Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 41, Stu Lê, 21 Mulud, Jimawal 1869, 21 Mèi 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Konpêrènsi Para Bupati ing Magêlang - Pajagèn Bêbaya ing Gagana - Paboyongan ing Pangaron, Borneo Sisih Kidul ingkang Wiwitan - Aksara Gêndhing - Utaminipun Lare Èstri Nyambutdamêl - Cangkriman Volksalmanak - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman bocah.

Pangungsêt

Anèm Sêpuh

Tiyang ngrêmbag babagan ngèlmi punika adhakan nyampe dhatêng umur-umuran, upaminpun: Wong ngudi gèlmu iku kudu wong kang wis ngumur, awit ngèlmu mangkono iku anggone wong kang wis tuwa, mula jênênge ya ngèlmu tuwa. Wontên malih ingkang cariyos: ngèlmu tuwa iku ora mawang wong-wongane, sanadyana isih ênom, yèn pancèn bisa kanggonan, iya kêna bae ngudi.

Sayêktosipun kajêngipun têtêmbugan kalih warni wau lêrês sadaya, inggih mêngku pamênggak, inggih mêngku pitêdah. Tumraping pikajêng pamênggak, supados tiyang punika manawi dèrèng sêpuh pamanahanipun, sampun sok ngudi babagan makatên, awit tumrap tiyang ingkang rekanipun ngudi ngèlmi kabatosan, punika manawi botên nêtêpi tatananipun, lajêng katingal anggèning kados lare alit. Dene ingkang akajêng dados pitêdah, punika malah ngajêngakên murih têtiyang sami puruna ngudi ngèlmi kabatosan, amargi ngèlmi kabatosan punika pangudinipun botên mawi angêntosi wanci, utawi dipun pathok wontên ing umur-umuran.

Dene pasaksèn anèm sêpuhing batos, kados para maos sampun botên kêkilapan, awit botên kirang ucap ingkang mungêl: Wong tuwa kok wêwatêkane kaya bocah. Kosokwangsulipun: Bocah kathik tumuwa têmên.

Bab anèm sêpuh wau wontên isbat ing dêdongengan Tionghwa dongenganipun mitra kula, makatên:

Wontên tiyang sêpuh sampun ngumur 100 taun, lumampah anglangkungi lèpèn, ing ngriku tiyang sêpuh wau sumêrêp wontên lare ngumbah arêng. Tiyang sêpuh wau ing batos gumun, lajêng pitakèn makatên: Lhe, aku gumun bangêt, sajêgku urip, tuwaku nganti samene, lagi wêruh sapisan iki, ana arêng dikumbah. Lare mangsuli: Umur sampeyan êmpun pintên, ta. Tiyang sêpuh: Wis satus taun. Lare mangsuli: Layak, wong têksih bocah ngotên, kula niki êmpun umur rongatus taun. Lare wau sasampunipun wicantên makatên lajêng ical, sajatosipun Malaekat.

Wiwit punika lajêng wontên panganggêp, ing lair, tiyang punika botên kenging nganggêp sêpuh dhatêng badanipun piyambak, mila băngsa Tionghwa punika tumrapipun dhatêng tiyang sanès, sanadyan taksiha anèm, inggih dipun undang: koh. Dene kabatosanipun, ingkang tanpa anèm sêpuh punika ngèlmi, têgêsipun sami.

Cêkruktruna.

--- 622 ---

[Grafik]

Konpêrènsi para bupati sa-Jawi Têngah ing Magêlang ingkang dipun Jumênêngi Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral.

Pananggalan Jawi

Lêngganan No. K. 1366.

Taun Jawi punika gêgrombolanipun wontên 8 taun, dipun wastani windu. Namining taun ing salêbêtipun windu inggih punika: 1 Alip, 2 Ehe, 3 Jimawal, 4 Je, 5 Dal, 6 Be, 7 Wawu, 8 Jimakir.

Salêbêtipun 8 taun (sawindu), taun ingkang wuntu punika taun ingkang kaping 2, kaping 4 tuwin kaping 8. Dados taun Ehe, Je tuwin Jimakir.

Miturut petangan Jawi taunipun wuntu salêbêtipun 8 taun wontên 3, ing dalêm 120 taun wontên 45. Miturut petangan Arab ing dalêm 30 taun, taunipun wuntu wontên 11. Salêbêtipun 120, wontên 44. Dados petangan Jawi taunipun wuntu langkung kathah tinimbang taun Arab.

Murih taun Jawi lêstantun cocog kalihan taun Arab, sabên 15 windu utawi 120 taun, dipun cocogakên sarana ngewahi taun wuntu Jawi satunggal, dipun dadosakên wastu.

Ewahing taun wuntu punika anjalari mloroding kurup, inggih punika dintên wiwitipun windu. Dados kurup punika sabên 120 taun gantos.

Nanging nocogakên taun Jawi kalihan taun Arab sabên 120 taun sapisan, punika tumrap petangan Jawi sajak botên dipun gatosakên. Tandhanipun, ing salêbêtipun taun 1674 (taun Kristên 1748-49), taun Jawi sampun kacocogakên kalihan taun Arab sarana ngewahi taun wuntu satunggal, inggih punika taun Jimakir ingkang pancènipun taun wuntu lajêng kadadosakên taun wastu. Taun 1748 (taun Kristên 1820-21) dipun cocogakên malih. (Dados dèrèng 120). Tahun Ehe ingkang pancènipun taun wuntu, lajêng kadadosakên taun wastu. (Punika kasèp 2 taun, pancènipun ing taun Jimakir 1746). Makatên ugi ing taun 1866. Taun Jimakir lajêng kadadosakên taun wastu. Mila petangan aboge lajêng botên kangge.

Sabên nocogakên taun Jawi kalihan taun Arab, kurup mêsthi tumut gantos, kados ta ing taun 1674 punika wiwit gêntosipun kurup Jamngiyah dados kurup Kamsiyah. Ing taun 1748 kurup Kamsiyah gantos kurup Arbangiyah. Ing taun 1866 kurup Arbangiyah gantos kurup Salasiyah.

Dumugi taun 1671, taun Dal kadadosakên taun wuntu. Sarêng kurupipun gantos, inggih punika kurup Jamngiyah gantos kurup Kamsiyah, taun Alip 1675, taun Dal 1679 kadadosakên taun wastu. Umuring wulan botên gilir gumantos 30-29, nanging: 30, 30, 29, 29, 29, 29, 30, 29, 30, 29, 30, 30. Ingkang kadadosakên taun wuntu lajêng taun Je. Sadèrèngipun taun Je kadadosakên taun wuntu, inggih punika dumugi taun 1675, umuring wulan kados ing taun wunwastu,[1] gilir gumantos 30-29. Wiwit taun 1678–1790 taun Je dadosipun taun wuntu dèrèng mathok, mila umuring wulan asring kadadosan kadosdene umuring wulan ing taun Dal sasampunipun dados taun wastu. Kados ingkang kapratelakakên ing: pawarsakan, pratelan II wêdalan Bale Pustaka. Tindak makatên wau namung ngangkah supados grêbêg Mulud (12 Mulud) taun Dal sagêd têtêp dhawah dintên: Sênèn Pon.

Wiwit taun 1793 salajêngipun, katêtêpakên taun Ehe, Je tuwin Jimakir kadadosakên taun wuntu. Dene taun Dal katêtêpakên dados taun limrah ingkang umuripun botên gilir gumantos 30-29.

--- [623] ---

[Grafik]

Kados ingkang sampun kaandharakên ing Kajawèn kêpêngkêr, ing bab cobèn-cobèn panjagi bêbaya saking gagana, ing ngriki ngêwrat malih gambar tumindakipun têtulung bêbaya wau. Gambar nginggil: punggawa pompa mangangge topèng gas naju[2] nyirêp griya kêbêsmèn. Ngandhap kiwa: panggenan anêdahakên bêbaya gas. Ngandhap: tumindaking damêl mitulungi tiyang kasangsaran kalêbêtakên ing oto.

--- 624 ---

Pajagèn Bêbaya Ing Gagana

Sambêtipun Kajawèn nomêr 39.

Topèng wau tumuntên dipun sambêt kalihan bumbungan saringan hawa, utawi antawisipun saringan hawa, utawi gêndul zuurstof, lan topèng, mawi pipa karèt ingkang lêmês lan mawi rênggêt-rênggêtan, supados manawi katêkuk sampun mumpêt.

Topèng mawi Zuurstof (Zuurstofmasker).

Topèng ingkang mawi gêndul tosan isi zuurstof sagêd damêl tiyang gêsang mêrdika saking hawa ing awang-awang. Tiyang ingkang ngangge topèng punika sagêd lumêbêt ing limputanipun sadaya gas racun, ugi ing panggenan ingkang tanpa zuurstof, kados ta ing guwa lan sumur ingkang sangêt lêbêt. Kuciwanipun isinipun zuurstof botên sagêd kathah. Kathah-kathahipun kangge gêsang kalih jam, lan malih gêndulipun zuurstof ingkang saking tosan awrat pambêktanipun, wêwah-wêwah rêginipun awis. Gêndul ingkang têlas zuurstof pipun, kêdah dipun isèni malih, manawi tanpa isi tanpa guna.

Limrahipun ingkang dipun bêktani topèng zuurstof punika băngsa militèr apdhèling ingkang mawi dêdamêl gas, utawi punggawa pabrik ingkang damêl gas racun.

Topèng ingkang mawi bumbungan ingkang damêl rêsik hawa.

Wujudipun bumbungan warni-warni, wontên ingkang bundêr, wontên ingkang bundêr gèpèng. Ing ngandhap wontên bolonganipun agêng kangge lumêbêt hawa, ing nginggil wontên pèntilipun, pèntil wau ambikak manawi saking topèng hawa dipun sêrot. Caranipun ngisèni bumbungan botên sami. Namung bakunipun isèn-isèn wau warni tiga.

Kapisan: arêng ingkang anggadhahi daya sagêd anyêrot gas kadosdene wêsi brani anyêrot bubukan tosan. Dene ingkang sae piyambak dipun angge arêng bathok. Dayaning arêng sagêd nyêrot gas punika dipun agêngakên tikêl-matikêl (activeeren). Salah satunggal saking rekadaya wau inggih punika arêng wau dipun sêtum ngantos 9000C bêntèripun. Saking punika arêng wau lajêng kêbak bolongan ingkang alit-alit sangêt, kados sêpon.

