Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 64, Rê Pa, 13 Jumadilakir Jimawal 1869, 10 Agustus 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f. 1.50,- Bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Lèpên Tamiyang ing Kuwalasimpang - Marsudi Gêndhing Jawi - Sanabudaya - Wiraosan Sêrat - Kawontênan Sajawining Praja - Angsal-angsal saking Kêkesahan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

--- 990 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 62.

Ing sarèhipun badhe gantos gêndhing ingkang pathêt sanga, sadèrèngipun ngungêlakên gêndhing pathêt sanga. Kêdah damêl lagon suluk pathêt sanga. Dene lagunipun suluk kados ing ngandhap punika.

Suluk lagon pathêt sanga.

[Notasi]

Gd. Sri Karongron lr. sl. pt. sanga.

Pola ăngka 1.

Kadamêl irama sêsêg, nama Sri Karongron lămba.

[Notasi]

Pola ăngka 2.

Irama kadamêl sarèh.

[Notasi]

Manawi badhe dipun inggahakên (andhawah) sasampunipun N III lajêng nuthuk.

[Notasi]

Gd. Sri Karongron ingkang sampun minggah (andhawah).

[Notasi]

--- 991 ---

[Notasi]

Gd. Srikêrtarta: lr. sl. pt. sanga.

Irama kadamêl sêsêg, nama Srikêrtarta: lămba.

Pola ăngka 1.

[Notasi]

Badhe kasambêtan.

R.Ng. Pringgaardana.

Bab Buku.

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni buku gêgaran emah-emah, karanganipun Joko Sukardi, guru Part. Elem. Lag. Ond. Instituut ing Surabaya. Nyariyosakên ing bab gêgaran caraning salakirabi. Isi 11 kaca, aksara latin, ukuran cêkapan. Rêgi f 0.15.

Kajawi punika nampèni gambaripun suwargi Dr. Radèn Sutama 2 iji, saking Poestaka Nasional ing Surabaya. Wêdaling gambar wau gayutan kalihan sawaphatipun Dr. Sutama, kathah tiyang ingkang madosi gambaripun. Ing sapunika kalampahan Poestaka Nasional sagêd ngêdalakên gambar wau, kaêcap wontên ing dalancang gilap ukuran 24.5 cm x 32 cm salêmbar rêgi f 0.15.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun.

Buku tuwin gambar punika Bale Pustaka botên sade.

[Iklan]

--- 992 ---

Lar-laran Musium Sanabudaya ing Ngayogyakarta.

[Grafik]

Ing nginggil punika rancangan museum Sanabudaya, mirid wujudipun manawi sampun dados anggènipun dipun êlar. Waragadipun angsal bagian saking arta pon 25 yuta saking nagari Walandi. Baboning museum punika dipun rancang dening Tuwan Ir. Thomas Karsten, nanging pangêlaripun kapasrahakên dhatêng Tuwan Ir. B. de Vistarini.

Wiraosan Sêrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 63.

Tanah Jawa rinumpaka. | Alla Baud; Java en poemes I; | Paris 1935.

Saea kados punapa pêpindhan makatên punika tumrap ingkang katêmbèn mirêng, pêpindhan-pêpindhan ingkang kapigunakakên ing kasusastran Jawi punika kadunungan cacad agêng: anggènipun sampun kasrambah kangge ing sabên sêrat, ngantos ingkang maos sampun apil, ngantos jêlèh, pramila lajêng botên dipun raosakên, kenging kawastanan: sampun dados lêlanyahan ingkang botên angsal aji. Beda kalihan pêpindhan ingkang "anyar katon", punika sanadyan botên èdi pèni mêksa kawigatosakên ing tiyang, upaminipun makatên: "aja anganyur kaya kamitêtêp", "têka kowe anjantrung kaya jaran diprau".

Murih sumêkaring kasusastran Jawi, kados prayogi sangêt amarsudi amigunakakên ingkang sarwa enggal: inggih pêpindhana, inggih wangsalana, inggih patraping wicara pisan bêtah sami dipun enggalakên. Nanging sadaya wau sampun ngantos atilar watak, wirama lan wilêting kabangsan Jawi.

Minăngka icip-icip ing ngandhap punika kula pêthikakên sawatawis pêpindhan-pêpindhan ingkang dipun pigunakakên sang pujanggèstri:

Siti lêmpung abrit punika panyawangipun sang pujăngga kadosdene balebekan soklat ingkang sakalangkung agêng (d'immenses plagues de chocolat).

Sitining tanah Jawi punika winastan: lumêr, angêt, angrêjêkèni kados ababing biyung ingkang

--- 993 ---

angliling anakipun (douce, chaude, nourriciere come le souffle de la mere penchee sur son petit).

Sarta loh jinawi kados locitaning para wicaksana (feconde comme les pensees des sages).

Rumpakaning sêkar anggrèk kados ing ngandhap punika:

Kang putih lir saljuning gunung Phuji (Phujiyama ing tanah Jêpan).

Kang lungid lir brăngta têmbean.

Kang mêrit lir madyane eyang-eyang (kaya bangkekane êmbah wadon, kang anawon kêmit).

Kang ngamandaka lir liringing kênya modern (pervers = awon, lekoh, lèmèr, ngamandaka).

Kang ambingungake lir gaibing apsari.

Kang anggêgănda lir remane sang asung brăngta.

Kang tanpa gagănda lir pawitraning tapini.

Kang sampurna (ideal) lir locitaning wong jatmika.

Kang kèmpi-kèmpi lir taun 1830.

Kang rosa lir kapengining wanita marang putra.

Kang ngêbrèh lir jaman kang têka.

Kang tan kinăntha-kăntha lir ala lan bêcik.

Kang tan kinira-kira lir pangaku.

Pêpindhan-pêpindhan ing nginggil punika ambokmanawi kita tiyang wetanan botên angajêngi, nanging têmtu kita wigatosakên saking dene katêmbèn mirêng. Badhe kasambêtan.

Kandhiyur.

Pawartos saking redhaksi.

Tuwan I. ing Bl. Kintunan gambar punika sampun kasèp, botên kapacak.

R.Ng. Dj. H. ing B. Karangan bab punika sampun rambah-rambah kapacak ing Kajawèn.

Tuwan Dj. ing P. Kintunan suluk pangantèn sampun katampèn. Eman botên sagêd kapacak, amargi kirang mathuk kangge waosan umum.

--- 994 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan Sajawining Praja.

Sang Mussolini pasulayan rêmbag kalihan Paus.

