Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 67, Stu Pa, 23 Jumadilakir Jimawal 1869, 20 Agustus 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Perekonomian Ra'yat - Darmawisata - Tuntunan Nyinau Nabuh Găngsa - Kasangsaran ing Jêpan - Mêncarakên Têtuwuhan Sarana Peranganing Wit - Angsal-angsal saking Kêkesahan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Pêpêring Ngakal Budi

Ing pangungsêt sampun kêrêp ngraosi ing bab ngakal budi botên dumugi kangge anggagapi luhur tuwin lêbêting ngèlmi kabatosan. Ingkang makatên wau salugunipun têmbung lacut, tuwin lajêng katingal araos ngrèmèhakên ngakal budi. Saya tumrapipun para ingkang pancèn lêpas ing ngakal budi, tamtu lajêng malengos, nêtêpakên dhatêng lacuting ginêm wau. Saha lajêng purun ngêpak, bilih rêmbag wau tanpa pathokan. Pangintên kados makatên wau pancèn sampun mapan.

Nanging mênggahing kajêng wontênipun ngakal budi lajêng dipun kiyas, botên andumugèkakên tekad, punika saking pun ngakal budi punika sok gadhah watak anggêp-anggêpan. Upaminipun ingkang gampil inggih kados ing bab watêk angêpak wau, ing ngriku lajêng pêcah warni kalih, manawi mirid kasarasaning ngakal budi: sampun lêrês, dene botên cocog kalihan nalaripun, punapa inggih tiyang sampun pangajaran, botên muluk ngakal budinipun. Sapunika tumrap ngakal budining kaalusan, tamtu botên purun gadhah tindak ngêpak punika, awit pangêpak wau têgês ngêpak badanipun piyambak, dados alusing ngakal budi têrus gêsang.

Sapunika kadamêlakên pasaksèn malih, ngakal budi kasar dipun bên kalihan ngakal budi alus. Pun kasar wontênipun namung melik, pangrantaming bados[1] namung ngangkah ingkang sarwa langkung, yèn lèrèg dhatêng kalangkungan, inggih sagêda: banyu dipandêng bisa umob, sapanunggilanipun. Manawi dhatêng kawêkasan, sagêda manggèn wontên ing papan ingkang pucak piyambak. Pangajab ingkang kados makatên punika adhakan kenging daya panarik, ingkang malah lajêng nyulayani dhatêng anggèning ngrumaosi gadhah ngakal budi linangkung, tandhanipun lajêng kêsulap ing daya sanès. Dene sababipun botên sanès: saking kagêngên melik.

Balik ngakal budi dhatêng kaalusan, inggih namung têrus alus kemawon, saupami kêtuwuhan kamelikan, nama lajêng santun drajating ngakal budinipun.

Kadospundi.

Cêkruktruna.

--- 1038 ---

PEREKONOMIAN RA'JAT

Ing wulan punika Bale Pustaka ngêdalakên pinton kalawarti basa Malayu nama Perekonomian Ra'jat. Dene wêdalipun wiwit benjing wulan Januari 1939. Kalawarti wau isi babagan ekonomi ingkang sakalangkung migunani tumraping rakyat, awit kathah bab-bab ingkang salugunipun dèrèng dipun sumêrêpi yêktos ing umum, măngka bab ingkang makatên punika, salugunipun tumrap rakyat sampun sêsenggolan, têgêsipun sampun anglampahi, nanging dèrèng cêtha tuwin dèrèng sumêrêp kajêmbaranipun ekonomi, inggih punika ingkang badhe mikantuki ingatasing pangudi dhatêng tata têntrêming panggêsangan, anjêmbarakên têbaning pangupajiwa. Makatên ugi kathah bêbadan tuwin pakaryan ingkang ngêmori damêl babagan punika, kados ta: Landbouwvoorlichtingsdienst, Binnen Visscherij, Veeartsenijkundige Dienst, Afd. Nijverheid, Dienst voor Cooperatie en Binnenlandsche Handel tuwin sanès-sanèsipun.

Cêculikanipun sawatawis: upaminipun bab lombok, punika sintêna kemawon tumraping tiyang siti inggih sampun mangrêtos dados kabêtahaning ngakathah, tuwin dados satunggiling padagangan. Nanging kadospundi caranipun tiyang nanêm tuwin dagang lombok, panyadenipun dhatêng pundi tuwin kadospundi cara-caraning pangupakaranipun, ing ngriku lajêng kathah ingkang dèrèng mangrêtos. Măngka ing Perekonomian Ra'jat nêrangakên ing bab babagan kados makatên punika. Dados nyata bilih Perekonomian Ra'jat punika dados kalidamaripun rakyat.

Kalawarti Perekonomian Ra'jat punika wêdalipun kalih minggu sapisan, rêginipun ing dalêm sêtêngah taun f 0,60. Ing sapunika wêdalipun sawêg kadamêl 8 kaca, samăngsa lênggananipun kathah, dipun indhaki kacanipun.

Tumrap para lêngganan Kajawèn, manawi mundhut kalawarti punika, namung dipun rêgèni f 0,25 ing dalêm 3 wulan. Mila botên dipun aturi lêlahanan, amargi rêgining Kajawèn sampun sakalangkung mirah.

Kajawi punika manawi pancèn nyata dipun bêtahakên ing ngakathah ngangge basa Jawi, ugi badhe kawêdalakên ing basa Jawi.

[Iklan]

--- 1039 ---

[Iklan]

Darmawisata

Sambêtipun Kajawèn nomêr 66.

Jam 3 siyang pangkat dhatêng Batawi, dumugi jam 4.15. Bogor - Batawi têbihipun 59 km. Jam 5.30 ningali Dierentuin. Wontên Bêtawi katampi sadhèrèk P.G.I pang Batawi, dipun pangajêngi Tuwan R.B. Wira Atmadja. Pondhokan wontên ing sêkolahan Taman Siswa ing Kêmayoran.

Dintên Slasa enjing jam 7.15 dintên Tanjungpriuk, saking Kêmayoran numpak sêpur lêstrik, sakêclapan sampun dumugi sêtatsiun Tanjungpriuk Zandfoort. Dhatêng plabuhan nomêr I ningali baita Melchior Treub. Ningali papan patilêman klas satunggal, kamar nêdha, kamar sês, pawon, kamar wedang, kamar opsir, papan nyêtir, lan pandom.

Saking plabuhan dhatêng aquarium ing Pasar Ikan, lajêng dhatêng Bale Pustaka, kalantarakên Tuwan Sumantri, katampi Tuwan Sutan Pamuncak. Kairid ing kamar bibliotik, kamar administrasi, klisekamêr, pèrês, opêrsih, kamar ngadrèsi, gudhang buku, gudhang dlancang, pangêcapan, pandamêlipun aksara, lan pirantos kangge ngundhi lotre. Wangsul malih dumugi ing kamar bibliotik. Miturut grapik panyadean buku ingkang kathah piyambak taun 29. Sadaya wau katêrangakên kanthi gamblang. Dumugi papan panyadean buku, wontên ngriku kathah sadhèrèk ingkang sami tumbas buku, prêlu kangge angsal-angsal.

Saking ngriku ningali museum, kathah barang-barang ingkang [ing...]

--- 1040 ---

[...kang] wêwah, upami gambaripun tiyang ingkang manggèn ing tanah ngriki, piring-piring utawi êncèh bangsanipun porsêlin. Băngsa èrt, jêdhing-jêdhing kina, lajêng dhatêng museum dagang, inggih punika museum wulupamêdal ing tanah ngriki, ingkang saking sabin, têgil sarta wana.

[Grafik]

Warganing darmawisata wontên Bale Pustaka.

Enjing jam nêm sampun sami samêkta badhe bidhal wangsul dhatêng Têmanggung, mêdal Cirêbon tuwin Sêmarang.

Bêtawi-Cirêbon 249 km, Cirêbon-Sêmarang namung 234 km, Sêmarang-Têmanggung 79 km. Nalika badhe pangkat wangsul, watawis jam pitu, Tuwan R.B. Wiraatmaja mêdhar sabda, wilujêng pangkat. Lajêng katampi pangarsaning darmasiwata matur nuwun ing sadayanipun. Rata bis lajêng anggêrêng ngambah ing margi aspalan. Lampahing rata kados kasawat-sawatna anglangkungi Krawang, Cikampèk. Dumugi ing Cirêbon jam 2 siyang. Ngaso sakêdhap wontên ing restoran prêlu ngisèni bransêtop. Sasampunipun sami gagah, rata anggêrêng malih langkung Brêbês, Têgal, Pamalang, Pêkalongan. Wontên ing Pêkalongan sampun jam 6, sêsawangan sagantên anggugah dhatêng sênênging manah, toya ing sagantên ingkang têbih katingal biru, dene ingkang wontên ing pinggir ijêm. Watawis jam 8.30 dumugi ing Sêmarang. Wontên ngriki ngaso prêlu mancal kêmul, rata ugi ngêlak nêdha ngombe. Jam 9.30 bidhal dhatêng Têmanggung kanthi sêsêng-sênêng,[2] têtêmbangan, rêngêng-rêngêng tuwin tunilan, sasampunipun jam 11-san dumugi ing Têmanggung. Minăngka tancêp kayon lajêng puji-pinuji sugêng pêpisahan.

Pêr.

Pawartos saking Redhaksi.

Mas Sastrasandirana Sandirene. Manawi badhe manjurung botên wontên pakèwêdipun. Pangintuning karangan prayogi sarana document, dipun ngalamatna dhatêng redactie Kadjawen.

K.391. Prayogi kintuna sêrat dhatêng R.M.Ng. Dutadilaga Surakarta. Sla, Pa, (lêrêsipun Rê. Kli). 4 Sura Dal 1901, punika dhawah taun 1831 wuku Maktal, Wurukung 24 Alip.

K.358 ing P. Kaparêng panjênêngan badhe manjurung dhatêng Kajawèn, katampi kanthi bingahing manah. Prayogi kasêrat aksara Jawi, botên prêlu rangkêp, kasêrata namung sawalik. Kakintuna lumantar document.

K.5346. Ing P. Ju, Pn, Nopèmbêr 1910 dhawah tanggal 11 Walandi, 8 Dulkangidah Be 1840. Ju, Lê, Dhesèmbêr 1910 dhawah tanggal 16 Walandi, 13 Bêsar Be 1840. Ju, Pn, Dhesèmbêr 1924 dhawah tanggal 5 Walandi, 7 Jumadilawal Dal 1855 wuku Manail măngsa kanêm.

