Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 86, Rê Wa, 2 Pasa Jimawal 1869, 26 Oktobêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [2109] ---

Ăngka 86, Rê Wa, 2 Pasa Jimawal 1869, 26 Oktobêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Balepustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Prancis, Kasusastran Jawi Enggal, Ngothak-athik Ênthik, Kêthoprak Darmakăndha, Bab Sêsakit Ambêbucal Rah Umbêl, Kawontênan Sajawining Praja, Kabar Warni-warni, Jagading Wanita.

Prancis

[Grafik]

Sêsawangan griya ing tanah parêdèn ing Tarn saurutipun sêmpalaning lèpèn Garonne, nagari Prancis.

--- 2110 ---

Kasusastran Jawi Enggal

Sêsorahipun Tuwan Sastrasuwignya wontên ing Nirom Batawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 85.

Punapa kasusastran Jawi enggal punika sampun kenging kangge anjajagi watakipun jaman enggal punika. Kenging. Awit kasusastran punika inggih wohipun jaman, tumètèsing pikiranipun tiyang ingkang gêsang wontên ing jaman samangke. Dados soalipun lajêng kula santuni têtêmbunganipun: kadospundi watakipun kasusastran Jawi enggal punika.

Bokmanawi wontên salah satunggalipun priyantun ingkang lajêng pitakèn: lo, kasusastran anyar, apa ana kasusastran anyar. Aku krungu têtêmbungan, unine. R. Ng. Rănggawarsita iku pujăngga luhur sing pungkasan dhewe, têgêse: sabanjure bakal ora ana pujăngga manèh, dadi iya ora ana sing jênêng kasusastran anyar.

Para miyarsa, têtêmbungan punika prayogi dipun icali kemawon, sabab sampun botên cocog kalihan kawontênanipun ingkang saèstu. Nyatanipun kasusastran Jawi enggal punika wontên. Pujăngga atêgês: tiyang miguna dhatêng basa, tiyang ingkang sagêd ngolah basa, ahli dhatêng têmbung. Nyatanipun ing jaman samangke para ahli makatên wau botên sakêdhik cacahipun. Kula sadaya inggih sumêrêp, bilih wontêning têtêmbungan: ora ana pujăngga manèh wau, jalaran saking ngumpuk-umpuking raos nêdya ngluhurakên kapujanggan kina, ananging anggènipun angluhurakên wau botên mawi ningali kasusastran ing jaman sapunika, utawi inggih pancèn botên nêdya anjajagi. Tumrapipun tiyang ingkang sampun ngrêtos inggih botên dados punapa, namung tumrapipun tiyang ingkang botên sumêrêp kênthang kimpulipun, mirêng têtêmbungan: ora ana pujăngga manèh wau, sagêd ugi dipun tampi sawantahipun, têmahan nalaripun botên mulur, manawi maos utawi sumêrêp buku utawi karanganipun tiyang jaman samangke, ing sadèrèngipun sampun ngiyas rumiyin, jalaran manahipun sampun kisenan têtêmbungan wau.

Kasusastran Jawi enggal punika wontên. Pujăngga utawi tiyang sagêd ngolah têmbung inggih wontên. Tur dêdamêlanipun inggih dèrèng têmtu kawon kalihan yêyasanipun pujăngga jaman kina.

Anggèn kula sagêd matur makatên punika, mêsthinipun inggih wontên buktinipun. Mênggah ingkang kula angge bukti utawi tuladha punika, inggih Sêrat Sri Kumênyar.

Sêrat Sri Kumênyar punika wêdalan Balepustaka, sawêg mêdal ing salêbêtipun minggu punika, dados taksih angêt kêbul-kêbul, ingkang ngarang Tuwan L.K. Jayasukarsa, guru ing Klampok, Banjarnêgara.

Mênggah isinipun Sêrat Sri Kumênyar wau makatên:

Nalika taun 1918 bawah Wanasaba katrajang ing lindhu ingkang anggêgirisi. Kathah dhusun ingkang risak utawi sirna babarpisan. Cacahipun tiyang ingkang pêjah ngantos botên kantênan. Lurah dhusun ing Talunămba dalah semahipun ugi katut pêjah. [pê...]

--- 2111 ---

[...jah.] Namung anakipun kêkalih Parman kalihan Parmi, sagêd kapitulungan. Nanging lare kalih pisah têbih sangêt. Parman dipun pèk anak satunggaling mantri guru, dipun santuni namanipun Sumarsana. Parmi dipun pèk anak sêrsan, nanging salajêngipun dipun kukup schatter pandhuis, sanakipun sêrsan wau. Namanipun dipun santuni Sri Kumênyar. Lare kalih wau angsal pamardi ingkang sae, sami dipun sêkolahakên, sarta sami pintêr-pintêr.

Nalika kalih-kalihipun sami taksih sêkolah, kêrêp kêpêthuk. Gathukipun botên sapisan kemawon, nanging rambah-rambah. Rèhning sampun sami ngancik mangsanipun birai, mila kalih-kalihipun sami kêtuwuhan trêsna, ananging babarpisan botên nyana, yèn yêktosipun taksih sadhèrèk piyambak tunggil bapa biyung. Sarêng Sumarsana sampun mêdal saking pamulangan Osvia, sarta sampun cêpêng damêl ingkang murwat, lajêng nglamar dhatêng Sri Kumênyar. Rèhning lare sampun sami rêmênipun, măngka inggih katingal sami babagipun, dados panglamaripun Sumarsana dening bapakipun angkat lare èstri wau dipun tampi kanthi sukaning manah. Dintên ijabipun sampun katêmtokakên, ing griyanipun pêngantèn èstri sampun tata-tata. Kabêkta anak namung satunggal, sanajan anak pèk-pèkan, angkahipun schatter pandhuis wau anggènipun gadhah damêl dipun rowakakên. Ananging dumadakan kirang sadintên kalihan têmpuking damêl, sarêng sami ngalurakên asal-usul, kawiyak babaring lêlampahan. Jêbulipun Sri Kumênyar adhinipun Sumarsana piyambak, tunggil bapa biyung, inggih Parmi kalihan Parman. Sampun mêsthi kemawon anggènipun badhe jêjodhoan wurung. Ing salêbêting manah ngraos gêla, nanging kosokwangsulipun inggih lajêng bingah, dene pinanggih sadhèrèk ingkang dipun kintên sampun pêjah. Karamean mêksa dipun lajêngakên. Sumarsana nêrangakên dhatêng para tamu lêlampahanipun piyambak tuwin lêlampahanipun adhinipun, sarta ngaturakên panuwun dhatêng ingkang sampun sami mupu tuwin ngagêngakên piyambakipun tuwin adhinipun wau.

[Iklan]

Cariyosipun botên patos panjang, nanging botên kirang saking narik manah, amargi saking isi gêgambaranipun lêlampahan kasangsaran. Badhe kasambêtan.

--- 2112 ---

Wulang Sae

Ngothak-athik Ênthik.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 85.

[Pangkur]

O lah dalah ora gênah | isih cilik wani ngucik mucuki | kalingane durung umur | êmare tan sinamar | nora idhêp pêpinta pindhaning pandum | ngidak-idak kadang tuwa | dinakwa ngungkul-ungkuli ||

wêruha hèh manis sira | kang panunggul kadang wrêdha sayêkti | wus pasthi tinitah luhur | wingit gawat kaliwat | angungkuli maring para jamhur-jamhur | dhasar winongwong ing dewa | wilalate nglêluwihi ||

nadyan silih pra jawata | pamêngkune yêktine sêmu mundhi | kadibyane tanpa petung | manthêng èsthining cipta | nadyan mênêng nanging uning kabèh dunung | jaba jêro wus manunggal | tan samar pamoring Gusti ||

