalakên buku ingkang suraosipun angrèmèhakên dhatêng golongan Buda. Sasampunipun wontên pêpêjah sawatawis kathah, lajêng pinanggih têntrêm, nanging taksih dados pajagèn kêncêng.

Parentah Jêpan angèndêli golongan militèr. Kawartosakên, Parentah Jêpan angèndêli golongan militèr pangkat litnan jendral 37, kalêbêt Jendral Tomoo Kodama, upsir pangkat agêng 52 tuwin upsir limrah 15, sadaya sami pènsiun.

Badhe nêmpuh Peiping tuwin Tiensin. Wadya Tiongkok badhe nêmpuh Peiping tuwin Tiensin kanthi wadya ingkang sakalangkung kiyat. Kintên-kintên wontên wadya 100.000 adêdamêl auto mawi mriyêm tuwin wadya mriyêman nglêmpak wontên ing parêdèn sakilèn Peiping. Ing kala punika gapuraning kitha dipun tutup ing wanci sontên. Tram ing Tiensin botên kenging mlampah sasampunipun jam 10. ing salêbêting kitha ngriku kathah wadya Jêpan. Ing ara-ara Peiping sampun dipun sadhiyani mriyêm tuwin auto dêdamêl mriyêm. Para ingkang sami badhe campuh kantun ngêntosi kalamangsa.

--- 971 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

4

Sang putri tuwin Harolmur lajêng enggal-enggal sami badhe dhatêng ing jandhela, nanging dèrèng ngantos dumugi, saking ing pang wau pun lare sampun mancolot wontên ing lambening jandhela, lan saking ngriku mancolot malih lumêbêt ing kamar.

Kalayan pancolotan ngubêngi ibu tuwin gurunipun, lare wau têtêmbangan makatên: Wong alas saka Borneo lagi bae têka ing kutha kene. Sasampunipun lajêng angrangkul ibunipun sarwi wicantên makatên:

O, ibu, sawijining kumidhi sirkus ana kêthèke sing gêdhene angluwih-luwihi sarta nganèh-anèhi bangêt. Kancaku sêkolah: Wili wingi sore wis nonton. Kêthèk mau jarene bisa nunggang sêpedhah, bisa mangan nganggo lading lan porok, malah bisa etung-etung têkan sêpuluh. Bu, aku ambok iya kaparêng nonton, ya bu.

Ibunipun ngêlus-êlus pipining putranipun, kalayan gèdhèg ngandika dhatêng putranipun makatên: Ora kêna, Jak. Kowe rak iya wêruh dhewe, yèn aku ora dhêmên mênyang sing kaya ngono kuwi.

Putranipun amangsuli: aku ora ngrêti apa sababe. Kabèh bocah liya-liyane padha kêna nonton. Nanging tumrape aku, arêp nonton nyang kêbon binatang bae têka mêksa ora kêparêng. Jalaran sing kaya ngono iku, mêngko rak banjur akèh wong sing anduwèni pangira, yèn aku iki bocah wadon. Dèrèng ngantos rampung anggènipun matur dhatêng ibunipun, dumadakan korining kamar lajêng dipun bikak, sarta lajêng wontên priya agêng inggil lumêbêt ing ngriku. Lare wau enggal-enggal amurugi, kanthi ngarih-arih awicantên makatên: O, pak, aku rak iya kaparêng, ya pak.

Priya ingkang mêntas lumêbêt apitakèn: Arêp apa, le.

Sang putri mandêng dhatêng priya wau kadosdene badhe angèngêtakên, saha ngandika makatên: Jak, kêpengin nonton kumidhi, jarene kono ana kêthèke ajaran sing nganèh-anèhi bangêt.

Priya ingkang mêntas lumêbêt ing kamar, ingkang salêrêsipun ramanipun lare wau, angandika makatên: Aku ora maido yèn dhèwèke kêpingin nonton. Wong aku dhewe mêksa iya kêpengin nonton. Kabare, panènc[6] iya nganèh-anèhi têmênan, malah jarene kêthèke kuwi mau gêdhene ngeram-eramake bangêt. Kêpriye mungguhing panêmumu yèn banjur padha bêbarêngan nonton kabèh. Ngandika makatên wau kalihan amriksani ingkang garwa, ingkang têrus katingal gèdhèg botên krêsa. Salajêngipun nuntên andangu dhatêng Harolmur punapa dèrèng wancinipun mulang putranipun malih, sarêng tiyang kêkalih wau sampun piyambakan wontên ing kamar ngriku, sang putri umatur dhatêng ingkang raka makatên:

