Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 47, Stu Pa, 12 Bakda Mulud, Jimawal 1869, 11 Juni 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Pajagèn Bêbaya ing Gagana - Marsudi Gêndhing Jawi - Panguburing Layonipun Dr. R. Sutama - Utaminipun Lare Èstri Yambutdamêl - Kawontênan Sajawining Praja - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Bab praboting ringgit sapanunggilanipun.

Asring wontên rêmbag angraosi ing bab ringgit, punika ingkang sêpuh piyambak punapanipun, punapa ringgitipun, punapa kêlir sagadêbogipun, punapa blencongipun, tuwin punapa dhalangipun.

Rêmbag ingkang kados makatên punika, tumrap satunggal-satunggalipun ingkang angêkahi panganggêpipun, sami lêrês sadaya, awit tumrap wolak-waliking ginêm sami mawi wêwaton sadaya, upaminipun, tiyang ngringgit manawi botên wontên ringgitipun, botên badhe kêlampahan, dados sêpuh pun ringgit. Tiyang ngringgit tanpa kêlir tanpa gêdêbog, botên badhe tumindak, punika nandhakakên sêpuh pun kêlir tuwin gêdêbog. Tiyang ngringgit tanpa balencong badhe cêthunthungan, punika nandhakakên sêpuh pun balencong. Tiyang ringgitan tanpa dhalang, badhe botên nama tiyang ringgitan, punika nandhakakên sêpuh pun dhalang.

Sadaya wau sawêg kagrêba kasar-kasaranipun, manawi mêndhêt lêbêtaning suraos ingkang mêndhêt dhêdhasar kabatosan, badhe saya manjangakên sêsorah tuwin katranganipun, awit sadaya punika pancèn dados prabot gambaraning gêsang. Nanging ugi lajêng kenging karingkês, sadaya wau botên wontên ingkang anèm, botên wontên ingkang sêpuh, awit gêgambaran ingkang kados makatên punika botên kenging lajêng dipun pêthil-pêthil, wontênipun sami tumindak sêsarêngan tuwin daya-dinayan.

Nanging lajêng wontên ingkang ngoncèki malih, ingkang sêpuh piyambak punika ringgit, dene anggènipun ngoncèki sarana kapêndhêtakên: ringgit sakothak punika ingkang sêpuh piyambak ingkang pundi, dene pinanggihing katrangan, ingkang sêpuh piyambak punika kayon (gunungan) ing ngriku kapêndhêtakên saking kayun, ingkang atêgês gêsang. Ing pasêmon ngriku kasanepakakên, gêsang punika langgêng, wontênipun ing pawayangan kawujudakên: miwiti amêkasi, inggih punika wujuding kayon, sadèrèngipun wiwit, kayon sampun tumancêp, ing têngah-têngahaning lampahan inggih wontên kayon, têlasing lampahan inggih dipun wêkasi tumancêping kayon.

Namung sajatosipun, gêsang ingkang kados makatên punika ingkang tansah dados grayangan, wos-wosipun.

Cêkruktruna.

--- 718 ---

Pajagèn Bêbaya ing Gagana.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 45.

Pambêktanipun topèng.

Topèng mirantos pambêktanipun dipun cangklong ing ngiringan, sanginggilipun bêktan sanèsipun.

Kangge sêdhiyan dipun angge: kanthong topèng dipun junjung ing sangajênging dhadha, bagean nginggil kintên-kintên bênik rasukan nomêr kalih saking nginggil. Ban cangklongan dipun damêl pas (trêp) lajêng mata itik ingkang pas kaêtrapna ing bênik kanthongan. Sapunika kanthongan sampun gumandhul ing ngajêng dhadha. Sabuk wacucal dipun udhari lajêng dipun ubêdakên ing dhadha, dipun angkah antawis dhadha lan kanthongan topèng wontên longgaranipun sakêpêlan.

Panganggenipun topèng.

Topèng kacêpêng ing bagiyan irung lajêng katarik mêdal saking kanthongan. Sasampunipun ban-ban kacêpêng mawi tangan kalih, jêmpol kalih nuding dados satunggal wontên kulit têmpukanipun ban. Sapunika janggut topèng dipun tèmpèlakên ing janggut rai, ingkang dipun sungkêmakên mangandhap lan mangajêng, lajêng ban-ban katarik kagubêdakên sirah, têpanganipun ban kêdah lêrês ing sirah wingking. Manawi topèng dèrèng trêp lajêng blêngkêring kaca mripat kacêpêng mawi tangan kalih, dipun ebahakên, topèng lajêng mapan piyambak. Kangge nyêrêtakên lan ngêndhoakên, ban-ban kenging dipun ulur lan dipun ungkrêt. Pamriksanipun topèng ambrabas utawi botên. Pipa karèt dipun pèjèt lajêng napas ingkang rosa. Manawi topèng wau rapêt, topèngipun katut kasêrot. Manawi wontên ingkang ambrabas kraos malêbêtipun angin.

[Grafik]

Kaca mripat sampun ngantos burêng saking uwab napas.

Topèng manawi dipun angge makatên kemawon kaca mripatipun lajêng enggal burêng saking uwab, wasana blabur kangge ningali.

Supados têrus rêsik, kaca ing bagean nglêbêt dipun corèk-corèk sabun. Sasampunipun lajêng dipun ababi, mawi montên ingkang kandêl lan lêmês, sabun wau lajêng dipun radinakên, ngantos botên katingal.

Kaca lajêng dipun ababi malih. Manawi kaca wau lajêng sumorot awarni kados kuwung, punika kenging dipun angge. Dados sabun botên kenging ngantos ical.

--- 719 ---

Pèngêtan ingkang prêlu manawi badhe ngangge topèng.

Manawi badhe ngangge topèng kêdah dipun kulinakakên mripat mêrêm, lan nahan napas. Sasampunipun topèng kaangge lêrês lajêng napas dipun damokakên ngantos kaping tiga, sawêg tiyang ngêlèkakên mripat lan napas alon.

Mênggah prêlunipun ambucal hawa ingkang katutup ing antawisipun topèng lan rai. Awit manawi hawa wau sampun mawi racun sagêd niwasakên. Kangge upami, manawi tiyang lajêng wahing lan watuk topèng sagêd ambikak.