ênêng-êninging kaanan | kauningan ing kana-kene kêni | wikan wêwêngkoning idhup | kinèdhêp ing sapadha | wus trawaca wêcane umencok mucuk | kinacèk sasamèng gêsang | tinuwa pinundhi-pundhi ||

nora layak lamun sira | sêmu mèri nyênyêri kadang jati | sayêkti antuk sêsiku | siniksa tanpa wêkas | pitungkase para tuwa wus atutur | sing sapa wani wong tuwa | tiwas sajatining urip ||

mungguh karêpmu kalakyan | wus pinunggêl kakang panunggul lalis | tan wurung ngrasa gêgêtun | kelangan kadang tuwa | kang tan dosa siniksa praptaning lampus | tiwas dadi ucap ala | sira maksih ajêg alit ||

karêpmu mung golèk lêga | kalêgana lugune kang punagi | nanging gênah nora keguh | gunging arda angkara | nadyan tansah tinumpêsa tanpa têpus | ingampêt tan bangkit ngampah | malah sêlur banyu mili ||

layak wataking angkara | tansah mungkar nadyan kinêkêr rêmit | yèn kumat nalane limut | mêmêt pangrantamira | lamun ngudal andêdêl kadya binandul | kêndêl nindaki dursila | nora ulap laku silip ||

wong kang mèri marang liyan | nora wirang ingaran tyase miring | larasane nora wêruh | mring warna-warnèng kodrat | kang gumêlar binabar ngèbêki dunung | kang kêbak têpa tuladha | mrih tinulad sanggyèng urip ||

lêlintang abyor nèng tawang | mawa cahya dumilah anêlahi | agung alit wus pinatut | pinetak-petak prênah | parandene rinasa tan ana masgul | nora melik muluk ngalap | mung lumaku mêngku wajib ||

gêbyar-gêbyar lintang johar | jaka bèlèk malerah mêrêm mêlik | lintang luku drêma mlaku | gubug pèncèng pincangan | lintang bruwang amawang ngulati buruk | bomasêkti nitih kuda | si walanjar ngirim-irim ||

pra samya nêtêpi karya | nora darbe rumăngsa êsak-sêrik | dina-dina runtung-runtung | talatèn andum karya | gêndhon rukon rarase têtêp tumanduk | nindaki ing sabên măngsa | lumaksana nut ing wanci ||

taru turut lir tinata | ana tuwuh nèng jroning jurang miring | ana kang nèng lambung gunung | nèng lêbak lêlêdhokan | wênèh subur agung luhur mawa sulur | rêrungkut ngrèndhèt rumambat | lumut lêmês mulas bumi ||

yèn sinêmu mung sumarah | nora ngarah linurah sasamèng wit | si waringin tan kumlungkung

--- 2113 ---

nyênyingkang kêmarogan | nadyan glugu kang salugu agung luhur | nora sumbar marang simbar | kang rasa ngêmbar-êmbari ||

si gajah tandange lêlah | kêthèk lutung parigêl cukat trampil | si kidang kêbat lumayu | ula nglêkêr tloleran | ibêr-ibêr klêpêr-klêpêr anglêlipur | kodhok kongkang ambêbarang | glathik êmprit luru pari ||

têtela tanduke samya | wus winijang mêruhi marang wajib | ajêg jêjêg wruh ing pandum | tan ngrasa ingungkulan | amung tansah sumanggêm sêngsêm sumurup | larape tan galak mênang | mung dumunung uning wajib ||

sajak jênak ngajak-ajak | ngrasa enak manoni srining bumi | pangrarase mring tumuwuh | rumojong marang jagad | jinaganan ajêg anjinge mrih bakuh | pêjah gêsang mung sumăngga | sumarah sakarsèng Gusti ||

marmane riningsun samya | aywa kongsi kapasuk sukèng kapti | karana lamun kêlimput | kêpikat maring hawa | nora wurung angganta yêkti kêglundhung | gêlimpang mring jurang sarang | sinirik sasamèng urip ||

jasadmu têmah sangsara | nora urup angga rinasuk urip | sasat bangke bangkit mlaku | satindak-tanduk tansah | gung ginusah dinalih nênêbar ambu | jêjêmbêri jagad raya | ngêbot-bot ibu pratiwi ||

mungguh adining kagunan | lamun bangkit uning ninging rohani | nênuci rasèng pangracut | ngoncati murkangkara | kang datansah gêgasah mung gawe rusuh | ngrêrusak murtining watak | ngrujuki mring roh khewani ||

titining ponang wasita | wus tinămpa têtêlu katon lilih | sumèlèh mangolah kalbu | narbuka rèh raharja | wus sumisih napsu hawa lir winasuh | sêngsêm tyase driji lima | manunggal rasane jati ||

Pak Kalang.

[Iklan]

--- 2114 ---

Kêthoprak Darmakăndha

Redhaksi Kajawèn dipun ulêmi kêthoprak Darmakăndha ingkang nuju mitongtonakên wontên ing gêdhong Unie Theater ing Mèstêr Kornèlês. Kala punika lampahanipun jumênêng nata ingkang Sinuhun Pakubuwana I wontên ing Sêmarang.

[Grafik]

M.A. Cabuk.

Mênggahing bab kêthoprak, kados tumraping para maos sampun botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun. Wosipun amujudakên lêlampahan wontên ing papan têtingalan, ingkang mêthik saking sêrat-sêrat babad tuwin sanès-sanèsipun. Namung tumraping kêthoprak Darmakăndha punika, mawi mara-marakakên: kêthoprak èstri, ingkang akajêng punggawanipun kathah ingkang èstri.

Manawi mirid kalimrahan, golonganing têtingalan kados makatên punika, sagêdipun narik dhatêng para ingkang mriksani, pancèn wontên ing kathahing èstrinipun. Dene sêngsêmipun adhakan pinanggih wontên ing warni, swara tuwin gêsanging solahipun wontên ing lêlampahan. Anggoyat-gayutipun tigang bab wau, sagêd nuwuhakên pangraosipun ingkang sami mriksani piyambak-piyambak, wontên ingkang kêpasuk dhatêng warni, wontên ingka[1] dhatêng swara, tuwin dhatêng gêsanging lêlampahan, kalêbêt banyolan. Mila ing ngriku botên sagêd anyamèkakên dhatêng raosipun ingkang sami mriksani.

Gêgambaraning kêlir katingal nêngsêmakên tuwin cocog kalihan pamêthanipun, kados ta manawi nuju wontên ngalun-alun, katingal kados manggèn wontên ing papan ingkang ngoblag-oblag yêktos.

Ing bab lêlampahanipun, botên prêlu kaandharakên ing ngriki, awit sampun nama limrah, namung wontên ingkang prêlu kaandharakên sakêdhik ing bab lêlampahanipun Bok Mêrtayuda, anggènipun kênganglangan pangeran adipati anom, awit ing ngriku ingkang pinanggih gêsang, saha katingal ingkang dados bakuning lêlampahan.

Kacariyos Radèn Mêrtayuda dados carik, badhe sowan dhatêng kabupatèn (ingkang kala punika sinêbut karaton) prêlu ngêdêgi damêl anggènipun ing kabupatèn wontên pahargyan jumênêngan nata. Ing ngriku dèn carik mêling, supados ingkang èstri wontêna ing griya kemawon, sampun kesah-kesah, agêngipun ningali dhatêng karaton. Kathah-kathah anggèning rêmbagan, wosipun ingkang jalêr mambêng, ingkang èstri kapengin ningali. Nanging wantuning èstri (kala jaman samantên) namung mituhu. Kalampahan dèn carik bidhal.

Ing ngriku sampun katingal gêgambaranipun, bilih dèn carik sujana dhatêng ingkang èstri, awit ingkang

--- 2115 ---

èstri punika taksih anèm, ayu, dados tumraping pamanahanipun tiyang ing kala jaman samantên, inggih sampun golongan lêbêt.

Bokmanawi sampun limrah, watêking pamambêng, adhakan pinanggih malah ngosokwangsul, kêlampahan Bok Mêrtayuda ningali kanthi sêsiliban, sagêd ningali dhatêng karaton, saha sagêd sumêrêp anggèning bêksa pangeran adipati (wontênipun ing kêthoprakan ingkang dados pangeran adipati, èstri, anjogèd jalêr, gêndhingipun wèsminsêtêr, katingal anglanangi yêktos). Ing ngriku Bok Mêrtayuda kêsabêt ing wèsminsêtêr, dados damêl. Lidok ujare Si Dhaplok. Saha kêlampahan Bok Mêrtayuda têpang kalihan sang pangeran.

Ing ngriku lajêng katingal gêgambaraning kasusilan kala jaman samantên, bilih sawarnining kasujanan punika wigatosipun kangge ngalang-alangi dhatênging bêbaya. Tumrap ingkang wajib tansah kêncêng anggèning mêpêk kêndhali. Manawi cara kinanipun, lêlampahanipun Bok Mêrtayuda punika dipun wastani kenging sambang pasrawungan.

Lêlampahan ingkang kados makatên punika upami caraa rasukan samamun[2] sanès bêdhahanipun, têgêsipun sampun botên anjaman, manawi dipun wawas wontên ing jaman sapunika, lajêng katingal bilih wanita kala jaman samantên punika mung sarwa kêsingsêt wontên ing panguwaosipun ingkang nguwaosi, mila tumraping wanita namung sarwa rupak ing wawasan, botên gadhah ombèr tuwin botên gadhah kêkêncêngan ingkang tuwuh saking manahipun piyambak, sisipsêmbiripun anggèning ajrih dhatêng bêbaya wau malah ambêbayani.

[Iklan]

Gêgambaran ingkang pinanggih ing lêlampahan wau, tumraping panglimbang sampun namung kagalih awonipun lêlampahan kala jaman samantên, ugi kenging kangge wawasan saha dipun pêndhêta sarinipun, têgêsipun lajêng sagêd milahakên awon saenipun. Mila tumrap ingkang ngawaki dados kêthoprak manawi anggèning mêtha lêlampahan wau kalêrêsan, gêsanging raos sagêd tumanêm yêktos dhatêng ingkang sami mriksani, dados kêdah ngatos-atos sampun ngantos narajang dhatêng kasusilaning patrap tuwin basa.

