Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 33, Stu, Pn, 22 Sapar, Jimawal 1869, 23 April 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Tamu Agung ing Karaton Surakarta - Konprènsi Ansuru Nahdatul Ulama saindênging tanah ngriki ingkang kaping III ing Kudus - Bab Badhaya Srimpi - Pajagèn Bêbaya ing Gêgana - Konggrès Perdi - Wilujêngan ing Patênggêran - Bab Suryawirawan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Kirang langkunging panganggêp

Pinanggihipun ing jaman sapunika, tumraping para ngudi babagan ngèlmi kabatosan sampun sarwa botên kêkirangan pitêdah, manawi mirid saking kawontênaning buku-buku, kenging dipun wastani sampun ngêmbrah, andharanipun sami sae-sae, kaladuking panyuraos, amastani manawi sampun ngêblak sangêt. Manawi mirid tataning paginêman, ing sapunika kenging dipun wastani sampun nracak, botên namung para sêpuh kemawon, sanadyan para anèm, sampun sami limpad angginêm babagan ngèlmi kabatosan, kêladuking ginêm lucon amastani kados numpak oto bikak tendha, katingal: ngegla. Cêkakipun bonggan sira manawi ing jaman sapunika tiyang botên purun ngudi babagan makatên.

Nanging tumraping golongan kolot wontên ingkang taksih ngugêmi, mênggahing babagan kabatosan, punika botên sagêd dipun êblak ngantos cêtha, awit saupami nyata kenging dipun êblak, tuwin sagêd lajêng kacakup, tênèh lajêng kathah wali pating bêgogok.

Manawi ngèngêti kêkajêngan warni kalih punika, wontênipun ing batos lajêng pabên piyambak, pundi ingkang lêrês, pundi ingkang lêpat, awit ngeglaning andharan, tuwin pêtênging pitêdah, punika manawi dipun gagapi saking raos kêbatosan, sami angèl sadaya. Upaminipun, tumrap cêthaning ginêm: tiyang badhe sampurna ngèlminipun, punika kêdah nyumêrêpi badanipun piyambak, lampahipun makatên, kanthi wêwaton cêtha, ingkang cocog kalihan kawruh. Satunggalipun amastani ugi makatên, nanging wêwatonipun namung: cêkake lakonana.

Wêwaton kalih warni wau pancèn sami lêrêsipun, satunggal mawi pathokan kanyatan, wiwit tumindak tansah rambatan kanyatan. Satunggalipun lambaran kanyatan sumendhe dhatêng êmbuh. Tuwin sarèhning sadaya wau nyatanipun sawêg tumindak, dados lampahipun wau nama sami amurugi prahtèkên agêng.

Inggih ing ngriku punika cêngkahing pangudi babagan kabatosan ingkang dhêdhasar kapintêran tuwin dhêdhasar kabodhoan. Nanging manawi ngèngêti kajênging prahtèkên, ing ngriku katingal, bilih botên wontên bodho tuwin botên wontên pintêr ingatasing babagan kabatosan, namung gumantung kawicaksananing batos.

Cêkruktruna.

--- 494 ---

Tamu Agung ing Karaton Surakarta

Tumrap karaton Surakarta, punika kêrêp katamuan para agêng saking mănca praja, mila botên anèh bilih kawontênanipun praja Surakarta ugi misuwur ing pundi-pundi.

[Grafik]

Paduka Tuwan Lord Gowrie (Gupêrur Jendral ing Ostraliyah), Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, saha Paduka Tuwan Orie (Gupêrnur ing Surakarta) jumênêng wontên ing palênggahan dalêm bale bukasri, ing karaton.

Sampun dangu wontên wartos bilih Paduka Lord Gowrie Gupêrnur Jendral ing Ostraliyah badhe rawuh ing tanah ngriki saha badhe mampir mara tamu dhatêng karaton Surakarta.

Miturut tatacara karaton ing Surakarta, samăngsa wontên tamu agung mawi ngawontênakên pranatan ing bab lampah-lampah punapadene pahargyan sapanunggilanipun.

Kalampahan kala tanggal 4 wulan April punika Paduka Lord Gowrie rawuh ing Surakarta saking Surabaya. Ing kala punika lampah-lampahipun, ingkang mêthuk dhatêng Sêtatsiyun Balapan, tuwan gupêrnur sakalihan B.K.P. Hangabèi, pêpatih dalêm B.K.P.H. Kusumayuda, pangagêng militèr tuwin pangagêng Walandi sanès-sanèsipun.

Jam 9.36 sêpur saking Surabaya ingkang dipun titihi Paduka Lord Gowrie dumugi ing Sêtatsipun[1] Balapan. Tumêdhak saking sêpur dipun urmati musik lagu Wilhèlmês, têrus bidhal dhatêng karaton, nitih oto karaton, dipun garubyug wadya kapalan. Jam 9.45 dumugi karaton, Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Êmas, mapag rawuhing tamu.

--- 495 ---

Sasampuning satata lênggah pinahargya srimpèn. Ing ngriku Paduka Lord Gowrie dipun aturi jumênêngan apênthol êmas pinatik ing sêsotya, mawi ukir-ukiran P.B.X. Kajawi punika dipun aturi gambar dalêm pinalangkan salaka.

Jam sawêlas kirang saprapat, Paduka Lord Gowrie pamit badhe nglajêngakên têdhak ing Ngayogya, nitih oto karaton.

Konprènsi Ansaru Nahdatul 'Ulama' saindênging tanah ngriki ingkang kaping III ing Kudus.

Nama Ansaru Nahdatul 'Ulama' punika N.O. golongan neneman. Pakêmpalan wau mêntas ngawontênakên konpêrènsi wontên ing Kudus, kathah ingkang sami anjênêngi. Mèh sadaya pang-pangipun cacah 23 sami ngintunakên wêwakil, wontên ingkang saking Borneo punapa. Ing kala punika ugi mawi kawontênakên barising para padpindêr saking Surabaya, Pasuruan tuwin Malang, kintên-kintên wontên 100.

[Grafik]

Konprènsi nalika ngawontênakên parêpatan umum ingkang pungkasan.

Ing parêpatan ngriku kathah rêmbag wigatos ing bab babagan A.N.O. ingkang adamêl gambiraning para ingkang sami wontên ing ngriku. Makatên ugi tumraping golongan sanès ugi kathah ingkang migatosakên, katitik saking wontênipun telêgram-telêgram kintunan saking sanès panggenan, ingkang suraosipun suka wilujêng dhatêng parêtan[2] wau. Sêrat-sêrat wau kintunan saking Palembang, Padhang, Samarindhah, saking up bêstir Partai Arab Indonesia ing Bêtawi, up bêstir J.I.B. ing Sêmarang tuwin sanès-sanèsipun. Kajawi punika inggih kathah kintunan sêkar.

Konprènsi punika pinanggih adamêl marêm, punapa rêmbagipun pinanggih mêntês, para ingkang sami parêpatan katingal sami grêngsêng.

Miturut rêmbag, konprènsi ingkang kaping IV badhe wontên ing Pamêkasan, Madura.