Aku iki sanyatane tansah kuwatir, manawa ingkang putra banjur katularan mungguhing watêk panjênêngan, yaiku anggone dhêmên mênyang urip alasan. Kang mangkono iku tumrape ingkang putra Jak, wajib kudu dipêpali têmênan. Jalaran panjênêngan wis ngalami piyambak, têmtune rak iya uninga, kêpriye rasane bisa bali nyang urip alasan mau. Panjênêngan wis ngraosake piyambak, sapira rêkasane ngampêt hawa nêdya manggon manèh ana ing alas gung ing tanah Aprikah, mangkono uga panjênêngan tamtu luwih priksa katimbang liya-liyane, yèn ingkang putra nganti bisa kalakon banjur nyêgur marang alas gêdhe, kadadeane wis mêsthi bakal ambilaèni têmênan.

Ingkang raka amangsuli: Aku ora ngandêl yèn wataking bapa sing kaya mêngkono mau, bisa tumurun mênyang anake. Mungguh saka panêmuku, anggonmu tansah nyamarake anakmu tumrape ing têmbe buri, kuwi sanyatane rada kaladuk. Kaya ta: katrêsnane anakmu: Jak, mênyang sato kewan, luwih manèh kêpengine mêruhi kaanane kêthèk bangkokan ajaran, kaya-kaya tumrap bocah kang lagi samono umure, rak iya wis mêsthine, ta. Dhèwèke kêpengin wêruh wujude kêthèk bangkokan mau, rak durung karuwan, yèn dhèwèke ing têmbe buri banjur rabi karo kêthèk wadon. Sanadyana mêngkono uga, kaya-kaya kowe ora anduwèni wênang angarani, yèn tindake anakmu kuwi nistha.

Sasampunipun ngandika makatên, priya wau, ingkang botên sanès kajawi: Tarsan, ingkang kala punika ngagêm asma: Jonkleton (John Clayton) Lodgrêstuk (Lord Grijstoke), lajêng angrangkul ingkang garwa, sarta sarwi gumujêng ngandika dhatêng ingkang rayi makatên: kowe kuwi ora tau andongèngi anakmu, mungguhing lêlakonku dhèk biyèn, malah aku arêp carita dhewe nyang anakmu bae, kowe ora nglilani, kang mangkono iku mungguhing panêmuku kliru bangêt. Saupama aku kalakon bisa nyaritani lêlakone Tarsan sawatara bae, kiraku kêpengine anakmu mênyang urip alasan, bakal suda akèh. Awit ing kono

--- 972 ---

anakmu Jak banjur bisa anggambarake, yèn urip ana ing alas bêbarêngan karo sato galak kuwi, ora kapenak lan uga ora nyênêngake, yèn bisa ngrungu lêlakone Tarsan kang kanthi cêtha, mêsthine iya banjur rumasa wêgah utawa wêdi, kosokbaline, yèn kêkarêpane utawa kasênêngane mau tansah kokpalangi, aku kuwatir yèn suwe-suwe dhèwèke ambêdhal lunga saka karêpe dhewe bae.

Nanging Lèdhi Grèstuk (Lady Greystoke) inggih Jènê (Jane) ngêmungakên gèdhèg sêmu botên rila manawi putranipun ngantos nilar tiyang sêpuhipun, salajêngipun sang putri matur dhatêng ingkang raka kirang-langkung makatên:

Ewasamono aku iya mêksa ora rila, yèn ingkang putra: Jak, nganti bisa duwe pêpêthan kapriye kaanane urip ana ing ngalas bêbarêngan karo sato galak. Sing kaya ngene iki kudu dipalangi têmênan.

Rêmbag ing nginggil wau nuntên botên kalajêngakên malih ngantos dumukinipun[7] ing wanci sontên. Ing kala punika Jak linggih ing kursi sêsarêngan kalihan ingkang rama tuwin ingkang ibu kalihan maos buku. Botên watawis dangu pun Jak lajêng tumênga saking anggènipun maos, sarta umatur dhatêng ingkang rama makatên: Genea aku têka ora kaparêng nonton kêthèk bangkokan kang ajaran.

Ingkang rama: Ibumu amênggalih yèn ora bêcik tumrape kowe.

Jak: Mungguh bapak panggalihe kapriye.

Ingkang rama: Kowe ora prêlu takon nyang bapak. Ibumu ora marêngake, kaya-kaya wis cukup.

Sasampunipun kèndêl sawatawis, pun Jak ujug-ujug kawêdal têmbungipun makatên, Aku iya mêksa arêp nonton. Bedane apa aku karo kancaku: Wili, utawa kănca-kancaku bocah lanang liyane, kang wis padha nonton mau. Tumrape bocah-bocah mau ora andadèkake sabab apa-apa, kaya-kaya tumrape aku iya ora andadèkake apa-apa. Pancène mono aku bisa bae nonton dhewe, tanpa pamitan bapak utawa ibu, nanging aku êmoh. Mulane sadurunge aku matur dhisik, yèn aku bakal lunga nonton.

