Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 35, Stu Kli, 29 Sapar, Jimawal 1869, 30 April 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Sri Paduka Prinses Juliana - Pajagèn Bêbaya ing Gagana - Kasusilan - Ngemba Rekadayanipun Dr. Pasteur - Sêsorah Bab Bêksa Jawi - Andhap-asor Unggul Wêkasane - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman bocah.

Pangungsêt

Ambêg luhur

Ingkang dipun wastani ambêg luhur punika, luhuring bêbudèn, gêgambaranipun kapêtha ing dongengan makatên:

Ing jaman kina wontên darah luhur ingkang kagungan ambêg dakmênang, pinanggihipun kala jaman samantên, katingal sangêt bedaning darah luhur kalihan tiyang alit, ngantos kenging dipun wastani botên nate sêsrawungan, kajawi manawi saking kaparêngipun nginggil. Kawontênan ingkang kados makatên wau kala ing jamanipun samantên nama sampun limrah.

Dangu-dangu darah luhur wau lajêng kêtuwuhan panggalih, bilih tindakipun wau botên sae, tuwin angyêktosi, bilih saking dayaning ewahipun jaman, têtiyangipun alit ugi tumut angênggèni. Dados ewahing jaman wau ingkang pindha papan pawiyatanipun. Ing ngiku lajêng katingal bilih ewahing wêwatêkanipun darah luhur wau atêgês wiwitancik[1] dhatêng bêbudèn luhur.

Makatên ugi pun alit, ugi lajêng kêdunungan ewah wêwatêkanipun, pun jaman ingkang nênuntun dhatêng kuwanèn, saha lajêng sagêd mapanakên dhatêng ingkang dipun wastani lêrês lêpat. Punika inggih dados tăndhayêkti indhaking luhuripun bêbudèn.

Ing satunggiling dintên, darah luhur wau nuju tindak ing pakampungan, priksa tiyang alit gadhah tindak ingkang botên damêl rênaning panggalihipun, tiyangipun lajêng dipun timbali, sarêng dhatêng dipun dukani, têmbungipun: tindakmu iku ora gawe rênaning atiku.

Tiyang alit ingkang sampun kêdayan saking ewahing jaman mangsuli: bêndara, panjênêngan punika pancènipun botên pantês angêmori tindak kula tiyang alit, awit sanès papanipun. Darah luhur ingkang kados panjênêngan, pantês anglênggahi kaluhuran.

Atur ingkang kados makatên punika adamêl luluhing panggalihipun darah luhur wau. Wêkasan sami wilujêng.

Ing ngriki katingal bilih dayaning bêbudèn luhur, sagêd adamêl kawilujêngan, awit lêrês punika sagêd dipun tindakakên ing sintên kemawon, inggih punika ingkang wujud kuwanènipun. Dene luhuring bêbudènipun darah luhur wau, katarik saking uninga ing lêrês. Inggih gathuking lêrês wau ingkang damêl kawilujêngan.

Kajênging gambar punika prêlu kangge miridakên dhatêng raosing kabatosan, pangudi lêrêsing tekat, botên wontên ingkang tilar luhuring bêbudèn. Dene cêthaning bêbudèn luhur, punika ingkang angèl dipun padosi.

Cêkruktruna

--- 526 ---

Sri Paduka PRINSES JULIANA

Ing tanggal kaping 30 April 1938 punika kalêrês dintên wiyosan dalêm Sri Paduka Prinses Juliana, têtêp yuswa 28 taun.

Dhawahipun dintên wiyosan dalêm wau ing nagari Walandi salaladanipun sami ngawontênakên pahargyan minăngka pèngêtan angluhurakên kados adat, kantor-kantor nagari, kantor-kantor dagang, pamulangan-pamulangan tuwin sanès-sanèsipun sami libur.

[Grafik]

Mênggah kawontênan dalêm Sri Paduka Prinses Juliana ing wêkdal punika tansah dados wiraosan, wiwit badhe palakrama sampun nuwuhakên pangajêng-ajêng kanthi pangajab sae tumraping sarira dalêm, ingkang narambahi dhatêng sadayanipun. Dhumawah ing dintên palakrama, ing ngriku wutah wujuding suka-parisuka ingkang tanpa upami, wiwit nagari Walandi ngantos dumugi laladanipun sadaya sami ngawontênakên pahargyan agêng-agêngan, ingkang tansah badhe botên dipun supèkakên.

Tabêting pahargyan palakrama wau tansah tumanêm wontên ing manah, wusana kêsundhul wontên pawartos bilih Sri Paduka Prinses Juliana ambobot, ing ngriku lajêng nuwuhakên pangajêng-ajêng malih, kanthi pamuji dumugining miyos pinanggiha sampun kirang satunggal punapa. Kalampahan putra wau miyos. Miyos putri kaparingan asma putri Beatrix. Ing ngriku inggih kawontênakên pahargyan ing pundi-pundi ingkang sairib kados nalika krama dalêm.

Ngantos sawatawis dintên raosing ngakathah tansah ngajêng-ajêng kados punapa suwarni dalêm putri Beatrix wau tuwin mêmuji sri paduka ingkang mêntas ambabar tumuntêna rêncang. Mila sarêng wiwit wontên gambar dalêm putri Beatrix, araos damêl pamarêmipun ingkang sami ngajêng-ajêng.

Miyosipun putri Beatrix punika sakalangkung damêl gambiraning kawula praja Walandi, dene manggih darah oranyê ingkang sampun dangu dados pangajêng-ajêng, mila ing sapunika lajêng katingal sêmuning praja sarwa padhang dening sampun kasêmbadan ing pangajapanipun.

Ing sapunika kasugêngan dalêm sampun pulih, sinundhul walaganging putra, mila dhumawah ing tanggal 30 April punika, wiyosan dalêm wau dados gêgambaraning wutahipun sawarnining suka.

Mugi lulusa sampun kirang satunggal punapa. Amin.

--- [527] ---

[Grafik]

--- 528 ---

Pajagèn Bêbaya Ing Gagana

Sambêtipun Kajawèn nomêr 33

Gas-gas golongan kaping 4

Gas-gas ingkang adamêl malênthung, wusana ngruwêk ing kulit daging (Blaartrekkende gassen): Mosterdgas, Lewisiet lan Broomlost.

Kalimrahanipun gas-gas golongan punika pangrêmbagipun dipun rumiyinakên. Dene kula pacak wontên pungkasan, botên kasababakên saking kirang prêlunipun, ananging kosokwangsulipun supados dipun wigatosakên. (Ugi wontên bukunipun panjênênganin[2] Tuwan S. Schilderman, directeur Militaire Gasschool ing nagari Walandi: Chemische oorlog, golongan mosterdgas kapacak wontên wingking.

A. Mosterdgas

Mosterdgas punika sanès warni gas kados racun ingkang katêrangakên ing ngajêng, nanging wujudipun kados tètès kênthêl, gandanipun mèmpêr mosterd. Mosterdgas wau panganggenipun dipun sêmprotakên utawi dipun lêbêtakên ing bom, saking panjêblugipun bom mosterdgas ingkang awarni toya wau ngantos sumêbaripun kados pêdhut utawi gas.

Tiyang ingkang kenging mosterdgas wiwitanipun ngantos sawatawis jam, botên kraos sakit punapa-punapa. Mosterdgas awarni toya lan pêdhut, damêlipun sakit langkung rikat katimbang ingkang awarni gas. Raos lan kawontênan tumanjaning mosterd:

1. Manawi ngantos kasêrot lumêbêt irung utawi cangkêm: jêlèh, mutah, watuk, sêrak, sakit ing dhadha, awit margi napas dados sakit abuh.

[Iklan]

Manawi têtêdhan lan toya kenging mosterdgas, măngka ngantos katêdha utawi kaombe, angrisakakên wadhuk lan ususipun tiyang lan kewan.

2. Ing mripat: pêdhês lan bêntèr, raos kados wontên wêdhinipun, mripat abrit lan abuh, makatên ugi tlapukanipun.

3. Ing kulit: kulit ingkang kenging, sasampunipun sawatawis jam dados abrit, ingkang sangêt ing panggenan têkukaning ros-rosan, pupu ing nglêbêt, lakangan lan manginggil. Sawatawis jam malih ing têngah-têngahanipun kulit ingkang warni abrit lajêng dados undêran pêthak, punika panggenanipun kulit ingkang pêjah (bosok). Sawatawis dintên malih plênthungan wau pêcah, lan bagean ingkang pêcah

--- 529 ---

[Iklan]

nyoplok. Nyoploking kulit lan daging ingkang pêjah mujudakên tatu ingkang ngluwang, lan angèl mantunipun. Punika anggampilakên lumêbêting baktèri ing tatu, wusana andadosakên infectie (abuh). Mantunipun tatu punika minggon, malah ngantos wulanan, lan manawi mantun bêlangipun botên sagêd ical.