--- 496 ---

Kagunan Jawi

Bab Badhaya Srimpi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 30

Kula ngraos eman sangêt, dene botên wontên pèngêtanipun satunggal-satunggaling para êmpu ingkang kacathêt asmanipun, awit miturut mêgaring kawontênan ingkang samantên kathahipun punika mokal sangêt manawi namung dipun sarirani êmpu satunggal kalih kemawon. Sanadyan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Buminata punika êmpuning karawitan ingkang agêng, ananging bab punapa ingkang cêtha mêdal saking pamanggih dalêm, punika botên têrang, awit botên dipun pèngêti, makatên ugi êmpu sanèsipun, inggih tanpa pèngêtan, dados kamêgaran wau lajêng botên kenging kangge ngluhurakên asmanipun ingkang kagungan pamanggih, awit sintên botên kantênan. Kados ta ingkang mulang jogèd dhatêng Gusti Kangjêng Ratu Kancana (Bok Lara Bêruk) punika sintên, botên wontên pèngêtanipun, manawi kasagêdan ingkang kados makatên wau tanpa guru rak inggih mokal. Sanadyan gurunipun wau botên sampurna panjogèdipun, nanging rak inggih nama tiyang linangkung, awit sagêd ngrakit tataning solah ingkang kathah sêsambêtanipun, ngantos katindakakên sak jam dangunipun. Dene saening jogèdipun kawon kalihan ingkang dipun wulang punika, dene nalar ingkang anèh, awit saening jogèd wau botên namung saking mêmêting wulangan, ananging wontên bab ingkang dede prakawis wulangan, inggih punika, 1. Saening pasariran, 2. Saening pasuryan (rai), 3. Kajatmikan wingiting polatan ingkang sajak ngandhut wêweka, 4. Cak-cakan tandhuking raos nglêbêt dados saening jogèd punika kajawi mêmêting wulangan, ugi gandhèng kalihan dhêdhasaran kodrating tiyangipun, mila sanadyan jogèdipun sampun nama mêmêt kaprigêlan lan wêwilêtan lêlêmêsaning solah gathukipun kalihan wiramaning gêndhing, nanging manawi pawakanipun awon, jogèdipun inggih awon. Sanadyan jogèdipun sarwa lêrês, tur pawakanipun sae, nanging manawi rainipun kêpu, bêngêp, perot, domblèh, manyul, mlolo, pèsèk, mrongos, kincêr utawi cacad sanèsipun, jogèdipun inggih awon. Sanadyan pawakan, pasuryan lan solahing panjogèd sampun lêrês sadaya, nanging manawi polatanipun kopong utawi bêsêngut, punapadene jlalatan, trêkadhang lambenipun prengas-prèngès, klomat-klamêt, klecam-klècêm, punika jogèdipun inggih awon, sanadyan sakawan bab wau (solah-bawa, pawakan, praean, polatan) sampun sarwa lêrês lan manggèn (lêbda), ananging manawi cak-cakaning raos ing nglêbêt kêkêncêngên, utawi kêkêndhon, punapadene grag-grêg sajak ing nglêbêt botên isi raosing jogèd lan gêndhing, punika dipun sawang inggih botên sae, saya malih manawi ing nglabêt[3] isi pamèr utawi mêmpêng, punika lajêng dados jogèd wadhag, groboh,

--- 497 ---

ingkang botên damêl sêngsêmipun para ningali, malah lajêng sok ewa, sabab ingkang anjogèd wau raosipun botên murni, inggih punika kêrêgêdan kamêmpêngan utawi gêmbèlènganing raos niyat mamèrakên kabrêgasaning panjogèdipun. Malah sampun kêlimrah dados têmbungipun para ahli karawitan, manawi wontên tiyang nabuh utawi anjogèd, punapadene rêngêng-rêngêng ingkang cak-cakaning raos nglêbêt botên sae, punika anggènipun mastani makatên: la ya pintêra baut kae, ning wong rasane langu. Awit saking jogèd punika prêlunipun adamêl endahing sêsawangan, ingkang dipun wadhahi laguning gêndhing, dados saening jogèd punika kêdah sagêd tumanduk dhatêng raos kalih warni, inggih punika raosing sêsawangan, kalihan raosing pamirêngan. Wondene raos kalih warni wau babarpisan botên kenging kapisah, têgêsipun sanadyan wontên tiyang anjogèd ingkang sae sangêt jogèdipun, dalah pawakan, praean, polatan, raos ing nglêbêt, punapadene panganggèn lan panggenanipun botên wontên ingkang nguciwani, lan umuripun ingkang anjogèd wau taksih nèm, wosipun ing sawangan botên wontên cacadipun, ananging manawi panjogèdipun botên mawi dipun gamêli, punika endah adiluhunging jogèd sirna amblêg sanalika, malah lajêng gadhah sipat tiyang ingkang kirang saras èngêtanipun. Makatên punika manawi panjogèdipun botên gandhèng kalihan bab sanès ingkang mêngku kaprêluwaning pangudi sapanunggilanipun, kados ta kangge ngajar, sawêg ajar, utawi kangge mangsuli supados èngêt sabab badhe dipun gêbyagakên, punika inggih botên gadhah sipat kados tiyang ingkang kirang saras èngêtanipun.

[Iklan]

Dumugi samantên katrangan kula bab karawitan ing Surakarta, sanès dintên badhe kula lajêngakên, sagaduking sêsêrêpan kula.

Kodrat, Batawi Sèntrêm.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4515 ing Gêdhangan, - B. Arta kêdah rumiyin.

Lêngganan nomêr 1325 ing Purwarêja. Kenging.

Lêngganan nomêr 1718 ing Surakarta. Lêngganan kapetang wiwit ½' 38 botên angsal bêbingah.

Lêngganan nomêr 3707 ing Klathèn. Panjênêngan botên angsal bêbingah, jalaran wulanan.

Lêngganan nomêr 5087 ing Sapuran. Lêngganan kapetang wiwit ½' 38 botên angsal bêbingah.

--- 498 ---

Pajagèn Bêbaya ing Gêgana

Sambêtipun Kajawèn nomêr 31/32

Gas-gas golongan kaping 3

Gas-gas ingkang adaya wisa, inggih punika koolmonoxyde lan blauwzuur.

Kapisan. Koolmonoxyde, punika sagêd kadadosan manawi wontên dilah nglangês, manawi barang dipun bêsmi dipun tutupi, wusana hawa zuurstof botên sagêd lumêbêt cêkap, kadosdene tiyang damêl arêng, utawi malih manawi campuran bènsin lan hawa kangge mlampahakên motor, kêkathahên bênsinipun.

Koolmonoxyde punika langkung ènthèng katimbang hawa, pramila awis nêja dipun damêl kangge dêdamêl pêrang. Nanging gas punika kadadosan ugi manawi wontên bom-bom utawi mimis mriyêm anjêblug. Manawi wontên satunggaling panggenan dipun jawahi bom utawi mimis, gas wau sagêd ngantos kandêl wontên ing hawa, punapa malih ing panggenan ingkang katutup, kados ta wontên ing salêbêting gêdhong.

Tiyang ingkang kalimput ing gas Koolmonoxyde badan kraos lêsah, lêmês tanpa daya, ngantos tiyang wau botên sagêd kesah mêdal saking limputan gas wau. Asring-asring sasmitaning bêbaya wau: sirah ngêlu, pamirêngan gumrêbêg, botên têrang ing paningal, lan padharan sakit. Rai pucêt (asring-asring abrit) lambe biru (awis sangêt ingkang lambenipun têtêp limrah). Ambêgan rikat lan lêbêt, lajêng dados ngambang, pungkasan kèndêl.

Mênggah ingkang nyababakên makatên: tiyang ambêkan punika nglêbêtakên hawa zuurstof dumugi ing gombyokan kanthongan paru. Ing ngriku hawa zuurstof nrabas kulit kanthongan wau manjing ing bageyan rah abrit. Wangsulipun saking bageyan rah abrit oncat koolzuur ingkang dipun napasakên mêdal.

Koolmonoxyde wau gampil manjing dados satunggal kalihan abriting rah, ngantos zuurstof botên sagêd nyampur, wusana badan kêkirangan hawa zuurstof.

Kaping kalih Blauwzuur.

Sanajan awis dipun angge, awit langkung ènthèng katimbang hawa, kangge pêpak-pêpak prêlu dipun andharakên ing ngriki.

Blauwzuur punika anggănda kados amandhêl pait (bangsaning kênari) budin (pohung babi) ingkang katanêm ing ondêrnèmêng prêlu namung kapêndhêt pathinipun kemawon, wontên Blauwzuur ripun, mila manawi dipun têdha mêjahi.

Tiyang ingkang kenging wisa Blauwzuur anandhang: sirah ngêlu lan pating crêkot, sakit ing bageyan jantung, manah dados ajrih, gulu kados dipun têkêk, ambêkan nêsêg, mlêbêtipun napas angèl, mêdalipun alon, asring-asring kados ayan. Ambêkan ngambang, wusana kèndêl.

Tumimbalipun kawontênan ing nginggil wau sagêd rikat.

--- 499 ---

[Iklan]

Pêpèngêt

1. Koolmonoxyde kadadosan manawi wontên bom-bom lan mimis mriyêm anjêblug, tanpa warni lan tanpa gănda.

2. Sasmita: sirah ngêlu, pamirêngan gumrêbêg, paningal suda, padharan sakit, lêmês tanpa daya. Sasmita punika beda kalihan tanjanipun, phosgeen, chloorpicrine utawi arsinen.

Dayaning Blauwzuur mèmpêr chloorpicrine, namung botên damêl watuk lan sakit ing badan bageyan jantung, asring damêl kados ayan.

