Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 38, Rê Lê, 11 Mulud Jimawal 1869, 11 Mèi 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [573] ---

Ăngka 38, Rê Lê, 11 Mulud Jimawal 1869, 11 Mèi 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Balikpapan - Kasusilan - Kamajêngan Dagang - Wiraosan sêrat - Marsudi Gêndhing Jawi - Praja-praja ing Eropah - Andhap Asor Unggul Wêkasane - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Balikpapan

[Grafik]

Baita-baita karsa nuju sami labuh wontên ing sunglon Balikpapan, Borneo.

--- 574 ---

Wulang Sae

Kasusilan.

Dening Radèn Tumênggung Arja Prakosa, ing Surakarta.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 36

Dene anggèn kula matur bilih gêsangipun sadaya manungsa ing donya punika, batinipun gandhengan dados satunggal, punika jiwanipun kenging kula wastani ugi gandhengan dados satunggal. Mila sintêna damêl kapitunaning liyan, punika têgês damêl kapitunanipun badanipun piyambak. Ananging limrahipun tiyang sami botên mangrêtos, sabab saking kêpêtêngan dening pangraosing kuwadhagan, ingkang katingalipun sami maujud pêpisahan. Dene prakawis punika ingkang sumêrêp namung para ingkang darajatipun batin sampun inggil, mila prakawis kasusilan punika, ugi ngêwrat prakawis ingkang lêbêt sangêt.

Nglajêngakên rêmbag kawontênanipun ing donya, ingkang kraos botên sakeca, kados ta ing măngsa mêlas asih punika (malaise), sampun têtela wontên peranganing sagolonganipun manungsa ingkang nêrak kasusilan, inggih punika botên nêtêpi kuwajibanipun, anggènipun pinatah dening kodrat anggarap saperanganing andum damêl sarta samad-sinamadan, mila lajêng mahanani sadonya karaos botên sakeca lampahing panggêsangan. Kados makatên punika kawontênan ing donya, bilih saperanganing golongan botên tumindak ing garis-garis kasusilan, golongan sanèsipun inggih lajêng kataman panandhang ingkang botên sakeca.

Ing ngajêng sampun kula pratelakakên, mênggah kasusilan punika, anggêr-anggêring Pangeran anggèning anggêlarakên bawana saisinipun, kabaripun wontên ing tandang-tandukipun manungsa, wontên pêpilihan kalih perangan, ingkang ugi makarti sêsarêngan ngêmpal dados satunggal, inggih punika:

1. Tandangipun raga tuwin tandukipun wicara, inggih ingkang dipun wastani tatakrama dening golonganing băngsa piyambak-piyambak.

2. Pamanahan ingkang ambangun turut, bêkti dhatêng Pangeran ingkang Maha Luhur, bêkti dhatêng tiyang sêpuhipun, saha bêkti dhatêng lêluhuripun, manawi wanita ingkang sampun sêsemahan, inggih bêkti dhatêng guru lakinipun, ugi bêkti dhatêng ingkang pantês dipun aji-aji, sarta bêkti dhatêng kautaman. Sadaya punika kenging kula ringkês, susilaning manah. Punika anggadhahi têgês panêmbahing raos. Pêpilihanipun kalih perangan wau, kabaripun wontên ing tandang tuwin tanduk, sêsarêngan makarti dados satunggal, inggih punika ingkang dipun wastani wiraga tuwin wirama, kanthi tulusing pambêgan utami. Kaprigêlan lan tandangipun raga, tuwin luwêsing wicara kanthi manis, punapadene tulusing pambêgan utami, tumindakipun sêsarêngan, punika kababaripun saèstu mrangkani dhatêng sintêna ingkang kataman, sarta ngrêsêpakên ingkang sami tumingal, punapadene nyênêngakên ingkang sami mirêngakên.

--- 575 ---

Kawontênan ing wêkdal wau, lamat-lamat kawistara ngawontênakên raos adi, kadosdene sêsawangan ing parêdèn, ara-ara ingkang wiyar, samodra ingkang ngêblak-êblak, punika ugi anggugah raos adi, èsêmipun bayi, suwaraning găngsa ingkang ngrangin, punika ugi anggugah raos adi, inggih raos adi punika lamat-lamat anggèn kita karaos nyumêrêpi dhatêng kaendahaning Pangeran Ingkang Maha Kuwasa. Para wanita ingkang sagêd nandukakên wiraga tuwin wirama, langkung malih bilih sagêd nuju prana, punika badhe angsal pangajêng-ajêng agêng wontên ing pundi kemawon.

Têmbung tatakrama punika kalih têmbung ingkang dipun gandhèng dados satêmbung aran, lingganipun saking têmbung tata tuwin krama. Tata punika pikajêngipun manut tatanan ingkang dipun anggêp sae dening golonganing băngsa piyambak-piyambak. Tandangipun raga ingkang sagêd matrapakên mêmpan mapanipun, kanthi unggah-ungguh ingkang salaras sarta mathuk kalihan kawontênan ingkang dipun alami. Sarèhning kawontênan ingkang dipun alami punika beda-beda, kala-kala srawung kalihan priyantun luhur, utawi jarajat[1] alit, tuwin kala-kala srawungan kalihan lare-lare, para neneman, utawi para sêpuh, măngka ing wêkdal wau sagêd matrapakên tandangipun raga, ingkang mathuk mêmpan mapanipun, tindak ingkang makatên wau, dipun wastani: wiraga, têgêsipun kaluwihaning tandangipun raga. Badhe kasambêtan.

[Iklan]

--- 576 ---

Kamajêngan Dagang

Ing wêkdal punika kados sampun mangsanipun băngsa têtiyang siti ing tanah ngriki sami kêbuka ing manah angajêngakên lampah dagang. Kawontênan wau sagêd katitik wiwit saking golongan alit ngantos dumugi ingkang golongan agêng. Minggah-minggahipun malih ngantos pinanggih ingkang golongan agêng yêktos, inggih punika kados ingkang pinanggih ing Batawi.

[Grafik]

Saking kiwa manêngên: Tuwan-tuwan H. Bahsan, R.N. Lubis, Johor, A. Satha, Dasaad A. Musim, Indra Kusuma, Rais Ayub, Ismail, M. Tahir, Johan.

[Grafik]

Para tamu ingkang sami anjênêngi.

Kala tanggal 1 wulan Mèi punika ing Batawi kawontênakên bikakan kantor dagang agêng gadhahanipun tiyang siti ingkang katindakakên dening băngsa tiyang siti piyambak, manggèn wontên ing griya agêng ing Kalibêsar, satunggiling papan têlênging kantor dagang agêng ing Batawi. Kantor wau mapanipun nunggil kalihan kantor-kantor dagang Eropah.

Sampun dangu ing Batawi wontên paguyuban nama Malaya Import, ingkang dipun adani dening Tuwan Rais Ayub, pangajênging Handelspereeniging Johan Johor, sêsarêngan kalihan Tuwan Johan, Johor Dasaad, Muh. Tahir tuwin Dt. Sati. Ancasing Malaya Import wau andhatêngakên barang-barang padagangan saking sanès nagari, ingkang têtiyang ing tanah ngriki botên damêl. Makatên ugi Rais & Co. punika satunggiling pirmah ingkang dagang asil siti kopi, mrica, kopra, tuwin sanès-sanèsipun. Wontên malih nama Ghandas Compani. Pirmah punika dipun pangagêngi dening Tuwan Dasaad A. Musim, andhatêngakên barang padagangan tuwin ngintunakên asil siti. Kajawi punika taksih wontên malih Agentuur & Commissie Handel R.N. Lubis, ingkang anggadhahi kantor ing Batawi tuwin Medhan. Tuwan Daad wau ugi dados dhirèktur Cultuur Mij. Betalmal [Betal...]

--- 577 ---

[...mal] tuwin sèkrêtaris Roepelin pang Batawi.

Ing ngajêng bêbadan sadaya wau anggadhahi kantor piyambak-piyambak pating prênca, têbih saking têlênging kitha dagang. Inggih ing tanggal 1 Mèi punika lajêng nunggil dados satunggal wontên ing griya gêdhong agêng ing Kali Besar West no. 27, Batavia- Stad.

Sanadyan ing dintên wau sawêg pindhahan, dèrèng kawontênakên pahargyan, tamu ingkang anjênêngi kathah, inggih punika saking golongan dagang tuwin pèrês. Sêkar-sêkar pahargyan kintunan saking ingkang sami migatosakên ugi kathah.