Bab badhudipun, ingkang limrahipun dipun wastani dhagêlan cara sêmbrananing têmbung nindakakên kalêbêt jêmpol. Awit luconipun sampun pinanggih wontên ing dhasar.

Kêthoprak Darmakăndha punika mami[3] larasan

--- [2116] ---

wontênipun ing sêrat sêbaran, mawi dipun pratelakakên namanipun ingkang sami dados, kados ta ing dalu wau ingkang dados Bok Mêrtayuda Mas Jêng Sumarni, ingkang dados Pangeran Pugêr Tuwan Sastrasudarna, ingkang dados Sunan Mangkurat Tuwan Darmawiyata, tuwin sanès-sanèsipun. Punika sagêd ngindhakakên karêngganipun ingkang mriksani.

Upaminipun kala punika ingkang dados pangeran adipati namanipun Mas Jêng Cabuk. Tamtunipun manawi tiyang nyumêrêpi gêsanging tandangipun, lajêng sagêd mastani sanadyan cabuk caranipun Sala, inggih cabuk Jagalan.

Paruman Agung

Kawartosakên, ing sawatawis dintên kêpêngkêr Gupêrnur Groote Oost Tuwan Haze Winkelman rawuh dhatêng Bali prêlu nêtêpakên paruman agung ing Singaraja, sarana kawontênakên upacara.

Ingkang dipun wastani paruman agung punika Zelfbestuur cacahipun 8, tuwin parampara (adviseur) ingkang kêpilih dening residhènan.

Rawuhipun tuwan gupêrnur kapapag dening satungiling kumisi, lajêng bidhal dhatêng kamar bolah. Wontên ing ngriku punika anggèning ngêsahakên têtêpanipun paruman agung.

[Grafik]

Gambar nginggil: Tuwan Gupêrnur nuju lêlênggahan kalihan para Zelfbestuur. Ngandhap: para pangagêng ingkang sami anjumênêngi têtêpan paruman agung wau.

Tuwan Gupêrnur mêdhar sabda ing bab wontênipun Zelfbestuur Bali wiwit katêtêpakên dumugi sapriki, inggih punika ingkang kapasrahan nindakakên padamêan nagari. Ananging padamêlan wau taksih wontên malih ingkang wigatos ingkang kêdah katindakakên dening Zelfbestuur kasêbut nginggil.

Dados wontênipun paruman agung inggih punika satunggiling bêbadan ingkang warganipun Zelfbestuur cacahipun 8. Ingkang nyanggi padamêlan wau.

--- [2117] ---

[Grafik]

Nginggil: tilas saradhadhu Inggris nalika sumpah badhe kaangkatakên dhatêng Tsjechoslowakije anjagi katêntrêman.

[Grafik]

Gambar sisih têngên: kiwa Arthur Greenwood, têngên Mayor Atlee, ingkang botên nyarujuki tindak pulitik ing Chamberlain wontên ing Eropah têngah.

[Grafik]

Ngandhap: sagolongan tiyang Jêrman Sudhètên ingkang sami ngungsi dhatêng sanès panggenan, jalaran botên nyarujuki parentah Hitler.

[Grafik]

Sisih kiwa: wadya Tsjechoslowakije ingkang wangsulakên,[4] awit laladan ingkang kajagi wau kasrahakên dhatêng Jêrman.

[Grafik]

Jaksch, satunggiling panuntun golongan Tsjechoslowakije.

[Grafik]

Sang Hitler punapa dene para opisir nuju papriksa pagêr kawat ingkang kapasang dening băngsa Tsjech.

[Grafik]

--- 2118 ---

Bab Kasarasan

Bab Sêsakit Ambêbucal Rah Umbêl (dysenterie).

Sambêtipun Kajawèn nomêr 85.

Rèhning têtiyang ing nagari ngriku dèrèng mangrêtos utawi bodho, sanajan kathah ingkang sugih malah satunggal kalih wontên ingkang sampun miliyunan, ewodene ingkang mupakat lan purun badhe majêgi toya waterleiding wau sakêdhik sangêt, namung wontên dasanan kemawon, dene aturipun têtiyang punika, sampun sami gadhah sumur piyambak-piyambak, ingkang toyanipun rêsik bêning, dados botên prêlu ngangge toya leiding.

Makatên panampinipun tiyang ingkang botên purun utawi dèrèng mangrêtos wau. Dumugi sapunika nagari inggih botên saèstu damêl waterleiding, lan têtiyangipun inggih taksih sami ngangge toya sumur, mila sêsakitipun inggih taksih wontên, sabên taun kathah tiyang ingkang katrajang sêsakit dysenterie, ing salajêngipun sêsakit wau sagêd ngămbra-ămbra, malah ing satunggiling wêkdal sagêd dados pagêblug.

Dene tiyang ingkang sampun ngangge utawi kulina ngombe toya waterleiding, măngka taksih sagêd kataman sêsakit dysenterie, punika jalaran saking toya leiding ingkang sampun mêdal saking pancuran (kraan) katularan wisa sêsakit, utawi wadhahipun toya pancèn sampun rêgêd katularan wisanipun dysenterie, wontên ugi têtiyang wau mêntas nêdha janganan utawi wowohan ingkang sampun katularan wisaning sêsakit wau botên dipun kumbah ing toya bêntèr rumiyin, inggih saking botên mangrêtosipun anjagi kasarasaning badanipun, inggih sagêd kataman sêsakit punika.

Sanajan tiyang ingkang sampun mangrêtos inggih punika băngsa Eropah pisan, ingkang radin-radinipun langkung mangrêtos, sagêd ugi katularan sêsakit dysenterie, awit tiyang punika sagêd sêmbrana utawi pancèn kadunungan lêpat utawi supe. Ananging inggih mêksa wontên bedanipun, tiyang ingkang mangrêtos langkung sagêd anjagi dhatêng kasarasanipun tinimbang tiyang ingkang bodho utawi botên mangrêtos wau.

Mênggah ingkang dipun wastani sêsakit mêjên dysenterie punika sêsakit ambêbucal rah lan umbêl, samăngsa ambêbucal angêdên-ngêden mawi sakit mulês sangêt. Tiyang utawi lare sakit mêjên punika ing dalêm sadintên anggènipun ambêbucal ngantos kaping 10-20, trêkadhang ngantos sagêd kaping 100. Ingkang sakit badanipun asring dados ringkih sangêt saha sagêd aniwasi.

Sêsakit dysenterie punika wontên warni kalih: bacillarie ingkang thukulipun jalaran saking baksil: (Shiga, Kruse, Flexner Strong) utawi amoeben dysenterie saking amoeben kewan lêmbat ingkang lugu (eencellige). Wontên ing microscoop katawis gêsang, lampahipun saèmpêr kadosdene toya satètès wontên ing dalancang tutul (vloeipapier) mlèbèr-mlèbèr ngêdalakên lêngên, mêngkêrêt, ing sisih

--- 2119 ---

sanèsipun mêdal malih lêngên, mêngkêrêt malih, makatên salajêngipun, samăngsa mrangguli rêrêgêd utawi têtêdhan sanèsipun, lajêng dipun gubêt dipun măngsa, rêrêgêd wau ical (sirna).

Rèhning sêsakit punika wontênipun ingkang kathah ing hawa bêntèr mila dipun namakakên tropische dysenterie.

Tiyang ingkang kataman bacillarie dysenterie, wiwitipun badan sakit bêntèr sangêt, katingalipun ingkang sakit pancèn inggih rêkaos lan anggènipun ambêbucal rambah-rambah saha ngêdên-ngêdên, kraos sakit sangêt.

Manawi botên kêcandhak tumuntên dipun suntik serum dysentirie, ingkang kathah dados tiwasipun.

Ingkang badhe saras, ing salêbêtipun 14 dintên ingkang sakit kraos sakeca, trêkadhang wontên ingkang langkung saking 14 dintên lajêng saras, nanging ingkang makatên wau awis, ingkang kathah-kathah sami tiwas, kajawi ingkang kêcandhak dipun jampèni sarana suntikan serum wau.

Limrahipun sêsakit bacillaire dysenterie punika dadosipun pagêblug yèn anrajang tiyang lajêng nimbal saking satunggiling panggenan dhatêng sanèsipun panggenan ingkang cêlak, lajêng angămbra-ămbra, awit tiyang ingkang sami sakit têmbeyan punika pancèn tiyang ingkang sampun sêsrawungan kalihan tiyang ingkang sakit, utawi ingkang pancèn sampun katularan sêsakit wau.

[Iklan]

Sanajan panularipun sêsakit wau jalaran tiyang ingkang saras gêpokan kalihan ingkang sakit, nanging sajatosipun ingkang ambêbayani dening ngenggalakên pangămbra-ambranipun sêsakit wau. Inggih punika tiyang ingkang ngandhut wisa dysenterie kalêbêt ing badan tiyang ingkang saras, jalaran dipun ombe utawi sanèsipun. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja. Ind. Arts Sêmarang.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka.