3. Pitulunganipun kapisan:

a. Tiyang ingkang kalimput ing gas, kabêkta dhatêng hawa ingkang rêsik.

b. Badan dipun kêmuli.

c. Manawi ambêkan sampun ngambang utawi ical, dipun tindakakên tatanan anggugah ambêkan (kunstmatige ademhaling).

d. Manawi wontên pirantos zuurstof, dipun sukani zuurstof.

e. Tumrap gas-gas kasêbut ing bageyan sapisan lan kaping kalih (chloorpicrine, phosgeen, arsinen) botên kenging dipun tindakakên tatanan anggugah ambêkan.

R. Pringga Diarja

Leider gas sectie G.G.D. Bat.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn nampèni buku-buku saking Triyudaya ing Ngayogya, awarni:

1. Lectuur Wigatosing Waosan Katoliek, aksara latin. Ukuran alit, isi 23 kaca. Dening A.J. Siswa Subrata. Suraos ing bab awon saening waosan. Rêgi f 0.17.

2. Pers lan Journalistiek Katoliek. Aksara latin, ukuran alit, isi 26 kaca. Kaimpun dening Rama Al. Soegijapranata S.J. Suraosing buku wau ngandharakên ing bab caraning tumindakipun ngarang ing sêrat kabar ingkang gêgayutan kalihan babagan Katolik. Rêgi f 0.17.

3. Gomma Galgani, aksara latin. Ukuran alit, isi 33 kaca. Dening "Sint Paulussectie'' Seminarie Djokja. Ngandharakên lêlabêtanipun Beata Gemma Galgani, ing bab kautamèning wanodya ingkang lèrèg dhatêng kasucian. Rêgi f 0.18.

4. Elmoe Bebrajan II, III tuwin IV. Aksara latin. Ukuran cêkapan, isi 16 kaca, 16 kaca tuwin 28 kaca. Dening Prof. Dr. J.J. van Rijckevorsel S.J. Kajawèkakên dening F. Oetaya. Suraosipun mratelakakên prakawis-prakawis ingkang prêlu-prêlu bab dumadosing nagari sapanunggilanipun. Rêgi f 0.15 f 0.15 tuwin f 0.17.

Buku-buku wau kawêdalakên dening Triyudaja ing Ngayogya. Bale Pustaka botên sade.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 500 ---

Konggrès Perdi

Kala taun 9-10 wulan April punika, Perdi (Persatuan Djurnalis Indonesia) sampun kalampahan ngawontênakên konggrès, manggèn wontên ing gêdhong Himpoenan Soedara ing Bandhung.

Adêging Perdi punika sampun kawan taun, adêgipun kenging dipun wastani tansah moglak-maglik, saha dèrèng sagêd nêtêpakên punapa ingkang dados ancasipun, makatên ugi ing bab anggèning ngawontênakên konggrès ingkang sampun, dèrèng kasumêrêpan ingakathah, kadosdene sawêg pados margi.

[Grafik]

Para jurnalis ingkang sami dhatêng ing konggrès

Wontêning konggrès ingkang mêntas kalampahan punika, sampun katingal tandang saha ancasipun. Mila inggih kathah ingkang sami migatosakên, dipun rawuhi para pangagêng nagari punapadene wêwakiling parentah, saya tumraping golongan jurnalis, mèh sadaya sami dhatêng, inggih punika saking Jawi Kilèn, Jawi Têngah tuwin Wetan, malah wontên ingkang saking tanah sabrang. Gunggungipun sadaya wontên 51, putrinipun 3.

Rêmbagipun ing konggrès ngriku muluk, sanadyan sarwa cêkak, nanging cêtha. Namung kapêndhêtan ingkang wos tuwin prêlu kemawon.

Rêmbag ingkang wigatos ing ngriku: ing bab babagan pèrês kalihan kabangsan, kawêdharakên dening Tuwan Sanusipane. Pèrês kalihan rakyat, dening Tuwan Bratanata. Pèrês kalihan parentah, dening Tuwan Samsudin. Tuwin pèrês saha basa, dening Radèn Mas S. Cakrasiswara.

Sawarnining rêmbag ingkang pinanggih ing konggrès, sarwa wigatos, dumugining wêkasan wilujêng.

Konggrès ingkang kaping V badhe manggèn ing Surabaya. Dene warga pangrèhipun ing sapunika pangarsa: Radèn Mas S. Cakrasiswara, ing Surakarta. Wakil pangarsa Tuwan Sanusipane ing Bêtawi. Warga sanèsipun, Tuwan-tuwan Winarna ing Surabaya, Samsudin Sêmarang, Bakri Sura Atmaja, Bandhung, Sumanang Bêtawi.

Kajawèn andhèrèk mêmuji, mugi adêging Perdi pinanggiha saya ngrêmbaka, kadumugèna punapa ingkang dados gêgayuhanipun.

[Iklan]

--- 501 ---

Wilujêngan ing Patênggêran

Sambêtipun Kajawèn nomêr 30

Sarêng sampun ngancik dipun tapukakên, lajêng sami kabêkta dhatêng sanggar (dede saggar namaning prabot dhusun) inggih punika papan ingkang wiyar sarta inggil. Inggih wontên ing ngriku punika anggènipun ngujubakên wilujêngan punika. Sarêng sampun wancinipun dipun tapukakên, para dhukun sami nglêmpak linggih jèjèr, kacêtha ing gambar, madhêp dhatêng rêdi Brama. Pangajênging dhukun ambêsmi sela (mênyan) sangajênging anggènipun andonga.

[Grafik]

Mangsuli bab wilujêngan wau, inggih punika sêsaji ingkang kaujubakên wontên ing ngriku punika: tumpêng robyong, pisang êmas, ulam ayam, sêkar sataman, lan toya suci kawadhahan ing bokor. Sabibaripun dipun dongani lajêng kakêpungakên ing têtiyang kathah.

Unan-unan, punika langkung samuwa katimbang kalihan barikan. Nanging anggènipun ngawontênakên namung sawindu sapisan. Anggènipun ngujubakên ugi wontên ing sanggar, sarta ugi kasanggi dening têtiyang sadaya dhusun. Para dhukun saking dhusun pundi-pundi sami nglêmpak wontên ing sanggar. Dongèng [Do...]

--- 502 ---

[...ngèng] mula bukanipun wontên wilujêngan: unan-unan, punika makatên:

Ing jaman rumiyin ing satunggiling dintên Aji Saka ngatingal wontên ing satunggiling dhusun ing tanah parêdèn Tênggêr. Anggènipun ngatingal punika wontên ing satêngahing dhusun, inggih punika wontên ing papan bawera saha inggil. Têtiyang dhusun ngriku sami mrêpêki, nanging Aji Saka ngendhani kesah dhatêng dhusun sanèsipun. Dhusun ingkang dipun dhatêngi wau têtiyangipun ugi sami kenging amrêpêki. Nanging Aji Saka angendhani, makatên salajêngipun, sang Aji Saka tansah ngendhani saking dhusun satunggalipun dhatêng dhusun sanèsipun, ngantos sadaya dhusun kawradinan dipun dhatêngi dening Sang Aji Saka. Dene anggènipun ngatingal Sang Aji Saka wontên ing satunggal-satunggaling dhusun punika têmtu wontên ing ara-ara ingkang inggil. Pramila dumugi sapriki ara-ara ingkang inggil punika kaanggêp suci dening têtiyang Tênggêr, sarta kawastanan: sanggar. Sadhengah padhusunan anggadhahi sanggar kados makatên wau.

[Iklan]

Sarêng Sang Aji Saka kabujêng mrika-mriki tansah angendhani, ing măngka têtiyang adrêng sangêt anggènipun badhe mrêpêki, amila Sang Aji Saka atilar piwêling, bilih badhe ngatingal malih sabên sawindu sapisan wontên ing sanggar. Têtiyang ing ngriku sami kapurih marak.

Makatên mênggah dêdongenganipun mula bukanipun wontên wilujêngan: unan-unan.

Supa.

--- 503 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab: Suryawirawan

VI.

Petruk : Wis, Kang Garèng, rungokna manèh, tak banjurne andharanaku ing bab pranatan-pranatane suryawirawan anggone arêp nuntun para mudha bisane ing besuk dadi wong utama. Dêdalane kang kaping 4e. yaiku: anênangi: watak kasatriyan, trêsna mênyang sapadhaning tumitah, lan rasa dhêmên nyang têtulung.

Garèng : Mêngkosik, Truk, aku tak takon dhisik, watak kasatriyan, lo kuwi karêpe rak watak ambêg utama, ta, dadi iya kaya watake bêndara Janaka kae, nanging ing kono apa iya kalêbu watak...thukmis, kang sabanjure tumrape kaum wanita banjur anduwèni lageyan: yèn ala: mêlas bangêt, yèn ayu: kêpengin.