Manawi ingkang ngèngingi: hawa mosterdgas, utawi mosterdgas wau enggal dipun tawar, dening jampi panawar, trêkadhang mosterdgas wau namung nuwuhakên abrit wontên ing kulit, ingkang lajêng sami dados ambêsisik, wusana angglodhogi. Panggenan ingkang kenging wau raosipun gatêl ingkang ngantos lami botên ical.

Anggènipun angajrih-ajrihi mosterdgas punika sagêd anêmbusakên sandhangan, kulit sêpatu lan malih ugi karèt ingkang kandêl, botên mawi suda dayanipun, lan barang-barang ingkang kenging wau botên risak. Mosterdgas punika tahan hawa lan toya, siti ingkang dipun siram mawi mosterdgas manawi botên dipun rêsiki (dipun tawarakên) sagêd wulanan taksih damêl tiwas tiyang lan kewan.

Kêkiyatanipun mosterdgas ingkang makatên wau dipun gunakakên dening băngsa Jêrman kangge nyêgah ajêngipun prajurit Inggris wêkdal pêrang agêng, nalika băngsa Jêrman kadhêsêk mundur. Inggih punika ing dalu tanggal 12-13 Juli 1917 ing laladan tanah Yperen (Bèlgi). Pramila băngsa Prancis mastani gas wau: Yperiet.

R. Pringgadiharja, Leider gas sectie G.G.D, Bat.

--- 530 ---

Wulang Sae

Kasusilan

Dening Radèn Tumênggung Arja Prakosa, ing Surakarta

Nuwun, ingkang badhe kula aturakên wontên ngarsa panjênêngan sadaya, punika prakawis kasusilan. Prakawis kasusilan punika kawruh luhur ingkang wajib dinarbe dening para wanita tuwin kakung, namung wontên bedanipun sawatawis ing ngatasing têtêmbungan, manawi andharaning kawruh wau kamirêngakên para wanita, punika pangroncening têmbung-têmbung, beda kalihan manawi kamirêngakên dening para kakung, sabab wontên saperangan bedani[3] kuwajibanipun wanita kalihan kakung. Pandhapuking ukara ingkang kula cawisakên punika, prêlu kamirêngakên dening para wanita. Dene para kakung inggih prayogi nguningani, amargi prakawis punika gêgandhengan. Sasampunipun punika, kula ugi badhe ngaturakên kuwajibanipun para kakung, nanging namung ingkang prêlu-prêlu kemawon, murih para wanita ugi mangrêtos.

Nuwun, ing jaman samangke para neneman kakung putri, ingkang sami angsal pangajaran sakolahan, kabêkta saking dêrênging manah, anggèning lêlumban wontên ing ombaking jaman kamajêngan kawruh lair (wetenschap) punika kathah ingkang kirang kobêr anggèning migatosakên dhatêng kasusilan. Inggih awit saking kula nyumêrêpi kawontênan wau, kula manah prêlu sangêt ing pundi-pundi panggenan, gêgrombolanipun para wanita tuwin kakung, asring dipun wontênakên sêsorah ngrêmbag prakawis kasusilan, murih kamajênganipun wanita tuwin kakung ngangge dhêdhasar kasusilan. Ebahing para wanita Jawi anggèning lumampah ing margining kamajêngan, punika pantês sinudarsana, amargi sagêda satimbang utawi sajajar kalihan kamajênganipun para kakung.

Para wanita punika sampun kinodratakên dados ibunipun para titah gêsang, sanajan maujud warni sato kewan, buron wana, pitik iwèn, kutu-kutu walangataga, sadaya ingkang maujud pawèstri, punika inggih dados biyungipun para titah gêsang, manut băngsa sarta jinisipun piyambak-piyambak. Manawi kula manah panjang, kawontênanipun sadaya titah gêsang gandhèngipun kalihan Pangeran ingkang murbèng ngalam, inggih namung wanita tuwin pawèstri ingkang dados juru ambabaran gumêlaripun para titah gêsang. Inggih namung wanita ingkang dados lantaran gumêlaripun dumadining gêsang, inggih namung wanita ingkang dados juru panggulawênthah sutanipun, inggih namung wanita ingkang sakawitipun dados juru nuntun kamajêngan, inggih namung wanita ingkang dados tuking katrêsnan, inggih namung wanita ingkang dados juru panglipuring prihatin. Tiyang ingkang pinuju napsu, punika sagêd enggal lilih dening pangungrum utawi panglingga murdanipun wanita.

Kosokwangsulipun tiyang ingkang jirih, punika sagêd dados kêndêl dening pambombongipun wanita. Manawi kula ngèngêti gumêlaripun ngalam donya punika, têtela bilih namung wanita ingkang kinodrat dados biyungipun kamajêngan sarta karahayon, ingkang gumêlaring kawontênan beda-beda, pramila inggih [ing...]

--- 531 ---

[...gih] namung wanita ingkang sayogi dados biyungipun pangajêng-ajêng, tuwin linuhurakên wontên ngalam donya.

Manawi nitipriksa satunggal-satunggalipun brayat, bilih wanita ingkang mêngku bale griya wau, nglênggahi kasusilan, brayat wau katingal sangêt katêntrêmanipun. Prêngutipun ingkang jalêr, punika badhe enggal sirna santun polatan padhang dening kamayanipun wanita ingkang susila, makatên ugi para rencang utawi sanak-sadhèrèk ingkang nunggil sagriya, sadaya botên wontên ingkang anggrêsula utawi pangadhuh, jalaran kenging daya pangaribawa wiramanipun wanita ingkang susila wau, namung katêntrêman ingkang sami dipun alami, sanajan kawontênaning brayat wau miskin utawi sugih, punapa agêng alitipun darajat, punika sami kemawon. Kalêmpakaning barayat, punika dipun wastani dhusun utawi kampung, dene kalêmpakaning dhusun, punika kawastanan praja, bilih isining praja wau, wanitanipun kathah ingkang susila, saèstu têtiyangipun badhe ngalami katêntrêman. Ing donya sagêdipun têntrêm, punika saperangan agêng gumantung saking pakartining susilanipun wanita, amargi inggih namung wanita ingkang kinodratakên masesani panggulawênthah sutanipun, wiwit wontên wêtêngan ngantos dumugining diwasa, dadosipun watak awon utawi sae, asor luhuring bêbudèn, punika tukipun sakawit, gumantung saking panggulawênthahipun ibu. Manawi kula ngèngêti kawontênan ing donya wêkdal samangke, ing pundi-pundi nagari gêntos-gêntos wontên pêpêrangan, punika bilih kula talusur mawi kanalaran, dumugi sapantogipun, têtela saperangan saking kalêpatanipun wanita, kirang nêtêpi garis-garis anggêr-anggêring kasusilan, para wanita kathah ingkang nglirwakakên dhatêng kuwajibanipun anggèning dados biyungipun panggulawênthah, mila kababaripun lêlampahan ing donya tanpa rêtu. Samangke kula ngaturakên katrangan, mênggah ingkang dados baku agêng kuwajibanipun wanita, punika: ngrukti kaskayanipun kakung, tuwin ngrukti prêluning bale griya. Mênggah têgêsipun pangrukti punika: ngopèni murih dadosipun sae utawi prayogi, kêdah kanthi: gêmi, satiti, ngati-ati. Dangu-dangu pakarti ingkang kados makatên punika, dados watak padatan, mila wanita punika sinêbut: juru panggulawênthah, dene perangan alit-alit, kuwajibanipun wanita punika botên prêlu kula têrangakên, amargi para wanita saèstu sampun langkung mangrêtos.

Badhe kasambêtan.

.[Iklan]

--- 532 ---

Bab Kasarasan

Ngemba rekadayanipun Dr. L. Pasteur

Sambêtipun Kajawèn nomêr 31-32

Kados ta wontên tiyang sakit mrongkol ing wêtêng utawi ing dhadha, dipun kintên sakit kanker utawi sanèsipun, dhoktêr potong (operateur) dipun dhatêngakên kapurih motongi calakên ingkang mrongkol wau, nanging sarêng dhoktêr ahli (speciaal) mriksa lan anjampèni sêsakit lêbêt (internist) gadhah pamanggih êrahipun ingkang sakit kapriksakakên ing Laboratorium rumiyin sarana W.R. wasana pinanggih positief. Sarêng ingkang sakit dipun jampèni ingkang tumuju dhatêng syphilis, ingkang mrongkol wau saking sakêdhik sagêd suda lajêng ical saras, botên kêdah dipun potong.

Mila asring kemawon dhoktêr mriksa ingkang sakit botên sagêd nêtêpakên sêsakitipun, sarêng êrahipun kapriksakakên pinanggih W.R. positief, sawêg sumêrêp sêsakitipun pancèn syphilis.

