Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 36, Rê Wa, 4 Sapar, Mulud 1869, 4 Mèi 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun : Pasisir Sagantên - Kasusilan - Padagangan Langsêp ing Kitha Malang - Wiraosan Sêrat - Marsudi Gêndhing Jawi - Pambikakipun Gêdhong Nirom - Andhap-asor Unggul Wêkasane - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Pasisir Sagantên

[Grafik]

Sêsawangan pasisir sagantên ing laladan Bantên.

--- 542 ---

Wulang Sae

Kasusilan

Dening Radèn Tumênggung Harjaprakosa, ing Surakarta.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 35.

Manawi kula ngèngêti agênging kuwajibanipun wanita dados guruning panggulawênthah sutanipun, ing bab kamajênganing ngagêsang adhêdhasar karahayon, prakawis ingkang sakalangkung gawat sarta rungsit punika, para wanita sayogi sami anggalih sayêktos, kalayan ngêtog kêkiyatanipun, murih botên nguciwani anggèning dados ibu, awit saking punika, para wanita wajib sami anggayuh dhatêng kasusilan. Inggih namung kasusilan ingkang dados baboning kamajêngan sarta karahayon, ingkang gumêlaripun wontên ngalam donya beda-beda, undha-usuk manut darajatipun piyambak-piyambak.

Samangke kalilana kula nêrangakên andharaning kasusilan, ingkang wajib dinarbe dening para wanita, tuwin ugi wajib dinarbe dening para kakung. Wanita utawi kakung ingkang andarbèni kasusilan, punika wontên sawanganipun para linangkung, tiyang wau ngangge jamang busananipun ngagêsang. Sadaya kamajêngan ingkang adhêdhasar karahayon, têtêping kuwajiban isi raos bêkti, kautamèn sarta luhuring bêbudèn, punika aslinipun saking kasusilan. Dene bakunipun ingkang dipun wastani kasusilan punika, ringkêsanipun anggadhahi têgês mangrêtos kanthi mituhu nêtêpi dhatêng anggêr-anggêring Pangeran anggèning anggêlarakên bawana saisinipun punika. Katranganing kasusilan punika, manawi dipun jèrèng, andharanipun panjang sangêt, amargi kajêngipun kasusilan punika, ngêwrat pintên-pintên prakawis, suraosipun lêbêt sangêt, tuwin wiyar têbanipun. Kados ta: mawi ngrêmbag prakawis kukum, kasusilan gadhah têgês dados anggêr-anggêr. Manawi wontên golonganing pakaryan, kasusilan gadhah pikajêng têtêping kuwajiban. Bilih ngrêmbag prakawis wêwatakan, kasusilan anggadhahi pikajêng: kautamèn sarta luhuring bêbudèn. Dene bilih wontên ing panggawe, kasusilan anggadhahi pikajêng karahayon. Kasusilan ugi dumunung ing jogèd, wicantênan, tuwin sanès-sanèsipun malih, sadaya wau manut darajatipun piyambak-piyambak, ingkang gumêlaripun undha-usuk tuwin beda-beda.

Gumêlaring bawana punika, kados ta: srêngenge, lintang, rêmbulan, bumi, lampahipun ubênging cakrawala punika, mawi tatananing panguwasa ingkang susila, satunggal-satunggalipun sami nêtêpi lumampah wontên ing garis-garis ingkang katamtokakên ing anggêr-anggêring kuwajiban (kasusilan) saupami sadaya wau botên nêtêpi tataning kasusilan, saèstu ubênging cakrawala punika badhe risak dening bêbêntusan. Makatên ugi kawontênaning manusa, bilih botên nêtêpi garis-garis kuwajibanipun piyambak-piyambak kanthi susila, ing donya inggih tansah cêcongkrahan utawi paprangan.

--- 543 ---

Wontên malih pasêksèning kodrat ingkang nyata, kados ta kawontênanipun badaning manusa, saranduning badan wontên pirantos warni-warni, tuwin beda-beda, kados ta: păncadriya, peranganing jêroan: wadhuk, usus, jantung, ati, pêru, impês, tuwin sapanunggilanipun, sadaya wau mawi tatananing kodrat ingkang susila, satunggal-satunggalipun perangan agêng ngantos perangan alit-alit, sami anggadhahi pakaryan kuwajiban piyambak-piyambak, andum damêl, sarta samad-sinamadan kalihan sanèsipun. Satunggal-satunggalipun pirantos wau, sami têtêp dhatêng kuwajibanipun piyambak-piyambak. Saupami wontên salah satunggalipun pirantos botên nêtêpi kuwajibanipun, kados ta impês wau anggêga sakajêngipun piyambak, botên purun ambucal toya, sampun tamtu lajêng adamêl kisruhipun pirantos sanès-sanèsipun, amargi satunggal-tunggaling pirantos wau sami gêgandhengan, têmahan badanipun sakojur lajêng karaos sakit.

[Iklan]

Makatên ugi kawontênan gêsangipun sadaya manusa, sajatosipun satunggal-satunggalipun wau, mênggahing lair tuwin batinipun sami gêgandhengan dados satunggal, tuwin anggadhahi kuwajiban piyambak-piyambak, ugi andum damêl, sarta samad-sinamadan satunggal kalihan sanèsipun, botên beda kados balêgêring badan satunggal, sadaya peranganing badan ing jawi tuwin ing lêbêt, ugi sami gandhengan sarta samad-sinamadan. Anggèn kula matur bilih gêsangipun manusa ing donya punika lairipun gêgandhengan dados satunggal, punika sabab saking katangsulan rante samad-sinamadan. Anggèn kula sagêd nêdha sêkul sapulukan punika saking sadhèrèk tani sami nanêmakên pantun, dene sadhèrèk tani anggèning sagêd mangangge sandhangan, punika jalaran dipun pitulungi para tukang damêl sandhangan. Para tukang damêl sandhangan wau, sagêdipun yasa griya, jalaran saking pitulunganipun para tukang batu tuwin tukang kajêng. Makatên sapiturutipun ubêng-ubêngan, ingkang têgêsipun samad-sinamadan satunggal kalihan sanèsipun, prêlu kangge nyêlapi[1] kabêtahaning ngagêsang.

Badhe kasambêtan.

--- 544 ---

Bab Tanêman

Padagangan langsêp ing kitha Malang.

Pinuju ing măngsa marèng, jawahipun namung kantun awis-awis tur botên patosa dêrês, dados yèn wanci siyang bêntèripun karaos sumêlèt sangêt, amila têtiyang sami milala bangsaning sêgêr-sêgêr. Sarèhning ing wêkdal wau pinuju usum langsêp, dados inggih langsêp punika ingkang adhakan katêngên.

[Grafik]

Mèh sabên meja padhaharan wontên sadhiyanipun langsêp, kangge buah-buah katingalipun pancèn pèni. Ing palataran tuwin ing margi-margi, kulit langsêp ambaladêr, sabab para lare utawi têtiyang anggèning sami nêdha langsêp, kulitipun kabucal saênggèn-ênggèn.

Ing pêkên Malang wontênipun langsêp wau kadhasarakên ngantos bêbanjêngan, kathah ugi ingkang karêmbat kaidêr-idêrakên dhatêng pakampungan, punika sadaya nelakakên bilih woh langsêp wau sangêt dipun karêmi ing ngakathah, dados mênggahing padagangan nama madolakên. Măngka saperangan agêng raosipun botên patos lêgi, dados pèninipun wau yêktosipun namung kandhêg wontên ing warni, pramila rêrêgènipun inggih lajêng mirah sangêt, arta saêsèn sampun sagêd pikantuk sadhompol, udakawis wontên 20 dumugi 25 iji cacahipun.

Wontên ugi ingkang raosipun eca (lêgi), nanging lăngka, yèn tumbas saêsèn namung pikatuk 5 utawi 10 iji, dados kaoting rêrêgènipun tikêl kalih, ewadene mênggahing panyadean inggih mêksa laris, enggal sangêt têlas, ananging bab wau sêmunipun para sadhèrèk dhusun ingkang sami darbe witipun, sajak botên anglêgewa, botên purun migatosakên amrih pêpajênganipun langkung kathah, tăndha yêktinipun makatên:

Nuju ing dintên Ngahad wanci enjing kula niyat nyatitèkakên. [nyati...]