Petruk : Lho, watake bêndara Janaka anggone main royal, kuwi aja koktămpa mêngkono, Kang Garèng. Kuwi rak mung kanggo anggambarake dayaning hawa napsu bae. Lan tumrape wong lanang hawa napsu kang prasaksat ora kêna dicêgah kuwi hawa nêpsu nyang wong wadon. Mulane pêngiming-iminge suwarga bae: lumêbune mrono kanthi dipêthuk widadari sakêthi kurang siji, kuwi rak wis sawijining bukti yèn godhaning priya kang nomêr wahid kuwi iya wanita. Lan sing sapa bisa nyêgah hawa napsune sing mrono parane mau, iya mêsthi... jêmpol cêkakane. Buktine lêlakone brêgawan ciptaning kae bae, nalikane digodha dening para widadari sing mêsthine iya padha: ambraling lan mlèsdrèng-mlèsdrèng bangêt kae, barêng poconge ora anjontit saupit-upita, iya banjur kêturutan bae apa kang sinêdyakake. Dene tumrape jaman saiki, yèn ana wong royal kaya bêndara Janaka kuwi mau, wajibe kudu... nyang rumah sakit, Kang Garèng, awit mêsthine kêpondhokan... pênyakit. Ora, Kang Garèng, mungguh sanyatane sing diarani: watak kasatriyan, utawa ambêg utama, kuwi cêkak aos karêpe: anyingkiri kabèh tindak kang anjog mênyang kanisthan.

Garèng : Dadi anjêjaluk gêdhene nyang ngêmis, kuwi dudu wataking satriya, ta.

Petruk : We hla, iya mêsthi bae dudu, Kang Garèng, awit iki panggawe kang nistha, malah tumrape wong Islam, ngêmis kuwi dianggêp dosa.

Garèng : Hla nèk mêngkono cara-caraku kuwi iya wis bênêr bangêt ane. Ya kuwi: yèn ana

--- 504 ---

wong ngêmis kêthumuk-kêthumuk lumêbu ing omahku, aku banjur kontan: ora wewah ora wèwèh. Sabab, le ngêmis bae kuwi wis dosa, yèn aku banjur wèwèh nyang wong ngêmis mau, iki têgêse rak banjur angajokake anane wong ngêmis. Apa iki ora dhobêl dosa arane.

[Grafik]

Petruk : Kuwi jênêngane kowe mung arêp golèk enake dhewe bae, Kang Garèng. Nèk tatanane ing kene iki manut parentahe sêsêmbahane kanthi têmên-têmên, omongmu sing kaya mangkono mau bokmanawa iya ana bênêre, awit têmtune banjur ora ana wong ngêmis, jalaran para pêkir miskin padha kopèn kabèh. Nèk wong-wong bangsane kowe aku iki padha nêtêpi kuwajibane kanthi têmên-têmên, mêsthi ora tau lali anggone jakat pitrah lan sapadhane, kang olèh-olèhane dipigunakake kanggo para pêkir miskin. Mara, nèk wong kabèh wis gêlêm tindak mêngkono, para pêkir miskin rak banjur kopèn pangan lan sandhange, ta. Lha nèk wis mêngkono mêksa isih ngêmis, iya pantês yèn banjur digêrtak: ora wewah, ora wèwèh. Balik saikine, wong umume mung pitrah thok bae, tur mung sataun sapisan, yèn jakat sing akèh-akèh padha kalalèn, kang anjalari para pêkir miskin banjur ora kopèn, yèn ing wusanane banjur ana sing padha ngêmis, lo kuwi aja banjur ditêtêpake dosa bae, nanging kowe aku sing langganan lali jakat, pancène rak iya mèlu dosa, awit sabênêre rak sing marakake dadi jalaran anane wong ngêmis mau.

Garèng : Wis, yah, kok banjur rupa-rupa mêngkono. Saiki ambanjurake rêmbuge ing ngarêp manèh. Anênangi watak trêsna marang sapadhaning tumitah, wah, iki sêmune karêpe kok jêmbar bangêt, Truk. Mêstine wong kang duwe watak trêsna marang sapadhaning tumitah, iya ora kêna, ta, yèn banjur ngumbar suwara mangkene upamane: wèh wong iya Lănda, mulane pêthènthang-pêthènthèng sajak arêp ngidak bae.

Petruk : Hla omongan sing kaya mono kuwi, tumrape wong kang duwe watak trêsna nyang sapadhaning tumitah, wis ora kalêbu ing buku babarpisan, awit ing kono kayadene anduwèni karêp: nêdya ngala-ala marang sapadhaning tumitah. Mungguh sanyatane, wong kang trêsna marang sapadhaning tumitah, kuwi mungguhing aku, iya wong kang trêsna, wêdi, angaji-aji marang ingkang Kuwasa. [Kuwa...]

--- [505] ---

[...sa.] Wong kang mangkene iki, têmtune arêp ngala-ala, nyeda, nacad, lan sapadhane, marang sapadhaning tumitah, têmtune iya tansah wêdi yèn nămpa dêduka saka ingkang nitahake mau. Ing sarèhne sing diudi kuwi supaya ditrêsnani dening ingkang Kuwasa, atine iya kudu dipêksa kudu trêsna marang apa bae kang dititahake dening ingkang Kuwasa.

Garèng : Iya wis, Truk, ngrêti aku saikine. Saiki anênangi: rasa dhêmên nyang têtulung. Iki ora prêlu kok andharake dawa-dawa, Truk, aku wis ngrêti cêkake. Yaiku mangkene upamane: Nèk ana ing dalan kowe wêruh wong kasangsaran, êmbuh kêtunjang grobag, êmbuh kalindhês motor, aja kok mung nyawang bae, nanging sabisa-bisa kudu tumandang mèlu têtulung. Nèk ana wong kamlaratan utawa kacingrangan, sabisa-bisa kudu ambantu, sarana tênaga apa dhuwit, utawa liya-liane, supaya bisa angènthèngake kêmlaratan lan kacingrangane mau. Mêngkono sapiturute. Cêkake dadi wong urip kuwi, aja mung mikir awake dhewe bae, nanging kudu eling marang sapadha-padha. Mulane miturut agamane, wong gawe bêbungah sapadha-padha kuwi gêdhe bangêt ganjarane. Aja kaya bakyumu, wong aku gawe bêbungah uwong, jêbul malah dikrawus sasayahe kae. Yaiku nalikane aku awèh bêbungah limang perak nyang... mas ajêng mawar kae.

Petruk : Saupama mas ajêng mawar kuwi wujude kaya ciplukan, apa kira-kira iya mêtu perakmu, Kang Garèng, wong têtulung kuwi aja disaranani kêmelikan, awit iki ora ana gunane babarpisan. Mara, iki rak padha bae kaya wong andêrmani dhuwit kanggo andandani mêsjid upamane, nanging disaranani tuku lot-lotre kanthi duwe pangarêp-arêp bisa olèh suwêng rêga f 150.-, lo iki dêrmane mau ora sah, Kang Garèng. Jajal saupama ora ana melike olèh suwêng mau, bokmanawa darma sêkêthip bae, iya: eman-eman, sèh. Mungguhing uwong awèh pitulungan nyang liyan, kuwi kudu sing eklas, gêgêse:[4] kudu sing sukci, aja menga-mengo ngiwa, nêngên, ngarêp, mêmburi, mêngisor utawa mêndhuwur, karêpe: aja anduwèni kêpengin di: wadhuh brêgase, wadhuh sugihe, wadhuh lomane, lan sapiturute. Mêngkono uga aja anduwèni melik, yèn mêntas têtulung wong banjur anduwèni pangarêp-arêp: nèk ing besuk bisa mulya, aku mêsthi disauri saêmbolan, lan sapadhane. Iki ora kêna pisan-pisan. Nanging uwong awèh pitulungan nyang liyan, kuwi kudu kayadene ambuwang uyuh utawa kotorane dhewe. Mara, andak iya kêpengin baline, rak iya ora, ta.

Wara-wara

Ngaturi uninga, buku olah-olah wêdalan Bale Pustaka, ingkang dipun impun dening R.A. Suwarsi, cap-capan kapisan, ing sapunika sampun têlas, saha sampun kaêcap malih ingkang kaping kalih, mawi kawêwahan: uba rampening wilujêngan tumrap tiyang wawrat wiwit sawulan dumugi sangang wulan, wilujêngan mêndêking tuwin manakip. Rêginipun têtêp f.50.

