Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 91, Stu Lê, 19 Pasa Jimawal 1869,12 Nopèmbêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [2189] ---

Ăngka 91, Stu Lê, 19 Pasa Jimawal 1869,12 Nopèmbêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Kangjêng Radèn Tumênggung Tăndhanagara - Piwulang Basa Jawi - Ontgroening - Marsudi Gêndhing Jawi - Kêthoprak Darmakăndha - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Beda-bedaning Panampi.

Wontên ucap, mênggahing tiyang wuta, budhêg, tuwin bisu, punika ingatasing ngudi dhatêng babagan kabatosan, badhe botên sagêd dumugi, kajênging dumugi, punika ingkang lèrèg dhatêng Pangeran. Bab punika lajêng nuwuhakên panyuraos warni-warni.

Wontên ingkang nyuraos anglêrêsakên, awit cacad tigang warni wau nama cacad ingkang sampun kêkêtogan, badhea awas inggih sampun botên sagêd, badhea têngèn utawi ngucap inggih makatên, dados wosipun, sampun kajabakakên ing golonganing tiyang limrah. Pamarêngipun namung kapurih nampi sampun pinasthi.

Lajêng wontên ingkang nyuraos, bilih ungêl-ungêlan wau namung dados pasêmon, kajêngipun malah ngosok wangsul, inggih punika, tiyang ngudi babagan ngudi kabatosan punika kêdah dados tiyang wuta, budhêg, tuwin bisu. Manawi sampun sagêd makatên, sawêg nama lêrês. Têrangipun, sampun botên badhe ngraosakên punapa-punapa, wontên wêwarnèn botên dipun tingali, wontên mêmirêngan botên dipun mirêngakên tuwin wontên ucap botên dipun ucapakên. Ing ngriku lajêng cocog kalihan caraning ngêningakên păncadriya.

Wusana wontên panyuraos malih, amastani: tiyang waras-wiris, ingkang cêtha pandulunipun, dipun anggêp wuta, tiyang têngèn dipun wastani budhêg, tuwin tiyang tètèh dipun têtêpakên bisu. Cêthaning pandulu punika sênêng manawi kangge ningali wêsawangan sae, manawi botên makatên: botên kêdugi, mila inggih têtêp wuta. Cêthaning pamirêng manawi kangge mirêngakên Gambirsawit: anglêr, manawi kangge mirêngakên gumludhuging sêpur: botên sênêng. Cêthaning ucap, manawi botên nocogi manahipun piyambak: namung ewa.

Mirid andharan nginggil punika, tumrap ingkang ăngka kalih tuwin tiga sajak amor misah kemawon, namung gèsèh, ingkang ăngka kalih lajêng purun mrusa, dene ingkang ăngka tiga namung sasakecanipun.

Manawi dipun wawas badhe angsal-angsalanipun, inggih sajak sami, nanging upami samia inggih mokal.

Manawi ngèngêti dhatêng sipating Pangeran sarwa: maha, maha murah upaminipun, tamtunipun kamirahan wau inggih dhumawah ing sintên kemawon. Nanging kawula ingkang mangrêtos dhatêng kamirahan, punika ingkang lăngka.

Cêkruktruna.

--- 2190 ---

Kangjêng Radèn Tumênggung Tăndhanagara

Sambêtipun Kajawèn nomêr 90.

Mirid andharan ingkang kawrat ing Kajawèn kapêngkêr, katingal bilih suwargi Kangjêng Radèn Tumênggung Tăndhanagara punika, satunggiling prayagung băngsa Jawi ingkang lêbêt dhatêng raosing kajawènipun, katitik lageaning pangikêtipun ukara sarwa anjawèni.

[Grafik]

Kangjêng Radèn Tumênggung Tăndhanagara. Gambar nalika taksih bupari anom.

Ing bab pandamêling sandiasma, dipun trap wontên ing ukara prasaja, inggih prasajaning ukaranipun wau ingkang malah nyamarakên dhatêng sandinipun. Kados ingkang kawrat ing ariwarti Jawikandha ing Surakarta, wontên sandiasma ingkang kaêtrapakên ing ukara makatên:

[Mijil]

punthuk pundhung cinithak tinêgil | jagungan kinêdhok | gaga gênggêng garingan tanpa we | wira-wiri rinabasèng pêksi | galathik narithik | tarap nèng têtanggul ||

pundhung kêtos nèng pojok ngaubi | jalegor nalosor | gayam aub cagaking sènggète | wi gêmbili gumolong ing têpi | garut ganyong nunggil | talês kimpul bêntul ||

Sandiasma ingkang kawrat ing kalih pada punika ungêlipun: pun Jagawigata.

Tumraping sandiasma, punika limrahipun dipun trapakên wontên wiwitaning angkatan ukara kados ing nginggil punika. Tuwin bab sandiasma punika, miturut sêsêrêpan ingkang kêlimrah, ingkang miwiti ngêcakakên, Radèn Ngabèi Rănggawarsita, dados Kangjêng Radèn Tumênggung Tăndhanagara pinanggih namung napak tilas. Malah tumrap Radèn Ngabèi Rănggawarsita ugi ngêtrapakên sandiasma ingkang beda cak-cakanipun, kados ingkang kawrat ing bêbukaning Sêrat Cêmporèt, wontên ungêl-ungêlan makatên:

[Dhandhanggula]

songsong gora: candraning artati | lir winêdyan sarasèng parasdya | ringa-ringa: pangriptane | tan darbe: labdèng kawruh | angawruhi: wênganing budi | kang mirong: ruharèng tyas | jaga: angkara gung | minta luwar: ring duhkita | aywa kongsi: kewran nalaring palupi | kang kata: ginupita ||

Sandiasma punika pinanggih wontên sabên wêkasaning pêdhotan, mungêl, Radyan Ngabèi Rănggawarsita. Bab pada pangkat (:) tuwin kasêrat aksara agêng, punika wêwahan, namung prêlu kangge nyêthakakên. Nanging miturut gagrag ing sapunika, pada pangkat tuwin agênging aksara ingkang kados makatên wau malah dipun trapakên, mila lajêng wontên raosipun anêdahakên, bokmanawi sêlak botên kuwawi ngêkêr sandi.

[Iklan]

Tataning sandiasma makatên wau, lajêng dipun cakakên ing suwargi Kangjêng Radèn Tumênggung Tăndhanagara, saha [sa...]

--- [2191] ---

[...ha] lajêng kadamêl warni-warni, nandhakakên bilih sandiasma punika kenging dipun trapakên sakajêngipun, waton prênah. Wujudipun kados ing ngandhap punika:

[Sinom]

lir brataning: rêksiwara | micara rèh: sadubudi | marsudi mrih: dipaning tyas | mêmèngêt mring: pra taruni | wit jroning: jaman mangkin | kèh rubeda: sumarawung | yèn limut: rasikèng tyas | korup mring rèh: karya sisip | têmah sirna: talêring titah utama || Ing sandiasma mungêl: Rêksadipraja Surakarta.

[Dhandhanggula]

rêking karsa: mrih sarkara wrêdi | pindha wipra: murwèng wasitarja | tambuh paran surasane | mung sarwa: tibèng dudu | tinêmaha: tilaring wiji | liring kang: ngriptèng krama | nêngna: ring pangapus | tan wrin sual myang pangiyas | mrih pasaja: mung liningga: woding kawi | rinêngga: panggupita || Ungêling sandiasma: Rêksadipraja rane waduaji kang mangapus, alyas Jagawigata.

[Sinom]

punggawa yogya nyênyilah | wisaning wêngkon sinirik | martane kang dèn upaya | kaparêk mrih mirowangi | kanan kering udani | ngabèhi saliring kawruh | rêksa-rumêksanira | dining wêwêngkon kaèksi | prajanira mrih lulus tatat raharja || Ungêlipun pinanggih: punggawa wisamarta kaparêk kanan, Ngabèi Rêksadipraja.

Kajawi punika, suwargi Kangjêng Radèn Tumênggung Tăndhanagara punika, manawi nyăndra wontên ing sêkar araos gêsang, ngantos kathah ingkang nulad. Pêthikanipun kalih pada kados ing ngandhap punika:

[Dhandhanggula]

dhêdhêp tidhêm prabawaning ratri | sasadara wus manjêr kawuryan | tan kuciwa mêmanise | mênggêp srinatèng dalu | siniwaka sanggyaning dasih | aglar nèng cakrawala | winulat ngalangut | prandene kabèh kèbêkan | saking kèhing taranggana kang sumiwi | warata tanpa sêla ||

kinalangan kêkuwung ngawêngi | lir wêwêngkon bale măndhakia | pasewakaning pamase | jroning kalang kadulu | kang sumiwa parêk nèng ngarsi | mung punggawa sajuga | arya panjêr surup | pramukyaning taranggana | kang sawega rumêksa pringganing ratri | ngayomi hayuning ngrat ||

[Iklan]

Pêthikan dhandhanggula kalih pada punika, kados para maos sampun sagêd manggalih piyambak dhatêng kajênging panyăndra.

Dene ing bab lêbêting raosipun sêrat karangan Tăndhanagaran, pinanggih wontên ing Sêrat Tumurunipun Wijining Manungsa.

Andharan ing bab kawontênanipun suwargi Kangjêng Radèn Tumênggung Tăndhanagara, kados cêkap samantên kemawon. Mugi dadosa pamuji sae dhatêng panjênêngan ingkang sampun suwargi.