Benjing ing dintên Ngahad sontên tanggal 30 Oktobêr 1938, wanci jam 1/2 9 dumugi jam 9, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Moendinglaja. Ingkang mêdhar sabda Tuwan R. Sacadibrata.

--- 2120 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan Sajawining Praja.

Sêpanyol.

Wiwit pêcahing pêrang ing Tiongkok, ingkang lajêng kêsundhul orêg-orêgan ing Eropah têngah, punika lajêng nyilêpakên cêcariyosan ing Sêpanyol, ingkang lugunipun malah pêrang rêrêmpon sayêktos.

[Grafik]

Têtiyang Ngamănca ingkang sami tumut pêrang wontên ing Sêpanyol, nuju sami mirêngakên wêdhar sabda ingkang suraosipun, wilujêng pêpisahan. Jalaran badhe sami kawangsulakên.

Mênggah tuwuhing paprangan ing Sêpanyol punika, bibit sakawitipun, saking pambalelanipun golongan militèr ingkang botên rêna dhatêng paprentahan ing Madrid. Wusana dangu-dangu lajêng dados pêrangan ingkang kêmoran tandanging golongan ngamănca warni-warni. Inggih punika pinanggih wontên ing pasulayanipun ingkang lajêng dipun gêlar wontên ing Sêpanyol. Saha salajêngipun pinanggih, ing golonganipun Prangko dipun biyantu saking Itali tuwin Jêrman, pambiyantunipun wau awarni dêdamêl punapa dene wadyabala. Dene golongan parentah dipun rencangi ing nagari ingkang dhêdhasar dhemokrasi tuwin Ruslan. Nanging sadaya wau tumindakipun sami botên ngêblak. Mila wohipun pasulayan wau lajêng anggêgèndèng dados pasulayanipun nagari pundi-pundi. Prancis rumaos botên kêdugi manawi Itali tuwin Jêrman tumut ambalabagi wontên ing Sêpanyol. Tumrap Inggris ugi botên rumaos kêdugi dhatêng lêlampahan ingkang anggayut dhatêng ing Gibraltar, awit ing ngriku punika satunggiling pajagèn ingkang badhe malêbêt dhatêng lautan têngah, ingkang mêngku kawigatosan.

Bab paprangan punika ugi sampun wontên sêsulakipun badhe rukun, nanging rekadayanipun ingkang badhe ngrukunakên, inggih punika Inggris tuwin Itali, rêmbagipun kalihan parentah Sêpanyol tansah botên gathuk. Awit Itali tuwin prangko nêdha mênang, dene tumrap golongan parentah botên purun mituruti, jalaran nyatanipun, Madrid dèrèng bêdhah. Salajêngipun wontên komisi badhe ngrukunakên, nanging sawarnining usul wau tanpa damêl, ngrika ngriki rumaos sami manggih botên sakecanipun. Sukur dene salajêngipun wontên wêwêngan, Itali purun ngundurakên wadyanipun ingkang wontên ing Sêpanyol cacah 10.000, ing salajêngipun parentah Sêpanyol [Sêpanyo...]

--- 2121 ---

[...l] ugi badhe angwangsulakên têtiyang ngamănca dhatên nagarinipun. Ingkang makatên wau sajatosipun sami ngraos botên rêna, dene golongan ngamănca lajêng sami tumut ngêmori damêl wontên ing Sêpanyol. Tuwin malih tumrap golongan parentah, ing sapunika rumaos sampun botên ambêtahakên dhatêng dayaning liyan, awit kaprawiraning wadyanipun sampun anyêkapi.

Namung nyatanipun, sawarnining rêmbag ingkang katingalipun badhe rukun punika, tansah wudhar kemawon, awit tansah wontên lêlampahan ingkang nelakakên botên nyataning tindak badhe rukun wau. Sampun sawatawis dintên wontên băngsa Jêrman tuwin Itali pintên-pintên grombolan malêbêt dhatêng Gibraltar, manawi miturut sêrat palilah, sadaya wau sami tukang, nanging sarêng dipun galedhah bêbêktanipun, wontên ingkang pinanggih ambêkta pangangge wadya gêgana. Salajêngipun têtiyang wau malêbêt dhatêng laladanipun Prangko. Ingkang makatên wau lajêng nipisakên kapitadosan.

Kanton Bêdhah.

Paprangan ing Tiongkok taksih pinanggih rame, saha miturut pawartos ing dintên Sabtu kêpêngkêr, Kanton kenging dipun broki ing wadya Jêpan. Lampahing wadya Jêpan wau dipun lampahi saking sunglon biyas, dumuginipun ngriku namung sadasa dintên sampun sagêd ambêdhah kitha. Anggèning Kanton kêbrokan mêngsah, punika tumraping Tiongkok manggih kapitunan agêng, amargi lajêng kecalan margi ingkang kangge andhatêngakên dêdamêl, sanadyan taksih sagêd angsal margi sanès, nanging rêkaos.

[Grafik]

Gambar kar laladan Kanton lan Hongkong.

Tumrapipun Tiongkok, rumiyin mila Kanton punika misuwur dados têlêng padununganing Băngsa Tionghwa ingkang prawira. Ing sabêdhahipun Kanton, miturut wartos, Syang Kaisek tuwin nyonyahipun saha ministêr kêkalih sami oncat numpak motor mabur dhatêng Hongkong. Kajêngipun badhe pêpanggihan kalihan utusan Inggris, prêlu nêdha pitulungan supados Tiongkok dipun rukunakên kalihan Jêpan. Dhêdhasaripun Tiongkok, purun rukun waton taksih têtêp mardika.

Nanging rekadaya ingkang badhe dipun tindakakên punika namung ewuhaya, amargi Jêpan punika sampun [sampu...]

--- 2122 ---

[...n] mangrêtos, bilih nagari ingkang agêngipun samantên punika botên badhe sagêd dipun melikakên, saupami sabên băngsa Jêpan kapurih anjagi băngsa Tionghwa, botên badhe anyêkapi. Ing ngajêng Tiongkok punika dados rêrêbataning nagari kathah. Kalampahan băngsa Tionghwa nungkul, nanging dangu-dangu têtiyang ingkang malêbêt mriku punika dados băngsa Tionghwa. Măngka tumrap Jêpan inggih gadhah raos ingkang kados makatên punika. Dados pangajêng-ajêngipun Jêpan, sagêd ugi ngangkah murih Tiongkok têtêp kamardikanipun, kados ingkang sampun tumindak ing Mansukuo, Peking tuwin Nanking.

Kêcêpêngipun kitha Kanton, punika kenging dipun wastani dados pamêpêsing nagari sanès-sanèsipun, kados ta tumraping Inggris, punika pinanggih kawigatosakên sangêt, amargi Kanton punika dados gêgandhenganipun Hongkong ingatasing among dagang. Sarèhning ing sapunika Kanton sampun kêcêpêng Jêpan, raosipun ugi kadosdene sampun ngrêgêm Hongkong. Tumrap Jêpan katingal sêsulakipun ingkang araos sêsumbar, amastani bilih kêcêpêngipun Kanton punika, tamtu damêl munduring băngsa ngamănca ing Hongkong, awit kitha wau kadosdene dados bêbètènging pulitik ngamănca ing Tiongkok, saya tumrap manawi nuju măngsa paprangan kados ingkang pinanggih ing sapunika.

Palèstinah.

Băngsa Arab ing Palèstinah taksih lajêng anglawan. Ing golongan Inggris ngalêmpakakên wadyanipun, badhe kaangsahakên ngrêbat kitha Beitalmukadis, saha kêlampahan sampun kêrêbat. Ing sapunika Inggris gadhah sêdya botên badhe mandum Palèstinah prêlu badhe ngudi têntrêmipun rumiyin.

Bab Buku.

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni:

1 Pananggalan, 50 taun cacah 4 lêbar saking toko bathik cap ukur, ing Cêrêbon. Pananggalan wau kangge madosi tanggalan Walandi, Tionghwa, Jawi tuwin Arab, ing salêbêtipun 50 taun. Tatananipun manut pananggalan umum. Pananggalan punika dipun aturakên lêlahanan dhatêng para ingkang sami mundhut barang daganganipun toko wau.

2 Pusaka Kalimasada, saking Radèn Wakija Boekhandel Sadoe-Boedi Purwadipuran 54 Surakarta. Buku wau aksara latin, ukuran cêkapan, isi 18 kaca. Kawêdalakên dening Wirya Panitra, Surakarta. Isi katrangan ing bab kajêng saha têgêsipun: Kalimasada. Rêgi f 0.40.

3 Sêrat Wedha Supêna, ugi saking Radèn Wakija. Aksara Jawi, ukuran cêkapan, isi 12 kaca. Mratelakakên ing bab kawruh impèn. Rêgi f 0.35.