Tumuntên kaparênga sami mundhut, sampun ngantos mawi ngêntosi cap-capan ingkang kaping tiga.

--- 506 ---

Kabar Warni-warni

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

Tanah ngriki

Tatanan enggal tumrap Mulo. Ingkang kasêbut ing rancangan, tatananing wulangan ing Mulo kaperang dados tigang golongan, inggah[5] punika: 1. Dhiploma A, punika tumrap pangajaran ingkang satamatipun saking ngriku lajêng kangge nyambutdamêl. Ing ngriku botên kawontênakên wulangan basa Jêrman tuwin ing taunipun katiga botên kawulang ngèlmu alam, ing klas tiga kawulang steno Inggris, ngêtik, katêtêpakên sinau basa Mlayu. Tumrap lare èstri kawulang padamêlan tangan. 2. Dipun wastani dhiploma B. punika kangge nglajêngakên dhatêng A.M.S. babagan wiskundê tuwin ingkang kasamèkakên. Kawajibakên sinau basa Inggris tuwin Jêrman, tumrap basa Mlayu tuwin padamêlan tangan manasuka. 3. Dhiploma C, punika kangge nglajêngakên dhatêng kweekschool sapanunggilanipun. Ing ngriku nyuda wulangan wiskunde tuwin ngèlmu alam, basa Jêrman tuwin Inggris dipun wajibakên.

Para pangajaran inggil ing Surakarta. Dumuginipun ing sapunika kawontênanipun para pangajran inggil ing Surakarta tumrap babagan pangadilan wontên 14, dhoktêr 18, insinyur 8, dhoktor 1. Sadaya wau sami tiyang siti. Cacah samantên wau mèh cêpêng damêl wontên ing karajan Jawi sadaya.

Pabrik sêmèn ing Jawi-Wetan. Wontên wartos, ing Jawi-Wetan badhe dipun dêgi pabrik sêmèn. Tumrap ing tanah ngriki kawontênanipun pabrik sêmèn sawêg ing Padhang.

Ganjaran minangka pangeman. Ing ngajêng sampun nate kawartosakên, ing bawah Ngayogya wontên tiyang manggih barang mas rêrêgèn f 1400.-. Awit saking rêrigênipun ingkang wajib, arta ingkang minangka ganjaran samantên wau botên katampèkakên warni arta, amargi kasamarakên manawi lajêng botên kantênan tanjanipun. Ing salajêngipun ganjaran wau badhe kawujudakên awarni sabin, supados awèt kangge sangu gêsang.

Para punggawa pabeyan dipun awisi gêgayutan kalihan Rupelin. Gêgayutan kalihan tindak salingkuh ing Surabaya, tuwin gêgayutan kalihan kawontênanipun Tuwan Nadjamoedin, ingkang rumiyin amtênar baeyan tuwin pangajêng Rukun Pêlajaran Indhonesia, ing sapunika ingkang wajib angawisi sawarnining punggawa pabeyan malêbêt dados warganing Rupelin, utawi sêsambêtan kalihan babagan punika, kajawi manawi gêgayutan kalihan padamêlan nagari.

Morfine ingkang dipun angge ing Bêtawi. Miturut papriksanipun Dr, Kwa, ing sabên dintênipun tiyang ingkang ngangge morfine ing Bêtawi wontên rêrêgèn f 900.-. Malah miturut papriksanipun ahli sanès, sagêd naksir bilih ing dalêm sadintên wontên rêrêgèn f 2000.-.

[Grafik]

Gapurendra. Gapura ing Gading (Gapurendra) ing Surakarta ingkang taksih kagarap dipun tingali saking kidul. Minangka tandha pangèngêt-èngêt tumbuk dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana yuswa 64 taun.

[Iklan]

Mèngêti adêging V.I.P.I.W. sampun 25 taun. Benjing tanggal 7-8 Mèi ngajêng punika, Vereeniging van het Inl. Personeel bij de Irrigatie, Waterstaat en Waterschappen (V.I.P.I.W) ingkang dipun pangarsani dening R.P. Soeroso, warga Raad Kawula, badhe ngawontênakên pèngêtan adêgipun sampun 25 taun, manggèn wontên ing Soos Mangkunagaran Surakarta. Pakêmpalan punika cacahing pangipun wontên 100 panggenan, warganipun sadaya wontên 2600.

Wêwakil Nirom malêbêt karaton. Sampun sawatawis dintên wêwakil Nirom Tuwan Th. Van den Berg tuwin J. Kusters dipun iring ing wêwakil Nirom ing Surakarta Tuwan J. Christiaansen, sowan malêbêt karaton Surakarta. Wigatosing pêrlu ngunjukakên bintang dhumatêng Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana, minangka tandha pangèngêt-èngêt ing bab kintunan gêndhing saking karaton ing radhio sadonya.

Tentoonsetelling Mardiguna. Nyarêngi wontênipun sêkatèn ing Surakarta tanggal 12 Mèi ngajêng punika, pakêmpalan Mardiguna badhe mitongtonakên kagunan warni-warni. Lêbêting têtiyang ningali dhatêng Tentoonsetelling Mardiguna wau mawi kapupu ing bea, tumrap tiyang siti 2 sèn, bangsa ngamanca 4 sèn.

Boschwezen badhe mêwahi punggawa wêdalan pamulangan têngahan. Ing wêkdal punika Boschwezen amêwahi punggawa wêdalan pamulangan têngahan, badhe nampèni punggawa 40 dumugi 50 sami pangajaran saking tanah ngriki, inggih punika saking Middelbare Landbouwschool ing Bogor tuwin saking Cutuurschool ing Malang.

--- 507 ---

Niti tindak salingkuh ing pabeyan Tanjung Priuk. Ing bab wontêning tindak salingkuh ing Tanjung Priuk sarêng katiti saya pinanggih kathah. Saha tuwuhing katrangan wau wontên ingkang saking golongan among dagang piyambak.

Rancangan badhe ewahipun adêging pabrik candu. Ing ngajêng wontên rancangan badhe misahakên pabrik candu gêgayutanipun kalihan Departement Arta Praja, nanging ing sapunika wontên wartos ing bab badhe adêging pabrik wau piyambak dèrèng wontên wêwatonipun ingkang mapan.

Ingsêr-ingsêran saha inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, M. Soebani, wêdana ing Tumpang kabupatèn tuwin paresidhenan ing Malang, dados wêdana ing Arjuwinangun, kabupatèn Ponorogo, paresidhenan Madiun. Amat Doerjat, tijd, wd. Wêdana ing Jêbêng, kabupatèn Ponorogo, paresidhenan Madiun, dados wêdana ing Tumpang, kabupatèn saha paresidhenan ing Malang. Samadikoen, asistèn wêdana paresidhenan Madiun, dados wêdana ing Jêbêng, kabupatèn Ponorogo, paresidhenan Madiun. R. Rachmad, matri pulisi klas 1 paresidhenan Malang, dados asistèn wêdana klas 2 parsidhenan Madiun. Djaka Oetjik, asistèn wêdana paresidhenan Madiun, dados asistèn wêdana paresidhenan Surabaya. R. Amad Sadêli mantri pulisi paresidhenan Kêdhiri, dados mantri pulisi paresidhenan Surabaya. M. Soetopo Partohadiprodjo, Aib, nindakakên padamêlan mantri pulisi ing paresidhenan Madiun, dados asistèn wêdana paresidhenan Madiun. R.M. Diarso Soegondo, tijd. wd. Aib. Ing paresidhenan Kêdhiri, dados Aib. Nindakakên padamêlan mantri pulisi parsidhenan Kêdhiri.

Têtiyang boyongan bangsa Jawi. Miturut katrangan, kawontênanipun têtiyang boyongan saking tanah Jawi dhatêng tanah Sabrang pinanggih langkung kathah. Ing salêbêtipun wulan April punika têtiyang ingkang boyongan dhatêng Palembang wontên 1000. Ing wulan Juni bandhe wontên malih 500 dhatêng sacêlakipun Palembang. Ing wulan Juli badhe ambidhalakên têtiyang 1700 dhatêng Sèlèbês, ingkang 1000 dhatêng Malili tuwin Masamba ing papan enggal tuwin 700 dhatêng Bungi tuwin Malili.