--- 2192 ---

Piwulang Basa Jawi

Saking firma Wolters ing Bêtawi Sèntrêm Balepustaka mêntas tampi sêrat babaran enggal, inggih punika Sêrat Piwulang Basa Jawi Jilid I, kanthi katrangan panganggenipun sêrat wau. Botên dangu tampi malih sêrat babaran lami, babaran taun 1933, ingkang kenging dipun wastani minăngka babonipun utawi uwitipun sêrat piwulang basa wau inggih punika Sêrat Panuntun Wulang Basa. Sêrat têtiga wau ingkang nganggit Tuwan Darmabrata kalihan Ki Wignyasumarta.

Mênggah anggènipun sami karaya-raya nganggit sêrat wau, ingkang dados jalaran miturut pratelanipun awit saking wontênipun pamanggih enggal ing kalanganipun băngsa pamardi, ingkang anyariyosakên bilih lare lair wontên ing alam donya punika botên kenging saupami kasamèkna kalihan dêlancang ingkang dèrèng wontên sêratanipun. Para ingkang sami mardi lare kêdah sami gadhah panganggêp, kêdah sami yakin bilih lare lair punika upamia dêlancang makatên dêlancang ingkang sampun wontên sêratanipun. Dados wajibipun ingkang mardi kêdah namung ngipuk-ipuk wiji ingkang sampun wontên ing ngriku kemawon. Kirang prayogi upami badhe andhêdhêri wiji enggal ingkang ing dalêm batosipun lare botên wontên.

Awit saking wontênipun kapitajêngan makatên wau, ingkang sami ngarang sêrat kasêbut ing nginggil, sami kaprayogèkakên supados lampahipun mulang basa dipun ewahi, sampun kados ingkang sampun-sampun, lare namung kapurih nirokakên punapa wicantênipun guru kemawon, kêdah kapurih criyos piyambak, kapurih nglairakên pamanggihipun piyambak, dene guru namung anuntun utawi ngawat-awati. Awit, saking criyosipun, samukawis ingkang sanès bêktan gadhahanipun lare piyambak, punika dipun jêjêl-jêjêlna, badhe namung tiwas ngècèr-ècèr wanci utawi anjêjèngkèl manah kemawon, botên badhe wontên wusananipun. Beda manawi ingkang dipun ular-ulari punika bêktanipun lare piyambak, kajawi têmtu muluripun anggènipun marlu inggih badhe kanthi sakeca sarta sênêng.

Wêwaton pamanggih wau wontên ing Sêrat Panuntun Wulang Basa dipun andharakên kanthi panjang lebar. Mawi dipun têrangakên kadospundi cakipun satunggal-satunggaling wulangan ingkang gêgayutan kalihan basa, upaminipun: ginêman, andongèng, cariyos, ngarang saha sapanunggilanipun. Ngantos manawi pamaosipun dipun matakên saèstu, ingkang maos punapa malih manawi priyantun guru, têmtu lajêng sagêd ngentha-entha kadospundi wulangan basa punika anggènipun anindakakên murih sagêdipun anocogi kalihan kajêngipun utawi idham-idhamanipun ingkang ngarang.

Ngèngêti paedahipun basa tumrap tiyang gêsang wontên ing alam pasrawungan, samukawis ihtiyar ingkang kajêngipun badhe nyaèkakên wulangan basa ing pamulangan (andhap) punika kêdah ingalêmbana.

Awit saking punika, sanajan nama kasèp, rêdhaksi Kajawèn rumaos wajib anglairakên pangalêmbananipun dhatêng Tuwan Darmabrata utawi Ki Wignyasumarta, saking anggènipun sami ambudidaya ngawontênakên sêrat panuntun ingkang lajêng dipun jangkêpi mawi Sêrat Piwulang Basa Jawa dalah katranganipun kangge guru punapadene murid-murid ing pamulangan andhap. Mugi-mugi kemawon punapa ingkang dados idham-idhamanipun ingkang ngarang wau sagêda kadumugèn. Ewadene mêksa wontên kalih prakawis ingkang rêdhaksi Kajawèn amanah prêlu ngaturakên panyeda utawi kirang mupakatipun.

Sapisan.

Sêrat panuntun wau, manawi dipun raosakên saèstu, kênyamipun taksih ngantêbakên utawi nêngênakên dhatêng saening basa, têgêsipun basa sae punika ingkang kaanggêp nomêr satunggal, sanèsipun dhawah nomêr kalih utawi nomêr tiga.

Raos utawi kajêng ingkang makatên wau, punika kajawi tumrapipun pamulangan andhap mokal sagêdipun kalêksanan, sawêg gurunipun kemawon rêkaos dipun têdhani parikan makatên, sampun malih muridipun. Manawi dipun udi sangêt murih sagêdipun kalêksanan, tumindakipun sagêd damêl bibrahipun kajêng ingkang baku, inggih punika ingkang nêdya damêl muluring manahipun rare. Awit guru dipun abani: basane muridmu kudu bêcik. Lo, ukarane kudu apik, punika adhakanipun guru lajêng pados ukuran, basa utawa ukara sing bêcik iku ya iku sing kaya ukarane anu, basane anu.

Cak-cakanipun, mangke manawi wontên lare cumuwit, măngka botên dados kajêngipun, sanajan ing sêrat panuntun wontên wêlingan aja age-age ngluputake, nanging têmtu dipun ewahi. Anggènipun ngewahi dèrèng kantênan manawi jalaran saking lêpat, sagêd ugi jalaran saking kêpengin supados muridipun basanipun sae, utawi pun guru botên sagêd ngentha-entha, kadospundi pacakanipun murid ing dalêm batos nalika mungêl makatên wau.

Upaminipun wontên guru ingkang gembolanipun Pramasastra sampun mêncêp-mêncêp, gadhah pathokan têmbung tanduk ingkang mawi katrangan punika manawi tandukipun botên patos dipun prêlokakên, namung mrêlokakên katrangan, ukaranipun kêdah mawi têmbung: olèhe. Dados ukara Mlayu: besuk dengan siapa engkau pulang, punika miturut guru ingkang kados makatên wau manawi muridipun wani-wani mungêl: kowe sesuk mulih karo sapa, têmtu lajêng dipun corèk kandêl, dipun santuni: sesuk olèhmu arêp mulih karo sapa.

Botên dipun èngêti babarpisan bilih pacakanipun tiyang utawi lare mungêl: kowe sesuk mulih karo sapa, punika ing dalêm batos botên sami kalihan manawi mungêl: sesuk olèhmu arêp mulih karo sapa.

--- 2193 ---

Guru ingkang kados makatên, saking pamanggih kula botên badhe sagêd damêl muluring manahipun lare, sarta botên badhe sagêd ngêjor lare nglairakên pikiranipun piyambak, nanging malah ngêndhakakên manahipun lare, sarta nênuman lare cariyos botên mawi nuruti raosing manah. Kadadosanipun benjing manawi sampun sêpuh, sanès larenipun ingkang amasesa basa, nanging basanipun ingkang ngangge dolanan dhatêng lare. Wêlingan ingkang kapacak wontên ing sêrat panuntun ingkang mungêl basa punika (individueel) tiyang-tiyangan lan mangsan (manut raosing manah), lajêng santun dados basa punika uniform, wujud sawarni = ambosêni, cêmplang, tanpa ngês.

Mila wontênipun raosing kênyam ingkang sajak nêngênakên utawi ngantêbakên saening basa wontên ing sêrat panuntun wau, punika saking pamanggih kula kirang prayogi. Ing bab basa kula mupakat kalihan pamanggihipun R. W. Dwijasewaya ingkang kalairakên nalika Java Instituut ngawontênakên konggrès basa Jawi ing Surakarta, inggih punika kêdah prasaja lan cêtha. Bawanipun prasaja, adhakanipun lajêng sok manut dhatêng ingkang ngangge, kangge nglairakên raos sarèh sagêd, kasêsa sagêd, kangge anggambar raos bingah purun, kangge anggambar raos sêrêng inggih manut, sapiturutipun.

Ingkang kula ceda ingkang nomêr kalih inggih punika tuladha waosan utawi gambaran ing Sêrat Piwulang Basa Jawa, ingkang kangge garan mulang ginêman.

Waosanipun tumrap lare kathah ingkang botên nêngsêmakên, têgêsipun ingkang kacariyosakên ing ngriku kathah ingkang botên (sagêd) dados pamanahan utawi botên sagêd narik manahipun lare. Purunipun lare amanah utawi anggatosakên, jalaran kapêksa ajrih ing guru. Dene gambar kathah ingkang botên ngrêtosakên, sampun malih lare, sanajan gurunipun manawi botên dipun sanjangi, bokmanawi botên sumêrêp kajêngipun utawi botên sumêrêp punapa ingkang kêdah dipun cariyosakên.

Tumrap wulangan ginêman sadaya wau kirang mikantuki, botên kenging kangge mancing manahipun lare.

Panacad wau sadaya botên atêgês nyêlêd pangalêmbana ing nginggil, samukawis ingkang dipun budi wontênipun, măngka mêngku kajêng sae, kêdah dipun tampi kanthi bingahing manah. Wontên cacadipun, saking sakêdhik dipun lêrêsakên, măngsa botêna dados sae. Ing bab punika prayogi katindakakên kadosdene dhatêng lare ingkang sawêg dipun prêdi ginêman. Kajêngipun gadhah kapurunan rumiyin ngêdalakên sakrêntêging manah, manawi sampun mêdal, gampil anggènipun nglêrêsakên, awit nyatanipun tumrap wulang basa kapurunan punika băndha ingkang baku.

[Iklan]

--- 2194 ---

ONTGROENING

Ingkang dipun wastani ontgroening punika namung pinanggih wontên ing kalanganing pamulangan luhur, inggih punika caraning para mahasiswa sêpuh anggarap dhatêng para mahasiswa enggal ingkang sawêg malêbêt. Saha limrahipun para mahasiswa ingkang tumindak makatên wau anggadhahi pakêmpalan.