--- [545] ---

[...tèkakên.] Kula linggih pinggir margi sumêrêp sadhèrèk dhusun sawatawis sami angrêmbat angrêgiyêg, swaranipun pating krêngkèt, kranjangipun kiwa têngên katingal munjung mawi katutupan ing gêgodhongan utawi kalaras pisang, sawênèh tapas, saking katêbihan sampun katawis bilih bêbêktanipun wau sami awrat, mêntas malampah têbih, katăndha kringêtipun sarewehan, nuju dhatêng pêkên kitha, sarêng cêlak cêtha bilih ingkang karêmbat wau woh langsêp. Gagasan kula: mendah têtiyang punika mangke samantukipun saking pêkên tamtu anggembol arta kathah saking pêpajêngan langsêp, ing dalêm sarêmbatipun kula kintên sagêd pajêng apêsipun f 2.-. Nanging nyatanipun pangintên wau lêpat, awit têtiyang punika sarêng kula pitakèni namung sagêd pajêng a f 0.60 nyêngkanipun f 1.- ing dalêm sarêmbat munjung.

Wontênipun makatên amargi langsêpipun botên eca, inggih punika kêcut, mila ing ngriku lajêng kula nyatakakên, têtela sabab langsêp wau kirang sêpuh, kathah ingkang taksih ijêm, kêtitik pangundhuhipun sajak kasêsa, ngangkah tumuntêna dados arta, nanging jêbul dhawah tuna, bawaning manah kirang sabar. Măngka ingatasing langsêp, mila araos eca, punika bakunipun namung kêdah kaundhuh samăngsa sampun sêpuh yêktos, ingkang katog sêpuhipun punika raosipun têmtu lêgi eca, amila ing pangundhuh kêdah sabar.

Dene bab warni, punika ugi dados panarik, mila mumpung taksih ijêm, enggal kabrongsonga mawi tapas, pambrongsongipun kêdah rapêt, akiripun tamtu dados langsêp ingkang akulit pêthak sumringah, sawanganipun mengingakên. Kosokwangsulipun manawi tanpa katrongsong,[2] sanajan sagêd matêng ing wit, nanging warninipun burik pating trutul sêmu ijêm, dados kirang ngrêsêpakên manah, kajawi punika asring risak dening ama, kados ta katêdha bajing, codhot, luwak saha sanès-sanèsipun.

[Iklan]

Ingkang punika mênggahing pamanggih, sanadyan prakawis sapele kula manah prêlu pinèngêtan ing ngriki, bokbilih sagêd nênangi manahipun para sadhèrèk dhusun, puruna ngudi sarta nyêtiyarakên ingkang supados saya mindhak-mindhak pangasilanipun saking pêkahing karang kitri kasêbut ing nginggil, awit pawêdal langsêp ing laladan Malang cêtha botên namung sakêdhik, bab wau sagêd katitik wontên ing padhasaran, utawi kalanipun kaêmot ing grêbong-grêbong tram punapadene sêpur.

Nirrasa.

--- 546 ---

Wiraosan Sêrat

Prakawis-prakawis ingkang kaandharakên ing wawasan punika, botên sadaya dipun mupakati rêdhaksi. Mila sarampunging pamacakipun, rêdhaksi badhe mratelakakên pamanggihipun piyambak.

Dr. Th. Pigeaud: Javaans-Nederlands Handwoordenboek, wêdalan J.B. Wolters U.M. ing Groningen tuwin ing Batawi, taun 1938.

Rinasa saya karasa, linalali saya ngranuhi.

Sêrat kabar Bataviaasch Nieuwsblad ingkang mêdal ing tanggal surya kaping 13 April 1938 lêmbaran 4, ngêwrat wiraosanipun Drs. R.L. Mellema[3] bab Sêrat Bausastra Jawi Walandi karanganipun Dr. Pigeaud[4] wêdalan Wolters ing taun 1938.

Tuwan Mellema anjaka katêmbèn asmara pangalêmipun, sawêg sêsirahaning wiraosanipun kemawon yèn kajawèkakên kirang langkung ungêlipun sampun makatên:

Sêrat Bausastra Jawi Walandi enggal, sêrat pêpêthingan ingkang kaantu-antu 60 taun laminipun.

Punika kula pêthikakên sakêdhik wiraosanipun:

... sanadyan warninipun jatmika (botên kêkathahên pratingsing), inggih punika ingkang sagêd mracihnakakên nêtêsipun bêbasan: prasaja tandhaning nyata.

... para undhagi sampun têtaunan cêcêngklungên angêntosi Bausastra punika, ingkang - cêkakipun - dados têtugu ing margining pasinaon basa Jawi.

Yèn linantur saya anggalur amiraosi sêrat punika, nanging ingkang sampun kasêbat ing nginggil wau kados sampun cêkap minăngka sêsaiding pakêrta ingkang sampurna.

Saking kapilayu ing wiraosan manohara, kula enggal-enggal tumbas Sêrat Bausastra punika.

Yèn katandhing kalihan Bausastra Gericke-Roorda (wêdalan E.J. Brill ing Leiden, cithakan ingkang kaping 4 ing taun 1901) Bausastra enggal punika prigêl dipun angge:

Sapisan, saking sêratipun alit lan ènthèng (624 kaca dlancang tipis).

Kaping kalih: urut-urutaning dêntaywanjana sagêd gumathok, sabab kasêrat ing aksara Latin.

Kaping tiga: urut-urutaning têmbung ingkang dipun jarwani botên namung angguru pokoking têmbung, sanadyan têmbung andhahan inggih dipun urutakên miturut dêntaywanjana angguru aksaranipun ingkang wiwitan, punika ugi anggampilakên panganggenipun.

--- 547 ---

Mênggah têrangipun ingkang kula aturakên bab kaping tiga punika makatên:

Upami badhe madosi jarwaning têmbung: "mawiti", punika yèn ing Bausastra Gericke-Roorda kêdah madosi pokoking têmbung, inggih punika têmbung: "wit", ing ngriku pinanggih klêmpak sadaya têmbung-têmbung ingkang asalipun saking têmbung: "wit", dados inggih ing ngriku punika panggenanipun têmbung: "mawiti". Dados, sabên badhe madosi têmbung, kêdah dipun padosi rumiyin punapa pokoking têmbung wau.

Yèn ngangge Bausastra Pigeaud cêkap dipun balêjog dipun padosi panggenan aksara: "m" lajêng dipun urutakên dêntaywanjananipun: "ma ... mawiti" kemawon. Punika langkung gampil ... nanging inggih wontên nangingipun.

Yèn ngangge Bausastra Gericke-Roorda sagêd mangêrtos gêgayutaning têmbung pokok lan sadaya andhahanipun, yèn ngangge Bausastra Pigeaud botên.

Ing Bausastra enggal punika sabên têmbung mawi dipun cirèni kapetang jinis punapa miturun[5] pamerang-perangipun Dr. Pigeaud, kados ta: ki (krama inggil), st (spreektaal = namung kangge ijêman), bt. (boekentaal = namung kangge ing sêrat-sêrat), vl. (vorstenlanden = namung kangge ing tanah Kajawèn) etc, punika ugi anggampilakên ingkang ngangge.

Kajawi punika Bausastra Pigeaud ugi ngêwrat pratelaning jarwaning têmbung ingkang kêrêp kangge ing căndrasêngkala dipun wijang-wijang miturut watêkipun. Punika ugi anggampilakên ingkang ngangge.

Drs. Mellema ngukumi: "sabên têmbung (ingkang kawrat ing Bausastra enggal punika) sampun kalèlèr ing cak-cakanipun, kajawi punika: langkung wigatos malih - ugi tumraping para nupiksa băngsa Jawi - sabên têmbung namung dipun têrangakên wosing jarwanipun kalayan cêkak aos.

Sarèhne anggènipun anglèlèr punika miturut pangandikanipun Drs. Mellema kalayan papriksan ingkang nastiti, mêsthinipun anggènipun anjarwani inggih kenging katamtokakên cèplêsipun. Punika saking pamanggih kula ingkang dados pokoking prêlu, wondene cêkak aosipun punika namung minăngka pêpaès ingkang andadosakên indhaking saenipun.