Ing pamuji, mugi adêging kantor agêng punika sagêda misuwur saha sagêda ngumbulakên têtiyang siti dhatêng babagan ulah dagang.

Pawartos saking Redhaksi.

K. 1815 ing Malang. Bab wêndhit sampun kasèp, tuwin karangan kados makatên punika mapanipun wontên ing ariwarti.

K. 2401. Karangan panjênêngan kirang gambêlangipun.

K. 4648 ing Salatiga. Redhaksi Kajawèn botên mangrêtos dhatêng karangan panjênêngan.

K. 2583 ing Kêdhungpring. 1 karangan ingkang sae, manawi katampèn angsal pituwas. 2. gambar potrèt utawi corèk, manawi sae, inggih katampèn angsal lintu.

K. 4590 ing Kêdhiri. Oud-Javaansch-Nederlansche Woordenlijst, karanganipun Dr. H. Juinbol ingkang sade Depot van Leer Middelen Bat. C. rêgi f 10.- botên kenging nicil.

K. 4590 ing Kêdhiri. Prayogi kapratelakna, sêrat babagan punapa.

K. 4420 ing Madyataman. Pèngêtan panjênêngan lêrês sadaya. Namung gèsèh ing dintên, punika kabêkta saking ewahing kurup.

Lêngganan no. 4395. Karangan tigang warni ingkang panjênêngan tawèkakên, kamanah kirang migunani, dados botên prêlu kakintunakên. Dene sabên wulan badhe ngintuni panjurung karangan, botên wontên pakèwêdipun. Nanging manawi karangan wau botên saèstu, inggih botên sagêd kapacak ing Kajawèn.

[Iklan]

--- 578 ---

Wiraosan Sêrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 37.

Kula badhe pitakèn: Pasinaonipun sintên. Ingkang ngantu-antu sintên.

Tumraping pasinaonipun para sarjana, inggih punika tumraping pasinaon ingkang muluk, kintên kula Bausastra Pigeaud 1938 (mawi ciri taun, sabab badhenipun kasusul ing Bausastra Pigeaud ingkang agêng) punika botên badhe sagêd anyêkapi, lan tangèh sagêdipun dados lêlintunipun Bausastra Gericke Roorda.

Tumraping pasinaon ingkang sumrambah ingkang sagêd ngangge Bausastra Pigeaud punika namung ingkang mangêrtos dhatêng basa Walandi. Yèn Bausastra Gericke Roorda punika tiyang Jawi (ingkang botên mangêrtos basa Walandi) maksa sakêdhik-sakêdhik sagêd nunut ngangge, jalaran anggènipun anjarwani kêrêp sarana dipun sisihi têmbung utawi bêbasan cara Jawi sanèsipun. Utawi dipun pêthikakên ukara ingkang ngêwrat têmbangipun ingkang badhe dipun jarwani punika. Nanging yèn Bausastra enggal punika tiyang Jawi babar-pisan botên sagêd tumut ngangge, awit maligi dipun jarwani cara Walandi. Malah ing pratelaning têmbung-têmbung ingkang asring kangge ing căndrasêngkala punika botên dipun êwrat têmbung-têmbungipun Jawi, nanging ingkang dipun êwrat namung jarwanipun ingkang basa Walandi. Kados ta:

Ing ngriku botên dipun têrangakên makatên: buta, pandhawa, tata, gati, wisaya, iku watêke lima, nanging dipun têrangakên: kang awatak lima iku têmbung-têmbung kang atêgês: wind, storm (wereld) orde, ordenen etc.

Dados têrang sangêt Sêrat Bausastra Pigeaud 1938 mligi namung kangge nyawisi para Walandi ingkang badhe sinau basa Jawi, botênipun inggih namung kenging dipun angge srana pasinaon basa Jawi tumrap tiyang ingkang mangêrtos basa Walandi. Têgêsipun: tumraping tiyang Jawi ingkang yutan punika, ingkang ugi kapengin amarsudi kawruh basa Jawi (sanadyan namung sareka-rekanipun piyambak) nanging botên mangêrtos dhatêng basa Walandi, tanpa guna.

Punika sangêt andadosakên karaos-raosing manah kula, awit dumugining sapunika srananing pasinaon basa Jawi tumraping tiyang botên mangêrtos basa Walandi ingkang wujud bausastra punika markenco sangêt.

Wontên ingkang sae (Gericke Roorda) sagêdipun ngangge tuna dungkap.

Wontên ingkang sagêd ngangge, kathah kuciwanipun, lan kirang cêkap:

1. C.T. Winter Sr. : sêrat isi têmbung Kawi mawi têgêsipun, wêdalan Depot van leer middelen ing Batawi, cithakan ingkang kaping kalih 1928. Namung anjarwani têmbung kawi.

2. W.J.S. Purwadarminta: Bausastra Jawa I, cithakan ingkang sapisan kawêdalakên dening pakêmpalan Triwikrama ing Ngayogyakarta ing taun 1930. Punika yèn botên kalintu akhiripun ingkang sade Wolters ing Batawi, ingkang mêdal sawêg ingkang jilid satunggal, dêntawyanjana A dumugi L.

Kasêrat ing Batawi tanggal surya kaping 24 April 1938.

Kandhiyur.

--- 579 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 36

Manawi kênongipun pêpak, sakecaning pamirêng: panabuhipun kenong sajak anggandhul, (botên nyarêngi ungêlipun wilahan, kapara kantun) tumrap gêndhing pangkur punika ingkang ungêlipun kênong gandhul N I dhawah ăngka 5, nanging ingkang dipun tabuh kênong laras 6.

N III dhawah ăngka 1, nanging ingkang dipun tabuh kênong laras 5.

Dumugi gong (G) ingkang dipun tabuh kênong laras gulu (kênong manis).

Pola ăngka 6

Gêndhing pangkur lămba br. sl. pt. 9 wirama sêsêg, mawi dipun êndhêgakên dadakan, lajêng dipun sênggaki. Manawi sampun mungêl apêsipun 2 gongan (mriksanana pola ăngka I) lajêng kaêndhêg kados ing ngandhap punika.

Bw. 2 1 2 6 2 1 ...

Kaêndhêgakên ing kêndhang: ungêlipun, thung gên dlab kalayan ngêgèt. Găngsa ingkang mungêl rame: kêdah kèndêl sadaya, lêt sawatawis, kamirêngan ungêlipun kênong laras 5 piyambak. Saungêlipun kênong lajêng dipun sênggaki: sêkar-sêkaran, punapa wangsalan.

[Notasi]

Punika caranipun tiyang lampah sampun dumugi ăngka I N III kênong III lajêng dipun sambêti.

[Notasi]

Wêkdal dipun wiwiti sênggakan, kêmbang uwi…

Ingkang wontên têngêr tw. punika ingkang dipun garambyang (tabuh) namung wilahan gêndèr. Kangge nuntun swara, yèn sampun dumugi kênong III wiwit mungêl sadaya, nanging lirih. Dumugi G gong, lajêng nabuh sora namung 6 wilah.

Bw. 2 1 2 6 2 1 ...

Makatên salajêngipun, dipun wongsal-wangsuli sakêdhikipun kaping 3 utawi gumantung ingkang nyêpêng kêndhang utawi pangajêng.

Manawi sampun, lajêng kadamêl irama sarèh (tamban) miturut nut, pola ăngka 2 dipun tindakakên kaping 3 utawi 4, lajêng dipun dhawahakên mriksanana têngêr (-) bibar N III.

Lajêng kantun sakarsa, punapa dipun gerongi, punapa dipun uran-urani.

--- 580 ---

Tumrap ing nagari Ngayogyakarta yèn kalênengan, gangsanipun pêpak, slendro sarta pelog, gêndhing pangkur punika sagêd damêl lagu wolak-walik kaping 5, inggih punika

1. Ir. slendro pathêt 9 | 2. Ir. pelog pathêt 6 | 3. Ir. slendro, pathêt manyura | 4. Ir. pelog pathêt barang | 5. Ir. pelog nyamat mas.

manyuranipun laras pelog pathêt 6 (minggah satunggal wilah saking laras pelog pathêt 6).

Ing têmbe wingking gêndhing pangkur kula aturakên ing nginggil, ugi badhe kula damêl nutipun.

Murih anggampilakên anggènipun sinau, prayogi nyuplik salah satunggalipun nut, ingkang sampun dipun êwrat, punapa kasêrat ing bor, punapa wontên dalancang lajêng dipun gapit.