Ing kala rumiyin, ingkang wontên Ontgroening punika namung ing Eropah, awit ing ngrika ingkang wontên pamulanganipun luhur. Nanging sarêng ing tanah ngriki wontên pamulanganipun luhur, ugi lajêng wontên tindak makatên.

Mênggah kajênging ontgroening punika, para mahasiswa sêpuh anganggêp dhatêng mahasiswa enggal taksih ijêm, inggih taksih lare, upami caraa Jawi badhe dipun icali pupukipun lêmpuyang, supados lajêng sagêd tunggilan kalihan ingkang sampun sêpuh-sêpuh, inggih sasami-sami.

Cara saha patrapipun mahasiswa sêpuh dhatêng mahasiswa anèm, punika warni-warni, wontên ingkang anggumujêngakên, wontên ingkang nganyêlakên, tuwin wontên ingkang mêmêlas. Kados ta wontên ingkang kapurih pincangan urut margi, kapurih mara tamu dhatêng panggenaning mahasiswa pintên-pintên, ingkang botên katêdahakên ing pundi griyanipun, tur manawi botên kalêrêsan lajêng dipun srêngêni ingkang sangêt punika. Ingkang dipun srêngêni namung tumungkul, katingal ajrih yêktos. Wontên ingkang kapurih mènèk wit-witan inggil, wontênipun ing nginggil kapurih manyanyi, ngantos dipun wastani tiyang sakit ewah ingakathah. Wontên ingkang kapurih popok-popokan bubur, ngantos sami gluprut, tuwin sanès-sanèsipun. Kajawi punika, para mahasiswa enggal wau sami kapurih cukur ngantos kêlimis.

[Iklan]

Sadumugining titimăngsa, limrahipun ngantos satêngah wulan, para mahasiswa wau lajêng ngawontênakên pêpanggihan, limrahipun wontên ing griya pakêmpalan. Ing ngriku lajêng ngluwari tindak makatên wau, saha lajêng nganggêp têtêp sasami-sami, botên wontên anèm botên wontên sêpuh. Rakêting anggènipun pasêdherekan katingal rumakêt, sami angicalakên èwêd-pakèwêd.

Kajawi ngicalakên èwêd-pakèwêd tuwin rakêt kados sadhèrèk, ugi wontên tindak tuntun-tinuntun ingatasing sêsêrêpan, wontên ingkang katindakakên ing kalaning wontên ing pakêmpalan, piyambakan tuwin patrap sanès-sanèsipun.

Tumrapipun ing tanah ngriki, ingkang wontên tindak makatên wau ing Batawi tuwin Bandhung. Dene ingkang kacêtha ing gambar sasisih punika Ontgroening mahasiswa pamulangan luhur ing Amsêtêrdham.

--- [2195] ---

[Grafik]

Gambar ing nginggil: mahasiswa sêpuh (ingkang ngingah rambut) nuju mêdharakên prentah. Gambar ngandhap bundêr: rêrêsik kacaning candhela.

[Grafik]

Gambar kiwa: nuju rêrêsik jrambah.

[Grafik]

Nginggil: para mahasiswa nuju sami mênyanyi.

[Grafik]

Ngandhap: para mahasiswa nuju sami rêrêsik jrambahing griya.

[Grafik]

Gambar nginggil: mahasiswa nindakakên damêl anggarap kajêng, dipun tênggani dening mahasiswa sêpuh.

[Grafik]

Gambar kiwa: wujuding mahasiswa ingkang sawêg dipun Ontgroening.

--- 2196 ---

Marsudi Gêndhing Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 88.

Ingkang wontên têngêripun I II III VI[1] wontên ngajênging aksara punika sindhèn utawi uran-uranipun kêdah kabarung ungêlipun găngsa, sanèsipun punika cêkap namung dipun griming (grambyang) gêndèr barung.

Dene sambêtipun uran-uran ing nginggil, kagêm apilan, kados ing ngandhap punika:

Adhuh yayi jênang gamping, dalênjêt ngudhari gêlung, gêlung-gêlung gêdhe, campur bawur madhul-madhul, ya si kakang sing wong lanang ya bapak, ya si kakang sing wong lanang, rokok kinang wong lanang ginawe apa. Brondong-brondong jagung, mêntiyung nèng pucuk gunung.

Adhuh yayi gêlung kondhe, rowe-rowe sêsinome, bênik jăngga: bênik jăngga têlung klanthe, bandhilan ali-aline ya bapak, bandhilan ali-aline, kanthong mote kêmrompyang akèh anggrise.

Brondong-brondong jali, mêntiyung nèng dhuwur kali.

Salêbêtipun ngungêlakên Gêndhing Brondongmêntul kenging dipun gerongi Kinanthi, manawi badhe anggerongi sasampunipun gong N IV, mriksanana têngêr Wk. dipun wiwiti têmbang Kinanthi. Nanging lagunipun miturut thuthukan wilahan kasêbut nginggil. Tuladhanipun kados ing ngandhap punika.

[Notasi]

Makatên salajêngipun.

Bawa Sêkar Agêng Banjaransari, laras salendro pathêt manyura, katampi gêndhing Gonjingmiring, laras salendro pathêt manyura.

Sêkar Agêng Banjaransari.

[Notasi]

Ingkang mawi têngêr I II III IV V punika ngangge jinêman, jinêman punika swaraning bawa kabarung ing găngsa, nanging pungkasanipun botên dipun êgongi, kèndêlipun mriksanana ciri (x). Badhe kasambêtan.

R.Ng. Pringgaardana.

--- [2197] ---

[Iklan]

--- [2198] ---

Kêthoprak Darmakăndha

II.

Garèng : Wis, Truk, saiki gambarna saka siji panêmumu ing bab pamaine kêthoprak Darmakăndha. Nanging sing adil, lo.

Petruk : Sing bakal tak kandhakake, Kang Garèng, mêsthine iya ora kabèh, nanging mung sing kalasamono maine katon. Luwih dhisik sing takcaritakake lakone, Kang Garèng, kalasamono anjupuk lakon: Ariya Manggala. Adêgan sapisan: adipati ing Sampang, diadhêp ing para punggawane. Ing kono sang adipati angraosi putra kêponakane, yaiku Radèn Trunajaya, jarene nakaldiningrat. Wah, sing dadi adipati ing Sampang, dêdêg piadêge olèh, wujude iya brêgas, panganggone mathuk bangêt, cêkake iya wis kaya: ndara kangjêng băngsa Mêdura têmênan, tur sêmune kaya wis dhuwur têmênan ... mêjêmuke.

Garèng : Hara, nyăndra uwong kathik anggawa-gawa ngèlmune barang. Bisa ngarani mêngkono kuwi, apa ngèlmune katon mêlok kaya cêplok apa.

Petruk : Ora mangkono, Kang Garèng. Jarene gêgambarane Adipati Cakraningrat ing Sampang kuwi brangasan bangêt. Nanging sanadyan wong kuwi brangasan dikaya ngapa, nèk gêlêm anggilut têmênan nyang isine kitab mêjêmuk, tur iya gêlêm nindakake têmênan, jarene iya banjur bisa dadi sabar.

[Grafik]

Garèng : We, hla wong sêmbrana, ambok dikandhakake bae: sing dadi Adipati Sampang rada kêsabarên. Takunèkake: rada, kang atêgês brangasane mono pancèn iya brangasan, nanging banjur rada sabar, iki kagawa saka katêranganamu: Adipati Sampang sing wis luhur majêmuke. Karêpe: wong sing dhasare pancèn brangasan, sanadyan rina wêngi tansah anggêgulang nyang kitab: majêmuk, munjiyat, lan sapadhane, brangasane iya isih mênthêlo bae, sanadyan laire katon sabar. Mulane iya ora kêna dipaido saupama Sang Adipati Sampang katon sabar, hla wong lagi diadhêpi para punggawa jarene, hla apa dikon pêcuca-pêcucu [pêcuca-...]

--- [2199] ---

[...pêcucu] lan pêndêlak-pêndêlik, mêngko rak diarani: sang adipati mêntas kêsambêt nyang prapatan.

Petruk : Ya wis, Kang Garèng, wong kowe ora nêksèni dhewe, mêsthine ora bisa anggambarake sing têmênan, bab prakara maine patih sarta para punggawa, ora prêlu tak gambarake ana ing kene, sabab aksine kala samono ora pati katon. Nanging kanggone para kurawa iya wis jênêng nyukupi. Ora antara suwe Radèn Trunajaya ditimbali, sarta iya banjur sowan mrono, sing dadi: wanita, Kang Garèng.

Garèng : Sing dadi Trunajaya: wanita, busèt, busèt, ora bisa mathuk, Truk, awit sanadyan sarwa apik kabèh, panganggone Trunajaya kuwi mêsthine rak iya cara... bakul sate kae. La kaya ngono kok dianggokake nyang wadon. Dêlêngên bae nyonyah-nyonyah jaman saiki sing padha kathokan komprang, apa ora mung gawe panglinge sing momong thok bae.

Petruk : Lo, sanadyan nyonyah kathokan komprang pisan, rak iya ana bae sing marakake: a-dhuh-ya-ya-ne. Mêngkono uga wanita sing dadi Trunajaya, panganggone pancèn iya ora pakra diênggokake nyang bangsaning wanita, ewasamono katone mêksa iya: pantês kathik... ulêng-ulêngan.

Garèng : Wathathithah. Wonge gênah pancèn: ayu, thinik-thinik, sêngklik-sêngklik, lan iplik-iplik.