[Grafik]

Paus Pius XI.

[Grafik]

Benito Mussolini.

Ing ngajêng sampun nate kawartosakên, ing Itali wontên golonganing propesor ingkang ngrêmbag bab kabangsan, saha lajêng nêtêpakên bilih têtiyang Itali punika darah Aria, dene Yahudi băngsa sanès. Ing ngriku lajêng kawontênakên pranatan, băngsa Itali botên kenging jêjodhoan kalihan tiyang ingkang sanès băngsa Eropah.

Tindak makatên punika adamêl botên sakecaning manahipun golongan Yahudi, lajêng kèngêtan dhatêng tindakipun Jêrman. Malah ing salajêngipun wontên wartos, ing sapunika parentah Jêrman ngawisi dhoktêr băngsa Yahudi anjampèni tiyang, tumapakipun wiwit tanggal 1 Oktobêr ngajêng punika. Ingkang makatên punika adamêl kasusahanipun dhoktêr băngsa Yahudi, rumaos manawi kapêpêt panggêsanganipun. Măngka tumraping Jêrman, sampun wontên dhawuh angawisi băngsa Yahudi cêpêng damêl ing golongan punapa kemawon. Malah dumugining among dagang inggih kêdah namung gêgayutan kalihan bangsanipun piyambak, mila sabên tokonipun băngsa Yahudi kêdah dipun wontêni tăndha ingkang cêtha.

Dèrèng dangu wontên dhawuh saking Goering, supados tiyang Yahudi suka katrangan cacahing bandhanipun, mênggah wigatosipun, băndha wau badhe dipun siwêr ing parentah Jêrman. Wosipun sadaya wau namung damêl botên sakecaning manahipun băngsa Yahudi. Tindakipun Itali anggèning ngêncêngakên adêging kabangsan, botên sanès, supados kabangsan wau sampun ngantos kêmomoran.

Kajawi punika tumrapipun Itali anggèning gadhah tindak makatên wau, saking sumêrêp băngsa Yahudi ingkang ngêmori damêl golongan Pasis, sampun sami pangkat agêng. Ing sapunika dipun têtêpakên sadaya wau kêdah sèlèh padamêlan.

--- 995 ---

Nanging ugi wontên wartos, bilih ing sapunika Sang Mussolini mêndhêt manahipun golongan Islam, punika sagêd katitik saking kawontênan ing Palèstinah, Itali katingal sangêt anggèning migatosakên dhatêng babagan ngriku. Ingkang makatên wau lajêng nuwuhakên panggrayangipun Jêrman, tamtunipun kawontênan ing Itali ingkang pinanggih ing wêkdal punika, lajêng badhe ngewahakên tindakipun, lajêng migatosakên dhatêng babagan Palèstinah. Kajawi punika tumrap pamawasipun sèkrêtaris Pasis dhatêng tandangipun băngsa Yahudi, punika dipun wigatosakên sangêt, mila Itali lajêng ngawontênakên tindak kêrêng ingkang ngèngingi dhatêng golongan Yahudi. Dene sababipun, botên sanès jalaran saking golongan Yahudi sadonya punika sêdyanipun namung ngalang-alangi tandangipun Pasis, saha limrahipun, golongan Yahudi ing pundi-pundi kemawon, sami dados pangajênging golongan ingkang nyêmpaluki ebah-ebahan Pasis.

Wontên malih pangintên, bilih anggèning Itali nyatru dhatêng golongan Yahudi punika namung saking anggèning nyantosani tindakipun Jêrman. Nanging sawarnining pangintên wau tumrapipun Sang Mussolini botên dipun raosakên, dene ingkang tumanêm yêktos dhatêng raosipun Sang Mussolini punika wiraosanipun Paus Pius XI.

Ing sakawit sampun kawartosakên, bilih Paus tamtu botên rêna dhatêng tindakipun Sang Mussolini anggèning ambedak-bedakakên băngsa wau, awit manawi dhêdhasar agami Katolik, sawarnining băngsa punika sami kêdunungan awon tuwin sae. Paus ugi sampun nate mêdhar sabda kaping kalih, ingkang araos nyaruwe dhatêng panganggêp lêrês ingkang dipun kajêngakên dening Sang Mussolini. Tumrap Sang Mussolini piyambak rumaos botên rêna anggèning dipun wastani niru tindakipun Jêrman, awit dhêdhasaripun Itali nêdya majêng adhêdhasar tunggil darah. Ing bab punika lajêng nuwuhakên pasulayaning rêmbagipun Sang Mussolini kalihan Paus.

[Iklan]

Kala ing wulan Marêt Paus sampun nêtêpakên, bilih Pasis punika botên sae manawi lajêng tumut-tumut adhêdhasar nunggil darah. Paus anggèning gadhah pamanggih makatên wau lajêng dipun kintên nyulayani dhatêng tindakipun Pasis. Nanging ing ngriku inggih lajêng wontên raos ingkang amastani Pasis punika golonganipun tiyang muntaban, botên kenging dipun palangi. Ingkang dados pamanahan wigatos, punika ing bab anggèning Sang

--- 996 ---

Mussolini ingkang manggèn ing nagari Katolik, têka purun pasulayan kalihan pramukanipun.

Bulgari tuwin paguyuban Balkan.

Kawontênanipun Sang Mussolini nama namung tansah kataman, ing sapunika Bulgari pinanggih paguyuban kalihan Balkan, inggih punika paguyubanipun Rumêniyê, Yugoslapiyê, Yunani tuwin Turki. Măngka panganggêpipun Jêrman tuwin Itali, Balkan punika lajêng badhe dipun rêncak-rêncak, jêbul nyatanipun malah sampun ngawontênakên paguyuban, malah Bulgari tumut ngêmori.

[Grafik]

Laladan parêdèn Cangkupèng.

Miturut prajanjian sabibaring pêrang donya, Bulgari botên kawênangakên anggadhahi wadya dharatan tuwin lautan ingkang kiyat saha jangkêp. Tamtu kemawon tindakipun Bulgari ingkang kados makatên wau adamêl botên rênanipun Jêrman tuwin Itali. Măngka paguyuban punika kêmoran Turki ingkang dados kancuhipun Inggris, ingkang sampun cêtha sawêg dados ucap-ucapan.