Kosokwangsulipun, upami dhoktêr mriksa ingkang sakit gadhah panggrayangan yèn ingkang sakit wau dipun wastani kataman syphilis, nanging sarêng kapriksa W.R. pinanggih negatief, dhoktêr lajêng mangrêtos yèn sêsakitipun sanès syphilis, kêdah ngupadosi sabab-sabab sanèsipun ingkang nukulakên sêsakitipun punika.

Langkung-langkung tumrap tiyang ingkang kêpengin sumêrêp punapa sêsakitipun saras saèstu punapa dèrèng, punika yèn êrahipun sampun kapriksa W.R. negatief inggih sampun saras. Kosokwangsulipun yèn W.R. positief inggih dèrèng saras, ingkang sakit kêdah jêjampi malih.

Băngsa Eropah utawi Tionghwa ingkang mangrêtos (ontwikkel), nandhang sakit lan nêdha kula jampèni utawi sampun dipun upakara dening dhoktêr sanès lajêng pindhah, amargi wontên sababipun ngantos kêpêksa kèndêl anggènipun jêjampi punika, inggih punika rahipun kêdah kapriksakakên ing Laboratorium rumiyin. Yèn W.R. pinanggih positief, ingkang sakit sanalika kula jampèni rambah-rambah, yèn pangintên kula ingkang sakit sampun saras, êrahipun inggih kêdah kula priksakakên malih ing Laboratorium, dene yèn W.R. negatief inggih sampun kèndêl anggènipun jêjampi.

Kadhang-kadhang kula inggih dipun têdhani verklaring dening băngsa Tionghwa ingkang badhe semah, ing bab kasarasan utawi kakiyataning badanipun, awit kasarasan lan kakiyatan punika pancèn kalêbêt prêlu tumrap têtiyang ingkang badhe semah. Mila bab punika sasampuning êrahipun kula pêndhêt kula kintunakên dhatêng Laboratorium, ing sawatawis dintên kula tampi kabar yèn bab êrah wau kapriksa W.R. negatief, kula inggih sagah damêl verklaring, nanging upami W.R. positief, ingkang sakit wau kêdah jêjampi rumiyin ngantos saras.

Kalampahan ing taun kêpêngkêr 1936 wontên băngsa Tionghwa neneman pinanggih kula nêdha verklaring [ver...]

--- 533 ---

[...klaring] kangge kasarasaning badanipun, awit nêm wulan malih badhe semah. Kula pitakèni punapa rumaos gadhah sêsakit wados, wangsulanipun: inggih, rumiyin ing taun 1934 dipun jampèni dhoktêr anu sampun saras.

[Iklan]

Rèhning badhe marasêpuhipun mirêng mantunipun nêdha verklaring dhatêng kula, lajêng tumut cawe-cawe badhe mantunipun kêdah jêjampi rumiyin dhatêng kula saprêlunipun, yèn pancèn sampun saras êrahipun dipun priksakakên ing Laboratorium. Rêmbaging badhe besan inggih bapakipun ingkang nêdha verklaring wau mrayogèkakên sapunika kemawon êrahipun dipun priksakakên ing Laboratorium. Sarêng sampun sarêmbag, êrahipun băngsa Toyonghwa ingkang badhe semah wau kula pêndhêt, kula kintunakên dhatêng Laboratorium. Ing salêbêtipun sakawan dintên kula tampi kabar saking Laboratorium yèn W.R. ragi positief, dados taksih sakit sawatawis, lajêng kula upakara sarana anjampèni, ing salêbêtipun sawulan sampun saras, awit êrahipun kula priksakakên malih pinanggih negatief, lah punika nêmbe kula damêlakên verklaring nêrangakên, bilih băngsa Tiyonghwa wau badanipun saras lan botên gadhah sêsakit ingkang nular.

Sajatosipun dhoktêr anggarap utawi anjampèni têtiyang sakit punika, ingkang prêlu kêdah sagêd nêtêpakên sêsakitipun (diagnose stellen) măngka ingkang makatên punika pancèn botên gampil, satunggal-satunggalipun dhoktêr botên sami.

Badhe kasambêtan

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- [534] ---

Kagunan Jawi

Sêsorah bab bêksa Jawi

Nalika malêm Salasa tanggal kaping 25 April ingkang kapêngkêr punika, Nyonyah C. Holt damêl sêsorah bab bêksa Jawi wontên ing pakêmpalan Deutsche Gesellshaft fur Natur-und Volkerkunde Ost Asiens (pakêmpalanipun băngsa Dhit ingkang ngudi kawruh bab băngsa Asiah Wetan). Manggèn wontên ing rèstoran Mesongpêrsêtih ing Bêtawi. Ingkang mirêngakên sêsorahipun kathah sangêt, ngantos kêkirangan kursi, botên namung golongan băngsa Eropah kemawon, băngsa Sundha tuwin priyantun Jawi ugi wontên sangatawis. Sêsorahipun mawi basa Dhit, dangunipun kirang langkung ½ jam, nuntên kasambêtan têtingalan gambar sorot, minăngka katêrangan kamajênganipun bêksa Jawi, wiwit jaman kina kados ingkang kagambar wontên ing candhi Barabudhur tuwin Prambanan, ngantos dumugi bêksa ing jaman samangke.

Sabibaripun sêsorah, Nyonyah Holt ambêksa piyambak minăngka conto. Bêksanipun Golèk Ngayogyakarta, mawi dipun tandhing-tandhing kalihan jogèd Eropah, Sêpanyol tuwin Jêpan. Satêlasing dhêmonsêtrasi, kasambêtan pêthilan Gatutkaca gandrung, ingkang ambêksa R.M. Susena, putra kapenakan dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagara, ing Surakarta.

Sêsorahipun Nyonyah Holt wau kajawi katêrangan kamajênganipun bêksa Jawi, ugi mêngku suraos ajak-ajak nyinau jogèdipun băngsa Asiah Wetan, nyathêti sêkaranipun tuwin dhapukaning jogèd. Dumugi sapriki para sagêd dèrèng wontên ingkang ada-ada nyathêti kados makatên. Ing măngka nyumêrêpi caranipun anjogèd satunggal-tunggaling băngsa punika prêlu sangêt. Caranipun Walandi lumampah, manthuk, nyolahakên tangan, punika beda kalihan tiyang Jawi. Bedanipun wau kabêkta saking bedaning wêwatakan tuwin lageyaning băngsa. Nyumêrêpi bêksa Jawi ingkang saèstu atêgês anylulupi watak lageyaning băngsa Jawi.

Nyonyah Holt punika muridipun G.P.H. Teja Kusuma, êmpu jogèd ing Ngayogyakarta. Bêksanipun mèdêm, ingatasipun băngsa sanès, sampun kenging kawastanan monjo. Sarèhning sêsêrêpanipun inggil, dhatêng jogèd sanès-sanèsipun nyrambahi, mila katêranganipun cêtha, pandumukipun dhatêng dhasar-dhasaring jogèd pratitis.

Sêsorahipun Nyonyah Holt wau botên namung mikantuki tumrap băngsa sanès kemawon, nanging tumrap băngsa Jawi ugi wontên paedahipun, sagêd anjêmbarakên wawasan tuwin anjalari saya lêbêting sêsêrêpan dhatêng kagunanipun piyambak. Guru jogèd Jawi, utawi tiyang ingkang sagêd anjogèd kathah, nanging ingkang sagêd nêrangakên pathokanipun, wataking dhasaripun jogèd, punika awis-awis.

Bêksanipun Gatutkaca gandrung patut ingalêmbana. Kuciwa papanipun kirang kobèt.

S. Sasra Suwignya.

--- 535 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Andhap-asor luhur wêkasane

I.

Petruk : Wèh, kabênêran, Kang Garèng, dene kowe têka mrene. Ayo, ah, linggih-linggih omong kosong.

Garèng : I - ya, dadi kêng slira wis amarêngake aku mapan linggih, iya matur nuwun.

Petruk : E, tobat, tobat, lakune Kang Gareng kathik nganggo nyêpèprèk-nyêpèprèk, lungguhe anggêdhêpês, sirahe ambanthuk tumungkul kaya angêdhêpake: ndara bèi kae. Ora, Kang Garèng, kadingarèn kathik salin salaga, apa mêmpêng anggone lagi sinau... anjogèd Golèk.

Garèng : Nèk ngarani kuwi le ora mèmpêr mêngkono, rumasamu kuwi aku apa ... pupuran, kathik diarani sinau anjogèd Golèk. Wong kowe ora ngrêti nyang adat tatacara Jawa, mulane iya ora nyandhak apa sing dadi lageyanaku saiki kiyi. Wêruha, Truk, anggonku lumaku tak gawe nyrêpèpèh-nyrêpèpèh, sarta sirah tansah tumungkul, iki aku lagi ngulinakake nyang tindak, andhap-asor, awit miturut pangandikane para sêpuh: andhap-asor iku unggul wêkasane.

