Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 28, Rê Le, 5 Sapar Jimawal 1869, 6 April 1938 Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pordhêkok - Kondur Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana - Murya Laras (Kongsèr) -Tandhak Lêsung - Kawontênan ing Mêsir - Lotre - Pangothak-athik: Ringgit Wacucal - Ngemba Rekadayanipun Dr. Pasteur - Bab Suryawirawan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Pordhêkok

[Grafik]

Sêsawangan mêsjid Agêng ing kitha Pordhêkok, Sumatra Kilèn

--- 422 ---

Kondur Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana

Nalika dintên Sênèn ingkang sampun kêpêngkêr, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana kondur dumugi ing Tanjung Priuk, saking têdhak ing Palembang, Sumatra Wetan, Rio, Bangka lan Biliton.

[Grafik]

Kondur dalêm wontên ing Tanjung Priuk dipun papag dening komisi agêng, minggah dhatêng kapal, punapadene wontên ing dharatan dipun wontênakên barisanipun wadya pakurmatan ingkang jangkêp saha musikipun pisan. Kapal pêrang Kortenaar ngungêlakên mriyêm minăngka ngurmati kasugêngan dalêm.

Kapal-kapal sanèsipun ingkang nalika samantên nuju labuh wontên ing Tanjung Priuk sadaya sami manjêr bandera agêng alit, makatên ugi gêdhong-gêdhong gupêrmèn lan partikulir ugi sami manjêr bandera.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana tuwin sadaya pandhèrèk, ing sasampunipun mriksani wadya pakurmatan lajêng nitih oto kondur dhatêng Bogor.

Ing nginggil punika gambar dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nalika mandhap saking kapal mirêngakên musik lagu Wilhèlmus.

--- 423 ---

Kagunan Jawi

Murya Laras (Kongsèr)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 27.

Kajawi punika tatananing kêndhangan inggih sok kirang mungguh kalihan pamantêsing gêndhingipun, kados ta, inggahing gêndhing Titipati, Lobaningrat, Logondhang sami dipun kêndhangi ciblon punika tumrap para ahli, botên sakeca, punapadene sanadyan gêndhing ing laras pelog nêm, slendro sanga lan sanèsipun ingkang minggah kêthuk 8, anggènipun nyiblonakên sok dipun brêgodog kemawon, inggih punika sawêg dumugi gong sapisan saking inggahing gêndhing kêndhanganipun sampun ciblon. Wah, punika tumrap para ahli lajêng nyungir kados ngunjuk jampi ingkang kêkathahên inggunipun. Tinimbang dipun brêgodog makatên, ambok inggih dipun turutakên cara lami kemawon, inggih punika dumugi gong wiwitan inggahing gêndhing wau taksih ngangge wirama lămba, bibar gong lajêng lumampah tamban, angsal satêngah kênong sampun tamban, lajêng kêndhanganipun kosekan dumugi kênong wiwit ciblon. Lo cara lami makatên punika sae sangêt lan miraos sakeca tumrap pamirêngipun para ingkang sampun ragi ahli gêndhing.

Sadaya katranganing karisakan nginggil punika, tumrap para ingkang dèrèng sagêd nampi raos karawitaning gêndhing, bokmanawi sami dèrèng kraos manawi makatên punika risak, tandhanipun mêntas mirêng gêndhing Marasănja utawi Kombangmara, lajêng mirêng gêndhing Sinom Parijatha utawi Kinanthi Pawukir punapadene Pangkur Palaran sapanunggilanipun inggih anglêr kemawon. Êlo, la punapa gêndhing Sinom Parijatha sapanunggilanipun punika tumraping para ahli punapa gêndhing awon utawi botên sakeca. Lo, punika pitakenan sêling-sêrêp, tumraping para ahli gêndhing Sinom Parijatha sapanunggilanipun punika inggih gêndhing sae lan sakeca janji mapan panggenanipun, kosokwangsulipun, sanadyan gêndhing Kombangmara utawi Kadukmanis sapanunggilanipun, manawi botên mapan ing panggenanipun, para ahli inggih gundam-gundam.

Awit saking makatên, mila saupami dipun wontêni kursus nyinau ngolah raos lan pangrêtos kangge nampi wêwilêtan karawitaning gêndhing, bokmanawi prayogi sangêt, wondene saking pangraos kula kursus wau sagêd katindakakên ing sèndhêring radhio, mênggah panindakipun botên sagêd kula sêrat ing ngriki, awit pirantosipun botên gampil dipun sêrati, sarta kêdah mawi suwara ingkang kangge nêrangakên bab wêwilêtan karawitaning gêndhing. Bab wontêning kursus wau, manawi wontên salah satunggaling bêbadan utawi sintên kemawon ingkang ambêtahakên, kula kêconggah lan sagah ngwontêni kursus wau janji samêkta pirantosipun ingkang botên ngrêkaosakên panindak kula, anggèn kula sagah punika sabab kula sampun gadhah pathokan cara-caraning panindakipun.

Kodrat, Batawi Sèntrêm

--- 424 ---

Tanah Dalah Têtiyangipun

Tandhak (Talèdhèk) Lêsung

Ingkang dipun wastani talèdhèk lêsung punika, nutu pantun ngangge dipun jogèdi tuwin dipun sindhèni. Ingkang wontên talèdhèk lêsung ngêmungakên ing tanah pradikan Makam, bawah kabupatèn Purbalingga.

Manut katranganipun Paduka Tuwan Dhoktor Th. Pigeaud nalika kula sowan ing dalêmipun (24-7-'37), talèdhèk lêsung punika pancèn kala rumiyinipun dados srananipun ningkahakên pangantèn, inggih punika ing sadèrèngipun tanah Jawi klêbêtan agami Islam, Indhu, lan sanès-sanèsipun. Dumuginipun samangke, talèdhèk lêsung lajêng dados upacaranipun tiyang gadhah damêl mantu, têtakan, tuwin sanès-sanèsipun. Têrangipun makatên:

Têtiyang ing tanah pradikan Makam lan sakiwa-têngênipun, ingkang kacêkapan, samăngsa badhe gadhah damêl mantu, wos ingkang badhe kangge walimahan, panutunipun ngangge talèdhèk lêsung. Botên sabên tiyang sagêd anjogèdi, milanipun inggih wontên panuntunipun ingkang kasêbut: dhalang talèdhek lêsung, saha pangênutipun, inggih punika ingkang nutu sarta anjogèdi.

Tatacaranipun têtiyang ing tanah pradikan ngriku, ingkang kacêkapan, samăngsa badhe gadhah damêl mantu, kirang 7 dintên (limrahipun 3 dintên) saking ijabing panantèn, pangatèn jalêr (calon) lajêng dhatêng ing griyanipun calon pangatèn èstri. Rintên dalu, calon pangantèn jalêr èstri, kenging sêsrawungan, namung dèrèng kenging nunggil sapatilêman. Kirang sadintên saking panggihipun, inggih punika ngajêngakên midadarèni, barang bêbêktaning pangatèn jalêr ingkang awarni têtêdhan sapêpakipun, saha pangangge warni-warni ingkang awarni guru bakal guru dadi, (inggih punika ingkang limrahipun dipun wastani: sarahan) dipun dugèkakên dhatêng panggenanipun pangantèn èstri. Ing dintên punika, wiwit enjing kintên-kintên jam 9 enjing, panggenan pangantèn èstri sampun nanggap talèdhèk lêsung, inggih punika ngiras nutu pantun ingkang badhe kangge wilujêngan ing dintên enjingipun.

Anggenipun nutu punika, botên kados sacaraning nutu limrah punika. Dhawahing alu (brêgipun) manut abaning dhalang ingkang nabuh kêndhang kalihan tropong (pirantos nênun) lan manut ungêling kênong ingkang ugi suka sasmita, supados dhawahing alu sagêd sarêng. Dados kajawi alu kalihan lêsung, tabuhanipun wêwah: kêndhang kalihan kênong.

Ingkang kangge parikan punika wangsalan saha purwakanthi ingkang ngêmu têgês pêprênesan saha bêblenderan, ingkang sagêd nênangi dhatêng kabiraèn. Ing wêkdal makatên punika, calon pangantèn jalêr lan èstri, kêdah wontên ing sacêlakipun ngriku, (mirêngakên) prêlunipun bokmanawi supados ing mangke enggala sae.