K.5420. ing C. 24 Rêjêb Jimakir 1818 dhawah Sla Wa, wuku Maktal 26 Marêt 1889.

K.1909 ing M. Kê, Pa, Bêsar 1848 (1917) dhawah 1 Bêsar Be, 18 Oktobêr.

R.C.S. ing S. Babagan kados makatên punika sampun kathah ingkang nganggit, malah sampun wontên ingkang kawêdalakên dados buku, dene wohipun botên wontên.

--- 1041 ---

Kagunan Jawi

Tuntunan Nyinau Nabuh Găngsa.

Ginêmanipun Dèn Apa kalihan Dèn Iya.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 65.

A: E la manawi makatên, suwaraning kêndhang 16 warni wau sajak botên angèl panyinaunipun, awit sampun katawis cêtha satunggal-satunggaling swaranipun, ingkang makatên wau tumrap ingkang sampun sagêd ngêndhang lajêng saya mayar sangêt anggènipun ngajarakên dhatêng ingkang dèrèng sagêd. Awit saking makatên, sarèhning kula inggih sampun ragi sagêd ngêncêngi kêndhang lan inggih gadhah kêndhang, adrênging manah kula, bok inggih panjênêngan ngrêtosakên patraping panêbak dhatêng wacucaling kêndhang, supados sagêd nyinau piyambak.

I: Panjalukmu mangrêti marang pangêbuking kêndhang iku jênêng ngluwihi saka tuntunan kang wis kasêbut ing dhuwur iku, ananging sarèhne kowe adrêng, ya bakal takpituruti, nanging yèn ana ruwêting katrangan, ya aja dadi atimu.

A: Botên kamas, janji panjênêngan pêndhêtakên ingkang gampil-gampil, rak inggih botên badhe ngruwêtakên panampi kula.

I: Patraping tangan kang gawe suwara ing sisih kiwa iku mangkene: yèn gawe suwara tong iku pucuking driji têngah ditèmplèkake pinggiring lulang kang sisih dhuwur kêpara mlêbu, yèn ngarah sêru kudu pucuking driji têngah lan driji manis ditèmplèkake barêng, nganggo dipitulungi nèmplèking èpèk-èpèk têngên ing lulang têngên. Yèn gawe suwara tak, sawise lulang têngên dipèpèt tangan têngên, banjur tangan kiwa kang ngrapêtake driji panuduh têngah lan manis, ditêbakake lulanging kêndhang kang kiwa kapara têngah rada ngisor, anggone nêbakake disêndhal pancing. Yèn gawe suwara dang patraping tangan kiwa kaya gawe suwara tak, nanging nganggo dipitulungi panêbaking tangan têngên kang lirih bangêt, pênêre panêbak têngên iku kapara mlêbu. Yèn gawe suwara tung, pucuking driji têngah kang kiwa, ditamplèkake têngahing lulang kiwa kapara dhuwur, nanging ya kudu dipitulungi mêkroking tangan têngên kang jênthike lan jêmpole, lan sangarêping ugêl-ugêl padha ditèmplèkake ing lulanging kêndhang kang têngên kapara têngah, dadi wujuding tangan têngên nyêkêdhung. Kaya mangkono suwaraning kêndhang kang katindakake ing tangan kiwa anggone gawe suwara tong, tak, dang, tung, dene kang katindakake ing tangan têngên anggone gawe suwara bêm, dhung, trêt, bêhêp, mangkene: yèn gawe suwara bêm, driji panuduh têngah lan manis kudu rapêt kêncêng, jêmpole rada ngadêg bêngkêluk, banjur ditêbakake lulanging kêndhang kapara mundur, poking èpèk-èpèk aja nganti ora tumumpang wêngkuning kêndhang, sawise nêbak kudu diinggati, dadi ora têrus tumèplèk lulanging kêndhang, yèn arêp gawe suwara bêhêp, ya kaya gawe suwara bêm, nanging tangane banjur dikêsutake maju mênêt. Yèn gawe suwara dhung, sawise jêmpole [jêmpo...]

--- 1042 ---

[...le] ditèmplèkake lulang kapara têngah dhuwur, banjur driji panuduh lan manis sajênthike ditamplèkake munggah. Yèn gawe suwara trêt, jêmpole uga ditamplèkake, banjur panuduh lan driji têngah ditamplèkake mincang, dadi ora barêng tumibaning marang lulang, pênêre kang ditamplèk, ya kapara têngah. Kaya mangkono kang katindakake ing tangan têngên, anggone gawe suwara bêm, bêhêp, dhung, trêt. Saiki banjur tumindaking tangan kiwa têngên kang gawe suwara: blang, blong, klung, thut, ndot, ndat, plag, blag, iku wijanging panindak mangkene: yèn gawe suwara blang, iku kaya gawe suwara dang, nanging panêbaking tangan têngên kudu andhisiki, lan sêru lirihe padha lan panêbaking tangan kiwa. Yèn gawe suwara blong, kaya gawe suwara bêm kang dibarêngi suwara tong, nanging bêm-e ya andhisiki, yèn gawe suwara klung, kaya gawe suwara dhung dibarêngi driji têngah tangan kiwa ditamplèkake kapara têngah dhuwur. Yèn gawe suwara thut, kaya gawe dhung dibarêngi pangêsuting driji têngah kiwa dikêsutake maju mudhun mênêt. Yèn gawe suwara êndot, kaya gawe suwara blong, nanging tangane têngên dikêsutake maju mênêt (dadi kaya bêhêp, kang dibarêngi tong), yèn gawe suwara êndat, patraping tangan têngên iya mangkono, nanging dibarêngi tak ing tangan kiwa. Yèn gawe suwara plag, tangan kiwa nêbak kapara mandhuwur dibarêngi tangan têngên nêbak kapara têngah, nanging panêbake kiwa têngên mau kudu têrus ditèmplèkake lulang. Yèn gawe suwara blag, padha bae karo gawe plag nanging tangane kabèh kapara mudhun. Kabèh suwaraning kêndhang 16 warna kang kasêbut dhuwur iku, yèn kang nyinau lagi wiwitan, kang akèh suwarane durung bisa tètèh cêtha, nanging yèn dikulinakake banjur saya bisa tètèh cêtha, awit tètèhing suwara iku ya gandhèng lan kaprigêlaning tangan. Badhe kasambêtan.

Kodrat, ing Batawi Sèntrêm.

Pawartos saking Rêdhaksi

K.3068 S. Pamundhut panjênêngan kenging. Ingkang agung ing pangapuntên.

K.2053 ing K. I Tumrap panggambar ingkang kados karsa panjênêngan, limrahipun sawêg pinanggih ing pabrik-pabrik. II Dèrèng wontên, nanging ingkang basa Walandi wontên, nama Modeblad, mêdalipun sawulan sapisan. Ingkang sade Kolff ing Batawi. 1 buku rêgi 40 sèn.

K.385 ing L. 17 Pèbruari 1890 dhawah Stu, Kli, wuku Warigagung.

K.2447 ing Dj. W. a taun 1837 dhawah Jimawal, sanès J. b 14 Rêjêb 1861 dhawah 6 Sèptèmbêr 1930. c Stu, Wa, 20 Rêjêb 1863 Dal, dhawah 19 Sèptèmbêr 1932.

K.939 ing B. Sn, Wa, Sapar, taun Walandi 1874 dhawah tanggal 11 (Sapar) taun Alip 1803 utawi 30 April. Buku bab dhuwung botên wontên.

Tuwan Sl. ing S. Karangan panjênêngan punika sampun sami kagayut wontên ing ariwarti. Pancèn karangan makatên wau mapanipun kapacak wontên ing ariwarti.

K.396 ing K. Kê, Pn, Mulud 1847 Dal, dhawah tanggal 22 Jawi tuwin 18 Januari 1917.

Tuwan S. ing Timuran, adrèsipun inggih kados ingkang kacêtha ing Kajawèn.

K.928 ing Ng. 1 Bakdamulud Alip 1827 dhawah 30 Agustus 1897.

Lêngganan nomêr 4515. Pariwara nomêr 10 sampun mêdal, panjênêngan inggih sampun dipun kintuni. Wêling buku ngantos rêrêgèn f 1.- samangke sampun botên pikantuk prêsenan buku, awit buku-buku ingkang kasadhiyakakên kangge prêsenan sampun têlas. Dhaptar buku-buku basa Jawi 1938, sawêg kaêcap. Cariyos Tarzan kêthèk putih sadaya wontên tigang jilid, gunggung rêgi f 1.20. lajêng dipun sambêti cariyos Tarzan Bali 3 jilid gunggung rêgi f 1.20.

--- 1043 ---

Kasangsaran ing Jêpan

Sami-sami nagari, Jêpan punika kêrêp wontên kasangsaran agêng, kados ta lindhu, prahara, bêna tuwin sanès-sanèsipun. Ing kalanipun wontên sabab wau adamêl kasangsaraning ngakathah, punapadene karisakan.

[Grafik]

Kala têngah-têngahaning wulan Juni tuwin têngah-têngahaning wulan Juli kêpêngkêr, ing Jêpan kêtêmpuh ing bêbaya jawah dêrês tuwin prahara ngantos pintên-pintên dintên, jalaran saking gênging jawah wau andadosakên bêna agêng, angêlêbi kitha Tokio, makatên ugi kitha Osaka. Dene ingkang kêtênggêl yêktos ing Kobe. Kapitunanipun kintên-kintên atusan yuta yèn, tiyang ingkang kêblabak atusan.

[Grafik]

Mênggah wujuding kasangsaran wau kados ingkang kacêtha ing gambar-gambar ing nginggil piyambak, satunggiling praoto ingkang kèli ing toya bêna, saasating toya pinanggih kêblêsêg ing êndhut. Gambar ngandhapipun: satunggiling panggenan ingkang kathah piyambak tiyangipun ingkang tiwas. Gambar sisih kiwa, tilas wujuding punapa-punapa ingkang larut dening toya. Kados para maos sagêd anggalih piyambak dhatêng gênging kasangsaran wau.

--- 1044 ---

Kawruh Sawatawis

Mêncarakên Têtuwuhan Sarana Peranganing Wit.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 61.

[Grafik]

Cangkokan.