Panumbasipun dhatêng ingkang ngêdalakên.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 2123 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Paberik pantun tiyang siti. Ing tanggal 22 wulan punika pabrik pantun "Pertanian Bumiputera" ing Sumpyuh, kabikak. Paguyuban wau ingkang nyêpêng R.W. Dwijosewoyo, tilas warga Raad Kawula, R. Rujito, R.M. Notonegoro tuwin Tuwan Sindutomo. Rantamanipun kangge tumbas mêsin wontên f 25.000.-, lumampah lestrik, tumrap waragad pabrik f 25.000.-.

Babagan toya ing Majasanga. Ing Majasanga mêntas wontên grêjêg babagan toya ing golongan tiyang siti kalihan Waterschap. Bab punika lajêng kawontênakên pêpanggihanipun golongan pangrèh praja, Waterschap tuwin tiyang siti ingriku. Dèrèng wontên rêmbag damêl marêm. Wusana bab ngadiling pambage dipun pasrahakên dhatêng Waterschap.

[Grafik]

Pambikaking Bestuursacademie. Kados ingkang sampun sumêbar ing pawartos Bestuursacademie kala wingi sampun kêlampahan kabikak ing Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral wontên ing gêdhong Sêkolahan luhur Pangadilan ing Bêtawi, (kacêtha ing gambar).

Topi waja. Wontên wartos, bilih ing taun punika, manawi kasêmbadan, parentah badhe mundhut topi waja kangge wadyabala ing tanah ngriki. Topi waja wau pigunanipun agêng, kenging kangge nulak bêbaya saking gêgana tuwin sanès-sanèsipun.

Malaria sauruting pasisir tanah Jawi. Pakaryan Kasarasan sampun nindakakên papriksan wontêning sêsakit ing pasisir laladan Sidoarjo, Grêsik, Tuban, Sukolilo tuwin Rungkut. Sukolilo tuwin Rungkut punika cêlak kalihan kitha Surabaya. Ing laladan-laladan ngriku wau kathah têtiyangipun ingkang sami sakit malaria. Mila ingkang wajib ngêncêngi tindak papriksa, kanthi ambage kina saha dipun titi supados dipun têdha, amargi kathah ingkang namung dipun bucal.

Ngèndêli lêbêtipun bangsa ngamanca. Ing wêkdal punika lêbêting bangsa ngamanca ing tanah ngriki dipun kèndêli, amargi dhatêngipun bangsa ngamanca ingkang kanthi palilah sampun langkung saking watês, ingkang lêrêsipun ing dalêm sataun namung 12.000. Tumrap Surabaya kemawon ingkang malêbêt sampun 2000.

Lindhu agêng ing Kupang. Miturut wartos saking Kupang, wontên lindhu agêng, kêraos ing saindêngipun Timor, Rotti tuwin pulo-pulo Alor. Ing kala lindhu wau, têtiyang ingkang kêlinton sami bingung. Wilujêng botên wontên kasangsaran.

[Iklan]

Tampi bintang. Paduka Tuwan C. van den Bussche, vice-president Raad van Indie tuwin J.M. Kiveron, algemeen secretaris, sami tampi bintang Garuda Jerman saking Rijkskanselier Jerman.

Nglajêngakên dhatêng nagari Walandi. R.M. Rasdiman, ingkang rayi Mr. R.M. Raspio lulus doctoraalexamen ing Pamulangan luhur Pangadilan ing Bêtawi, badhe nglajêngakên sinau dhatêng nagari Walandi. Bidhalipun benjing tanggal 7 November ngajêng punika.

Asistèn residhèn Salatiga mèh kasangsaran. Asistèn residhèn ing Salatiga nalika nuju nitipriksa wit ringin ingkang mêntas sêmpal adamêl karisakan, mèh kêdhawahan pang ingkang sêmpal malih, namung kirang sakêdhik kemawon. Ingriku lajêng wontên dhawuh nitipriksa sawarnining wit-witan ing salêbêting kitha ingkang agêng-agêng, manawi nyamari supados dipun têgor.

Kaawisan sêsorah wontên ing papan kêndurèn. Sampun dados padatan, ing Menes, Bantên, sabên nuju kêndurèn lajêng dipun wontêni sêsorah babagan agami Islam. Ing bab punika ingkang wajib lajêng ngawisi dhatêng tindak wau, pêrlu kangge anjagi tata têntrêm.

Lare kêmbar tiga. Ing dhusun Turèn, Malang, wontên tiyang gadhah anak kêmbar tiga sami èstri. Saking pamrayogining ngakathah supados lare-lare wau kalêbêtakên dhatêng griya sakit Leger des Heils, nanging tiyang sêpuhipun botên suka, cêkap dipun upakara piyambak. Sapriki wilujêng.

Nyalingkuhakên cêngkèh tuwin gambir. Satunggiling sudagar agêng ing Bêtawi, akèn dhatêng transport onderneming Tionghwa ngêmot barang warni gambir 100 kranjang tuwin cêngkèh 100 pêthi, kapurih masrahakên dhatêng satunggiling toko. Sarêng têtela sampun dangu botên dumugi, lajêng dipun padosi dhatêng kantoripun, ingriku pinanggih suwung, kakintên barang-barang wau kabêkta kesah. Rêgining barang wau wontên f 11.000.-.

--- 2124 ---

Inggah-inggahan ing Jawi Têngah. Warna, juru sêrat klas 1 kawêdanan Purwarêja, Kabupatèn Banjarnêgara, Paresidhenan Banyumas, dados mantri pulisi Paresidhenan Banyumas. M. Suryo, juru sêrat klas 1 kantor Kabupatèn Kêndal, Paresidhenan Sêmarang, dados mantri pulisi Paresidhenan Sêmarang. M. Ruslan, juru sêrat klas 1 Kawêdanan Kajèn, Kabupatèn Pathi, Paresidhenan Japara-Rêmbang, dados mantri pulisi Paresidhenan Japara-Rêmbang. Mohamad Wawi juru sêrat klas 1 kantor Kabupatèn Japara, dados mantri pulisi Paresidhenan Japara-Rêmbang. M. Sigit, juru sêrat klas 1 Kawêdanan Boja, Kêndal, dados mantri pulisi Paresidhenan Sêmarang.

[Grafik]

Tuwan Kaji Abdulkadir Jailani. Kawartosakên Tuwan Kaji Abdulkadir Jailani kacêtha ing gambar, inggih punika satunggiling neneman asli Celebes kidul kapetang ingkang kapisanan lumêbêt ing pamulangan luhur Al. Azhar ing Mesir.

Mriksa kasarasan. Pangagênging Pakaryan Kasarasan ing Jawi Kilèn nêtêpakên dhoktêr-dhoktêr ingkang dados mriksa para punggawa nagari ing Jawi Kilèn. Kajawi punika nêtêpakên, tindak mriksa kasarasan wau botên kenging ngangge dhoktêr sanèsipun. Tumrap tiyang ingkang badhe mriksakakên badan, kêdhak[5] dhatêng dhoktêr juru mrikas[6] ingkang cêlak piyambak saking griyanipun.

Parêpatan Bupati. Miturut wartos, benjing salêbêtipun wulan Maart 1939, ingkang badhe katêtêpakên tanggalipun, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral badhe ngawontênakên parêpatan kalihan para Bupati Jawi Kilèn, badhe ngrêmbag babagan-babagan ingkang wigatos.

Lindhu. Ing Timur, Rotti, tuwin laladan pulo Lor mêntas wontên lindhu, ngantos sawatawis mênit.

Angsal-angsalanipun Jaarmarkt Surabaya. Gunggungipun têtiyang ingkang sami ningali Jaarmarkt ing Surabaya sadaya wontên 267.600, angsal-angsalaning arta wontên f 62.078.80. Kala taun kêpêngkêr têtiyang ingkang ningali wontên 236.042, angsal-angsalanipun f 65.056.95.

Darma tumrap lare kêmbar sakawan. Dumugi sapunika klêmpaking arta darma tumrap lare kêmbar 4 ing Blitar sampun angsal f 500.-. Tumrap ing nagari Walandi ugi wontên ingkang nindakakên makatên, lumantar de Telegraaf. Kawontênaning lare sakawan pisan sami wilujêng.

Mulyakakên pasarean dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagara V. Pasarean dalêm suwargi K.G.P.A.A. Mangkunagara V ing Girilayu, Surakarta, kalampahan sampun kamulyakakên.

Ngangkah kasangsaran ing kapal Surabaya. Zeekrijgsraad sampun angrampungi prakawisipun matrus milicie 5, ingkang sami kadakwa ngangkah kasangsaraning kapal pangajaran marine ingkang nama Surabaya. Sami kaukum 14, 14, 15, 12, tuwin 12 wulan kanthi dipun kèndêli saking padamêlanipun, saha sami botên kaparêngakên nyambut damêl ing golongan militèr.

AMERIKA.