Arêng maligi botên sagêd nyandhêt lampahing sadaya gas, inggih punika gas-gas ingkang gampil sangêt maburipun (vluchtige oorlogsgassen). Pramila sanginggilipun arêng dipun sukani lapisan, glintiran campuran obat pênyawaran.

Kaping kalih: glintiran campuran obat pênyawaran (chemische korrels).

Gas-gas ingkang rikat uburipun (Zeer vluchtige oorlogsgassen) lan botên sagêd kèndêl ing arêng, dumugi ing obat wau lajêng kadamêl cawar, kapêcah-pêcah manjing atunggil kalihan glintiran obat wau.

Arêng ingkang sampun nyêrot gas kathah, angêmbêng toya. Glintiran obat ingkang campur kalihan gas dados bêntèr lan nyêrot toya wau. Kosokwangsulipun arêng kenging bêntèr lan garing sagêd wêwah daya kêkiyatanipun nyêrot, dados arêng ngiyatakên [ngiya...]

--- 625 ---

[...takên] dayaning glintiran obat, glintiran obat damêl agêng dayaning arêng.

Namung kangge conto, satunggiling glintiran campuran obat ingkang dipun angge băngsa Amerikah, campuran wau kadamêl saking:

gebluschte kalk (apu) ... ± 57,3 %

cement ... 17,8 %

kieselgurh ... 7,6 %

natriumnydroxyde ... 1,5%

natriumpermanganaat ... 3%

vocht (toya) ... 13%

Kaping tiga. Vilt kangge nyaring kukus lan pêdhut.

Arêng lan glintiran obat pênyawaran botên sagêd nahan gas-gas ingkang awarni pêdhut lan kukus, ingkang bageyanipun langkung kasar katimbang gas limrah. Gas-gas awarni pêdhut lan kukus punika sagêd dipun saring mawi vilt. Barang-barang sanèsipun ingkang dipun gunakakên kangge saringan pêdhut lan kukus inggih wontên, nanging taksih kangge wados. Pamasangipun vilt punika ing bageyan ingkang jawi piyambak, sangandhapipun arêng.

Hopcalite pênyawaran koolmonoxyde.

Koolmonoxyde ingkang sagêd kadadosan manawi wontên bom brisant utawi mimis mriyêm anjêmblug, botên sagêd kasaring lan kacawarakên ngangge bumbungan saringan ingkang isinipun kados ing nginggil. Sarèhning koolmonoxyde wontên panggenan ingkang ambikak botên damêl mutawatos, bumbungan saringan kados ing nginggil sampun kaanggêp cêkap.

[Iklan]

Mirungga kangge para militèr lan sanès punggawa ingkang kêdah nyambutdamêl ing panggenan ingkang katutup, lan panggenan wau sagêd dados lesaning mêngsah, bumbungan saringan wau dipun wêwahi isi lapisan, glintiran obat kangge nyawarakên koolmonoxyde, ingkang kawastanan: hopcalite. Nama punika kapêndhêt saking panggenan asalipun damêl, inggih punika laboratorium Hopkins ing California.

Bumbungan saringan hawa ingkang isi hopcalite, dipun sêrat manawi sagêd kangge nyaring koolmonoxyde.

Badhe kasambêtan.

R. Pringgadiharja, Leider gas sectie G.G.D. Bat.

--- 626 ---

Paboyongan Ing Pêngaron, Borneo Sisih Kidul Ingkang Wiwitan.

Kula nuwun, para maos Kajawèn. Sadèrèngipun kula nyariosakên bab ing nginggil punika, kula badhe nyariosakên rumiyin wiwit kula tampi dhawuh saking pangagêng kula supadosa bidhal tumuntên dhatêng papan paboyongan ingkang kasêbut ing nginggil. Ing sakawit, kula kêdah manggihi asistèn kyai, (asistèn wadana) Pêngaron. Ing ngriku kula nêmbe tampi kabar punapa ingikang badhe kula lampahi padamêlanipun.

[Grafik]

Paboyongan ing Pêngaron, Martapura.

Ing dintên ingkang katamtokakên, kula bidhal saking Banjarmasin numpak oto, mêdal margi enggal anglangkungi sêtatsiyun motor mabur. Têbihipun saking Banjarmasin dumugi Martapura 36 km, dene margi lami namung 32 km, anamung margi enggal langkung sae sarta wiyar, malah ingkang sapalih sampun kaaspal. Jam 9 kula dumugi ing Martapura, kula lajêng kèndêl prêlu badhe ningali kawontênan ing ngriku, punapa kitha Martapura wontên majêngipun katimbang nalika taun 1915–1918. Awit ing wêkdal punika kula sampun nate manggèn ing ngriku 2 taun, dados sapriki sampun 23 taun, nalika samantên kula nyambutdamêl ing Geologisch onderzoek, ing dhêpartêmèn Gouvernements Bedrijven. Sarêng kula ningali kawontênan ing ngriku, kithanipun saya asri, awit wêwah tangsi pèl pulisi, sarta griya sêkolahan lan dalêm kontroliran, taksih enggal, wangunan enggal, pakunjaran dipun yasani. Lan pabrikipun intên gadhahanipun tiyang pribumi ugi taksih mlampah. Pêkênipun taksih ajêg, sampun dipun yasani los enggal ugi katingal sae. Pêkên wau taksih manggèn ing pinggir lèpèn Martapura lan pinggir alun-alun, dados kithanipun katingal rame. Kula cêkak samantên kemawon.

Anggèn kula ningali kitha Martapura 1 jam, lajêng têrus bidhal malih dhatêng Pêngaron, marginipun lajêng nyabrang lèpèn Martapura, anamung krêtêgipun nuju risak, nalika bêna tugêl babarpisan. Lajêng kapêksa numpak gèthèk saotonipun, lan kakengingakên bayaran 50 sèn, awit gèthèk wau ingkang ngyasani tiyang dhusun piyambak, kangge tiyang 1 sasèn. Sasampunipun nyabrang lajêng nêrusakên lampah.

--- 627 ---

Margi saantawisipun Martapura Pêngaron, kanan keringipun asri, awit sadaya mèh kêbon karèt gadhahanipun tiyang siti. Têbihipun Martapura Pêngaron 40 km, kirang langkung 20 km, margi lajêng nyimpang, margi sanès têrus dhatêng Kandhangan. Botên dangu lajêng nglangkungi kabudidayan karèt Dhano Salak lan Karangintên, gadhahanipun tiyang Jêpan, ing kabudidayan ngriku kathah sangêt băngsa Jawi ingkang sami nyambutdamêl, ingkang kathah saking Jawi Wetan.

Jam 11.30 kula sawêg dumugi ing Pêngaron. Lajêng manggihi panjênênganipun asistèn kyai. Wusana dhawuh dhatêng kula supados têrus dhatêng kampung Mêngkauk, têbihipun 4 km saking Pêngaron. Ondêr dhistrik Pêngaron punika manggèn sapinggiring lèpèn Riyam Kiwa, lèpèn wau simpanganipun Riyam Kanan, sasampunipun lèpèn punika dados satunggal wontên ing Martapura, lajêng nama lèpèn Martapura.

Ondêr dhistrik Pêngaron punika ewahipun namung sakêdhik, tinimbang 23 taun kapêngkêr. Griya asistèn dipun damêlakên enggal, pasranggahan sarta sêkolahan ăngka II ugi makatên, pêkênipun dipun yasani los, sarta toko Tiyonghya ugi sampun wontên, katingalipun ragi rame. Pasranggahan wau agêng, awit kinanipun kangge dalêm kontroliran.

Sarêng kula wontên ing Pêngaron sampun ragi aso, lajêng bidhal dhatêng Mêngkauk, nanging sarêng mlampah 1½ km marginipun amblês, awit nêmbe dipun dandosi enggal, măngka taksih măngsa jawah. Jam 12.30 kula sawêg dumugi ing kampung Mêngkauk kanthi wilujêng.

[Iklan]

Sasampunipun bêbarang-barang bêbêktanipun kaandhapakên saking oto, oto lajêng wangsul dhatêng Banjarmasin malih, dene sewanipun oto f 12.- salampahan. Watawis jam 1.30 panjênênganipun asistèn kyai dhatêng numpak oto gadhahanipun piyambak. Prêlu nêdahakên badhe padamêlan kula wontên ing siti paboyongan.

R.S. Citrakusuma,

Kêrtabaruwèh 60 Banjarmasin.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4983 ing Surakarta. Lêngganan kapetang wiwit: 1-2-'38. Patria enz. badhe kawrat ing paripara No. 10.

Lêngganan nomêr 3327 ing Wlingi. Wisêl f 1.50 sampun katampi, tumrap kuwartal 4. dados têlasipun pambayaran panjênêngan benjing 31-12-'38.

Lêngganan nomêr 964 ing Sidarêja. Lêngganan kapetang wiwit 1-2-'38.

Lêngganan nomêr 3677 ing Kaliwungu. Gambar ingkang kangge bêbingah sampun têlas, botên sagêd tumbas.

--- 628 ---

Kagunan Jawi

Aksara Gêndhing

Sambêtipun Kajawèn nomêr 37

Katranganing aksara gêndhing nginggil punika manawi badhe kangge nyinau laguning gêndhing kêdah dipun apalakên rumiyin, manawi sampun apal dhatêng urut agêng aliting aksara wau lajêng sagêd kangge maos ngungêlakên ukaraning gêndhing, awit manawi namung mangrêtos kemawon dhatêng têngêring aksaranipun, măngka botên apil dhatêng suwaranipun, punika sagêdipun namung kangge nabuh salah satunggaling tabuhan ingkang mawi dipun angkani wilahanipun, ingkang makatên wau manawi bibar nabuh tamtu botên cumanthèl babarpisan, awit panindakipun namung kados mêsin kemawon. Wondene manawi badhe ngapalakên aksaraning gêndhing punika kêdah mawi sarana tigang warni salah satunggal, inggih punika saking nurut suwara wilahaning găngsa ingkang katabuh piyambak utawi tiyang sanès, manawi botên makatên inggih kêdah katuntun dening satunggaling tiyang ingkang sampun sagêd apal lan mangrêtos dhatêng ajining suwara aksaraning gêndhing, manawi botên makatên, inggih kêdah sampun sagêd dhatêng lêlagon ingkang larasipun slendro, pelog, pelog barang, dene lêlagon ingkang sampun kêlimrah ing ngakathah wau, ingkang têtêp ngangge laras slendro (botên nate dipun pelogakên) inggih punika lagu ilir-ilir, ancak-ancak ale, jamuran, cêmpa, cublak suwêng, lan taksih kathah panunggilanipun. Dene ingkang laras pelog, ing ngriki namung kula pêndhêtakên ingkang sampun ragi mratah, inggih punika têmbang Maskêmambang, ingkang ungêl-ungêlanipun mêndhêt saking sêrat Menak Cina, ungêlipun makatên: Putri Cina gêlasaran mêlas-asih, mara Kelaswara, jurên patenana mami, aja andêdawa lara. Dene ingkang laras pelog barang, ugi namung kula pêndhêtakên saking têmbang Mêgatruh, ingkang ungêl-ungêlanipun ugi sampun mratah dipun sagêdi ing ngakathah, inggih punika: Sigra milir kang gèthèk sinăngga bajul, kawan dasa kang jagèni, ing ngarsa miwah ing pungkur, tanapi ing kanan kering, kang gèthèk lumampah alon.