Matrapipun tiyang nyangkok punika makatên: sasampunipun angsal pang ingkang dipun kajêngakên, ing panggenan ingkang sampun katamtokakên ing sisih nginggil, dipun kêrêt mubêng ngangge lading ingkang landhêp, pangêrêtipun sampun ngantos mèncèng. Antawis kalih utawi tigang sènti mètêr saking kêrêtan nginggil punika, ing ngandhap inggih dipun kêrêt malih. Ing antawisipun kêrêtan kalih punika wau lajêng dipun klèthèk kulitipun, tumuntên dipun kêrik yiyidipun ngantos rêsik babarpisan katingal pêthak. Sasampunipun kakêrik lajêng dipun lêrêmakên watawis kalih dintên. Lajêng pados sêpêt dipun bucal kulitipun jawi, dipun thuthuki ngantos lêmês prêlu kangge amblêbêd cangkokan wau.

Yèn kêrikan sampun lêrêm watawis kalih dintên, sêpêt wau dipun tata mubêng wontên sangandhapipun kêrikan ngandhap, sêpêt ingkang badhe wontên ngandhap katata sangandhaping kêrikan cakêt, tumuntên dipun tangsuli ingkang kêncêng. Sêpêt wau lajêng dipun tlakupakên manginggil sarta dipun isèni siti, siti ingkang kangge ngisèni wau kêdah siti ingkang mawur, sampun ngantos dipun isèni siti lincat. Yèn isinipun siti lincat sok mlêthak, samăngsa sampun mêdal oyodipun sok sami tugêl. Sêpêt ingkang nginggil lajêng dipun tangsuli wontên sanginggilipun kêrêtan nginggil. Mênggah ingkang kangge tangsul punika prayogi ngangge duk, jalaran duk punika botên gampil bosokipun.

Sarana patrap ing nginggil punika, tangsul ingkang ngandhap botên katingal, awit lajêng dumunung ing nglêbêt. Ingkang katingal namung tangsul ingkang nginggil. Wontên ugi ingkang sok nyangkok tangsulipun ngandhap nginggil katingal, [ka...]

--- 1045 ---

[...tingal,] nanging patrap punika kirang sae, napa malih manawi kangge padagangan kirang pajêngipun, awit wujudipun botên nyênêngakên.

Wontên ugi tiyang ingkang sok nyangkok ing măngsa katiga, ing sanginggilipun buntêlan siti dipun dèkèki bumbung isi toya, dipun tangsulakên ing pangipun. Ing bumbung sisih ngandhap dipun bolongi ngangge paku supados toya sagêd nètès, dados sitinipun ajêg têlês sarta botên sabên-sabên nyirami. Manawi toya ing bumbung sampun asat lajêng dipun isèni toya malih.

Yèn sampun sawatawis wulan, cangkokan wau lajêng dipun tuwèni, manawi sampun katingal pating panthingil oyodipun, cangkokan wau kenging lajêng dipun kêthok, sampun ngêntosi oyodipun ngantos panjang, awit yèn dipun tanêm lajêng sami tugêl. Pangêthokipun kêdah alus sarta alon, sampun ngantos mêdhotakên oyot, prayogi pangêthokipun ngangge graji. Pangêthokipun sampun katêbihên saking siti, jalaran yèn katêbihên manawi dipun tanêm lajêng bosok, trêkadhang bosokipun mrèmèn-mrèmèn. Prayogi pangêthokipun sampun dipun babarpisanakên, saenipun sapratiganipun rumiyin, prêlunipun oyodipun sinau nyêrot têdha lan toya saking siti ngriku, botên tansah angsal têdha lan toya saking witipun. Sawatawis dintên malih dipun kêthok sapratiganipun, tumuntên dipun kêthoki babarpisan.

[Iklan]

Sadèrèngipun dipun tanêm langkung sae cangkokan wau dipun dèkèk ing panggenan ingkang ayom rumiyin sawatawis dintên, lajêng nêmbe kenging katanêm ing lalahan. Ing nalika dipun tanêm, godhong, pêntil sarta sêkaripun dipun bucali sawatawis. Ing măngsa katiga saenipun dipun tanêm ing pot rumiyin, dipun dèkèk ing panggenan ingkang ayom, lajêng nêmbe katanêm ing lalahan. Badhe kasambêtan.

Rutam (R.T. Adisumarta).

N.Scr. Purbalingga.

Pawartos saking Rêdhaksi

K.5219 ing T.P. Panjurung bab Singgapura, sampun nate kapacak ing Kajawèn. Prayogi ngarang sanèsipun kemawon, nuwun.

R.T.H.P. ing S. Karangan sampun katampèn, nuwun. Samăngsa kapacak ingkang badhe kapetang, ingkang ngajêng botên.

K.2777. Wetboek sade, rêgi f 2.50, sanèsipun botên. Bab walur dèrèng wontên katrangan ingkang cêtha.

K.3066 ing P. Sla Wa 4 Sura 1832 utawi 21 April 1901, lêrêsipun A, Wa, 4 1832 utawi 13 April 1901.

K.3840 ing W.R. Sn, Lê, salêbêting wulan April 1926 dhawah tanggal 9 April utawi 14 Sapar Ehe 1836.

--- [1046] ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Angsal-angsal saking Kêkesahan

VIII.

Petruk : Kang Garèng, kaya-kaya wis cukup anggonku ngobrolake ing bab kaanane ing Kudus. Ing sarèhne tanggal 13 Juli aku kapêksa kudu ana ing Ngayoja, tanggal 12 ing wanci sore aku wis kukut-kukut nêdya budhal. Wis mêsthi bae yèn arêpe pangkat, aku kêtêlu anglairake gênging panuwun nyang ndara dhoktêr sakalihan nganti rete-rete bangêt, dene ana ing kono aku kêtêlu ditămpa kanthi rênaning panggalih, diparingi papan anglêgoso mêndut-mêndut, diêmpani, lan diplêsir-plêsiake nganggo otone nganti kêmput.

Garèng : Tur tanpa cucul rini...

Petruk : Hla kok ngisin-isini, Kang Garèng, Nèk adhimu kuwi mêsthi prawira. Bênêr aku rong dina ditămpa kanthi bêcik bangêt dening: ndara dhoktêr sakalihan, dadi aku rumasa utang budi marang panjênêngane sakalihan, walêsku iya nyaur budi, Kang Garèng. Sanalika kono aku iya banjur kontan nyaur bae, yaiku aku nyaguhi anggawa titipane dèn ayu dhoktêr wujud: Jênang Kudus sasayahira, rokok krètèk pirang-pirang pak, lan êmbuh apa manèh, ora pati kêcathêt ing pikiran. Mara, waragade ngusang-ngusung barang titipane mau pira bae, Kang Garèng...

Garèng : Wèh, hla nèk titipane sathekruk mêngkono, aku iya ngandêl, yèn pambayarmu nyang kuli sing anggawa ora sêthithik. Mungguh titipan mau kanggo sapa, Truk.

Petruk : Ya kanggo aku lan rayimu makne kamprèt.

Garèng : Wong sêmbrana ane, kuwi rak jênêngane rak malah disangoni. Wis, ora susah omong kosong mêngkono, saiki banjurna dongenganamu.

Petruk : Lakuku saka Kudus nyang Ngayoja ora prêlu takandharake nganti nglawèr, ing kene sing prêlu takcaritakake, yèn tanggal 13 Juli mau aku kêtêlu padha pêpisahan. Rayimu makne kamprèt mênyang Magêlang, Bu Mar têrus mênyang Gombong, dene aku dhewe, saka kumudu-kudune nglakoni ayahaning nagara, kapêksa kudu ana ing Ngayoja. O alah, rasaning atiku nalika arêp pisah karo rayimu, sumêdhot lan sar-saran, awit bakal... bisa plêsir sakarêp-karêp.

Garèng : Wong ora gênah, takarani susah sabab arêp pisah, jêbul sajak bungah mêngkono, banjur ana ing Ngayoja kowe anu apa, Truk.

Petruk : Kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, nalikane aku ana ing Kudus, aku nămpa tilgram saka tuwan kontrolir ing dhepartêmèn B.B. ing Batawi, supaya tanggal 13 Juli aku bisaa ana ing Ngayoja. Wêlinge ing ngarêp, yèn aku anggolèki panjênêngane ing dalêm [da...]

--- [1047] ---

[...lêm] kontroliran pangrèh praja ing Ngayoja kono. Têkaku ing Ngayoja kira-kira jam 8, lan sanalika iku aku tilpun nyang dalêm kontroliran anakokake tuwan kontrolir sing saka Batawi mau. Aku tămpa wangsulan: Kangjêng tuwan kontrolir kalih-kalihipun sampun tindak sadaya, dhatêng pundi tindakipun sarta jam pintên konduripun, botên sumêrêp. Sanalika kono mak kringkêl ususku, iki karêpe: gêla bangêt atiku. Awit, gèk nyang ngêndi bae anggonku kudu anggolèki. Ing sarèhne sadurung-durunge aku sumurup, yèn rawuhe tuwan kontrolir saka ing Batawi ana Ngayoja mau prêlu arêp nênggani anggone arêp gawe pilêm kolonisasi pikiranaku banjur: têmtune para dhaktur-dhaktur layang kabar padha nguningani ing ngêndi papane gawe pilêm mau, mulane aku banjur ngênthir nunggang andhong mênyang kantor layang kabar: Sêdyatama. Inalilahi, sêmune anggone gawe pilêm mau digawe rusiah dhua bêlas. Buktine: para dhaktur-dhaktur mau iya padha ora priksa. Wah, pikiranaku saya klayaban, Kang Garèng. Pungkasane aku banjur duwe pikiran: bêcike aku tak sowan nyang kantor gupêrnuran bae, bokmanawa para luhur-para luhur ing kono bisa paring sêsuluh marang jênêng ingong.

Garèng : Wayah, nèk ngomong lumrah kuwi ambok aja nganggo dislundupi têmbung Kawi, Truk, wong rasane nyang pikiran rada mak: pêng, pêng ngono kae. Banjur ana ing kantor gupêrnuran sapa sing kok jujug, Truk.

Petruk : Mêngko sik Kang Garèng, amrih cêthane aku kudu ambalèni critaku sing uwis, yaiku: wis dadi pakulinanku yèn lêlungan salawase aku manganggo cara Jawa, sabab rumasaku brêgas-brêgase wong Jawa kuwi iya yèn manganggo cara Jawa. Nèk manganggo cara Lănda, brêgas-brêgase bangêt kae kaya sinyo, nanging iya sinyo rêbo. Nanging mungguhing Ngayoja sêmune panganggo cara Jawa kuwi, brêgasa kaya ngapa, dianggêp asor. Kosokbaline: nylêkuthisa kae, nèk panganggo cara Lănda dianggêp luhur. Sajake ing Ngayoja kono ana panêmu mangkene: brêgasa kae, mung wong Jawa bae. Muni mangkono mau bokmanawa nganggo anjêmbèwèk-jêmbèwèk, Kang Garèng. Kosokbaline ana panêmu: alaa kae, Lănda, sèh, Lănda, muni mêngkene iki karo mêcucu lan mêndêlik-mêndêlik kae, kang ngatonake antêping panêmune ing bab panganggo cara Lănda mau.