Topèng modhèl Jêrman ingkang saringanipun nèmpèl ing topèng, dados tanpa kanthongan, wadhah saringan panganggenipun gampil manawi para maos sampun priksa aturan ngangge topèng kados ing nginggil.

R. Pringgadiharja,

Leider gas sectie G.G.D. Bat.

Pawartos saking Rêdhaksi

K. 3408 ing Kuthaarja. Mijil Sulastri sapanunggilanipun, punika gêndhing. Rê Wa, 17 Rabingulakir, Alip 1834 dhawah 21 Juni 1905. 17 Dulkangidah 1836 punika taun Ehe, sanès Jimawal.

K. 1319. Dhawah 16 Oktobêr 1922.

K. 3396 ing Pringsurat, manawi pancèn botên gadhah badhe linêpatakên ing bayaran, kanthi katrangan saking pulisi.

K. 4885 ing Gêndhingan. Pandangu panjênêngan dintên Sêtu Lêgi Ehe 1836 tanpa wulan, punika ing salêbêtipun sataun kathah, wulan punapa.

Tuwan S. Suryabrantan 19. Gambar punika kamanah botên sapintêna pigunanipun.

[Iklan]

--- 720 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 45.

Mênggah lugunipun gêndhing boyong punika merongipun panjang, ing têmbe wingking nutipun ugi badhe dipun êwrat.

Ing ngandhap punika gêndhing boyong ingkang sampun andhawah, (minggah) mawi dipun sênggaki sarta gerongipun.

[Notasi]

Lagunipun sênggakan sarta gerong miturut ôngka têngêr: sgk lan gr.

Têmbung-têmbung ingkang minôngka sênggakan, sambêtipun ingkang kasêbut nginggil, kagêm apilan.

Sgk I Barkah narpa lumintu mintir amindha, lir narmada karya yêming wong sapraja.

II. Pindha puspa ginubah dadya jêjimat, rum angambar sumêbar ngèbêki jagad.

III. Datan lôngka sri nata tansah kaojat, awibawa dadya pandaming sajagad.

Bab gadhah prêlu mawi nabuh pradôngga.

Ing wêkdal punika manawi wontên para sadhèrèk ingkang gadhah prêlu mawi nabuh pradôngga, ungêlipun gêndhing dipun urutakên, katêlahipun umum nama, programa (programma) prêlunipun:

1. sagêd ambage wêkdal, ungêlipun gêndhing sagêd mêpaki.

2. anjagi supados sampun ngantos wontên sadhèrèk ingkang kapengin mundhut gêndhingan, ingkang botên cocog kalihan wancinipun, upami kemawon, sawêg wanci jam 10 dalu mangsanipun ngungê-

--- 721 ---

[Iklan]

lakên gêndhing laras salendro pathêt 6 dipun pundhuti gêndhing kutut manggung, môngka gêndhing kutut manggung punika pathêt manyura, dados nama botên runtut kalihan wêkdalipun.

3. sagêd nyumêrêpi uruting namanipun gêndhing ingkang dipun ungêlakên.

Kajawi punika namanipun gêndhing ugi ingkang anggadhahi suraos runtut kalihan prêlunipun. Kados ta, ingkang sampun kasêbut ing ngajêng, bibar panggihipun pangantèn, lajêng ngungêlakên gêndhing boyong, punika ugi gadhah suraos amboyong punapa-punapa.

Dumugi sapriki taksih wontên ingkang gadhah piandêl naluri gêndhing boyong, inggih punika ringgit talèdhèk ingkang badhe pangkat ambarang, ngungêlipun gêndhing ingkang sapisan kangge kebar, tamtu gêndhing boyong. Sabab gadhah suraos badhe amboyong rêjêki.

Mangsuli bab sadhèrèk ingkang gadhah prêlu, asring botên kasupèn, supados ngungêlakên gêndhing ladrang slamêt, botên sanès namung pados angsar- (daya) ipun nama.

Badhe kasambêtan.

R. Ng. Pringgahardana.

Pawartos saking Redhaksi

K. 1343 ing Sêmarang. Sla Wa, 5 Sawal Jimakir 1842 dhawah 17 Sèptèmbêr 1912. 27 Bêsar, Dal 1847 dhawah A Pa, 14 Oktobêr 1917, botên: Rê Pn, 11 Sawal Be 1848 dhawah 21 Juli 1918.

--- 722 ---

Panguburing Layonipun Dr. Sutama

Ing Kajawèn nomêr 45 sampun ngêwrat pawartos ing bab anggèning tilar donya Dr. Sutama tuwin andharan lêlampahanipun sawatawis. Ing ngriki prêlu ngandharakên ing nalika panguburipun wontên ing dintên Rêbo tanggal 1 Juni 1938.

[Grafik]

Untabipun têtiyang ingkang ngiringakên layonipun Dr. Sutama.

Ing dintên Salasa wanci siyang, layonipun Dr. Sutama kabêkta wangsul dhatêng dalêmipun ing Simpang Dhukuh, lajêng dipun sucèni, salajêngipun dipun lêbêtakên ing trêbêla saha dipun gêloni siti saking papan ingkang badhe kangge ngubur.

Ingkang nucèni têtiyang para warganing pakêmpalan Putra Surabaya. Ingkang mangku Tuwan Ruslan Wôngsa Kusuma, panitra up bêstir Parindra, Dr. Suratma, ingkang rayi Dr. Sutama Tuwan Suyana tuwin Tuwan Urip Kasan Sêngari.

Trêbêla wau dipun lapis ing timah, blabagipun rangkêp, ing sasêlaning blabag dipun isèni gamping gêsang. Saha salajêngipun trêbêla wau kapapanakên wontên ing jarambah dalêm têngah, tumuju keblat, dipun lurubi bandera Parindra. Ing ngriku kathah ingkang

--- 723 ---

sami dhatêng andêdonga lumintu tanpa kêndhat, dipun tata ing golongan suryawirawan. Ingkang dhatêng ing ngriku sawarnining bôngsa, anèm sêpuh, dalah lare, sadaya sami ngatingalakên anggèning belasungkawa. Tindak makatên wau ngantos dumugi lingsir dalu.