Kula botên wani angukumi awon saening Sêrat Bausastra enggal punika, awit angrumaosi dede undhagi ingatasing basa lan kasusastran Jawi, tangèh sagêda ngaturakên dalil-daliling panimbang ingkang cêkap lan gumathok. Wani kula namung ngaturakên wawasan sawatawis sasampuning kula ambiyaki sêrat punika.

Badhe kasambêtan.

Kandhiyur.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing ing dintên Ngahad sontên tanggal 8 Mèi 1938, wanci jam 1/2 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom2 golflengte 190, ing bab Bagaimana harus kita mêmbaca. Ingkang mêdhar sabda Tuwan Armijn Pane.

--- [548] ---

Pambikakipun Gêdhong NIROM

[Grafik]

Kados para maos botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun Nirom. Inggih punika gêdhong ingkang kangge anggiyarakên radhio. Ingkang kacêtha ing gambar: kiwa nyonyah Hillen ambikak studio mawi sorog êmas. Wujuding sorog, kacêtha ing gambar bundêr. Nginggil têngên, musik ingkang dipun pangagêngi dening Tuwan Karel van der Bijl. Nuju kamainakên wontên ing studio. Ngandhapipun Tuwan Hagenaar nyatitèkakên suwara. Gambar bundêr Tuwan J.de Vries, omroeper Eropah. Ing ngandhap piyambak untabing têtiyang sangajênging gêdhong NIROM.

--- 549 ---

Kagunan Jawi

Marsudi gêndhing Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 35.

Wirama sarèh kasêbut nginggil manawi sampun jangkêp kaping 4 anggènipun ngungêlakên, lajêng dipun dhawahakên (minggah) dipun wiwiti sasampunipun kênong III wontên têngêr (-) lajêng nuthuk.

[Notasi]

lajêng têrus dhawahipun. Pola ăngka 3.

[Notasi]

Pola ăngka 4

Sapunika gêndhing Pangkur ingkang dipun uran-urani Pangkur: laras salendro pathêt sanga.

[Notasi]

Ingkang mawi têngêr garis, punika namung nuthuk wilahan kemawon, dèrèng dipun uran-urani. Wiwitipun ura-ura ingkang wontên têngêripun ur. lajêng lagunipun miturut nut ing nginggilipun aksara.

Ringkêsanipun gêndhing Pangkur lămba sak dhawahipun.

Pola ăngka 5.

[Notasi]

Yèn badhe dhawah, sasampunipun N III lajêng nuthuk.

[Notasi]

Badhe kasambêtan

R.Ng. Pringgahardana.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni buku-buku saking Boekhandel J.B. Wolters, Scotweg 5 Batavia, awarni:

1. Voorloper van Kaart en Tekst, eerste Atlas van Nederlandsch-Indie, karanganipun K.G. Knol, A.J.P. Moereels tuwin C. Lekkerkerker kabiyantu dening K.J. Danckaerts punika satunggiling buku pangajaran ngèlmu bumi tumrap kapuloan tanah ngriki, kangge pamulangan andhap. Ing sabên kaca isi kar mawi pulas, dipun sisihi pitakenan, kanthi gambar-gambar ingkang mêwahi katrangan. Rêgi f 0.90.

2. Gelis pinter maca, anggitane A. van Dijk lan R. Wignjodisastro, jilid I, II tuwin III, aksara Latin, isi 32, 40, tuwin 48 kaca, mawi gambar rêgi f 0.15, f 0.20 tuwin f 0.20 sêrat waosan tigang jilid punika tuntunan maos basa Jawi aksara Latin, kaangkah murih enggalipun sagêd, kangge wulangan ing pangkat I.

3. Kêmbang sataman jilid 4. Sêrat waosan kangge pamulangan Jawi pangkat III sapanginggil, mawi gambar karanganipun Tuwan A.C. Deenik tuwin A. van Dijk kajawèkakên dening Radèn Sasrasugănda. Aksara Jawi, isi 112 kaca. Rêgi f 0.65.

4. Ambungahake II layang wacan aksara Jawa, anggitanipun H.C. Croes mawi gambar, isi 47 kaca. Rêgi f 0.20.

5. Nyênêngake II Layang wacan aksara Latin mawi gambar anggitanipun H.C. Croes. Isi 46 kaca. Rêgi f 0.20.

Buku-buku punika kasade ing toko buku wau piyambak.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun.

--- [551] ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Andhap-asor unggul wêkasane

Garèng : Ora, Truk, anggonmu anêrangake têmbung: gusti kuwi mau, kathik banjur dijarwa-dhosok, utawa jarwa-suta. Apa-apa kae nèk diothak-athik cara mêngkono, iya banjur cocog bae, kaya ta: cang - kir, diunèkake nyancang pikir, iya mêsthi bae, ta, dhasar tèhe cap sêmar mêlèk, kathik gulane batu, sing sapa ora banjur kêcancang pikire dening ombèn-ombèn sing kaya ngono kuwi, aku arêp nonton, sèh. Banjur: lo-dhong, dijarwa-dhosok: wela-wela ana ing gêdhong, iki mula iya nyata, barang apa bae sing disimpên ana ing lodhong, didêlêng saka ing jaba mula iya katon cêtha wela-wela. Luwih manèh jarwa-sutane asmaku, Truk, saya melok lan mathuk manèh. Mara, apa ora cêsplêng: Ga-rèng, uwis gagah kathik ngèrèng.

Petruk : Tobat, tobat, wong wandane kaya ... dhimpil ora kluruk mêngkono, kathik ngakune: gagah lan ngèrèng. Nanging iya ora maido, wis jamak lumrah uwong kuwi sok ora gêlêm ngakoni alane utawa kacingkrangane. Hla wong ana ing ngomah sabên dinane cat mangan cat ora, mêksa wani anyaguhi ... suwêng blong mata barliyan.

Garèng : Wayah, kaya ora apal nyang lageane wong lanang, rak wis lumrah, ta, nyang bangsane klambi ès lilin, gêlung ciyodhah kuwi, yèn arêp olèh, ambok ... bubule pisan, iya disaguhake. Ora, Truk, mara têrangna, gusti kok arani: bagus, sêtiti, ngati-ati lan gêmati kuwi.

Petruk : Diunèkake: bagus, cêkake sing bagus kuwi sakabèhane, Kang Garèng, iya: wujude, panggalihane, budine, lan sapiturute, tanpa cacad, kathik tanpa ana sing ngungkuli.

Garèng : Dadi mungguhing uwong iya sing bagus kuwi, iya bagus rupane, luhur bêbudène, jêmbar wawasane, akèh kawruhe, lan sakabèhane sarwa bagus, bagus adat tatacarane, bagus kalakuwane, bagus tatanane, malah ya bagus ... kanthonge.

Petruk : Têkan kanthonge pisan iya bagus, nèk ora mangkono, mêngko rak bisa kalakon, gusti mundhut parimirmane ... pak gadhe, Kang Garèng. Banjur: diunèkake: sêtiti, mara, anggone nitahake umat apa ora sarana sêtiti bangêt, rupane siji lan sijine mono mula iya beda-beda, ana sing gagah prakosa, ana sing pating kêthaklik, ana sing pating têlolèr, ana sing pating grêmêt, lan sapiturute, ewasamono saka sêtitine Ingkang Kuwasa, mêksa padha pinaringan pirantine dhewe-dhewe kang kêna kanggo golèk pangan.

Garèng : Ngrêti aku, Truk. Tumrape manusa sing disêbut gusti, kuwi iya kudu bisa milah-milah uripe siji-sijining para kawulane, dadi iya

--- [552] ---

bisa nêtêpake: kawulane sing kaya aku iki upamane: samene, nèk bangsane mas mantri: samene, ndara wadana: samene, para kangjêng-kangjêng: samene, yaiku ... pajêge.

Petruk : Yak, sing diprêlokake kathik mung kasile bae, ewasamono aku iya ora ngluputake babarpisan. Ing kono rak mung arêp nyêthakake adiling tindaking gusti nyang para kawulane siji-sijine. Saiki ingkang Kuwasa diunèkake: ngati-ati, awit ingkang Kuwasa ora mung nitahake mahluk bae, nanging uga maringi pranatan murih slamête, yaiku pranatan: apa sing kêna, lan apa sing ora kêna ditindakake.