[Grafik]

Garèng : Ora, Truk, ana panganggo kathik mèlu digawa-gawa barang, gèk prêlune bae apa.

--- [1048] ---

Petruk : Sabar, sabar, Kang Garèng, saiki takbanjurne dhisik caritaku. Satêkaku ing kantor gupêrnuran, sarana dilantarake mas upas aku luwih dhisik sowan karo bêndara ajung transêlatur. Karo panjênêngane iki aku wis têpung, Kang Garèng. Nalikane aku sowan mau, wah, panjênêngane patrape nyang aku ajêg bae kaya biyèn: sêmanak, rêmakêt, lan bakyak.

Garèng : Wayah, wong grapyak kathik bakyak, nèk bakyak kuwi rak bangsane thèklèk.

Petruk : Iya, iya, Kang Garèng. Marang ndara ajung transêlatur aku banjur crita mulabukane aku têka ana ing Ngayoja kuwi, saka anggone tămpa tilgram, nganti anggolèki nyang ngêndi tindake tuwan kontrolir mau. Panjênêngane banjur angrêmbugi aku, murih aja kasalahan, supaya aku anyêksèkake mênyang ndara panggêdhe ing kantor kono, yèn aku wis ana ing Ngayoja. Kang kaya mangkono kuwi lugune aku ora duwe pikiran babar pisan. Sakala aku iya: mupakat lan matur: banyak kamsiah. Sarana dilantarake panjênêngane mau, aku dhisike arêp disowanake: tuwan sèkrêtaris, dilalah lagi tindak. Sabanjure aku nuli disowanake bêndara gêdhe Lănda liyane. Êmbuh, aku ora ngrêti pangkat apa. Kala samono, Kang Garèng, celenganku cara Lănda takbobok kabèh, prêlu arêp kanggo ngladèni bêndara gêdhe Lănda iki.

Garèng : Dadi kowe banjur omong cara Lănta, ta, genea ora cara Jawa bae, basa sing mlipis, wong ya karo panggêdhe.

Petruk : Rada aras-arasên, Kang Garèng. Kala samono, êmbuh sabab pagaweane pancèn ribut bangêt, êmbuh kêpriye, anggone ndara tuwan rêmbugan karo aku kuwi, tansah disêlani undang-undang: ju-ru-tu-lis, utawa salah siji jênênge klèrêk Jawa, banjur: năndha astani layang, maos layang, lan sapiturute.

Garèng : Nèk adatmu, ditămpa kaya ngono kuwi bae matamu wis rada abang, sabab rumasamu: anggone nămpa kowe kaya alah ora kae.

Petruk : Ora babar pisan, sabab aku rumasa: manganggo cara Jawa. Ana ing kono aku matur marang bêndara gêdhe Lănda mau, yèn aku sowan prêlu arêp anêksèkake anggonku wis têkan ing Ngayoja, jalaran ditilgram dening tuwan kontrolir. Bêndara gêdhe Lănda: ju-ru-tu-lis, tilgrame tuwan kontrolir sing nyang Lampong. Ing batinku: prakarane wong liya aku ora ambil kêpala mumêt. Sabanjure aku nuli matur mangkene: ing sarèhne aku ora bisa kêtêmu tuwan kontrolir, dadi dina iki aku têmtune ora bisa apa-apa, aku saiki arêp nyang Magêlang bae. Wangsulane ndara tuwan: kowe mêsthi kêtêmu dhisik karo tuwan kontrolir. Wangsulanku: aku ora prêlu dimêsthak-mêsthèkake. Rak wis pira-pira aku gêlêm mrene iki. Aku dudu...

Garèng : Sê-top. Rak lidok, yèn banjur muring-muring. Kuwi aja kok tămpa sing kêpriye-kêpriye. Bokmanawa pancèn mula wis padatane cara Lănda ing Yoja iya ngono kuwi.

--- 1049 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

Pasar malêm kraton 200 taun. Pasar malêm ingkang kangge maargya adêging karaton Surakarta sampun 200 taun, kabikak wiwit tanggal 9 dumugi 22 Maart 1939.

Pikramèn agêng. Wontên wartos, K.G.P.A.A. Prabu Suryodilogo, badhe mikramèkakên rayi dalêm, B.R.A. Kustinah, dhaup kalihan R.M. Mr. Hapsara Wrêsniwiro.

Pindhahan mantri Pênjual. Tuwan Dul, mantri O.Z.R. ing Talun, Blitar, kapindhah dhatêng Ragajampi, Banyuwangi. R. Joyoatmojo, mantri O.Z.R. ing Pangkatrêjo, Lamongan, kapindhah dhatêng Krian, Sidoarjo. R. Martowidigdo, mantri O.Z.R. ing Ponggok, Blitar, kapindhah dhatêng Ngunut, Tulungagung, M. Arjosubroto, mantri O.Z.R. ing Perak, Jombang, kapindhah dhatêng Paron, Ngawi.

Mulihakên punggawa praja. Kawartosakên, miturut wara-wara saking 1e Gouvernementssecretaris, dhatêng para pangagêng departement, kangjêng tuwan ingkang wicaksana andhawuhakên nyuwak pranatan taun 1934 ingkang suraosipun ngirid cacahing punggawa departement, kêdah dipun jangkêpakên malih.

Têtêpan commissie Bestuursacademie. Gêgayutan kalihan badhe adêging Bestuursacademie, parentah ngawontênakên commissie ing nagari-nagari ingkang nindakakên pandadaran pilihan dhatêng para priyantun pangrèh praja tiyang siti ingkang ing taun 1938 pantês sinau ing Bestuursacademie. Ingkang sampun katêtêpakên, commissie tumrap Jawi Kilèn, Jawi Têngah tuwin Jawi Wetan.

Asistèn wêdana botên pêrlu gadhah auto. Kawartosakên, parentah badhe andhawuhakên, para asistèn wêdana botên pêrlu gadhah auto, awit kathah asistèn wêdana ingkang kêcingkrangan jalaran saking anggèning gadhah auto.

Golongan-golongan ingkang sami badhe dhatêng Pasar Gambir. Wontên wartos, Tuwan San Gui ing Surakarta, ngawontênakên golongan badhe ningali Pasar Gambir, mawi urunan tiyang satunggal f 7.50, namung kangge waragad lampah wongsal-wangsul. Makatên ugi pakêmpalan Surya ugi badhe ngawontênakên golongan ningali Pasar Gambir, mawi urunan tiyang satunggal f 16.-, sampun kalêbêt kangge waragad punapa-punapa.

Asil siti ingkang majêng. Ing wêkdal punika pamêdal siti ing tanah ngriki ingkang majêng, isi jarak, tumrapipun wontên Jêpan majêng sangêt. Kacariyos lisahipun prayogi sangêt kangge nglisahi sanjata mêsin. Jagung ugi majêng sangêt, dipun bêtahakên wontên ing Jêpan kangge têdha ayam, bèbèk tuwin sanès-sanèsipun.

Madosi badhe têmbaga. Jalaran panêdha saking sajawining praja ambêtahakên têmbaga, nagari lajêng miji Ir. Van Bemmelen supados pados pêlikan têmbaga ing Jawi Têngah. Pinanggihing pangudi, tumrap Jawi Têngah, badhenipun têmbaga botên sae.

Papan paboyongan ingkang dipun pilih. Miturut wartos, tumrap têtiyang ing Purworêjo tuwin Kêbumèn, ingkang kathah sami milih papan paboyongan ing Lampung tuwin Palembang tinimbang papan paboyongan ing Selebes.

Bestuursacademie. Tumrap abdi dalêm pangrèh praja ing Kasultanan Ngayogyakarta ingkang calon malêbêt Bestuursacademie, 1 R.Ng. Joyomartono, asistèn wêdana ingkang kabantokakên dhatêng kantor kapatihan tuwin R.Ng. Pringgosumarman, asistèn wêdana Prambanan.

Pamulangan priyantun pènnsiunan.[3] Golonganing priyantun pènsiunan ing Cilacap angadani damêl pamulangan partikêlir kalih panggenan, ing Gandrungwinangun, bawah dhistrik Sidoarjo tuwin ing Karangkandri, dipun namakakên pamulangan Margatama, mawi pangajaran basa Walandi. Sasampuning kabikak, sagêd kasumêrêpan bilih kathah anaking priyantun pènsiunan ingkang botên angsal sêkolahan.

Karampungan bab prakawis ngêthok jêmpol. Raad van Justitie ing Surabaya sampun angrampungi prakawisipun sudagar auto ingkang ngêthok jêmpol, jalaran melikakên assurantie kasangsaran, kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn. Têtêping kalêpatan kadakwa: malsu sêratan, migunakakên sêratan palsu tuwin nyobi ngapusi. Karampunganipun dakwa kaukum 2 taun kunjara.

Ingsêran dhoktêr. M. Sunaji Winoto, Gouvernements Ind. Arts ing Saumlaki. R. Suparto Sêcoharjo, tijd. wd. Gouv. Ind. Arts Pakaryan Kasarasan, katêtêpakên ing padamêlan wau.

Economische Zaken. Mr. R.M. Jokomarsaid, ingkang nyambutdamêl ing vakkundig ambtenaar Binnenlandsche Handelsvoorlichting kantor dagang ing Surabaya, kapapanakên sawatawis dangunipun ing afdeeling Algemeene Economische Aangelegenheden ing Departement van Economische Zaken, kangge nindakakên padamêlan kawigatosan ing bab ngicalakên sambutanipun tiyang siti.

Lampah anggêgana saking tanah Jawi dhatêng Indo-China. Wiwit benjing tanggal 30 Augustus punika K.N.I.L.M.N. ngawontênakên lampah anggêgana nyambêti lampah saking Bêtawi-Palembang-Singapura dhatêng Saigon. Lampah punika tumrap sêrat-sêrat limrah kawêwahan 5 gr. ugi ngêwrat kartupos 10 sèn tuwin postwissel. Tumrap kintunan wau ing pojoking amplop prênah nginggil sisih kiwa kacirènana Per Luchtpost/Par Avion.