Wanci enjing kêsundhul dhatêngipun ingkang sami belasungkawa malih tanpa wontên pêdhotipun, dalasan dumugi golongan malarat ingkang panganggenipun pating srompal ugi botên beda sami katingal anggèning belasungkawa. Saya tumraping golonganing Parindra, ingkang têbih ingkang cêlak sami mrêlokakên layat dhatêng pangajêngipun, dalasan golongan ingkang dipun anggêp mêngsah, ing kala punika inggih sami mrêlokakên dhatêng.

Ing dintênipun Rêbo wanci jam satêngah sakawan sontên, layon badhe bidhal dipun kubur dhatêng pakarangan Gêdhong Nasional ing Bubutan, nanging ing kala punika, jam kalih siyang, ing pakarangan ingkang samantên wiyaripun, sampun kèbêkan tiyang, botên kenging dipun piyak, ngantos lumèbèr ing margi, sadaya sami nêdya ngiringakên layon.

Jam tiga langkung layon dipun usung dening para suryawirawan kabêkta mêdal saking dalêm, kalêbêtakên dhatêng kareta layon. Ing salêbêtipun layon kausung ngantos dumugining kapapanakên ing kareta layon, para golongan Parindra sami urmat sacaraning pakêmpalan, inggih punika ngacungakên tangan mangajêng mayat, tindak makatên wau ugi wontên golongan sanès ingkang tumut ngênut.

Ing ngriku Tuwan Ruslan Wôngsa Kusuma lajêng ngadêg wontên ing kursi apratela badhe bidhaling layon tuwin tataning lampah-lampahipun.

[Iklan]

Ingkang lumampah ing ngajêng piyambak golongan suryawirawan, 8 ambêkta pandhêl Parindra dipun sambêt ing para ngulama tuwin santri, baris suryawirawan tuwin padpindêr sanèsipun sami ambêkta karangan sêkar, lajêng kareta layon, pangirid kapal wolu dipun lurubi pêthak, dipun apit-apit ing têtiyang mangangge rasukan cêmêng, punapadene para warganing Parindra. Sawingkinging kareta layon para kulawarga èstri ingkang sami dharat, lajêng prah oto tiga ambêkta sêkar. Kasambêt kulawarga jalêr, kathah ingkang rasukan cêmêng, lajêng para ingkang numpak oto pintên-pintên dasa, panjanging para ingkang ngiring punika kintên-kintên wontên sakilomètêr, têtiyangipun kirang langkung 50.000 malah wontên ingkang ngintên 100.000.

Ingkang ngiring sadaya wau sami kèndêl, botên wontên ingkang sês, danguning lampah ngantos kalih jam, langkung ing margi ingkang kiwa têngên bêntêt tiyang. Sadumugining papan kubur, têtiyangipun sampun botên sagêd kamot sadaya.

Sarampungipun ngubur, kawontênakên wêdharsabda saking golongan warni-warni. Ingkang wêkasanipun dipun wangsuli ing panjênênganipun Dr. Suratma.

Kados makatên kawontênan panguburing layonipun Dr. Sutama, ingkang tansah badhe dados pêpengêtan.

--- [724] ---

[Grafik]

Pamêdaling Tanah Ngriki

Nyambêti andharan ing bab pamêdaling tanah ngriki ingkang kasade wontên ing pêkên Medhan, ing ngriki ngêwrat malih gambar-gambaripun bangsanipun sayuran punapadene bangsaning ulam-ulam ingkang taksih sêgêr lan ingkang sampun kaêpe garing, gêrèh sasaminipun.

Pamêdal wau sumêbar kasade dhatêng pêkên pundi-pundi, kados ta: dhatêng Singgapur, Penang lan sanès-sanèsipun.

[Iklan]

--- 725 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Utaminipun lare èstri nyambutdamêl

V.

Petruk : Kang Garèng, ayo, saiki padha dibanjurake manèh rêmbugane ing ngarêp, yaiku ing bab bêcik lan orane bocah wadon padha nyambutgawe kuwi.

Garèng : Prakara kuwi manèh, kowe ki dhêmên têmên ngungkat-ungkat krêmi, apa kowe kêpengin disawat ... têgêsan klismah.

Petruk : Bênêr, Kang Garèng, tumrape jaman modhèrên iki, nyang susur para wanita kuwi gila bangêt, hla wong wêruh wong nginang bae jarene: hèh, sopis, iki cara Lônda, Kang Garèng, nèk dijawakake karêpe: tobat, tobat, le anjêlèhi, crit, iki èksêtrane, Kang Garèng, nganggo idu barang. Tumrape wanita modhèrên, iya ora nginang, nanging udut, tur sing diudut iya ora bangsane: ingsiyong, iki diunèkake: pis, manèh, sabab mambu ilêr esuk jarene, nanging udute mêsthi klismah, sabanjure aku: êmbuh ora wêruh, apa karo kônca-kancane kaum priya sok ... êmpak-êmpakan barang.

Garèng : Sê-top, ana kok banjur rupa-rupa mêngkono. Saiki banjurna anggonmu aglairake panêmumu ing bab anane bocah wadon nyabutgawe kuwi.

Petruk : Nèk mungguhing panêmuku iya ana pagawean sing pancèn mathuk têmên kanggone kaum wanita, kaya ta upamane: prudpro (dhukun bayi), dhoktêr, banjur: guru, luwih-luwih guru probêl, iki kabèh pancèn iya mathuk têmênan kanggone kaum wanita.

Garèng : Banjur aja lali: dhukun pijêt, sarta manèh: tukang juwal suwara, adhuh-adhuh dhisayang, ja-puh. Le ora mèmpêr, nèk sing kok kandhakake kabèh mau, iya wis cêtha yèn mêsthi mathuke, nanging pikiranamu sing kaya ngono kuwi, rak mung arêp enake dhewe bae, kaya ta: prudpro. Kowe mupakat utawa ora mupakat, iya mêsthi bangsaning wanita, awit pro (vrouw) iki cara Lônda, têgêse: wong wadon, dadi pangkat prudpro ora kêna ora iya kudu ditindakake dening: wong wadon. Banjur wong wadon kok unèkake mathuk kanggo dadi dhoktêr, iki cêtha wela-wela mung saka ... butarêpanamu bae. Sabab yèn banjur mriksa lan nambani bojomu, atimu bisa ayêm têntrêm, sabab: bolih dhipêrcayah, sèh. Kosokbaline dhoktêr wanita mriksa lan nambani [namba...]