R. Ng. Pringgaardana.

Praja ing Eropah

Manawi mirid kawontênan ingkang pinanggih ing Eropah, punika satunggil-satunggilipun nagari sami gêgayutan kawigatosan, saha kawigatosan wau ingkang lajêng anggathukakên dhatêng ingêr ulahing praja. Mila ing bab punika prêlu dipun andharakên sawatawis murih sagêd kasumêrêpan punapa ing kawigatosanipun, tuwin ing salajêngipun tansah katingal anggèning gêgayutan.

Pinanggihipun ing sapunika, praja-praja ingkang sami gêgayutan inggih punika Tsjechoslowakije, Prancis, Itali tuwin Jêrman. Praja gangsal punika tansah sami wawas-winawas.

Tumrap Tsjechoslowakije, punika sarêng Jêrman dados satunggal kalihan Ostênrik, lajêng raos kasamaran. Măngka nagari punika sajatosipun kangge sarana ngalang-alangi tindakipun Jêrman. Adêging praja wau wontên ing sabibaring pêrang donya, kasantosanipun dipun ayomi Prancis tuwin Inggris, tuwin ugi pawong mitra kalihan Sopyèt. Dene rakyatipun ing ngriku momoran, namung ingkang kathah bangsanipun Jêrman, ingkang dipun wastani băngsa Sudeten. Mila ing ngriku tuwuh kêsamaran, dening kathah bangsanipun Jêrman wau, tamtunipun gampil kenging daya manunggil, dene golongan wau gadhah têtindhih nama Konradt Henlein. Salajêngipun golongan wau mêntas ngawontênakên parêpatan ingkang ngrêmbag supados Tsjechoslowakije ngewahi politik sajawining praja. Mênggah wosing kajêngipun, botên sanès badhe nêdya manunggil kalihan Jêrman, saha lajêng misah kalihan praja sanès. Miturut rêmbag ing Inggris, Prancis badhe angêkahi prajanjianipun kalihan Tsjechoslowakije. ananging salajêngipun wontên rêmbag supados Tsjechoslowakije angagêngna manahipun băngsa Jêrman, Sudeten, Inggris tuwin Prancis ingkang badhe ngalang-alangi samăngsa ing ngriku dipun têmpuh.

Tumrap Prancis, gêgayutanipun kalihan Itali katingal rakêt, saha Prancis angakêni anggèning Ngabêsi dados jajahan Itali. Mênggah kawigatosan anggèning Itali ngudi dhatêng praja sanès [sanè...]

--- 581 ---

[...s] supados ugi nayogyani makatên, supados sagêd anggampilakên tumindaking lampah dagang.

Pamawasipun Itali dhatêng Inggris, nama sagêd pêthuk, Itali lajêng ngawontênakên tindak ngunduri anggèning gêgayutan kalihan Sêpanyol. Tindak wau sagêd ugi saking panguthikipun Inggris. Minăngka piwalêsipun, Inggris angakêni kêbawahipun Ngabêsi dhatêng Itali. Saha kalampahan sampun damêl prajanjian. Supêkêtipun Inggris kalihan Itali, punika atêgês ngêndhokakên gandhèngipun Berlijn kalihan Rome. Ingkang ugi sagêd ngêndhokakên sêrênging praja sanès-sanèsipun.

Ing sapunika tumrapipun Inggris kalihan Prancis, katingal anggèning supêkêt, ngantos kêdugi badhe ngawontênakên tatanan êsrah-ingêsrahan panguwaos babagan wadya. Samăngsa wontên pêrang, wadya dharatan kalih nagari wau badhe dipun tindhihi Prancis, dene wadya lautan dipun tindhihi Inggris.

Nanging Inggris lajêng kêtuwuhan pamanggih sanès, ingkang nyulayani kalihan rêmbag-rêmbag ingkang sampun dipun tindakakên kalihan Prancis tuwin Itali. Awit sadaya wau botên badhe tilar pulitik kasantosan praja. Ing ngriku Inggris saya migatosakên pamawasipun, têtêping prajanjianipun Inggris kalihan Itali kêdah wontên ing Polkênbon. Bab ngakêni kêbawahipun Ngabêsi punika sagêda tumindak kanthi manasuka. Nanging sêdya makatên wau kados lăngka kêlampahanipun, awit nama narajang prajanjian Stimson, ingkang sampun dipun têtêpakên ing Polkênbon, ingkang suraosipun botên kenging ngakêni sahing laladan ingkang kamelikakên sarana kamurkan. Kajawi punika taksih wontên sabab sanès-sanèsipun.

[Iklan]

Ing sapunika tumrap Jêrman, sumêrêp galibêting ebah-ebahanipun praja sanès Sang Hitler lajêng dhatêng Rome badhe mulihakên raos kêndhoning pasupêkêtan. Itali sampun ngewahi rêrakêtanipun, lêstantuna kados nalika Jêrman dèrèng dados satunggal kalihan Ostênrik. Jêrman gadhah pangintên bilih Itali gadhah pikiran punapa-punapa ingkang gêgayutan kalihan Tsjechoslowakije. Nanging nyatanipun Itali botên gadhah pamanahan punapa-punapa dhatêng Tsjechoslowakije, dene anggèning

--- 582 ---

Tsjechoslowakije lajêng ngakêni nata Itali dados nata binathara Ngabêsi, punika kêgayutan[2] saking rêmbagipun Prancis. Dados tumrap Itali sawarnining rêmbagipun, têtêp badhe saiyêg kalihan Sang Hitler.

Sang Hitler kalampahan sampun pêpanggihan kalihan Sang Mussolini, kanthi pakurmatan langkung saking ngêkat, mênggah kawigatosaning rêmbag, wosipun anglastantunakên anggèning gêgandhengan. Tamtu kemawon tindaking pramuka kêkalih wau adamêl kirang sarjunipun Prancis tuwin Inggris.

Nanging tumrap wiraosaning sêrat-sêrat kabar Itali, tindak kados makatên wau rinaos malah botên sakeca, awit lajêng damêl kasamaraning praja-praja ingkang dhêdhasar dhemokrasi.

Mênggah sajatosipun ing bab punika, tumraping kasamaran ugi angèngingi Itali piyambak, awit manawi mawas dhatêng kawontênanipun Jêrman, ing sapunika pinanggih langkung santosa, dados nama nyulayani kalihan pangajêng-ajêngipun Itali piyambak ing ngajêng, awit ing ngajêng Itali gadhah pangajêng-ajêng supados ing saêlèr Itali sampun ngantos wontên nagari ingkang santosa tuwin sampun ngantos wontên nagari kiyat anggèning manunggil, inggih bab pulitik punapadene ekonomi.

[Iklan]

Măngka manawi nitik kawontênanipun Jêrman sakalangkung mênang clangap tinimbang Itali, awit ing salêbêtipun Itali upyêk babagan Ngabêsi, kêtungkul botên manah dhatêng ebah-osiking Eropah, ing ngriku Jêrman sampun sagêd ngawontênakên gêgayutan kalihan Polên, Yugoslapiyê, Honggari, Bulgari tuwin Ostênrik. Mila rêrigênipun Itali lajêng ngangkah sagêda angsal ngrika-ngriki, supados Inggris tuwin Prancis anayogyanana dhatêng adêging panguwaos Itali ing Ngabêsi, makatên ugi ing bab lulusing karukunan ing Lautan Têngah tuwin Aprikah sisih lèr. Awit saupami botên makatên, Itali nyamarakên dhatêng Inggris tuwin Prancis angalang-alangi sêdyaning Pasis. Dene kasantosanipun kêdah sarana gêgandhengan kalihan Jêrman.

Ing ngriki lajêng katingal mênggah ubat-ubêting kawontênan ing Eropah.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 4670 ing Mêmpawah. Lêrês.

Lêngganan nomêr 2929 ing Têgalgănda. Sept. t/m November 1938.

Lêngganan nomêr 2355 ing Bogor. 3e. Kw. '38.

Lêngganan nomêr 5318 ing Kêmiri. Lêngganan kapetang wiwit 1/2 botên angsal bêbingah.

--- 583 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Andhap Asor Luhur Wêkasane.

IV.