Petruk : Dadi mêngkono, Kang Garèng, wèh, iya pancèn utama bangêt, yèn kowe pancèn bisa nindakake andhap-asor kang sêjati kuwi. Nanging sanyatane andhap-asor kang sêjati kuwi angèl bangêt, Kang Garèng. Saya sing kok tindakake, mlaku mêndhêg-mêndhêg, sirah tumungkul, yèn ditakoni jêmpole nyirak-nyiruk mangiwa manêngên, lan sapadhane, tumrape pasrawungan pancèn iya bêcik, sabab anduduhake wong kang ngrêti nyang tatakrama. Nanging uwong kang ngrêti nyang tatakrama, kuwi durung kinaruwan manawa uwong kang andhap-asor.

Garèng : We, hla, bundhêl pikiranaku. Nèk rumasaku, wong kuwi anggêr gêlêm asor, kaya ta upamane: kêtêmu ana ing dalan, ditakoni: badhe tindak pundi, banjur bukak topi, tumungkul-tumungkule dêrês, karo mangsuli: he - he - hek, badhe ngalèr ngriku, lo iya wong sing tindak-tanduke kaya ngono kuwi sing kêna diarani: wong andhap-asor, ana kok miturut kandhamu sing kaya ngono kuwi: wong kang ngrêti nyang tatakrama, durung karuwan wong kang andhap-asor.

Petruk : Wong tatakrama, durung karuwan yèn andhap-asor, awit anggone nêtêpi tatakramane mau, bisa uga jalaran têlung prakara, [praka...]

--- 536 ---

[...ra,] 1e jalaran saka dhirine, 2e jalaran saka brangasane, lan 3e jalaran saka lumuh pasulayan.

Garèng : Wèh, hla saya bundhêt atiku, Truk, ana nêtêpi tatakramane, kok diunèkake bisa uga saka dhirine. Ing măngka wong kuwi nèk wis kadhasaran dhiri, apa ora langganan andhangak-dhangak andêlêngake langit ajêgan.

[Grafik]

Petruk : Kuwi rak mung tiba ing pênganggêping uwong kang sêngit, banjur angothak-athik panyeda warna-warna, nanging jane mono rak iya padha bae, ta Kang Garèng. Tak unèkake: wong nêtêpi tatakramane jalaran saka dhirine, awit pikirane tansah duwe kuwatir nèk dikurangajari, mulane banjur tansah ngênggoni tatakramane.

Garèng : Ngrêti aku saikine, Truk, wong aku iya mêntas ngalami dhewe. Tangkêpe nyang aku pancèn iya ngajèni, cêkake pancèn iya ngasorake salirane têmênan. Nanging ing kono mêksa kêtara ana kênduk-kênduke anduwèni pangarêp-arêp: kowe kudu ngajèni nyang aku, mas. Yaiku nalikane têtêpungan karo aku, sarana mêndhêg-mêndhêg ngandika mangkene: kawula ngaturi nêpangakên: kawula... asistèn wadana kitha. Basa lan patrape kang sarana mêndhêg-mêndhêg barang mau, pancèn iya katon asor têmênan, nanging nyêbut pangkate mau, ing kono rak kaya dene nuduhake: ana ing ondêr dhistrik kene aku sing kuwasa, sèh, dadi kowe kudu...

Petruk : Wah, Kang Garèng, ambok aja kêjêron panampane mêngkono. Nèk ana priyayi têtêpungan ora nyêbutake asmane nanging pangkate, kuwi aja kok dakwa yèn arêp nuduhake pangkate, ora babarpisan, Kang Garèng, nanging umume sabab saka pakulinane sabên dina, anggêr uwong nyêbut pangkate. Kaya ta tuwan residhèn pandangune iya mangkene upamane: asistèn, apah dhisini pajêgnyah sudhah lunas. Dalasan sauwong-uwonge bae anggêre ditakoni mangkene upamane: mas, ingkang sawêg lumampah punika sintên, wangsulane iya: punika ampilipun bêndara sêten. Mara, kabèh-kabèh nyêbut pangkate, dadi yèn ing wusana nyang asmane sok bisa... kalalèn, rak iya ora kêna dipaido, ta, Kang Garèng.

--- 537 ---

Garèng : Ha iya, nanging nèk cara sing kaya ngono kuwi banjur ditiru sabên uwong, iya repot bangêt, kaya dene aku dhewe, yèn têtêpungan apa banjur kudu muni mangkene: kula aturi nêpangakên, kula... lirling asistèn mantri wèrkêlosê....

Petruk : Wayah, yèn wong nglakoni dadi wong angguran kuwi iya ora prêlu dikandhakake. Karo manèh sing pantês mung nyêbut pangkate kuwi rak yèn ana ing kono mung nyêwiji, kaya ta: asistèn wadana kutha, ing kono ora ana loro têlu, mantri guru H.I.S. yèn ing kono anane H.I.S. ora lusinan, lan sapiturute. Nanging nèk pangkat sing wis ngêmbrah, kaya ta juru tulis upamane, anggone pitêpungan muni: kula juru sêrat, uwong mêsthine iya banjur bingung, sabab ora ngrêti: apa juru tulis kantor rêsidhèn, juru tulis wêdana, juru tulis gadhe, apa juru tulis ... dhirèktur kêthoprak.

Garèng : Wayah, le ora mèmpêr, ana dhrèktur kêthoprak kathik ngingu juru tulis barang. Wis, saiki têrangna: wong nêtêpi tatakrama jalaran saka brangasane.

Petruk : Hla wong brangasan, kuwi watake ora kêna kêcêthit atine, mêsthi banjur mêtu nêpsune, nèk ora kabênêran bisa uga banjur nabok. Supaya aja nganti digawe sêrik, lan disêmbranani uwong mau, sabanjure tandang-tanduke, tangkêp lan basane nyang uwong, banjur tansah diati-ati, yakuwi sarana tindak tatakrama mau.

Garèng : Iya, wis. Saiki tatakrama sing jalaran saka lumuh pasulayan, iki apa ora apik bangêt, sabab iki tindake wong narima, mêsthi slamêt uripe, Truk.

Petruk : Haiya mêsthi bae yèn slamêt uripe, yèn wong lumuh pasulayan kuwi, awit wong kaya ngono kuwi mung langganan karo: inggih lan sandika, disêntak iya: inggih, didhupak inggih, diapusi: inggih, dikêlèti: inggih, malah bokmanawa disêmbêlèh, iya: inggih sêndika. Mêsthine wong sing kaya ngono kuwi iya dimêlasi mrena-mrene, nanging lumrahe banjur ngêbon: diidak-idak, Kang Garèng.

Garèng : Wèh, hla apa-apa têka kok pêndèli wani bae. Saikine mungguh pamawasmu, sing diunèkake wong andhap-asor, kang sabanjure unggul wêkasane, kuwi sing kêpriye.

Petruk : Mungguh panêmuku, Kang Garèng, wong kang andhap-asor kang wusanane bisa unggul wêkasane, yaiku: wong kang rumasa apês awake tumrape: Gusti.

Garèng : Lho, apês nyang Gusti, ambok sing kumplit, ta Truk, apa gusti kangjêng, apa Gusti Pangeran, apa gusti kêpriye.

Petruk : Gusti thok thil, Kang Garèng, tanpa atêr-atêr lan uga tanpa panambang. Nèk wong Arab anggone nyêbut: Allah, nèk wong Jawa iya cukup anyêbut Gusti, kang wajib aku kabèh: wêdi, bêkti, ngaji-aji lan sapiturute. Awit asmane bae: Gus, ti, têgêse: bagus, sêtiti, ngati-ati, kathik kawuwuhan gêmati.

--- 538 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Kuburan J.P. Coen. Ing bab tindak ngudi dununging kuburanipun J.P. Coen, ing sapunika cêtha manggih titikipun ingkang saya maton. Stichting Oud-Batavia gadhah sêdya badhe damêl têtêngêr. Kuburan punika sampun dipun padosi wiwit taun 1935.

Lindhu ing Ambon. Ing Ambon mêntas wontên lindhu ing wanci dalu, ngantos adamêl kagèting têtiyang ingkang sami tilêm saha adamêl kèndêling jam ingkang lumampah. Dhatênging lindhu saking wetan.

Salêbêting verlof pados sêsêbutan Doctor. Mr. K.H. Yauw, satunggiling advocaat ingkang bikak kantoran nunggil kalihan Mr. Maramis ing Palembang, salêbêtipun verlof dhatêng nagari Walandi pados sêsêbutan Doctor, kêlampahan sampun lulus, kanthi proefschrift ''Lastgeving, machtiging en volmacht.''