Petruk : Wayah, iplik-iplik kuwi rak tumrape wong mlaku sing lambehane rêbutan kae. Ora, Kang Garèng, nèk rupane ngono iya mung lumrah bae, nanging sêmune kêpondhokan: luwês, kèwês, gandês, lan pantês, kawuwuhan pancèn akèh kapintêrane. Mulane sasolahtingkahe, nyang mripat ya mung langganan kêpenak têrus-têrusan. Mara pikirên, Kang Garèng, la wong duwe patrap andêlodog tumrap pamane, yaiku Adipati Sampang, wong nonton ora padha sêngit, jêbul malah sênêng bangêt. Kala diusir ing pamane, jalaran saka kurangajar, wong nonton lumrahe rak padha nyukurake, jêbul mêlase malah saparan-paran. Luwih manèh nalika lagi pangantenan karo Dèwi Sasanti putri Kajoran, banjur anjogèd cara lanang, luwih-luwih anjogèd remong cara Madura, kuwi sikile pêthanthangan, kathik pêthothokan kae, kuwi lumrahe nyang sawangan rak anjêlèhi marakake mutah kae, jêbul wong nonton upama diturutana mêngkono, anjaluk: tanduk manèh, tanduk manèh bae.

Garèng : Wis, Truk, aja kakehan pangalêmbanamu, mundhak Makne Kamprèt anjaluk diulihake.

Petruk : Wayah, apa bojo wong dolan, kathik sing lananag ora kêna babar pisan ngrasani bêcike wong wadon liya. Ora prêlu takdawa-dawa, kiraku anggêre kêthoprak iki isih ana wanita kiyi - jarene jênêngane Mas Ajêng Cabuk, dudu gêmbrot, lo, Kang Garèng - ora bakal kêkurangan wong nonton. Kala diusir mau, ana ing jaba Radèn Trunajaya dipêthukake ing abdine loro, yaiku: Sabar lan

--- 2200 ---

Subur. Iki badhut loro, Kang Garèng, suwarane kêpenak, rêmbuge mrêceka kathik bisa gathuk. Tur lageane ora ngewak-ewakake, malah angguyokake. Mulane mungguhing panêmuku, nèk dipandhing karo kêthoprak liya-liyane sing wis taksumurupi, lêlucone mula iya onjo dhewe, Kang Garèng. Adêgan kang kaping pindho: ing karaton Mataram. Sang Nata Sultan Amangkurat Agung diadhêpi mantri bupati pêpak bangêt. Antarane sing ngadhêp mau iya kalêbu: Pangeran Kajoran sarta putra mantune: Arya Manggala. Wujude Sultan Amangkurat, wis pantês, Kang Garèng, solah-tingkahe anggone sajak ewa karo Arya Manggala, kaya tênan-tênana. Mung bae panganggone ing sêmu ora pati dijingglêng, nganggo sikêpan agêng, iya bênêr nganggo kêmeja putih, nanging kancinge padha ucul, nganti katon... dhadha mênthoke.

Garèng : Wayah, ambok sing gêdhe ngapurane, mêngko kèlèke suwèk iya diaruh-aruhi. Maine kuwi ana ing Batawi, ênggon panas. Klambine rada ambalêdhèh kuwi, wong iya sumuk, Truk, sumuk.

Petruk : Wayah, wong iya lagi dadi ratu ingadhêpan para punggawane, sumuk sathithik iya kudu wani nahan. Mêngko nèk banjur krasa sumuk bangêt, apa iya kalakon banjur ngêlèr... bokonge. Eman-eman, nèk andêlêng jênggêrênge, lan maine, wong wis pantês bangêt. Aja nganti ing mêngko kêcacad jalaran kurang patrape anggone manganggo. Mungguh maine Arya Manggala, wajib tak alêmbana têmênan, luwih-luwih sabab aku têpung karo sing dadi Arya Manggala mau, wonge sing sabênêre alus lan ngrêti nyang unggah-ungguh bangêt. Nanging barêng ana ing tonil jêbul katon andêlodog ora idhêp tata bangêt, nganti iya mèmpêr yèn ingkang sinuhun andhawahake dêduka. Dene Pangeran Kajoran, katon sabar lan alus, mèmpêr, ta, saupama dadi gambare gurune wong sa-Mataram ing kalasamono. Kang Garèng, kaya wis cukup panggambarku anane kêthoprak Darmakăndha.

Garèng : Mêngko sik, isih ana sakêbab sing aku kêpengin sumurup. Nanging iki sawijining kasalahan sing wis lumrah tumrape tontonan Jawa, sanadyan iki jênêng dêgsura mênyang para sing mriksani, yaiku anggone sing main kadhangkala sok ngungkurake wong nonton.

Petruk : Wèh, sêmune sing kaya ngono kuwi angèl bangêt anggone ngowahi, bokmanawa bae sabab tumrape băngsa Jawa umume sing kaya ngono mau ora dianggêp barang-barang. Aku krungu kabar slênthing-slênthing, jarene panuntune wis kêrêp bangêt ngemutake, nanging êmbuh jalaran saka bangsane dhewe kuwi pancèn sugih ambêngkunung, êmbuh duwe pikiran: kêthoprake maju ora maju: pring. Wèh, nèk kabèh-kabèh duwe pikiran ngono, cêkake bakal nguthut... ing, ing, mari pulang... nanging kudune rak malah sêwalike, sing kinira bakal ngajokake apa sing lagi dilakoni kuwi, ambok iya dititèni, lan ditindakake sing têmênan. Yèn ing besuke dadi bêcike, sapa sing bêja, rak iya awake dhewe, ta.

--- 2201 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Arta kêrtas palsu. Pulisi ing Tanjung Balai mêntas ambêskup arta kêrtas palsu rêgi f 10.- cacah 100 lêmbar. Kêcêpênging arta wau wontên tanganing nyonyah bangsa Tionghoa. Nyonyah Tionghoa wau pancèn anjarag badhe nyêbar arta palsu, saking kêtitik ing sadèrèngipun kêcêpêng sampun wontên arta kêrtas rêgi f 10.- dhawah ing wande asli saking nyonyah wau. Salajêngipun, nalika nyonyah wau kagledhah pinanggih wontên artanipun 100 lêmbar. Bangsa Tionghoa jalêr èstri lajêng dipun tahan.

Ingsêr-ingsêran Schoolopziener. M. Isnama al. Mr. Inama Prawata Sudarma, schoolopziener Gresee, pindhah dhatêng Surabaya II. R. Supêno, Schoolopziener Padangan, Bojonêgoro, pindhah dhatêng Gresee. Nasirun al. Wiryosusastro, schoolopziener Rambipuji, Jêmbêr, pindhah dhatêng Jombang II. Ahmad Mustaffa al. M. Wiryosusastro, schoolopziener Sumênêp, pindhah dhatêng Bondowoso. R. Sumarsa al. Wiryasumarso, schoolopziener Baureno pindhah dhatêng Jatirogo sami Bojonêgoro.

Pindhahan pangrèh praja. R.A. Abdulrahman Sasraningrat, asistèn wêdana Dungkèk, kapindhah dhatêng Kaliangêt, sami Sumênêp. M. Rêksoadirêjo, asistèn wêdana Tlanakan, kapindhah dhatêng Larangan, sami Pamêkasan. M. Tirtowijoyo, mantri pulisi klas I paresidhenan Bêsuki, dados asistèn wêdana Tlanakan. K. Mursaha al. Mulyadisastra, asistèn wêdana Larangan, pindhah dhatêng Dungkèk. Abdulgani, asistèn wêdana Tugu (Tulungagung), pindhah dhatêng Karangrêjo. R. Sudarmodirjo, asistèn wêdana Gênêng (Ngawi) dados asistèn wêdana Pulung (Ponorogo).

Communist ingkang kirang lêrês èngêtanipun. Sampun nate kawartosakên ing Surakarta wontên golongan communist nindakakên lampah awon, ingkang dipun pangajêngi dening tiyang nama Sindang, asli saking Madiun, anakipun satunggilipun tiyang bucalan ing Digul. Ing sapunika Sidang wau nindakakên wulangan babagan communist, kanthi sêdya badhe nyirnakakên pangrèh praja, tuwin sanès-sanèsipun. Wusana sarêng kapriksa, tiyang wau pinanggih kirang lêrês èngêtanipun, nanging taksih lajêng dados papriksan ing bab kasarasanipun.

Nieuw Guinea wontên tandhaning gêgayutan kalihan Majapait. Asistèn residhèn ing Nieuw Guinea, Dr. Coster, nalika papriksa dhatêng pasisir kidul, sadumugining Namatote manggih gambaran ing sela ingkang sampun kina. Wêwarnèn ingkang kados makatên wau ugi pinanggih wontên ing Kokas. Ing bab punika lajêng nuwuhakên pangintên, bilih Namatote punika ing kinanipun gêgayutan kalihan Majapait.

Jêkat pitrah. Kados ingkang ajêg tumindak sabên taun, sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana sampun aparing jêkat pitrah tumrap karaton dalêm Surakarta dhatêng pangulu dalêm Kangjêng Radèn Pangulu Tapsiranom awarni bokor kêncana. Sasampunipun bokor katampi, lajêng kapundhut wangsul kanthi lêlintu arta f 2000.-.

Mêwahi punggawa pagantosan. Wontên wartos, jalaran saking indhaking padamêlan ing pagantosan, badhe kawêwahan punggawanipun. Dumugining wulan Sèptèmbêr kêpêngkêr, barang-barang ingkang dipun gantos sampun wontên rêrêgèn 6.1 yuta rupiyah, langkung kathah tinimbang pêpetangan makatên ing taun kêpêngkêr. Arta ingkang lumampah dumugining wulan Sèptèmbêr wau wontên 9 yuta rupiyah.