Ngagêngakên panggaotan. Pabrik Chrysler Corporation badhe angindhaki wêdaling dêdamêlanipun ngantos 20%. Pêrlu badhe kangge nyampêti wêlingan sêpur gagrag taun 1039 cacah 107.000. Ingriku anampèni punggawa enggal 34.000, saha dumuginipun sapunika punggawanipun sampun wontên 54.000.

Mêling obat mimis. Ministêr paprangan Amerika mêling obat mimis dhatêng pabrik partikêlir rêrêgèn 9.000.000 dollar, kalêbêt bom-bom ingkang wawrat 100 dumugi 200 pond.

EROPA.

Kemal Ataturk gêrah. Miturut wartos praja, pramuka praja Turki, Kemal Ataturk gêrah rêkaos, malah lajêng wontên rêmbag amanah bilih ingkang badhe dados gêgêntosipun. Wontên wartos malih, bilih wêwakil Turki ing Londen, Tenti Okyan Bey, badhe kaangkat dados president ing Turki, anggêntosi Kemal Ataturk. Malah sanadyan Kemal Ataturk sênggang, inggih badhe lêstantun anggèning dados president republiek Turki. Miturut wartos ingkang kantun, gêrahipun Kemal Ataturk wontên mayaripun, sampun botên bêntèr. Têtiyang salêbêting praja sami bela sungkawa, sawarnining têtabuhan botên kaungêlakên. Pêpadhang ing panggenan têtingalan sami dipun sirêp.

Ura-uru ing Jeruzalem. Kawontênakên ing Jeruzalem saya rame, ing margi-margi kawontênakên wadya nganglang numpak auto alapis waja. Dilah-dilah sorot kasorotakên dhatêng papan ingkang lindhuk-lindhuk. Ing kitha lami pinanggih têntrêm, wontên rêrêsah inggih botên sapintêna. Anggèning wadya Inggris sagêd ngrêbat kitha lami wau kanthi tindak lon-lonan, kanthi pambiyantunipun wadya gêgana, ingkang nêdah-nêdahakên ebahing golongan ambalela. Kathah bangsa Arab ingkang sami dipun cêpêngi. Golongan ambalela wau sampun dipun kêpang ing wadya Inggris. Parentah nêdya nyirêp rêrêsah ingriku yêyêktosan.

AUSTRALIE.

Pindhah dhatêng Australie. Dumuginipun sapunika bangsa Oostenrijk ingkang pindhah dhatêng Australie sampun wontên 10.000. Sarèhning parentah Australie nyamarakên dhatêng panggêsanganing têtiyang wau, lajêng kawontênakên tatanan, lêbêtipun bangsa Oostenrijk dhatêng tanah ngriku kadamêl angèl.

ASIA.

Manggihakên tuk lisah pèt. Kawartosakên, ing sawetan Sandi, tanah Arab, pinanggih wontên pasitèn ingkang ngêmu lisah pèt kathah.

[Grafik]

Kapal mabur Jêpan suwiwinipun risak. Inginggil punika gambaripun Sang Nata Jêpan nuju mriksani kapal mabur ingkang karisakan suwiwinipun jalaran kasanjata ing mêngsah, nalika nuju gêgana saking Nanking dhatêng Tokio.

--- 165 ---

Nomêr 42, 26 Oktobêr 1938, taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Urun Rêmbag.

Amêwahi karanganipun Nyai Pranata ing Kajawèn ăngka 78 ingkang nêmbe mêdal, bab olah-olahan pusaka Jawi nama jadah.

[Grafik]

Rara Siti Mariyam

Karangan wau sakalangkung cêtha maedahi, anggugah manah kula kêdah urun pamanggih, manut ingkang sampun kula tingali ing padunungan kula.

Anggènipun maringi parudan kalapa botên lajêng kacarubakên, nanging parudan kalapa wau dipun êlèr waradin ing sanginggilipun wos. Inggih punika wanci ngaru dipun tumplak sawêg kacarubakên, dados botên dipun karu. Sasampunipun kacarub waradin, têrus dipun êdang malih ngantos tanak. Prêlunipun makatên: rêmbêsipun lisah botên wontên ingkang kalong dhawah ing dandang, wêtah anglisahi uwos.

Pandhêplokipun, punika prayogi wontên ing upih jambe, langkung kiyat, upih wau kenging dipun angge wongsal-wangsul, sasampunipun kangge dipun kumbah rêsik, kagulung lajêng dipun simpên.

Pirantosipun andhêplok, ugi kenging mawi alu limrah, nanging pucuking alu dipun bungkus blarak kalapa, supados botên kêkanthilan ingkang dipun dhêplok.

Kajawi punika, manawi adang, sêkul punapa kêtan utawi katela pohung, prayogi dipun paringi suwiran godhong pandhan wangi, kajawi gandanipun eca, botên enggal mambêt utawi sumêg.

Siti Mariyam.

Ing Salatiga.

--- 166 ---

Tumbu Olèh Tutup.

Paribasan ing nginggil punika, para maos kathah ingkang sampun ngawuningani kajêngipun, jalaran saking kêrêpipun kasrambah. Mênggah ingkang asring kabasakakên makatên punika: sêsemahan jalêr tuwin èstrinipun cocog utawi mèh sami watêk-watêkipun, pakarêman utawi kasênênganipun.

[Grafik]

Biyang Marta Sleman.

Upami: jalêripun gêmi, èstrinipun sungkan ngêdalakên băndha ingkang tanpa tănja. Kakungipun karsa kasukan gonggong, putrinipun rêmên kongking. Jalêripun rêmên têtulung ing kasusahan, èstrinipun wêlasan, kakungipun karêm urip-urip lele, putrinipun karsa mangut bandêng makakên sapiturutipun.

Para wanita ingkang sampun sêsemahan kados kula punika, kula kêjabakakên, botên kula rêmbag ing ngriki. Sêtun namung sumăngga samia ngudi mamrih rahayunipun bêbrayan gêndhon-rukon, mong-kinêmong, sabar-sinabaran, sagêda lêstantun ngantos kakèn-kakèn ninèn-ninèn.

Para wanita ingkang dèrèng nambut silaning akrama, makatên ugi para ibu, mugi sampun ngantos kalimput bab pamilihipun jatukrama utawi calon putra mantu. Trêkadhangan namung saêbab kalih bab anggènipun mêndhêt wêwaton paribasan ing nginggil punika, sampun kaanggêp cêkap.

Kathah para pêpacangan, satunggal-satunggalipun namung katarik saking luhuring drajat, inggiling pasinaon, darah sami darah, malah limrahipun namung katarik saking warni, sambang sarawungan (têpang utawi kêrêp srawung) karoban sih utawi kasaenan lan sanès-sanèsipun. Salêbêting pêpacangan, trêkadhang satunggal-satunggalipun sami dene nyumêrêpi satunggaling bab ingkang botên cocog lan manahipun, nanging sami dene kaumpêtakên, api-api botên mangrêtos, jalaran inggih sampun kêtarik pintên-pintên bab ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng, dados sami dene kuwatos utawi eman yèn pêdhot botên kalampahan.

Tiyang jêjodhoan, sasagêd-sagêd kaangkaha cocog lair batosipun. Botênipun makatên, inggih ingkang mirib utawi ngèmpêri samudayanipun. Awit yèn botên makatên, saèstu taksih kuciwa anggènipun sami rêrayatan. Kajawi ta cocoging kamaksiatan, kasênêngan sarta wêwatêkan ingkang anjog ing karisakan, punika ugi botên kula rêmbag, awit botên wontên têtiyang jêjodhoan punika mangajab ing karisakan, ingkang tamtu mangèsthi dhatêng katêntrêman sarta kawilujêngan. Dene wontên satunggal kalih ingkang makatên, punika pancèn dipun têmaha.

Bab botên cocoging kapitadosan, punika ugi satunggaling alangan tumrap jêjodhoan. Upami: kakungipun rêmên mangeran kayu watu lêmah sangar kayu aèng sapiturutipun, putrinipun namung dhatêng Gusti Allah pribadi ingkang wajib sinêmbah, [si...]

--- [167] ---

[...nêmbah,] punika ugi kêrêp wontên ingkang sok nukulakên padudonipun.

Sêsemahan ingkang mong-kinêmong, sabar-sinabaran, punika dados pangalêman utawi pêpenginan. Nanging yèn pangêmong utawi kasabaran wau dhapur kêpêksa, ugi nama kirang sampurna utawi taksih kuciwa. Kula băngsa wanita, umumipun ngêmong utawi ngawonan (ngawon têgêsipun botên kawon), punika bokmanawi inggih saking kêpêksa, anggènipun badhe anjagi dhatêng kakungipun, wasana kula lajêng angsal sêsêbutan: bêkti laki, sagêd nuju dhatêng karsaning guru lakinipun. Punika dede sajatining bêkti.