[Grafik]

Para jurnalis anggêgana. Para jurnalis ing Bêtawi mêntas dipun ulêmi pangagênging Wadya Lautan tanah ngriki, nyobi panggêgananing motor mabur Marine Dornier X-I tuwin X-II. Kêlampahan para jurnalis wau sami ngraosakên anggêgana, wilujêng ngantos dumugi samandhapipun. Ingkang kacêtha ing gambar punika motor mabur Dornier X-I.

Papan paboyongan ing Borneo. Asistèn wêdana ing Tanah Merah, Madura, tampi dhawuh saking Parentah supados bidhal dhatêng papan paboyongan ing Borneo, pêrlu nata kawontênan ing papan paboyongan ingkang tumuntên badhe dipun ênggèni têtiyang saking Madura. Kintên-kintên tumuntên wontên têtiyang cacah 100 kulawarga ingkang badhe boyongan. Lampahipun têtiyang boyongan wau badhe numpak baita kemawon, jujugipun wontên Pêngaron Kidul.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, R. Mohamad Imam, asistèn wêdana paresidhenan Bêsuki, dados wêdana ing Arosbaya, kabupatèn Bangkalan, paresidhenan Madura. R. Koekoeh Soemowidjojo, asistèn wêdana paresidhenan Bêsuki, dados wêdana Baratlaut, kabupatèn Sumênêp, paresidhenan Madura. Soeparwoto, asistèn wêdana ngrangkêp padamêlan adjunct-regentschapssecretaris ing Pamêkasan, paresidhenan Madura, dados asistèn wêdana ngragkêp regentschapssecretaris klas 2 ing Sumênêp, paresidhenan Madura. R. Mohamad Tahir ugi nama Prawirosantoeso, tijd. wd. asistèn wêdana paresidhenan Madura, dados tijd. wd. asistèn wêdana ngrangkêp padamêlan adjunct-regentschapssecretaris Pamêkasan, paresidhenan Madura. Kiai Mohamad Saleh, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi paresidhenan Madura, dados asistèn wêdana paresidhenan Madura. Kiai Aboebakar Djajengkoesoemo, tijd. Aib. paresidhenan Madura, dados tijd. wd. Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi paresidhenan Madura.

Usul supados ambiyantu Perasaan Kita. Hoofdbestuur P.P.B. benjing congres ing tanggal 11 dumugi 17 Mèi ngajêng punika badhe usul supados Kas Centraal P.P.B. ambiyantu dhatêng ariwarti Perasaan Kita ing sabên wulan f 100.-. Ing bab punika ugi sampun dados rêmbag ing sadèrèngipun.

Comite andandosi masjid ing Kalioso. Ing Kalioso, Surakarta, wontên bêbadan comite badhe andandosi masjid ing ngriku, kintên-kintên waragadipun wontên f 35.000.-. Kacariyos masjid wau yasan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Paku Buwana kaping IV, ing kinanipun dhusun wau nama Jagapatèn kaprênah salèr kitha Surakarta. Masjid wau sapriki sampun umur 152 taun.

Narajang awisan têtiyang èstri nyambutdamêl ing wanci dalu. Inspecteur Arbeidsinspectie, Tuwan Frohwein mêntas andêngangi têtiyang èstri cacah 20 ingkang sami nyambutdamêl wontên ing satunggiling pabrik ing Surabaya ngantos langkung têngah dalu. Bangsa Tiyonghwa ingkang gadhah pabrik wau lajêng kasêrêg.

C.B.Z. ing Surabaya. Kados ingkang sampun kawartosakên, adêging gêdhong C.B.Z. ing Surabaya saèstu wontên wiwitaning wulan Mèi ngajêng punika, wontên ing Karangmênjangan, kaprênah sacêlakipun Nias.

Nglelangkên kapal Jêpan. Kapal pamisayan ulam gadhahanipun bangsa Jêpan ingkang kacêpêng dening ingkang wajib jalaran misaya wontên ing papan ingkang dados awisan, kalampahan sampun kalelangakên. Tumrap kapal Jamato Maru pajêng f 660.-, dene kapal Toekei Maru pajêng f 610.-.

Ambêkta kewan-kewan dhatêng ngamanca. Sampun sawatawis dintên kapal Palembang ingkang bidhal saking tanah ngriki ambêkta kewan warni-warni, kabêkta dhatêng Port Said tuwin Rotterdam. Kewan-kewan wau badhe kangge isèn-isèn kêbon binatang ing Mêsir, Antwerpen tuwin Emmen. Ingkang warni pêksi wontên 5000. Ingkang bangsaning kewan awarni: sima, bangsaning salira, kidang, kêthèk tuwin sanès-sanèsipun. Jalaran saking kathahing momotan kewan punika, ngantos ngirangi têtiyang numpak. Kajawi kewan wau, ugi dipun wêwahi gajah tuwin sima wontên Colombo.

Niti wowohan saking tanah ngamanca. Ing wêkdal punika ingkang wajib miji punggawa Nagari kadhawuhan nitipriksa kanthi kêncêng sawarnining wowohan asli saking tanah ngamanca, pêrlu kangge anjagi sampun ngantos wontên sêsakit têtanêman asli saking tanah ngamanca ingkang katut ing wowohan wau tumular dhatêng tanah ngriki. Ingkang langkung dipun samarakên punika lalêr-lalêr asli saking lautan Têngah ingkang pinanggih wontên ing wowohan. Lalêr wau ingkang pinanggih mutawatosi piyambak tumraping wowohan. Lalêr wau sampun kanyatan sagêd ngrisak kabudidayan wowohan ing Florida. Mila panjagi tumrap ing tanah ngriki dipun kêncêngi sangêt, pêrlu mriksa wowohan ingkang asli saking Australie, Afrika Kidul, ugi tumrap wowohan ingkang dipun bêkta ing têtiyang numpak kapal.

Ama jêram ing bawah Malang. Tanêman jêram ing bawah Malang kathah ingkang kêtrajang ama jamur upas, jalaran saking ewahing hawa.

Ingkang Bupati Cianjur badhe verlof dhatêng Eropa. Ingkang Bupati Cianjur, R.A.A. Abas Soerianata Atmadja, kaparêngakên ing Parentah verlof dhatêng Eropah, gêgayutan kalihan kasarasan.

--- 539 ---

Badhe ngêdêgakên panggilingan pantun. Wontên wartos, Perhimpunan Untuk Memajukan Economie Rahayat (Pomêr) mêntas ngawontênakên parêpatan wontên ing Sêrang. Miturut rêmbag, pakêmpalan wau badhe ngêdêgakên panggilingan pantun apawitan f 50.000.-.

Warga pangrèhipun P.A.I. Miturut karampunganing congrès ingkang mêntas kawontênakên ing Sêmarang, anêtêpakên warga pangrèhing P.A.I. Eere-voorzitter A.R.A. Baswedan. Voorzitter A.B. Alatas. Vice-voorzitter Hoesain Alatas. Secretaris I A. Bajasut, Secretaris II Z.A. Bin Jahja. Penningmeester Abdulkadir Alsegaf. Commissaris Hamid Algadrie tuwin A. Asegaf. Congres ing taun 1939 badhe wontên ing Cirêbon.

Sêrat sêbaran saking Jêpan. Wontên wartos bilih ing Sumatra Pasisir Wetan ing wêkdal punika wontên sêrat sêbaran saking Jêpan ingkang kadamêl wontên ing Kobe. Ing sêrat sêbaran wau mratelakakên ing bab ancasipun Jêpan anggènipun nêdya nyambutdamêl sêsarêngan kalihan Tiongkok badhe nyirnakakên communist. Pangintuning sêrat sêbaran wau tumuju dhatêng para bangsa Tionghwa, kintên-kintên mêndhêt saking buku telefoon, amargi ingkang sami tampi sêrat wau têtiyang ingkang sami abonnement telefoon. Kajawi ing Sumatra, ing Ngayogya ugi wontên sêrat sêbaran kados makatên.

Congres Persatuan Islam. Persatuan Islam kêlampahan sampun ngawontênakên congrès wontên ing Bogor sêsarêngan kalihan Persatuan Islam Isteri, manggèn wontên ing gêdhong Harsodarsono, tamu ingkang dhatêng kirang langkung 600. Jam 9 enjing parêpatan wiwit kabikak, ingkang mêdharsabda Tuwan Sjafei tuwin sanès-sanèsipun. Ingkang karêmbag ing bab babagan kaislaman sapanunggilanipun. Jam 1 bibaran wilujêng.

Sêsambêtanipun anggêgana saking Bangkok dhatêng Hongkong. Ing bab lampah anggêgana saking Bangkok dhatêng Hongkong sampun katêtêpakên sabên ing dintên Jumuwah tuwin Rêbo jam 5.30 enjing. Motor mabur K.L.M. ingkang bidhal saking Bandhung ing dintên sabtu tuwin Salasa badhe sagêd sambêt wontên ing Bangkok.