Ing sabadhenipun dipun angge, botên ujug-ujug lajêng nutu kemawon, nanging ngangge sêsaji

--- 425 ---

warni-warni sangêt (wontên 20 warni), lan mawi ambêsmi dupa punapa. Wos ingkang badhe dipun tutu inggih kêdah kathah sangêt, awit talèdhèk lêsung punika botên kenging namung mandhêg têngah, kêdah nêlasakên parikanipun sadaya. Ing măngka yèn dipun wiwiti jam 9 enjing, jam 5.30 nêmbe kemawon sagêd rampung.

Nalika kula sumêrêp, kula gumun sangêt, dene ingatasipun nutu dipun sambi sênêng-sênêng, sadintên sagêd angsal 5 dhacin, măngka ingkang baku nutu namung tiyang èstri 3. Malah manut gotèkipun tiyang wau, yèn nglêrêsi wontên tiyang gadhah damêl saèstu, sagêd angsal 25 săngga (8 dhacin). Awit kajawi têtiyang ingkang baku bêrah nutu, kathah tiyang ingkang dhatêng ambêkta alu piyambak (amargi katarik dening taledhekanipun) têrus angrencangi nutu tanpa wontên ingkang ngatag.

Ing wêkdalipun dipun lampahakên, pun dhalang (tiyang èstri) minăngka dados jalêr, dene ingkang sami nutu, minăngka èstrinipun, lajêng sami wêwangsalan saha parikan mawi purwakanthi, sêsauran kados sacaraning tiyang ingkang sawêg ginubêl ing asmara.

Kula gumun sangêt dene samantên sugihipun apalan têtiyang wau. Ingatasipun wêwangsalan wiwit jam 9 ngantos 5.30, têka tanpa pêdhot, tanpa anggragap.

[Iklan]

Mangsuli bab pangatèn wau. Samăngsa pangantènipun jalêr sarahanipun sampun dhatêng, pangantèn jalêr lan èstri lajêng nyêlaki dhalang talèdhèk lêsung kalihan ngindhit cêthing, ingkang jalêr kudhugan rasukanipun ingkang èstri (kêdah ingkang sampun nate dipun angge), pangantèn èstri samantên ugi, kudhungan rasukanipun ingkang jalêr. Sadumuginipun ing lêsung, nyai dhalang lajêng ngraup wos kalêbêtakên ing cêthing wau. Manawi sampun makatên, pangatèn jalêr èstri lajêng mlampah sêsarêngan mawi dipun gejogi, têrus mlêbêt ing griya. Manut ngandikanipun Paduka Tuwan Dhoktor Th. Pigeaud, inggih makatên punika upacaranipun pangantèn kala jaman kina, ing sadèrèngipun tanah Jawi kadhatêngan agami Islam, Indhu, lan sanès-sanèsipun.

S. Adiwiyata, Purbalingga

[Iklan]

--- 426 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Mêsir

Pinanggihipun ing wêkdal punika, praja Mêsir kenging dipun wastani nêdhêng-nêdhêngipun dados ucap sae, dene ingkang dipun wastani dados ucap sae wau boten sanès ing bab kamajênganing nagari. Manawi mirid saking ebah-ebahan ingkang gêgayutan kalihan pulitik, praja Mêsir ugi pinanggih sawêg nêdhêng-nêdhêngipun, ing salêbêting praja tansah tuwuh orêg-orêgan saking dayaning golongan ingkang ngudi murih sagêd mapan wontên pangayunaning panguwaos praja. Tindak makatên wau sanadyan angebahakên praja, nanging nyatanipun malah anênangi tuwin nyêngkakakên kamajêngan ingatasing ulah nagari.

[Grafik]

Gapura gêdhong sêtèlêngan barang-barang padagangan nagari Walandi wontên ing Mêsir.

Makatên ugi ingatasipun Mêsir ugi tansah kêsenggol ing ebah-ebahan donya, kados ta nalika pêrangipun Itali kalihan Ngabêsi, punika sanadyan Mêsir pinanggih botên gêgayutan, nanging ugi kêpêksa tansah jagi-jagi, amargi tumrap papaning paprangan wau Mêsir pinanggih têpang watês, saha ing ngriku lajêng pinanggih kasamaran warni-warni, inggih punika nyamarakên manawi Itali pados margi mêdal ing dharatan laladan Mêsir, tuwin malih nyamarakên manawi gêgayutaning panggêsangan praja amanggih sabab ingkang jalaran kasêmpyok aluning paprangan. Rahayu dene dumugining sarampungipun pêrang botên wontên punapa-punapa.

Kamajênganing Mêsir ing bab babagan pamulangan, pancèn sampun misuwur dangu, gadhah pamulangan luhur Islam nama Al Azhar, misuwuripun pamulangan luhur wau maradini ing saindêngipun jagad, tiyang ing nagari pundi kemawon ingkang badhe ngudi babagan lêbêting agami Islam, sinaunipun dhatêng pamulangan luhur ngriku. Malah sanadyan ing Eropah punapa inggih migatosakên dhatêng wontêning pamulangan luhur wau. Tumrap Polên kathah băngsa ing ngriku ingkang sami ngudi basa Arab, ing sapunika sampun wontên golongan Islam ing ngriku ingkang [ing...]

--- 427 ---

[...kang] mlêbêt sinau dhatêng Al Azhar. Ing salajêngipun tumrap lêlajênganing pangudi, pangajênging pamulangan luhur Al Azhar ing Mêsir ngudi murih para mudha wêdalan ing pamulangan luhur ngriku sagêda nglajêngakên dhatêng pamulangan luhur ing Eropah, saha ing bab punika inggih sampun kalampahan, wohipun pinanggih sae. Dados kajêngipun para mudha ingkang sinau mriku punika sampun namung maligi badhe sinagu[1] dhatêng lêbêting agami Islam kemawon, ugi sagêda ngudi babagan sanèsipun.

Tumrap gêgayutanipun kalihan nagari kanan keringipun ngriku, pinanggihipun langkung majêng, kados ta ing bab dhoktêr kasarasan, sampun sagêd lumèbèr dhatêng Irak, malah ing Irak pinanggih taksih kêkirangan, saha parentah Mêsir tansah mituruti panêdhanipun Irak anyukani dhoktêr, malah tinampi kanthi bingah, dene ngrumaosi bilih Mêsir pinanggih majêng saha dipun bêtahakên ing sanès nagari. Dhoktêr-dhoktêr băngsa Mêsir wau wontên ingkang lajêng nyambut damêl madêg piyambak, wontên ingkang dipun piji dados pangagênging pakaryan kasarasan, wontên ingkang dados dhirèkturing pamulangan dhoktêr untu, malah wontên dhoktêr èstri ingkang dados pangagênging golongan dhukun bayi, tuwin taksih wontên malih ingkang dados dhoktêr pangagêng griya sakit punapadene dados guruning pamulangan dhoktêr. Ing ngriku katingal bilih daya kamajênganipun Mêsir sampun sagêd tumular dhatêng nagari sanès.

Saya sajumênêngipun nata Prabu Paroek punika, kenging dipun wastani tatananing praja pinanggih sarwa enggal, nocogi kalihan panjênênganipun nata ingkang jumênêng, nata taksih mudha ingkang sampun kêbak dhêdhasar kawruh luhur. Mila ajênging praja saya katingal.

[Grafik]

Nata Faroek nalika migatosakên katranganipun Ir. Konijnenburg wontênipun barang-barang wau wontên ing gêdhong sêtèlêngan.

Ing wêkdal punika ing Mêsir mêntas kawontênakên tèntunsêtèlêng barang padagangan saking nagari Walandi tuwin tanah ngriki. Pambikakipun wiwit tanggal 5 Pèbruari dumugi têngah-têngahaning wulan Marêt kêpêngkêr, namung eman dene tanah ngriki botên saèstu tumut angêdali.