Inggah-inggahan. M. Sudarwo, mantri pulisi ing Purwodadi, Kabupatèn Grobogan, Sêmarang, kapindhah dhatêng Paresidhenan Japara-Rêmbang. R. Condrosasmito, juru sêrat klas 1 ondêr dhistrik Têgal, Pêkalongan, dados mantri pulisi Paresidhenan Pêkalongan. R. Umar, mantri pulisi klas 1 gewestelijke recherche ing Blora, Japara-Rêmbang, dados asistèn wêdana Paresidhenan Japara-Rêmbang. M. Suleman, juru sêrat klas 1 ondêr dhistrik Jatibarang, Brêbês, dados mantri pulisi Paresidhenan Pêkalongan. R. Hartomo Hadiputro, asistèn wêdana pulisi gewestelijke recherche ing Pêkalongan, dados asistèn wêdana gewestelijke recherche ing Têgal. M. Maryono Danubroto, asistèn wêdana Tirto, Pêkalongan, dados asistèn wêdana gewestelijke recherche Pêkalongan. R. Sitar Wiryokusumo, asistèn wêdana gewestelijke recherche Têgal, dados asistèn wêdana Paresidhenan Pêkalongan.

Panèn wowohan. Ing wêkdal punika ing Priangan nuju mangsa wowohan. Tumrap Garut sawêg ungsum jêram tuwin kêsêmêk, langkung kathah tinimbang taun kêpêngkêr. Dene tumrap wowohan sanès-sanèsipun pinanggih suda, jalaran saking kêkathahên jawah.

Pamulangan luhur pangadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kalih, Tuwan R.A.J.W. Web, nonah H. Kho Yong Nio, Tuwan-tuwan J.W.Th. Eimon tuwin M. Mohamad Ali Suparto Wasitodiharjo. Lulus doctoraal examen perangan kapisan, R. Wilopo, tuwin Tuwan Lie Kian Kiem.

Padagangan asil siti. Miturut katrangan saking Landbouwvoorlichtingsdienst, ing wêkdal punika pathi pohung saking Jawi Kilèn botên patos majêng kados taun kêpêngkêr, amargi kintunan dhatêng Amerika kêndho. Kajawi punika ugi jalaran saking ing wêkdal punika dèrèng wancinipun damêl pathi, sawêg damêl gaplèk.

Speck dumugi ing Fak-fak. Satunggiling tiyang lampah layaran ingkang namung ngangge baita alit, nama Speck lampahipun dumugi ing Fak-fak, lampahipun wau saking Têgal badhe dhatêng Sorong, Manokwari tuwin Hollandia, salajêngipun Nieuw Guinea bawah Australie.

[Grafik]

Panjagi bêbaya ing gêgana. Kados sampun sumêbar mênggahing pawartosipun, saha kathah ingkang sampun nguningani caraning pacobèn tumindaking damêl panyêgah punapadene mitulungi bêbaya wau. Ingriku ngêwrat gambaripun têtiyang juru mitulungi bêbaya ing Surabaya sami mangangge topèng gas punapadene anggèn-anggèn ingkang kadamêl asli karèt.

Paboyongan ing Mênado. Ing sapunika ing pulo Sangihe tuwin Talaud têtiyangipun sampun kêbak. Ing bab punika ingkang wajib anggalih nindakakên têtiyangipun ingriku dhatêng urut pasisiripun Mênado. Ingkang dipun ayati ing Ayung, laladan Bolaang Mongandow, saha sampun mindhah tiyang 700. Mila pamilihipun papan ing pasisir, amargi têtiyangipun kulina dhatêng padamêlan dagang klapa tuwin misaya ulam. Kajawi ingriku, ing uruting pasisir Mênado taksih kathah papan ingkang kados makatên.

Pèngêtan radium. Gêgayutan kalihan pinanggihing radium sampun 40 taun, benjing tanggal 25 wulan punika ing pamulangan luhur dhoktor badhe ngawontênakên pèngêtan ingkang dipun rawuhi Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Tuwin saking panêdhanipun Instituut nyirnakakên sêsakit kankêr, Prof. van der Plaats badhe sêsorah ing bab babadipun Pierre Marie Curie jalêr èstri, inggih punika ingkang manggihakên radium tuwin kawigatosaning Rontgen.

Congres P.G.B. Congres P.G.B. sampun kalampahan wontên ing Surakarta, kathah rêmbag-rêmbag ingkang wigatos. Ingriku wontên rêmbag badhe miji Tuwan Yudiwonoto dhatêng nagari Walandi, pêrlu ngrêmbag kawigatosaning pakêmpalan.

--- 2202 ---

Arta sèn enggal. Wiwit kala wulan Sèptèmbêr 1936 ing tanah ngriki nindakakên pajêging arta sèn enggal rêgi 2.2 yuta, dene arta sèn lami ingkang lajêng kaklêmpakakên rêgi 1.4 yuta. Ing sapunika wêwahing arta sèn enggal wau 1.2 yuta, dene sadhiyanipun taksih 6 ton.

Redactie Sinar Sêlatan dipun priksa P.I.D. Ingajêng sampun kawartosakên, sêrat kabar Jêpan Sinar Sêlatan ing Sêmarang, botên kaparêng kawêdalakên salêbêtipun 8 dintên. Wusana sarêng tanggal 1 wulan punika ngêdalakên extra ingkang kawêdalakên dening Astra, mangka taksih wontên salêbêtipun awisan. Ingkang punika warganing redactie lajêng dipun tarik dhatêng kantor P.I.D. Ingriku lajêng dados papriksan, prakawis anggèning ngêdalakên sêrat kabar ingkang sajatosipun panukmaning Sinar Sêlatan.

[Grafik]

Dados guru agami 30 taun. Kawartosakên, dèrèng dangu ing Tanjung, Fort de Kock, kawontênakên paargyan agêng-agêngan kangge mèngêti Tuwan Syech Suleiman Arrasuli (kacêtha ing gambar), nalika mêdhar sabda wontên sangajênging têtiyang kathah anggèning dados guru agami wontên ing laladan Minangkabau jangkêp 30 taun. Ing kala paargyan pèngêtan wau ugi ngêdêgakên sela minangka pèngêtan.

Asil nagari. Ing salêbêtipun Sèptèmbêr kapêngkêr, angsal-angsalanipun nagari wontên f 40.900.000.-. Kala Sèptèmbêr taun kêpêngkêr wontên f 45.500.000.-. Wiwit Januari dumugi Sèptèmbêr taun punika wontên f 382.400.000.-. Pêpetangan makatên taun kapêngkêr wontên f 376.800.000.-

Kintunan kajêng saking tanah ngriki. Kintunan kajêng saking Nunukan pinanggih majêng. Ingkang katingal majêng tumrap panyade dhatêng Afrika sisih kidul. Ing salajêngipun, tumrap Australie inggih badhe dipun lêbêti, ing sapunika taksih dados rêmbag. Nanging tumrap Australie kathah botên dadosipun.

Papriksan saking Jêpan. Benjing têngah-têngahaning wulan punika, Tuwan B. Saito, president directeur Nanyo Kohatsu Kaisha, badhe dhatêng tanah ngriki. Dene kawigatosanipun badhe mriksa kawigatosanipun tanah Nieuw Guinea. Salajêngipun papriksa dhatêng sanès panggenan.

Mindhah namaning sêkolahan. Wiwit sapunika pamulangan a. Pamêkasan I tuwin Pamêkasan II, b. Sampang I tuwin Sampang II sami Madura, kapindhah nama a. Bagandan tuwin Pangeranan (Pamêkasan), b. Glugur tuwin Gunongsêkar (Sampang).

Angsal-angsalanipun pabeyan ing Sêmarang. Angsal-angsalanipun pabeyan ing Sêmarang ing wulan October kêpêngkêr wontên f 768.000.-. Kala ing wulan October taun kêpêngkêr wontên f 822.000.-. Ing salêbêtipun 8 wulan taun punika wontên f 7.056.000.-. Pêpetangan makatên ing taun kêpêngkêr wontên f 7.775.000.-.

Yasa wana ing Sumatra. Sampun dangu wontên papriksaning pangagêng Pakaryan Wana dhatêng Sumatra pasisir wetan, mênggah wigatosipun badhe yasa wana damêlan ingriku. Ing salajêngipun wontên rêmbag, ingkang badhe dipun wontêni ing Lampung, Jambi tuwin Bêngkalis. Botên dangu kados wiwit nanêm wit-witan warni-warni.

Studenten Islam Studieclub. Para mahasiswa ing Bêtawi ingkang agami Islam angêdêgakên pakêmpalan kangge nyinau agami Islam, nama studenten Islam Studie Club. Ing sapunika para student wau sami ngawontênakên pasinaon basa Arab, manggèn wontên ing Rumah Piatu Muslimin.

Têtiyang ingkang tiwas ing Tanjungpriok suda. Ing salêbêtipun wulan October kêpêngkêr, cacahipun têtiyang ingkang tiwas ing Tanjungpriok suda 20%, tinimbang kala ing wulan Augustus tuwin Sèptèmbêr. Makatên ugi tumrap ingkang tiwas jalaran sakit malaria inggih suda. Ing salêbêtipun wulan Siyam punika tindak panyêgah malaria ragi kêndho, awit ing wancinipun nêdha kinine sami botên dipun têdha.

NAGARI WALANDI.