Nyinau aksaraning laras slendro ingkang botên sarana salah satunggaling têtabuhan utawi botên katuntun ing tiyang ingkang sampun sagêd punika, ing ngriki kula dèkèki sarana lagu ilir-ilir ingkang nginggiling ungêl-ungêlanipun mawi angkaning wilahan laras slendro, lajêng uruting wilahan ingkang namung prêlu kangge anggladhi uruting suwara dhatêng agêng utawi dhatêng alit. Ngangge baku pathêt Manyura.

Badhe kasambêtan.

Kodrat, Batawi Sèntrêm

--- 629 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Utaminipun Lare Èstri Nyambutdamêl

II.

Garèng : Kowe kuwi pancèn ora gênah têmênan, ana bocah wadon nyambutgawe têka kok arani gawe reklamê ...

Petruk : Mêngko sik, Kang Garèng, aku rak kăndha yèn wong tuwane pancèn sugih, ora kêkurangan apa-apa, dadi anake wadon arêp manganggo sing pating plênik, pating pêncorong, pating kêthaklik, nganti katon ninik-ninik, wong tuwane bisa ngragadi, arêp kapengin mangan podhêr, gudir, mihun, martabak, gêthuk cothot, mêsthi bisa kalakon, sabab wong tuwane: tidhak kurang uwang. Arêp apa bae mêsthi bisa katurutan, sanadyana nganggo minyak-minyak wangi sing laring-laring kae, kaya ta: losiyon, dhepiniyah, narsisêblu, utawa ... fèsin.

Garèng : Wayah, nèk fènsin kuwi rak adon-adon kanggo mangsak bakmi, ana kok banjur dicampur wani bae.

Petruk : Wèh, nganti slip omongane. Lho, aku iki mau mung arêp ngandhakake, yèn arêp apa-apa wis bisa kalakon, hla gèk prêlune bae apa kathik banjur kêraya-raya golèk gawean nyang kantor barang kuwi. Kaya-kaya nyang omah rak iya ora kurang gawean: mangsak, mênjait, têbah-têbah, nèk arêp sêporêt, iya ora kurang marga, esuk sore ... ngisèni kulah.

Garèng : Hla, kuwi rak bocah wadon bangsane anakmu anakku kiyi, sanadyana wis dhêklomah, nanging iya dhêklomah ... sêkolahan desa. Balik bocah wadon sêthithik-sêthithike wêton sêkolahan Thimlo, e, nas, Milo, pakulinane sabên dina wis beda, Truk. Yèn dikon: mênjait, mangsak, cêkake dikon nyambutgawe nyang omah sing pating clêkuthik, pating clêkênthung, kuwi sing akèh ora tlatèn, Truk. Hla wong mung dikon rajang-rajang buncis bae, ana sing kalair têmbunge: Hèh, zoooo vies - nèk dijawakake iya kudu dikênès-kênèsake sêthithik mangkene: tobat, tobat, le ngrisèni, hara, hara, hara.

Petruk : Yah, Kang Garèng, le muni mêngkono kuwi, ambok aja dikumplitake, nganggo gela-gelo kathik menjap-mènjêp barang. Aku prêcaya, yèn bocah wadon kang wis pangajaran kaya kang kok kandhakake mau, mêsthine iya sugih aras-arasên saupama dikon thak-thik ana ing omah kuwi. Nanging apa wis mêsthine wong tuwa

--- 630 ---

kudu tansah mituruti karêpe anak. Mêngko gèk ana jaka ngampiri anake wadon sing wis prawan gêdhe, ngajak piknik (darmawisata) mung ... têlung dina bae, dupèh anake wadon sênêng, wong tuwane mung: iya, iya.

Garèng : Nèk piknik nganti têlung dina kuwi, apa prasaksat anak wadon diajani ora agama. Ewasamono nèk mungguhing aku, Truk, anak wadon sanadyana wis prawan gêdhe pisan, yèn mung piknak-piknik bae, sanadyana karo jaka-jaka pisan, kok mêksa ora andadèkake alangan, awit wong wis pangajaran dhuwur, mêsthine rak wis wêruh ngêndi tindak sing bêcik utawa sing ala. Kêna diprêcaya, Truk.

[Grafik]

Petruk : Aku ngandêl, Kang Garèng, wong wis dhuwur pangajarane, mêsthine iya wis wêruh êndi sing bêcik lan êndi sing ala. Nanging kowe aja lali nyang kasêktèning setan, pintêr bangêt ambêlithuk, Kang Garèng, nganti ibu Hawa dhewe, sing wis têtela mungguhing sukcine, mêksa kêna kêblithuk ing setan, kang sabanjure nganti wani nêrak larangane Ingkang Kuwasa, yaiku dhahar woh kuldi. Mulane mungguhing aku, dadi wong tuwa kang pancèn trêsna nyang anake kuwi, ora kêna pêdhot kudu tansah anjaga nyang kaslamêtane anake. Aja kok dupèh anake sênêng banjur: bolih-bolih sajah, nanging kudu ditimbang kanthi prêmati - cara Kawine - pêmburine bakal andadèkake sabab apa ora. Piknik karo jaka-jaka upamane, iya kudu ditimbang têmênan anggone arêp awèh palilah, kudu ngelingi: pring padha êpring, mas gosak-gosok mak: cus.

Garèng : Wèyèh, ambok aja sawiyah-sawiyah mêngkono. Hla nèk tansah dipikir kêjêron mêngkono, karêpe iya banjur langganan: ora olèh, ora olèh.

Petruk : Lho, wong duwe anak wadon kuwi pancèn abot sanggane, ibarate mungsuh munggèng jangklakan, mulane iya tansah ora kêna sêpi ing ihtiyar, supaya bisa slamêt ing pêmburine. Kayadene wong tuwa kang wis cukup pamêtune, nglarangi anake wadon kang wis katam pangajarane, nyambutgawe ing kantor, nanging malah banjur diprêdi dikon nyambutgawe ing omah, iki iya kêna tak arani: sawijing ihtiyare wong tuwa kang pêng-pêngan bangêt.

Garèng : Ora cocog aku, Truk, luwih manèh tumrape ing jaman saiki. Nèk anake wadon mau pancèn bisa olèh pagawean ing kantor, nèk aku mupakat tak kon nyambutgawe. Mungguh sababe: 1e nèk rupane nyêngkuwêk ala bangêt, nganti wong lanang mêsthi

--- 631 ---

aras-arasên ngêpèk, kang anjalari kapêksa dadi prawan sajêge urip, ora prêlu kuwatir, yèn wis tuwa bakal kapiran-kapirun, sabab wis bisa golèk pangan dhewe. Kajaba saka iku, bocah wadon kuwi mêsthi ana dayane pênarik, lan saka sêsrawungane sabên dina karo kănca-kancane nyambutgawe, sapa wêruh suwe-suwene salah siji kancane banjur kêtarik atine, awit: witing trêsna saka kulina, iya kulina sêsrawungan sabên dina kuwi mau. Nèk ana ing omah bae, arêp sêsrawungan karo sapa. Nèk wong tuwane sugih bêgja-bêgjane sêsrawungane iya karo ... supire. Mara, apa ora bêcik bocah wadon nyambutgawe, sanadyan sing rupane ala pisan.

Petruk : Bab prakara jodho kuwi manusa ora bisa gawe, kabèh-kabèh mung saka krêsaning Pangeran. Mulane bab kiyi ora prêlu dirêmbug dawa-dawa. Kowe mau ngandhakake bocah wadon kang èlik bangêt rupane. Kanthi katêranganamu sing ngalur-alur mau, kowe arêp ambuktèkake, yèn luwih bêcik nyambutgawe ana ing kantor katimbang ana ing omah bae. Nèk pancèn kabênêran kaya kandhamu mau, bisa uga yèn tibane mêngkono, nanging kosokbaline rak bisa malah ora kêpenak kêdadeyane, kaya ta: ing sarèhne ana ing kantor pirang-pirang sêsrawungane, dadi banjur akèh wong sing wêruh, kuwi bisa uga banjur dadi rêrasanan mangkene: wah, prawane Mas Mangun kae, wis rupane ala ora karu-karuan, kênèse ngudubilahi, apa rumasane anggêr wong dhêmên karo dhapure apa, dikon ngingu kanggo padang bae, nèk aku ora sondèl. Seje karo yèn ana ing omah bae, ora tau mêtu-mêtu, dadi arang sing bisa srawungan, kuwi nèk ana wong sing wêruh, anggone ngrasani malah mangkene: prawane Mas Mangun kae bênêr ala rupane, nanging, wah, anggone doyan gawe, tur bêkti nyang wong tuwa, pantês ingalêmbana têmênan. Duwea anak lanang mêngkono, aku kok kêpengin ngêpèk mantu. Lho, kuwi bêgjane bocah wadon ana ing omah, wong iya ora akèh sing wêruh, sing ala kuwi sok banjur ora kêtara, sing mêtu ana ing jaba, banjur sok mung sing bêcik bae.

Garèng : Wayah, nèk ngomong banjur diingar-ingêr mêngkono, iya wis mêsthi bae, yèn sing bêcik dadi ala, sing ala dadi bêcik. Wis, Truk, tak banjurne rêmbugku ing ngarêp. Saiki nèk bocah wadon kang nyambutgawe mau rupane ambalindrik ayu, wah, mêsthi cêpak bangêt jatukramane. Sabab banjur akèh sêsrawungane, dadi sadhela bae banjur kêwruhan mungguh ayuning rupane. Apa ora mak: gèndhêl, banjur olèh jodho bae.