Wosing karangan ing nginggil punika, mugi kenginga kangge lêlimbanganing panggalihipun para ibu tuwin para mudha, kaangkaha jêjodhoan punika anêtêpi paribasan: tumbu olèh tutup, wusana lajêng angsal sêsêbutan: bêkti laki ingkang sajati, atut rukunipun botên namung katarik saking kawontênan lair, nanging sanajan batosipun kêdah kêtarik ugi. Yèn kalampahan makatên, tamtu botên badhe bèncèng ing salami-laminipun, wasana awoh pintên-pintên katêntrêman utawi kawilujêngan, ing têmbe putra wayah badhe tumut ngraosakên.

Biyang Marta Sleman.

Rukun Putri

Pakêmpalan wanita ing Banjarmasin nama Rukun Putri, mêntas ngawontênakên pèngêtan bilih adêgipun pakêmpalan wau sampun jangkêp 5 taun, manggèn ing kamarbolah taman kêrukunan.

[Grafik]

Para wakiling pakêmpalan ingkang sami rawuh kapetang kathah. Ing wêkdal punika dipun wontênakên sêsorah bab adêgipun pakêmpalan wau. Adêging pakêmpalan wau kala ing taun 1933, sakawit pakêmpalan wau mligi kangge golongan wanita băngsa Jawi, Sumatra tuwin ingkang asli saking nagari sanès-sanèsipun, ingkang kapetang ngamănca. Sarêng ing taun 1936, pakêmpalan wau kajêmbarakên, kenging nampèni golongan wanita băngsa Banjar, salajêngipun sapunika malah kadadosakên umum tumrap sawarnining băngsa tanah ngriki. Ing wêkdal punika pakêmpalan Rukun Putri nêmbe ada-ada badhe ngêdêgakên pamulangan Huishoudschool. Ing nginggil punika gambaripun pakêmpalan wau nalika ngawontênakên pahargyan.

Wara Yadiman.

--- 168 ---

Sinjang Tambal.

Sinjang tambal punika warni kalih, tambal miring tuwin tambal kanoman, dene ingkang kacêtha ing gambar punika tambal kanoman.

Namaning sinjang sampun amastani kados wujudipun, inggih punika pating trambal, dados kados pêpêthaning sinjang ingkang dipun tambal-tambal.

[Grafik]

Tumraping sinjang tambal kanoman, punika panyêratipun mawi garisan, tuwin garisanipun wau mawi dipun pêtha wontên ingkang mrapat saha lowahan agêng. Ingkang mrapat wau dados jêjêr, mêndhêt têngah-têngahing gathukipun prapatan, dene lowahanipun agêng lajêng dipun para-para kados ingkang kacêtha ing gambar. Ing ngriku wujudipun sampun katingal.

Sinjang tambal kanoman punika kalêbêt sêratan alusan, ngrawit, sarwa mêpêki, lataripun cêmêng, pêthak tuwin soganipun pinanggih maradini, mila katingalipun mubyar tuwin muyêg.

Tumraping sinjang tambal kanoman punika luwêsan, dipun agêm priyantun kakung tuwin putri sagêd mapan, dipun wêdalakên wontên ing pasamuwan botên nguciwani, dipun têbihi pantês, dipun cêlaki luwês, gadhah wănda mriyayèni.

Makatên ugi sinjang tambal kanoman punika dipun ênggèni rasukan punapa kemawon purun, pinanggih namung sarwa ombèr, têgêsipun, upami dipun ênggèni rasukan cêmêng, sagêd mathuk dening ing sinjang wontên latar pêthakipun. Manawi dipun ênggèni rasukan pêthak, ing sinjang wontên latar cêmêngipun. Dene sogan, punika namung sarwa sagêd rumêngga dhawahing warni punapa kemawon.

Dene sinjang tambal miring, punika bakunipun inggih kados sinjang tambal kanoman tanpa garis malang tuwin wujuding tambalan agêng-agêng, pantêsipun namung dipun agêm ing priyantun kakung ingkang pupuk ing sarira, dêdêg inggil. Upami dipun agêm ing priyantun andhap alit, nama kontit karoban ing sêratan. Cêkakipun botên pantês.

--- [0] ---

Babad Giyanti.

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta. Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W. Ing Batawi Sèntrêm. Sadaya wontên kalih likur jilid, sajilid rêgi f 0.50. Ingkang sampun kababar kapratelakakên ing ngandhap punika mawi katêrangakên cêkakaning isinipun.

Jilid I

1. Kartasura bêdhah, kraton ngalih dhatêng Sala. 2. Kabar Sala badhe katamuan jendral ing Batawi, sarta pêpanggihanipun Pangeran Adipati Mangkunagara kalihan Mayor Hogêndhorêp. 3. Ingkang sinuhun ing Surakarta mêthuk jendral dhatêng Samarang. 4. Wontênipun jendral ing Surakarta sarta mulabukanipun Pangeran Mangkubumi sêrik galihipun. 5. Pangeran Mangkubumi mêdal saking nagari. 6. Madêg baris wontên ing Pandhak Karangnăngka, ngalih dhatêng Gêbang, lajêng ajak-ajak Pangeran Mangkunagara sarta Sultan Dhandhun Martèngsari, supados kêmpal. 8. Pangeran Mangkunagara ambêdhah ing Kaduwang, Pangeran Mangkubumi ngrampit ing Surakarta, lajêng mundur dhatêng rêdi Garigal. 9. Prajurit ing Surakarta lan Kumpêni angubrês ing tanah Sêmbuyan saanteronipun.

Jilid 2.

10. Angubrês Sultan Dhandhun Martèngsari, Pangeran Singasari. 11. Pangeran Mangkubumi saking rêdi Garigal anggêpuk ing Grobogan sarta ing Dêmak. 12. Kumpêni ngubrês Pangeran Pamot lan Pangeran Mangkunagara. 13. Kumpêni wontên ing Burêng kenging apusipun Surajaya. 14. Wontên ing dhusun Papringan Pangeran Mangkunagara dipun gêcak Kumpêni. 15. Pangeran Mangkunagara wontên ing Dhepok Samakaton. 16. Mayor damêl dora sêmbada, mêjahi tiyang dipun awatakên Pangeran Mangkunagara lan Pangeran Pamot. 17. Baris Kumpêni wangsul dhatêng Sala. Mayor badhe dipun bêsêli Patih Pringgalaya sarta Sindurêja. 18. Pangagêng Walandi ing Sala santun oprup, Pangeran Mangkunagara nglajêngakên lampah badhe sowan ingkang rama Pangeran Mangkubumi. 19. Pangeran Mangkunagara kapanggih Pangeran Mangkubumi, lajêng kaatêrakên wangsul mangidul. 20. Pangeran Mangkubumi anggêbag Mataram, botên angsal damêl lajêng mangalèr, nêluk-nêlukakên dumugi Grobogan, Blora, Jipang.

Jilid 3.

21. Saking Jipang mangilèn, campuh kalihan wadyabala Kumpêni ing salèripun rêdi Kêndhêng, lajêng yasa kitha ing Jakawal. 22. Wontên ing Jakawal Pangeran Mangkubumi mranata panganggenipun abdi, dipun lapuri bilih Dêmak karêbat ing wadya bala Kumpêni. 23. Ing Jakawal mirêng badhe wontên kengkenan saking Samarang, ngajak badhami. 25. Kengkenan saking Samarang dumugi ing Jakawal, saha wangsulanipun Pangeran Mangkubumi. 25. Nyariyosakên kramanipun Pangeran Mangkunagara, kamantu ing Pangeran Mangkubumi, sarta kramanipun gupêrnur ing Samarang, karawuhan ingkang sinuhun ing Surakarta. 26. Ingkang sinuhun kondur dhatêng Surakarta, kramanipun pangeran adipati anom, sarta karampunganing Kumpêni niyat anêmêni Pangeran Mangkubumi. 27. Bidhalipun prajurit saking kitha Surakarta badhe amikut Pangeran Mangkubumi. 28. Prajuritipun Pangeran mangkubumi angrampit kitha Surakarta.

Jilid 4.

29. Ing kitha Surakarta, prajurit angêlut mêngsah ingkang ngrampit kitha. 30. Jayakartika pêjah ing paprangan, kitha Surakarta kêkês, Pangeran Mangkubumi gêtun. 31. Pangeran Mangkubumi ngrampit kraton Surakarta. 32. Pangeran Mangkubumi anjarah rayah ing Juwana, lajêng wangsul dhatêng Jakawal.

Jilid 5.

33. Kumpêni nglacak Pangeran Mangkubumi. 24. Ing tanah Mataram, Tumênggung Jayawinata ambalik. 35. Tumênggung Jayawinata kapanggih kalihan Pangeran Mangkunagara, lajêng campuh pêrang kalihan wadyabala Kumpêni. 36. Sultan Dhandhun Martèngsari nyaru wuwus, dipun tandangi wadyabala Sukawati, lajêng têluk dhatêng Surakarta. 37. Pangeran Mangkubumi tindak dhatêng Ngayoja, lajêng kadhatêngan kengkenanipun Kumpêni saking Samarang. 38. Pangeran Mangkubumi wangsul saking Ngayogya dhatêng Sukawati. Pangeran Buminata dhatêng Sala. 39. Kumpêni nglurugi Ngayogya. Pangeran Mangkubumi têtulung, lajêng katungka dhatêngipun utusan Kumpêni saking Samarang.