--- 726 ---

[...ni] kowe dhewe, rasane: sêgêr, sabab astane alus lan êmpuk, tur: ora grusah-grusuh tandang-tanduke. Guru, luwih-luwih guru probêl, kok unèkake kanggone wong wadon, mathuk bangêt, iki iya mung ngarah enake dhewe manèh, sabab, wong wadon kuwi kêdhasaran mulasara lan ngopèni anak, nèk sabanjure dikon nuntun bocah, mêsthi iya: gêsêkik bangêt. Anane pagawean patang warna sing kok unèkake mathuk kanggo para wanita, ora prêlu tak bantah dawa-dawa. Kanggone wong wadon pangkat: dhukun bayi, dhoktêr, guru lan guru probêl, pancèn iya wis cêsplêng têmênan, nanging mungguhing panêmumu, kanggone wong wadon pangkat liya-liyane apa ora mathuk. Kaya ta: tukang nampani tilpun, apa kurang mathuk yèn dipasrahake nyang kaum wanita.

[Grafik]

Petruk : Iya mathuk bangêt, Kang Garèng, mung bae yèn ora kabênêran, sok mung marakake dosa thok bae.

Garèng : We hla ora karuwan, ana wanita dadi tukang nampani tilpun, kathik diunèkake marakake dosa, aku kok ora mudhêng, mara têrangna, Truk.

Petruk : Kowe kuwi yèn arêp tilpun nyang kênalanmu, luwih dhisik kowe rak anjaluk disambung dening kantor tilpun. Yèn sing tukang nyambung utawa sing tukang nampani tilpun, kuwi wong wadon, apa ora mung marakake dosa bae, sabab kowe ora wêruh wujude, mêsthine kowe ora ngrêti, apa isih jipro utawa non, têgêse isih prawan, apa wis mopro utawa nyonyah, têgêse: wis duwe tuwan. Nèk anggonmu nyêbut: jipro, kèri-kèrine kana wis mopro, mêsthine kana banjur sênêng lan gêdhe atine, kang anjalari bisa kibir mangkene upamane: wèh, suwaraku kiyi gênah êmpuk, cêmêngkling, kêmrêmês, lan kêpenak bangêt, tandhane sabên uwong nyêbut aku: non, dadi dikira yèn aku iki isih prawan kêmêncur. Wusanane bokmanawa banjur saya dadi anggone bengesan sarta saya kandêl anggone pupuran, supaya bisa nutupi ... kisute. Mara, apa ora mung gawe dosaning uwong iki. Yèn diundang mopro, ing môngka kanane isih prawan, mêsthine iya banjur nêpsu, sarta sêngol wangsulane: baru bicarah, glodhèg, tilpune ditutup. Mara, apa kowe ora banjur mangkêl. Kana jèngkèl, kowe mangkêl, dadi loro-lorone padha kêdosan kabèh. Seje karo yèn sing dadi tukang nampani tilpun mau

--- 727 ---

wong lanang, arêpa isih sinyo utawa wis tikluk-tikluk pisan, undang-undangane iya mung: tuwan bae. Mara, kanggone publik (wong akèh) apa ora luwih bêcik sing tukang nampani tilpun kuwi mau wong lanang bae, Kang Garèng, sabab ora ana sing gawe dosa.

Garèng : Wayah, kuwi rak mung anggitanmu bae, wong dadi jipro tilpun, kuwi sadurung-durunge rak wis ngrêti yèn pagaweane angladèni wong akèh. Dadi patrape iya kudu sabar, arêpa disêbut non, jipro, nyonyah, mopro, anggêre ora diundang ... kirik bae, iya kanthi sênêng bae atine. Dene kadhangkala ana sing sok songol wangsulane, lho kuwi rak bisa uga saka sabab liya-liyane. Wong iya manusa sok akèh sambekalane, bokmanawa bae kala samono mêntas karipan, utawa giwange wis dibur utawa ... êmbuh, êmbuh, êmbuh sabab apa manèh. Saikine bocah wadon dadi: juru tulis, klèrêk, komis, lan sapadhane, apa iya ora mathuk.

Petruk : Mathuke iya mathuk, mung bae kudu kok pikir sing dawa, Kang Garèng. Kayadene sing wis tak kandhakake ing ngarêp, miturut wèting alam, wong wadon kuwi dadi timbangane wong lanang, têgêse: uripe wong wadon kuwi kudu nurut nyang wong lanang, mulane banjur ana unèn-unèn: suwarga nunut, amarga suwargane wong wadon kuwi nunut nyang wong lanang. Dadi ing kono rak cêtha wela-wela, sing baku golèk pangan kuwi wong lanang, dene sing diunèkake suwargane wong wadon nunut nyang wong lanang, kuwi yèn sing lanang mukti wibawa, wong wadon iya mèlu mukti wibawa. Hla nèk saiki pangkat-pangkate wong lanang banjur padha diênggoni wong wadon, rak banjur akèh wong lanang sing ora olèh pagawean. Unèn-unèn mau apa banjur kudu diwalik grembyang bae, yaiku: suwargane wong lanang kuwi nunut nyang wong wadon, ora kaprah, Kang Garèng. Mulane aku iya ora pati cocog anane wong wadon padha nyang kantoran kuwi.

Garèng : Wèh, hla pikiran kojur ane. Ora, Truk, ing sarèhne kowe kuwi sanadyan ora thok lèh, ing sêmu pancèn ora cocog anane bocah wadon padha nyambutgawe, mungguh sing dadi kacocoganamu, apa wong wadon kudu bali kaya jaman biyèn, kudu dadi kêthiplake wong lanang.

Petruk : Wah, iki wis mambu, Kang Garèng. Aku iya isih mupakat anane wong lanang dadi: guru laki, nanging iya kudu wong lanang sing sêmbada têmênan, têgêse: bêbudène, jêmbare pikirane, kawruhe, lan sapadhane, kudu luhur têmênan, kang nganti bisa diguroni karo wong wadon, nanging yèn wong lanang pancèn bisae, wajibe nyang wong wadon iya kudu: angguru rabi. Mulane mungguhing panêmuku, lanang wadon kuwi iya kudu langganan: sih-sinihan, atut rukun, êmong-kinêmong, aji-ingajenan, lan sapadhane. Nanging tindake, iya lanang iya wadon, aja nganti nyêbal karo wèting alam.