Petruk : Iya bisa uga mangkono, Kang Garèng, nanging ing sarèhning mêtu sakolah, ujug-ujug banjur nyambutgawe bae, dadi durung tau: praktèk, nyambutgawe ana ing omah, apa sabanjure ora têtêp jênêng: wong wadon larang.

--- 632 ---

CANGKRIMAN VOLKSALMANAK

(Sambêtipun Kajawèn No. 40)

Ingkang angsal ganjaran:

28e. Prijs R.M. Soetojo, Kolonist Gadingrejo, Pkt. Tanjung Karang ... f 25,-

29e. Prijs Achmad, p/a H.I.S. Pasundan, Kerkstraat 47, Mr. Cornelis ... f 10,-

30e. Prijs D. Soedjanapria, 2e, Volksonderwijs, Ciherang, Tanjung Sari, Sumedang ... f 10,-

31e. Prijs Januar Sjahboedin, partikulir binnenweg 7, Sarulangun, Jambi ... f 10,-

32e. Prijs R. Soekardi, bêkas murid I.S. Kasiyam Kidul, Ond. Pugêr, Balung, Jember ... f 10,-

33e. Prijs Personeel Kantoor Rijkskas, Kepatihan, Surakarta ... f 10,-

34e. Prijs Wiro-Djono, p/a Kantoor Rijkswerken, kamp. Sungkur, Klaten (N.I.S.) ... f 10,-

[Grafik]

Inginggil punika ngêwrat gambaripun tuwan-tuwan ingkang sami anjênêngi panggêbagipun cangkriman Volksalmanak 1938. Gambar saking têngên mangiwa: Tuwan Dr. K.A.H. Hidding, Hoofdambtenaar Bale Pustaka, R.T.A. Hassan Soema di Pradja, Bupati Bêtawi, Dr. J. Doorenbos, Taalambtenaar Bale Pustaka, Hamid, wakil Pemandangan, A. Kansil saking Perasaan Kita lan Sanoesi Pane saking Kebangunan. Ingkang sami ngadêg ing wingking, punika sadaya ambtenaar ing Bale Pustaka

35e. Prijs M. Wiradiredja, Particulier, Kamp. Serut, Sukasenang, Bojongsalam, Garut ... f 10,-

36e. Prijs Aminoellah, B. 17 No. 6, B.P. Mij, Pangkalan Brandan (O.v.S) ... f 10,-

37e. Prijs Mohd. Salim, Haltechef b/d. A.S.S., Meureudu, Aceh ... f 10,-

38e. Prijs Darmoatmodjo, p/a King Gwan Tjwan Tjin & Co, Postbox 156, Surabaya ... f 10,-

39e. Prijs Marlijah, Guru merenda, Patumbah Mij., Senembah, Medan ... f 10,-

40e. Prijs Sastromihardjo, Volksonderwijzer, Sedayu, Gunungpati, Ungaran, Semarang ... f 10,-

41e. Prijs Idham, Magazijn Gemeentewerken, kamp. Keles Gd. I. Probolinggo ... f 10,-

42e. Prijs R. Ngadiman, Klerk S.D.S., Masigitweg 25, Purwokerto ... f 10,-

43e. Prijs M. Mh. Sapari, kamp. Kropeak, desa Tegalsari. onderd. Wanaraja, Garut ... f 10,-

44e. Prijs Tengku Moehd. Heder, p/a Tengkue Amir Hoesin, Landraad, Palembang ... f 10,-

45e. Prijs K. Kartosoebroto, Kepala Vervolgschool, Danasrikidul, Kroya ... f 10,-

46e. Prijs S. Hoetapea, Cranie, N.K.P.M. Jambu, Z.S.S. Karangendah, Palembang ... f 10,-

47e. Prijs R. Soekapmin Dibjowinoto, Handelaar, Wonosari, Jokya ... f 10,-

48e. Prijs Soedjatmadisastra, Kuwu desa Pasiripis, onderd. Jatitujujuh, (Majalengka) Jatiwangi S.C.S ... f 10,-

49e. Prijs Djais, Guru I, desa Gepor, Sukareja ... f 10,-

50e. Prijs G. Mar'ie, toko No. 97, Handelaar, Tembilahan ... f 10,-

51e. Prijs Asnawi bin Hadji Napis, berjual ikan, kamp. Melayu, Tembilahan, Indragiri ... f 10,-

52e. Prijs I. Made Mantra, Klerk Centraalkantoor v/d. Comptabliliteit, Goaweg Gang voor Radiostation, Makassar ... f 10,-

53e. Prijs Djoedin Siregar, Latex ontvangen cranie, Afd. 5, Serang Jaya, Est., Kualasimpang (Aceh) ... f 10,-

54e. Prijs Ms. Idoep Onol, Empl. Coop. Usaha Kita, Tanjungredep (Boreno) ... f 10,-

55e. Prijs Datan Napitoepoeloe, mantri O.Z.R., Bulucina, Binjai, O.v.S. ... f 10,-

56e. Prijs Nining Soewarni, Kassier, desa Coblong, Gang Haji Durasid No. 10, Bandung ... f 10,-

57e. Prijs Djahidin glr. St. Zainoeddin, Volksonderwijzer, Calang (Aceh) ... f 10,-

58e. Prijs Abdoel Ganibinoe, Schrijver b/d. Strafgevangenis en H.v.B., Percutweg 70, Medan ... f 10,-

59e. Prijs M. Soepomo, Beheerder P.T.T., Baturosa ... f 10,-

60e. Prijs Soenana'ir, Patoman, Ambarawa (Willem I) ... f 10,-

61e. Prijs Moehd. Ali bin Moehd. Amin, Penghulu kamp. Benteng, Siak Sri Indrapura ... f 10,-

62e. Prijs Ismail, berkedai nasi, Penuba, Lingga (Riouw) ... f 10,-

63e. Prijs T. 'Arbie, Schrijver Controleurkantoor, Kutaraja (Aceh) ... f 10,-

64e. T. Hasan, Landschapsschrijver Kaway XVI, Meulaboh, Westkust van Aceh ... f 10,-

65e. Prijs Erriet Esther Tiugon, Verpl. polikliniek Airmadidi, Tonzea, Menado ... f 10,-

66e. Prijs Moehd. Hoesin, Hulponderwijzer Vervolgschool, Sampit, Afd. Kapuas-Barito, Banjermasin (Borneo) ... f 10,-

67e. Prijs R. Darisman, Pembantu pasar, Sambi, Banyudono, Boyolali (Surakarta) ... f 10,-

68e. Prijs R. Tatang, Tani, Saluwih, Cianjur ... f 10,-

69e. Prijs S.R. Sastro, Meulaboh, Aceh ... f 5,-

--- 633 ---

[Iklan]

70e. Prijs Halil No. 22005, Meetmandoer Afd. Terrein dienst, p/a Niam, Bajubang, Jambi ... f 5,-

71e. Prijs Boki Soleman, Radio straat, Posso (Tominibocht) ... f 5,-

72e. Prijs Moehd. Djawahir, Volksonderwijzer Tegalomba, Pacitan ... f 5,-

73e. Prijs Boekhandel "Skata", Berastagi ... f 5,-

74e. Prijs Hasanoe'ddin, Hulponderw. Pasarstraat Singkil (Aceh) ... f 5,-

75e. Prijs M. Zen, Aannemer kayu, Kamp. Lubuk, Sarolangun ... f 5,-

76e. Prijs Siti Marian, 11. H.I.S. Cimalaka, Sumzdang ... f 5,-

77e. Prijs S. Kartamihardja, Kebonklapa-Mojokerto, Meester-Cornelis ... f 5,-

78e. Prijs Enni, rumah no. 7 dimuka Tanah Voetbal B.P.M. Pangkalan Brandan ... f 5,-

79e. Prijs Sian gelar Menaro Sutan, Guru I pada Volksschool Indrapura, Pkt. Tepan ... f 5,-

80e. Prijs M. Ng. Ach. Saleh, Schrijver b/h Jaksakantoor Jember ... f 5,-

81e. Prijs Sarpingi al. Nitihardjo, Mandur fabriek C.O. Danuraja, Pasirian ... f 5,-

82e. Prijs Rd. Kartamihardja, 1ste Onderw. Volksschool Ciwalen, Cianjur ... f 5,-

83e. Prijs R. Oemar, c.o. Landschaps-Hospitaal Peureula (Aceh) ... f 5,-

84e. Prijs Karani bin Loedin, Walangku Barabai (Borneo) ... f 5,-

85e. Prijs Mohd. Mochtar, Korpl. Asp. Officier b/h. Korps Barisan Pamekasan ... f 5,-

86e. Prijs Darna, c/o Jalan Pagarsih No. 111/89, Bandung ... f 5,-

87e. Prijs Djarot al Sastrodirdjo, Tambakrejo, Madiun ... f 5,-

88e. Prijs Abdoe'rrachman, Looper Notaris C.J.J. Gottgens, Cremerweg No. 14, Medan ... f 5,-

89e. Prijs Kasmadi p/a K.P.M. Jambi ... f 5,-

90e. Prijs Kartosoedigdo, Beheerder Pandhuisdienst Kuduran, Ngawen ... f 5,-

91e. Prijs Ading, Kleermakerij Nicotiana Capitol I Sukabumi ... f 5,-

92e. Prijs Kamidoen, Agt. V.p. No. 86 (Kazerne Veldpolitie) Pariaman ... f 5,-

93e. Prijs Timbal al. Partadiwirdjo, Kepala desa Merden, Prembun ... f 5,-

94e. Prijs Soedijono, Amtenaar S.C.S.Cheribon ... f 5,-

95e. Prijs Samioen p/a Noerhasan, schrijver Ass. Wedana Ligung (Majalengka) ... f 5,-

96e. Prijs A. Mizland, Houtopnemer b/h Boschwezen, Muarastraat, Air Bangis (S.W.K) ... f 5,-

97e. Prijs Hardjasentana, Jav. Inf. 1e kl. Alg. Stb. No. 16505, 3e. Garnz. Baton van A en O Detachement Langsa ... f 5,-

98e. Prijs A. Rahim Haroen, Hulpbesteller, Pasebanstraat, Marma (Benkulen) ... f 5,-