Jilid 6.

40. Pangeran Mangkubumi jumênêng nata wontên ing Ngayogyakarta. Sinuhun Pakubuwana II sèlèh kaprabon dhatêng putra, pangeran adipati anom. 41. Wadyabala Kumpêni ngungsir Pangeran Mangkubumi, campuh wontên ing rêdi Tidhar, lajêng madêg karaton ing Kabanaran. 42. Mangunonêng, utusanipun Kumpêni dipun pêjahi wontên ing Kabanaran. 43. Tumênggung Ănggawăngsa sarta Cakrajaya kawêdalakên saking Surakarta, wangsul dhatêng Bagêlèn. 44. Wadyabala Kumpêni campuh kalihan wadyabala Kabanaran wontên ing Banyudana, Bayalali.

Jilid 7.

45. Sinuhun ing Kabanaran bidhal dhatêng Pagêlèn sarta Kêdhu, badhe paring biyantu. 46. Pangeran Mangkunagara kadhawuhan angrampit kitha Surakarta. 47. Paprangan ing Pagêlèn. Wontên sambêtipun.

--- [0] ---

Jilid 8.

48. Sinuhun Kabanaran damêl gêgujêngan dhatêng wadyabala ingkang sami kawon pêrang ing Pagêlèn. 49. Ing Madura gègèr, awit saking pandamêlipun Adipati Pugêr. Baris Kumpêni ing Pokak kabibarakên. 50. Ing Mataram sami kalêmpakan, Pangeran Adiwijaya katamtokakên ngêlar jajahan dhatêng Kêdhu. 51. Ing Mataram mantu Pangeran Singasari. Ingkang sinuhun ing Surakarta nêsêg Kumpêni supados paprangan enggal kadamêl rampung. Mataram badhe kakêpang. 52. Lampahipun wadyabala Kumpêni dhatêng Mataram, tuwin paprangan ing samargi-margi.

Jilid 9.

53. Sultan Kabanaran tilar praja, ngungsi dhatêng tanah Sukawati. 54. Anyariyosakên angkatipun utusan ing Surakarta dhatêng Batawi, tuwin paprangan alit-alit. 55. Gupêrnur Hogêndhorêp tuwin utusan saking Surakarta wontên ing Batawi. 56. Gupêrnur Hogêndhorêp kalurugakên dhatêng Bantên. 57. Sawangsulipun saking Batawi, tata-tata awit kuwatos, mêngsah têmtu pêpulih. 58. Lêlampahan ing Kêdhu ingkang nyandèkakên Sultan Kabanaran botên saèstu tindak dhatêng Mataram. 59. Pêpêrangan ing Gowong. 60. Pêpêrangan ing Pagêlèn tuwin ing Malaran.

Jilid 10.

61. Pêpêrangan ing Ungaran. 62. Pêpêrangan ing Ambal tuwin ing Jênar. 63. Ing Ungaran wontên bêbantu dhatêng saking Samarang. 64. Pêpêrangan ing Pajang saanteronipun. Kumpêni nilar Ngayogyakarta, badhe ngêmpal dhatêng Kêdhu. 65. Sunan Kabanaran wontên ing pasanggrahan Banyuurip tampi wêwadul saking bupati ing Pakalongan.

Jilid 11.

66. Sunan Kabanaran bidhal saking tanah Pagêlèn badhe nêlukakên tanah pasisir, dumugi Talagawana kèndêl masanggrahan. 67. Tumênggung Arungbinang kanthi prajurit Kumpêni ambêbujêng Pangeran Purbaya wontên ing tanah Pagêlèn. 68. Sunan Kabanaran anglajêngakên tindakipun badhe anggêcak nagari Pakalongan. 69. Sang nata ing Kabanaran badhe anggêcak Pamalang tuwin Têgal. 70. Sunan Kabanaran badhe besanan kalihan Pangeran Natakusuma. 71. Tumênggung Arungbinang kapêtêngan budi. 72. Sunan Kabanaran kondur dhatêng Mataram. Pakalongan karêbat malih dhatêng Kumpêni. 73. Tumênggung Arungbinang dipun panggihi sang rêtna ing Bulupitu. 74. Ing Mataram, ngrêmbag badhe ningkahing pangantèn.

Jilid 12.

75. Andhudhuk rêdi Tompomas, Sultan Bantên nyuwun pangayoman dhatêng Sunan Kabanaran, 76. Dipati Cêbolang ing Surabaya malik tingal mêngsah Kumpêni dipun biyantu dhatêng Sunan Kabanaran. 77. Sunan Kabanaran badhe nêlukakên tanah bangwetan, 78. Adipati Suradiningrat ing Pranaraga mêpak bala badhe mapagakên pêrangipun Pangeran Mangkunagara. 79. Sunan Kabanaran badhe rawuh dhatêng Pranaraga. 80. Pêpêrangan ing Kêdhu, Radèn Mangkuwijaya tuwin Tumênggung Jayadirja sami nêmahi tiwas mêngsah kalihan Kumpêni. 81. Para adipati ing bangwetan sami sowan Sunan Kabanaran wontên ing Pranaraga. 82. Pangeran Mangkunagara kondur dhatêng Mataram. Sunan kabanaran anglajêngakên tindakipun badhe anggêcak Surabaya. 83. Sunan Kabanaran masanggrahan wontên ing Kartasana, anggladhi prajurit.

Jilid 13.

84. Pêpêrangan ing Kêdhu, Pagêlèn tuwin Banyumas saanteronipun. Wadyabala Kabanaran dipun biyantu Sultan Bantên. 85. Pangeran Mangkunagara rêraosan badhe malik tingal mêngsah ingkang rama Sunan Kabanaran. Pangeran Adiwijaya kapupu ing prang. 86. Prajurit Sukawati campuh kalihan prajurit Surabaya. 87. Sunan Kabanaran botên èstu anggêcak Surabaya, awit saking pambujukipun Adipati Madura. 88. Tumênggung Suradimênggala ing Jipang ambeka nyuwun dipun indhaki sabinipun. Sunan Kabanaran duka. Kyai tumênggung kapatrapan ukum pêjah. 89. Sunan Kabanaran anggêtuni sedanipun ingkang raka Pangeran Adiwijaya kalayan Tumênggung Jayadirja. 90. Pangeran Mangkunagara saya rênggang kalihan ingkang rama Sunan Kabanaran.

Jilid 14.

91. Pangeran Buminata asrah pêjah gêsang dhatêng ingkang raka Sunan Kabanaran. 92. Pangeran Mangkunagara èstu pêthal kalihan ingkang rama Sunan Kabanaran, lajêng pêrang rêbatan bawah. 93. Kumpêni dipun biyantu Pangeran Mangkunagara badhe ngantêp pêrang kalihan Sunan Kabanaran. 94. Sèh Ibrahim sudagar Turki dipun saraya ing Kumpêni kapurih ngrêrapu panggalihipun Sunan Kabanaran. 95. Madiun lan Pranaraga kenging karêbat dhatêng Pangeran Mangkunagara.

Jilid 15.

96. Sunan Kabanaran kasoran prangipun kalihan ingkang putra Pangeran Mangkunagara. 97. Sunan Kabanaran kondur dhatêng Sukawati nêntrêmakên manahing wadyabala. Pangeran Mangkunagara wontên ing Pranaraga miwaha ingkang paman Pangeran Purubaya, ingkang lajêng asêsilih nama Pangeran Arya Cakranagara. 98. Sultan Bantên mindha-mindha dados santri saking Gowong badhe nusul Sunan Kabanaran dhatêng ing Sukawati. Wontên ing dhukuh Rêpaking dipun pêndhêt mantu kalihan Kiyai Nuriman. 99. Sunan Kabanaran nampèni sêrat saking Sèh Ibrahim, 100. Kiyai Nuriman dipun gadhuhi siti Gagatan minăngka dhaharipun Sultan Bantên. 101. Sunan Kabanaran ngaturi sêrat dhatêng jendral lumantar Tuwan Sarib Bêsar inggih Sèh Ibrahim, mratelakakên sabab-sababipun dene ngantos mêdal saking nagari. 102. Lampahipun Sarib Bêsar badhe pêpanggihan kalihan Sunan Kabanaran, mawi mampir dhatêng Surakarta. 103. Pangeran Mangkunagara ngaturakên tobat dhatêng ingkang rama Sunan Kabanaran. Adipati Suryanagara kautus dhatêng Samarang ngaturakên pisungsung dhatêng jendral ing Batawi.

Jilid 16, salajêngipun sawêg kaêcap.

Wêdalan Balepustaka Batawi Sèntrêm.

 


ingkang. (kembali)
sampun. (kembali)
mawi. (kembali)
kawangsulakên. (kembali)
kêdah. (kembali)
mriksa. (kembali)