Anggambar saking gêgana. Miturut katrangan saking pangagênging babagan gêgana militèr, ing Selebes badhe katindakakên anggambar saking gêgana, kaprênah ing Sunglon Boni ingkang badhe kangge papan paboyongan. Tindak makatên wau badhe wontên kalih panggenan, satunggal ing Nieuw Guinea, badhe kangge pambikakan siti, tuwin tumrap Selebes kangge pêrluning Irrigatie.

Pangangge enggal tumrap Bupati tuwin Patih. Miturut wartos, tumrap para Bupati tuwin Patih, kaparêngakên: kajawi mangangge sarwa cêmêng agêng, kados ingkang sampun, ugi kenging mangange miturut tatanan enggal. Pangangge enggal punika ingkang basanipun Walandi dipun wastani dinner jacket costuum.

Kantor Pensiunfonds pindhah dhatêng Bandhung. Wontên wartos bilih kantor Pensiunfonds ing Bêtawi badhe pindhah dhatêng Bandhung. Sanadyan pindhahipun wau dèrèng tamtu benjing punapa nanging para punggawanipun sampun wiwit tata-tata.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus doctoraal examen perangan kapisan Tuwan Moentalip Soemarsono tuwin R. Abimanjoe.

Arta sèn enggal. Ing wêkdal punika Parentah sawêg nindakakên nglintoni arta sèn lami kalihan sèn enggal. Dumuginipun sapunika arta sèn lami ingkang sumêbar sampun wontên rêrêgèn f 900.000.-, katindakakên ing salêbêtipun sataun. Miturut pêpetangan, arta sèn ingkang lumampah wontên ing tanah ngriki wontên f 6.000.000.-. Ingkang rumiyin arta sèn ingkang mlampah wontên f 9.000.000.-. Tumindaking nglintoni arta sèn wau badhe ngantos 5 taun.

Pakêmpalan Kamanungsan ing Purwakêrta taksih gêsang. Dumuginipun sapunika Pakêmpalan Kamanungsan sampun botên wontên sabawanipun malih, nandhakakên bilih pakêmpalan wau sampun kèndêl. Namung tumrap ing Purwakêrta pakêmpalan wau taksih ngadêg, warganipun kirang langkung taksih wontên 30, sabên wulan kawontênakên pêpanggihan wontên ing salah satunggiling griyanipun warga.

Klèntu anggèning ngombe jampi. Tiyang nama Kemi ing Kampung Muka, Bêtawi, nêdya urus-usur ngombe kastroli, nanging ingkang dipun ombe kalintu lisah encok, wawrat 30 gram. Tiyang wau lajêng sakit kabêkta dhatêng C.B.Z.

[Iklan]

Ngêncêngi pamriksanipun pabrik mêrcon. Ing ngajêng tumrap sawarnining pabrik mêrcon pamriksanipun namung katindakakên sataun sapisan, nanging ing sapunika ing dalêm sataun badhe kapriksa kaping tiga. Tindak punika gêgayutan kalihan kêrêping wontên kasangsaran ing pabrik mêrcon.

Padvinder saking Prancis. Sampun sawatawis dintên punika wontên padvinder saking Prancis kêkalih mandhap ing Tanjung Priuk. Padvinder kêkalih wau nama Guillaume Boelle de Larigaudie tuwin Roger Drapier. Sadumuginipun ing Bêtawi lajêng manggèn wontên hotèl Cramer. Tiyang kêkalih wau bidhalipun saking Prancis numpak auto Ford mêdal Saigon. Dumugining Saigon dipun hurmati dening para padvinder abaris turut margi tuwin pakurmatan sanès-sanèsipun. Lampahipun ing margi ngambah papan ingkang sakeca tuwin pakèwêd. Saking Saigon lajêng dhatêng Bêtawi punika.

Pabrik wos ing Sumpyuh gadhahanipun O.L. Mij. Bumi Putra dipun jori. Adêging pabrik wos gadhahanipun O.L. Mij. Bumi Putra ing Sumpyuh sampun mèh tumindak. Ing sapunika wontên wartos bilih golonganing pabrik bangsa Tionghwa babagan pantun ugi lajêng ngêdêgakên pabrik wontên ing sacêlakipun ngriku, malah tumindaking panumbasipun pantun purun angêjori tinimbang manawi dipun tumbas ing golongan sanès.

Mitulungi golongan angguran. Wontên wartos golonganing sudagar têtiyang siti ing Purwakêrta tumindak ichtiyar badhe mitulungi para neneman wêdalan pamulangan patukangan ingkang dèrèng angsal padamêlan. Tumindaking pitulungan wau sarana badhe ngêdêgakên papan patukangan wontên sauruting margi saking Magêlang dhatêng Ngayogya, pêrlu kangge anyêyadhang padamêlan samangsa wontên auto, sêpedha, sêpedha motor ingkang pêrlu dipun dandosi.

NAGARI WALANDI

Gupêrnur Jendral Australie sampun dumugi nagari Walandi. Paduka Lord Gowrie, Gupêrnur Jendral Australie sampun dumugi ing nagari Walandi, nitih motor mabur Pelikaan. Sadumuginipun nagari Walandi dipun papag ing pangagêng K.L.M. tuwin pangagêng K.N.I.L.M. punapadene consul jendral Inggris. Lord Gowrie apratela dhatêng wêwakil pèrs ing bab karênanipun nalika wontên ing tanah Indhiya, saha rumaos gumun dhatêng tumindaking damêl ing tanah Indhiya. Panjênênganipun kagungan pangajêng-ajêng lulusing gêgayutanipun among dagang Australie kalihan tanah Indhiya kanthi majêng. Salajêngipun Lord Gowrie bidhal dhatêng London wontên ing tanggal 25 April. Dados wiwit saking Australie ngantos dumugining Inggris namung nitih motor mabur.

Layonipun Tuwan V.d. Walter kabêsmi. Kala tanggal kaping 23 wulan April punika, Tuwan V.d Walter, tilas jendral mayor wadya Indhiya, seda. Layonipun lajêng kabêsmi wontên ing tanggal 26 April.

--- 540 ---

Wêwaosan

IV. Lêlampahanipun: Budi Mirowic.

70

Sarêng Sang Putri Sabawa sampun kondur ing kadhaton, Budi Mirowic lajêng enggal-enggal dandos sarwa sae lan sarwa èdi. Dhasar bagus, taksih mudha, kawêwahan abăndha-bandhu, ingkang anjalari Budi Mirowic wau sagêd mangangge-angge sapurunipun. Amila sarêng sampun angrasuk pangangge ingkang sarwa èdi wau, saking bagusipun ngantos prasasat dewa angejawantah. Salajêngipun Budi Mirowic lajêng lumêbêt ing kadhaton prêlu badhe ngadhêp ing ngarsanipun Prabu Wladhimir. Sarêng dumugi ing ngarsa nata, Budi Mirowic nêlungakên badan minăngka pakurmatanipun, saha lajêng umatur makatên:

Dhuh, sang prabu pêpundhèn kawula, nata binathara ingkang angratoni saindênging praja Ruslan ngriki. Mugi kaparênga kawula munjuk ing ngarsa paduka. Nanging sadèrèngipun sang prabu mugi karsaa paring gunging pangaksama, dene kawula kumapurun ngunjukakên panuwunan ing ngarsa paduka.

Ing sêmu sang prabu rêna panggalihipun, lajêng aparing dhawuh pangandika makatên:

Budi Mirowic, aja sira anduwèni wêdi lan rikuh, tumuli matura ing ngarsaningsun apa kang sira sêdya.

Budi Mirowic: dhuh, sang prabu, wontên pawartos sumêbar ngantos dumugi ing sajawining praja Ruslan anyariyosakên, bilih putra paduka kapenakan, sang Dèwi Sabawa, punika sakalangkung endah ing warni. Dene anggèn kawula ngantos kalampahan dumugi ing ngriki punika botên sasès ngêmungakên badhe angyêktosakên lêrês lan botênipun pawartos wau. Kawula samangke sampun nyumêrêpi piyambak mênggah kawontênanipun sang putri wau, dene nyatanipun sulistyaning warni angungkuli kalihan pawartos ingkang sampun sumêbar wau. Samangke sang prabu kados sampun uninga piyambak mênggah sêdya kawula sowan ing ngarsa paduka punika. Ingkang makatên wau panuwun kawula ing ngarsa paduka, mugi kaparênga kawula amomong putra paduka kapenakan, inggih sang Dyah Sabawa punika.

Prabu Wladhimir lajêng animbali sang Dèwi Sabawa saha lajêng kataros punapa sang dèwi sagah kadhaupakên kalihan pun Budi Mirowic.