Mèngêti adêging Nias saha Stovit. Benjing tanggal 20 Mèi 1938 ngajêng punika, adêging Nias sampun 25 taun, makatên ugi adêging Stovit sampun 10 taun. Punika sami badhe dipun pèngêti wontên ing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr ngajêng punika.

Tatanan ing kalaning murid² sami ngaso. Jalaran mêntas wontên kasangsaran murid ingkang ngêrês-êrêsi, awit saking kaparêngipun ingkang wajib ing Jawi-Kilèn, ngawontênakên tatanan, ing kalaning wanci ngaso, para murid botên kenging mêdal saking pamulangan, kajawi manawi angsal palilahing guru.

Handelsvereeniging tiyang siti. Ing Sêmarang wontên Handelsvereeniging tiyang siti nama "Nangkoda''. Ancasing pakêmpalan punika kajawi ngawontênakên tindak ingkang murih majênging padaganganipun tiyang siti, ugi nêdya tumindak gêgayutan among dagang kalihan sajawining praja tuwin ngawontênakên padagangan piyambak. Pakêmpalan punika ngawontênakên aandeel f 10.000.- kapêcah-pêcah rêgi f 5, f 10, f 25, f 50, f 75 tuwin f 100. Para warganipun pangrèh sami pêpilihan ingkang mumpuni dhatêng babagan punika.

Tamu Agung saking Siam. Ing wulan punika tanggal sêpuh, badhe wontên tamu saking Siam, panjênênganipun pramèswari waranda ingkang eyang Nata Siam ingkang jumênêng ing sapunika. Rawuhipun ing tanah Jawi anjujug ing dalêmipun Sang Pangeran Paribatra ing Bandhung. Benjing tamu agung wau badhe pêpara dhatêng tanah Jawi tuwin Bali, ugi badhe maratamu dhatêng Karaton Surakarta tuwin Ngayogyakarta.

Sêrat sêpêt. Pinanggihipun ing sapunika sêrat sêpêt wêdalan tanah ngriki saya sae, sagêd dados padagangan ingkang kakintunakên dhatêng sanès nagari. Ing ngajêng barang kados makatên punika ingkang kathah wêdalan saking tanah Indhu. Dununging padagangan kados makatên punika ing Jawi Têngah, ing dalêm sataun sagêd ngêdalakên asil ngantos sayuta rupiyah. Pangintuning barang wau wontên ingkang kadamêl warni dadhung. Wêdalipun badhe kaangakah saking palabuhan ing Cilacap. Ing bab padagangan punika angsal pambiyantu saking ingkang wajib.

Nagari Walandi

Mèngêti adêging Raad van State. Ing nagari Walandi mêntas ngawontênakên pèngêtan adêging Raad van State sampun 350 taun. Ing kala dhawahing dintên wau Sri Bagenda Maha Raja Putri kaparêng mêdharsabda parêng wilujêng dhatêng bêbadan wau.

[Iklan]

Tentoonstelling ing New York. Ing bab badhe wontênipun tentoonstelling ing New York, Parentah nagari Walandi badhe kintun barang-barang wêdalan nagari Walandi tuwin tanah Indiya. Nanging têtêpipun rancangan wau ngêntosi karampungan saking Staten Generaal. Waragadipun badhe wontên 1½ yuta rupiyah.

Commissie Tentoonstelling ing New York. Awit saking kaparênging Parentah, ingkang kapatah dados commissie nata barang-barang ing Tentoonstelling ing New York, R.M.A.A. Soejono, ing Departement babagan Jajahan, Mr. Jongejan saking Ondernemersraad tuwin R.M. Margono Djodjohadikoesoemo saking Departement Jajahan.

Eropa

Prins Otto von Habsburg badhe dipun cêpêng. Wontên wartos. Prins Otto von Habsburg badhe dipun cêpêng, amargi kalêpatan nindakakên panggosok dhatêng ngakathah supados ambiyantu dhatêng Oostenrijk ingkang ing sapunika kêrêgêm Jêrman.

Pikramèn Nata. Wontên wartos bilih Nata Albanie Achmad Zogu I badhe krama kalihan Gravin Geraldine Apponyi ing Hongariye. Dhaupipun wontên tanggal 27 wulan punika.

Dr. Schuschnigg. Miturut wartos praja, tilas bondskanselier Schuschnigg, ing sapunika taksih wontên ing astana Belvedere. Sugêng botên kirang satunggal punapa. Tumrap juru jagi ingkang rumiyin katindakakên dening militèr, ing sapunika kasantunan têtiyang jagi ingkang mangangge limrah.

Afrika

Pamitranipun Mêsir kalihan Turki. Wontên wartos bilih praja Mêsir tuwin Turki nêtêpakên anggèning pawongmitran, saha sampun kêlampahan kintun-kintunan sêrat prajanjian têtêpipun. Ministêr babagan sajawining praja Turki ingkang nuju wontên ing Mêsir, Rustu Aras tinampi maratamu wontên ing dalêmipun ministêr babagan sajawining praja Mêsir, Abd-el Fattah Yehia kanthi paargyan.

Bangsa Eropa ingkang wontên ing Ngabesi. Dumuginipun sapunika bangsa Eropa ingkang wontên ing Addis Abeba sampun 17.000 jiwa. Kala ing wulan Januari taun kêpêngkêr sawêg wontên 4000.

--- 508 ---

Wêwaosan

II. Lêlampahanipun: Budimirowic

68

Prabu Wladhimir sêmu rêna angandika makatên:

Bangêt ing panarimaningsun dene sira atur pisungsung barang-barang kang samono èdi lan pènine. Nanging ingsun kapengin mundhut priksa marang jênêng sira, mungguh sanyatane sira iku sapa lan sapa aranira. Apa sira putraning nata, apa sawijining pangeran kang anduwèni panguwasa dhewe. Kajaba saka iku, mara tumuli matura marang ingsun, apa kang dadi kêkarêpanira têka sira sowan ing ngarsaningsun kanthi atur pisungsung barang-barang kang samono kèhe mau.

Budimirowic umatur: dhuh sang prabu pêpundhènipun para kawula ing praja Ruslan sadaya, kaparênga matur ing ngarsa nata. Mênggahing kawula sajatosipun sanès putraning narendra, lan ugi sanès satunggiling pangeran, ngêmungakên satunggiling sudagar saking kitha: Penesiyah. Dene sowan kuwula ing ngarsa paduka punika, botên nêdya angajêng-ajêng kaparingan ganjaran, awit mênggahing kasugihan kawula, saupami sang prabu andhawuhakên abdi paduka sadaya angetanga, kintên-kintên salêbêtipun sataun botên badhe sagêd rampung.

Sang prabu dhawuh malih: yèn mangkono banjur apa kang sira sêdya têka ana ing kene iki, apa sira nêdya among dagang ana ing praja Ruslan kene, apa sira mung arêp andêlêng kaanane ing kutha Kiyèf, lan wusanane nêdya dêdunung ana ing kene.

Budimirowic: dhatêng kawula ing kitha Kiyèf ngriki botên pisan-pisan manawi kawula nêdya amung dagang. Mênggah sêdya kawula ingkang sajatos ing samangke kawula dèrèng sagêd ngaturakên. Panyuwun kawula dhatêng sang prabu, kaparênga ing samangke kawula dêdunung wontên ing ngriki, lan kaparênga kawula adamêl griya cacahipun tiga wontên ing patamanan ing sawingkingipun kadhaton paduka punika.

Prabu Wladhimir: kabèh wong kang kapengin dêdunung ana ing kene, salawase bakal ditămpa kanthi sênênging ati, mangkono uga sira, ora ana pakewuhe babarpisan yèn arêp manggon ing kutha kene, malah andadèkake rênaning panggalih ingsun. Lan sira kêna milih panggonan ing ngêndi bae kang dadi kasênênganira.

Budimirowic umatur nuwun saha lajêng pamit madal pasilan. Sarêng sampun dumugi ing baitanipun, Budimirowic lajêng cariyos dhatêng para pangiringipun makatên:

Wong-wongku kabèh, padha rungokna kandhaku iki, lan tindakna apa parentahku. Panganggomu kang sarwa èdi pèni iku padha uculana, lan salina panganggoning kuli buruh. Sauwise padha nyandhaka wadung, tumuli anjujuga ing patamanan ing saburining kadhaton. Sajêroning bêngi iki kowe gawea omah têlu cacahe, kang nganggo mênara êmas kabèh. Sajêroning sawêngi iki omah têlu mau kudu bisa rampung.