--- [428] ---

Ing kala punika ingkang dados utusan praja Walandi Ir. E. van Konijnenburg, inggih punika pangarsaning babagan among dagang gêgayutanipun nagari Walandi kalihan Mêsir. Miturut katranganipun Ir. Konijnenburg, praja Mêsir kapengin ngrakêtakên tumindaking among dagang kalihan nagari Walandi. Mila benjing Jaarbeurs ing Utrecht, praja Mêsir badhe ngêdali barang-barang wêdalan Mêsir. Manawi kalampahan makatên, benjing Jaarbeurs punika kêtêmbèn wontên barang-barang Mêsir ingkang kapitongtonakên wontên ing nagari Walandi.

Makatên ugi jumênêng nata sapunika, ugi manggih dhatêng yêyasan-yêyasan praja, malah botên ngêmungakên tumrap ing praja Mêsir piyambak kemawon, inggih anggalih tumrap prêlu ingkang gêgayutan kalihan agami, kados ta utusan mulyakakên masjid ing Madinah kanthi paring waragad 5000 arta êmas Mêsir. Masjid ingkang kadhawuhan mulyakakên wau jalaran saking sampun kalangkung risak. Saking dhawuh nata sêsêratan Arab ingkang tinrap ing masjid wau kadhawuhan ngangge êmas tulèn.

Mirid andharan sadaya wau katingal sangêt bilih praja Mêsir saya katingal ajêngipun.

--- 428 ---

LOTERIJ.

Loterij agêng ingkang kagêbag ing Bêtawi tanggal 30 Maart nêmbe kêpêngkêr punika:

Satunggal prijs saking f 75.000: No. 25365

Satunggal prijs saking f 15.000: No. 27801

Kalih prijs saking f 5.000: No. 13739 tuwin No. 16116

20 prijs saking f 1000.-

[Grafik]

50 prijs saking f 500.-

[Grafik]

300 prijs saking f 100.-

[Grafik]

--- 429 ---

Pangothak-athik Bab: Ringgit Wacucal (Padhalangan)

Pangothak-athik bab ringgit punika warni-warni tur inggih beda-beda, namung manut sarta gumantung sadhèrèk ingkang anggêrba satunggal-satunggalipun.

Nanging sarèhning bab punika sampun kêrêp kapacak wontên Kajawèn ngriki, sagêd ugi namung damêl cuwaning panggalihipun para maos sadaya. Ingkang makatên punika panjênêngan sadaya kula suwun karsaa maos, bokmanawi lowung kangge amangsuli.

Mênggah mirsani ringgit ingkang sawêg dipun lampahakên dening kyai dhalang dumugi sabibaripun, punika tumrapipun para ingkang migatosakên bab punika, botên namung mligi mirsani kemawon, upami: dhatêng wêgiging kyai dhalang anggènipun anglampahakên ringgit, punapa lêluconipun, punapa ramening lampahanipun, punapa namung sênêng mirêngakên suwara găngsa, ingkang tinabuh para wiyaga, suwaranipun angrangin damêl gumbiraning manah, tuwin sanès-sanèsipun.

Nanging wontên malih ingkang dipun wigatosakên, inggih punika lêlampahanipun ringgit lajêng kacundhukna kalihan angga pribadi, liripun makatên: upami: kyai dhalang anglampahakên danawa (rasêksa), lajêng santun anglampahakên satriya, satêmah rasêksa kalihan satriya wau pêpêrangan, tuwin sanès-sanèsipun, punika lajêng dipun cundhukakên kalihan badanipun piyambak, makatên: o, iya, aku iki iya sok katuwuhan wataking rasêksa, sok katuwuhan wataking satriya, tindake sing iki mangkene, sing iku mangkono, malah-malah wataking rasêksa karo wataking satriya padha diya-diniya rêbut unggul (ingkang wosipun kamurkan tansah pasulayan kalihan kautamèn), makatên lampahing panaliti angga pribadi, ngantos dumugi sabibaripun.

Kajawi saking punika, miturut cariyosipun para sêpuh, sabibaripun ringgitan, kyai dhalang lajêng ngêdalakên golèk. Wondene golèk punika ingkang kadamêl kajêng ingkang êmpuk, racak saking kajêng waru, kaentha tiyang èstri, sarta karêngga-rêngga mawi pangangge, wontên sinjang, sondhèr, cêkakipun mrabok tur sarwa sae. Golèk wau lajêng dipun jogèdakên dening kyai dhalang, kinanthèn ing gêgêndhingan. Sasampunipun punika lajêng bibar.

Mênggah wigatosipun golèk punika, sarèhning sampun tamat anggènipun mirsani, dhatêng lêlampahanipun ringgit ingkang kacundhukakên kalihan badanipun piyambak, kyai dhalang lajêng ngêdalakên golèk, punika wigatosipun: golèkana. Dene cêthanipun, kawontênanipun piyambak punika kêdah dipun padosi, ingkang atêgês dipun taliti ngantos anjalimêt. Kadospundi rekanipun, măngsa-boronga para maos.

Samantên rumiyin. Ing wasana manawi wontên galap-gangsuling têtêmbungan kula, sarta klenta-klèntunipun pangrakiting ukara, mugi ngêgungna pangaksama.

R. Atmaastra, K.1743, Panêmbahan, Ngayogyakarta

--- 430 ---

Bab Kasarasan

Ngemba Rekadayanipun Dr. L. Pasteur.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 26.

Sapunika para dhoktêr ingkang pintêr sampun sami mangrêtos, upami ing satunggiling panggenan, griya lan pakarangan, ingkang manggèn ing ngriku tansah sakitên kemawon, yèn ingkang sakit kapriksa, pinanggih sami kataman malaria tropica, têmtu ing pakarangan wau wontên lêmutipun malaria ingkang manggèn ing tota ingkang mambêk utawi jêmbêg-jêmbêg. Sasampunipun toya dipun satakên utawi dipun siram lisah pèt, ingkang jêmbêg-jêmbêg dipun urugi siti, lêmutipun têmtu lajêng minggat utawi ical, têtiyangipun ingkang sakit dipun jampèni ngantos saras, têmtu badhe botên kataman sêsakit malaria malih.

Manut pratikêl, pitêdah lan papriksanipun Dr. Pasteur, para dhoktêr ingkang pintêr lajêng sagêd manggihakên jampi ingkang kangge nanggulangi sêsakit diphtheritis lan sapanunggilanipun. Jampi punika namanipun anti-toxin, inggih jampi serum ingkang pancèn mligi (speciaal) kangge jampi satunggiling sêsakit ingkang nular wau.

Diphtheritis punika sêsakit ing gorokan ingkang ambêbayani, ingkang kathah lan limrah ingkang katrajang lare-lare alit. Ing sadèrèngipun pinanggih baksil lan jampinipun, ingkang sakit kathah ingkang tiwas, amargi baksilipun ngêdalakên rêrêgêd wisa (toxin) ingkang sagêd ngrisakakên jantung (hart) lan tangsul raosipun (zenuw) ingkang sakit, lan ing wêkdal samantên dhoktêr dèrèng sagêd suka jampi ingkang sagêd nanggulangi sêsakit punika, mila ingkang katrajang sêsakit wau inggih kathah ingkang tiwas.

Upami ingkang sakit botên pêjah tuwin sagêd saras, ing êrahipun sagêd thukul anti-toxin, inggih punika daya ingkang sagêd mêngsah dhatêng baksilipun, lan badanipun ingkang sakit lajêng sagêd kalis dening sêsakit wau. Mila tiyang utawi lare ingkang sakit diphtheritis sampun saras punika salajêngipun kalis dening sêsakit wau, dados botên sagêd kataman sêsakit punika malih, kadosdene tiyang ingkang sampun nate kataman sêsakit cacar (pokken) sampun burik, botên sagêd katrajang ing sêsakit cacar malih.

Upaminipun dhoktêr sagêd suka jampi suntikan anti-toxin dhatêng ingkang sakit wau, têmtunipun ingkang sakit inggih sagêd katulungan lan sagêd saras.

Sapunika kadospundi tiyang utawi dhoktêr sagêdipun pikantuk anti-toxin punika. Makatên: kapal ingkang saras dipun suntik mawi baksil diphtheritis, dene baksilipun ingkang dipun suntikakên wau kêdah ingkang botên kêras (zwak) murih kapalipun sampun ngantos pêjah.

Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 431 ---

Rêmbagipun Petruk Lan Garèng

Bab Suryawirawan

II.

Petruk : Kang Garèng, kayadene kandhaku ing ngarêp, jênêng suryawirawan kuwi rak mung minăngka kanggo pêlambang bae. Dadi kayadene: surya, kang atêgês: srêngenge, iki iya pêlambang, Kang Garèng. Kowe rak iya wêruh dhewe, mungguh dayane srêngenge kuwi, yaiku: madhangi saindênging donya iki, kajaba kuwi uga nguripi anane: manusa, kewan-kewan lan kutu-kutu walang-ataga, apadene thêthukulan kang padha ana ing sakurêbing bawana kiyi.

Garèng : Bab srêngenge amadhangi jagad iki, kajaba yèn kadhangkala kabênêr lagi dikrikiti ... buta ijo, aliyas: grahana, iki aku mula iya ngandêl, Truk, nanging yèn srêngenge diunèkake nguripi sakabèhing manusa, satokewan, thêthukulan lan sapadhane, kuwi nèk mungguhe aku: goroh, Truk. Sasumurupku bae wis ana umat rong rupa kang gawene tansah misuh-misuhi kêras nyang srêngenge. Malah ana, Truk, sing têngah-têngahe golèk cagak urip, srêngenge lagi: thir, mungup-mungup wis ngêmprit lumayu bundêr, yaiku ... maling

Petruk : Haiya, maling kuwi uripe mula iya nyata golèk sêpining uwong, dadi iya nyingkiri padhanging srêngenge, nanging urip sing kaya ngono kuwi rak cêtha, ta, nyêbal karo wèting alam. Miturut wèting alam, salawase padhang, dikon golèk pangan, dene salagine pêtêng, dikon ngaso turu. Hla nèk banjur ana wong sing nyêbal pathokan sing kaya ngono kuwi mau, lo iya aja banjur maido nyang srêngenge. Kanggo pêpak-pêpaking donya pancèn iya ana sing sok banjur nyêbal kalumrahan. Kaya ta: lumrahe wong turu kuwi iya: mlumah, mêngkurêb, apa iya miring, dene ing wusana anggonmu turu banjur ... anjêngking upamane, jarene cik bèn suda ... mulêse, kanggo pêpak-pêpake donya rak iya kêna-kêna bae.

Garèng : Dadi nèk miturut panêmumu, uripe maling kuwi nyêbal pathokan, nyêbal wèting alam. Lan mêksa isih kêncêng kayakinanmu, yèn kabèh umat kuwi diuripi dening srêngenge. Aku kok mêksa durung cocog, Truk. Kêpriye ... kokok bêluk-kokok bêluk, Truk. Apa iya srêngenge sing nguripi. Sa-lah, wong srêngenge malah nyilakani awake jarene.

Petruk : Lho, bangsane kokok bêluk kuwi diarani manuk bêngi. Kuwi lumrahe matane awas bangêt, saka awase mau, nganti padhanging srêngenge agawe silo mripate. Dene yèn bêngi ora kêsilonên dening padhanging srêngenge, iya banjur bisa andêlêng ora beda karo aku kowe ing wayah awan. Mulane anggone golèk pangan iya wayah bêngi. Ewasamono mêksa kêna tak arani: sing nguripi

--- 432 ---

iya srêngenge. Awit sing dipangan dening bangsane kokok bêluk kuwi rak iya: manuk cilik-cilik, tikus lan sapadhane, kabèh mau kewan kang diuripi dening srêngenge. Manuk barang mau anggone golèk pangan rak iya awan, ta.

[Grafik]

Garèng : Wèh, têmbung srekalan kuwi arane. Nèk ditămpa mêngkono, banjur: kalong, lawa, codhot lan liya-liyane manèh, golèke pangan mung ing wayah bêngi, nanging sing dipangan bangsane wowohan, wêtoning thêthukulan kang uripe olèh dayaning srêngenge.

Petruk : Hla rak iya, ta, rak wis cêtha yèn kabèh kang urip ana ing donya kuwi kêdayanan dening srêngenge, dadi rak iya srêngenge kuwi sing nguripi.

Garèng : Iya wis, aku tak narima, saiki wirawan, ditêgêsi satriya, iki palambang apa manèh, Truk.

Petruk : Mungguhing satriya kuwi pêlambange: wong kang anduwèni wêwatêkan bêcik bangêt, yaiku: luhur bêbudène, alus watake, prawira, sêtya marang kêyakinane, tansah nêtêpi mênyang jangjine, wêlas-asih marang sapadhaning umat, trêsna marang kuwajibane kang tumuju nyang apa bae sing bêcik lan ana gunane tumrap băngsa lan tanah wutah gêtihe.

Garèng : Wèh, iya satriya kumplit kuwi jênêngane. Nanging murih bisane samono kuwi, mêsthine waragade ya sasayahira, Truk, apa manèh mungguhe jaman saiki.

Petruk : We, hla, ora ngrêti babarpisan aku, Kang Garèng, ana bisane dadi satriya sing anduwèni wêwatêkan bêcik bangêt kaya sing tak kandhakake mau, têka diunèkake: waragade mêsthi sasayahe, apamanèh tumrape jaman saiki.

Garèng : Apa ora, Truk, wong jaman saiki kiyi wis rupa-rupa lan wêrna-wêrna bangêt. Kudu wêlas-asih marang sapadhaning umat, aku iya wis duwe watak sing kaya ngono kuwi, nanging kêpriye anggonku arêp ambuktèkake, yèn ora duwe simpênan sasayahe. Wong kanggo dhewe bae sabên dinane gèk mangan gèk ora.

Petruk : Lho, wêlas-asih marang sapadhaning umat, kuwi ora kok mung nguluri dhuwit utawa pangan marang sapadhaning umat sing ginanjar kamlaratan. Sanadyana wong sugih ora karuwan, iya masa kuwata. Nanging karêpe: aja sawiyah-wiyah, aja sêmêngit, aja agawe sêrik,

--- 433 ---

aja andrêngkèni, lan sapadhane, nanging elinga, yèn kae umat ora beda karo kowe dhewe. Wajibmu iya sing dhêmên, kayadene awakmu dhewe, sing wêlas kayadene yèn kowe dhewe nandhang susah kae. Yèn kowe dhewe lara rak i[2] mêlas, ta, nyang awakmu dhewe, sabajure kowe rak banjur golèk tămba sing bisa gawe marine awakmu mau. Sêmono uga yèn kowe wêruh utawa mrangguli wong lara upamane, aja kok banjur: luwèh-luwèh awak-awakmu dhewe, nanging sabisa-bisa iya mèlua ihtiyar anggolèkake tambane. Lo, mêngkono upamane.

Garèng : Dadi cêkake: wêlas-asih nyang sapadhaning umat kuwi ora prêlu sugih, ta. Saiki, Truk, trêsna nyang kuwajibane kang tumuju nyang băngsa lan nagarane mau, iki apa ora kudu akèh sangune, Truk, hla mêngko yèn ditari wong liya arêp diblănja sathekruk, apa ora bisa kalakon muni: slamêt tinggal, karo watak sing mau kae.

Petruk : Hla, nèk kaya ngono rak ya banjur kêna dijênêngi: satriya pulasan, Kang Garèng, têgêse: satriyane isih tipis bangêt. Dadi iya durung satriya sêjati. Nèk wis jênêng satriya sêjati, Kang Garèng, wis têrus mêrêm tumrap godha rêncanane donya iki, dadi wis ora angguple nyang: mihun, wayang wong, pangkat sing mêncit, sanadyan nonton gambar idhup, twèdhê pursêtèlêng, kathik mung: bêrdhua bae, nèk satriya sêjati, nyenggol bae ditobatake, Kang Garèng.

Garèng : Dadi cêkake, Truk, tumrape satriya sêjati kuwi, pikiran: mumpung wis ora kalêbu ing Bausastrane, ta, kaya ta: mumpung dhewe thil, mumpung ana sing ngangkat kanthi gajih sathekruk, mumpung nom, lan sapadhane, hla, saiki gêgandhengane: surya lan wirawan, lo kowi kêpriye, Truk.