[Grafik]

Garèng : Cocog, Truk, nèk carane ing donya kene, iya dianakake: wèt, kang kudu ditindakake kanthi saadil-adile, sanadyan kadhangkala wèt mau kêna diapusi ing ... pokrul bambu pêtung.

Petruk : Ya kuwi donya, Kang Garèng, yèn kowe arêp wêruh. Nèk ana ing donya kuwi kêna diunèkake ora ana barang kang sampurna, sanadyan mung saênil, iya mêksa ana sing marakake ora kumplit. Saiki tak banjurne manèh andharanaku, ingkang Kuwasa diunèkake: gêmati. Mara, apa iya ora gumati kuwi arane, ingatase umat, kuwi warna-warna bangêt, lan ora karuwan cacahe, ewasamono siji ora ana sing kliwatan, kabèh mêksa olèh cadhong pangane. Mara, apa ora gêmati iki arane.

Garèng : Dadi nèk cara gusti manusa, ya kuwi sing bisa: paring tudhung nyang wong kang kêpanasan, paring payung nyang wong kang kodanan, paring têkên nyang wong kang kêlunyon, paring salêp nyang bubulku ....

Petruk : Wayah, kok banjur mikir butuhe dhewe bae mêngkono. Sanyatane iya bênêr omongmu sing mangkono kuwi.

Garèng : Wèh, hla kok iya abot sanggane wong dadi gusti kuwi, dhing. Iya wis, aku tak êmoh dadi gusti bae.

Petruk : Sing arêp nyêbut gusti nyang dhapurmu bae sapa, sanadyana kowe sugih ... utang lan cacad. Mara, Kang Garèng, nèk nitik sifat-sifating gusti kang: bagus, sêtiti, ngati-ati lan gêmati mau, apa ora wajibe aku kabèh, padha wêdi, bêkti, ngaji-aji, lan sapiturute, marang ingkang kuwasa ....

Garèng : Wah, sing kaya ngono kuwi wis tak tindakake sabên dina kanthi têmên-têmên, malah salêbare [salêbar...]

--- [553] ---

[...e] sêmbahyang kuwi, isih nganggo tak lanjari munjuk dhewe mangkene: O, Gusti, mugi kula kaparingana têtêp iman kula, lan kula nyuwun pangapuntên sadaya dosa kula, makatên ugi dosanipun para mukmin sadaya kaparingana ngapuntên. Kajawi punika mugi-mugi kula pinaringana rêjêki ingkang sêmpulur, sukur bagi mawi èksêtrah ingkang kenging kangge dhatêng bioskup.

Petruk : Hus, wong sêmbrana, kathik nganggo ditambahi sing ora karuan mêngkono. Wis, Kang Garèng, saiki tak ambalèni katêranganaku ing ngarêp, ya iku kang diarani andhap-asor, kang bakal unggul wêkasane kuwi. Kaya sing wis tak kandhakake, wong sing bisa kaya ngono, ya kuwi uwong sing rumasa apês tumrape Gusti. Hla, saiki sing kêpriye sing diunèkake: rumasa apês tumrape Gusti kuwi. Ora liya, ngrumasani yèn kabèh-kabèh kuwi Gusti ingkang kagungan, manusa mung diwajibake: anggadhuh.

Garèng : Mêngko sik, Truk, aku tak nyêlani pitakon. Dadi saupama aku duwe sêtelan palêmbeyak, saka anggonku tuku nganggo dhuwit-dhuwitku dhewe, iki wajibku apa iya kudu tak lêbokake ing atiku mangkene: aku digadhuhi utawa diparingi ngampil dening Gusti: sêtelan palêmbeyak. Wèh, Truk, nèk kudu mêngkono ajêgan, anggonku nganggo sêtelane mau iya ora tau bisa jênjêm. Padhane lagi kowe sowan Pakualaman nganggo langênarjan silihan kae, saupama nganggomu kuwi ana ing Batawi kene, atimu apa ora tansah klicutan bae, kuwatir yèn kêpêthuk karo sing kagungan jas.

Petruk : Nanging rak ana bêcike, ta, Kang Garèng, sarèhne kowe rumasa nganggo-anggo sing dudu duwèkmu dhewe, mêsthine panganggomu kuwi iya luwih ngati-ati, sabab kuwatir yèn rusak, ora wurung disênèni sing duwe. Tur kowe iya ora bakal pêthenthengan, awit sing kok ênggo kuwi, kowe ora rumasa anduwèni, dene yèn barang silihan mau banjur dijaluk bali marang sing duwe, têmtune kowe iya ora mêsgul utawa gêtun, awit, iya kuwi mau, dijaluk bali dening sing duwe. Mêngkono sabanjure yèn kowe duwe dhuwit, kok rumasa mung digadhuhi dening Gusti Ingkang Kuwasa, mêsthine anggonmu migunakake dhuwit mau, ora banjur main: hèr-hèran, nanging têmtune kanthi ngati-ati bangêt, awit kowe rumasa: dudu duwèkmu dhewe. Kowe duwe dhuwit mau, iya ora banjur pêtentengan lan pêtontongan, awit rumasa yèn dhuwit mau mung dhuwit silihan. Kosokbaline yèn dhuwit mau ilang, kowe iya ora masgul utawa gêtun, awit kowe banjur ngrumasani: wong dudu dhuwitmu. Mêsthine iya bali mênyang sing kagungan. Kajaba saka iku, Kang Garèng, ing sarèhne kowe wêdi, bêkti, ngaji-aji marang Ingkang Kuwasa, mêsthine kowe tansah ngudi samubarang kang bisa gawe rênaning panggalihe Gusti. Măngka gawe kabêcikan kuwi dadi rênaning panggalihe Gusti. Dadi sabanjure kowe iya ora eman ambuwang dhuwit kang digadhuhake nyang kowe mau, yèn pancèn kopigunakake kanggo kabêcikan, malah kosokbaline andarindhil anggonmu ngucap: alhamdulillah, alhamdulillah, dene bisa agawe rênaning panggalihe Gusti mau.

--- 554 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Sêsakit meningitis tuwuh ing Flores. Miturut wartos saking Kupang, têtiyang ukuman ing Ruting, Flores, kathah ingkang kêtrajang sêsakit meningitis, sêsakit wau lajêng pinanggih ngambra-ambra. Kathah têtiyang ingkang nêmahi tiwas.

Kêmajênganing pakêmpalan têtanèn ing Kêbumèn. Para kêpala dhusun tuwin guru dhusun ing Kêbumèn ngêdêgakên pakêmpalan cooperatie. Pakêmpalan wau gadhah atur dhatêng Departement van Economische Zaken, nyuwun katrangan ing bab lampah-lampahing panggaotan copra tuwin pantun.

Topi hèlm badhe kangge wontên ing tanah ngriki. Ing wekdal punika wontên raosan, para wadyabala ing tanah ngriki badhe dipun ênggèni topi hèlm waja, kados ingkang tumindak wontên ing Eropa. Ing bab punika badhe kawontênakên rantaman waragad ing taun 1939, ingkang kalêbêtakên ing wêwahan. Ing bab topi punika kamanah pêrlu sangêt tumraping wadyabala.

Adêging Rumah Piatu Muslimin ing Bêtawi. Adêging Rumah Piatu Muslimin ing Bêtawi saya dangu saya kêtingal pigunanipun. Malah ing sapunika ngantos kêkirangan papan ingkang kangge nyêkapi kabêtahaning lare-lare ingkang sami dipun upakara wontên ingriku. Mila saking kajênging bêbadan wau badhe ngindhaki damêl griya kalayan botên nyêngka nanging nyêkapi pêrluning lare-lare. Ingkang punika, R.P.M. angajêng-ajêng sih kadarmanipun sintên kemawon, awarni arta utawi bandha sakaparêngipun. Wiwiting pandamêl wontên wêkasaning wulan Mèi punika.

Kintunan barang dagangan saking Sumatra Pasisir-Wetan. Miturut cathêtan saking Centraal Kantoor voor de Statistiek, ing salêbêtipun wulan Maart 1938 punika barang padagangan ingkang kawêdalakên saking Sumatra Pasisir Wetan awarni: karèt 10.319 ton, kopi 196 ton, copra 945 ton, wiji palm 2934 ton, lisah klêntik 16.929 ton, sata 2657 ton, tèh 654 ton tuwin sêrat 2002 ton.