99e. Prijs Mitrasoemarta, Jagal, Pringgading (Solo) ... f 5,-

100e. Prijs Dja'afar Abdoellah, guru Deniyahschool Rau-Rau, Fort v.d. Capellen ... f 5,-

101e. Prijs Moh. Sanoesi, Hoedenmaker, Cibantar No. 3 blok 11c. Bandung ... f 5,-

102e. Prijs 'Abdoe'rrasjid, Volksonderwijzer, Sungai Langsat, Sijunjung (S.W.K) ... f 5,-

103e. Prijs R. Soekarman, Guru Merbabustr. Gang Suparwi No. 6, Madiun ... f 5,-

104e. Prijs R. Moh. Bazar-Ma'aroef, guru Muhamm. School, Pekarungan 90-Cheribon ... f 5,-

105e. Prijs Moeh. Mansoer al. Didi, Marktmeester Sumedang ... f 5,-

106e. Prijs Sastrowirjono, Kepala sek. Volkssch. Made, Onderdistr. Slogohimo, Regentschap Wonogiri, Surakarta ... f 5,-

107e. Prijs Eddoet, Diestributie kantor Nove, Wenkebackstr. No. 28, Bandung ... f 5,-

108e. Prijs Prawirosardjono, Jineman pangreh projo, Giritontro, Baturetno ... f 5,-

109e. Prijs Amat, Politieagent kl. II no. 50, Pontianak ... f 5,-

110e. Prijs Ngarso, murid madrasah B. Selamat, onderneming Bandar Selamat, Pulau Raja ... f 5,-

Badhe kasambêtan.

--- 634 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

[Grafik]

Badhe wontên tamu saking Yaman. Wontên wartos, awit saking kajêngipun golongan Arab ing Bêtawi, gadhah sêdya badhe ngaturi Pangeranpati saking Yaman (kacêtha ing gambar) ingkang sapunika nuju wontên ing Tokio anjênêngi pambikaking masjid agêng ing Tokio. Ing pangangkah benjing sawangsulipun saking Jêpan mampira tanah ngriki.

Suntikan ingkang kawajibakên. Wiwit kala tanggal 9 wulan punika, ing bawah ondêr dhistrik Cikalong Wetan, Bandung, têtiyangipun ingriku sami kawajibakên suntik. Wontên kawan dhusun ingkang kêdah katindakakên makatên. Tindak suntikan punika botên jalaran ingriku kathah tiyangipun ingkang sami tiwas, nyatanipun jalaran ingriku pinanggih kathah tikusipun ingkang sami pêjah.

Angsal-angsalanipun pabeyan ing Surabaya. Angsal-angsalanipun pabeyan ing Surabaya ing salêbêtipun wulan April taun punika wontên f 1.762.438,42. Kala wulan April taun kêpêngkêr wontên f 1.881.398.64, dados pinanggih suda. Angsal-angsalan wiwit wulan Januari dumugi April 1938, wontên f 7.491.568.85. Pêpetangan makatên ing taun 1937 wontên f 7.314.204.86, dados racakipun taksih langkung kathah ing taun punika.

Manggih mayit ing pucaking rêdi Lawu. Satunggiling bangsa Eropa ingkang nuju minggah rêdi Lawu, nalika dumugi ing pucak manggih miyitipun tiyang siti 2 wontên pucaking rêdi. Bab punika lajêng dipun lapurakên dhatêng pulisi, salajêngipun dipun bêkta dhatêng Surakarta badhe kapriksa. Mayit wau mayitipun tiyang agami Budha. Dene sababipun tiwas, jalaran katêmpuh ing ampuhan.

Ir. Soekarno sampun dumugi ing Bênkulên. Ir. Soekarno ingkang kapindhah saking papanipun lami dhatêng Bênkulên, ing sapunika sampun dumugi ing Bênkulên, wilujêng.

Sêsakit untu jalaran saking toya. Pangagêng ingkang ambawahakên Segalaherang, kalêrês sukuning rêdi Tangkubanprahu, Priyangan, amigatosakên dhatêng wontêning têtiyang ing laladan ngriku anggèning sami sakit untu. Sarêng bab punika kalapurakên dhatêng Pakaryan babagan Kasarasan, miturut papriksanipun Dr. Ouw Eng Liang, jalaraning sêsakit untu ingriku saking toya ombèn. Têtiyang ingriku ingkang sakit untu wontên 10.000.

Islamitische Theologisch Hooggeschool. Ing Ngayogya mêntas wontên parêpataning para golongan Muhammadiyah saking pundi-pundi, ingkang wosipun ngrêmbag bab badhe adêging Islamitische Theologisch Hoogeschool. Gêlênging rêmbag: Muhammadiyah Bêtawi badhe ngagêngakên pamulangan têngahan ingkang sapunika sampun wontên, Surabaya badhe ngêdêgakên Theologische Volksuniversiteit kangge têtiyang sêpuh, tuwin murid-murid saking pondhok, ing Surakarta badhe dipun dêgi Theologische Hoogeschool, anampèni murid saking A.M.S. tuwin sanès-sanèsipun ingkang kasamèkakên. Waragading adêgipun pamulangan wau dipun sanggi dening Wakafstichting. Miturut wartos wontên bangsa luhur ing Surakarta ingkang badhe paring darma kangge adêging Theologische Hoogeschool wau f 10.000,-.

Sêkar mêlathi ing Cirêbon. Ing wêkdal punika dagangan sêkar mêlathi ing Cirêbon sakalangkung majêng, rêginipun ngantos nyêngkrèk sangêt, rumiyin ingkang sakatos namung rêgi f 0.40 sagêd ngantos pajêng f 1.-. Sêkar wau sami dipun tumbasi ing bangsa Tionghwa kangge ngukup tèh. Têtiyang ingkang nanêm ngantos dasanan bau, wontên ing dhusun Kalitanjung, Pasisir, Cangkol tuwin sanès-sanèsipun.

Mangsa katiga ingkang badhe kêlampahan. Miturut tandha-tandha ingkang pinanggih ing Observatorium ing Bêtawi, kêtiganipun ing mangsa punika badhe sakalangkung ngêrak, nanging ugi wontên tandha-tandhanipun ingkang sagêd ngewahakên.

Pamulangan luhur Dokter. Katêtêpakên dados arts, tuwan-tuwan Soedarsono Mangoenhadikoesoemo tuwin M. Goenawan. Lulus doktoraalexamen, nona Oejoe Roebaah tuwin tuwan-tuwan Lauw Ing Tjhiong, Oey Yan Hong, Ramli, Tio Sie Bing tuwin L.L.Tobing.

Congres Muhammadiyah ingkang kaping 27. Miturut wartos, congres Muhammadiyah ingkang kaping 27 badhe manggèn ing Malang, wontên ing tanggal 21 Juli ngajêng punika.

O.L. Mij. Rukti Wuri. Kala tanggal 15 wulan punika O.L. Mij. Rukti Wuri ing Ngayogya ngawontênakên pèngêtan adêging bêbadan wau sampun 10 taun. O.L. Mij. Rukti Wuri punika adêgipun kala ing taun 1928, dipun adani dening R.A. Maria Soelastri, vrudvrouw ing Karaton. Miturut palapuran ing taun 1937, warganing pakêmpalan wau sampun wontên 669, isi têtanggêlan jiwa f 225.200.-.

Padagangan payung ing Juwiring. Dumuginipun wêkdal punika padagangan payung damêlan ing Juwiring, Klathèn saya majêng. Miturut pèngêtan, kala ing taun 1936 namung ngêdalakên 1000 iji, ing taun 1936 mindhakipun ngêgèt, ngantos 120.000 iji, sarêng taun 1937 mindhak dados 180.000 iji. Rêgining payung wêdalan ingriku 1 iji 5 sèn, 18 sèn tuwin 35 sèn, manut undha-usuking barang. Rumiyin pakaryan wau namung dipun tindakakên ing têtiyang 5 dhusun, ing sapunika mindhak dados 9 dhusun. Pakaryan punika dados wawasanipun priyantun Pangrèhpraja.

Dipun sumêrêpakên nanggulangi bêbaya saking gêgana. Awit saking kêparêngipun ingkang wajib, para murid pamulangan ing tanah ngriki sami badhe dipun wulang cara-caraning nanggulangi bêbaya saking gêgana. Ing bab punika Departement Pangajaran miji tuwan Van Leeuwen ngarang buku minangka pitêdah, ingkang salajêngipun dipun êcakakên kangge wulangan wontên ing pamulangan.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus doctoraal examen perangan III, tuwan Boerhanoedin.

Ngewahi ukuman. Bangsa Batak nama A. tuwin H. ingkang karampungan ukum pêjah jalaran dosa amêjahi tiyang 3, sami kaewahan kaukum kunjara salaminipun gêsang.

Sultan Johor badhe rawuh tanah Jawi. Wontên wartos, panjênênganipun Sultan Johor ingkang sapunika nuju pêpara wontên ing Sumatra, badhe anglajêngakên pêpara dhatêng tanah Jawi tuwin Bali. Ingkang andhèrèkakên Dr. Paglar, dokter karajan tuwin Luitenant Abdul Kadir bin Haji Moh. Said.

--- 635 ---

Klas H.B.S. ing pamulangan Mulo. Kados ingkang sampun nate kawartosakên, Parentah ngawontênakên cobèn-cobèn ing pamulangan Mulo dipun wontênakên klas momoran kangge H.B.S. Ing bab punika sampun kacobi wontên ing Makasar. Manawi pacobèn wau sampun dumugi, lajêng ngawontênakên ing sanès panggenan. Miturut wartos pacobèn ing Makasar wau muridipun namung sakêdhik. Ingkang punika lajêng katêtêpakên bilih tumrap ing Palembang tuwin Padang badhe botên kawontênakên klas ingkang kados makatên.

Nyuwun sêsêbutan R.M., Rr. Ajêng tuwin R. Ayu. Wontên wartos, bilih para darah Karaton Ngayogya graad 5 sami gadhah atur kawrat sêrat konjuk ing Saandhap Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, lumantar Parentah Kraton, supados para darah Kraton graad 5 sami kaparêngakên nggadhahi sêsêbutan Radèn Mas, Radèn Ajêng tuwin Radèn Ayu.