Mirêng dhawuh pangandikanipun Prabu Wladhimir ingkang makatên wau, ing sêmu sang dèwi sakalangkung lingsêm panggalihipun, nanging rèhning sampun kadhawahan trêsna dhatêng Budi Mirowic, ing wusana sang putri inggih lajêng namung matur sandika anglampahi punapa dhawuhipun sang nata.

Minăngka angurmati dhatêng dhaupipun sang Budi Mirowic kalihan sang Dyah Sabawa wau, ing kadhatonipun Prabu Wladhimir dipun wontênakên pahargyan laminipun pitung dintên pitung dalu. Para tamu sami anjênêngi pahargyan wau wontên ing bangsal agêng ing salêbêting kadhaton. Nanging botên ngêmungakên para pangeran, para mantri bupati, para têtungguling prajurit, tuwin para sudagar sugih-sugih kemawon, dalah para kawula sadaya sami kaparêng andhèrèk angramèkakên dhauping pangantèn. Ing parêdèn tuwin gumuk-gumuk sapinggiring lèpèn Jèpèr atusan para abdi karaton ingkang sami ambagi-bagi têtêdhan tuwin inuman supados angramrèkakên[4] wontêning pahargyan. Ramening kitha Kiyèp salêbêtipun pitung dintên punika tanpa upami. Agêng alit, sêpuh anèm, tuwin sugih miskin, sadaya sami sênêng tuwin abingah-bingah, sarêng dhawah ing pitung dintênipun, kanthi kairit ing para mantri bupati, ingkang sami mangangge agêng-agêngan, Budi Mirowic akanthi Dèwi Sabawa bidhal dhatêng gareja prêlu kaijabakên. Sasampunipun rampung, lajêng kaarak lumêbêt ing kadhaton.

Sasampunipun pangantèn enggal kêkalih wau ngaso wontên ing griyanipun ing sawingkingipun kadhaton sawatawis dangunipun, Budi Mirowic sakalihan lajêng minggah ing kapalipun ingkang salaminipun tansah labuh ing palabuhan ngriku.

Ing wêkdal punika ing baita tumpakanipun Budi Mirowic pinajang-pajang sarwa endah. Dene dumuginipun ing ngriku, pangantèn kapêthukakên dening ibunipun Budi Mirowic ingkang saklangkung gambira manahipun, dene sampun kalampahan tinurutan punapa ingkang dados sêdyaning anakipun wau. Sasampunipun pangantèn kêkalih minggah ing kapal, makatên ugi para pangiringipun ingkang lajêng sami minggah ing baita sanès-sanèsipun, kapal sadaya wau lajêng sami pangkat jangkaripun saha nuju dhatêng papan padununganipun, inggih punika ing: Penesiyah.

Badhe kasambêtan

--- 69 ---

No. 18, 30 April 1938, taun IX

TAMAN BOCAH

Ingkang ngêmbani: BU: MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM REGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN BAYAR DHISIK LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN

KATRÊSNAN MARANG ANAK

[Grafik]

Mungguh ing katêsnan, iku ayake ora ana kang madani katrêsnaning wong tuwa, yaiku bapa-biyung mênyang anake. Malah nganti ana paribasan: ''Sagalak-galakaning macan, ora kolu mangan anake dhewe.''

Karêping paibasan mau kajaba anggambarake katrêsnaning wong tuwa, iya kanggo nêrangake: Wong tuwa iku sanadyan kêrênga pisan, ora bakal tega gawe sangsarane anake. Malah uga ana karêpe: Sanadyan anak iku alaa kaya apa, mungguh ing watêk utawa rêrupan, mungguh ing ati iya isih duwe katrêsnan.

Yèn ngèlingi lêlakon kang kaya gono mau tumraping anak wajib ngrumasani lan kudu ngrêti. Apa kang bakal diwalêsake marang wong tuwane.

Yèn anak ngèlingi bakal pamalêse marang wong tuwa, wah mêsthine iya rêkasa bangêt. Nanging ora mêngkono, tumraping anak, iku lagi ambangun-turut lan wêdi marang wong tuwa bae, gêdhening atine wong tuwa wis sagunung.

Katrangan ing bab trêsnaning wong tuwa mênyang anak, kuwi mêsthine wis padha kosêksani dhewe? Iya, apa ora.

Coba saiki tak caritakake katrêsnane Nata ing Bulgarie, Prabu Boris marang putrane,

--- 70 ---

Putri Marie Louise. Sang nata mau sawijining nata kang sugih padamêlan, sabên dinane tanpa nganggur, ing sasêlaning damêl lagi kagêm ngaso sawatara.

Ing sawijining dina nalika sang prabu lagi sêla ing padamêlan, nguningani ingkang putra lagi sinau. Ing kono sang prabu banjur lênggah nyakêti karo andangu, yèn cara Jawane yake: ''Kowe lagi sinau, Nok.'' Sabanjure sang prabu iya mulang ingkang putra.

Mêsthine tibaning wulang kang kaya mangkono mau mung sarwa gawe sênênge kang mulang utawa kang diwulang. Pasêmone tinêmu ana ing gambar.

Bu Mar

MULABUKANE MANUK ÊMPRIT RUPANE IRÊNG

Dhèk jaman kuna manuk-manuk iku padha kumpulan prêlu arêp gawe ratu, supaya anaa kang mranata marang uripe. Wiwitane kang dipilih manuk mêrak, amarga kajaba gêdhe wujude uga pinunjul ing rupa. Nanging lagi sawatara sasi kêpêksa dilèrèni, awit manuk-manuk padha ora sênêng ngrungokake unine, pangrasane pijêr ngeling-eling karêmane bae, yaiku: ''Pohung-Pohung.''

Salèrène mêrak, digêntèni manuk blêkêtupuk, sabab sanajana ala ing rupa, nanging cucuk lan kukune kukuh, kanggo nanggulangi mungsuh. Ananging durung sapira suwene, manuk-manuk iya ora sênêng, amarga ora pantês ratu pijêr ngeling-eling putune bae mangkene: ''Putuku, putuku, putuku.'' Mulane iya dilèrèni manèh.

Saiki sing arêp dipilih dadi ratu manuk podhang, awit sanadyan cilik, sêmbada ing rupa, lan cukat satandang polahe. Sawise madêg dadi ratu, bangêt agawe cuwaning atine para kawula, amarga ora cundhuk, ana ratu athik sadina-dinane pijêr ngeling-eling utange bae, yaiku: ''Pitung puluh, pitung puluh.'' Mulane iya uga ora dianggêp dening para manuk-manuk kabèh.

Sarèhning wis ora ana kang dipilih manèh, mulane manuk êmprit dikongkon golèk calon ratu mênyang tanah Sabrang, miliha kang dikira ora nguciwani. Manuk êmprit saguh golèk, banjur mabur, kang dadi sêdyaning ati mênyang nêgara Mêsir.

Satêkane ing Mêsir kêtêmu karo manuk sirkêdhasih, banjur dirêmbugi, arêp diajak mênyang tanah Jawa arêp didadèkake ratu, lan bakal dimulyakake uripe. Manuk sirkêdhasih kèlu marang rêmbuge êmprit, banjur milu ngêtutake ing lakune, nganti têkan ing tanah Jawa. Mula nyata sirkêdhasih dimulyakake, tandhane nganti saprene, sanajan sirkêdhasih tuwa, ora tau golèk pangan dhewe, sing nggolèkake manuk liya. Ananging sanajan dikêpenakake, bawane dudu panggonane dhewe mêksa ora krasan, lan pijêr kèlingan nêgarane dhewe.

Cacade dene ora kèlingan dalane, mulane sabên dina tansah undang-undang si êmprit bae, sêbute: priiiit putiiiih, jujugêna mênyang Mêsir rir rir rir rir.

Si êmprit kuwatir kon ngêtêrake bali, enggal nyêmplung ing wêdêlan, pangarahe supaya sirkêdhasih panglinga, awit maune putih ing samêngko dadi irêng.

Mulane nganti saprene manuk êmprit rupane dadi irêng.

Sri Moeliati, M. Hoed, Gadingan Jatibarang.

MÊNARA GÊNI DUDU GAWEANING UWONG

Bocah-bocah, kowe rak wis mangêrti kabèh, yèn ing pasisir ngêndi-êndi dianani mênara gêni. Dene pêrlune kanggo nuduhake dalan marang wong-wong sing padha layaran. Siji-sijine mênara mau mêsthi beda-beda, ora ana sing padha sarta gênine mau ketok lan ora ketoke mêsthi lêt-lêtan: byar-pêt-byar-pêt. Êlête mau wis dipêsthi dhewe-dhewe. Mangkono mau wong-wong tukang prahu banjur bisa wêruh cêtha, mênara gêni êndi sing kaliwatan utawa sing diarêpake.