Paargyan pèngêtan Knilm. Ing Kol. Instituut ing Amsterdam sampun kêlampahan ngawontênakên paargyan adêging Knilm 10 taun. Ingkang anjumênêngi, Sri Paduka Prins Bernhard, tuwan-tuwan Colijn, Koningsberger, Lidt de Jeude, Deckers, Fock, van Ede van der Pals, Damme, Crone, Trip, Van Aalst, Koolhoven, Van Weerden Poelman tuwin Martin, wêwakil karajan Jawi, ingkang Bupati Cianjur, para pangagêng golongan warni-warni. Warganing raad mapag rawuh dalêm Sri Paduka Prins Brnhard,[2] kinurmatan ungêling lagu Wilhelmus. Ingkang Mêdhar sabda Tuwan Enthoven, lajêng Dr. Colijn, ngalêmbana tumindaking damêlipun Knilm. Dalunipun kawontênakên paargyan wontên ing Carlton.

Pèngêtan Handelshoogeschool. Pèngêtan tumrap Handelshoogeschool ing Rotterdam sampun katindakakên, kathah para agêng ingkang anjumênêngi.

EROPA.

Kasangsaran motor mabur. Miturut wartos saking Inggris, kala tanggal 4 wulan punika wontên motor mabur anggêgana saking Jersey dhatêng Southampton dhawah. Inggiling panggêgananipun kala punika wontên 500 yards, dhawahipun anjungkir, lajêng ngêdalakên latu, saha wontên jêblosan sakalangkung sora. Têtiyangipun ingkang numpak sami nlotok mêdal, dhawah ing siti ajur mumur. Ingkang tiwas sadaya tiyang 11, kalêbêt bêbauning motor mabur. Sabab-sababing kasangsaran dèrèng kasumêrêpan. Dhawahing bêbaya punika andadak. Kasangsaran punika tumrap Inggris, kalêbêt ingkang anggêgirisi piyambak.

ASIA.

Paprangan ing Tiongkok. Kala tanggal 5 wulan punika ing sakidul kilèn Hankow, antawis 120 km, wadya Jêpan tuwin Tiongkok campuh sakalangkung rame. Wadya Jêpan botên sagêd majêng, têrus dipun dhêsêk ing wadya Tiongkok. Panggêgananing wadya gêgana ajrih andhap. Nalika motor mabur Jêpan sabrêgada badhe nêmpuh Chungking, lajêng dipun papag ing suwara tandhaning wontên bêbaya saking gêgana. Ingriku adamêl kasamaraning tiyang kathah, nanging motor mabur wau, sande panêmpuhipun. Sarêng enjingipun saèstu nêmpuh, botên mundur dening suwaraning tăndha wau, nêmpuh ing Hanahung tuwin kanan keringipun.

Lindhu ing Jêpan. Kala tanggal 6 wulan punika ing Jêpan sisih lèr wontên lindhu, adamêl karisakaning têlpun, lêstrik tuwin sêpur. Dumugi enjingipun malih taksih kêraos wontên lindhu.

Nata Inggris badhe têdhak dhatêng Indhu. Wontên wartos benjing taun 1940, Nata Inggris badhe têdhak dhatêng Indhu. Têdhakipun wau gêgayutan kalihan tumindaking tatanan enggal ingriku.

Bêna. Jalaran saking dêrêsing jawah, ing provincie Nha Trang, Indo-Cina, andadosakên bêna, adamêl tiwasing tiyang 100, saha adamêl karisakan margi tuwin margi sêpur.

--- 2203 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

28

X

Sarêng Mariyam nyumêrêpi Lepar badhe nubruk dhatêng kêthèk bangkokan wau, saking kagèt lan kuwatosipun, ngantos lajêng mêgap-mêgap. Dene ingkang dipun kuwatosakên punika botên jalaran anggènipun Akut ing kala punika wontên ing salêbêtipun bêbaya agêng, ngêmungakên solah tingkahipun Korak, ingkang dèrèng watawis dangu kalayan nêpsu mêntas ambithi mitranipun, sarêng nyumêrêpi wontên Lepar mêdal saking garumbulan nêdya nubruk mitranipun kêthèk bangkokan, sanalika kalayan ngunus ladingipun suduk lajêng mêncolot mangandhap. Jalaran saking punika, dèrèng ngantos Lepar namakakên kuku tuwin siyungipun dhatêng ing gêgêripun Akut, sakala punika Korak angêjlogi githokipun. Salajêngipun tanganipun Korak ingkang kiwa mithing gulunipun Lepar, sukunipun mipit ing badan, untunipun nyokot kuping, lan tanganipun ingkang têngên nyuduki lêmpènging sato galak wau. Pun Lepar kanthi anggêro lajêng apêncolotan tuwin gulung ing siti, supados sagêda luwar saking manusa ingkang kadosdene kêlèt wontên ing gêgêripun, nanging sadaya wau tanpa damêl.

Akut ingkang kagèt dening suwara rame wontên ing wingkingipun, ujug-ujug mêncolot minggah ing wit-witan ing papan pandhêlikanipun Mariyam. Nanging sarêng wontên ing nginggil nyumêrêpi wontênipun kadadosan ing ngandhap, tanpa manah panjang inggih lajêng enggal-enggal mandhap malih. Ing ngriku Akut sumêrêp, bilih mitranipun Korak wontên ing salêbêting bêbaya agêng. Lan piyambakipun mangrêtos, anggènipun Korak manggih bêbaya ingkang samantên punika, botên sanès tamtu badhe mitulungi piyambakipun piyambak. Sanalika manahipun Akut ingkang nêpsu jalaran kabithi wau, ical tanpa lari, sarta sanadyan ngantosa dumugi pêjah, piyambakipun samangke nêdya ambelani dhatêng mitranipun wau.

Jalaran ingkang makatên wau, salajêngipun Lepar nuntên abên ajêng kalihan mêngsah kalih ingkang botên badhe mundur sajangkah. Korak tansah lêstantun nemplok wontên ing gêgêring Lepar, untunipun nyokot kuping, tanganipun ingkang têngên anyuduki lêmpèngipun. Dene pun Akut nyokot lan anjuwing-juwing badanipun Lepar ingkang kêlimpe. Tarungipun Lepar kamêngsah dening Korak tuwin Akut wau, ingkang ningali ngêmungakên pun Mariyam, ingkang taksih lêstantun linggih wontên ing êpang nginggil, kalayan andharodhog tuwin nyikêp kêncêng bonekahipun ingkang dipun namakakên: Sekah.

Dene ingkang adamêl pêjahipun Lepar punika, ladingipun suduk Korak ingkang tanpa kèndêl katamakakên ing lêmpènging sato galak wau. Botên antawis dangu Lepar dhawah pêjah. Korak lan Akut lajêng sami mênyat saha apandêng-pandêngan. Salajêngipun Korak nuntên tuding-tuding dhatêng Mariyam sarta lajêng wicantên dhatêng Akut makatên: Bocah wadon kae aja kok aru-biru, kae duwèkku.

Akut anggêrêng, kêdhèp-kêdhèp saha lajêng ngawasakên dhatêng bathanging Lepar. Salajêngipun nuntên ngidak badanipun Lepar, ngungalakên dhadhanipun, tumênga ing nginggil, sarta lajêng ngumbar suwara sakalangkung sora tuwin anggêgirisi sangêt, ngantos Mariyam wontên ing nginggiling pang gumêtêr badanipun sakojur saking kamigilanipun. Mênggah ngumbar suwara ingkang makatên wau sajatosipun cara sêsumbaripun kêthèk bangkokan jalêr ingkang mêntas mêjahi sato galak ingkang agêng. Korak kèndêl nyawang sakêdhap dhatêng Akut, sasampunipun lajêng mêncolot mènèk ing wit-witan sarta linggih anjajari Mariyam. Botên watawis dangu Akut ugi lajêng nusul mriku. Ngantos sawatawis mênit dangunipun, Akut andilati tatu-tatunipun. Sasampunipun lajêng kesah saking ngriku prêlu ngupados têdha.

Wiwit kados ingkang kacariyosakên ing nginggil ngantos wulanan dangunipun, botên wontên kadadosan-kadadosan ingkang prêlu kaandharakên ing ngriki. Ing sakawit pancèn inggih nyata, bilih Mariyam tansah ajrih tuwin kamigilan kemawon, nanging dangu-dangu lajêng sagêd manuh dhatêng kawontênan ing salêbêtipun wana ingkang dipun anggêp anggêgirisi tuwin angajrih-ajrihi punika. Saking sakêdhik dangu-dangu Mariyam ugi lajêng sagêd mangrêtos dhatêng basa ingkang dipun pigunakakên dening Korak tuwin Akut, inggih punika basanipun kêthèk bangkokan. Mênggah wêwadosing gêsang wontên ing salêbêtipun wana, Mariyam enggal sangêt anggènipun angyêktosi,