Petruk : Wêwatêkane wong sing pantês diarani satriya, wis tak andharake nganti talêsih, dadi wong kang wêwatêkane bêcik lan luhur bangêt. Hla, saki[3] wis jênêng satriya, kathik gêlêm nêmpil wêwatêkane srêngenge kaya sing wis tak kandhakake mau, yaiku: amadhangi lan anguripi. Karêpe amadhangi, ora kowe banjur katon mêncorong mêngkono, nanging tindak-tandukmu, apadene kalakuanamu, saka bêcik lan utamane, nganti prasaksat gawe padhang marang bangsamu, utawa anggêdhèkake atine bangsamu. Dene sing dikarêpake: anguripi kuwi ora kok kowe banjur nguluri dhuwit utawa pangan nyang bangsamu, nanging, uripmu kuwi, ora mung anggêre: wêtênge dhewe wis warêg, luwèh-luwèh liyane, nanging tansah mèlu ambantu lan ngudi nyang kamajuane băngsa lan tanah kalairanamu mau.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing ing dintên Ngahad sontên tanggal 10 April 1938, wanci jam 1/2 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing Radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab: Pengaruh keadaan; ingkang mêdhar sabda Tuwan Aman.

--- 434 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Ngewahi gêdhong Departement Pangrèhpraja. Wontên wartos, bilih gêdhong Departement Pangrèhpraja ing Bêtawi badhe dipun ewahi, sarana mêwahi gêdhong enggal wontên ing sisihipun. Wêwahan wau badhe sagêd ngobètakên dhatêng sawarnining golongan, makatên malih sarèhning gêdhong punika sampun sêpuh inggih pêrlu dipun dandosi. Bab punika lajêng badhe dipun usulakên dhatêng Parentah.

[Grafik]

Kuburan kina. Inginggil punika ngêwrat gambar salah satunggiling kuburan kina ingkang beda sangêt kalihan kuburan sapunika ing laladan Menado inggih punika ingkang adhakan dipun jujug ing para andon lêlana.

Fabrikantenbond. Kawartosakên, ing Surabaya badhe wontên ada-adanipun golongan dagang adamêl fabrikantenbond ingkang dipun adani dening para ingkang anggadhahi pabrik tênun ing Jawi-Wetan. Ing bab punika sampun sami dipun sayogyani dening para ingkang sami anggadhahi pabrik saha katêmtokakên badhe ngadêgipun.

Ngangkatakên tiyang dhatêng Lampung. Ing salêbêtipun wulan Maart kêpêngkêr, kabupatèn Nganjuk ngangkatakên tiyang dhatêng Lampung cacah 900 jiwa.

Kuli-kuli Jawi kabêkta dhatêng Johor. Awit saking panyuwunipun Oil Palm of Malaya Ltd, Parentah marêngakên dhatêng kabudidayan wau pados kuli-kuli bangsa Jawi kathahipun 100. Pamêndhêtipun wau sarana tatanan enggal tumrap caraning tanah Johor mêndhêt kuli bangsa Jawi. Kuli-kuli wau sami badhe kapurih nyambutdamêl wontên ing kabudidayan lisah palm ingkang agêng ing Johor.

Jornalisten-school ing Purworêjo. Miturut wartos, wiwit tanggal 1 wulan punika ing Purworêjo wontên bikakan pamulangan kangge journalist tumrap têtiyang siti. Lare ingkang katampèn malêbêt ingriku kêdah wêdalan Mulo.

Fonds agêng botên kasumêrêpan ingkang gadhah. Miturut palapuran saking Algemeene Rekenkamer, saking panitipriksanipun pangrèhpraja tuwin pulisi ing Cirêbon, ing Algemeene Volkscredietbank wontên satunggaling fonds ingkang gunggungipun f 12.766.60. Arta wau botên kasumêrêpan sintên ingkang anggadhahi. Ing bab punika lajêng badhe kawontênakên paniti dening ingkang wajib.

Siti mlêkah. Kawartosakên, ing dhusun Cintamanik, sacêlakipun Bumijawa, Têgal, wontên siti mlêkah ingkang pinanggihipun saya mindhak-mindhak. Mlêkahing siti wau salêbêting tigang dintên. Punapa ingkang dados jalaranipun botên kasumêrêpan. Wontên griya 60 wuwung sami mlêsêk, wontên satunggal ingkang kurugan. Kasangsaran botên wontên. Têtiyang ingkang kecalan pangauban wontên 352. Pangrèhpraja lajêng nindakakên pitulungan sapêrlunipun.

Mèngêti adêging kitha Mojokêrto. Wontên wartos, benjing tanggal 12 wulan Sèptèmbêr ngajêng punika, ing Mojokêrto badhe wontên paargyan mèngêti adêging kitha wau sampun 100 taun. Kitha Mojokêrto punika ingajêng nama Japan.

Kabal Baud manggih pambêngan ing margi. Sampun sawatawis dintên kapal Baud ingkang badhe layaran dhatêng Australie, manggih sabab wontên ing margi, jalaran saking awoning hawa tinêmpuh ing ombak agêng ngantos adamêl boroting kapal 2 panggenan, rahayu lajêng kenging dipun tambal. Ing kala punika dipun pitulungi ing kapal Albatros tuwin Reiniersz saha têtiyang ingkang sami numpak lajêng sami kapurih pindhah dhatêng kapal Nieuw Holland, salajêngipun têtiyang ingkang sami numpak sami pindhah malih dhatêng Albatros, nglajêngakên lampah dhatêng Australie. Kapal Baud pinanggih kandhas, botên kenging dipun pitulungi.

Ura-uru ing salêbêting pakunjaran. Ing pakunjaran Jombang mêntas wontên ura-uru sawatawis ingkang tuwuh saking para tiyang ukuman cacah 200 ingkang sami kapurih nyambutdamêl damêl dhadhung sêrat nanas. Mênggah sababipun, tiyang ukuman wau wontên ingkang kalêpatan dipun srêngêni dening upas ingkang jagi, ingriku lajêng wontên sabawa aba mungêl "Tawur", sanalika ngriku têtiyang ukuman wau lajêng nêmpuh, dados pasulayan sakalangkung rame, rahayu bab punika lajêng kenging dipun sirêp.

Papan nglelang ulam ing Ketapang. Tanggal 2 wulan April punika, ingkang Bupati ing Bêtawi ambikak papan panglelangan ulam wontên ing Kêtapang, sacêlakipun Mauk. Tindak punika kangge anjêmbarakên babagan kamajênganing pamisayan ulam.

Margarine kangge lintu mêrtega. Awit saking usulipun Departement van Marine dhatêng Algemeene Rekenkamer, supados ngawontênakên cobèn-cobèn migunakakên margarine kangge lêlintuning mêrtega ingkang dipun angge wontên ing sawarnining kapal Marine. Nanging badhe katindakakên sarana panyobi rumiyin, punapa margarine wau kuwawi karimat dangu wontên ing kapal ngantos wêwulanan. Ing bab punika Rekenkamer ugi lajêng pitakèn dhatêng Departement van Oorlog tuwin dhatêng Pakaryan babagan Kasarasan, punapa botên badhe tumindak makatên, awit miturut pêpetangan badhe sagêd ngawontênakên pangiridan f 17.000.- ing dalêm sataun. Malah tumrap wadya dharatan sampun tumindak saha pinanggihipun prayogi.

Congres B.B. Benjing wulan Mei ngajêng punika, Vereeniging van Ambtenaren bij het Binnenlandsch Bestuur badhe ngawontênakên congres manggen ing Concordia, Betawi. Ingkang nyêpuhi congres wau Mr. H. Fiewez de Malines van Ginkel, residhen ing Bêtawi. Ingkang badhe karêmbag ingriku, 1 wawasan ing bab babagan Inlandsch Gemeentewezen kanthi sêsêpuh tuwan Ch. O. van der Plas, Gupêrnur Jawi-Wetan, namung maligi tumrap tanah Jawi, dene tumrap tanah Sabrang dipun sêpuhi Dr. W. Hoven, pangagêng Bestuurzaken tanah Sabrang. 2. Bestuurhervorming tuwin Binnenlandsch Bestuur dipun tuntun Mr. H.D. van Werkum, asisten residhen Indramayu, tumrap tanah Jawi, Dr. W.J. Beck tumrap tanah Sabrang, wusana bab Inlandsche landbouw-kolonie tanah Sabrang dening Mr. Maassen. Miturut wartos ingkang badhe anjênêngi conires wau kirang-langkung 500.