Saiki ing salah sawijining palabuhan ing Centraal-Amerika ana mênara gêni kang anèh bangêt, nanging dudu gaweaning manungsa. Ing sacêdhake palabuhan mau ana gunung kang sabên 7 mênit ngêtokake gêni, nganti pirang-pirang pal dohe iya isih bisa ketok. Urube gêni mau ajêg kaya dene jam, malah bokmanawa luwih ajêg tinimbang jam, jalaran jam yèn lali ora diputêr, lakune iya banjur ora ajêg. Dene mênara kang anèh iki ora pêrlu diputêr kaya jam lan manèh ora tau ana sing rusak lan ora pêrlu dijaga wong sarta ora pêrlu nganggo listrik.

--- 71 ---

PAPAN KANGGO NYAMBUTDAMÊL SUWARGI R.A. KARTINI

[Grafik]

Dêdongengan ing bab kaanane R.A. Kartini mêsthine tumrape kêponak-kêponakanku kabèh wis padha ngrungu. Saya tumrape bocah-bocah wedok, lagi krungu jênênging sêkolahane bae mêsthi wis padha ngêrti.

Mungguh kawêkêlane suwargi R.A. Kartini marang samubarang gawe uga tansah dadi rêrasan.

Ing gambar iki mujudake papan kanggo nyambutdamêl R.A. Kartini. Ing kono kowe kabèh padha bisa sumurup ing bab apiking panatane, lan ketok anggone nyarambahi marang padamêlan warna-warna.

LÊLUCON

Paramasastra

Guru : ''Rahayuni, têmbung kumawani iku rimbag apa?

Rahayuni : ''Têmbung kumawani punika rimbag bawa kuma.''

Guru : ''Bênêr. Saiki kowe Muryana, têmbung kêponakan, kêpidak, kêpatèn lan kêpulut iku rimbag apa?''

Muryana : ''Têmbung kêponakan punika rimbag bawa kêpo, kêpidak bawa kêpi, kêpatèn bawa kêpa lan kêpulut bawa kêpu.''

Bambang ing Subah.

Arêp ngapusi konangan!

Sunjaya arêp mlincur, tilpun marang gurune, swarane digêdhèk-gêdhèkake, bèn ora kêtara.

S : ''Tuwan, anak kula, mangke botên mlêbêt, sakit bêntèr.''

G : ''Inggih, prayogi ngaturi dhoktêr, anggèn kula wawan rêmbag kalihan sintên?''

Sunjaya swarane kaya adat sabên: ''Kalihan bapak kula, Mêneer!''

Batangane cangkriman dhèk Sêtu buri

I. Ambahrawa

II. Imogiri. Pulo Sêlèbês

Cangkriman anyar

I. Ing sajagad omahe sapa sing apik dhewe, lan godhong apa sing amba dhewe?

II. Ana kewan sanajan mung siji, kabèh uwong padha ngarani akèh. Kewan apa iku?

III. Dicêkêl iya isih mabur, dikêmpit iya mabur, sanadyan didokok ing kopêr pisan iya isih mabur, apa iku?

Bambang ing Subah

--- 72 ---

PÊNGASAH PIKIR

[Grafik]

Katrangan

Mênêngên (Horizontaal)

1. Panakawan Madukara. | 4. Anak Walanda (lanang) | 7. Pamulangan luhur militair ing nagara Walanda. | 8. Blabag tipis (wadhah srutu). | 10. Barang plikêt. | 12. Wadhah wayang lulang. | 14. Kawine banyu. | 15. Gutekan ing jêro omah. | 16. Kapintêran. | 18. Bangsa asu. | 20. Peraganing gunung kang umob. | 21. Barang lancip. | 22. Piranti Sport. | 24. Sêsêbutane kulawarga (famili). | 25. Dèwi ing buku Sultan Akbar. | 26. Pada. | 27. Sasi Jawa.

Mudhun (Verticaal)

1. Têmbunge krama têmbang. | 2. Barang pêlikan. | 3. Wong kang duwe kuwasa gêdhe. | 4. Omong klokar-klokor. | 5. Bêngawan ing Afrika. | 6. Jênênge bocah lanang. | 9. Têmbung Arab. | 11. Kutha cilik bawah Ngayogyakarta. | 12. Wadhah wayang lulang. | 13. Kramane loro. | 16. Piranti sêkolahan. | 17. Pirantine tukang kayu. | 18. Lêlara kulit. | 19. Piranti kanggo gawe pancing. | 23. Barang plikêt. | 24. Basa Walandane lambe.

Mochamad Madijana ing Têmanggung

MANGSULI LAYANG

Mien Satrijani, Blitar. Trij, yèn ngirimi lêlagon ya luwih bêcik nganggo noot lan yèn kowe arêp tuku buku apa-apa nyang Bale Pustaka, mung kari ngirimi dhuwit sarêgane buku sing arêp kokjaluk, dene sing mragadi pangirime iya Bale Pustaka dhewe.

Soerjati, Klampok. Wah bungah aku, mundhak kêponakan saka Klampok. Ti, yèn kowe arêp tuku buku Babad Arumbinang, dhuwite kudu kokirimake dhisik, arêp tuku mung siji iya kêna bae.

Sri Dadijah kuwi putraning Wêdana ing Bawang, dadi adrèse ya gampang. Yèn kowe kêpengin anêpungake, ya ngirimana layang bae nyang Sri, dhèwèke mêsthine banjur bungah bangêt.

Soetono, Surabaya. Wah No, apik bangêt kirimanmu prentbriefkaart, gambare: Kali Mas. Kêtrima bangêt.

Moedjana p/a Sastradiwirja Sêjatipasar, Jogja. Kowe susah-susah bangêt, nênuwuna bae, muga-muga êmbokmu enggal pinaringan waras lan enggal bisa mulih. Bu Mar uga milu mêmuji enggala bisa waras lan adhimu sing nêmbe lair pinaringana sêgêr kuwarasan.

Titi Soepratignjo, Kêdhungutêr, Banyumas. Aku wis tampa kirimanmu prentbriefkaart kanthi bungah lan panarimaku.

Soekartijah, Malang. Yèn kowe arêp ngirimi layang nyang Uncle Sum Singapur ora kêna nganggo postblad. Bab adrèse Hoentari Bu Mar rada lali, awit dhèwèke wis lawas ora ngirim-ngirimi layang nyang Bu Mar.

Hoentari, Palembang. Dhèk kowe isih ana ing Lumajang rak wis tau têpung karo Soekartijah ta? Saiki Soekartijah kêpengin layang-layangan karo kowe, coba kowe ngirimana layang sarta adrèsmu kang cêtha marang Soekartijah, mêngko rak enggal tampa wangsulan.

Lala, Bululawang, Malang. Wah, dadi kowe saiki ngêcakake pagawean buri, ya malah bêcik. Pitakonmu bab rêcêpt panggawene ''pêlok'', iku bokmanawa, yèn ora kliru mangkene: Glêpung 1 kati, êndhog pitik papat, gula sacukupe, susu utawa santên uga sacukupe. Kabèh mau kacarub dadi siji kagêblèg-gêblèg, banjur diletre, digawe wangun pêlok, banjur digorèng. Jladrènane akas, lêmêse kaya dene jladrèn kanggo pastèl.

Trima, Gêdangan, Modjowarno. O, bungahku uga tanpa upama, barêng maca layangmu, nyritakake yèn raportmu apik bijine 6, 7, 8, 9 ora ana limane siji-sijia. Muga-muga mêngkonoa sabanjure.

Soendam, Kêpanjèn (Malang). Karanganmu wis kêtampan. Yèn ana papan bokmanawa iya kapacak.

Siti Rochamah, Bobotsari, Purbolingga. Ach, mêsthi ora Bu Mar lali nèk duwe kêponakan ana ing Bobotsari. Mung sarèhne Bu Mar ora duwe potrètmu mula iya ora bisa ngentha-entha kaya apa ta rupane lan ora bisa ngira-ira, sêsêking klambimu. Yèn awakmu sêgêr, ya ana mèmpêre, jalaran ing Bobotsari hawane kêpenak. Pancène mono bae Bu Mar kêpengin nyang Bobotsari, ngrasakake kêpenaking hawane, awit saiki ing Bêtawi panas, wah ora karuan kae.

Doekarsi, Rêmbang. Aja pisan-pisan dadi atimu, karanganmu ora bisa kapacak, awit saiki dakowahi ora macak karangan sing dawa-dawa. Dadi yèn dhangan atimu lan kowe kobêr, yèn arêp ngirimi karangan sing cêndhak bae, sing kira-kira bisa kapacak sapisan, dadi ora kêdawan, awit yèn tansah ana candhake mundhak padha bosên. Dongèng-dongèng sing cêndhak, sing migunani utawa sing lucu, nanging sing mbocahi.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

 


wiwit ngancik. (kembali)
panjênênganing. (kembali)
bedaning. (kembali)
angramèkakên. (kembali)