Nyarêngi lêlampahanipun, ing wêkdal punika Prancis badhe nyambuti arta dhatêng Bulgari, măngka bab arta punika Sang Hitler tuwin Mussolini botên sagêd nyukani. Lêrês Jêrman tuwin Itali punika kathah anggèning tumbas barang dhatêng Bulgari tuwin nagari ing Balkan sanèsipun, nanging namung lêlintonan sami barang. Dados saupami Bulgari sagêd nyade barang-barangipun dhatêng Prancis tuwin Inggris awujud arta, ing ngriku tanah Balkan botên kasingsêtan dening Jêrman tuwin Itali.

Ing mangke gêntos Honggari ugi ngucik dhatêng Itali ing bab anggèning dèrèng mardika kados Bulgari. Pangucikipun Honggari ingkang kados makatên wau pancèn pinanggih mapan. Saya malih manawi nyumêrêpi dhatêng tindaking praja sanès, Inggris tuwin Prancis anggèning ngêmori damêl dhatêng Bulgari, punika saya damêl botên narimahipun Honggari.

Rêdi Cangkupèng.

Wadya Rus tuwin Jêpan sami campuh jalaran saking anggèning rêbatan rêdi Cangkupèng. Dêdamêlipun ingkang paprangan sarwa mêpêki, golongan kalih pisan sami nandhang karisakan. Nanging lajêng wontên wartos, bilih Jêpan langkung bingah manawi rukun kemawon. Tindakipun Jêpan sagêdhagan punika katingal rêkaos anggèning mangro damêl. Mila ing pangangkah sagêda namung mêlêng satunggal kemawon, panêmpuhing wadya manawi sampun dumugi Hanko, botên badhe mangalèr, amargi ing sisih lèr punika botên kenging dipun gêgampil.

--- [997] ---

[Iklan]

--- 998 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Angsal-angsal saking Kêkesahan.

V.

Petruk : Esuke, Kang Garèng, dina Minggu, sauwise padha sarapan nganti mlênthi, ndara dhoktêr sakalihan ngajaki aku, Makne Kamprèt, apadene Bu Mar, mubêng-mubêng ana ing kutha Kudus. Nèk wong Batawi ngarani Kudus kuwi mêsthine:... desa gêdhe.

Garèng : Banjur wong Batawi, wong iya manggon ana ing kutha gêdhe, nèk têka ing kutha cilik, lumrahe sok pêtentengan lan pêtontongan, awit rumasane: omahku ana ing kutha gêdhêm, apa-apa mêsthi: ènèng, arêp apa-apa iya: tèyèng, banjur panganggêpe nyang wong ing kutha cilik mau, sajak ngrèmèhake, jarene: yak, kapak-kapakna hla wong desa, ora ana barang-biring kajaba kodhok ngorèk utawa jênggèrètnong, mulane wong-wonge, kawruhe, sêsurupane, adat tatacarane lan sapadhane, umume iya kurang bangêt. Hla wong iya wong desa.

Petruk : Bênêr, Kang Garèng, mula iya nyata wong manggon ana ing kutha gêdhe kuwi, akèh sing sok duwe panêmu sing kaya ngono kuwi. Umume ora padha ngrumasani, yèn wong-wong kang manggon ana ing kutha gêdhe, kuwi lumrahe mula iya brêgas-brêgas, iya sabab saka kumpulane karo sawarnaning băngsa, utawa sabab ing kutha gêdhe, apa-apa ènèng, arêp apa-apa tèyèng, kuwi mau. Nanging brêgas-brêgase mau, iya brêgasing... batur. Têgêse: ing kutha Bêtawi pancèn iya akèh wong-wong bangsane dhewe sing brêgas-brêgas lan anylêkênthang-nylêkênthang, jalaran pamêtune sêsasine luwih saka satus rupiyah, malah ana bae sing luwih saka sèwu rupiyah barang, mung bae iya brêgasing batur, êmbuh batur bêndara tuwan Lănda, êmbuh ndara Tuwan Sian Sing, êmbuh sapa, mulane sing akèh-akèh iya garang-garing, têgêse: habis bulan, habis bulêt. Karêpe: brêgase salagine nămpa blănja bae. Hla wong sabên sasine bisa nêmtokake: mêsthi tămpa samene, mulane iya banjur bisa nêmtokake: bisa ambuwang samene, malah sing akèh anggone migunakake pamêtune nganggo dilanjari barang, wusanane uripe iya têrus-têrusan koprat-kaprèt ajêgan, kang anjalari salawase urip mung dadi kaum: nun inggih sandika, utawa kaum sêmuhun dhawuh bae.

Garèng : Aiya, Truk, wong ing kutha gêdhe kuwi umume ekonomine (panguripane) băngsa inyong wis ana ing tanganing liyan, sabab bangsane dhewe pancèn iya kalah undhig lan kalah julig.

Petruk : Wiyah, ambok aja ngêtokake têmbung... lekoh mêngkono. Sabênêre, Kang Garèng, nalika aku têka ing Kudus mau, ing sakawit aku pancèn iya rada gêmbelengan, [gê...]

--- 999 ---

[...mbelengan,] awit iya ngrumasani saka kutha gêdhe mau, pikiranaku: aku mêsthi katon luwih brêgas, luwih pintêr lan luwih andhèthèng, nanging barêng aku lagi anjajah kutha sêthithik bae, têrus aku banjur ngawêt lan kipit-kipit bae. Awit aku banjur rumasa sanalika, wong clila-clili dikrama, nèk nitik anggonku sakolah nganti têlulasan taun, lo, pancène aku rak iya wis pintêr, ta, nanging nyatane golèk pangan dhewe ora jegos, kang anjalari nganti saprene mung dadi batur bae. Dadi gagahku iki iya mung gagahing batur. Seje karo sawênèhe wong ing Kudus sing kala samono têtêpungan karo aku, bokmanawa wulangan sakolahan ăngka loro bae ora katam, tandhane anggone migunakake basane dhewe bae pating bênthalit ora karuwan, kaya ta ngandhakake awake dhewe: kula dèrèng sagêd tindak mrika, utawa: kêsuwun, panjênêngan sampun krêsa sowan dhatêng griya kula. Nanging nyatane tikêl-matikêl luwih pintêr katimbang aku, Kang Garèng.

Garèng : Nèk bangsane dhewe ora bisa cara Jawa, tumrape jaman saiki wis umum, malah ana sing anduwèni panêmu, saya kacêl utawa saya kekuk cara Jawane, saya brêgas, awit: mlandani, Truk.