Garèng : Truk, aku kok ora pati cocog nyang rêmbugmu kuwi, kok unèkake: panggêdhe kudu andêmênakake, kudu bisa sing rêsêp nyang wong-wong bawahe, nanging tanpa ngasorake kaluhurane drajate. Yak, kowe kuwi rak ora ngrêti adate mênungsa umume. Lumrahe uwong kuwi nèk banjur disanak karo panggêdhe, sok banjur jag-jagan, ngomongake panggêdhe tanpa urmat, rumasane wis diaku sêdulur. Kaya ta banjur ngrasani panggêdhene muni mangkene upamane, apa iya pantês kiyi: wah, kyaine wingi rawuh nyang gonku tak suguh wedang tèh karo srabi êndhog, anggone srupat-sruput ngunjuk lan andhahar srabine sajake nikmat bangêt. Mara, dupèh disanak, dirawuhi omahe, nyang panggêdhe banjur ngyaèk-ngyaèkake, banjur caraning ngunjuk dipadhakake wong lumrah bae, diunèkake: srupat-sruput. Apa ora kaduk wani kuwi arane.

Petruk : Apik êndi karo ngrasani panggêdhe kanthi urmat bangêt, nanging têmbungane mangkene upamane: hla iya wis kaya ngene kiyi, bêndara kuwi nèk diadhêpi, mung tansah ambèthêm lan mêcucu, tanpa obah-obah, padha bae karo ngadhêpi tugu ane kiyi. Sing kalair wis kaya ngono ucapane, apa manèh ing batine, bokmanawa buntute ngêlanthir bangêt. Beda karo sing kok kandhakake mau, anggone kalair têmbunge sing mangkono mau, rak saka bungahe atine, dene panggêdhene krêsa dhahar suguhane, saka sênêng-sênênge atine, punggawa mau didhawuhi apa-apa nyang panggêdhene mêsthi kanthi sênêng anggone nindakake, sanadyan didhawuhana… mêtêki pisan. Ora, Kang Garèng, tumrape wong kang apangkat luhur, sabênêre mono gampang anggone arêp nindakake andhap asor, kang diunèkake ing têmbe dadi luhur wêkasane. Awit, tumrape sing apangkat gêdhe, anggone nindakake tatakramane ora prêlu kayadene aku kowe kiyi, kudu mêndhêg-mêndhêg ping sasayahe, kudu klèsèd-klèsèd nyang lêmah, kudu sojah kuwi sing nganti sedhokan kae. Kabèh kiyi tumrape kang apangkat gêdhe ora prêlu, Kang Garèng, cukup mung manthuk karo mèsêm bae, wong bawahe bungahe wis sêtêngah mati, Kang Garèng, apa manèh krêsa andangu sakêcap rong kêcap, bungahe ambok ditêbusi ing èsême mas jêng-mas jêng, mêksa ora olèh, Kang Garèng.

--- 584 ---

Garèng : Wayah, ambok aja salewengan mrono barang kuwi. Ha iya, Truk, ngomong kuwi pancèn iya gampang, nanging kowe kudu ngèlingi, dadi panggêdhe kuwi angèl bangêt, arêp tindak mangkene, jarene salah, dianggêp ora bisa ngluhurake pangkate, arêp angluhurake pangkate, iya kliru, diunèkake: kêmratu-ratu, gèk kêpriye bae, hara, hara.

[Grafik]

Petruk : Wiyah, ambok aja banjur kêmayu mêngkono, pancèn iya angèl, tur nganggo bangêt, ya kuwi tumrap panggêdhe sing ora ngrumasani apês tumraping Gusti Ingkang Kuwasa. Nanging kang pancèn ngrumaosi apês nyang Gusti, wah, iya gampang bae, Kang Garèng. Sabab salirane banjur ngrumaosi disihi ing Pangeran, buktine banjur digadhuhi pangkat sing saklapa dhuwure mau. Ing sarèhne rumasa disihi ing Pangeran, salirane banjur dipêksa kudu asih lan wêlas marang kabèh titahing Pangeran. Apa manèh nyang wong-wong bawahe, rumaose banjur dudu abdine, nanging wong-wong kabèh mau momongane. Mara, Kang Garèng, andakana wong nyang omongane kuwi nêdya ala, nêdya ala lan sawiyah-wiyah, mêsthine rak iya ora, ta, kosokbaline malah ngudi nyang kautamane momongane mau. Cara momong kang utama kuwi, Kang Garèng, iya kudu nindakake patrap nyang momongane kang sumèh, ngrêsêpake, lan andêmênakake, nanging yèn prêlu iya kudu wani ngukum. Lo, mêngkono uga patrape panggêdhe nyang bawahe, iki wis jênêng panggêdhe sing andhap asor têmênan. Tak tanggung, Kang Garèng, wong-wong bawahe mêsthi banjur padha wêdi, asih, bêkti, lan ngaji-aji. Mara, apa iki ora dadi unggul wêkasane.

Garèng : Kok lumrah, ya, wong kiyi nèk pangkate asor sok banjur duwe panêmu: wong dadi panggêdhe kuwi kudu mêngkene, kudu mêngkene, aku kok kêpengin wêruh, saupama Petruk olèh pangkat sing kadhangkala kêsasaran ing sêmbah, apa iya ora banjur kêwêtu têmbunge mangkene: idug-idug busèt, enak, e

Petruk : Wiyah, kok banjur mêtu Banyumase mêngkono, wis, saiki tak banjurne manèh katêranganaku. Mêngkono uga wong pintêr, luwih-luwih sing padha anduwèni sêbutan Mr. Dr.

--- [585] ---

utawa Ir. Iya kudu anduwèni tindak andhap asor, supaya ing têmbe bisaa luhur wêkasane kuwi.

Garèng : Iya wis, aku ngrêti, dadi wong pintêr kudu ngrumasani apês tumrape Pangeran, dadi iya kudu ngrumasani yèn kapintêrane kuwi mung digadhuhake bae, sesuk utawa suk êmbèn bisa kalakon, kapintêrane mau dijabêl dening Ingkang Kuwasa manèh.

Petruk : Bênêr, Kang Garèng. Bênêr bangêt, nèk wis ngrumasani mêngkono, Kang Garèng, têmtune rak iya ora duwe pikiran, wong aku kapintêran apa bae tak borong kabèh, kathik dikon kumpul karo wong kaya ngana, cara Lănda bae ora bisa, rak iya mung ngasorake drajatku bae. Lêlakon sing mèmpêr kaya ngono kuwi, ana ing Batawi kene aku wis tau ngalami, Kang Garèng, ya kuwi patrape sawijining dhoktêr kang mèlu kumpulan rumah sakit partikêlir. Sawijining dina dhoktêr mau kêdhongan jaga, ing sarèhne wis luwih saka wêktune durung rawuh, banjur ditilpun dening salah siji pangrèhe, diaturi tumuli rawuh, sabab wis akèh wong lara sing padha ngêntèni, lo kuwi malah banjur duka karo garundêlan mangkene, ora pantês bangêt, ingatase aku dhoktêr (bokmanawa ing burine ana buntute mangkene: kang kawruhe mumbul bangêt) kathik mung bangsane: juru tulis, klèrêk, utawa komis, wani-wani mrentah nyang aku. Hara, Kang Garèng, wong iya ora rumasa apês nyang Gusti, ing kono banjur ora ngèlingi wong lara iki kabèh padha titahe Gusti sing padha ngêntèni, nanging sing ditêngênake, ngêmungake: aku dhoktêr, kapintêranaku sathekruk, ora trima bangêt yèn aku diprentah nyang uwong-uwong kang mung wêton bangsane: H.I.S, H.I.S, seje karo wong pintêr sing ngrumasani apês tumraping Gusti, kuwi mêsthi banjur tansah matur sèwu sêmbah nuwun marang Pangeran dene digadhuhi kapintêran sing samono dhuwure mau, lan saka gêdhening sêmbah nuwune mau, banjur ngudi supaya kapintêrane mau aja dijabêl, sabanjure kapintêrane mau ora kok banjur kanggo gagah-gagahan, kanggo brêgas-brêgasan, nanging dipigunakake kanggo ngudi mênyang kaslamêtane titahing Pangeran. Lo, iki wis jênêng tindak andhap asor tumrape wong pintêr. Mara, wong-wong mau wusanane apa ora banjur ngaji-aji marang wong pintêr sing kaya ngono kuwi. Lan wusanane wong pintêr mau apa ora banjur dadi dhuwur wêkasane, nanging bab iki padha disêtop samene bae. Kanggo mungkasi, saiki aku arêp ngandharake dhawuhe para sêpuh mangkene: bangsane ngulama kuwi yèn seda, ora ngêmungake sipating manusa bae, sanadyan sato kewan, gêgrêmêtan, lan sapadhane, iya padha mèlu susah, sabab bangsane ngulama kuwi tansah mituturi nyang para muride aja tindak siya mênyang kabèh titahing Pangeran. Ing măngka kabèh sing tak kandhakake mau kalêbu titahing Pangeran, dadi yèn banjur ana ngulama seda, iki kang atêgês: kelangan manusa siji, sing sok awèh pitutur, aja tindak siya mênyang sadhengah titahing Pangeran, mulane banjur padha mèlu susah, wis, wis, Kang Garèng, cukup samene bae.