Bupati Kendal. R.M.A.A. Notoamijoyo, Bupati Kêndal, kakèndêlakên kanthi hurmat.

Parêpatan para landbouwconsulent. Ing Malang mêntas wontên parêpataning para landbouwconsulent golongan Jawi Wetan, dipun pangajêngi dening Tuwan W.E.K. Baron van Lijnden, wd. Hoofd prov. landbouwvoorlichtingsdienst. Ingriku ngrêmbag babagan têtanèn kanthi toneel minangka propaganda. Ugi mawi mitongtonakên gambar-gambar sorot dening Ir. Wulff, hoofd landbouwkundig instituut ing bab babagan bibit ing Malaka.

Muring-muring golongan Arab ing Surabaya sirêp. Sampun sawatawis dintên golongan Arab ing Surabaya sami muring-muring, jalaran wontên toneel ingkang dipun adani dening P.A.I. ingkang raosipun ngrèmèhakên dhatêng golongan Arab. Bab punika lajêng dipun dhatêngi Tuwan Alatas, warga Raad Kawula, lajêng sagêd dipun sirêp. Saha salajêngipun toneel wau, ingkang dipun namakakên Fatimah botên badhe dipun pitongtonakên malih.

S.D.S. mlampah ing wanci dalu. Wiwit benjing tanggal 27 Augustus dumugi tanggal 12 Sèptèmbêr ngajêng punika, ing salêbêtipun ing Purwokêrto wontên pasar malêm, S.D.S. badhe ngawontênakên tram mlampah ing wanci dalu. Tram ingkang saking Purbolinggo bidhal jam 7, wangsul jam 1 dalu.

Malaria nyandèkakên paradanipun wadya lautan. Jalaran saking ngrêbdaning sêsakit malaria ing Tanjungpriok pangagênging wadya lautan mara-marakakên dhawuhing parentah, bilih benjing tanggal 31 Augustus punika, wadya lautan botên tumut parade wontên ing Bêtawi, kasamarakên manawi jalaran saking labuhing kapal wontên Tanjungpriok lajêng wontên tiyang ing kapal lajêng kêtularan malaria. Makatên ugi ing bab barisan kapal pêrang benjing tanggal 6 Sèptèmbêr inggih dipun sandèkakên. Dene barisan kapal pêrang wau badhe katindakakên wontên ing Surabaya, ugi tanggal 6 Sèptèmbêr.

Sêrêgan ingkang raos asrêp. Advertentie-Bureau en Uitgeversbedrijf De La Mar ing Bêtawi, nyêrêg dhatêng toko jampi bangsa Tionghwa Anggur Prawan ugi ing Bêtawi anggèning pasang pariwara wontên ing sêrat kabar ingkang sairib kalihan gambaripun Advertentie-Bureau wau ingkang kangge reclame Philips. Panyêrêgipun wau kaanggêp nyambut tanpa têmbung. Ing bab punika De La Mar nêdha kapitunan f 50.-, saha arta wau lajêng kangge darma Fonds amal Tiongkok. Anggur Prawan ingkang dipun sêrêg dhangan ing manah, lajêng ambayar, salajêngipun sampun kapasrahakên dhatêng warganing fonds wau.

[Iklan]

--- 1050 ---

[Grafik]

Dados wakil mahaguru ing pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi. Inginggil punika ngêwrat gambaripun Mr. Dr. Radèn Supomo, pangarsa Landraad ing Purworêjo, ingkang katêtêpakên dados wakilipun Prof. Mr. B. ter Haar mahaguru ing pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi, kados ingkang sampun sumêbar mênggah ing pawartosipun.

Darah Honggowongso. Gêgayutan kalihan pèngêtan adêging karaton Surakarta sampun 200 taun, wontên babadan komite ingkang ugi tumindak angguyubi, ingkang madêg saking darahipun Mas Tumênggung Honggowongso, satunggiling bupati ingkang katingal kala jaman pindhahipun karaton Kartasura dhatêng Surakarta. Komite wau warganipun: K.P. Jurumartani, ing Surakarta, K.R.A.A. Arungbinang, Bupati Kêbumèn, K.R.A.A. Sosrodiprojo, Bupati Wonosobo, K.R.A.A. Danusugondo, Bupati Kêdu tuwin K.R.A.A. Sumitro Kolopaking Purbonagoro, Bupati Banjarnegoro.

Sèlèhing kajêng bab panduman loterij dhatêng Muhammadiyah. Wontên wiraosan, ing bab loterij ingkang sampun dipun gêbag, wontên ingkang nyêbutakên "kangge Muhammadiyah", punika nyatanipun Muhammadiyah namung angsal panduman f 8000.-, têka botên sadaya. Bab punika Hoofdbestuur Muhammadiyah lajêng mitêrang dhatêng Departement van Justitie. Mênggah katranganipun, têtêmbungan ingkang kawrat ing loterij wau botên atêgês pandumanipun dhatêng ngriku sadaya, punika namung mêndhêt, ing kala punika namaning Muhammadiyah ingkang pinuju dhawah giliran ingkang kapacak. Dene nyatanipun, ugi kathah pakêmpalan-pakêmpalan sanès ingkang nêdha panduman kados makatên.

Suntikan pest ing Bandung. Wiwit benjing tanggal 1 Sèptèmbêr ngajêng punika, regentschap Bandung badhe wiwit nindakakên suntikan pest. Ing sabên dintên badhe nyuntik tiyang 1500. Kintên-kintên ing tanggal 4 Februari 1939 sampun rampung.

S.S. nyobi lampah Surabaya-Malang. Benjing wiwit tanggal 1 November ngajêng punika, S.S. badhe miwiti ngrikatakên lampahing sêpur saking Surabaya dhatêng Malang, tuwin kosok-wangsulipun. Rikating lampahipun badhe kadadosakên 100 km ing dalêm saêjam.

Pamulangan luhur dhoktêr. Lulus doctoraalexamen kapisan, Tuwan-tuwan Achmad Effendi, R. Sudarmaji, R. Sudarso, Tan Thong Hoo tuwin Thung Liong.

Patilasan ing Krapyak, Ngayogya. Ing sakidul kitha Ngayogya wontên patilasan ingkang pandamêlipun sêsarêngan kalihan pandamêlipun tamansari. Patilasan wau ing kina krapyak mênjangan, kagêm manawi panjênêngan nata lêlangên ambêbujêng. Ingriku wontên griya-griyanipun tembok sampun risak, ing kinanipun kagêm palêrêman. Miturut wartos, patilasan wau badhe dipun mulyakakên dening pakaryan babagan barang kina.

Tiyang minggah kaji. Ing taun punika kathah tiyang ingkang badhe minggah kaji. Dumuginipun sapunika tiyang ingkang gadhah panêmbung dhatêng Kongsi Tiga sampun wontên tiyang 3500. Ingkang badhe kangge ngangkatakên dipun sadhiyani kapal 12, inggih punika kapal: Pulo Rubiah, Pulo Laut, Kota Baru, Polyphemus, Tawali, Sukabumi, Promotheus, Kota Nopan, Tarakan, Phrontis, Kota Candi, Tayandun tuwin Polydorus. Pulo Rubiah bidhal ing wêkasaning wulan punika, dene Pulo Laut ing wiwitaning wulan Sèptèmbêr. Ingkang minggah kaji punika ingkang kathah saking Sumatra tuwin Borneo.

Sampun damêl sarêm malih. Wiwit tumapaking mangsa têrangan punika, pasarêman ing Madura sampun wiwit damêl sarêm malih. Nanging jalaran saking kawontênaning mangsa, pamêdalipun ing taun punika badhe suda.

Sêsakit malaria ing Serang. Ing bawah ondêr dhistrik Cimarga, Serang, pinanggih wontên têtiyang kêtrajang sêsakit malaria. Ing bab punika Pakaryan Kasarasan tuwin pangrèh praja lajêng nindakakên rêrigên sampun ngantos kêlajêng-lajêng nular.

Politieschool. Tumrap pangajaran dados hoofdagent ing Politieschool ing Sukabumi, ingkang katampèn wontên tiyang 77. Cacah samantên wau ingkang tiyang siti namung 6, M. Haryaya, R. Kusman, Prawiradinêgara, Abu Bakar, Siregar, Lukman Supartadisastra tuwin Suhud Natakusumah. Ingkang 71 bangsa Eropa.

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana paring darma. Kawartosakên, Kangjêng tuwan ingkang wicaksana aparing darma dhatêng paboyongan I.E.V. Giesting ing Lampung tuwin griya pamiyaran lare lola gadhahanipun pakêmpalan wau kathahipun f 500.-.

Tatanan tumrap griya pamulangan. Wêwakiling parentah ing Raad Kawula aparing katrangan, bilih griya-griya pamulangan kêdah dipun dandosi manut wêwangunan ingkang dipun tamtokakên. Botên kenging kadamêl sakajêng-kajêngipun.

NAGARI WALANDI.

Jubileumtentoonstelling. Miturut wartos saking Amsterdam, sampun ambikak Jubileumtentoonstelling, kathah ingkang migatosakên. Voorzitter comite Trip mêdharsabda, mratelakakên kajênging tentoonstelling punika, inggih punika ngatingalakên kamajêngan ing salêbêtipun Sri Bagendha Maharaja Putri jumênêng nata. Tumrap tanah Indiya ing bab jêmbaring kabudayan, bab lisah tuwin sanès-sanèsipun.

Sultan Langkat. Tindakipun Sultan Langkat sampun dumugi Den Haag.

ASIA.

Rêrêsah ing Palestina. Kala tanggal 13 ing sacêlakipun Nablus wontên campuhaning wadya Inggris tuwin golongan Arab ingkang pating salêbar. Wontên tiyang Arab ingkang tiwas tuwin pintên-pintên ingkang kacêpêng sami nandhang tatu. Ing margi agêng Jaffa tuwin Jeruzalem wontên tiyang Yahudi 2 dipun sanjatani, sami nandhang tatu rêkaos. Ing sacêlakipun Nablus wontên pulisi Arab dipun sênjata. Ing sacêlakipun Tulkarem wontên bom dhawah ing sêpur ingkang momot barang-barang. Pintên-pintên gêrbong ingkang uwal saking ril. Wontên pipa lisah ingkang dhatêng lautan têngah dipun pêdhot ing tiyang wontên sacêlakipun Baisan.