Sêrat palilah tumrap tukang-tukang untu. Sampun dangu pakaryan babagan kasarasan migatosakên ing bab padamêlanipun para tukang untu bangsa Tionghwa, nanging bab punika botên sagêd nindakakên punapa lêrêsipun, amargi dèrèng wontên pranatanipun ingkang maton. Nanging ing sapunika pakaryan babagan kasarasan sawêg ngrancang tatanan wau, ingkang wosipun, sawarnining tiyang ingkang nindakakên padamêlan wau kêdah tiyang ingkang anggadhahi diploma, tumrap ingkang botên gadhah diploma kêdah angsal palilah saking ingkang wajib, samangsa wontên ingkang botên nêtêpi tatanan, badhe kasuwak.

Jawah awu saking rêdi Mêrapi. Ing Surakarta mêntas jawah awu. Miturut papriksan saking pajagèn ing Babadan, pucaking rêdi Mêrapi kêtingal ngêdalakên kukus, wiwit jam tiga dalu ngantos dumugi jam pitu enjing, nanging ing pajagèn ngriku botên jawah awu.

Nanggulangi sêsakit mripat. Ing bab tindakipun Dr. Tijssen anggèning nyarasakên têtiyang sakit mripat ingkang mèh wuta sampun kêrêp dipun wartosakên ing pundi-pundi. Miturut katrangan, wontênipun têtiyang sakit mripat ing tanah ngriki punika ngantos atusan ewon, limrahipun namung sami nêdha jampi dhatêng dhoktêr limrah, sanès dhoktêr mripat. Saking pamanggihipun Dr. Tijssen, saupami para dhoktêr wau angsal wêwahan pangajaran saking dhoktêr ingkang ahli babagan sêsakit mripat, tamtu pinanggihipun saya prayogi. Mila pangajêng-ajêngipun Dr. Tijssen, supados angsal kintunan dhoktêr ahli sêsakit mripat saking nagari Walandi, sagêda lajêng nunggil damêl kaliyan para dhoktêr ingkang tumindak anjampèni têtiyang sakit mripat wau. Manawi sagêd tumindak makatên, tamtu lajêng kathah tindak anjampèni sakit mripat ingkang miturut tatanan. Dene salajêngipun dhoktêr ahli wau sagêda pindhah-pindhah panggenan, lajêng nularakên kawruhipun.

Majênging sêsadean ing Lampung. Sampun sawatawis dintên, mèh sabên dintên wontên maesa ingkang kakintunakên dhatêng Lampung, ngantos gangsal-neman, pangintunipun maesa wau saking Merak, pêrlu kangge pragadan, dene kintunan tigan ngantos dasanan ewon.

Muhammadiyah tampi ulêm saking Jêpan. Wontên wartos, pakêmpalan Islam ing Jêpan ngulêmi Hoofdbestuur Muhammadiyah supados anjênêngi paaargyan pambikakipun mêsjid ing Tokio, waragad-waragadipun dipun sanggi dening pakêmpalan Islam ing Jêpan sadaya. Paaargyan wau badhe kadhawahakên wontên ing tanggal 12 Mèi inggih 12 Mulud. Nanging wontên wartos bilih Muhammadiyah botên badhe minangkani panêdha wau, jalaran gêgayutan kalihan kawontênan ing Asia ing wêkdal punika.

Tentoonstelling Mardiguno. Benjing tentoonstelling Mardiguno ingkang kawontênakên ing sêkatenan Surakarta, awarni: 1. barang-barang pisungsung dhatêng Sampeyandalêm Ingkang Wicaksana kala mèngêti jumênêng 40 taun. 2. barang-barang pisungsung nalika Sampeyandalêm Ingkang Wicaksana tumbuk yuswa 64 taun. 3. barang-barang pisungsung nalika Sampeyandalêm Ingkang Wicaksana têtêp yuswa 72 taun. 4. barang-barang saking Museum Radyapustaka kapilihan ingkang sae. 5. barang-barang saking Museum Kraton. 6. tuwin barang-barang sanèsipun ingkang sagêd mêwahi sêsêrêpan.

Panenan ing Mojokêrto kapitunan. Panenan pantun ing wêkdal punika pinanggih botên kêmêdalan, jalaran kêbênan saking lèpèn Brantas. Ing sapunika parentah aparing pitulungan arta f 20.000.-, kangge ngêdêgakên babadan ingkang sagêd suka pitulungan.

Angsal-angsalanipun pakaryan Post suda. Salêbêting tigang wulan kawitanipun taun punika angsal-angsalanipun pakaryan Post suda, gunggunging angsal-angsalanipun sadaya f 5.909.031.-. Pêpetangan makatên ing taun kêpêngkêr wontên f 6.302.240.-.

[Grafik]

Patilêman bayi. Patilêman bayi damêlanipun Hoofverpleegster Zuster Bruning ing Budi Kêmuliaan, Bêtawi, ingkang kalêbêt sae saha mirah waragadipun.

Ewah-ewahan saha têtêpan dhoktêr. Kawrat kêkancingan saking Departement Pangajaran, Dr. R. Soesilo kaparingan verlof dhatêng Eropa laminipun sataun, wiwit tanggal 20 Augustus ngajêng punika. M. Soeparmo Honggopati Tjitrohoepojo, katêtêpakên dados Gouvernements Indisch Arts manggèn ing Blora.

Pitulungan Credietbank Blora. Kala taun kêpêngkêr Credietbank ing Blora mitulungi nyambut arta dhatêng têtiyang tani ing bawah ngriku, kangge waragad nanêm sata. Dumuginipun wanci, panenanipun pinanggih nglêgakakên. Saya tumrap ing bawah Bojonêgoro. Gunggunging arta ingkang kasambutakên wau wontên f 40.000,-.

Ing bab prakawisipun tuwan Nadjamoedin. Ing bab prakawisipun tuwan Nadjamoedin, sêsêpuh Rupelin, ingkang kadakwa nyalingkuhakên arta, punika miturut wartos arta wau pêrlu kangge kabêtahaning tiyang sanès, wusana lajêng nêmahi kasangsara piyambak. Ing sapunika tiyang sêpuh tuwin marasêpuhipun tuwan Nadjamoedin sampun dumugi ing Surabaya ambêkta arta f 25.000 kangge nglintoni arta gadhahanipun Rupelin tuwin sanès-sanèsipun, sagêda lajêng rampung.

Nglêrêsakên lêpating pakabaran. Kasêbut Kajawèn no. 33 ing bab Handelsvereeniging Nangkoda, punika miturut katrangan botên wontên.

--- 555 ---

Cooperate tiyang siti ingkang kaping 499. Dumugining tanggal 20 wulan April kêpêngkêr, kawontênanipun cooperatie tiyang siti ingkang sampun angsal rechtpersoon wontên 499. Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika nandhakakên bilih cooperatie têtiyang siti pinanggih saya majêng.

Tanêman randhu ing kabupatèn Tuban. Ing bawah kabupatên Tuban wontêning tanêman randhu cacah 300.000 wit. Wit randhu wau ingkang kathah sami asli cangkokan (sêmpalan), mila pinanggihing wohipun botên sapintêna, ing sabên uwit namung sagêd awoh kathah-kathahipun 300 iji, dados sabên taunipun wontên 90.000.000 iji. Ing sapunika cara nanêm makatên wau badhe dipun ewahi sarana ngawontênakên dhêdhêran, papanipun pandhêdhêran wontên ing bawah onderdistrik Jênu. Ing sabên wit badhe kasade 2 saprapat sèn. Ing salajêngipun ingriku badhe dipun wontêni tiyang ahli babagan randhu, supados sagêd nindakakên caraning pananêm ngantos dumugining panyade.

Papriksa babagan sakit ewah. Gêgayutan kalihan badhe kèndêlipun Dr. Tumbelaka, pangagênging babagan sakit ewah badhe tindak titipriksa dhatêng saindênging tanah Jawi ing bab babagan sakit ewah.