--- 435 ---

Pêpajênganing candu mindhak. Miturut pèngêtan, pêpajênganipun candu ing tanah Jawi tuwin Madura ing taun punika pinanggih mindhak tinimbang taun kêpêngkêr. Ing wulan Februari 1937 wontên 422 kg. Februari taun punika wontên 536 kg. Panyadean ingkang pinanggih sakêdhik piyambak kala ing taun 1935, ing wulan Februari taun wau namung wontên 293 kg. Angsal-angsalanipun kala wulan Februari taun 1929 wontên 1556 kg.

Mooi Bandung. Pakêmpalan Mooi Bandung sampun ngêdalakên baleswaranipun ingkang rinêngga-rêngga ing gambar sakalangkung pèni tuwin isi karangan-karangan ingkang migunani tumrap sintên ingkang badhe nyumêrêpi kitha Bandung sakubêngipun.

Urunan dhatêng Palestina. Arab Comite ing Bêtawi sampun sagêd ngêmpalakên arta kathahipun 550 ponsterling, arta samantên wau badhe kakintunakên kangge pitulungan dhatêng para bangsa Arab ingkang kasangsaran wontên ing Palestina. Arta wau pangintunipun lumantar bank Mêsir. Tumrap ingkang sampun, comite wau ngintunakên arta 200 ponsterling.

Audientie. Benjing dintên Rêbo tanggal 18 Mei 1938 punika ing pura Koningsplein badhe kawontênakên audientie wanci jam 9 enjing. Sintên ingkang badhe audientie, supados ngaturakên sêrat paturan dhatêng Ajudant van Dienst ing Bogor ing sadèrèngipun tanggal 11 Mei. Sêrat wau kanthi nyêbutna nama sapanunggilanipun punapadene ingkang dados kajêngipun.

Ngagêngakên pabrik sabun. Pabrik sabun Lever's Zeepfabrieken ing Bêtawi ing sapunika anjêmbarakên panggaotanipun badhe pindhah dhatêng tilas gêdhong N.K.P.M., dene tilas gêdhongipun lami taksih dipun angge.

Tiyang ingkang mênang loterij. Miturut wartos ingkang angsal loterij ingkang nêmbe dipun mainakên punika, 1e prijs dhawah tuwan Lie Yit Pen-Yo In Foek-Kim Kian tuwin Boang, sami manggèn ing Senen, Bêtawi. Satunggal-satunggalipun tiyang wau panumbasipun namung 1/10 lot.

Cursus padhukunan bayi. Ing kitha-kitha dhistrik bawah Blitar dipun wontênakên cursus padhukunan bayi. Ingkang dados murid mêndhêt kênya-kênya ingkang sampun diwasa, gurunipun vroedvrouw ingkang anggadhahi diploma. Ing pangangkah supados ingkang sami sinau wau ing têmbe sagêd mitulungi dhatêng tangga têpalihipun ing padhusunan.

Nyêpêng candu pêtêng. Satunggiling pulisi sandi ing Cirêbon nalika ngodol salah satunggiling bangsa Tionghwa wontên ing ngajêng hotèl Canton, sagêd nyêpêng barang bêbêktanipun bangsa Tionghwa wau awarni candu wawrat 700 tail rêgi f 14.000.-. Pambêktanipun candu wau kadèkèk ing wadhah ingkang dipun isèni wowohan.

ASIA

Sultan ing Selangor seda. Sultan Sir Alaidin Soeleiman Syah, Sultan ing Selangor, Malaka, seda, yuswa 74 taun, jalaran gêrah hartverlamming. Nunggil ing dintên sedanipun wau putra Sultan ingkang nomêr tiga Têngku Laksamana ingkang sampun kajumênêngakên Pangeran Adipati kala tigang taun kêpêngkêr lajêng kajumênêngakên Sultan. Kala jumênêngipun Sultan suwargi tansah manggalih dhatêng panduwaning rakyat ing bab jumênêngipun Adipati Anom putra ingkang sumilih kaprabon punika.

AMERIKA

Angin agêng. Ing Arkansas, Oklahama, Kansas, Missouri, tuwin sanès-sanèsipun, sami Amerika, katêmpuh ing angin agêng, wontên tiyang ingkang tiwas 27, tiyang nandhang tatu 3000. Tumrap Columbus kemawon griya ingkang ambruk wontên 200.

[Iklan]

Jerman nyêpêngi tiyang. Miturut wartos, Aartshertog Josef Ferdinand ing Bourbon-Habsburg ingkang ing wekdal punika dipun tahan, lajêng dipun kintunakên dhatêng papan tawanan. Bangsa agêng ing Oostenrijk sanès-sanèsipun ugi sami kalêbêtakên ing tawanan. Miturut wartos saking Weenen Riether, tilas gupêrnur ing Oostenrijk, nganyut tuwuh.

Wadya Jerman badhe wangsul saking Oostenrijk. Wontên wartos, wadya Jerman ingkang kakintunakên dhatêng Oostenrijk, ing sapunika sampun badhe kapurih wangsul. Ing salajêngipun ingriku namung badhe dipun dèkèki wadya kalih devisie. Ing bab punika adamêl lêganing para ulah pulitik, lajêng ngawontênakên pangintên bilih Jerman botên gadhah sêdya badhe nêmpuh dhatêng Tsjechoslovakiye dadakan.

Rêmbagipun Inggris tuwin Italie. Miturut wartos, ing bab rêmbagipun Inggris kalihan Italie badhe rampung wontên ing sadèrèngipun Paschen. Prajanjianipun badhe dipun tandhatangani wontên ing tanggal 15 utawi tanggal 16 April.

Kasangsaran motor mabur agêng. Motor mabur agêng Belgie ingkang wawratipun 10 ton, asuwiwi 23 m, nalika kacobi anggêgana ingkang inggilipun 50 m lajêng dhawah ambalêsêg. Ingkang nglampahakên nêmahi tiwas wontên inglêbêt. Motor mabur punika wontên kamaripun rapêt 20 tuwin kamar punggawa 3. Panggêgananipun sagêd andêdêl ngantos 6500 m.

Dados Maarschalk. Miturut mupakataning rêmbag ing gêdhong luhur, Koning Victor Emanuele tuwin Mussolini sami katêtêpakên dados Maarschalk karajan Italie.

Rêdi anjêblug. Rêdi latu Avatchinsk, Ruslan, kala tanggal 30 Maart anjêblug, rêdi wau sampun 10 taun botên nate punapa-punapa. Panjêblugipun sapisan punika kapetang ingkang agêng piyambak ing salêbêtipun 50 taun kêpêngkêr.

--- 436 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Sêtayor lan Dèwi Wasilisah

64

Amila inggih lajêng sami amêsthèkakên, bilih utusan nata punika botên kenging botên sakêdhap kemawon têmtu badhe gampil kadhawahakên ing bantala. Nanging kadospundi mênggahing karampunganipun, sarêng Wara Wasilisah dumugi ing alun-alun, ujug-ujug lajêng nyandhak prajurit tiga sisih saha lajêng kakêprukakên dhatêng prajurit ingkang satunggal, ngantos prajurit pitu pisan dhawah galangsaran nandhang tatu sadaya. Sadaya ingkang sami ningali, sami anjêngèk saking kagèt tuwin gumunipun, awit salaminipun dèrèng nate anyumêrêpi karosan ingkang samantên wau. Prabu Wladhimir, ingkang anggènipun amriksani saking jandhela kadhaton, sangêt ngungun ing panggalih, dene samantên kadibyanipun utusan wau, ing wusana lajêng dhawuh dhatêng putra kapenakan makatên:

Sira wis nêksèni dhewe saiki, yèn panêmunira iku kaliru bangêt. Wong prajurit rosa lan prawira mangkono, têka kok arani wanita.