Bangsa Jêpan badhe damêl palmbeach tuwin gabardine. Tuwan Shigeru Sato, ingkang anggadhahi kabudidayan-kabudidayan tuwin autobus ing laladan Garut, gadhah sêdya badhe ngêdêgakên pabrik agêng adamêl palmbeach tuwin gabardine. Sêdyanipun tuwan Sato ingkang makatên wau kamanah botên badhe angêjori pabrik tênun sanès-sanèsipun, amargi ing tanah ngriki dèrèng wontên pabrik ingkang kados makatên.

Gêgêntosipun Prof. Schepper. Ing salêbêtipun Prof. Mr. J.M.J. Schepper, mahaguru ing Pamulangan luhur Pangadilan ing Bêtawi verlof, wiwit tanggal 23 Augustus ngajêng punika, ingkang anggêntosi Mr. W.F.C. Hattum, ambtenaar ter beschikking tumrap Procureur Generaal, nindakakên tumrap pangajaran babagan Nederlandsch Indisch Strafrecht tuwin criminologie.

Inggah-inggahan saha ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, M. Soeprobo ugi nama M. Soeprobo Prawirodimoeljo, asistèn wêdana ngrangkêp padamêlan regentschaps-secretaris klas 2 ing Lamongan, paresidhenan Bojonegoro, dados asistèn wêdana paresidhenan Kediri. Soenari Sastrohadisoerjo, tijd. wd. asistèn wêdana paresidhenan Kediri, dados tijd. wd. asistèn wêdana ngrangkêp padamêlan regentscapssecretaris klas 2 ing Lamongan. M. Soekari, rumiyin tijd. wd. wêdana ing Gendingan kabupatèn Ngawi, paresidhenan Madiun, dados tijd. wd. asistèn wêdana paresidhenan Surabaya. R. Abdoerasid Koesoemodiwirjo tijd. wd. asistèn wêdana paresidhenan Bêsuki, dados tijd. wd. asistèn wêdana paresidhenan Madura, R. Soekantomo Notohardjosoebroto, asistèn wêdana paresidhenan Malang, dados asistèn wêdana paresidhenan Bêsuki. Sarmin Sastrohadikoesoemo, tijd. wd. asistèn wêdana paresidhenan Surabaya, dados tijd. wd. asistèn wêdana paresidhenan Malang. M.M. Soetjoko alias Prawirosoeparto, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi paresidhenan Malang, dados asistèn wêdana paresidhenan Surabaya.

ASIA

Tandangipun wadya Tiongkok saya waringutên. Wadya Tiongkok ing sisih kidul mêntas adamêl kèrêming kapal torpedo Jêpan tuwin andhawahakên motor mabur tiga dhawah ing lautan Tiongkok sisih kidul. Kajawi punika lajêng tuwuh kêbêsmèn ing kapal pêrang Jêpan sanèsipun, ing salajêngipun kèrêm. Kajawi punika sagêd ngrisak parimatan bènsin tuwin pasimpênan obat mimis. Papan anggêgana Jêpan ing sakidul Makao ugi kenging karisak. Kajawi punika taksih kathah karisakan-karisakan ing babagan wadya lautan Jêpan ingkang dipun têmpuh dening wadya Tiongkok.

AMERIKA

Kawontênanipun têtiyang angguran. Miturut wartos saking Washington, pêpetanganipun têtiyang angguran ing Amerika wontên 5.833.000 ingkang babarpisan botên gadhah padamêlan, 2.000.000 lantaran kasangsaran tuwin 3.200.000 ingkang saperangan botên gadhah padamêlan.

Ngagêngakên wadya lautan. Parentah Amerika Sarekat sampun nayogyani undhang-undhang ngindhaki agênging wadya lautan kanthi waragad 231.000.000 pondsterling, tuwin bab punika supados lajêng dipun tandhatangani dening presiden rumiyin.

AFRIKA

Tanah Ngabêsi dèrèng têntrêm. Miturut wartos kawontênanipun ing tanah Ngabêsi dèrèng têntrêm, tansah wontên kemawon tindak para cidra ingkang tuwuh saking bangsa Ngabêsi. Mêntas wontên upsir Italie 5 tuwin saradhadhu 28 sami dipun têmpuh ing salêbêtipun wulan Juni ngajêng punika.

Kasingkirakên dhatêng Digul. Miturut wartos saking Bogor, kawrat ing Gouvernementsbesluit, wontên golongan Partij Republiek Indonesia cacah 9 sami dipun singkirakên dhatêng Boven-Digul.

NAGARI WALANDI

Pêparingipun Nata Belgie dhatêng Putri Beatrix. Kawartosakên, panjênêngan Nata Belgie amaringi barang dhatêng Putri Beatrix awarni padandosan sarwa êmas ingkang winadhahan ing kothakan sakalangkung adi, mawi rinêngga-rêngga ing pita sulaman Belgie, amujudakên tandha kaluhuran tuwin mawi gambaring wapendalêm Sripaduka Prinses Juliana.

Wangsulan tandha tarimakasih. Sripaduka Prinses Juliana sakalihan Sripaduka Prins Bernhard amahyakakên tarimakasih lumantar pers dhatêng ingkang sami amigatosakên ing kala paargyan pambabtisdalêm Putri Beatrix.

Kaangkat dados Jendral Mayor. Wiwit tanggal 13 Mèi punika kaangkat dados Jendral Mayor, A.A.G. Feuileteau de Bruys, tuwin ugi ing dintên wau, awit saking panyuwunipun piyambak, dipun kèndêli kanthi hurmat, kanthi angsal tarimakasih saking Parentah.

EROPA

Ruslan sade sanjata dhatêng Tiongkok. Wontên wartos bilih parentah Sovyèt Ruslan kala tanggal 9 wulan punika nandhatangani prajanjian kalihan wêwakil Tiongkok ing Moskou, suraosing prajanjian, Ruslan badhe ngintuni sanjata kathahipun 150.000 dhatêng Tiongkok. Ing tanggal 15 sanjata wau sampun kakintunakên. Miturut wartos, rêgining sanjata wau sampun dipun bayar sanalika 200.000 pondsterling, dene kêkantunanipun badhe kabayar wontên ing tanggal 1 Juni tuwin 15 Juni ngajêng punika. Dene gunggung rêginipun sanjata wau botên kacariyosakên.

Kasangsaran ing papan pamêlikan ing Inggris. Miturut wartos, papan pamêlikan arêng sela Markham, ing Duckmanton, Derbyshire, Inggris, wontên kasangsaran jêblosan ing salêbêting papan pamêlikan. Têtiyang ingkang pinanggih sampun tiwas wontên 28, nandhang tatu 39 tuwin 50 sami kêpêndhêm. Tuwuhing jêblosan wau anyarêngi nalika ing papan ngriku dipun tilar ing para jagi ing wanci dalu. Dene sababipun ingkang cêtha dèrèng kasumêrêpan. Salajêngipun miturut wartos ingkang kantun, têtiyang ingkang tiwas wontên 72.

--- 636 ---

Wêwaosan

I. Lêlampahanipun Wasili, anakipun Busli.

76

Enjingipun têtiyang ing Nopgorod anyadhiyakakên inuman bir tuwin anggur ijêm pintên-pintên pêthi kathahipun ingkang kangge angramèni wontênipun pahargyan. Salajêngipun nuntên milih papan jêmbar, kadèkèkan meja pasagi pintên-pintên ingkang sami dipun taplaki pêthak, saha lajêng nyêdhahi sadaya tiyang ing kitha ngriku, supados sami ngêmpal prêlu kaajak nêdha tuwin ngombe sêsarêngan. Ngêmungakên Wasili piyambak ingkang botên tampi sêdhahan. Ingkang makatên punika adamêl nêpsunipun Wasili, awit rumaos bilih piyambakipun dipun sêpèlèkakên dening sadaya tiyang ing saindênging kitha Nopgorod ngriku. Amila kêncêng niyatipun sumêdya malês ukum dhatêng têtiyang ingkang sami adamêl ada-ada ngawontênakên pahargyan wau. Ing wusana Wasili lajêng nêdha pamit dhatêng ibunipun supados kasukanana palilah dhatêng pahargyan ngriku, sanadyan piyambakipun botên angsal ulêm. Nanging ibunipun botên amrayogèkakên, sarta wicantên makatên:

Kowe ambok aja têka, gèr anakku, awit sing padha têka mrono kuwi rak mung wong-wong kang padha diulêmi. Balik kowe rak ora diundang babarpisan. Ingatase kowe ora diulêmi, apa iya ora isin yèn nganti têka ing pahargyan kono.

Nanging Wasili kêncêng niyatipun nêdya anuruti punapa ingkang dipun kajêngakên, amila lajêng namung amangsuli makatên:

Ibu, mugi paringa pangapuntên dhatêng kula, nanging kula mêksa badhe dhatêng ing pahargyan punika. Ibu sampun kuwatos bilih wontên ing ngriku kula nêdya pasulayan, botên pisan-pisan, ibu. Ing ngriku kula badhe linggih ing panggenan ingkang kaprênahakên kangge kula, lan kula badhe nêdha tuwin ngombe punapa kemawon ingkang ing mangke badhe kasukakakên dhatêng kula.

Sasampunipun cariyos makatên wau, Wasili saandhahanipun lajêng tumuntên bidhal. Sadumuginipun ing papan pahargyan, sarêng Wasili nyumêrêpi para pangagênging kitha sampun sami lênggah wontên ing ngriku, sanalika punika piyambakipun lajêng supe dhatêng punapa ingkang sampun kajanjèkakên dhatêng ibunipun. Kanthi nyampluki ngiwa nêngên, Wasili lumêbêt ing papan pahargyan wau, saha lajêng ngupados papan linggih wontên ing nginggil, inggih punika papan ingkang sajatosipun kasadhiyakakên kangge pangagêng. Tindakipun Wasili ingkang makatên wau, adamêl nêpsunipun para têtiyang ingkang sami wontên ing ngriku sadaya, lan salajêngipun nuntên wontên salah satunggal ingkang wicantên makatên:

Sing sapa diulêmi, têkane mrene ditămpa kanthi bungahing ati, nanging sing sapa ora diulêmi, ora patut bangêt saupama milua linggih ing kene.