--- 586 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, Sosrowijoyo, juru sêrat klas 1 ing Paresidhenan Malang, dados pulisi Paresidhenan Malang. Mohamad Rais, ugi nama Sosrodiwinoto, asistèn wêdana Paresidhenan Malang, dados asistèn wêdana Paresidhenan Bêsuki. M. Suyoso ugi nama M. Cokrosuyoso, tijd. wd. Adjunct Jaksa Landraad ing Banyuwangi, Paresidhenan Bêsuki, dados asistèn wêdana Paresidhenan Bêsuki. R. Suwaryo, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Paresidhenan Surabaya, dados asistèn wêdana Paresidhenan Malang. R. Panji Tejowinoto, mantri pulisi klas 1 Paresidhenan Malang, dados asistèn wêdana klas 2 ing Paresidhenan Madiun. Sukardayat Projokusumo, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi Paresidhenan Bêsuki, dados Aib. nindakakên padamêlan Adjunct Landraad ing Banyuwangi. R. Aryo Nataningrat, Adjunct Hogfddjaksa Landraad ing Surabaya, mingsêr dhatêng Malang.

Badhe damêl umbul pèngêtan. Amarêngi benjing dhawahing dintên pèngêtan jumênêng nata 40 taun, ing Bêtawi badhe ngawontênakên pangèngêt-èngêt awarni umbul toya muncrat ingkang agêng, manggèn wontên ing Harmonie-plein.

Jamur wêdalan ing tanah ngriki. Miturut wartos ing Pamanukan tuwin Ciasemlanden wontên ingkang ngadani damêl jamur kangge padagangan, papan ingkang badhe kangge damêl wontên 5 ha. Tumindaking damêl badhe angsal pambiyantu saking tiyang ahli, saha salajêngipun badhe kawadhahan ing blèg ingkang katindakakên dening laboratorium, salajêngipun kakintunakên dhatêng tanah ngamanca. Manawi kasêmbadan, padagangan punika sagêd ngêjori padagangan jamur wêdalan Eropa, amargi rêginipun langkung mirah.

Bab tindak ngancam kasangsaran ing kapal Surabaya. Ingajêng wontên wartos bilih ing kapal pirantos kangge pangajaran marine nama Surabaya, pinanggih wontên tindak pangancam murih kasangsaran. Ing salajêngipun manggih titikan bilih ingkang gadhah tindak wau satunggiling punggawa ingkang kacuwan saking botên nyandhak examenipun. Tiyang wau lajêng kacêpêng saha tumuntên badhe kapriksa.

Bazaar ing Ngayogyakarta. Pambikaking Bazaar ingkang dipun adani dening para muda Kristen ing Ngayogyakarta ingkang lêrêsipun wontên ing tanggal 6-7 Mèi punika, kaundurakên benjing tanggal 3-4 Juni, amargi ing wêkdal punika nyarêngi wontên sêkatèn. Ing wêkdal punika Commissie pados dêrma barang-barang ingkang badhe dipun sade wontên ing bazaar, saha ing sapunika ugi sampun kathah toko-toko, pakêmpalan-pakêmpalan ingkang ngintunakên barang-barang, pangintunipun dhatêng bazaar c/o R.S. Martawijaya ing Ngayogyakarta. Angsal-angsalaning arta wau badhe kaêdum: 1. dhatêng Chr. Sch. Ver. Sêdya-Mulya 35%, 2. Sanatorium ing Pakêm 25%, 3. Blinden-Instituut 25%, 4. Bale pêrtêmuan Kristen 15%.

Middenstandshandelsschool. Ing wêkdal punika wontên rêmbag bilih gemeente ing Bêtawi gadhah sêdya badhe ngêdêgakên Middenstandshandelsschool manggèn wontên ing Laan Holle. Waragadipun kintên-kintên f 29.220.-. Pamulangan wau ingajêng manggèn wontên ing K.W. III school ing Salemba.

Angsal sêsêbutan Dr. babagan dagang. Tuwan Jie Ting Liat, pangagênging accountants-en economische afdeeling Oei Tiong Ham ing Sêmarang, ing sapunika angsal sêsêbutan Doktor babagan dagang saking pamulangan luhur ing Frankfurt. Lulusipun wau kanthi pangalêmbana.

Comite Mêmuliakan Masjid Kaliyasa. Miturut katrangan saking comite ingkang kasêbut inginggil punika, ing bab wartos adêging comite ingkang sampun kawrat ing Kajawèn wontên gèsèhipun sawatawis, rancanganing waragad f 3500.-, botên f 35.000.- Adêging bêbadan wontên têlênging kitha Surakarta. Namaning adêging masjid wau rumiyin wana Jagapatèn.

Jawah awu ing Surakarta botên saking rêdi Mêrapi. Miturut wartos, sasampunipun dipun priksa dening Dr. Stehn, kawontênanipun jawah awu ing Surakarta sanès saking rêdi Mêrapi, awit botên wontên tandha-tandhanipun.

[Iklan]

Obor Masyarakat. Wiwit tanggal 10 Mèi 1938 punika ing Kupang wontên kalawarti enggal nama Obor Masyarakat, ingkang dipun pandhegani dening Tuwan A.Z. Palindih. Wêdalipun sawulan kaping tiga. Tumrap Timur, wontên kalawarti inggih sawêg satunggal punika.

Congres para ambtenaar B.B. Benjing tanggal 17 wulan punika ing Bêtawi wontên congresipun para ambtenaar B.B. satanah ngriki, tumrap ambtenaar bangsa Walandi kemawon 60. Congres wau ugi badhe dipun jumênêngi ing Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana.

Tatanan pangangge malêbêt dhatêng karaton. Miturut katrangan saking dhawuh dalêm B.K.P.H. Kusumoyudo dhatêng R. Prawoto Sumodilogo, sêsêpuhing pakêmpalan golongan pènsiunan, sowanipun malêbêt dhatêng karaton para golongan pènsiunan benjing congres, panganggenipun kados adat, inggih punika: 1. tumrap jalêr mangangge jangkêp, rasukan atela mawi dhuwung, botên kenging ngangge sêpatu tuwin sanès-sanèsipun. Sinjangipun botên kenging ingkang bangsaning garis miring. Kenging mangangge pantalon, nanging kêdah jas bikak mawi dasi. Botên kenging mangangge sêpatu pêthak. 2. golongan wanita kêdah gêlung agêng (gêlung têkuk). Botên kenging ngangge sêlop tuwin rasukan ingkang warninipun gumêbyar.

Commissie Volkstelling sampun ngadêg. Kala tanggal 2 wulan punika, Commissie Volkstelling sampun ngadêg, katindakakên dening Directeur van Economische Zaken. Commissie punika badhe tumindak nacahakên jiwa ing taun 1940, mawi kawontênakên sêsorah sawatawis.

Angsal bintang Roode Kruis. Anyarêngi wiyosan dalêm Sri Paduka Prinses Juliana, Roode Kruis angganjar bintang dhatêng tilas Residhèn Kêdu, tilas pangarsa Roode Kruis afdeeling Magêlang, A.A.F. Linck tuwin directeur Algemeene Volkscrediet Bank, ingkang 10 taun kêpêngkêr dados panitra Roode Kruis afdeeling Bêtawi.

Sowan audentie. Benjing tanggal 18 wulan punika, Majoor Dr. van Haselt badhe sowan audentie ingarsa dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, kanthi dhoktêr-dhoktêr sawatawis tuwin student-student. Mênggah wigatosipun badhe gadhah panyuwun, supados student-student wêdalan G.H. sagêda malêbêt wontên ing kalangan militer, dados dhoktêr militèr.

--- 587 ---

Pamulangan luhur dhoktêr. Lulus artsexamen perangan kapisan, Tuwan-tuwan M. Juwari tuwin Pau Houw Jie. Têtêp dados arts, Tuwan-tuwan R.M. Rochiyat tuwin Li Cwan Sien.