Bab punggawa nagari manawi pindhah. Ing sapunika nagari anggalih dhatêng tumindaking punggawa nagari, manawi pindhahipun wontên têngah-têngahaning wulan kêpêksa lajêng ambayar sewan griya rangkêp. Ingkang makatên wau kagalih supados manawi pindhah sagêda wontên wêkasaning wulan. Dene manawi wontên pindhahan kêsêsa, punika kêdah ingkang mawa pêrlu ingkang sampun botên kenging dipun singkiri malih. Nanging manawi ngantos tumindak makatên, ingkang wajib anggalih paring lêlintu. Panêdhaning kapitunan kêdah kawrat ing zegel dhatêng directeur babagan arta praja lumantar pangagêng Departement ingkang gêgayutan, kanthi katrangan sanès-sanèsipun.

Gêdhong H.B.S. ing Sêmarang. Miturut wartos, pandamêling gêdhong H.B.S. enggal ing Sêmarang ngiras dipun dèkèki papan pandhêlikan samangsa wontên bêbaya saking gêgana.

Bangsa Batak kirang kasarasanipun. Pinanggihing papriksan, tumrap bangsa Batak ingkang sami mlêbêt dados saradhadhu kathah ingkang kirang saras badanipun. Ingkang punika tumrap lampah pados wadyabala bangsa Batak badhe mêndhêt têtiyang saking panggenan ingkang pasitènipun loh.

Têtanggêlan jiwa Muhammadiyah. Congres Muhammadiyah ingkang kêpêngkêr punika nêtêpakên rêmbag badhe ngêdêgakên pakêmpalan nanggêlakên jiwa, kanamakakên Levensverzekering Mij. Indonesia. Dumuginipun sapunika golongan Muhammadiyah ingkang malêbêt nanggêlakên jiwa sampun wontên gangsal atusan.

Kintunan kajêng arêng dhatêng Jêpan. Ing wêkdal punika kintunan kajêng arêng dhatêng Jêpan pinanggih saya suda. Sudanipun wau jalaran parentah Jêpan matêsi lêbêting barang-barag saking sajawining praja. Kala taun 1937 wêlingan kajêng arêng saking Jêpan dhatêng tanah ngriki wontên 50%. Tumrapipun Jêpan migunakakên kajêng-kajêng saking Coromandel tuwin Makasar kangge barang prabot griya, dene sudaning padagangan kajêng ing tanah ngriki ing sapunika sagêd nyade dhatêng Prancis.

NAGARI WALANDI.

Nationaal-Dagblad katitipriksa. Jalaran saking wontêning karangan ing Nationaal-Dagblad ingkang suraosipun ngrèmèhakên dhatêng Minister Yustitie, lajêng katindakakên papriksanipun dening Officier Yustitie ing Den Haag sintên ingkang kajibah ing jawab.

Sribagendha Maha Raja Putri têdhak ing De Ruyter School. Ing tanggal 2 Mèi punika Sribagendha Maha Raja Putri rawuh ing Vlissingen pêrlu nguningani kawontênanipun De Ruyter School. Ingriku kawontênakên paargyan pambikaking krudhung rêcadalêm suwargi Sripaduka Prins Hendrik sajaja ingkang kapasang wontên plataraning sêkolahan.

EROPA.

Inggris badhe damêl kapal pêrang agêng. Miturut wartos, Inggris suka sumêrêp dhatêng Volkenbond, bilih badhe damêl kapal pêrang agêng langkung saking 35.000 ton.

Tilas Nata Inggris pindhah kêdhaton. Hertog tuwin Hertogin van Windsor sampun têdhak saking Paris dhatêng Cannes, lajêng nyewa dalêm agêng kagêm kadhaton wontên sacêlakipun Antibes, laminipun tigang taun.

[Iklan]

Ambêskup barang-barangipun Prins Otto. Wontên wartos, barang-barangipun kulawarga Hapsburg ingkang rêginipun 18 yuta rupiyah saèstu dipun bêskup, jalaran saking wêwakiling sêrat kabar, ingkang anjalari damêl kalêpatan.

[Grafik]

Dr. P.V. van Stein Collenfels seda. Kala tanggal 27 April kêpêngkêr, wontên wartos saking Colombo, bilih panjênênganipun Dr. P.V. van Stein Callenfels, ingkang nuju layaran badhe dhatêng Eropa, seda, gêrahipun sampun sawatawis dangu. Dr. P.V. van Stein Callenfels punika mumpuni dhatêng kawruh babagan barang kina.

Pisungsung anyarêngi wiyosanipun Sang Hitler. Anyarêngi dhawahing dintên wiyosanipun Sang Hitler, wontên pisungsung awarni plaat gramofoon ingkang isi sawarnining wêdharsabdanipun Sang Hitler nalika kawontênakên manunggiling Jêrman kalihan Oostenrijk. Pisungsung wau saking Dr. Joseph Gobbels. Ministêr babagan salêbêting praja, Dr. Wilhelm Frick, misungsung gogor singa barong. Dr. Arthur Seys Inquart, atas saking namanipun parentah provincie Oostenrijk ngaturakên kêkancingan tumindaking pilihan ing Oostenrijk.

Wêwakil nagari-nagari ngamănca ingkang dipun tampi dening Sang Hitler. Rijkskanselier Adolf Hitler sampun nampèni utusan-utusan saking nagari-nagari sanès ingkang sampun katêtêpakên tumrap Rumenie Radiu Juvara, saking Bulgariye Parvan Draganoff tuwin saking Peru Enrique Gildeneister, sadaya wau sami sowan Sang Hilter piyambak kanthi ambêkta sêrat saking praja ingkang dipun wakili.

Lindhu ing Turki. Miturut katrangan ingkang kantun, wontênipun têtiyang ingkang nêmahi tiwas jalaran lindhu ing Turki wontên 800. Têtiyang ingkang kecalan pangauban wontên 30.000. Kapitunanipun wontên 2.500.000 pondsterling. Ing Anatolie griya ingkang ambruk atusan. Salajêngipun para wajib lajêng nindakakên pitulungan sapêrlunipun. Sanès dintên sasampunipun wontên lindhu kados ingkang sampun, lajêng wontên lindhu malih ing Kershebir, wontên tiyang nêmahi tiwas 16 tuwin kathah karisakan. Têtiyang ingkang sami ajrih nyuwun dipun pindhah dhatêng sanès panggenan.

--- 556 ---

Wêwaosan

I. Sirnanipun para linangkung

71

Ing satunggiling dintên, ing wanci sêrap surya, wontên prajurit numpak kapal cacahipun pitu sami têtêgaran wontên ing bêbulak. Prajurit pitu wau sami jêjêngguling prajurit ing praja Ruslan. Dene ingkang dados têtindhihipun, inggih punika pun: Ilya. Prajurit ingkang nêm: Dhobrinya, Alyasa, Samson, Wasili, Iwan, tuwin Gorjengko. Ing kala punika lampahipun dumugi ing margi pratigan. Margi ingkang satunggal anjog ing Kiyèf, ingkang ăngka kalih nuju dhatêng Nogorod, dene ingkang ăngka tiga dhatêng Samodra Cêmêng. Ing sarèhning wêkdal punika sampun kasaput ing dalu, prajurit pitu wau lajêng sami nêdya nyipêng wontên ing ngriku. Kapalipun sami kaêculakên supados sagêd nêdha sukêt ing sakiwa-têngênipun papan wau, salajêngipun para prajurit lajêng sami mapan tilêm.

Enjingipun, Ilya tangi rumiyin piyambak saha lajêng dhatêng lèpèn ing sacêlakipun ngriku, inggih punika ingkang dipun wastani lèpèn: Safat. Sasampunipun adus saha andhuk-andhukan, Ilya lajêng lênggah jèngkèng prêlu anêmbah dhatêng Ingkang Kuwasa. Sarêng sampun rampung anggènipun manêmbah dhatêng Pangeranipun, Ilya lajêng mawas dhatêng sabranganing lèpèn sisihipun. Ing kala punika Ilya sumêrêp wontên prajurit tanpa wicalan cacahipun ingkang sawêg nyabrang ing lèpèn nuju dhatêng papan pakèndêlanipun. Sanalika punika Ilya lajêng ambêngoki kănca-kancanipun makatên:

He, sadulur-sadulur, enggal padha tangia, ana gawe.