Mirêng wicantên ingkang makatên wau, Wasili lajêng mênyat saking papan palinggihanipun, nyandhak gêlas agêng isi anggur, saha lajêng ngucap makatên: muga-muga kutha Nopgorod iki bisaa widada salawas-lawase. Sasampunipun Wasili anglairakên ucap-ucapan ingkang makatên wau, lajêng ngombe angguripun namung sapisanan kemawon. Nanging sarêng Wasili sampun kalêbêtan anggur sagêlas agêng wau, rahipun lajêng umob saha tanpa dugi prayogi piyambakipun lajêng ngumbar suwara makatên:

He, wong-wong ing Nopgorod kabèh, ngrêtia, yèn kowe kabèh iku mula padha wong cubluk, wong bodho. Sanadyana kowe arêp tumindak apa bae, ora wurung kutha iki mêksa bakal tiba ing panguwasaku. Wong sanagara iki mêsthi bakal padha ambayar pajêg nyang aku kabèh, para sudagar mănca kang padha among dagang ing kene, mêsthi bakal ngêlungake sêpuluh prêsèn saka bêbathène nyang aku, lan aku, Wasili, kang bakal nguwasani nyang kowe kabèh.

Têmbungipun Wasili ingkang sayêktos kirang dugi prayogi punika, saya adamêl mrêkitikipun sadaya tiyang ingkang sami wontên ing ngriku, ingkang salajêngipun nuntên sami cariyos makatên:

Wasili, kowe kuwi isih bocah, mulane calathumu clêmang-clêmong. Ora bakal yèn nganti bisa kalakon Nopgorod têluk nyang rupamu, kosokbaline: aku kabèh ora rila yèn kowe arêp dêdunung ana ing kutha kene salawase, jalaran saka iku kowe tak wènèhi inah tumêkane sesuk-esuk, kudu wis lunga saka kene. Dene yèn sesuk awan kowe isih katon ana ing kene, kowe bakal tak kêthok gulumu.

Badhe kasambêtan.

--- 81 ---

No. 21, 21 Mèi 1938, Taun III

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

KASÊNÊNGANING BOCAH

Panêmune Yono kapêksa dianggêp bênêr dening gurune.

Wis jamak lumrahe yèn bocah lagi anduwèni kasênêngan, wah, ana ngêndi bae sing dieling-eling utawa sing dikandhakake ya mung kasênêngane iku mau. Kaya sing arêp dakcaritakake, yaiku salah sijining kêponakanku aran Yono.

Anuju sawijining dina ing klas panggonane Yono, pinuju diwulang etung. Ananging ora kabèh murid padha ngrungokake. Bokmanawa sabab ing jaba hawane silir kêpenak, ana kang sêlak kêpengin dolanan ana ing jaba, katimbang karo kon etung. Mêngkono uga si Yono ora nyêmak, ora ngrungokake piwulanging gurune, awit lagi mikir-mikir liya. Dhèwèke kêpengin duwe têrwèlu akèh, jalaran sênêng bangêt nyang kewan mau. Ora mung kêpengin sing putih bae, uga sing irêng lan klawu. Ananging kewan-kewan mau rak ya ana rêgane, mangka dhèwèke ora duwe dhuwit, dadi mung narima ngeling-eling têrwèlu bae, sanajan iku wayahe mikir etung. Pamikire mangkene: "E, bokmanawa, Bu Mar maringi siji, besuk tahunanku, yèn aku nyuwun, lan bokmanawa mbah kakung lan mbah putri uga maringi nyiji-nyiji ... "

Kocapa, gurune wêruh, yèn Yono ora ngrungokake kang diwulangake, ujug-ujug banjur calathu: "Yono, kandhaa barès, kowe lagi mikir apa?"

Yono kagèt, sanalika raine abang, nanging ora pisan-pisan duwe niyat arêp goroh, nuli mangsuli: "Kula sawêg ngèngêt-èngêt têrwèlu, pak Guru."

Murid-murid liyane padha nggêguyu, nanging si Yono ora mêrduli. Awit dhèwèke kandha sanyatane, ora goroh. Karo manèh gurune uga ora ngguyu. Gurune banjur pitakon: "O, saiki coba, apa kowe bisa ngetung, yèn etungane bab têrwèlu."

Bocah-bocah saklas padha surak, ananging si Yono ora mèncêp ora mèsêm, jalaran dhèwèke arêp mêmpêng anggone mikir.

Calathune gurune: "Rungokna, apa kowe ing omah duwe kandhang têrwèlu? Kandhang kang gêdhe?"

Wangsulane Yono karo bungah: "Inggih, pak Guru, kandhang têrwèlu, kula inggih gadhah, wah agêng sangêt pak Guru."

Gurune calathu manèh karo mèsêm: "Bagus. Saiki upamakna aku dina iki mènèhi kowe têrwèlu papat, nanging aku banjur thukul pamikirku mangkene: "Ach, papat ya isih kêsêthithikên la wong kandhange gêdhe ngono." Esuke aku banjur mènèhi kowe têrwèlu lima manèh, kowe banjur duwe têrwèlu pira, Yono, mara kandhanana aku."

Bocah-bocah saklas padha ngacung kabèh, nandhakake yèn bisa kabèh, mung Yono kang isih lagi mikir-mikir.

Gurune calathu: "Ayo kabèh padha mênênga bae, aku ora takon marang kowe kabèh. Sing lagi tak takoni rak si Yono, Yono uga bisa."

Yono manthuk, nuli calathu: "Sêdasa, pak Guru."

Gurune gèdhèg, bocah-bocah liyane ngacung manèh.

Calathune Gurune: "Yono, cuwa, dene kowe mêngkono. Ing kandhangmu rak banjur mung ana têrwèlu sanga, jalaran dhisike aku

--- 82 ---

ndokoki 4, banjur 5, gunggung rak iya sanga ta, No!"

Wangsulane Yono: "Inggih lêrês makatên, pak Guru, namung panjênêngan kêsupèn ngetang têrwèlu gadhahan kula piyambak ingkang sampun wontên ing salêbêting kandhang.

B.M.

TATA CARANE DHEWE-DHEWE

Upama kowe ngalih nyang liya panggonan utawa entuk libur banjur lêlungan nyang kutha liya, mêsthine rak ya pamitan karo gurumu lan kanca-kancamu ta. Dene cara-carane pamitan mau ya awèh tangan (tabikan), salaman utawa mung manthuk bae karo calathu mangkene: "Kêparêng, kêlilan utawa nyuwun pangèstu." Dene yèn karo kanca-kancamu ya mangkene: "Ya wis ya, karia slamêt."

Ananging ing nêgara-nêgara liya tata carane pamitan seje-seje manèh, kayata wong bangsa Turki yèn pamitan sidhakêp banjur manthuk utawa ndhingkluk. Wong Philippina yèn pamitan ngusap raine kancane. Yèn wong Indu seje manèh, niba ing ngarêp sikile kang dipamiti. Wong Burma anggone pamitan mung manthuk bae, prasasat mèh têkan dhêngkul.

Pamitane wong bangsa Jêpang luwih rowa manèh. Yèn wis mbênakake cênelane banjur sing dipamiti calathu mangkene: "Panjênêngan sapunika nilar griya kula ingkang asor punika, nêdya tindakan - ngêrtosa, manawi kula ngaosi sangêt dhatêng panjênêngan."

GAMPANG NING RÊKASA

Sêdulur-sêdulurku kabèh, coba yèn dina Ngahad utawa dina liburan, mlaku-mlakua ana dalan gêdhe, ning turut pinggir bae. Banjur nontona wong sing padha liwat pating sliri.

Ing kono wis ana pranatan lan dalane dhewe-dhewe ya kuwi kanggo uwong ing pinggir (trottoir) lan kanggo tungganan mêsthine ing têngah. Tamatna sing têmênan, mêngko rak ana wong sing milih mlaku ing dalan gêdhe utawa dalan motor sing dudu bênêre.

Rêkasane apa ta mlaku ing pinggir, mlaku kok nêngah-nêngah apa karêbèn disrèmpèt prag?

Wis kêrêp bae ana kasangsaran, kang jalaran saka mlaku dudu mêsthine.

Ing Surakarta mêntas ana pulisi padu karo bangsa Tionghwa ya prakara kuwi mau, dikon mlaku ing trottoir mbangkang. Jarene milih dalan aspalan sing alus gasik kabèh lan isis.

AMA KRAMBIL.

[Grafik]

Sêdulur-sêdulurku! mara dêlêngên, iki rupane ama krambil kang mêdèni dhewe; dudu kêwawung, sanyatane "Bruwang". Ing tanah Indragiri akèh bangêt kêbon krambil kang dirusak dening si bruwang iku. Coba dêlêngên gambar iki, wah! Mêdèni bangêt, kukune sing kuwat kuwi, ya!

Gambar iki golonganing Militair kang nulungi wong-wong tani lan bisa nyêkêl ama krambil mau.

Joesatno, Rengat.

BAB TÊMBUNG JÊMPOL LAN KAMPIYUN

Wus sawatara taun suwene akèh kanca-kanca kang sok nganggo pocapan padinan, têmbung jêmpol. Mirid saka surasane ukara kang diucapake, wêrdine têmbung jêmpol mau = pinunjul utawa bêcik bangêt.

Mungguh saka panêmuku, jalaran anjrahe têmbung jêmpol mau lagi bae durung pati suwe, bibit sakawite têmbung jêmpol mau diucapake dening kanca-kanca kang padha mangêrti têmbung Walanda, mirid

--- 83 ---

saka bêbasan têmbung Walanda "Iets op zijn duim weten of kennen."

Ing bêbasan kono têgêse têmbung jêmpol iku: pana, paham utawa apal. Dadi saêdêg-saênyêt utawa sanalika bisa narbukani bab kang angèl utawa samar.

Têmbung kampiyun, uga sok kanggo pocapan padinan, sarta surasane uga gêbug karo pênthung bae, karo têmbung jêmpol kang kapratelakake ing dhuwur.

Mungguh sanyatane têgêse têmbung Walanda kampiyun iku 1 wong kang kêndêl pêrang; 2 wêwakil pêrang; 3 kang nanggulangi panêmpuhing mungsuh; 4 wong kang sabên-sabên têtandhingan (bangsane ulah raga) tansah mênang bae.

Soetana, Dalapa.

WONG LORO PADHA BODHONE

Dhèk jaman biyèn dalan saka Bobotsari, regentschap Purbolinggo mênyang Randhudhongkal, Regentschap Pêmalang, isih awujud alas grêng, durung kêna diambah motor, dokar, kaya ing saiki. Mulane ora anèh, ing sauruting dalan ana gêrdhu pajagan, awit ing wêktu samono isih rusuh, durung têntrêm kaya saiki.