Klèntu ngombèkakên jampi. Wontên wartos, satunggiling kêpala dhusun ing Trogong, bawah Garut, angombèni jampi dhatêng salah satunggiling anakipun agèn pulisi ingkang sawêg umur 7 taun, jampi ingkang kaombèkakên wau awarni puder strichrine, dipun wastani aspirine. Lare wau lajêng dados sakit rêkaos, salajêngipun ngajal.

Ngucik warisan f 800.000.-. Ing Bandung wontên satunggiling tiyang èstri pinanggih advocaat, milêngahakên[3] prakawis, bilih piyambakipun punika warandhaning kaji S. kalêrês bojo ingkang anèm, ngucik têtilaran bandha ingkang kathahipun f 800.000.-. Ing sêrat paturanipun tiyang èstri wau mratelakakên bilih ingkang kasêbut ing sêrat wasiat ingkang kadamêl ingajênging notaris, ingkang piyambakipun tumut nandhatangani, punika purunipun nandhatangani jalaran saking dipun pêksa.

Pèngêtan adêging karaton Surakarta mawi pasar malêm. Benjing dhawahing pèngêtan adêging karaton Surakarta sampun 200 taun mawi kawontênakên pasar malêm. Adêging pasar malêm punika badhe angsal pambiyantu saking parentah tuwin golongan partikêlir sanès-sanèsipun. Ingkang jumênêng pangarsaning comite pasar malêm panjênêngan dalêm B.K.P.H. Hadiwijoyo.

Tindakipun Jendral Von Blomberg. Ing salêbêtipun Jendral Von Blomberg wontên ing tanah Jawi, tindak ing Wonosobo, nyare wontên hotèl Dièng. Ing wanci sontên siram wontên ing tlaga Mangli. Ing tanggal 3 Mèi tindak dhatêng papan ing parêdèn Dièng, mampir dhatêng kabudidayan tèh Tambi. Tanggal 4 dhatêng Borobudhur lajêng dhatêng Ngayogya.

Bab papan pawinihan ing bawah Bojonêgoro. Sampun dangu parentah anggalih ing bab kawontênaning para tani ing bab winih. Ing sapunika sampun kêlampahan kawontênakên ing Bojonêgoro ingkang katindakakên dening Landbouwconsulent. Tumrap winih pantun tumindakipun, ing sabên taun kawontênakên winih pantun asli saking Algemeene Proefstation, cacah 250 kilo, lajêng katanêm wontên pasitèn ingkang jêmbaripun 8 satêngah bau. Dumugining samangsa, winih wau sampun dados tikêl kaping 60 saking aslinipun. Dumugining mangsa tanêm, sagêd nyukani winih dhatêng têtiyang tani 500, ingkang pamêdalipun botên kirang saking 10.000 pikul. Tacah[4] samantên wau ingkang 5000 karimat kangge bibit malih. Tindak makatên punika sagêd nyêgah dhatêng para tani anggèning badhe tumbas wiji dhatêng para sudagar pantun. Sanadyan rêgining wiji saking Landbouwconsulent wau langkung awis, nanging para tani sampun sami pitados bilih angsal-angsalanipun badhe lajêng sae.

NAGARI WALANDI.

Paviljoen nagari Walandi ing New York. Miturut wartos, awit saking kêparêngipun nagari, architect Paul Bromberg ing Amsterdam dipun pasrahi padamêlan ngêdêgakên Paviljoen nagari Walandi wontên ing tentoonstelling ing New York, ingkang badhe dipun wontênakên ing taun 1939.

Ningali kawontênanipun kapal pêrang Java. Wontên wadyabala golongan infanterie, cavalerie, genia, musik tuwin sanès-sanèsipun cacah 150, sami minggah dhatêng kapal pêrang Java, pêrlu badhe nyumêrêpi kawontênanipun kapal wau.

Prof. Van Kan. Kawartosakên, Prof. Van Kan, Oud-Edeleer kapilih dados warga Koninklijke Ned. Academie tumrap babagan kasusastran.

Pangêcapan Zwart Front katutup. Awit saking kaparêngipun ingkang wajib, andhawuhakên supados nutup pangêcapan Zwart Front ing Breda, amargi kasêrêg babagan mêmirang tiyang.

EROPA.

Wêdhar sabdanipun Sang Hitler ing dintên agêng golongan bêrah. Dhawahing dintên agêng golongan bêrah, Sang Hitler mêdhar sabda wontên ing papan blak-blakan ing Berlin. Wêdhar sabdanipun dipun sêbar radhio dhatêng saindênging Jerman tuwin Oostenrijk, ingkang kala punika golongan bêrah sami kêklêmpakan. Mênggah wosing mêdhar sabda, ngandharakên bilih ing donya punika limrahipun sami bingung jalaran saking kathahipun tiyang angguran, nanging tumrapipun Jerman malah kêkirangan bêrah.

Pakurmatanipun Sang Hitler wontên Italie. Sang Hitler sadumuginipun Italie pêpanggihan kalihan Sang Mussolini wontên sanginggiling kapal pêrang Cavour, ingkang agêngipun 23.000 ton, ingriku dipun urmati ing panggêgananipun motor mabur militèr 200, tumrap ing sagantên wontên kapal silêm cacah 90 ugi tumut urmat. Ing pasisir kawontênakên arak-arakan agêng ingkang mawi rinêngga-rêngga ing bandera. Ing dalunipun ing pucaking rêdi Visuvius kawontênakên sorot ingkang sakalangkung padhang, anyoroti sêratan ingkang ungêlipun "Heil Hitler".

[Iklan]

ASIA.

Jêpan damêl kapal enggal. Satunggiling pabrik damêl kapal api nama Nippon Yusen Kaisa, ingkang agêng piyambak ing sanagari Jêpan badhe damêl kapal ingkang gunggunging agêngipun 221.600 ton. Kapal-kapal wau wontên ingkang kangge momotan tiyang 26.500 ton, kangge lampah dhatêng San Francisco, wontên ingkang 16.500 ton kangge palayaran dhatêng Eropa tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun malih ingkang kangge layaran dhatêng Australie.

Bêna agêng ing Irak. Miturut wartos, lèpèn Euphraat tuwin Tigris bêna, adamêl kapitunan agêng tumrap nagari sakilèn Bagdad. Margi-margi ingkang dhatêng Damascus sami kêlêbên toya.

Têlênging dunungipun wadya Tiongkok. Ing wêkdal sapunika ingkang dados têlênging dunungipun wadya Tiongkok wontên ing Chungkin tuwin Changsha. Wadya ingkang wontên ingriku 2.000.000, sami badhe kaangkatakên dhatêng papan pabarisan paprangan, laminipun kawan wulan. Ing Chengtu ing sapunika dados papan kangge nyinau juru anggêgana, ingkang sinau wontên tiyang 6000, dipun wulang dening bangsa Roes. Golongan anggêgana punika kathah ingkang sami anglêbêti.

AMERIKA.

Botên damêl auto gagrag enggal. Miturut wartos, ing taun 1939 ngajêng punika pabrik-pabrik auto sami botên damêl auto gagrag enggal, kajawi pabrik Ford, Buick tuwin Nash.

AUSTRALIE.

Bêna Agêng. Miturut wartos, ing antawising Auckland tuwin Wellington wontên bêna agêng malih kados ingkang sampun. Wontêning bêna wau jalaran saking jawah dêrês ngantos adamêl agênging lèpèn ingkang anggêgirisi. Dhusun-dhusun ingkang kêtrajang wau ingkang ingajêng sampun kêbênan saha dèrèng dipun dandosi. Têtiyang ingkang sami kasangsaran angsal pitulungan têdha saking motor mabur.

--- 588 ---

Wêwaosan

I Lêlampahanipun Wasili, Anakipun Busli.