[Grafik]

Petruk : Yah, iki ora kêna dipadhakake, Kang Garèng, awit, saka dhuwuring pangajarane kulonan, nganti kèri irunge thok sing Jawa, liyane wis Eropyan kabèh. Iya sing kaya ngono kuwi sing diarani: têlung prapat Lănda lan têlung prapat nyonyah. Saiki takambanjurake caritaku ing bab wong Kudus mau. Nèk pangajarane mono, bokmanawa: papa, rara, bae durung tau ngambah, nanging nyatane ing kono, gênah luwih pintêr katimbang aku. Buktine: bisa urip dhewe, tanpa dadi batur, malah dadi: ndara, tur iya dudu ndara sing mung tembre-tembre, têgêse: ndara sing bisa prentah, nanging ora bisa angganjar, malah dadi ndara sing sapupu têkuk kae.

Garèng : Mêngko sik, Truk, pikiranaku cuthêl angrasakake dongenganamu kuwi. Kowe ngandhakake wong Kudus sing sajak ora sakolah ora barang, dadi iya wong sing ora pangajaran babar pisan, sabanjure kok unèkake: uripe sa: ndara sapupu têkuk. Wèh, kiyi têrange kêpriye, Truk.

Petruk : Lo, kuwi mangkene, Kang Garèng, nèk mungguhing panêmuku, sing diarani: ndara

--- 1000 ---

sapupu têkuk, kuwi ora mung wong sing wajib disêbut: ndara, jalaran asal luhur, lan pangkate dhuwur, nanging uga wong kang bisa prentah lan bisa angganjar, dadi iya wong sing bisa ambanderani, angayomi marang sapadhane umat. Arêpa asal luhur, pangkate mêncit bangêt, nanging sugih utang, banjur sing disobat lan disanak ngêmungake wong sing diutangi bae, nèk mungguh panêmuku iki iya dudu: ndara sapupu têkuk, nanging iya ndara... dêlap.

Garèng : Hus, wong sêmbrana, ngomong kathik samêtu-mêtune mêngkono. Nanging iki rak durung karuwan saka salahe salirane. Hla nèk pamêtune ora cukup, nanging saka dening pangkate diwajibake kudu timindak cara: ndara grès, sing kuwasa bangêt kae, apa wusanane ora kapêksa banjur utang-utang. Aja sok guru-guru maido, Truk, wong omong kuwi kudu dipikir sing dawa dhisik. Ora, Truk, tumrape kowe, sawênèhe uwong ing Kudus, duwe pikiran kang mangkono kuwi mau, mungguh sabab-sababe kêpriye.

Petruk : Dening ndara dhoktêr sakalihan, aku kêtêlu diajak andêlêng kaanane ing pabrik rokok, Kang Garèng, nèk andêlêng kaanane ing pabrik kono, ing ngarêp ana kantore, kuwi ethok-ethoke papane: ndara priyayi-priyayine, kaya ta: administratur, buk odhêr, kasir, klèrêk, lan sapadhane. Wah, kantore mau iya katon: nècis, têmata, lan sêmruwêng têmênan. Ing buri pirang-pirang los papane kaum buruh, yaiku wong-wong kang padha gawe rokok, iya wong wadon, iya wong lanang. Ing kala samono sing padha nyambut gawe ora pati akèh kaya sing uwis-uwis, nanging iya mêksa ora kurang saka wong sèwu, nanging kabèh mau sarana: rajin, nècis, lan aturan. Nèk sing ora ngrêti, iya mêsthi ngarani pabrik Amerikah, nanging sing anduwèni pabrik mau nyatane: Mastêr:... Nitisêmita.

Garèng : Wong sêmbrana, takarani sing duwe pabrik kuwi mau, iya wong Amerikan têmênan, wong iya nganggo diatêr-atêri têmbung: mastêr, iki rak sêbutan Inggris utawa Amerikah, jêbul ing burine mak pêthungul jênêngan: Nitisêmita, dadi jênêngan Jawa dêlês. Wèh, iki anggêdhèkake atiku pirang-pirang prakara Truk, 1e dene sing duwe pabrik mau isih ngantêpi jênêngane Jawa dêlês, wong lumrahe, Truk, wong Jawa kuwi nèk duwe ada-ada, jarene: murih dianggêp dening sêgalah bangsa, sok isin nganggo jênêngane dhewe, kang sabanjure jênêngane mau dimancakake, kaya ta upamane jênêng: M. Martadikrama, kuwi ditulis nganggo aksara latin mangkene: M. Marteau de Kromme, malah, jênêng: Wagiman (Wagiman), i-ne dipènsiun, dadi mung ditulis: Wagman, hla sipate Jawa banjur ilang, pênthêlus dadi: Lănda. Nanging ing kono têka isih nêtêpi jênênge Jawa dêlês, kayadene duwe panêmu: dudu jênêng sing mêntèrèng, sing cakrak, sing bakal ngajokake daganganaku, nanging pêngpêngane barang daganganaku. Mulane, Truk, atiku mantêp bangêt.

--- 1001 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Ama gajah. Wontên wartos, para tiyang ing kampung Tangkaban Durian, Pangkalan Brandan, pakêbonanipun tansah dipun ganggu damêl ing gajah, kintên-kintên wontên 15. Panêmpuhing gajah wau wanci dalu, nêlas-nêlasakên tanêman. Têtiyang ingriku lajêng sami rekadaya badhe ngesahakên ama gajah wau.

Audentie. Benjing tanggal 13 Sèptèmbêr ngajêng punika wanci jam 9 enjing, kangjêng tuwan ingkang wicaksana kaparêng anampèni têtiyang ingkang badhe sowan, wontên ing pura Koningsplein. Sintên ingkang gadhah sêdya badhe sowan, gadhaha atur dhatêng adjudant van dienst ing Bogor ing sadèrèngipun tanggal 6 Sèptèmbêr, kanthi katrangan, nama, panggenan tuwin sêdyanipun.

Bond Indisch[1] Geneeskundige. Ing Purwokêrto mêntas wontên parêpataning para dhoktêr ngêdêgakên pang Bond Indische Geneeskundige ing Purwokêrto. Ing salêbêtipun parêpatan wau warganipun sampun wontên 20. Ingkang dados warga pangrèh Dr. Buntaran, pangarsa, Dr. Suharjo, panitra, Dr. Sumarjo, artaka.

Comite Kesadaran Bangsa Dayak. Raad Kawula tampi usul saking comite Kesadaran Bangsa Batak, ing bab adêging Groote Dayak-Raad, tuwin bab wêwakiling bangsa Dayak ing Raad Kawula.