--- 2204 ---

amila botên watawis dangu malih tumrap Korak lan Akut, Mariyam lajêng dados pitulungan agêng. Kados ta upaminipun: manawi Korak tuwin Akut, jalaran saking sayah, lajêng sami ngaso tilêm, punika Mariyam ingkang dipun wajibakên mêlèk anjagi, malah dangu-dangu Mariyam sagêd mitulungi ngupados pandhêlikanipun kewan-kewan ingkang kêdah dipun rundhuk kangge mangsanipun. Wiwit punika panganggêpipun Akut dhatêng Mariyam kadosdene dhatêng sasaminipun, samantên punika manawi namung kadhangkala, Akut kêpêksa sêsrawungan, awit limrahipun piyambakipun tansah anyingkiri dhatêng Mariyam. Dene mênggahing Korak, patrapipun dhatêng Mariyam tansah sumèh lan sumanak sangêt, sanadyan asring sangêt kalampahan bilih solah tingkahipun Mariyam punika adamêl susah lan rêkaosipun, ewasamantên nêpsunipun Korak ing batos punika botên nate dipun katingalakên dhatêng Mariyam. Ing sarèhning Korak mangrêtos, bilih Mariyam botên patos kiyat dhatêng hawaning dalu, amila piyambakipun lajêng yasa papan ingkang sawatawis brukut wontên ing antawisipun pang-panging wit-witan ingkang inggil sangêt. Wiwit punika papanipun tilêm Mariyam, inggih wontên ing ngriku wau, kajawi angêt ugi kenging dipun wastani têntrêm. Dene papan patilêmanipun Korak tuwin Akut wontên ing pang sangandhapipun ngriku cakêt. Korak limrahipun tilêm wontên sajawining kori griya ingkang kangge tilêm Mariyam mau,[3] prêlunipun supados sagêd anjagi manawi wontên sato galak ingkang sagêd mènèk ingkang badhe angganggu damêl. Papan patilêmanipun wau sangêt inggilipun, amila botên prêlu ajrih manawi dipun ganggu damêl ing bangsanipun singa barong lan sapanunggilanipun. Nanging kewan galak ingkang gêsang wontên ing wit-witan punika kathah, kados ta bangsaning sawêr. Ing măngka wana tanah Aprikah punika kathah sawêr ingkang agêng-agêng. Kajawi punika wontên malih kewan wit-witan ingkang ngajrih-ajrihi, kados ta ingkang dipun wastani: bapiyan, inggih punika bangsaning kêthèk agêng, sanadyan agêngipun wau dèrèng sakêthèk bangkokan bangsaning Akut, nanging kêthèk bapiyan punika agêngipun mêksa botên kawon kalihan sagawon ingkang agêng. Lêrês bilih kêthèk bapiyan punika botên nate ngrangsang, nanging manawi pinanggih manusa utawi kêthèk bangkokan mêsthi lajêng mringisakên untunipun sarta anggêro sora.

Wiwit ing ngriku dipun yasani papan patilêmanipun Mariyam, salajêngipun tiga-tiganipun lajêng sami mathok wontên ing ngriku kemawon, sanadyan kesaha têbih, inggih punika manawi ngupados têdha, wangsulipun inggih mêksa mriku malih. Tur wangsulipun wau botên nate sasampunipun surya angslup. Ing ngriku wontên lèpènipun. Kewan alit-alit punapadene wowohan kathah sangêt. Dalasan ulam lèpèn ingkang wontên ing ngriku botên kirang, dados tumrap têdhanipun, wontên ing ngriku botên badhe kapintên. Gêsangipun sabên dintên wontên ing ngriku wau, lajêng sampun ngemba sato wana sajati, manawi ngêlih ngupados mangsan, manawi sampun tuwuk lajêng sami tilêm, kanthi botên ngèngêti babar pisan wontênipun dintên benjing-enjing. Manawi kadhangkala Korak èngêt dhatêng tiyang sêpuhipun ingkang dêdunung wontên ing Londhên, sarta ingkang tansah angajêng-ajêng wangsuling piyambakipun, punika lajêng dipun lêlipur sarana kamanah, bilih gêsangipun ing kala rumiyin punika gêsangipun tiyang sanès, dede gêsangipun piyambakipun piyambak. Wiwit wêkdal punika piyambakipun sampun botên gadhah pangajêng-ajêng malih sagêdipun wangsul dhatêng nagari ingkang sampun tata. Awit dumuginipun ing wêkdal punika, piyambakipun tansah rumaos kêcêlik, jalaran ingkang kagadhang-gadhang sagêda dados mitranipun, jêbul malah amêngsah dhatêng piyambakipun. Amila piyambakipun lajêng sangaja ngupados papan ing salêbêtipun wana gung ingkang têbih ngrika têbih ngriki.

Kajawi saking punika, sarêng Mariyam sampun ngêmpali mriku, Korak sampun rumaos kalêgan manahipun. Sadèrèngipun punika, gêsangipun wontên ing wana wau, wontên satunggal bab ingkang tansah dados gêlaning manahipun, inggih punika: dene botên gadhah kêmpalan manusa. Amila wontênipun Mariyam, piyambakipun lajêng sampun rumaos sênêng, awit lajêng anggadhahi mitra ingkang awujud manusa sajati botên beda kalihan piyambakipun piyambak. Nanging mêmitranipun Korak kalihan Mariyam punika nama mêmitran lugu, ing ngriku botên wontên raosipun babarpisan kadosdene mêmitraning jalu lan wanita. Ngêmungakên kados mitra-mitra lugu. Saupami kalih-kalihipun wau lare jalêr sadaya, kados anggènipun mêmitran botên badhe wontên bedanipun kadosdene ing samangke punika. Kajawi ing bab satunggal, inggih punika: anggènipun Korak tanpa wontên ingkang angèngêtakên, tansah anjagi kemawon dhatêng pun Mariyam.

Trêsnanipun Mariyam dhatêng Korak kalangkung-langkung, nanging inggih botên beda kados trêsnanipun lare èstri dhatêng kakangipun. Katrêsnan kadosdene tumraping wanita dhatêng priya, ing kala punika botên wontên babarpisan. Nanging ing wusana sarêng Korak sampun ngancik ing dewasa, raosipun Mariyam dhatêng Korak, inggih botên beda kadosdene kewan sanès-sanèsipun ingkang gêsang wontên ing salêbêtipun wana. Badhe kasambêtan.

[Iklan]

--- 177 ---

No. 45, 12 November 1938, Taun IX

Taman Bocah

INGKANG NGÊMBANI : BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

Nyêpur

Para sêdulur yèn maca irah-irahan ing dhuwur iki mêsthine akèh sing padha muni: "Aku ya wis tau nyêpur mênyang Bêtawi, Surabaya, Sêmarang lan sapêpadhane". Nanging ing kene aku ora arêp nyaritakake mungguh kêpenake, sênênge ndêlok sêsawangan asri saka sêpur, utawa ndêlok kaanan sawise mudhun saka ing sêpur; lugu mung arêp nyaritakake lêlakon kang sêpele kang nganti saiki aku tansah eling bae; ya iku mangkene:

Limalasan taun kêpungkur, nalika aku isih cilik aku sasêdulur ditinggal bapak nyambut gawe ana paran, dadi sing ngopèni aku kabèh mung êmbokku. Ing sawijining dina êmbokku tampa layang lan kiriman dhuwit kanggo sangu nusul. Sanalika êmbokku tata-tata. Barêng aku dikandhani êmbok bungahku tanpa upama, sêpisan aku bakal kêtêmu bapak, kapindhone bakal nunggang sêpur, ping têlune bakal wêruh paran nadyan ta arêp ninggal desa lan kanca dolan.

Lêt sawatara dina aku lan êmbok lan adhi-adhiku kabèh ninggal desa kêlairanku njujug sêtatisiun. Kurang sadina sadurènge[4] mangkat aku ora kolu mangan, êmbuh apa sababe kok ora krasa ngêlih; bêngine ya ora bisa turu, daya-daya gêlisa awan sêlak kapengin lungguh ing sêpur.

Kira-kira wayah jam 9 esuk sêpur sing taktunggangi wis têka, ora lêt suwe sawise aku kabèh padha munggah, sêpur mangkat manèh. Sasuwene aku mapan lungguh sing takdêlok mung kaanan ing jêron sêpur, aku gumun, dadi mangkono sêpur iku; barêng wis katog anggonku ndêlok kaanan mau, banjur aku ngungak njaba. Ing kono aku gumun manèh wêruh wit-witan padha mlayu-mlayu kaya lagi padha buron.

Nanging suwe-suwe aku krasa mumêt, saya suwe saya nêmên kêwuwuhan wêtêng krasa munêg-munêg kudu arêp mutah. Ora lêt suwe aku ya banjur glogok mutah; êmbokku bingung, githokku diingêl-ingêl lan dipilisi, barêng wis tuntas nggonku mutah-mutah aku dikon turon, ora suwe aku lês turu. Tangi-tangi barêng aku krungu suwara sing mbrêbêgi kuping ing sacêdhakku. Barêng aku mêlèk jêbul adhi-adhiku uga padha mutah-mutah kaya aku.

Êmbokku katone susah bangêt, guwayane pucêt, mangkono mau ora maido sabab anake padha mabuk sêpur kabèh.

Saiki mumêtku wis mari, wêtêngku krasa ngêlih, gorokanku ngorong, aku nuli mênyat. Êmbokku barêng wêruh aku tangi gita-gita lan takon, cahyane kang maune pucêt aclum tur katone sêdhih bangêt, barêng wêruh aku tangi dadi bingar manèh: "O, mumêtmu apa wis mari, kowe ngêlak, arêp mangan?" aku manthuk. Êmbokku saya bungah manèh aku gêlêm ditari mangan.

Sajrone aku mangan aku takon: "Kênèng apa êmbok kok ora mangan?

Wangsulane: "O, aja mikir si êmbok, si êmbok isi warêg, kowe bae mangana sing kêpenak, yèn kurang imbuh manèh.

Mangkono sabanjure êmbokku mung tansah gawe lipure atiku bae, yèn aku takon: "Kok ora têkan-têkan?"