Wadya Tiongkok unggul. Wadya Tiongkok ing Tungkwan sagêd majêng ingkang langkung saking pangintên ngangsêg dhatêng Shansi, laminipun 2 minggu. Ingriku sagêd ngrêbat kitha-kitha Yuanchu, Anchih, Hsinshui tuwin Kwanglin. Ing salêbêtipun kalih dasa dintên, wadya Tiongkok sagêd damêl tiwasing wadya Jêpan 13.000, nawan wadya Mansyukuo 580, wadya Jêpan ingkang kêtaton 4600, sagêd ambêskup sanjata 2604, sanjata mêsin 86, ingkang ènthèng 343, sêpur 80, vrachtauto 200, tuwin sanès-sanèsipun.

--- 1051 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

9

IV

Pêjahipun Polwic ingkang dipun kêrêg dening kêthèk bangkokan ingah-ingahanipun piyambak wau, lajêng dados rêmbag ing sêrat-sêrat kabar ing Londhên kanthi rame sangêt ngantos sawatawis dintên dangunipun. Lodgrèstuk ugi maos pakabaran ingkang makatên punika. Murih asmanipun sampun kabêkta-bêkta, panjênênganipun botên kêndhat anggènipun tansah jagi-jagi. Amila sabên dintên panjênênganipun botên towong anggènipun mundhut priksa dhatêng pulisi ing bab anggènipun ngupadosi kêthèk bangkokan. Botên beda kados tiyang kathah, makatên ugi Lodgrèstuk tansah migatosakên dhatêng musnanipun kêthèk ingkang amêjahi ingkang ngingah wau. Botên watawis dintên panjênênganipun Lodgrèstuk nampi pawartos, bilih ingkang putra dèrèng dumugi ing sêkolahan ingkang dipun sêdyakakên ing sakawit. Ewasamantên ing kala punika Lodgrèstuk ugi dèrèng kagungan panyana, bilih dèrèng dumuginipun ingkang putra wontên ing sêkolahan wau, sagêd ugi gêgayutan kalihan musnanipun kêthèk bangkokan ingkang amêjahi Polwic, sarêng sampun kapêngkêr sawulan, saking panitinipun pulisi, lajêng wontên pawartos, bilih putranipun botên èstu bidhal saking Londhên, nanging ujug-ujug lajêng mandhap saking sêpur, saha lajêng dhatêng ing griya pondhokanipun Polwic. Ing ngriku Tarsan lajêng mangrêtos, bilih ingkang putra botên kenging botên têmtu gêgayutan kalihan musnanipun kêthèk bangkokan wau.

Sasampunipun kusir kreta ngêtêrakên Jak dumugi ing ngajênging griya pondhokanipun Polwic, lajêng botên wontên tiyang sanès ingkang nyumêrêpi kadospundi kadadosanipun Jak salajêngipun. Makatên ugi botên wontên tiyang ingkang sumêrêp dhatêng pundi plajêngipun kêthèk bangkokan. Tiyang ingkang nyewakakên griya pondhokan dhatêng Polwic, sarêng dipun têdahi gambaripun Jak, sanalika botên pangling, saha lajêng nyariyosakên, bilih lare punika ingkang asring sangêt nuwèni Polwic wau, nanging kajawi punika piyambakipun botên sumêrêp punapa-punapa. Ing sacakêtipun griya pondhokanipun Polwic punika wontên pagêripun tembok ingkang inggil. Miturut katêranganipun pulisi ingkang anitipriksa kawontênanipun ing ngriku, kados mokal saupami lare wau sagêda miruda mêdal ing ngriku.

Kacariyos, lêt sadintên saking pêjahipun Polwic wau, ing palabuhan ing Dhopêr wontên lare jalêr neneman anganthi êmbahipun èstri ingkang pinuju sakit, minggah ing baita. Tiyang èstri sêpuh wau kêkudhung rapêt sangêt. Lan jalaran saking sakit tuwin ringkihipun, anggèning minggah dhatêng baita malah kapêksa kêdah dipun gotong mawi kursi.

Lare neneman wau botên suka manawi wontên tiyang ingkang nêdya ambantu, sadaya-sadaya badhe dipun tandangi piyambak. Dalasan rêrêsik kamar kemawon, mêksa badhe dipun lampahi piyambak. Miturut cariyosipun, êmbahipun punika sakit bingung, manawi sumêrêp tiyang sanès, sok lajêng saya sangêt sêsakitipun wau. Jalaran saking punika botên wontên tiyang ingkang sumêrêp kawontênanipun ing salêbêting kamaripun wau. Dene mênggahing lare neneman, wujudipun Inggih limrah botên beda kados lare sanès-sanèsipun, badanipun gagah lan saras. Kadhangkala lare wau ugi asring mêdal saking kamaripun, saha lajêng kêkêmpalan kalihan têtiyang ingkang sami numpak kapal sanèsipun, utawi kalihan para opsiring kapal, malah kadhangkala ugi sok ngêmpali para matrus. Sêsrawunganipun andêmênakakên sangêt, amila sadaya tiyang ing baita wau sami rêmên dhatêng lare neneman kasêbut ing nginggil.

Têtiyang ingkang sami numpak baita wau, wontên satunggal ingkang asli saking Amerikah, nama: Kondhon. Mênggah nyatanipun, Kondhon punika satunggiling durjana tuwin tukang ngapusi, ingkang wontên ing Amerikah tansah pinadosan ing pulisi. Ing sakawit piyambakipun botên mrêduli babarpisan dhatêng lare neneman wau, nanging ing satunggiling dintên piyambakipun andêngangi lare neneman wau angrogoh gulungan arta krêtas saking kanthongipun. Wiwit punika Kondhon lajêng tansah ambudidaya sagêda sêsrawungan kalihan lare neneman punika. Kanthi gampil piyambakipun sagêd pikantuk katêrangan, bilih lare neneman wau kesahipun namung kalihan êmbahipun [ê...]

--- 1052 ---

[...mbahipun] èstri kemawon, tur êmbahipun sawêg ginanjar sakit sangêt. Dene tiyang kalih wau ingkang nêdya kajujug ing tanah Aprikah sisih kilèn. Kajawi punika Kondhon sumêrêp, bilih namanipun lare neneman wau: Biling lan ing papan ingkang badhe dipun jujug wau, botên anggadhahi sadhèrèk utawi mitra. Nanging punapa sêdyanipun wontên ing ngriku, lare neneman wau botên purun balaka. Ing bab punika Kondhon botên nêdya ngoyak-oyak, sêsêrêpan ingkang samantên wau, tumrap piyambakipun sampun anyêkapi kangge kabêtahanipun.

Sampun rambah-rambah Kondhon nyobi ngajak main kêrtu dhatêng lare neneman wau. Nanging ingkang minăngka badhe kangge kurbanipun wau tansah botên sagah angladosi. Para numpak baita sanès-sanèsipun ing sêmu nêpsu sangêt dhatêng Kondhon anggènipun tansah ngojok-ojoki main dhatêng lare neneman wau, ing wusana Kondhon lajêng ajrih, sarta nuntên ngupados akal sanès anggènipun nêdya ngangkah artanipun la[4] neneman kasêbut ing nginggil.

Sarêng anggènipun lêlayaran sampun watawis dangu, ing wusana baita wau lajêng labuh wontên pasisir ingkang cêlak wana parêdèn. Dene ingkang katingal saking baita, kadosdene ngongkang sagantên, los-losan cacahipun sadasa, ingkang mracihnani, bilih ing ngriku punika sampun sawatawis kasrambah ing kasusilan. Ing sawingkinging los-los watawis têbih, wontên ing sapinggiripun wana, katingal gubug pintên-pintên, inggih punika griyanipun tiyang siti ing ngriku.

Lare jalêr neneman kasêbut ing ngingil, ing kala punika leyangan ing hèking baita kalihan anêningali kawontênanipun ing ngriku, nanging ingkang tansah dipun tingali punika, sanès griya-griya damêlan tiyang ingkang pating jênggunuk wontên ing pinggiring sagantên, ngêmungakên wana parêdèn ingkang katingal ijêm maya-maya wit-witanipun. Kadospundi ingkang dados gagasanipun lare wau, botên wontên tiyang ingkang badhe sagêd anggagapi. Dumadakan ing kala punika lare wau kèmutan dhatêng ingkang rama tuwin ingkang ibu, ingkang ing samangke têmtunipun nandhang sungkawa agêng dene katilar ingkang putra tanpa kasumêrêpan dhatêng pundi purugipun. Sanalika ngriku piyambakipun ngraos kaduwung dene dados jalaran sungkawanipun ingkang rama tuwin ingkang ibu wau. Salêbêtipun lare neneman anggagas ingkang makatên punika, dumadakan lajêng mirêng suwaranipun opsir kapal ing sacakêtipun ngriku, ingkang sawêg suka prentah dhatêng punggawanipun angandhapakên momotan wontên palabuhan alit wau.

Lare neneman lajêng anyakêti opsir wau sarta apitakèn: Benjing punapa wontên kapal malih ingkang saking ngriki bidhal dhatêng Inggris.

Opsir kapal mangsuli: Sawatawis dintên malih kapal ingkang nama Emanuèl dumugi ing ngriki, ingkang lajêng têrus dhatêng Inggris. Sasampunipun cariyos makatên wau, upsir kapal lajêng anglajêngakên anggènipun suka prentah dhatêng para punggawanipun wau.

Kadosdene ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng, sêdyanipun lare jalêr tuwin êmbahipun èstri wau badhe dhatêng Aprikah sisih kilèn. Dene palabuhan alit ingkang dipun kèndêli ing baita wau, sajatosipun inggih wontên ing Aprikah ingkang sisih kilèn, amila tiyang kêkalih wau inggih kêdah mandhap wontên ing ngriku. Tumrapipun lare jalêr kasêbut ing nginggil, kanthi kangelan sarta rêkaos sangêt anggènipun mitulungi ngandhapakên êmbahipun èstri saking baita dhatêng baita jungkung ingkang ambêkta dhatêng ing dharatan. Awit lare wau botên suka tiyang sanès ambiyantu, sadaya-sadaya namung badhe katindakakên piyambak. Nanging danguning-dangu êmbahipun èstri wau inggih sagêd dipun andhapakên wontên ing baita jungkung. Sarêng êmbahipun èstri sampun sagêd angsal papan ingkang sakeca, piyambakipun lajêng linggih anjèjèri. Mênggahing lare neneman punika, jalaran saking tumêmênipun anggèning anjagi êmbahipun èstri wau, ngantos botên sumêrêp, bilih gêbunganipun arta kêrtas dhawah ing sagantên.