--- 728 ---

KAWONTÊNAN SAJAWANING PRAJA

Paprangan ing Spanyol

Ramening paprangan ing Spanyol ngantos dumuginipun sapunika dèrèng wontên mêndhanipun. Manawi mirid kawontênan, kados paprangan punika tumuntên rampung, makatên malih manawi ngèngêti tansah unggulipun wadya golongan kabangsan, inggih punika wadyanipun jendral Franco, katingal bilih ungguling paprangan badhe pinanggih wontên ing golongan kabangsan. Makatên ugi ing bab punika sagêd nitik saking kawontênaning gambar tanah Spanyol, sampun mèh sadaya dhawah ing panguwaosipun jendral Franco. Nanging manawi nitik saking ubat-ubêting kabêtahan praja, sanadyan jendral Franco anggadhahi panguwaos ingkang samantên agêngipun, mênggahing yêkti, kawontênaning nagari Spanyol sampun kêrakêtan ing sabab ingkang adamêl botên mardikaning adêgipun nagari, dene sababipun, inggih punika anggèning Spanyol sampun nandhang sambutan dhatêng Jêrman tuwin Italie. Mangka panêdhanipun nagari kalih wau sagêda anggadhahi kukupan ing bab economie tuwin pêlikan. Nanging tumrap Italie ugi tampi pangagru-agru saking Inggris, inggih punika samangsa paprangan punika sampun bibar, supados Italie botên ndunungakên têtiyangipun wontên ing Spanyol. Bab makatên punika tumraping Italie ugi purun anyanggêmi, nanging, manawi adêging panguwaos Italie ing Ngabêsi dipun sayogyani.

[Grafik]

Manawi mirid wawasanipun Inggris tuwin Italie, kitha Madrid botên dangu tamtu bêdhah, nanging pangintên makatên wau malèsèt, panêmpuhing wadya kabangsan tansah cabar botên sagêd ngrampungi. Inggih lêrês campuhipun wadya Madrid tansah kasoran, nanging dêrênging nanggulangi botên wontên sudanipun.

Ing sapunika Franco gadhah panêdha dhatêng Italie supados ambiyantu kêkiyatan malih, nanging bab punika Italie botên purun minangkani, amargi sampun aprajanji kalihan Inggris, bilih badhe ngundurakên wadyanipun saking papan paprangan ing Spanyol. Nanging sayêktosipun Italie ugi grag-grêg ing manah, awit manawi panêdha wau botên dipun pituruti, sagêd ugi paprangan ing Spanyol taksih dangu kèndêlipun. Mangka mênggah ing nalar, salêbêtipun paprangan wau tamtu wontên ewahing kawontênan, prajanjianipun kalihan Inggris badhe jugar. Nanging saupi mitulungana, badhea rêmit kados punapa tamtu kasumêrêpan dening Inggris tuwin Prancis.

Sayêktosipun bab punika sarwa angèl, awit kêkajênganing nagari-nagari wau namung sarwa damêl pakèwêdipun salah satunggal. Kawontênan ingkang sarwa makèwêd wau tamtu kemawon tansah adamêl wawasanipun jendral Franco ingkang lêbêt-lêbêt, mila tumraping têtiyang ing wêwêngkonipun piyambak inggih tansah dipun sujanakakên, sampun ngantos sagêd damêl daya ingkang nuwuhakên kirang prayogi.

Nanging kados sampun botên kenging dipun udi murih lulusing kawontênanipun ingriku, tandhanipun mêntas wontên golongan wadyanipun jendral Franco piyambak ingkang ngawontênakên ura-uru, ingkang wosipun botên ngajêngi lêbêtipun wadya Jêrman wontên ingriku. Kajawi punika ugi nyamarakên dhatêng kawontênaning wadya Italie ingkang wontên ing Spanyol, botên sande benjing satêntrêming nagari tamtu sami katrêm botên purun kesah. Ingkang makatên punika lajêng katingal wontên sêsulakipun bilih paprangan punika sampun adamêl bosêning rakyat, botên sanès sadaya namung ngudi tumuntêna rampung, mila lajêng tansah tuwuh nalar-nalar ingkang katingalipun sajak badhe nuwuhakên pasulayan ing golongan piyambak. Ingkang langkung damêl èmêng punika sarêng wontên wartos bilih wontên pandamêling Jêrman tuwin Italie ingkang angèngingi dhatêng golongan ing Madrid, sarana angêbomi sapurun-purunipun, punika botên sanès anggadhahi sêdya supados golongan praja kêtuwuhan pamuring dhatêng jendral Franco, wusana paprangan punika botên tumuntên sirêp. Nanging bab punika botên dipun akêni dening ingkang kenging pandakwa.

Miturut wartos ingkang kantun, Prancis, Inggris tuwin Paus badhe sêsarêngan suka pêpèngêt dhatêng Franco, sampun gadhah tindak têgêlan lajêng angêbomi têtiyang ingkang sami botên tumut paprangan. [paprang...]

--- 729 ---

[...an.] Kajawi punika Inggris inggih ngudi sangêt murih ingkang sami paprangan punika lajêng purun rukun. Saha Inggris ugi ngawontênakên kasagahan badhe ngundurakên wadyanipun ingkang wontên Spanyol. Ing sakawit bab usulipun Inggris punika botên dipun sayogyani dening Ruslan, nanging kawusananipun inggih miturut, namung gadhah pamrayogi supados pajagèn ing watês dipun santosani.

[Iklan]

Kawontênan ing Tiongkok

Ing bab paprangan ing Tiongkok ugi pinanggih taksih rame, kenging dipun wastani asor unggulipun pinanggih gêgêntosan, dene ing bab pambudidaya ingkang dados tandhaning paprangan badhe saya rame tansah wontên kemawon. Ing sapunika wontên wartos bilih Tiongkok aprajanjian kalihan Moskou, ingkang wosipun Moskou badhe ambiyantu punapa ingkang dados kabêtahanipun Tiongkok ing bab paprangan punika. Malah kajawi punika ugi wontên wartosipun bilih Tiongkok inggih angsal biyantu saking Prancis. Ing bab punika ing sapunika parentah Tiongkok ngudi saening margi sêpur tuwin ngawontênakên margi enggal murih anggampilakên lampah saking ngrika ngriki.