Pirantos ngasrêpakên kamar. Ir. P. Tarenskee ing Sêmarang, manggihakên kawruh sagêd adamêl pirantos ngasrêpakên kamar ingkang prasaja sangêt, waragadipun mirah. Ingkang kawigatosakên sarana migunakakên ès, kanthi pirantos panyêrot hawa. Ingkang adamêl pirantos wau pabrik ès Smeru, waragading pandamêl kirang-langkung f 30.-, cêkap ngangge ès 100 pun sadintên, ingkang ugi kenging dipun pigunakakên kangge ngasrêpakên barang sanès. Rêgining ès 100 pun wau, pabrik ès Smeru namung badhe nyade 30 sèn.

Ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, R.M. Cokrodiprojo, wêdana ing Magêlang, Kabupatèn Magêlang, Paresidhenan Kêdu, dados wêdana ing Ungaran, kabupatèn tuwin paresidhenan Sêmarang. R. Jokomono, wêdana ing Ungaran, dados wêdana ing Magêlang. Sutoro Tejokusumo, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Magêlang, dados asistèn wêdana ing Paresidhenan Sêmarang.

Kapal-kapal ingkang dipun sade. Dèrèng dangu nate kawartosakên bab kapal Baud ingkang kandhas, lajêng dipun ênggèni ing tiyang, punika nyatanipun botên, malah kapal wau dipun tumbas dening Ned. Ind. Sloop Mij. Kajawi punika K.P.M. ugi badhe nyade kapal Both ingkang sapunika wontên Palembang. Sami badhe dipun bongkar.

Tumut numpak kapal botên ambayar. Kapal K.P.M. Nieuw Zeeland ingkang dhatêng ing Surabaya saking Makasar, katutan lare 7, ingkang sami tumut numpak kapal botên ambayar. Lare-lare wau anggèning sami nglampahi makatên punika jalaran saking kêtarik ing manah dhatêng ucap-ucapan Surabaya, badhe dhatêng Surabaya botên gadhah arta. Nanging sadumugining Surabaya, lare-lare wau sami dipun pasrahakên dhatêng kantor K.P.M. supados kawangsulakên dhatêng nagarinipun.

Kalawarti Ratu Timur. Kawartosakên, pangêcapan G. Kolff ing Bêtawi badhe gêdalakên[2] kalawarti mawi gambar kadosdene d'Orient. Ingkang dados redacteur ngiras juru gambar, gambar Tuwan Anjar Asmara. Ariwarti wau nama Ratu Timur.

Pêlikan tosan ing Borneo. Papan pamêlikan tosan ing parêdèn Kukusan, Borneo kidul wetan, tosanipun pinanggih langkung sae, tosanipun pinanggih 50%. Namung pangintunipun mêdal Suez badhe sakalangkung awis prabeyanipun. Ing sapunika wontên rekadaya, caraning pangintun badhe kadamêl alit-alit. Sapunika parentah miji Ir. Ubaghs nindakakên damêl babagan punika.

Pamulanga Luhur Pangadilan. Lulus doctoraalexamen perangan kapisan Tuwan-tuwan A.M. Tambunan, Hidayat tuwin Mahmud Rem. Lulus candidaatsexamen kapisan Tuwan-tuwan Th. A. Doormweerd, P. Siregar tuwin M. Polak.

[Iklan]

Nyêpêngi têtiyang communist. Pulisi wados ing Bandung sampun nahan tiyang 30 ingkang sami kadakwa communist. Têtiyang ingkang sami kacêpêng wau wontên satunggal ingkang dados pangajêng, mulangakên pangajaran communist. Pangajêng wau nama Rukmanda, ingkang sampun rambah-rambah gêgayutan prakawis kalihan pulisi tuwin ugi sampun nate kaukum. Pulisi nyamarakên manawi babagan punika tumular dhatêng sanès panggenan. Nanging katingalipun botên.

Nyambuti arta kangge damêl griya. Awit saking dhawuhipun pêpatih dalêm ing Surakarta, sawarnining abdi dalêm Kasunanan kaparêngakên nyambut arta saking arta pènsiunan, ingkang pêrlu kangge damêl utawi andandosi griya, kanthi anakan 1% sawulan.

A.R.D.J.A. Angudi Roekoening Dwidja Joewananing Angga. Wiwit wulan Januari 1937, guru-guru Volksschool lan Vervolgschool ing Ondêr Dhistrik Mêrtayudan, Kabupatèn Magêlang, ngawontênakên pakêmpalan, dipun namakakên A.R.D.J.A. Dene ancasipun. 1. Nyupêkêtakên pasadherekan. 2. Ngrêmbag panggulawênthah lan pamêrdining murid-murid. Pêngajaran Olahraga lan dolanan. 3. Taman kawruh. 4. Kêmatian. Anggènipun panggihan sabên wulan dipun sarêngakên manawi guru-guru Volksschool tampi blanja. Manggènipun gêntos-gêntos, warga dipun wajibakên nyèlèngi sakêdhikipun sêtangsul. Dene pangurusipun. 1. sd.: Marga, Pangarsa. 2. sdr. Bratayudiatma, Muda Pangarsa. 3. sdr. Dwijaharsana, Panitra. 4. sdr. Hadiyuwana, Artaka. 5. sdr. Siswasumarta, Pambantu. Dene pangarsa bab pêngajaran, olah raga lan dolanan sdr. Dwijasumarta. Pangarsa bab Taman Kawruh sdr. Sudarmawasita, mantri guru ing Tanjunganom. Saking K. no. 5211.

Commissie papriksan babagan Bestuursademie.[3] Departement Pangajaran gadhah usul dhatêng parentah, supados ngawontênakên commissie milih calon ingkang sinau wontên ing Bestuursacademie. Cursus punika badhe tumindak wiwit wulan Sèptèmbêr ngajêng punika. Dados ngawontênakên examen dhatêng para calon. Ing sadèrèngipun examen, kawontênakên pilihan rumiyin.

--- 1002 ---

Tamu saking Philippijnen. Ing wêkdal punika ing tanah ngriki wontên tamu saking Philippijnen, nama Dr. Abdillah, pangagênging Pakaryan babagan pêlikan. Wigatosipun badhe mriksa kawontênan lisah pèt.

Mangsulakên kalênggahaning para raja. Ing wêkdal punika parentah sampun maringakên kalênggahaning para raja ingkang ingajêng sampun dipun suwak. Ingajêng sampun maringakên wangsul karajan ing Goa, lajêng ing Bali 8 panggenan. Ing sapunika sawêg manggalih badhe wangsuling karajan ing Tedore, Acèh, nanging tumrap Acèh pinanggih taksih ruwêd.