Nanging Dèwi Sabawa mêksa botên purun ngawon sarta umatur makatên:

Ewasamantên kawula mêksa taksih ngêncêngi dhatêng atur kawula ing ngajêng, bilih tiyang punika sanès utusanipun Nata Kaliyên, nyata wanita lugu, amargi solah tingkahipun sadaya sampun sagêd katingal.

Prabu Wladhimir nêdya nyobi malih mênggahing kalangkunganipun tiyang ingkang ngemba utusanipun Prabu Kaliyên. Samangke badhe kaêbên ing bab kalangkunganipun anjêmparing. Sang Prabu lajêng animbali parajurit panyutra kalih wêlas cacahipun, ingkang sampun misuwur piyambak mênggahing kadibyanipun anjêmparing. Sasampunipun sang prabu lajêng dhawuh dhatêng utusan wau makatên:

Wasilya, sira apa gêlêm sênêng-sênêng karo prajurit ingsun panyutra adu kaluwihan manah.

Utusan anyagahi dhawuhipun sang nata kalayan mèsêm, sarta lajêng bidhal dhatêng papan ingkang dipun pigunakakên kangge abên anjêmparing wau. Para prajurit panyutra kalih walas ing kala punika sampun sumadhiya wontên ing ngriku. Dene ingkang kangge lesan satunggiling wit cêmara ingkang sampun kawak sangêt, sarta ingkang têbihipun saking papan ngriku kirang langkung satunggal pal. Dene ingkang kajibah anglêpasakên jêmparing rumiyin inggih punika para prajurit panyutra kalih wêlas wau. Sabên jêmparing ingkang angengingi wit cêmara ingkang kawak wau, witipun inggih lajêng horêg kadosdene kenging lindhu agêng. Sarêng dhawah ing giliranipun utusan, utusan wau lajêng umatur dhatêng Prabu Wladhimir makatên:

Dhuh, Sang Prabu, saèstunipun kawula botên sagah manawi kadhawuhan anjêmparing mawi jêmparingipun para prajurit ing ngriki, kaparênga kawula ngangge jêmparing bêktan kawula piyambak, ingkang samangke kawula tilar wontên ing pasanggrahan ing sajawining kitha. Dene manawi kaparêng, mugi krêsaa paring dhawuh dhatêng para abdi amêndhêt jêmparing kawula wau.

Sang Prabu lajêng andhawuhi abdi sawatawis mêndhêt gandhewa lan jêmparingipun utusan wau, botên watawis dangu para abdi sampun wangsul ambêkta gandhewa ingkang sakalangkung agêng lan awrat, ngantos kapêksa kêdah kagotong ing tiyang sadasa, dene bumbungipun wadhah jêmparing, saking awratipun ngantos dipun gotong ing tiyang tigang dasa, ewasamantên mêksa taksih mèyèk-mèyèk.

Tiyang ingkang ngemba utusan wau lajêng nyandhak gandhewanipun mawi tangan têngên, tangan ingkang kiwa masangakên jêmparingipun. Ing wusana gandhewa dipun pênthang lan jêmparingipun kalêpasakên. Suwaraning jêmparing ingkang kalêpasakên saking gandhewa, saking soranipun, ngantos anjalari prajurit panyutra ingkang kalih wêlas wau sami dhawah ing siti. Dhawahing jêmparing wontên ing wit cêmara ingkang kawak, saking rosanipun, ngantos lajêng rungkat sarta rêbah ing bantala.

Sanadyan Dèwi Sabawa nguningani piyambak mênggahing kadibyanipun tiyang ingkang rewa-rewa utusanipun Prabu Kaliyên wau, ewasamantên mêksa taksih kêngkêng amastani bilih tiyang punika sanès utusan nata, têtêp satunggiling wanita limrah, jalaran saking punika amila Sang Prabu lajêng badhe nyobi piyambak mênggahing kalangkunganipun utusan wau sarana abên main catur. Salêbêtipun abên main catur wau, ingkang dipun tohakên dening sang prabu: Kitha Kiyèf, dene Wasilya, manawi ngantos kawon mainipun, sagah nyandèkakên sadaya panyuwunanipun dhatêng sang prabu ing ngajêng. Mênggahing Prabu Wladhimir, mila sampun kasuwur ing bab kalangkunganipun main catur, ngantos para ahli main catur ing saindênging praja Ruslan, malah pintên-pintên para ahli ing măncanagari, sampun sami dipun kawonakên sadaya dening sang prabu wau. Nanging sarêng amêngsah kalihan pun Wasilya wau, sakêdhap kemawon sang prabu sampun rumaos botên badhe kuwagang anandhingi. Lan salêbêtipun sawatawis wêkdal kemawon sang prabu sampun sagêd dipun kawonakên pamainipun. Sêmu lingsêm sang prabu ing wusana lajêng dhawuh dhatêng Wasilya makatên:

Wasilya, ingsun angakoni, sira kang mênang. Saiki, kayadene janjiningsun ing ngarêp, sira kang anduwèni kutha Kiyèf.

Badhe kasambêtan.

--- 53 ---

Nomêr 14, 6 April 1938, Taun III

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo

Hakipun Wanita Winêngku Priya, Mamrih Rahayuning Jêjodhoan

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 25

Mênggah cara-cara ingkang sampun kula aturakên wau, prêlunipun inggih namung ngudi utawi ngèsthi: rahayuning jêjodhoan. Ingkang makatên wau sampun salêrêsipun, awit anjodhokakên anak punika pancèn gawat kaliwat-liwat, sisip-sêmbiripun yèn kirang kalêrêsan, asring damêl ribêding tiyang sêpuh ing salami-laminipun. Paribasanipun: luput sapisan, bênêr sapisan. Kosokwangsulipun yèn kalêrêsan, punika sagêd damêl raharjaning bêbrayan ing salaminipun.

[Grafik]

Biyang Marta Sleman.

Nanging punapaa, sampun mawi srana, cara-cara, sarat rukun ingkang ampuh-ampuh makatên, anggènipun jêjodhoan, taksih kathah jalêr lan èstri sami cêcongkrahan, bence-cèwèng[4] ingkang nukulakên pasulayan, purikan, tilar-tinilar salajêngipun. Kadospundi sagêdipun nêtêsi ing pangèsthi tuwin idham-idhamanipun para sêpuh wau. Botên sanès marginipun, jalêr tuwin èstrinipun sami ngudia, anggènipun bêbrayan abale griya, sagêda anglênggahi, panguwaosing piyambak-piyambak.

Sadaya para manusa punika, botên pilih pangkat agêng utawi alit, sami anggadhahi panguwaos, ingkang botên sami. Dene panguwaos-panguwaos wau, manawi kalintokakên ing sanès, utawi dipun têmbalakên, tamtu botên sagêd tumindak, alias bibrah. Upami: panguwaosipun mantri pêrplèkêr kalintokakên panguwaosipun mandhor ratan, la, wurung dandanan sadaya. Têrkadhang tiyang sakit padharan, dipun ombèni aspal. Namdhal[5] ratan kalihan bur salêp. Panguwaosipun tiyang jalêr kalintokakên tiyang èstri, punika inggih nyulayani. Pak Marta blănja butuh mênyang pasar, anggendhong

--- 54 ---

gok,[6] kêlan, ngliwêt, ambathik. Bok Marta mênyang sawah manggul waluku dicanthèli pacul karo anggirèkake kêbo, punika tamtu dipun lokakên ngakathah.

Tumindaking praja ingkang sae pranatanipun, tamtu sagêd têntrêm lan rêja. Têgêsipun: sadaya ingkang mranata ngasta paprentahan, tuwin ingkang dipun tata, sami nglênggahi hakipun piyambak, botên wor-suh têmpil-tinêmpil panguwos.[7] Nanging têrkadhang ingkang tinata punika kajêngipun badhe ngêmori nêmpil panguwaosipun ingkang mranata, ing ngriku lajêng andadosakên bèncèng-cèwèng. Kosokwangsulipun ingkang tukang mranata, inggih kêdah adil sarta nglênggahi panguwaosipun ingkang têtêp. Upaminipun: Tukang nyapu ratan, lajêng nyêtop pit tanpa plombir.

Badhe kasambêtan,

Biyang: Marta Sleman.