Kosok-wangsulipun, Jêpan makatên ugi, wontên wartos bilih ing sapunika gêgandhengan kalihan Jêrman, sarananipun, Jêpan badhe ngulungakên Tsingtao dhatêng Jêrman, ingkang pancèn rumiyin mila sampun dipun mèlikakên. Kajawi punika ugi badhe nyukani panguwaos dhatêng Jêrman wontên ing laladan Syanghai. Dene têbusanipun, Jêrman badhe nyadèni dêdamêl dhatêng Jêpan.

Bab tumindaking panêmpuh ing Tiongkok saking golongan Jêpan, sampun sairib kemawon kalihan panêmpuh ingkang pinanggih ing paprangan Spanyol, inggih punika botên mawi mawang têtiyanganipun. Ingkang makatên wau Jêpan tansah tampi panyaruwe saking Amerika tuwin Inggis. Mênggah ing kawigatosan, Jêpan ngangkah sangêt dhatêng kêrêbatipun Kaifeng tuwin Ceng Cow, nanging panêmpuhipun wau tansah dipun tanggulangi dening wadya Tiongkok saha tansah rêbat-rinêbat papan panggenan ingkang sampun kêcêpêng. Dados mênggah ing lugunipun, paprangan ing Tiongkok punika taksih gêgêt sangêt, punapa gêlaripun Jêpan tansah dipun lêbêti ing gêlaripun Tiongkok gêntos. Ingriku Jêpan kêpêksa ngawontênakên gêlar enggal malih, ngewahi tatanan ingkang sampun maton.

Tumrap Tiongkok tansah angêncêngi panyêgah lêbêting wadya bêbantu Jêpan, awit rekadaya satunggal punika ingkang pancèn mikantuki yêktos.

--- 730 ---

Mangka ing sapunika tumraping wadya gêgana Tiongkok saya katingal kasagêdanipun, malah purun anglanjak dhatêng Jêpan sisih Kidul saha nyêbar sêrat sêbaran, ingkang suraosipun suka pêpèngêt dhatêng Jêpan supados sampun wontên tindak siya, anocogana kalihan kêkajênganipun Tiongkok anggèning botên purun damêl sangsaraning sanès, sanadyan mêngsah.

Wartos ingkang kados makatên wau ing sakawit dipun dorakakên dening Jêpan, nanging ing pawingkingipun pinanggih nyata, awit lajêng pianggih tandhayêktinipun, ing sapunika wadya gêgana Jêpan botên purun andhawahi bom saking gêgana.

Manawi miturut pawartos-pawartos wau, ing bab paprangan ing Spanyol tuwin Tiongkok, katingal sêsulakipun sampun wontên tandhaning èngêt sawatawis.

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Lindhu ing Selebes. Miturut wartos ingkang kantun, lindhu ingkang pinanggih ing Parigi kapetang botên sapintêna, nanging adamêl risaking griya ngantos 945, kapitunanipun f 50.000.-. Gudhang K.P.M. rêmuk babarpisan. Margi saking Parigi dhatêng Palu ingkang botên kenging dipun ambah wontên 14 km. Kampung Tarue, kaprênah sakidul Parigi, larut babarpisan jalaran saking katêmpuh ing ombak. Rêdi ing sacêlakipun Tarue wontên pasitènipun ingkang mlêsêg.

Dr. Aboetarie dados bupati anom. Awit saking kaparêngipun parentah karajan Jawi ing Surakarta, Dr. Aboetarie, ingkang sampun ngawula wontên Kasunanan, kawisudha dados bupati anom, kaparingan sêsêbutan saha nama Radèn Tumênggung Dr. Wignjodipoero. Panyambutdamêlipun katêtêpakên wontên ing kantor Kêpatian babagan arta praja.

Tanêman soklat ing Nieuw Guinea. Wontên wartos, bilih ing Nieuw Guinea badhe dipun wontêni kabudayan tanêman soklat, pamêdalipun kaangkah sagêda nyamèni kalihan soklat wêdalan saking sanès nagari. Nanging ing sapunika sawêg ngangkah sagêdipun gêgayutan damêl babagan padagangan kalihan nagari Walandi.

Comite babagan mikangsalakên warandha tuwin anaking priyantun. Ing wêkdal punika ing Bêtawi wontên ada-ada ngêdêgakên comite ingkang kanamakakên Comite voor Verbetering in de Regeling inzake ondersteuning aan nagelaten betrekkingen der niet Europeesche Overheidsdienaren. Ingkang dados warganing comite wau, R.T Hasan Soemadipradja, Bupati Bêtawi, pangarsa. R.T. Koesoemadinata, Bupati ing Mr. Cornelis tuwin Ir. R.P. Soerachman Tjokrodisoerjo, hoofdambtenaar afd. Nijverhed v/h Dept. van Economische Zaken, sami wêwakil pangarsa. R. Soerasno, referendaris Departement van Economische Zaken, panitra. Mr. R.M.A.K. Pringgodigdo, hoofd der C.K.S. panitra nomêr kalih. Mr. R. Hadi, referendaris Depatement Pangajaran, artaka. Pambantu sanès-sanèsipun Dr. R. Soeratmo, hoofd Gem. Veterinairendienst, Mr. R.P. Notosoebagjo, bg. Pangasa Landraad ing Bêtawi, Mr. R. Soewandi, referendaris Dept. Pangajaran, Ir. Teko Soemodiwirjo, pangagêng afd. Binnenlandsche Handelsvoorlicting ing Dept. van Economische Zaken tuwin Z. Arifin, Landrechter ing Mr. Cornelis. Mênggah sêdyaning pakêmpalan punika badhe tumindak têtulung ing bab babagan warandha tuwin anaking punggawa Nagari ingkang pêrlu kapitulungan.

Majênging postwissel. Wontêning kintunan postwissel ing kantor post ing Salêbêtipun tigang wulan wiwit Januari wontên 1.086.993, dene pêpetangan kados makatên ing taun kêpêngkêr wontên 858.322. Dados miturut pêpetangan punika tumrap babagan postwissel mindhak 228.571. Indhakipun ngantos samantên wau, botên sanès jalaran saking mandhaping prabeya.