Sanalika punika sadaya rencang wau mituruti punapa pakèning bandaranipun, sasampunipun sami ngrasuk mangangge kuli bêrah, lajêng sami nyandhak wadung saha lajêng lumêbêt ing patamanan sawingkingipun kadhaton. Wontên ing ngriku têtiyang wau sami cekat-cèkêt tumandang ing damêl, babad-babad tuwin miwiti yasa griya têtiga wau. Anggènipun sami nyambutdamêl têtiyang sadaya wau pancèn inggih ngêpêng sayêktos, lan botên watawis dangu ing sangajênging kaputrèn, papan padununganipun Sang Dyah Sabawa, sampun pating janggunuk wontên griya tiga cacahipun, ingkang sakalangkung sae wujudipun, tuwin mawi mênara êmas. Sasampunipun rampung para rencang wau lajêng sami wangsul dhatêng ing baita, prêlu mêndhêt barang-barang ingkang minăngka kangge mêmajang griya tiga wau. Sadèrèngipun gagat enjing griya tiga wau sampun rampung babarpisan.

Sarêng sampun malêthèk surya, tuwin sang putri wungu sare lajêng ambikak jandhela, kagètipun tanpa upami kala anguningani ing ngajênging kaputrèn wontên griya têtiga ingkang sakalangkung asri wujudipun wau. Sang putri botên nyana bilih ing ngriku wontên wêwujudan ingkang samantên saenipun, amila rumaosipun inggih lajêng kadosdene nyupêna kemawon. Ngantos rambah-rambah sang putri ngucêg-ucêg tingalipun, nanging wêwujudaning griya tiga wau botên ical. Ingkang punika sang putri sawêg cêtha bilih ingkang katingal punika griya sayêktos. Salajêngipun sang putri nuntên animbali para parêkanipun sarwi ngandika makatên:

Para bocah wadon kabèh, padha mrenea, dêlêngên apa kang tinêmu ing mau bêngi. Sajêrone sawêngi bae ing patamanan kene wis diyasani omah têlu iji, kang samono bêcike, kathik nganggo mênara êmas.

Badhe kasambêtan

--- 65 ---

No. 17, 23 April 1938, taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

KATRÊSNANE BIYUNG MÊNYANG ANAK

Bocah2, mara rungokna, kowe kabèh saiki padha takdongèngi. Kowe kabèh mêsthine wis padha sumurup dhewe yèn ora ana wong trêsna nyang anak kaya dene biyunge. Esuk sore awan bêngi prasasat tanpa ana lèrène anggone biyung tansah mulasara anjaga marang anake. Kaya dene yèn kowe lagi lara, kaya apa bae ibumu anggone ngopèni nyang kowe. Lan kowe uga nêksèni dhewe, yèn ibumu sabisa-bisa arêp tansah gawe sênênging atimu. Upama kuwata mono apa kang dadi kasênênganmu, ibumu mêsthi bakal maringi. Mêngkono uga apa doyananmu ibumu ya mêsthi kogêl nyang kowe.

Ewasamono akèh bocah sing ora ngêrti mênyang katrêsnane biyung mau. Yèn pêpènginane utawa panjaluke ora dituruti, rumasa ibune ora dhêmên. Malah ana sing duwe pikiran yèn ibune mau sêngit mênyang awake.

O, kuwi ora mêngkono. Nèk karêpe biyung kuwi salawase arêp mituruti apa panjaluke anake. Yèn kadhangkala ora mituruti, kuwi mêsthi ana sabab-sababe, bisa uga sabab ora migunani tumrap awakmu, lan bisa uga sabab ibumu ora bisa tuku. Mulane yèn kowe duwe pêpenginan utawa panjaluk nyang ibumu, kok ora tinurutan, kudu sing nrima, eling-elingên yèn kuwi mêsthi ana sababe.

Saiki rungokna, aku tak crita nalikane aku isih cilik. Sadulurku kabèh iku ana papat. Sing tuwa dhewe lanang, arane Mas Koes, sing nomêr loro wadon Yu Tien, nomêr têlu wadon manèh Yu Sam, dene kang ragil dhewe ya aku iki, ibumu Mar.

Lagi cilikku, ya ora beda karo kowe kabèh sok duwe panêmu, yèn ibu iku sêngit nyang aku, dupèh mbedak-mbedakake aku lan mbakyu-mbakyu utawa kangmas mau, ora ngêrti yèn sing kaya ngono mau saka pangemane ibu nyang aku mau. Kaya ta upamane bae mangkene:

Sawijining dina, wayah awan aku lan mbakyu2 sarta kangmasku mau, padha mangan bêbarêngan. Mas Koes diparingi ibu lawuh êndhas bandêng, mêngkono uga Yu Tien lan Yu Sam uga olèh lawuh bandêng; barêng aku jêbul diparingi lawuh iwak êmpal. Iya wis mêsthi bae aku banjur mêmbik2 nangis, sabab kêpenging mangan lawuh bandêng mau. Sanajan ibu dhawuh mêngkono mêngkene, aku mêksa têrus mingsêk-mingsêk njaluk lawuh bandêng bae. Malah kala samono aku banjur ngundhat-undhat ibu mangkene: "Pancèn ibu ola êmên alo au, au ola dipalingi andêng. Ayo au nyuwun andêng.''

Bokmanawa wêktu samono êmbuh ibu duka êmbuh pancèn wêlas nyang aku. Aku banjur diparingi bandêng sacuwil. Lo kuwi aku ora nrima malah kêdumêlan mangkene: "Êmoh, êmoh, mung saupit, nyuwun saêmbolan kaya Mas Kos.''

Ibuku kuwi sabar bangêt, aku rèwèl mêngkono mau, mung ngêndika mangkene: "Sêmene dhisik ya, nok, mêngko nèk kurang, tak wènèhi manèh.''

Dingêndikani ibu mêngkono mau, aku banjur mênêng. Sarèhne aku dijanji nyang ibu arêp diparingi manèh yèn wis êntèk, anggonku nyuwil bandêng ya banjur rada kêgêdhèn, tanpa ngati-ati banjur takpangan

--- 66 ---

bae. Kowe kabèh wêruh dhewe, yèn bandêng kuwi akèh êrine. Yèn kurang pangati-atine nggone mangan, gampang klêlêgên êri. Mêngkono uga aku, wong nalika samono isih cilik bangêt. Kajaba kurang pangati-atiku, saka enake bandêng mau, banjur mung takmal-mêl bae. Ing wusana aku banjur kêlêlêgên êri. Kaya apa bingunge ibu kala samono ora pêrlu tak critakake ana ing kene. Nitik tulisan ndhuwur mau, rak iya cêtha ta, anggone ibu ora marêngake aku mangan bandêng mau, ora jalaran ibu sêngit nyang aku, utawa sabab liya-liyane, nanging saka pangemane ibu nyang aku.

Mulane poma bocah-bocah, yèn kowe nduwèni pêpenginan, ora diparingi apa-apa dening ibumu, aja pisan-pisan kowe angrêsula, gêdhe-gêdhene jèngkèl; nanging elinga, nyang dongèng ing dhuwur, lêlakon ing dhèk cilike.

Bu Mar

KARAMEAN CARNAVAL

[Grafik]

Ing tanah Europa sabên taun sok dianani karamean sing diarani Carnaval. Ing wêktune iku wong-wong padha arak-arakan sarana manganggo sing anèh-anèh, kaya dene jamane Cap Go Mèh tumrape bangsa Tionghoa.

Dêlêngên gambar ing dhuwur, katone apa ya ora lucu-lucu?

WONG MANCING DADI EDAN

Ana wong budhêg arêp mancing ing kali. Sadurunge pangkat wong mau mikir mangkene: "Aku iki mula budhêg bangêt, nanging rak bisa gunêman sing apik-apik. Mêngko yèn aku kêpêthuk wong liya mêsthi bakal takon: "Sampeyan badhe dhatêng pundi?'' aku mêngko bakal mangsuli: "Badhe dhatêng lèpèn mancing.'' Mêsthi bakal takon manèh: "Ulame badhe sampeyan sadhe[6] punapa sampeyan olah piyambak?'' Wangsulanku: "Badhe kula sadhe dhatêng pêkên.'' Yèn krungu wangsulanku mêsthi bakal kandha: "Wah, panjênêngan punika tiyang pintêr sayêktos.'' Wangsulanku: "Inggih.''

Barêng uwis mikir-mikir mangkono banjur mangkat. Ing têngah dalan kêpêthuk gêrma. Gêrma pitakon: "Ing ngêndi dalane mênyang wadhuk Dêlingan?'' Wangsulane: "Badhe dhatêng lèpèn mancing.''