Bab Olah-olah

Jongkong (Irêng-irêng)

Glêpung uwos dipun kêpêli lajêng dipun bêthak. Manawi sampun matêng dipun tumplak lajêng dipun jur. Yèn sampun asrêp dipun ulèni mawi langês, lan santên ingkang sampun kagodhog lan gêndhis sarta sampun asrêp. Yèn galêpungipun mêntah santênipun kêdah bêntèr. Anggènipun ngulèni ngantos sangêt, utawi satêngah matêng. Jladrènipun kados jaladrèn srabi. Lajêng dipun wadhahi ing cithakan ingkang sampun kaosèr-oseran lisah utawi kalambaran godhong pisang. Nuntên kalangsêng ngantos matêng (kalis).

Pandamêlipun langês: Sêpêt, utawi kulit durèn garing dipun bêsmi ngantos dados arêng, lajêng dipun gêrus lêmbat, kaparingan toya sakêdhik dipun saring.

Lapis Têlês

Pandamêlipun kados jongkong, namung langês kasantunan warni abrit (angkak), ijêm (godhong pandhan wangi), biru (sêkar têlêng) sarta panglangsêngipun dipun sap-sap, utawi dipun lapis. Lapisan ingkang sapisanan kêdah matêng sayêktos lan tanak, dados kêdah dangu, mangke sanèsipun sagêd enggal matêngipun lan tipis.

Ondhe-ondhe

Tigan dipun ublak kalihan gêndhis sacêkapipun, kaparingan galêpung kêtan, lajêng dipun ulèni (dipun cêprot) ugi kenging dipun gêblog, ngantos mulur sangêt. Mundhuta jaladrèn sakênèkêr dipun tipisakên ing têngah kaparingan kumbu utawi êntèn-êntèn. Dipun galindhingi lajêng dipun intêri ing tampah ingkang sampun wontên wijènipun. Manawi sampun gabul wijèn lajêng kagorèng.

Pandamêlipun kumbu: kacang wose, dipun gorèng sangan, dipun sosoh, lajêng kagodhog ngantos êmpuk kaparingan godhong pandhan wangi. Dipun dhêplok mawi gêndhis salêginipun, nuntên dipun galindhingi sapantêsipun.

Manawi kacang ijêm, anggènipun nosoh mawi mêrang.

Suntariyati. Blora.

--- 55 ---

Dhukun Bayi

Wontênipun ing jaman samangke, dhukun bayi punika wontên kalih golongan, inggih punika: ingkang botên pikantuk piwulang, limrahipun dipun wastani: dhukun Jawi, saha ingkang pikantuk piwulang, dipun wastani vrudvro.

[Grafik]

Nyai Darmaprawira.

Mênggahing biyung, nglairakên jabang bayi punika sampun dados kuwajibanipun. Sêsanggèn ingkang kados makatên wau rêkaos, awit manawi botên kalêrêsan sagêd ambêkta nyawa, dados dede prakawis baèn-baèn. Jalaran saking punika amila prêlu sangêt ingatasipun anglairakên jabang bayi punika angsal pitulungan saking dhukun bayi ingkang mangrêtos, supados sagêd mayarakên rêkaosipun ingkang nglampahi wilujêng ing sapanginggilipun.

Kula punika sampun sêpuh, anak kula kathah, ingkang sabagean agêng lairipun dipun pitulungi dhukun Jawi, jalaran kula tansah dêdunung ing papan ingkang sêpên, sabagean alit sarana pitulunganipun vrudvro, dados sagêd ambedakakên pundi ingkang langkung mayar saha sakeca, jêr kalih-kalihipun angawaki. Kadospundi pratikêlipun pun dhukun anggèning têtulung, kalih pisan kula andharakên ing udyananing Kajawèn ngriki, ambokmanawi sagêd migunani ingkang karsa manggalih.

Kalanipun kula dipun pitulungi dhukun Jawi, sasampuning wêtêngan kula dipun tingali, lajêng kalêrêsakên pundi ingkang dèrèng lêrês. Sarêng sampun abêbadra, kula kapurih linggih sluku, majêng miturut petanganipun nyai dhukun. Semah kula linggih dhingklik utawi pithi wontên ing sawingking kula cakêt, kula sèndhèni, punika namanipun nyundhang.

Nyai dhukun linggih ing satêngên kula, sampun sêdhiya pangaron isi toya, kacêmplungan tigan mêntah satunggal, kunir sairis, sêkar saha arta 2 sèn. Ing nalika punika samukawis ingkang mawi tutup dipun bikaki, dêdamêl ingkang mawi răngka dipun unusi, para ingkang nênggani rasukanipun botên kenging dipun bênikakên utawi dipun pênitèni. Ujar gugon-tuhon anggangsarakên lairipun jabang bayi. Manawi uwat, kula kapurih ngrangkul guluning semah kula, supados kiyat, suku kula dipun jagi tiyang satunggal.

Saspuning[8] jabang bayi lair, kula kapurih ngaso sakêdhap, sanginggiling wêtêng kaambênan sêtagèn ingkang kêkah, kuwatos yèn ari-arinipun munjuk, niwasi. (Makatên wau manawi wêdaling jabang bayi botên sarêng kalihan ari-ari). Sarêng sampun ngaso, uwat malih ngantos mêdalipun ari-ari. Kula ngaso malih, nyai dhukun angupakara pun jabang bayi ngantos sarampungipun. Sasampuning napas kula aring, kula kapurih tilêm mêngkurêb, dipun idak-idak alon dening semah kula mawi suku satunggal, purihipun anuntasakên êrah ingkang awon. Watawis saprasakawan [sapra...]

--- 56 ---

[...sakawan] jam tangi, santun sinjang, tumuntên adus dhatêng jawi, parêman pisan. Mêntas adus malêbêt ing griya, tansah dipun jagi, nglangkahi sapu mêrang ingkang kabêsmi, ngantos ambal kaping tiga. Manawi pinuju makatên badan kula gumêtêr, panon kula sok lajêng sumrêpêt. Kula lajêng mapan tilêman ing papan ingkang sampun kasêdhiyakakên, bantalipun tumpuk-tumpuk ngantos inggil, dados tilêm kula sèndhèn, suku mancad ing pancadan sela utawi pipisan, makatên wau ngantos sawatawis dintên laminipun. Nêdha kula namung lawuh garingan saha kuluban.

Sanadyan sabên-sabên ingkang mitulungi kula punika dhukun Jawi, ewa samantên loking ngakathah sagêd gangsar tanpa sambekala, ngantos andadosakên pêpenginaning ngakathah. Sababipun punapa kula piyambak botên mangrêtos, kajawi namung Gusti Allah ingkang ngawekani.

Badhe kasambêtan.

Nyi Darmaprawira.

Sinjang Parangkusuma

Kados ingkang sampun nate kapratelakakên ing ngajêng, bangsaning sinjang parang-parangan punika garis miring, tumraping praja Kajawèn dados awisan, tuwin ingkang dipun wênangakên mangagêm namung para bêndara.

Sarèhning awisan wau namung tumindak wontên ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta, tuwin kêncênging awisan wau kala jaman rumiyin, mila pinanggihipun wontên ing sajawining nagari kêkalih wau sumêbar sangêt. Awit, kajawi botên wontên awisan, ing salugunipun bangsaning sinjang parang-parangan punika pancèn sae, umumipun dipun rêmêni ing tiyang. Ewasamantên tumrap raosipun băngsa Jawi, mangangge sinjang parang-parangan sowan dhatêng pangagêng, taksih wontên raosipun rikuh.

Mênggah bakunipun sinjang parangkusuma punika inggih sinjang parangrusak limrah, namung ing lêrêsing tembokan lajêng dipun pêcah-pêcah, ing ngriku lajêng wujud isi sogan.

[Grafik]

Pantêsipun sinjang Parangkusuma punika dados agêm-agêmanipun wanita, dipun agêmana rasukan punapa kemawon pantês.

--- [0] ---

 


sinau. (kembali)
iya. (kembali)
saiki. (kembali)
bèncèng-cèwèng. (kembali)
nambal. (kembali)
tenggok. (kembali)
panguwaos. (kembali)
Sasampuning. (kembali)