Sarêng lare neneman tuwin êmbahipun èstri wau sampun mandhap ing dharatan, Kondhon enggal-enggal ngundang tiyang tukang baita, kapurih ngandhapakên wontên ing palabuhan ngriku. Sadumuginipun ing dharatan, piyambakipun anyingkiri gêdhong susun kalih, inggih punika hotèl ingkang dipun pondhoki dening lare neneman tuwin êmbahipun èstri wau. Mênggah pikajêngipun, supados para ingkang numpak baita sanès-sanèsipun, sampun ngantos anggadhahi pandakwa, bilih Kondhon nêdya tindak awon dhatêng lare neneman punika. Dene anggènipun purun lumêbêt ing ngriku, sarêng sampun pêtêng babarpisan.

Ing kamar wingking ing lotèng ingkang nginggil piyambak, kanthi rêkaos lare neneman wau suka katêrangan dhatêng êmbahipun èstri, bilih piyambakipun nêdya wangsul dhatêng Inggris malih. Saha anêrangakên, bilih êmbahipun èstri kenging kantun wontên ing Aprikah ngriku, nanging piyambakipun piyambak wajib kêdah wangsul dhatêng panggenaning tiyang sêpuhipun malih, ingkang ing kala punika têmtu nandhang sungkawa ingkang tanpa upami dening musnanipun piyambakipun wau. Sarêng sampun anêrangakên punapa ingkang dados pikajênganipun dhatêng êmbahipun èstri, lare neneman wau lajêng sagêd tilêm kanthi sakeca, tuwin lajêng anyupêna pinanggih kalihan rama ibunipun. Badhe kasambêtan.

--- 133 ---

No. 34, 20 Augustus 1938, Taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN. BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

RUMASANE WIS GÊDHE.

Ana bocah jênêng Harno, iku sasêdulur kalêbu sing ênom dhewe, umure kira-kira limang taun, duwe kangmas siji lan mbakyu uga siji. Kangmase aran Harso, wis sêkolah, malah wis nang klas 6, dene bakyune ana ing klas 3. Harno dhewe durung sêkolah, jalaran umure durung gênêp 5 taun. Mungguh kênaa mêngkono, pancène wis kêpengin bangêt sêkolah. Yèn sêdulure lagi padha sinau maca utawa etung, wah anggone ngrungokake, kêtara bangêt yèn kêpengin bisa kaya sêdulur-sêdulure mau, apamanèh yèn kangmase lagi nunggang sêpedha, wah anggone kêmêcêr. Dhèwèke uga duwe sêpedha, nanging sing rodha têlu, yèn dolanan utawa nunggang sêpedhane sing rodha têlu mau ora kêna mêtu saka pêlataran.

Anuju sawijining dina Harno lagi dolanan manèh ana ing pêlataran, dumadakan wêruh sêpedhane kangmase sumendhe ana ing tembok, pamikire Harno: "Coba aku tak nunggang sêpedhne[5] mas Harso, ketoke kok gampang têmên sêrrr...! sêrrr...! Aku rak iya wis gêdhe ta, yèn nunggang sêpedha sing rodhane têlu rak ya wis kêgêdhèn aku iki. Yèn aku ora bisa nunggang sêpedhane mas Harso, mundhak ora disêkolah-sêkolahake dening ibu, disêngguh isih cilik bae." Nanging barêng ngadêg ana sangarêpe sêpedha mau, kok ora gadug arêp munggah ing zadel. Enggal-enggal anjupuk kursi kanggo pancadhan; ananging sarèhne ora kuwat njunjung, kursine banjur digèrèd kanthi rêkasa. Ora antara suwe kursi wis ana ing sacêdhake sêpedha mau. Harno munggah kursi nuli lungguh ing zadeling sêpedha. "E, la kok seje karo sêpedhaku."

Pamikire, "Sikilku kok ora bisa gadug ing pedhale." Mula banjur ora bisa mingsêr-mingsêr.

Ora antara suwe nuli nêmu akal. Sikil sing têngên madal tembok sarosane, sêpedha bisa maju, nanging ngêgèt sarta kêbantêrên, wêkasane gêntawing, Harno tiba kêwalik kêtindhihan sêpedha. Wah larane tanpa upama.

Dhisike Harno arêp ora nangis, nanging ora bisa obah, amarga kêtindhihan sêpedha kang abot mau. Suwe-suwe olèhe crocosan sarta jêrit-jêrit sarosane, nganti kamirêngan ing ibune, kang enggal-enggal mêtu niliki.

Ibune bangêt kagète barêng krungu anake bêngok-bêngok ana ing ngisor sêpedha. Enggal sêpedhane dijunjung, tangan lan sikile Harno digagapi, tujune ora ana sing putung. Harno nuli dibopong lan ditakoni apane sing krasa lara. Harno nuduhake dhêngkule sing babak, gêtihe dleweran, saka kêna krikil lancip-lancip.

Tatune Harno banjur dirêsiki, ditambani nuli diblêbêd dening ibune. Saiki larane wis suda.

Ing saiki Harno wis mangêrti lan rumasa isih kêcilikên, durung bisa nunggang sêpedha rodha loro.

Sawise diênêng-ênêngi lan diwènèhi panganan ing ibune. Harno banjur calathu: "Bu, bu, aku ora manèh-manèh nunggang sêpedhane mas Harso, prasaku kok sêpedhaku luwih apik katimbang karo duwèke mas Harso."

B.M.

--- 134 ---

LANGÈN.

[Grafik]

Bocah-bocah akèh sing padha ngêrti gunane langèn, yaiku panunggalane ulahraga. Tumrape wong ing nagara Eropah langên iku kêgolong ulahraga utama.

Ing dhuwur iki gambare para ulahraga langèn ana ing kali Sambas, tanah Borneo.

ORA NYANA.

Dhèk jaman biyèn ana sawijing ratu sing bangêt digdayane, kongsi akèh para ratu liya nagara sing padha anungkul aris. Panjênêngane kagungan pramèswari kang bangêt ditrêsnani; luwih-luwih barêng sang pramèswari anggarbini, saya mundhak sihe. Nanging kawruhana ana sawijining ampile sang prabu sing sêrik marang sang pramèswari, nêdya gawe piala, matur sang prabu sing ora-ora, nanging ature ora didhahar babarpisan.

Kacariyos barêng sang pramèswari ambabar, miyos kêmbar, kakung kabèh, banjur dicolong dening ampil sing srèi, lan drêngki mau, disalini kirik. Dene jabang bayi mau nuli diwadhahi bokor loro, ngutus Kêmplu, yaiku sawijining punakawan, ngèlèkake ing bêngawan. Nanging sing anggumunake, dene barêng bokor loro mau kasèlèh ing banyu, sing siji mandhêg bae, êmoh ngentir, sijine anggêblas rikat bangêt, bêbasan sakêdhèping netra, wis ora ketok. Mangkono mau ndadèkake ndomblonge Si Kêmplu, nganti ora wêruh yèn dhèwèke dicêkêl punggawa kono lan bokor isi jabang bayi nuli dikon anggawa, arêp dilapurake sang prabu.

Kocapa sig ana kêdhaton, ampil sing ambêk siya mau, banjur gita-gita atur uninga marang sang prabu, yèn sang pramèswari ambabar miyos kirik. Midhangêt atur mangkono mau, sang prabu bangêt dukane, arêp nyarirani sang pramèswari piyambak. Barêng kêris arêp ditamakake, kêsaru têkane punggawa mau ngirid Kêmplu karo anggawa bokor isi jabang bayi, dene aturi:[6] Dhuh gusti pêpundhèn ulun, mila abdi dalêm kumapurun munjuk ingarsa paduka, mbotên tinimbalan. Punika pêrlu badhe ngaturakên, pun Kêmplu badhe ngèlèkakên jabang bayi dipun wadhahi bokor, ing mangka bokor wau bokor kadhaton, mila kawula cêpêng saha kawula unjukakên ing ngarsa dalêm. Sang prabu barêng midhangêt ature punggawa banjur nyarèhake karsane nuli ngunandika: "E, Kêmplu bayine sapa kang arêp sira kèlèkake kuwi?"

Kêmplu banjur munjuk apa larah-larahe, mula ampil mau nuli dikêthok gulune, dene Kêmplu ditundhung ora parêng manggon ana nagara kono. Jabang bayi mau nuli diparingi aran Pangeran Jabaran.

Enggokna manêngên! Rikaat uculana tali-taline! Ayooo! iku! iku! Udhuna layare!

Mangkono suwara pangkate Pangeran Jabaran kang saiki wus diwasa dadi nangkodane prau layar, jalaran diutus sang prabu mênyang tanah sabrang nyaosake batur tukon kanggo tandha sih katrêsnan.

Kacarita gegeran sing kasêbut dhuwur mau, nalika lakuning prau durung adoh saka nagarane sang prabu, wis nêmoni bêbaya angin sing gêdhe bangêt, diuncal-uncalake mrana-mrene. Cagake layar putung dadi pirang-pirang, lakune prau mau banjur manut sakarêpe angin, kayadene digawe dolanan.

Bison. (Ana candhake).

BATANGANE CANGKRIMAN HANDOYO PANINGGARAN.

Takêran sing 4 litêr diisèni lênga kêbak, banjur diêsokake ing takêran sing 10 litêr. Takêran sing 4 litêr diisèni manèh kêbak, banjur diêsokake ing takêran sing 5 litêr. Takêran sing 5 litêr durung kêbak isih kurang 1 litêr. Takêran sing 4 litêr banjur diisèni manèh kêbak lan diêsokake ing takêran sing 5 litêr. Turahe lênga sing ana ing takêran sing 4 litêr, kari 3 litêr. Lênga 3 litêr iki banjur diêsokake ing takêran sing 10 litêr mau. Dadi takêran sing 10 litêr isi lênga 4 litêr + 3 litêr = 7 litêr. Lênga 7 litêr iki banjur diwènèhake marang bocah mau.

--- [135] ---

CANGKRIMAN TAUN 1938 (PÊNGASAH PIKIR).

[Grafik]

Manêngên.

1. Cêkakane Bale Pustaka. | 3. Kali ing Borneo. | 5. Bumbu pawon. | 9. Kawine sagara. | 10. Kanggo udud. | 11. Omah panggonane wong dol-tinuku. | 16. Kutha ing Sumatra. | 17. Gunung kang dhuwur dhewe satanah Jawa. | 18. Pênanggalan.