Para prajurit ingkang taksih sami tilêm sakeca wau, enggal-enggal garegah sami tangi, saha lajêng sami sumadhia nêdya tumandang ing damêl. Sakêdhap kemawon prajurit pitu wau sami numpak kapal, sarta sikêp dêdamêl. Nyumêrêpi wontên mêngsah dhatêng ingkang tanpa wicalan kathahipun wau, botên mawi karêmbag panjang malih, prajurit pitu lajêng anêmpuh ing yuda. Pangamukipun Ilya sakancanipun prasasat banthèng kataton, sintên ingkang kadhawahan dêdamêlipun, inggih pêdhang utawi gada, tamtu tugêl utawi rêmuk sirahipun. Kajawi punika sintên ingkang kacokot utawi kapidak ing tracak waja kapal-kapalipun, mêsthi inggih lajêng tiwas. Amila pêjahing mêngsah sami anggêlasah kados babadan pacing.

Sarêng anggènipun pêrang campuh wau kirang langkung sampun wontên tigang jam dangunipun, mêngsahipun sampun tumpês pêjah sadaya, mayitipun ngundhung-undhung kados rêdi, dene lèpèn Safat prasasat mili rah. Saking bingah-bingahipun dene sampun sagêd angawonakên mêngsah ingkang samantên kathahipun wau, ing wusana Ilya kalair têmbungipun makatên:

Tangane dhewe kiyi tumêkane saiki isih kuwat sarta prasasat tanpa sayah ngobat-abitake gêgaman kanggo numpês mungsuh. Mangkono uga jaran-jarane ing sêmu iya durung kalong babarpisan kêkuwatane, apa manèh pêdhang-pêdhange, iya isih landhêp sarta ampuh.

Ing ngriku dumadakan Alyasa lajêng kibir saha lajêng ngumbar suwara makatên:

Pancèn mula iya nyata, kaluwihane aku kabèh iki ora ana kang nandhingi. Sanadyana para prajurit saka suwarga pisan, mêsthi bakal kasoran manawa nganti mungsuh pêrang karo aku kabèh iki.

Sawêg kemawon rampung anggènipun ngumbar suwara ingkang kumalungkung wau, dumadakan lajêng wontên satriya kalih numpak kapal dhatêng ing ngriku, ingkang kanthi suwara sora anantang makatên:

He, para prajurit ing praja Ruslan, yèn nyata kowe kabèh padha satriya kang prawira, mara padha majua mrene, apêrang tandhing karo aku sakloron. Aja rikuh dupèh ing kene mung sakloron, kowe kabèh ana wong pitu. Kaya-kaya aku kloron ora bakal mundur sajangkah mungsuh karo prajurit kang mung samono mungguh kadibyane.

Badhe kasambêtan.

Wara-wara

Gêgayutan kalihan wara-wara ingkang kapacak ing Kajawèn nomêr 30. Ngaturi uninga, bilih gambar kalih iji punika, samangke botên dipun sade malih. Awit langkunganipun kantun sakêdhik sangêt, prêlu kangge sadhiyan manawi wontên ingkang kêdah dipun sukani bêbingah (prêsèn).

--- [69] ---

Nomêr 18, 4 Mèi 1938. Taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Kagunan Nyêrat (Ambathik tumrap Wanita Jawi).

Nuwun, ing ngriki kula botên badhe nêrangakên patrap lan rekadayanipun nyêrat sinjang, upami: wong ambathik iku, morine, malame kudu kiyi. Panyêkêle lan panyêbule canthing kudu mangkene. Wêdêlane, pambabare, soga tingine kudu samene. Punika botên badhe kula rêmbag. Makatên ugi nama tuwin warni-warnining sinjang, punika ugi botên. Kajawi kula punika saèstunipun mlarat kawruh bab punika, ing madyaning Kajawèn ngriki sampun botên kêkirangan anggènipun mujudi gambar mawarni-warnining sêratan sinjang. Mila, sangêt ing panuwun kula mugi-mugi kalêstantuna, ingkang tapis, sampun ngantos wontên ingkang kalangkungan. Lah ing ngriki, punapa ingkang badhe kula rêmbag, botên sanès, bab kagunan ambathik tumrap kula wanita Jawi.

[Grafik]

Biyang Marta Sleman

Ambak-ambak kagunan nyêrat sinjang punika, ing wêkdal samangke ragi kêsilêp, jalaran kêdhêsêk ing kawruh: songkèt, sulam-sulam, braiyên, bordhir lan sanès-sanèsipun kagunan mănca. Nanging saking pamanggih kula, kagunan ambathik punika, mênggah ing kula èstri Jawi, kalêbêt satêngah wajib (kêdah sagêd), panunggilanipun nyambêl lethok anjangan bobor, kêlan ladha lan sapanunggilanipun olah-olahan cara Jawi punika inggih kêdah mangrêtos. Mila ugi kasinggihan sangêt, dene Bale Pustaka ngêdalakên buku rêsèp olah-olahan warni-warni. langkung-langkung ing udyana Kajawèn ngriki, tansah gilir gumantos ngêwrat bab punika. Mila sumăngga katêrusna, sampun ngantos kêmba.

Tiyang badhe sagêd nyêrat sinjang, sanadyan katingalipun sapele, nanging botên gampil dipun sinau. Pawitanipun tiyang sinau ambathik, ingkang prêlu: I. Kêdah grêgêd rêmên, II. Kêdah tlatos kanthi ngatos-atos. Awit kathah para wanita mudha ingkang sami gadhah grêgêd sênêng bab punika, nanging sarêng ngêcakakên, lajêng bosên, botên talatos, wêgah, ngrêgêdi tangan lan sabab sanès-sanèsipun [sanès-sanèsi...]

--- 70 ---

[...pun] ingkang nelakakên wêgahipun nindakakên. Trêkadhang lajêng cêk, santun nyandhak braiyên, hak, songkèt lan sanès-sanèsipun. Ingkang makatên wau kula botên anglêpatakên, pancèn punika padamêlan ingkang luwês, ringkês pirantosipun, kenging kasambi mlampah mrika-mriki, katindakakên wontên pundi papan, inggih mungguha patut, sanadyan wontên satêngahing pandhapi linggih kursi kupêng meja marmêr ingkang pèni, malah dados rêrênggan, mêwahi asrining sêsawangan.

Badhe kasambêtan

Biyang: Marta Sleman.

Bab Olah-olah

Sapit babon

Mragada babon ingkang sawêg wanci badhe nigan sapisan, mangandhapipun dumugi: dhara, dhere. Sasampunipun ingupakara rêsik, manawi dipun olah panggang bumbu rujak, inggih lajêng kasujenana utawi kasapita, lajêng kapanggang ing mawa arêng kanthi dipun êthing-êthinga, sanginggiling ulam katutupana ing godhong dhahap srêp, manawi sampun malik sapisan, lan ulam wau sampun katingal jêne maya-maya, lajêng kagêpukana mawi gandhèn, alon-alon, lajêng kacocohana ing sujèn utawi porok ingkang ngantos waradin, lajêng kaopyok-opyoka ing bumbu: lobok abrit miliha ingkang agêng lan panjang, lombok rawit sawatawis, sarêm, traos, kacolok bawang, asêm sakêdhik, gêndhis jawi miliha ingkang jêne, sadaya wau kaulêga ingkang lêmbat, sasampunipun kaopyok ing bumbu wau wradin, lajêng kapangganga malih, sabên malik sapisan: kaopyok ing bumbu malih, makatên kemawon salajêngipun, ngantos tanak (ulamipun katingal abrit sumringah).