Examen wêkasan ing A.M.S. afd. B ing Salemba, Bêtawi. Lulus examen ing A.M.S. kasêbut nginggil ing golongan kapisan, Loembantoroean, S.H. Simatoepang, P.T. Soeroengan, Lim Tiang Tjoei, R. Karnapi, Lauw Koen Goan, R. Aartsma tuwin P. Sitompel.

Palilah ngawontênakên papan pamêlikan. Kawrat dhawuh Parentah amarêngakên dhatêng panyuwunipun Mijnbouw Mij. Rêjang Lêbong mêlik wontên ing kawan panggenan tumrap pados mas, salaka tuwin sanès-sanèsipun wontên paresidhenan Benkulen tuwin Palembang, inggih punika ing Lêbong Pandan 1 tuwin 2, tuwin ing Tambangsawah 1 tuwin 2.

[Iklan]

Bab pandamêling gambar kaart. Miturut wartos, sawarnining pakaryan praja ingkang pêrlu ngawontênakên babagan pandamêling kaart, sagêd akèn andamêl dhatêng Permanente Kaarteeringscommissie.

Surabayasche Jaarmarkt. Surabayasche Jaarmarkt badhe kawiwitan wontên ing tanggal 30 Sèptèmbêr taun punika. Miturut wartos Jaarmarkt ing taun punika badhe langkung agêng tinimbang ingkang sampun-sampun. Kawontênaning bango-bango, dumuginipun sapunika sampun 23 panggenan ingkang kasewa. Tumrap babagan patukangan kampung badhe dipun agêngakên, gapuranipun bandhe kadamêl wangun Minangkabau. Kajawi punika taksih kathah ewah-ewahan sanèsipun. S.S. tuwin Nijverheid babagan Economische Zaken, badhe mitongtonakên barang-barangipun.

Pakaryan babagan kasarasan badhe anjêmbarakên. Pakaryan babagan Kasarasan badhe ngindhaki papan têtanèn ingkang kangge pêrluning têtiyang sakit ewah ingkang sampun mèh saras. Ing sapunika pêrlu ngrêmbag pamilihing panggenan. Kajawi punika ngangkah badhe ngêdêgakên griya alit-alit kangge mitulungi têtiyang sakit ing padhusunan ing tanah Jawi. Makatên ugi badhe damêl papan kangge nindakakên wulangan têtulung sarana sêsorah ingkang têlêngipun manggèn ing Purwokêrto.

Lisah pèt ing Nieuw Guinea. Ingajêng wontên Ingenieur 8 bangsa Amerika sami dhatêng Nieuw Guinea pêrlu pados lisah pèt, awit saking pakenipun Ned. Nieuw Guinea Aardolie Mij. Ing salajêngipun, ing sawatawis dintên kêpêngkêr wontên Ingenieur malih ugi bangsa Amerika nusul mriku, nanging lajêng manggèn ing sanès panggenan. Miturut wartos, pangupadosipun lisah pèt wau sampun katindakakên sarana ngêbur, nanging dèrèng nindakakên pangêbur ingkang lêbêt. Dene pangêburipun ingkang ngantos lêbêt wau badhe dipun wiwiti wontên ing wulan Juli ngajêng punika.

Lampah anggêgana dhatêng Australie. Awit saking pratelanipun Tuwan Blackstone, sasampunipun kalampahan lampah anggêgana dhatêng Australie katindakakên dening Knilm. tigang wulan, salajêngipun wiwit tanggal 1 Oktobêr ngajêng punika, pakaryan wau lajêng tumindak sêsarêngan kalihan K.L.M. saha lajêng dipun namakakên "Vliegende Hollander" panggêgananipun saminggu sapisan, gêgêntosan. Dene kapitunan tuwin bêbathènipun dipun sanggi dening pakaryan kalih wau.

--- 731 ---

Pogokan ing Tanggungan. Ing pabrik gêndhis Tanggungan, Cirêbon, mêntas wontên pogokan kuli 250, jalaran saking sulaya bab bayaran, ngantos dados damêlipun ingkang wajib.

Pangajêng agêng Parindra. Ing satilardonyanipun Dr. Soetomo, miturut tatanan, ingkang dados pangajêng agêng dhumawah mudha pangarsa K.R.M.A. Woerjaningrat, namung sarèhning dêdalêm wontên ing Surakarta, tumindaking padamêlan padintênan katindakakên dening Mr. Soesanto tuwin Tuwan Soedirman punapadene Tuwan Rooslan Wongsokoesoemo.

Dokter enggal ing Surakarta. Wontên wartos, Dr. Dadi, wêdalan Pamulangan luhur Dokter, sapunika bikak kadhoktêran wontên ing Surakarta, saha ing sapunika nyambutdamêl wontên ing Hulp-Ziekenhuis Muhammadiyah, kabawah Dr. R.M. Soeratman Erwinn. Malah wontên wartos Dr. Dadi wau badhe kapurih anggêntosi padamêlanipun Dr. Soeratman, amargi Dr. Soeratman badhe dhatêng Bandhung.

Dr. Stehn dipun suruhi dhatêng Australie. Wontên wartos, Dr. Stehn, ahli babagan rêdi latu ing tanah ngriki, dipun suruhi dening parentah Australie, supados ngrancang observatorium ing Rabaul. Ingriku punika kala ing taun 1937 wontên rêdinipun ingkang anjêblos, inggih punika rêdi Raluah tuwin Tawirwir. Rabaul punika satunggiling kitha laladan Inggris ing Nieuw Guinea.

Pulo Alor dados dêdhasar pasinaon. Wontên student wanita nama M.M. Nicolspeyer, putraning satunggiling advocaat ing Den Haag dhatêng ing pulo Alor, pêrlu ngudi babagan ingriku, pêrlu badhe kangge examen, inggih punika gêgayutan kalihan kawruh babagan bangsa ing tanah ngriki.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah, M. Abdoelkadir Widjojoatmodjo, ingajêng wd. secretaris-drogmman ing Jeddah, tuwin Vice-Consul ing Mêkah, kapasrahakên nyambutdamêl dhatêng residhèn Pêkalongan apangkat wêdana. M. Soeleman, asistèn wêdana ing Lebaksiu, kabupatèn Têgal, paresidhenan Pêkalongan, kaingsêr wontên ing paresidhenan Sêmarang. Kaswadi, juru sêrat klas 1 asistèn wêdana Kudus, kabupatèn Kudus, paresidhenan Japara-Rêmbang, dados mantri pulisi paresidhenan Japara-Rêmbang. R. Awal, juru sêrat klas 1 kantor paresidhenan Pêkalongan, dados mantri pulisi paresidhenan Sêmarang. R. Soesenotomo ugi nama R. Soeseno Mangoenatmadjo, tijd. wd. Aib. nindakakên padamêlan wontên kantor kabupatèn Pêkalongan, nindakakên padamêlan mantri pulisi ing paresidhenan Banyumas.