Gêrma pitakone dibalèni sêru bangêt: "Ing ngêndi dalane mênyang wadhuk Dêlingan? Wangsulane: "Badhe kula sade dhatêng pêkên.'' Gêrma nêpsu bangêt banjur kandha: "Apa kowe edan?''

Wangsulane: "Inggih.''

S. Broto, Ngayogya.

CANGKRIMAN

Kutha tanah Jawa-Têngah, kang jênênge nganggo I aksara a... a, II i... i, iku kutha ngêndi?

Pulo tanah ngamanca kang jênênge nganggo aksara s... s, pulo ngêndi?

Moeh. Dawami, Muntok.

--- 67 ---

CALON GATHOTKACA

[Grafik]

Bocah kêmbar loro iki umure kurang luwih rong taun. Durung suwe bocah loro mau digawa mabur saka Bêtawi mênyang nagara Walanda. Nèk andêlêng rupane katon mêncêrêng ora nangis ora barang, sêmune ora anduwèni wêdi babarpisan ngambah ing awang-awang. Mulane kira-kira ing besuk bocah loro iki pancèn calon Gathutkaca kabèh, dene nèk wadon iya calon Moestakawèni.

Asu kang kêtaha

Pangkur

1. duk amba umur nêm warsa | wus sinau lan lungguh ing klas kalih | nate pun dongèngi guru | dongèng kaya piwulang | iya kaya kang katulis critanipun | luwung kêna kanggo wacan | timbang nganggur tan prayogi ||

2. wontên asu julig ala | nyolong daging sêtugêl mlayu nggêdring | liwat krêtêg nginggilipun | kali antêng ilinya | miwah bêning pindha kaca tirtanipun | kocapa asu punika | barêng lakune dumugi ||

3. ing krêtêg kang têngah-têngah | mêngko mandhap wruh wayangane dhiri | ana ing sajroning banyu | dèn sêngguh asu liya | ngondhol daging kadyadene awakipun | bawane kewan kêtaha | enggal mêncolot njêguri ||

4. kapriye kadadeannya | pranupiksa têmtu wus nguningani | wong wayangan nèng njro banyu | têka nêdya dèn begal | mêsthi bae nglêngkara malah kalêbus | tombok daging duwèkira | mrucut tiba têrus kèli ||

5. liding dongengan punika | lamun janma murka kêtahèng budi | ngangsa mrih darbèke wuwuh | tan èngêt ing tindaknya | ingkang kathah malah larut barangipun | mula bêcik narimaa | sapandume Mahasuci ||

6. sirnakna watak kêtaha | dimèn têntrêm, kaki, nggonira urip | angur nyuwun mring Hyang Agung | cukup ing sakabèhnya | sabab iku utamane wong ngaidup | wis sigêg obrolan amba | yèn lêpat nyuwun aksami ||

Moch. Madijana, Têmanggung

--- 68 ---

ASU BÊSUS

[Grafik]

Ora mung wong bae sing sok bêsus, sanadyan asu pisan iya ana sing saka bêsuse nganti diarani bêsas. Dêlêngên gambar ing dhuwur, anggone dandan asu iki apa ora ngedap-edapi têmênan. Nganggo têsmak, nanging dudu belor, udut srutu, e nas, udut pipa, nganggo dhasi, nyangking pêrtêpèl, malah têkênan barang. mara, apa ora brêgas. Kira-kirane sanadyana asu mênawane isih Mas Bèi.

LÊLUCON

Wontên tiyang dhusun sugih, nanging sakalangkung cêthil. Anuju satunggiling dintên tiyang wau mènèk klapa, dilalah mrucut anggènipun cêpêngan. Sarêng piyambakipun sawêg nêngah-nêngahi cêmlorot, sumêrêp ingkang èstri sawêg bêthak lan olah-olah, lajêng sambat lan bêngok-bêngok makatên:

O, bokne thole, le ngliwêt sudanên, mêngko aku wis ora mangan manèh.

Moeh. Dawami

PINTÊR NGGAMBAR

Guru : Priye Mêt, kowe kang baut nggambar, nggambara salah sijine kewan kang galak, suwene kira-kira 1 mênit.''

Slamêt suwe olèhe mikir, nggambar kewan apa sing gêlis lan gampang dhewe, ora suwe nêmu akal, yaiku dhèwèke nggambar banyu kali.

Guru : "Priye Mêt, wis rampung apa durung olèhmu nggambar. Iki wis ana 1 mênit.

Slamêt : "Sampun, Pak Guru.''

Guru : "Êndi ndêlêng, kaya apa gambare.''

Slamêt : "La punika gambaripun.''

Guru : "Lho, nggambar kewan apa iki.''

Slamêt : "Punika gambaripun bajul taksih nyilêm, pak guru.''

Handojo, Paninggaran

MANGSULI LAYANG

Kustienah, sawangan. Sukur ta, yèn kowe saiki wis saya akèh têpunganmu lan sadulur-sadulurmu. Wah, dadi ing Munthilan saiki lagi ana tontonan Pasar-Malêm, wis kaping pira anggonmu tilik nyang Pasar-Malêm, ayake ya sabên bêngi bae, ya? karanganmu wis kêtampan. Yèn ana papan bokmanawa kapacak.

Siti Aminah, Purwarêja. Pitakonmu bab cangkriman ing Volksalmanak besuk yèn entuk iya bakal digiyarake ing Kêjawèn utawa Panji Pustaka.

Mien Satrijani, Blitar. Karangan-karanganmu wis kêtampan, bakal takpilihi sing sakira kêna dipacak.

Soemali, Curugêcang, Purbalingga. Wah, tujune kowe enggal waras anggonmu lara. Kowe ora susah wêdi-wêdi milu urun ana ing Taman Bocah, wis lumrahe idhêp-idhêp kanggo sinau, upama ora kêpacak, ya saya mêmpênga, amrih bisane kêpacak.

M.D. Asri, Blitar. We la, dadi kowe saiki lagi sinau nabuh gamêlan, ya Sri, wah ibumu mangka ora bisa nabuh. Ya sing mêmpêng bae, bèn enggal pintêr, besuk ibumu wurukana. Yèn kowe arêp njaluk kiriman "Pariwara'', bêcike kirima layang mênyang administrasi bae, dene yèn arêp tuku buku olah-olah ngirimana dhuwit f 0.50 nyang administrasi, bab pangirime Bale Pustaka sing bakal mragadi.

Sri Sasanti p/a R.M.Ng. Projokintoko, Priyambadan, Solo. Kok wis lawas kowe ora kirim-kirim layang, bakyumu Mastoeti mêngkono uga. Yèn Mastoeti kêpengin têpung karo Mien Satrijani iya konên ngirimi layang bae, mêngko rak diwangsuli.

Doekarsi, Rêmbang. Aku wis tampa briefkaart loro isi karangan, bangêt panrimaku.

Handojo, Paninggaran. Kirimanmu lêlucon wis kêtampan, yèn ana papan bokmanawa bisa kapacak salah siji.

Moch. Dawami, Muntok. Cangkriman lan lêlucon wis daktampa, aku bungah bangêt. Yèn isih ana papan bisa uga kapacak.

Siti Katidjah lan Sri Wahjoe, Rêjoso. Aku milu bungah kowe lan Roesdiati padha sêduluran. Karangan-karangan wis daktampa, bangêt panrimaku, bakal dakpriksa dhisik, kêpacak utawa orane. Upama ana sing ora kapacak ya aja dadi atimu, nanging malah mêmpênga supaya apik.

Katijah, Badran, Surakarta. Coba kowe ngirimana layang nyang administrasi njaluk dikirimi bêbungah gambare Erlangga. Karanganmu, aku wis tampa, kêtrima bangêt.

Bison'', Plosso. Aku bungah wuwuh duwe kêponakan kaya kowe sarta milu urun-urun ngisèni T.B.

Roesdiati, Blitar. Layang sing biyèn dibalèkake kuwi, layang nyang kowe, jalaran anggonmu mènèhi adrès kurang cêtha. Sukur ta Roes, yèn kowe saiki wis waras babarpisan anggonmu ginanjar lara. Wah, mèh bae aku kelangan kêponakan kang tuhu trêsna.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- [0] ---

 


Sêtatsiun. (kembali)
parêpatan. (kembali)
nglêbêt. (kembali)
têgêse. (kembali)
inggih. (kembali)
sade (dan ditempat lain). (kembali)