Mangisor.

2. Kutha ing Borneo | 4. Kutha ing Jawa Wetan. | 3. Lêlara kulit. | 5. Asmane kang ngêmbani T.B. | 6. Araning wayang lulang. | 7. Peranganing awak. | 8. Cara mlayune sêga. | 12. Titêl. | 13. Wadhah buku-buku. | 14. Araning kewan banyu. | 15. Araning inuman.

Handoyo, Paninggaran.

LÊLUCON.

Ana ing pamulangan.

Guru : "Apa têgêse B.M.S.T.T.?"

Murid A : "Bawor Marani Sêmar, Togog Têka."

Murid B : "Lêpat, lêrêsipun Bêndara Mantri Sesuk Tindak Têgal."

Murid C : "Lêpat, lêrêsipun Bu Mar Sing Tak Trêsnani."

South.

Guru : "Bocah-bocah, manawa ana jêro klas kudu mênêng kabèh, nganti kowe kabèh padha bisa krungu tibaning dom."

Sanalika bocah-bocah padha mênêng kabèh. Dumadakan Surat muni : "Pak Guru, mbenjing punapa anggèn panjênêngan ndhawahakên domipun?"

N.D. Juni.

Upama.

A : "Upama wayah bêngi, kowe mlaku-mlaku ing satêngahe alas gung liwang-liwung, dilalah kêpêthuk macan, apa kowe ora wêdi?"

B : "Ora!"

A : "Apa sababe kok kowe ora wêdi?"

B : "Sabab, iku mung upama bae!"

Sutarno, Balikpapan.

Padune kêpengin.

Sardi : "Esuk-esuk kok tuku rujak ta, No, kaya wong nggragas!"

Sarno : "Yèn arêp, ambok iya tuku, timbang ngêlokake."

Sardi : "Êndi dhuwite, daktuku."

Tuk, Wlingi.

Modern.

Bu gêdhe nyênèni anake wadon: "Bocah saiki ora ngêrti gawean ngomah, gawene playon bae, hara Sri, dom kuwi kanggo apa?"

Sri : "Mêsthine bae... kanggo ngunèkake gramofoon."

S. Har.

BATANGANE CANGKRIMAN DHÈK SÊTU BURI.

1. T. | 2. Sak. | 3. Kamal. | 4. Salaman. | 5. Dêgan ijo. | 6. Taman Bocah. | 7. Pupuran. | 8. Kancil. | 9. Payon. | 10. Bal. | 11. H.

--- [136] ---

ORA NÊTÊPI JANJI.

Dhèk jaman biyèn ana alas gêdhe, ana sawijining ratu sing arêp mbêbêdhag karo pêdhèt, wêdhus lan cêmpe. Olèh-olèhane arêp diêdum warata. Mêsthine bae kewan têlu cilik-cilik mau matur sêndika lan uga mêmuji marang kaadilane ratune. Pêdhèt dikon ana sisih lor, cêmpe ana wetan, wêdhus ana kidul lan singa bakal nanggulangi mangsane ing sisih kulon.

Nuli wiwit nggropyok; ora antara suwe cêmpe bisa olèh kidang, andadèkake bungahe kewan papat mau. Barêng wis padha nglumpuk, singa banjur calathu: "Saiki daketunge, ana kewan pira sing nggropyok iki mau... pêdhèt, wêdhus, cêmpe, singa... ana papat, dadi kidange dakbagi dadi papat... Lah, sing saprapat iki: aku, awit, iki bageanku, sing saprapat iki iya bageanku, awit aku iku ratumu, lah sing saprapat iki ya aku manèh sing anduwèni, amarga aku iki rosa dhewe, lan... sapa-sapa sing wani anjupuk sing saprapat iki, bakal dakmangsa saiki uga!"

Kewan têlu liyane banjur padha lunga saka kono kanthi gêla pikirane lan sanalika iku uga ilang pangaji-ajine nyang ratune, awit ratu kang dikira adil dhèk mau kae tibane atine ala lan watake murka.

Amy.

LÊLAGON.

Lagu ijo-ijo.

I. Ijo-ijo godhong waluh, | Waluh kênthi mrèmbèt pagêr | Ayo kanca ngudi kawruh, | Sing tabêri cikbèn pintêr.

II. Ulik-ulik, manuk tuhu, | Manuk tuhu saba bêngi, | Mumpung cilik dha sinau, | Lan bêcik sing ngati-ati.

III. Tuku nanas nggawa bantal, | bantal dawa dinggo turon, | Ing jroning klas aja nakal, | Ora kêna padha guyon.

IV. Tuku nanas durung matêng, | Nanase didhahar ibu, | Ing jroning klas kudu antêng, | Manuta dhawuhing guru.

V. Cah klêlêp dicokot asu, | Asu lara mangan kupat, | Srêgêpa nggone sinau, | Cikbèn bisa munggah pangkat.

VI. Mbêdhil macan mlayu ngetan, | Macane mangan mênjangan, | Kapintêran iku gaman, | kanggo gêdhe golèk pangan.

MANGSULI LAYANG.

Sunyoto p/a M. Prawirodiharjo. Gep. Klerk. S.S. Waru. Pitakonmu bab sayêmbara sabun lux aku kok ora pati têrang, jalaran aku dhewe iya ora milu. Mêsthine yèn wis kabukak, iya ora suwe banjur kapacak, sing uwis rak iya mêngkono, ta.

Parikesitty, Blitar. Dhèk biyèn kowe wis tau nakokake salah sawijining kêponakane Bu Mar kang manggon ing Bandung, ing ngisor iki adrèse, yèn kowe duwe pêrlu apa-apa, S. Arnida c/o R. Cokrosudarmo Ciguriang 128/15C Bandung.

Siti Marlikin, L.L.M.J.S. Tipar, Purwokêrto. Kirimanmu lêlucon wis daktampa. Pancène karanganmu iya apik-apik, nanging sing loro, yaiku "Mêlasi" lan "Cakar" ora mêsthine kanggo Taman Bocah. Lêlucon kaya ngono kuwi pantês-pantêse kanggo wong tuwa. Dene sing liyane loro, yèn ana papan, bokmanawa kapacak.

Sutarsih, L.L. Rêtna Murti, Rêmbang. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênêng. Sukur, yèn kowe milu urun ngisèni Taman bocah. Nanging karangan sing kokkirimake isih kurang apik, coba yèn kowe kobêr gawea manèh. Wis jamak lumrah, yèn lagi sinau kuwi ora mêsthi kabênêran.

Supiatharjiah, Ciseru. Bangêt panrimaku kokirimi prentbriefkaart, bakal daksimpên kanggo tandha pangeling-eling.

Suharto, autodienst Bandung. Layangmu wis daktampa lan aku wis ngêrti mungguh sing dadi karêpmu. Sajake kowe kok mangkêl, dene Bu Mar ora tau gêlêm macak potrète utawa ngirimake. O, To, pancèn nyata Bu Mar ki ora duwe potrète dhewe, sabên arêp motrèt, tukange motrèt ora tau gêlêm motrèt, êmbuh sabab apa. Bokmanawa besuk ya To, yèn ana sing gêlêm motrèt Bu Mar, bakal dakpacak ing Taman Bocah.

Sri Wulan, Sêmarang. O, dadi saiki kowe mbanjurake sêkolahmu nyang Sêmarang, ya sokur ta. Sanajan ta saiki ora langganan T.B., nanging karo ibumu rak ora lali ta. Yèn ana wêktu lan Bu Mar pinuju nyang Sêmarang manèh, bakal daktiliki.

Siti Keftiah, Têmanggung. Aku bungah bangêt, dene kowe arêp milu lêlumban ing Taman Bocah. Yèn ngirimi karangan nganggo postblad utawa briefkaart ya kêna, anggêre cêtha bae panulise, dene yèn akèh karangane iya nganggo layang têpungan utawa document. Geneya kowe ora ndhèrèk bapak nalika tindakan nyang Bêtawi, ndhereka rak ya banjur kêtêmu karo Bu Mar.

Mochamad Dawami, Muntok. Bangêt kagètku barêng tampa layangmu, nyaritakake yèn kowe saiki wis ora dadi guru, mingsêr juru tulis anggêntèni têtêpunganmu kang mulih nyang tanah Jawa. Ananging barêng krungu, manawa andadèkake sênêngmu dene munggah dadi juru tulis, aku banjur milu bungah lan mêmuji, muga-muga langgênga sing dadi kasênênganmu mau. Pêrkara dhuwit pêmbayaran lan owahing adrèsmu, murih gênahe, bêcike kowe ngirimana layang dhewe mênyang Administratie.

St. Andarsien c/o Beheerder Sarang, Lasêm. Andadèkake cuwaning atiku, dene kowe arêp pêpisahan karo Taman Bocah, jalaran bapakmu lèrèn anggone dadi langganan Kêjawèn. Andarsien, yèn kowe pancèn trêsna têmênan karo Taman Bocah apadene karo Bu Mar, mêsthine rak iya bisa ta dadi langganan Taman Bocah bae sing murah, dene yèn isih kakehan tumrap kowe dhewe, iya bêbarêngan karo salah sawijining kancamu.

Menakjingga, Munthilan. Wah bungahku tanpa upama, kowe arêp milu lêlumban ing Taman Bocah. Kowe mêsthine wis têpung karo kêponakane Bu Mar ing Sawangan, yaiku Kustinah lan uga para kêponakan-kêponakan bangsa Tiong Hwa ing Grabag. Ngirimana layang nyang Administratie, njaluk pariwara, mêngko rak dikirimi.

Siti Sutarti lan Siti Rusmiati c/o Muedo-Oetomo, Banyumas. Layang pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah lan uga Bu Mar sênêng bangêt kowe arêp padha milu urun ngisèni karangan ing Taman Bocah. Ibumu tansah ngarêp-arêp layangmu manèh.

Oei Sioe Tjwan, Pacitan. Layangmu, awèh wêruh manawa tanggal 29 arêp têka nyang Bêtawi, wis daktampa, bangêt panrimaku. Dene kowe arêp mêrlokake têka nyang omahe Bu Mar, iya bakal daktampa kanthi bungah. Apamanèh yèn karo wong tuwamu, dadi mundhak têtêpungan. Aku uga wis matur rama lan ibu Petruk, uga padha bingah.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


batos. (kembali)
sênêng-sênêng. (kembali)
pènsiunan. (kembali)
lare. (kembali)
sêpedhane. (kembali)
aturipun. (kembali)