Kocapa gêrdhu ing Kêdhung Gêsing, desa Tlahab Lor, ing sawijining bêngi dijaga ing wong aran pak Sabud. Wong mau bodhone bangêt, ananging kumintêre ora jamak, sapolah-tingkahe karêpe ora gêlêm kalah karo sapadha-padhane. Ing nalika kancane pak Sabud durung padha têka, kira-kira wayah jam 8 bêngi, ana wong liwat, wong mau aran ki Sura, asli saka desa Sumampir bawah onderdhistrict Rêmbang, wong mau lungane saka ngomah nêdya mênyang Têgal, sêdyane mung arêp golèk pangupajiwa, ki Sura mau wonge uga bodho bangêt, nanging atine rada wani (tatag).

Barêng têkan sangarêping gêrdhu panjagane pak Sabud, banjur di harda:

Pak Sabud : "Harda" (Hurdah).

Ki Sura : "Rim" (Prin).

Pak Sabud : "Kanca ngendi?"

Ki Sura : "Kula tiyang Sumampir."

Pak Sabud : "Sapa jênêngmu?"

Ki Sura : "Kula Sura."

Pak Sabud : "Arêp lunga mênyang ngêndi?"

Ki Sura : "Ajêng pados padamêlan têng Têgal."

Pak Sabud : "Nggawa katrangan apa ora?"

Dhêg! Ki Sura tangane nggagapi ing kanthongane, karo mangsuli: "Mbêk ... t... a... a".

Mulane wangsulane glagêpan awit sanyatane ora nggawa.

Pak Sabud : "Mara ndêlêng."

Ki Sura ndudut dluwang saka kanthongane: Srèpèt, kang sanyatane dudu layang katrangan, nanging layang gadhèn kang wis kalelang. Calathune: "Mangga niki sêrate katrangan." Layang ditampani, banjur didêlêng ana ing soroting ting kang ora sapira padhange. Layang diwaca, nanging pamacane ora ndêlêng aksara, ndêlêng wujude ki Sura. Pamacane sora, têmbunge: "Wong aran Sura."

Ki Sura : "Inggih."

Pak Sabud : "Asli saka desa Sumampir."

Ki Sura : "Inggih."

Pak Sabud : "Wonge irêng nggênthilêng" (karo ndêlêng ki Sura).

Ki Sura : "Inggih lêrês."

Pak Sabud : "Matane mêcicil."

Ki Sura : "Inggih"

Pak Sabud : "Brêngose kaya brêngos tikus."

Ki Sura : "Inggih ragi mèmpêr."

Pak Sabud : "Wêtênge mblêndhuk."

Ki Sura : "Inggih lêrês."

Pak Sabud : Yèn mlaku jumbal-jumbul kaya wong sikile bubulên."

Ki Sura : "Inggih lêrês mila kula bubulên."

Pak Sabud : "Sikile loro pisan bubulên."

Ki Sura : "Ah botên, namung satunggil."

Pak Sabud : "Ya luput iki katrangane, kok disêbutake bubulên karone."

Ki Sura : "Inggih dipun ewahi mawon."

Pak Sabud : "Ya wus ora dadi apa, saiki kêna mbanjurake lakumu."

Pak Sabud bungah bangêt, dene nganggrak wong, sing dianggrak pijêr nurut bae, ngira yèn Sura iku wong bodho bangêt.

Ki Sura bungahe ora kira-kira, dene bisa ngapusi jaga gêrdhu, sarana layang gadhèn, dikandhakake layang katrangan lan duwe gagasan sing jaga gêrdhu iku wong busuk bangêt.

Sri Moeliati M.Hoed, Gadhingan S.S. Jatibarang

DONGÈNGE SI CUBLUK

Ana wong wadon aran si Cubluk. Si Cubluk mau rada sêtêngah owah. Ing wayah esuk si Cubluk mênyang têgalan arêp nyolong teronge tanggane. Ing kono konangan karo manuk clêpuk, mulane banjur diêlokake, unine: "Cubluk, pluk, pluk, pluk. Si Cubluk nêpsu bangêt, manuk clêpuk mau banjur dibalang nganggo watu, supaya mênêng, nanging olèhe nyawat ora ngawasake mangisor, mula sikile kêsandhung ing tunggak. Cubluk tiba kêrungkêb, tangane kêtêkuk. Manuk prêkutut

--- 84 ---

wêruh banjur ngisin-isin saka wit dhadhap, unine: "Hore kêtêkuk, têkuk, hore kêtêkuk têkuk. Si Cubluk ngrungu unine mangkono iku banjur salin mungsuh, sing dibalang prêkutut. Gêmak saka kadohan milu-milu, unine: "Put, put, put, put, put."

Pêrkutut ditinggal, salin ngunèk-unèkake marang manuk gêmak. Gêmak durung nganti kêna disawat manuk kêtilang opyak, unine: "Thèkku ilang, thèkku ilang, thèkku ilang". Si Cubluk mandhêg karo mangsuli: "Hus, ya êmbuh, wong aku ora sida apèk terong, kok.

Wêkasane si Cubluk mulih nglênthung karo grundêlan, calathune: "Padha dahwèn têmên, ana wong ora sida amèk terong bae, têka dipoyoki."

Tjaroem, Karangturi, Indramayu.

PANGASAH PIKIR

Manêngên (Horizontaal).

[Grafik]

1. Wayah kira jam lima esuk | 2. Kramane wong | 3. Pêgaweane guru | 4. Kosokbaline wuwuh | 5. Kutha ing pulo Timur | 6. Kosokbaline kasar | 7. Kutha ing pulo Lombok | 8. Wong kang ora bisa gunêman | 9. Cara Mlayune pêdhot | 10. Piranti kanggo mbolongi kayu | 11. Têmbung liyane adigung | 12. Kutha ing Jawa Wetan

Mangisor (Verticaal)

13. Sawijining kantor kang misuwur ing Bêtawi.

Soewondo, Mr. C.

MANGSULI LAYANG

Titi Soepratignjo, Banyumas. Cangkrimanmu pancène iya apik, nanging kêgampangan, mula ora bisa kêpêcak. Wis lumrahe yèn lagi nêmbe sinau, ora mêsthi kêbênêran. Nanging kowe kuwi ayake bocah tlatèn, dadi yèn sapisan durung kêbênêran, iya isih ayake kaping pindho, kaping têlu, rak iya ta?

Bu Mar uga milu mujèkake kowe bisaa munggah nyang klas papat.

Soeparjah c/o 's Landspandhuis, Karanganom, Klathèn. Aku wis tampa layangmu lan potrèt, bangêt bungahku.

Amy, Klathèn. Sarèhne aku tansah ribêd pagawean, durung bisa mangsuli layangmu kanthi postblad utawa briefkaart. Aku mung arêp kandha marang kowe, ora bisa nuruti apa panjalukmu. Dene sababe besuk liya dina bae takkandhani.

Handijah, Alasmalang. Lêluconmu kurang apik. Yèn kowe arêp ngirimi dongèng manuk gagak, dêrkuku lan sêrak, iya kêna, ndang kirimna, mêngko yèn apik sarta ora kaprah, dakpacak.

Soelastri, Alasmalang. Karanganmu isih kurang apik, nanging aja cilik atimu, coba gawea karangan manèh sing luwih apik.

Trima, Gêdhangan. Karanganmu ora bisa kêpacak, muga aja pisan dadi atimu.

As, Mênggungan, Surakarta. Wah cowa bangêt dene Bu Mar ora bisa nyang Surakarta pêrlu ndêlok Sêkatèn. Upama mênyanga mêsthi mampir nyang omahmu. Nalikane Sêkatèn Bu Mar pinaringan lara pilêg, mangka bangêt, ing sarèhne lagi mangsane influenza mula banjur dakati-ati bangêt, ora kêna angin-anginan. Sajrone rong minggu babar pisan ora tau mêtu saka ngomah.

Kapriye As, apa ya rame. Mara ibumu critanana apa sing kokwêruhi.

Asteria, Blitar. Wah dadi kowe arêp ngalih nyang Paramaribo, la kok adoh têmên. Apa iya kowe isih arêp ngèlingi Bu Mar lan T.B. Takkira yèn kowe wis têkan kana, banjur êmoh kirim layang babar pisan nyang Bu Mar. Yèn kowe arêp têpung karo sêdulur-sêdulur ing Blitar ndêloka ing Kêjawèn lawas rak ana adrèse, banjur golèkana dhewe, rak mêsthi kêtêmune. Sapira ta gêdhene kutha Blitar.

Handojo, Paninggaran. Layangmu wis daktampa, dadi kowe saiki luwih sênêng, barêng T.B. diowahi kaya saiki kiyi. Tulisane gampang diwaca lan dongèngane cêkak-cêkak ora dadak ngêntèni candhake, rak ngono ta.

Boentarta, Sêmarang. Karanganmu ora bisa kapacak. Bab saparo isi mbocahi, sing sêparo isi ndiwasani, kuwi rak ya karêpmu, dene karêpku seje. Dene yèn kowe arêp nganggo karêpmu dhewe, iya mangsa bodhoa. Ora pêrlu aku ngaturi uninga bab salining salaga.

Parikessitty, Blitar. Sukur yèn kowe nggatèkake marang critane Bu Mar, malah banjur gêtun marang kêlakuanmu sing uwis-uwis, muga-muga ya sabanjure marènana.

Asripiningsih, Tuban. Pitêpunganmu wis daktampa, kêtrima bangêt. Nanging lêlucon isih kurang apik.

Soertijah, Gunungwungkal. Batanganmu cangkriman wis daktampa, bênêr kabèh. Dadi kowe lagi saiki ngandêl têmênan, yèn Bu Mar iki ana têmênan. Lha kok anèh, wis dikandhani wiwit biyèn kok ora nggugu. Saiki wis ora pêrlu isin-isin nyritakna apa bae nyang Bu Mar.

Soedarmani lan Artinah ing Paree. Bangêt panrimaku kowe padha mêrlokake anêpungake marang Bu Mar lan sukur dene arêp milu urun-urun ngisèni T.B.

Soedarmani, aja pisan dadi atimu, karanganmu ora bisa kapacak, kurang apik, coba gawea liya manèh sing luwih apik.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar

--- [637] ---

 


wunwasto. (kembali)
nuju. (kembali)