Bilih badhe kaolah: panggang age, ulam babon wau kagodhoga rumiyin, yèn sampun umob sarambahan, lajêng kaêntas, manawi sampun atus, lajêng kasujènana utawi kasapit. Babon satunggal wau kenging kadadosakên satunggal punapa kadadosakên kalih, tiga, utawi sakawan sujèn (sapit) tumuntên kagêpukana ing gandhèn ingkang ragi tapis sawatawis sêru. Bumbunipun age: sarêm traos, brambang kathah, bawang sakêdhik, tumbar jintên, salam laos, bakaran kunir saênthik, kacolok gêndhis jawi ingkang jêne, sadaya wau kajawi salam laos: kaulêga ingkang lêmbat, lajêng kauwor ing santên ingkang kênthêl (kêdah kêndêl dhatêng santên) (kathah) nuntên kagodhog ing wajan siyêm, amargi ingkang mêsthi botên sagêd malih (mutah). Manawi bumbu age wau sampun sat anganil, lajêng kangge angopyok-opyok ulam ingkang kapanggang wau, sabên sawalikan pamanggang: kapopokana ing bumbu ingkang ngantos kandêl angêmplèk, pamanggangipun kêdah ngatos-atos, sampun ngantos gosong, mila latunipun kêdah ajêg, sampun ngantos kalitên utawi kagêngên.

Kula Nyai Pranata.

--- 71 ---

Wangsulan dhumatêng Sadhèrèk Wara Marta Sleman, Bab: Kamajêngan, Cêngkah: Kasusilaning Wanita.

Nuwun, kawrat ing udyananing Kajawèn ăngka 18 lan 20 bagean Jagading Wanita, wontên karanganipun Wara Marta Sleman, bab: kamajêngan, cêngkah: kasusilaning wanita.

Ing sarèhning saking pamanggih sarta wawasan kula andharanipun sadhèrèk wau katingal cêtha sajak sampun mumpuni dhatêng kridhaning kasusilan kula sadaya, sarta prakawis babagan pêrekonomian (kagêmèn) mila ing ngriki kula badhe nyuwun pitakèn, mugi wontêna dhanganing panggalih paring sêsuluh kanthi katêrangan ingkang cêtha, awit saking pamanggih kula prakawis wau botên sakêdhik pigunanipun, langkung-langkung tumrap dhatêng para sadhèrèk ingkang taksih sami tuna sêsêrêpan prakawis babagan wau. Wondene mênggah ingkang badhe kula pitakèkakên wau, inggih punika:

I. Sapintên mênggah watês-watêsing kamajênganing băngsa kula wanita.

II. Kadospundi ingkang dipun wastani kasusilan ingkang murni.

III. Kadospundi ingkang dipun wastani ekonomi, lan punapa têgêsipun têmbung wau, sarta asli saking têmbung punapa.

VI.[6] Nyuwun priksa sarta katrangan dhawuh panjênêngan ing bab: pangudining pêrekonomian (kagêmèn) lan panggulawênthahing putra jalu lan wanita supados sami nglênggahi hakipun piyambak-piyambak, lan ugi taksih kathah sangêt ingkang prêlu-prêlu ingkang sajak sami botên katêngênakên, sapanunggilanipun.

Kajawi kasêbut ing nginggil, kula kêpêksa nyuwun katrangan malih, kadospundi mênggah ingkang dados karsanipun sadhèrèk Marta Sleman, ingkang suraosing pangandika makatên:

Vrije omgang (sêsrawungan mardika) punika bokmanawi kajêngipun badhe anjunjung drajating wanita, awit ingkang dipun emba inggih makatên punika kajêngipun. Nanging tumrap kula sadaya, ingkang dipun telad namung sakêdhik, inggih punika oyak-oyakipun, anggènipun grudag-grudug mrika-mriki, dene anggènipun tumindak ing damêl sêsarêngan kirang dipun gatosakên, trêkadhang botên katindakakên babarpisan. Inggih sami nindakakên, nanging yèn batminton, tènisên, tonil sêtêkên lan sapiturutipun kapilih ingkang sagêd damêl gambiraning manahipun piyambak-piyambak.

Sadhèrèk, punapa dhawuh panjênêngan ing nginggil punika ingkang panjênêngan wastani: kamajêngan, cêngkah: kasusilaning wanita. Bilih kapara nyata, punapa dhawuh panjênêngan wau sampun kawawas kanthi panimbanging panggalih ingkang lêrês saèstu. Awit saking wawasan lan pamanggih kula pangandika panjênêngan punika wau ngêmu raos sajak kirang sarju dhatêng babagan prakawis wau, mila kula purun mastani makatên, jêr wong Jawa goning sêmu. Dados tumrap tiyang ingkang gêsang pikiranipun, nyumêrêpi andharan kasêbut ing nginggil wau masthi lajêng kraos lan mangrêtos bilih anggadhahi têgês utawi pikajêng: aku ora mathuk, aku ora sênêng, sapanunggilanipun.

--- 72 ---

Pancèn inggih lêrês, lêrês tumrap tiyang ingkang botên mathuk, jêr tiyang botên mathuk makatên dhatênga jagad pundi kemawon wontênipun inggih namung ngawon-awon sapiturutipun, kosokwangsulipun tumrap ingkang mathuk, para nupiksa sagêd manggalih piyambak. Măngka pancènipun tumrap tiyang ingkang sampun nama jêmbar sêsêrêpanipun, lan jêmbar wawasanipun, lêrêsipun botên prêlu: ora mathuking panggalih wau kawêdharakên, cêkak ngêmungna kasêngkêr wontên ing salêbêting panggalih, ngèngêtana: yèn sadaya kadadosan, kawontênan, lan lêlampahan punika masthi mawa sabab. Măngka pun: sabab punika wau sagêd nuwuhakên: daya, tuwuhipun: daya. Tumandukipun dhatêng sadaya kadadosan, kawontênan, lan lêlampahaning donya, saking santêring pandhêsêkipun lajêng mahanani santun lan malihing jaman, makatên ugi babagan prakawis: Vrije omgang (sêsrawungan mardika) lan sanès-sanèsipun wau. Botên sanès sababipun kajawi saking daya pandhêsêking jaman, ingkang kula para manungsa botên sagêd badhe ngalang-alangi.

Badhe kasambêtan, Bok Sri W. Rêmbang.

Sinjang Taruntum.

Sinjang taruntum punika satunggiling sinjang sêratan kina, wujudipun prasaja tuwin limrahipun botên dipun rêmêni ing tiyang, awit kangge pameran botên pantês.

Nanging sêratan taruntum punika sami-sami sêratan dipun pilala piyambak, inggih punika ing tiyang manawi gadhah damêl mantu, dipun angge ing tiyang ingkang gadhah damêl jalêr èstri. Tindak kados makatên wau sampun dados kalimrahan. Tumrap tiyang jalêr bêbêdipun taruntum, ngangge sabuk sindur. Dene ingkang èstri tapih taruntum, ngangge kêmbên sindur.

Cara kados makatên wau pinanggih sampun mungguh sangêt, malah manawi wontên tiyang gadhah damêl botên ngangge sinjang taruntum wau dipun wastani anèh. Kajawi makatên, ugi kangge titikan, manawi wontên tiyang ngangge sinjang taruntum, punika dipun wastani tiyang mêntas gadhah damêl.

[Grafik]

Mênggah kajênging tiyang gadhah damêl mantu ngangge sinjang taruntum punika, kêtêlah saking mêndhêt sawab minăngka pamuji, taruntum punika têgêsipun: pradapa. Dados ing pangajêng-ajêng tumrap pangantèn ingkang nêmbe kadhaupakên sagêda thukul saha gêsang sakeca.

--- [557] ---

 


nyêkapi. (kembali)
kabrongsong. (kembali)
§ Doctorandus punika tiyang ingkang sampun putus pasinaonipun ing pamulangan luhur. Para doctorandus tumraping kawruh hukum wênang ngangge sêsêbutan meester (mr.) makatên ugi para doctorandus tumraping kawruh kaundhagèn wênang ngangge sêsêbutan ingenieur (ir). Têmbung doctorandus (drs.) sapunika asring dipun pigunakakên minăngka sêsêbutan, nanging punika kapetang dèrèng manjing adat lan tatacara. (kembali)
§ Dr. (doctor) punika sêsêbutanipun tiyang ingkang sampun dados doctorandus tumrap salah satunggaling kawruh, winêwahan: sampun ambabar pamanggihipun, sarana kadhapuk awujud sêrat, tumrap salah satunggaling masalah ingkang gêgayutan kalihan pasinaonipun, lan sagêd angêkahi pamanggihipun wau atas pambantahipun para guru agung ing salah satunggaling pamulangan luhur miturut upacaraning pasinaon luhur. (kembali)
miturut. (kembali)
IV. (kembali)