[Grafik]

Andhèrèk dhatêng nagari Walandi. Ingingil punika gambaripun putri kêkalih, Tengku Kalsum lan Tengku Latifah (gambar têngah) nalika minggah kapal Marnix wontên ing Medan, andhèrèk Sri Sultan Langkat têdhak dhatêng nagari Walandi pêrlu anjênêngi paargyan jumênêngan nata 40 taun.

Pêpêthan bangsal kancana. Benjing tentoonstelling dunya ing Amerika taun 1939 ngajêng punika, karaton Ngayogyakarta badhe ngintunakên pêpêthan bale kancana, jêmbaripun 3x4 m. Pêpêthan wau dumugining cètipun pisan badhe dipun damêl plêk.

Arta darma saking pakaryan post. Hoofd bestuur S.C.V.T. inggih punika pakêmpalan ananggulangi sêsakit t.b.c., sampun tampi arta saking hoofdbureau pakaryan post kathahipun f 468.-. Arta wau asal saking panduman pêpajênganing indhakan rêrêgèn formulier adèn.

Kalangan guru. M. Sukarji, guru pamulangan angka kalih ing Durenan, katêtêpakên dados guru wontên pamulangan angka kalih ing Mucosari. Nonah Supiyah, hulponderwijzeres pamulangan angka kalih ing Karangan, dados guru ing pamulangan angka kalih ing Pinggirsari, sami bawah Tulungagung. M.r. Kartini, wd. kêpala guru, dados guru wontên Meisjesvervolgschool ing Jombang.

Kêtulungan. Tuwan Verheyen ingkang nandhang tatu jalaran kasangsaran motor mabur ing Rijswijk, ing sapunika sampun wontên titikipun mayar, dados kenging dipun wastani sampun luwar saking bêbaya.

Pabrik sêpatu Bata. Botên dangu malih pandamêling pabrik sêpatu Bata ing Kalibata, Mr. Cornelis badhe dipun wiwiti. Pabrik wau agêngipun namung cêkapan, nanging kadamêl wangun ingkang gampil dipun êlar. Prabot-prabotipun badhe ngangge saking tanah ngriki, namung mêsin-mêsinipun saking Eropa.

NAGARI WALANDI.

Paargyan anggênana. Benjing tanggal 6 tuwin 7 Sèptèmbêr ngajêng punika, nyarêngi pèngêtan jumênêngan nata 40 taun, ing nagari Walandi kawontênakên paargyan anggêgana, ingkang dipun adani dening gemeente tuwin K.L.M. kanthi tentoonstelling manggèn ing Schiphol.

Kathah kasangsaran ing toya. Jalaran saking hawanipun langkung bêntèr, kathah tiyang ingkang lêlangèn wontên ing toya pados asrêp. Ingriku anjalari tiwasing kopral tuwin lare 2 umur 15 taun sami tiwas wontên ing lèpèn Waal ing Nymegen.

Kapal kêruk Karimata. Kapal kêruk Karimata pangêrukipun sadhasaring sagantên botên kèndêl. Wontênipun siti ingkang dipun kêdhuk sampun angsal 250.000 m kubuk.[4]

EROPA.

Panjênêngan Sultan Langkat. Kapal Marnix, ingkang dipun titihi Sultan Langkat sakalihan tuwin putrinipun kêkalih, sampun dumugi ing Genua. Kaparêngipun sultan badhe lêlana wontên ing Eropa, dipun wiwiti saking Italie, lajêng dhatêng Zwitserland tuwin Jerman, dumugining tanggal 14 Augustus, dalah pandhèrèk sadaya sasampuna[5] wontên ing 's Gravenhage.

Sultan Bulungan. Panjênêngan Sultan Bulungan ingkang sapunika nuju wontên nagari Walandi, mêntas rawuh mariksani pabrik panggosokan barlian van Asser ing Amsterdam.

Kasangsaran motor mabur. Ing antawising Rijswijk tuwin Delft wontên motor mabur militèr Koolhoven Fk. 51 dhawah, ingkang numpak tiwas tuwin kêtaton.

Sultan Deli. Panjênêngan Sultan ing Deli ingkang wontên nagari Walandi, nimbali dhoktêr ahli babagan mripat, dhoktêr wau lajêng nêtêpakên kêdah dipun bêdhèl.

Margi saking Port Said dhatêng Suez. Suezkanaal maatchappij nguruni arta 300.000 pond Mesir kangge damêl margi militèr enggal saking Port Said dhatêng Suez. Kintên-kintên waragadipun wontên 445.000. pond Mesir.

ASIA.

Sêsambêtanipun ura-uru ing Rangoon. Miturut wartos saking dhistrik sakubêngipun Tharawadi, afdeeling Pegu, laladan Burma, ingriku tansah wontên ura-uru. Ingriku ingkang wajib lajêng matah wadya kangge anjagi saha nyantosakên[6] wadyabala. Dene ingkang dipun samarakên bilih ura-uru ing Rangoon ingkang sampun sirêp, manawi tuwuh wontên ing Tharawadi.

Wadya Jêpan dhatêng Mansyukuo. Ing salêbêting minggu kêpêngkêr, wontên wadya Jêpan cacah 20.000 saking Tiongkok lèr tuwin saking Shansi nglangkungi Tientsin mlampah dhatêng Mansyukuo. Kajawi punika ing tapêl-watês Mansyukuo tansah dipun nganglangi motor mabur.

Kasangsaran ing Jêpan. Miturut wartos ing tanggal 2 Augustus, ing Kyogo tuwin Osaka kêdhatêngan bêna malih, jalaran saking jawah agêng. Griya-griya ingkang karêndhêm toya pintên-pintên dasa èwu. Lampahing sêpur, tram tuwin bus ing nagari kalih wau, sami dipun êndhêg.

--- 1003 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs

6

III

Sarêng juru mainakên kêthèk ing wêkdal punika kapêksa abên-ajêng botên ngêmungakên kalihan Ayak, ugi kalihan lare jalêr ingkang lênggah wontên ing klas losê wau, ing salajêngipun anggèning badhe namakakên cêmêthinipun dhatêng kêthèk bangkokan inggih lajêng gojag-gajêg. Kalêrêsan ing kala punika wontên priyantun agêng inggil sarta gagah prakosa lumêbêt ing klas losê ngriku. Sarêng Jak sumêrêp dhatêng priyantun ingkang rawuh punika, nuntên kalair têmbungipun makatên: bapak.