Sanadyan Jak kawêdal têmbungipun ingkang makatên wau, nanging polatanipun botên ngatingalakên babar pisan manawi sumêdya sêmbrana utawi purun dhatêng tiyang sêpuhipun. Ngêmungakên nêdya anglairakên punapa ingkang dados sêdyanipun. Ingkang punika ing batos ingkang rama bingah dene ingkang putra tanpa tèdhèng aling-aling purun anglairakên punapa sêdyanipun wau. Salajêngipun ingkang rama ngandika makatên:

Aku bungah dene kowe kăndha blaka bae mêngkono. Nanging kowe saikine iya takbalakani, yèn kowe nganti lunga nonton tanpa palilahe wong tuwamu, kowe mêsthi bakal takajar. Salawase aku ora tau milara kowe, nanging saiki kowe takelikake, yèn kowe nganti lunga nonton tanpa palilahe ibumu, kowe mêsthi taklabrag.

Jak amangsuli: Iya, pak. Lan mêngko aku takmatur, yèn aku wis lunga nonton.

Mênggah kamar padununganipun Harolmur, inggih punika gurunipun Jak wau, punika jèjèr kalihan kamar patilêmanipun Jak. Sabên sontên, sadèrèngipun Harolmur mapan tilêm, limrahipun sok nuwèni rumiyin ing kamaripun Jak. Dene ing sontên kasêbut nginggil, piyambakipun angrumaosi anggadhahi kuwajiban anuwèni kamaripun Jak wau. Awit piyambakipun mêntas dipun ngandikani dening ingkang rama tuwin ingkang ibunipun Jak, supados piyambakipun ing sontên punika ambudidayaa ingkang kêncêng sampun ngantos Jak kesah ningali kumidhi sirkus ingkang wontên kêthèkipun bangkokan main wau. Sarêng kintên-kintên jam satêngah sadasa piyambakipun ambikak korining kamaripun Jak, guguping manahipun tanpa upami, awit ing kala punika piyambakipun andêngangi Jak sampun dandos, sarta nêdya kesah mêdal saking jandhela.

Harolmur enggal-enggal lumêbêt ing kamar nêdya angalang-alangi sampun ngantos Jak kesah mêdal saking ing jandhela wau, nanging pambudidayanipun ingkang makatên punika sayêktosipun tanpa damêl, awit, sarêng Jak sumêrêp gurunipun wontên ing salêbêting kamaripun, sarta mangrêtos bilih kadêngangan anggènipun badhe minggat, inggih lajêng rewa-rewa kadosdene nêdya nyandèkakên anggènipun badhe kesah wau.

Kanthi gugup lan mênggèh-mênggèh Harolmur pitakèn makatên: Kowe arêp mênyang ngêndi. Klayan sabar Jak amangsuli: Aku arêp nonton kêthèk bangkokan.

Harolmur kalair têmbungipun makatên: Aku gumun bangêt. Nanging dèrèng ngantos rampung anggènipun wicantên, piyambakipun saya gumun malih, awit ing kala punika kanthi rikat sangêt, Jak ujug-ujug nyandhak bangkekanipun Harolmur, anjunjung inggil, kadhawahakên mêngkurêp wontên ing patilêman, sarta rainipun kablêsêkakên wontên ing bantal.

Sasampunipun Jak ngumbar swara makatên: Mênêng, yèn nganti kowe nyuwara, mêsthi bakal taktêkêk têmênan.

Harolmur nêdya băngga, nanging tanpa damêl. Awit karosanipun Jak, botên beda kalihan karosanipun Tarsan kala samantên umur-umuranipun. Ingkang punika katandangan dening Jak wau, Harolmur inggih lajêng botên sagêd ebah babarpisan. Kalayan anindhihi gêgêripun Harolmur, Jak anyuwèki lèmèking papan patilêmanipun, ingkang kagunakakên kangge ambănda tanganing gurunipun wau. Sasampunipun Harolmur lajêng kawalik, sarta cangkêmipun dipun sumpêli. Salêbêtipun anandangi gurunipun ingkang makatên wau, Jak awicantên lirih makatên: Badhe kasambêtan.

--- [973] ---

 


dene. (kembali)
Bakir. (kembali)
anggêr. (kembali)
sampun. (kembali)
bêsus. (kembali)
pancèn. (kembali)
dumuginipun. (kembali)