73

Ing kitha Nopgorod wontên tiyang sugih nama: Busli. Sanadyan umuripun Busli punika kirang langkung sampun sangang dasa taun, nanging salaminipun dèrèng nate pasulayan kalihan sasamining gêsang, amila wontênipun ing ngriku tansah ingaji-aji ing tiyang, botên jalaran saking sugihipun, utawi saking lumuhipun pasulayan kalihan sasami-sami, nanging ugi jalaran saking agênging darmanipun dhatêng sintêna tiyang ingkang ambêtahakên dhatêng pitulunganipun. Mênggah kasugihanipun Busli wau, ing saindênging kitha ngriku tanpa wontên tiyang ingkang sagêd nyamèni. Ewasamantên Busli mêksa rumaos kirang sênêng gêsangipun, awit piyambakipun botên gadhah anak jalêr, ingkang ing têmbe sagêd maris bandhanipun wau, sarta anglajêngakên darahipun. Siyang dalu Busli tanpa wontên pêdhotipun anggèning nênuwun dhatêng ingkang Murbèng Kuwaos, mugi-mugi sagêda pinaringan turun. Dilalah karsaning ingkang Kuwaos, sarêng Busli sampun umur sangang dasa langkung, lajêng pinaringan anak jalêr, ingkang bagus warninipun, amila bingahipun Busli tanpa upami. Nanging sarêng lare wau jangkêp umur pitung taun, dumadakan bapakipun lajêng tilar donya, ingkang salajêngipun lare wau nuntên dipun gulawênthah dening biyungipun ingkang nama Waramameliyah. Dene lare jalêr anakipun Busli wau dipun namakakên Wasili.

Sangajalipun Busli, Waramameliyah lajêng ngundang guru ingkang sampun mumpuni ing sadaya kawruh, sarta ingkang lajêng kajibah nyukani piwulang dhatêng Wasili saprêlunipun. Ing ngriku têtela bilih Wasili punika lantip sangêt, ingkang anjalari sakêdhap kemawon gurunipun sampun botên sagêd suka wulangan malih. Salajêngipun Wasili nuntên angsal wulangan nêmbang tuwin angrumpaka. Jalaran saking saening suwaranipun, Wasili wau lajêng kapatah dados tukang têmbang ing salêbêtipun Greja agêng.

Kacariyos sarêng Wasili sampun jangkêp umur kalih wêlas taun, ingkang dipun sênêngi kaluyuran wontên ing margi-margi agêng sarta dolan kalihan lare-lare ingkang sakintên sami umuripun. Nanging caranipun dêdolanan Wasili punika beda sangêt kalihan lare-lare sanèsipun. Sabab botên namung kêkiyatanipun ingkang ngungkuli lare-lare sajajaripun, sanadyan para tukang bithèn ingkang sampun misuwur ing salêbêtipun kitha Nopgorod ngriku, mêksa botên wontên ingkang sagêd anandhingi mênggahing kalangkunganipun Wasili wau. Manawi Wasili nyandhak tanganipun lare, kenging dipun tamtokakên mêsthi putung tanganipun, manawi ingkang kacandhak sukunipun, lare wau mêsthi lajêng buntung, dene sintên ingkang dipun dhawahi bithi ing sirahipun, mêsthi sirahipun wau lajêng pothol saking badanipun. Samantên mênggah kalangkunganipun Wasili wau. Jalaran saking makatên punika, andadosakên nêpsunipun têtiyang ing kitha Nopgorod ngriku. Salajêngipun têtiyang wau nuntên amanggihi Waramameliyah amadulakên lêlampahanipun anakipun, inggih pun Wasili wau. Mênggah cariyosipun têtiyang punika makatên:

Mugi sampun andadosakên kagèting panggalih panjênêngan, Waramameliyah, dene kula sadaya sêsarêngan sowan ing ngarsa panjênêngan punika. Mênggah sowan kula sadaya mriki punika botên sanès namung nyuwun pitulungan panjênêngan, supados panjênêngan krêsa angèngêtakên dhatêng putra panjênêngan sampun ngantos kalajêng-lajêngakên anggènipun gadhah tindak nganiaya dhatêng anak-anak kula sadaya, awit jalaran saking panganiayanipun putra panjênêngan wau, kathah lare ingkang dhawah ing pêjah, tuwin buntung suku lan tanganipun. Dene manawi panjênêngan botên sagêd angèngêtakên dhatêng putra panjênêngan, mugi sampun pisan andadosakên panggalih panjênêngan, putra panjênêngan mêsthi lajêng badhe kakrubut ing tiyang sakitha, saha lajêng badhe kalêlêb-lêlêbakên ing lèpèn Wolso.

Sarêng anakipun wangsul ing griya, sêmu susah Waramameliyah lajêng anyariyosakên makatên:

O, Wasili, anaku, geneya kowe têka mêmatèni utawa amrotholi sikil utawa tanganing bocah-bocah kang padha dolan ing dalan. Ambok tirunên kalakuwane swargi bapakmu, kang umure nganti luwih saka sangang puluh taun, ewasamono durung tau pasulayan karo sapadhaning urip. Mulane swargi bapakmu kuwi iya diaji-aji bangêt ing wong akèh. Nalika umure padha karo kowe wêktu saiki kiyi, swargi bapakmu wis anduwèni bala sawatara cacahe, lan sarana balane wau dhèwèke bisa numpês golonganing wong kang nêdya ngrusak mênyang agamane dhewe iki. Balik kowe, babar pisan ora duwe mitra. Yèn wong-wong nêdya milara nyang kowe, sapa kang nêdya arêp nulungi kowe. Seje prakara, yèn kowe duwe bala, mêsthine bakal bisa ananggulangi wong-wong kang nêdya siya nyang kowe. Badhe kasambêtan.

--- 73 ---

Nomêr 19, 11 Mèi 1938, taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Kagunan Nyêrat (Ambathik Tumrap Wanita Jawi).

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 36

Nanging sanajan makatêna, panuwun kula dhatêng para wanita Jawi, prakawis kagunan nyêrat sinjang, sami karsaa nêngênakên kadosdene kagunan mănca ingkang sampun kula aturakên. Dhasar punika kagunan Jawi kina têtilaranipun lêluhur, pantês dipun lêluri kadosdene kabudayan bêksa ing jaman samangke, sami dipun gêgêsang dening sadhengah, ing ngriku sami awêwaton, nglêluri kabudayan Jawi kina ingkang murni.

[Grafik]

Biyang Marta Sleman.

Tumrap ing praja Kajawèn Ngayogya tuwin Surakarta pawèstri botên sagêd ambathik punika lăngka-lăngka. Trêkadhang ingkang botên sagêd babarpisan, sok lingsêm yèn ngakêna botên sagêd, awit sok dados cacadan. Langkung-langkung para putrining priyantun, inggih priyagung luhur utawi priyantun limrah, racak sami sagêd ngasta nyêrat sinjang. Saking awig lan alusing sêratanipun, ngantos dipun basakakên: bathikane bisa ngidung, lung-lungane bisa ngigêl, sawate bisa anggrudha, babarane kaya prada. Sawênèh dipun basakakên: kawung kêdhotan, nitik Dipawinatan, sêmèn kangjêng ratu lan sapanunggilanipun. Mila makatên, sinjang ingkang pèni punika, tukipun (polanipun) racak saking kraton, ingkang ngasta nyêrat para bandara gusti, para putra wayah lan santana dalêm, mila layak kemawon yèn sêratanipun sok dados kêmbang lambening akathah. Ngantos para bakul wade-wade punika yèn nawèkakên daganganipun sami akêkudhung walulang macan, punika nyamping tus saking kraton. Ingkang ngasta nyêrat bandara radèn ayu anu, kangjêng ratu anu, kêmbaranipun punika kagêm kangjêng pangeran anu, makatên sapiturutipun mamrih sagêdipun minggah rêgi.

Miturut katêrangan ing nginggil cêtha pawèstri punika [puni...]

--- 74 ---

[...ka] kêdah sagêd ambathik. Kangge tanah Ngayogya Surakarta, kasagêdan ambathik punika sok mêwahi aruming asmanipun bok mas bèi anu kae bathikane kranjingan têmênan (lo, sampun anjênggirat, kranjingan punika dhialèk Sala, têgêsipun sae sangêt) lagi wujud bathikane bae wis bisa ngidung. Iya bêgjane kakunge, yèn ngagêm nyamping mêsthi bisa ngigêl. Badhe kasambêtan.

Biyang Marta Sleman.

Bab Olah-olah.

Gudhêg

Anggodhoga ulam ayam rumiyin, kairis-irisa dados pintên-pintên iris, ing sapantêsipun. Toyanipun sampun ngantos kêladukên, tuwin mawi dipun dèkèkana sarêm sawatawis. Tumuntên anggodhoga gori ingkang sampun dipun oncèki lan dipun irisi agal-agal (dados botên dipun cacah) manawi sagêd mawi dipun uworana pradapaning kusambi (bongkoting gagang kaklêmpakna lajêng tinangsulan kados makatên punika nama dipun halub-halubi). Mila pradapa kusambi mawi dipun untingi, prêlunipun bilih dipun êntas saking halub-haluban gampil anggènipun miyambak-miyambakakên, amargi irisan gori wau kêdah mawi dipun dhêplok rumiyin namung runyah-runyah kemawon (sampun ngantos kêlêmbatên).