Nalikanipun kêthèk bangkokan sumêrêp Sang Lodgrèstuk lumêbêt ing losê ngriku, sanalika punika lajêng enggal-enggal amurugi, sarta nyuwara pating cêlonthèt botên kantên-kantênan, kadosdene anglairakên sukaning manahipun ingkang tanpa upami. Saking kagèt lan gumunipun ing ngriku Lodgrèstuk aliyas Tarsan, lajêng grêg kèndêl tanpa ebah-ebah.

Ing wusana Lodgrèstuk kawêdal pangandikanipun makatên: Lo, kok kowe, Akut.

Sumêrêp kawontênan ingkang makatên punika, Jak sakalangkung gumun, sarta lajêng tansah ningali dhatêng kêthèk bangkokan tuwin ingkang rama, wongsal-wangsul. Makatên ugi juru mainakên kêthèk, inggih gumun sangêt, sarta lajêng tumut mirêngakên, awit ing kala punika Lodgrèstuk anglairakên suwara tuwin kêkêcapan ingkang saèmpêr kêthèk, ingkang ugi lajêng dipun jawab cara makatên dening kêthèk bangkokan, ingkang ing kala punika gêgondhelan ing rasukanipun Lodgrèstuk.

Kadadosan ingkang makatên punika, saking sawingkingipun tonel tansah dipun awasakên dening satunggiling tiyang sêpuh, gêgêripun wungkuk, rainipun bocal-bacèl botên kantênan, tanganipun cengkrong lan taksih wontên cacad sanès-sanèsipun malih. Dene tiyang sêpuh punika botên sanès kajawi pun: Polwic, aliyas Misèl, mêngsahipun Tarsan bêbuyutan. Nyumêrêpi kadadosan ing nginggil wau, manahipun Polwic inggih bingah, nanging inggih kuwatos. Mênggah pangunandikanipun Polwic makatên: E, hla dalah, dadi bocah iki anake Tarsan.

Ing kala punika tanpa kèndêl anggènipun Lodgrèstuk wawan rêmbag kalihan kêthèk bangkokan wau, nanging inggih pating cruwèt kados caraning kêthèk. Mênggah suraosing rêmbagipun wau makatên:

Akut: lawas bangêt anggonku anggolèki nyang kowe. Sarèhning saiki wis tinêmu, aku êmoh pisah manèh karo kowe.

Lodgrèstuk ngêlus-êlus sirahipun kêthèk bangkokan. Sakala punika dumadakan panjênênganipun èngêt dhatêng lêlampahanipun rikala wontên ing wana gung ing tanah Aprikah sêsarêngan kalihan kêthèk bangkokan kasêbut nginggil. Ing ngriku Sang Lodgrèstuk inggih lajêng kêtuwuhan panggalih, kêpengin wangsul dhatêng wana malih, sanadyana namung sakêdhap, prêlu kapengin angraosakên gêsang ing wana malih kados ing ngajêng. Iba sênêng lan rêna panggalihipun saupami ing samangke lajêng sagêd wangsul dhatêng wana ing Aprikah sêsarêngan kalihan Akut, inggih namanipun kêthèk bangkokan wau, ingkang tansah ngatingalakên mênggah ing kasêtyanipun. Nanging sakala punika dumadakan lajêng emut dhatêng garwanipun, ingkang tamtu badhe sangêt sungkawanipun manawi ngantos katilar. Kanthi karaos ngêrês ing panggalih, Lodgrèstuk lajêng angandika makatên:

Panjalukmu kang kaya mangkono iku mau, Akut, ora bakal bisa kalakon. Dene yèn kowe kapengin mulih nyang padununganamu manèh, aku sing bakal anglatarake bisane tumuli kalakon. Yèn kowe arêp têrus ana ing kene, ora-orane kowe bakal bêtah. Mangkono uga aku, ana ing kana, iya bakal ora krasan.

Ing kala punika juru mainakên kêthèk anyakêti. Dene kêthèk bangkokan lajêng anggêrêng sarwi ngatingalakên siyungipun.

Tarsan aliyas Lodgrèstuk, lajêng dhawuh pangandika makatên: Akut, luwih bêcik kowe milua wong kuwi. Sesuk aku tak tilik mênyang pondhokanamu.

Kanthi alon-alonan kêthèk bangkokan lajêng murugi juru pamainipun. Dene Lodgrèstuk, sasampunipun mundhut priksa dhatêng juru mainakên kêthèk mênggah ing pondhokanipun Akut, lajêng nyandhak tanganing putranipun, sarta kaajak mêdal saking ing gêdhong sirkus ngriku.

Ngantos sawatawis mênit dangunipun, Lodgrèstuk tuwin putranipun namung kèndêl-kèndêlan kemawon. Danguning-dangu Jak lajêng matur dhatêng ingkang rama makatên:

Kêthèk bangkokan iki mau, rupane têpung bangêt karo bapak. Dhèk mau ngandikane bapak karo kêthèk bangkokan, nganggo basane kêthèk. Kapriye, têka bapak sagêd têpung karo kêthèk, lan sagêd migunakake basaning kêthèk.

--- 1004 ---

Ing ngriku Lodgrèstuk, sawêg sapisan punika karsa angandikakakên lêlampahanipun kanthi cêkak dhatêng ingkang putra. Inggih punika: kala miyosipun wontên ing têngahing wana gung, ingkang lajêng dipun upakara dening: Kala, satunggiling kêthèk bangkokan èstri ngantos dumugi agêng. Salajêngipun, Lodgrèstuk nuntên angandikakakên bêbaya lan sangsaranipun gêsang wontên ing wana sêsarêngan kalihan sato galak, makatên ugi ngandikakakên: rêkaosipun ing măngsa katiga, utawi măngsa rêndhêng manawi kathah jawah. Gêsang wontên ing wana punika, kêdah botên kenging ajrih dhatêng asrêp utawi luwe, lan kêdah tansah angèngêti, bilih sadaya sato galak punika mêngsahipun. Cêkakipun, Lodgrèstuk ngandikakakên sadaya kawontênanipun ing wana, ingkang anggêgirisi lan anggêgilani, murih putranipun sampun ngantos anggadhahi kêpengin badhe gêsang wanan. Nanging salêbêtipun ngandika makatên wau, Lodgrèstuk supe, bilih ingkang dipun ngandikani wau putranipun piyambak alias anakipun: Tarsan wanara seta ingkang ugi kadhasaran manah kados ramanipun wau.