Wangsulane: "Ora suwe manèh" utawa: "Sadhela manèh." Nanging wusanane jam 8 bêngi lagi têkan.[5]

--- 178 ---

PRINSES BEATRIX

[Grafik]

Tumêkane ing dina iki, Prinses Beatrix tinêmu ora kirang[6] sawiji apa, sarira dalêm katon sêgêr, walagang mindhak agêng. Panyandrane tumrap kasugêngan dalêm mau mangkene;

têkane dina saiki, | sarira dalêm sang putri | katon sênggang amrakati | wis yuswa sawêlas sasi ||

yèn mirid ing pasêmone | kaduk èsêm ngrêsêpake | miyosing wadya katone | dadi tandha mêmanise ||

sang putri diêla-êla | ing ibu kalawan rama | lan eyang jêng sri narendra | tuwin eyang saka rama ||

kang kacêtha gambar iki | ing nalikane sang putri | lênggah ing box amarêngi | kang rama kang anyakêti ||

rênaning rama kaliwat | katon mèsêm padhang ulat | kang rama kalangkung cikat | digambar prasasat kilat ||

mula kono tinêmune | mung sarwa anyênêngake | rama ibu ing mêsthine | kalangkung suka galihe ||

____________________

[Lanjutan dari hlm. 177 : NYÊPUR]

Coba para sêdulur padha pikirên sapira sayah lan repote êmbokku sadina muput ana ing sêpur ngopèni aku sasêdulur, ora kayaa nganti ora mikir marang awake dhewe anggone njaga murih slamête anake.

Samono uga êmbok-êmbokmu kabèh ora beda, mulane bocah-bocah padha manuta, bêkti lan ngajèni marang wong tuwamu, jalaran yèn wong tuwa wis duwe anak mbangun turut, bungahe wis tanpa upama; padhane kowe wis bisa malês bêcik marang wong tuwa.

Saniki, Bandung.

--- 179 ---

MOTOR-MOTORAN.

[Grafik]

Kacarita ana sawijining nonoman bangsa Inggris yaiku Tuwan Reginald Crothall bisa gawe sêpedha motor cilik, wujude kaya kang kacêtha gambar ing dhuwur iki.

Wiwitane tuwan mau kêna diarani wong angguran; golèk pagawean mrana-mrene ora olèh, nganti judhêg bangêt. Ing wusana duwe panêmu, tinimbang nganggur luwih bêcik gêgawean yaiku banjur tak-tik gawe motor mau, niru motor têmênan. Dene panggarape motor-motoran mau, tumêkane rampung, lawase nganti patang taun.

Motor mau dawane 30 cm lan anggumunake, yaiku bisa lumaku rikat, ing saêjame 30 kilomètêr.

MULABUKANIPUN UNTA APUNUK.

Biyèn, rikala unta ora duwe punuk, ing nagara Arab, jaran iku dudu kewan tunggangan. Gawene mung kanggo sêsawangan, kaya upamane ingon-ingon mêrak. Rina lan wêngi ora pêgat diopèni, dijaga amrih aja kêkurangan sawiji apa, kang bisa njalari larane si jaran.

Kang mangkono mau agawe kumalungkunge kewan mau. Unta uripe ora kêpenak kaya si jaran. Gawene dimomoti sing abot-abot utawa ditunggangi ngambah sêgara wèdhi.

Jaran anggêr kêpêthuk unta mêsthi ora lali ngerang-erang, ngina mêmada. Saya suwe saya ora bêtah atine si unta, mula mikir-mikir bisane malês ukum marang si jaran.

Têtuwane unta banjur nglumpukake mitra-mitrane sawatara, diajak rêmbugan bab arêp ambeda si jaran. Calathune marang mitra-mitrane:

Ki sanak kabèh, saiki ayo padha malês ukum marang si jaran. Akale mangkene: wiwit saiki gêgêrmu padha pathungkrungna, karêbèn angèl yèn ditunggangi. Sanajan dipala aja pisan-pisan gêgêrmu mari mathungkrung. Warta iki, sêbarna ing saparan-paran, tuwa, anom, sanajan mêntas lair pisan, padha konên mathungkrung!

Ora lêt suwe pawarta mau wis sumêbar ing êndi-êndi.

Ing sawijine esuk, wong-wong padha kagèt, wêruh unta pating pêthungkrung. Dikapak-kapakake [Dikapak-...]

--- 180 ---

[...kapakake] mêksa ora gêlêm marèni. Mêsthi bae tunggangane banjur ora kapenak.

Abdul Azani, sawijine sudagar kang nuju lêlungan adoh, mèh sadina muput kêpêksa nunggang gigir unta kang mêthungkrung. Mêsthi bae sayah lan ora kapenak bangêt.

Barêng dhèwèke wêruh jaran, sakala tuwuh pikirane: "wah, mendah kapenake tunggangane gêgêre di jaran kang rata iku!"

Wiwit ing nalika iku, jaran uga dadi kewan tunggangan lan uripe padha rêkasane karo si unta.

Si unta saking abote ênggone malês ukum marang si jaran, ditêmah mêthungkrung salawase.

Morrodmoddod, Mojo 5a.

SING WÊLAS MARANG SAPADHA-PADHANE

I. Anak:: "Bapak, kula nyuwun arta | ing jawi wontên kere | kere lumpuh tuwin wuta | sambat ngêlak lan luwe."

II. Bapak: "Anggèr, iki wènèhana | sêga, iwak lan banyu | lan kerene kandhanana | kon mrene sabên Minggu."

III. Anak: "Niki sêkul tuwin ulam | dhawuhe bapak wau | manawi sampeyan sagêd | kèn mriki sabên Minggu."

IV. Kere: "Matur nuwun kaparingan | sêkul toya tuwin ulam | mugi-mugi Gusti Allah | paring bêrkah kang murah."

Panji Wulung, Pakualaman

MANGSULI LAYANG

Oei Pio Chan + Siti Rochani, Tanjung. Pitakonmu warna papat bab ngèlmu, aku ora bisa ngrampungi, marga kowe sakloron durung wayahe maca buku bab ngèlmu. Sing padha maca buku kaya ngono kuwi, lumrahe rak sing wis sêpuh-sêpuh. Pêrkara kadigdayan, dawa umur lan awèt ênom kuwik walak-walak kawarasane dhewe-dhewe.

Rèddy lan Poppy, Surabaya. Aku wis tampa kirimanmu prentbriefkaart, bangêt panrimaku.

Rachmanu L.L. Neutrale H.I.S. Klampok. Karanganmu bab Passar-Malêm ing Purwokêrto wis dak tampa, nanging ora bisa kêpacak, ya aja dadi atimu bae.

S. Har. Solo. Mula wis lawas Sri Muliyati ora ngirimi layang nyang Bu Mar, mbokmanawa iya lagi ora kobêr. Apa kowe ora ngirimi layang nyang dhèwèke? Oom Sum iya isih ana ing Singapur, kala-kala ngirimi kabar marang Bu Mar.

Froggie, Purwokêrto. Pancèn ana ing salah sawijining panggonan iku yèn isih anyar, rasane ora bêtah, apa manèh kowe, sing wis lawas ana ing Purbolinggo. Nanging mbesuk suwe-suwe iya malah sênêng ana ing Purwokêrto yèn kowe wis olèh kanca manèh. Wah Purwokêrto, saiki mundhak rame bangêt. Nalika Bu Mar isih sêkolah ing kono, durung kaya saiki. Ing Kranji durung akèh omah gêdhong.

Owkay, Surakarta. Bangêt sênêngku, kowe milu anêpungake karo Bu Mar lan uga arêp milu urun-urun karangan kanggo ngisèni Taman Bocah. Kêponakane Bu Mar bangsa Tiong Hwa iya pacèn akèh, Bu Mar malah sênêng, dene padha anggatèkake marang isining Taman Bocah.

Sri Widodo, Wonogiri. Layangmu ngajak pitêpungan wis dak tampan[7] kanthi sênêng, sukur dene kowe arêp milu urun-run ngisèni Taman Bocah. Ananging aja dadi atimu, karangan lêlucon sing wis kokirimake ora bisa kapacak.

Darmoko, Kanaiban, Sumbêrlawang, Surakarta. Aku wis tampa layangmu njaluk nêpungake kanthi sênênging ati. Dene kowe arêp milu lêlumban ing madyane Taman Bocah, iya bêcik bangêt.

W. Bateak, Blora. Aja pisan dadi atimu, ya, karanganmu ora bisa kapacak.

Wiyasa, Salatiga. Karanganmu wis dak tampa, nanging ora bisa kapacak, iya aja dadi atimu bae, ya.

Sy. Mulyono, Bangunsari, Ponorogo. Gambarane adhimu Sumantri wis dak tampa, nanging ora bisa kapacak, marga kurang cêtha, kurang apik lan kurang mèmpêr.

Nursasi lan Kènsasi, Kudus. Karanganmu pancène iya bênêr, nanging kurang apik, mula ora bisa kapacak.

Pasirah, Rêmbang. Aku wis tampa karanganmu, kêtrima bangêt. Nanging aja dadi atimu karanganmu ora bisa kapacak.

Katiyah, Solo. Karanganmu wis dak tampa, ora liya bangêt panrimaku.

Suparyah, Karanganom, Klathèn. Wis lawas anggonku nampa layangmu, nanging lagi saiki bisa mangsuli. Rèhning karanganmu iku wis akèh bangêt kang wêruh, mulane banjur ora dak pacak.

South, Kroya. Wis mêsthi bae Bu Mar ora bakal lali marang kowe, awit kêponakan saka Kroya ora akèh, mangka sing jênênge kaya kowe kuwi ia mung siji. Dadi sêkolahmu ana ing Cilacap, ana ing Kroya mung yèn pinuju libur bae.

Panji Wulung, Pakualaman. Sabên Minggu sore, yèn pinuju kobêr lan ora gludhug aku uga mêrlokake nyêtèl Mavro.

Sukur dene kowe anggatèkake bangêt marang isining Taman Bocah lan uga sok dijupuki diwêtokake ing microfoon. Rêmbugmu bab cangkriman nganggo prijs, isih kudu dirêmbug dhisik.

Layang liya-liyane bakal dak wangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


IV. (kembali)
Bernhard. (kembali)
wau. (kembali)
sadurunge. (kembali)
Dilanjutkan pada hlm 178 setelah tanda garis. (kembali)
kurang. (kembali)
tampa. (kembali)