Sasampunipun tumuntên angracika bumbu: sarêm, traos, brambang, bawang, tumbar, jintên, tempe bosok, kêmiri, salam laos, kacolok gêndhis jawi, sadaya wau kajawi salam laos sami kaulêga ingkang lêmbat.

Manawi panggodhogipun ulam kintên-kintên sampun tanak, lajêng kacêmplungana gori ingkang sampun kadhêplok lan pradapa kusambi, untinganipun sami kauculana (samantên wau yèn mawi godhong kusambi), yèn sampun umob lajêng kacêmplungana bumbu salam laos kakatutna sarêng, nuntên kaudhaka ingkang napis, manawi sampun umob malih, tumuntên dipun santênana kênthêl, lan kêdah kêndêl dhatêng santên (têgêsipun kathah). Bilih sampun umob panggêng, lan duduhipun sampun papak ampasipun (gori) mratandhani yèn sampun tanak, nuntên kaêntasa. Manawi gudhêg wau kaangkah sagêda kangge sadintên kalih dintên (kawayokakên) prayoginipun kêdah kawungkusana, lajêng dipun dang utawi dipun langsêng, ingkang ngantos tanak, titikanipun, anggêr godhong wungkusanipun wau sampun matêng inggih sampun tanak, amargi lawuh duduh-duduhan punika yèn amung nyêmêk-nyêmêk kemawon, măngka dipun êngêt wontên ing anglo, wontêna ing panci, wontêna ing kuwali, tamtu lajêng sangit.

Nyi Pranata.

--- 75 ---

Wangsulan dhumatêng Sadhèrèk Wara Marta Sleman Bab Kamajêngan Cêngkah Kasusilaning Wanita.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 36

Dados bilih ngantos wontên sadhèrèk kula wanita kawêdal panyaruwe lan panyedanipun dhatêng para kadang kula wanita mudha ingkang sami sumêdya badhe anggêbyur ing kalanganing sêsrawungan mardika, lan sêngit dhatêng tindak-tandukipun ingkang ginalih nyêbal saking kasusilaning kabangsan, punika cêtha yèn amung anggêga karsa priyăngga, botên kapanggalih ingkang panjang lan botên karsa madosi punapa ingkang andadosakên sabab-sababipun dene ngantos wontên kadadosan kawontênan lan lêlampahan kados makatên wau. (mriksanana kados katrangan kula ing nginggil).

O, sadhèrèk, mila awrat lan gawat saèstu tinitah dados wanita punika, langkung-langkung gêsang wontên ing jaman samangke punika, kenging kawastanan; ewuh aya ing pambudi, tandhanipun: ngene dièncêpi, ngono dipleroki. Ing măngka yèn ngèngêti wulanging para sagêd, sadaya băngsa ingkang sami ngudi dhatêng mulyaning bangsanipun punika, paugêran ingkang nomêr satunggal wontên ing wanita, jêr wanita makatên sajatosipun dununging sadaya babagan ingkang wigatos piyambak, langkung-langkung tumrap dhatêng panggulawênthahing putra, sanyata botên kenging ginagampil. Dados yèn kula para wanita kawontênanipun namung tansah plerok-plerokan, poyok-poyokan, prêngut-prêngutan lan sapanunggilanipun, gèk lajêng benjing punapa sagêd kula badhe sajajar drajatipun kalihan sanès băngsa, jêr sawêg sami băngsa piyambak kemawon sampun kados makatên, dêstun malah saya ingèsi-èsi dening liyan băngsa. Awit saking punika panyuwun kula dhumatêng para kadang kula wanita golongan sêpuh lan ênèm, mugi sami ngêgungna samudra pangaksama, sampun pisan-pisan ngantos pradondi, jalaran namung sabab saking sapele. Ngèngêtana yèn kula wêkdal samangke punika bêbasan lumampah ancik-ancik pucuking êri, namung wajibipun ingkang rumaos kajibah dados sêpuh paring pamuji lan pangèstu, sawangsulipun para anèm ingkang sami sumêdya anggêbyur ing kalanganing sêsrawungan mardika prêlu kangge pancadan panjunjunging băngsa, inggih sampun pisan ngantos kasupèn dhatêng wajibing putri sajati, ngèngêtana ajining dhiri saka sukcining ati. Dados samăngsa sadhèrèk kula wanita mudha tansah èngêt dhatêng piwulang wau, mêsthi badhe ical was-sumêlanging panggalih lan sanès-sanèsipun, awit sadaya lêlampahaning dhiri pribadi punika enggal dangunipun mêsthi badhe pinanggih, têgêsipun: sing sapa ala bakal katara, sing sapa bêcik bakal katitik, bebasanipun Mêlayu inggih sampun mungêl: "sebaik-baiknya menyimpan barang busuk, lambat laun tentu akan berbau juga". Dados saupami ngantos wontên lêlampahan utawi kadadosan ingkang damêl marosoting drajat kula wanita wontên ing kalanganing sêsrawungan mardika, punika satunggaling tăndha yêkti yèn ingkang tumindak makatên wau satunggaling tiyang ingkang pancèn sampun anggadhahi dhêdhasar [dhêdha...]

--- 76 ---

[...sar] awon kalakuwanipun wiwit alit mila. Awit dhêdhasar awon ingkang tuwuhipun wiwit alit mila, sanajan dipun tanggulangana kanthi winêlêg ing pangajaran ingkang ngantos kadospundi kemawon, inggih mêksa botên sagêd badhe sirna babarpisan, awit watakipun dhasar, pancèn botên purun kawon kalihan pun ajar.

Awit saking punika, saking pamanggih saha wawasan kula tumrap dhatêng para kadang kula wanita mudha ingkang sami sumêdya nututi ajênging jaman, kangge anjunjung drajating bangsanipun, kados botên prêlu kagungan was sumêlanging panggalih utawi kengguh sarta kandhêg dening panyaruwe lan panyedaning sanès, awit samăngsa ngantos kengguh sarta kandhêg, masthi botên badhe kadumugèn sêdyanipun. Namung sarèhning tumindak ingkang badhe linampahan wau pancèn anglangkungi margi ingkang sakalangkung gawat lan rumpil saèstu, mila gêgaman kangge nanggulangi nyirnakakên sakathahing rêridhu godha rêncana, botên sanès kajawi namung tigang prakawis, inggih punika 1. prayitna, 2. waspada, 3. dêduga lan prayoga. Gêgaman tigang prakawis wau yèn linaras lajêng cundhuk kalihan dhawuh pangandikanipun putri kula pinunjul suwargi R.A. Kartini, ingkang cara Jawinipun kirang langkung makatên: waspada dhatêng dhiri pribadi, atêgês nama botên nyapèlèkakên sarira, malah punika satunggaling margi kangge anggayuh dhatêng pandamêl ingkang mulya.

Bok Sri, W. Rêmbang.

Sinjang Cuwiri.

Sinjang cuwiri punika golongan sêratan kina, latar cêmêng, ingkang sêratanipun kapetang ngrêmit, panyêratipun sarana polan.

Mênggah cêthaning pamola. Polaning sinjang katèmplèkakên ing montên, ingkang wujudipun kados gambar punika, nanging pamolanipun namung dumugi sapalihing êlar tugêl sapalih ing sêratan ingkang wangun sikon, salajêngipun dipun têkuk malih, dipun êblakakên saking palihaning êlar wau, salajêngipun têrus dipun êblak minggah mangandhap tuwin mangiwa manêngên. Dados wujuding gambar punika kapêndhêt wêtahipun, murih pantêsipun kemawon.

[Grafik]

Têmtung[5] cuwiri, punika têgêsipun: ukir-ukiran, lung-lungan tuwin ngrawit. Miturut gotèk, ing kinanipun sinjang wau namung kagêm wontên salêbêting karaton. Dados pancèn sinjang adèn. Sinjang wau sarwa luwêsan, mathuk dipun kanthèni pangagêman punapa kemawon, botên pilih kakung putri.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


darajat. (kembali)
gêgayutan. (kembali)
milênggahakên. (kembali)
Cacah. (kembali)
Têmbung. (kembali)