Sarêng Jak sampun mapan tilêm, Lodgrèstuk ngandikakakên dhatêng ingkang garwa punapa ingkang sampun kalampahan ing dalu punika, makatên ugi panjênênganipun angandikakên, bilih sampun andhawuhakên dhatêng ingkang putra mênggahing lêlampahanipun kala timur. Lèdhi Grèstuk sampun kagungan pangintên, bilih danguning-dangu Jak tamtu badhe mirêng kadospundi lêlampahanipun ingkang rama wontên ing wana gung ing Aprikah, anggènipun botên beda kadosdene sato wana. Amila sarêng mirêng dhawuhipun ingkang rama makatên wau, Lèdhi Grèstuk inggih lajêng ngêmungakên gèdhèg-gèdhèg kemawon, lan pangajabipun, mugi-mugi watakipun ingkang rama, ingkang dumuginipun samangke dèrèng lêrês anggèning tansah kêpengin wangsul dhatêng wana malih, sampun lajêng nular dhatêng ingkang putra.

Enjingipun Lodgrèstuk anuwèni pondhokanipun Akut, inggih kêthèk bangkokan kasêbut nginggil. Sanadyan adrêng panuwunipun ingkang putra supados kaparênga andhèrèk, nanging ingkang rama botên anglilani. Wontên ing pondhokanipun kêthèk bangkokan ngriku, Lodgrèstuk alias Tarsan, pinanggih kalihan tiyang ingkang ngakên anggadhahi Ayak wau, inggih punika tiyang sêpuh, ingkang rainipun bocal-bacèl, gêgêripun wungkuk, tanganipun cengkrong, lan sapanunggilanipun wau. Nanging ing kala punika Lodgrèstuk botên nyana babarpisan, bilih tiyang punika sajatosipun Polwic, mêngsahipun bêbuyutan. Saking sangêt wêlasipun dhatêng Akut, Lodgrèstuk lajêng rêrêmbagan kalihan Polwic nêdya numbas kêthèk bangkokan wau. Nanging Polwic botên sagêd anatêpakên[7] rêginipun, badhe kamanah rumiyin.

Sarêng Lodgrèstuk kondur ing dalêm, adrêng panyuwunipun ingkang putra supados andhawuhakên kawontênanipun kêthèk bangkokan ngantos talêsih. Salajêngipun Jak ngaturi rêmbag, murih ingkang rama krêsa amundhut kêthèk bangkokan wau ingkang lajêng badhe kaingah wontên ing dalêm ngriku. Ingkang ibu botên rujuk babar pisan. Nanging ingkang putra adrêng panyuwunipun. Lodgrèstuk lajêng anêrangakên, nêdya badhe mundhut kêthèk bangkokan wau, nanging prêlu badhe kawangsulakên dhatêng wana ing Aprikah malih. Ingkang makatên punika ingkang ibu sakalangkung anyondhongi. Jak nyuwun palilah dhatêng ingkang rama tuwin ingkang ibu, kaparênga anuwèni pun Akut. Nanging panuwunipun wau botên dipun lilani malih. Nanging Jak sumêrêp ing pundi pondhokanipun kêthèk bangkokan wau, amila kêncêng sêdyanipun, manawi wontên wêkdalipun ingkang kalêrêsan, nêdya anuwèni Akut. Ing kala punika Harolmur sampun kèndêl anggènipun dados gurunipun Jak, sarta sampun dipun santuni ing tiyang sanès. Ing satunggiling dintên Jak sagêd anglimpèkakên gurunipun, sarta lajêng kèsah ngupadosi pondhokanipun kêthèk bangkokan. Lampahipun mêdal ing panggenan-panggenan ingkang dèrèng nate dipun ambah, nanging danguning-dangu mêksa sagêd kapanggih, inggih punika wontên ing griya alit rêgêd sangêt, papan padununganipun tiyang sêpuh ingkang rainipun bocal-bacèl kasêbut nginggil. Sarêng tiyang sêpuh, inggih pun Polwic, sumêrêp sintên ingkang dhatêng wau, korining griya lajêng kabikak, lan Jak lajêng kalêbêtakên ing kamar alit papan patilêmanipun piyambak tuwin kêthèk bangkokan wau. Ing kala rumiyin Polwic punika satunggiling tiyang ingkang rêsikan sangêt, nanging sarêng kêmpal kalihan tiyang wanan laminipun sadasa taun, rêsikanipun wau lajêng ical babarpisan, tanganipun ing sêmu botên nate kambêtan toya, amila rêgêd sangêt, rambutipun botên nate dipun jungkati, ngantos gimbal. Dene kamaripun ngantos botên kenging kacariyosakên jalaran saking rêgêdipun. Kala Jak wau lumêbêt ing kamar ngriku, piyambakipun sumêrêp kêthèk bangkokan sawêg linggih ing papan patilêman, kinêmulan ing kêmul ingkang sampun tembel-tembelan, ingkang rêgêd sangêt sarta anggănda lêtêng. Sarêng kêthèk bangkokan sumêrêp dhatêng Jak, enggal-enggal lajêng mêncolot saking papan patilêman wau, sarta lajêng amurugi. Polwic ing sêmu pangling dhatêng Jak, saha kuwatos, bilih kêthèk bangkokan nêdya adamêl sikara dhatêng lare wau, amila lajêng enggal-enggal anêngahi saha suka prentah dhatêng kêthèk bangkokan supados wangsul ing papan patilêmanipun malih.

Nanging Jak ujug-ujug wicantên makatên: Kêthèk punika botên-botênipun badhe mênapak-mênapakakên dhatêng kula. Kula kêkalih sampun dados mitra. Malah ing kala rumiyin piyambakinipun[8] dados mitranipun bapak, anggènipun sami têtêpangan wontên ing wana gung ing Aprikah. Bapak kula punika: Lodgrèstuk. Panjênênganipun botên uninga, bilih kula ing samangke wontên ngriki. Ibu botên marêngakên. Nanging kula kapengin sangêt pinanggih kalihan Ayak. Manawi sampeyan suka kula asring mriki, mangke kula purun ambayar dhatêng sampeyan. Badhe kasambêtan.

--- [1005] ---

 


Indische. (kembali)
ngêdalakên. (kembali)
Bestuursacademie. (kembali)
kubik. (kembali)
sampuna. (kembali)
nyantosakakên. (kembali)
anêtêpakên. (kembali)
piyambakipun. (kembali)