Ama wangwung ing bawah Bogor. Ing Bogor pinanggih tuwuh ama wangwung ingkang sami nêmpuh ing wit kênari, nêdhani godhongipun ngantos têlas. Kajawi punika taksih purun nêmpuh dhatêng wit-witan sanèsipun malih. Ama ingkang kados makatên punika ugi sampun nate tuwuh wontên ing Cirêbon, sami nêmpuh wit pêlêm, ngantos damêl karisakakên.

Pakêmpalan wanita tumandang ing damêl. Ing Bêtawi wontên ada-ada ingkang dipun tindakakên dening Nyonyah Mangoensarkoro tuwin Nyonyah Mr. Santoso Maria Ulfah, wosing ancasipun ajak-ajak dhatêng pakêmpalan cacah 26 sami golongan èatri tiyang siti, pêrlu badhe ngrêmbag ing bab sacaraning nikah ingkang pinanggihipun ing sapunika sampun botên anjaman.

Gajah ngrêrisak. Ing wêkdal punika kabudidayan ing Pangkalan Brandan kêtêmpuh ing gajah. Dhatênging gajah ingriku ngantos satusan. Wontênipun gajah lajêng pinanggih kados makatên, ing pangintên jalaran saking gajah-gajah wau asring dipun sanjatani ing pulisi. Dèrèng dangu wontên gajah gêgrombolan nêmpuh dhatêng kabudidayan ing Namu Ungas ingkang botên patos têbih saking Pangkalan Brandan. Gajah-gajah wau lajêng ngrisak tanêman karèt ingkang taksih ênèm-ênèm. Ing bab punika sarêng dipun lapurakên ing pulisi, lajêng dipun tandhangi, wontên gajah kalih ingkang pêjah dipun sanjata, sanèsipun lajêng sami lumajêng dhatêng sanès panggenan.

NAGARI WALANDI

Saminggu nyambutdamêl gangsal dintên. Miturut wartos, wiwit tanggal 11 wulan punika, Koninklijke tuwin Bat. Import Mij. badhe ngawontênakên tatanan tumindaking nyambutdamêl para punggawa ingriku ing dalêm saminggunipun namung gangsal dintên. Anggènipun botên nyambutdamêl wontên ing dintên Sabtu tuwin Ngahad. Minangka lêlintuning dintên Sabtu wau, ing sabên dintênipun têtiyang ingkang sami nyambutdamêl supados malêbêt langkung enjing.

[Iklan]

Madosi bandha ingkang kêlêm ing sagantên. Miturut wartos saking Den Haag, baita kêruk Karimata, ingkang badhe kangge ngêntasakên barang-barang sisaning kapal Lutine, ingkang kèrêm kala ing taun 1799, dipun undurakên, amargi hawanipun awon.

Adêging panggaotan ing Nieuw Guinea. Adêging panggaotan ing Nieuw Guinea sampun dipun têtêpakên kanthi palilahing Parentah. Ingkang dados awak-awakaning panggaotan wau, H.V.A., Rubercultuur Mij. Amsterdam, Borsmij, J.C.J.L., Kol. Bank, K.P.M., Lindeteves Stokvis, Mainzen Co, S.M.N., N.H.M., Escompto, N.I. Gas Mij. Handelsbank, Internatio, Rott. Lloyd. Pawitanipun f 2.100.000.-: Ingkang dados directeur ing tanah India Mr. van Dunne. Mênggah kajênging babagan punika nyinau ing bab kawontênanipun tanah Nieuw Guinea, sagêda nindakakên têtanèn tuwin kawêkêlan, ngudi pamêdaling tanah Nieuw Guinea jajahan karajan Walandi, kajawi mas tuwin lisah pèt.

EROPA

Angin agêng ing Inggris. Sampun sawatawis dintên ing Londen wontên angin agêng. Kala punika kapal-kapal ingkang wontên ing susukan sami katêmpuh ing angin, saha kapal-kapal wau kêpêksa ngawontênakên tandha nêdha pitulungan. Ingriku wontên kapal 5 ingkang lajêng manêngah badhe têtulung. Kapal Queen Mary sagêd ngandhapakên têtiyang ingkang numpak ingriku cacah 400 ing Plymouth saha lajêng sagêd nglajêngakên lampah dhatêng Southampton. Kapal pêrang Bournemouth kêpêksa manêngah kanthi nilar punggawanipun ingkang taksih wontên ing dharatan.

Rantaman waragad wadya lautan. Miturut wartos, gunggunging rantaman wêwahan waragad tumrap kangge ngindhaki wadya lautan wontên 2.410.500 pondsterling. Rantaman samantên punika ingkang 1.773.500 pêrlu kangge waragad yêyasan enggal, dene ingkang 92.000 kangge ambayar wiwitan tumrap panumbasing kapal pirantos ambêkta motor mabur marine, tumbasan saking parentah Australie tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun malih.

AMERIKA

Colongan anak. Ing Miami, Amerika, mêtas wontên lare umur 5 taun anakipun James Cash ing dhusun Princetown dipun colong ing tiyang. Tiyang ingkang nyolong wau gadhah panêdha supados lare ingkang dipun colong wau dipun têbus 10.000 dollar. Pulisi lajêng ngudi katrangan ing bab babagan punika.

--- 732 ---

Wêwaosan

II. Pêjahipun Wasili.

82

Sasampunipun para adhahanipun Wasili pamitan dhatêng Wara Mamèlya, sadaya lajêng sami minggah ing baita ingkang ing kala punika pinajang-pajang asri sangêt. Botên watawis dangu baita wau lajêng pangkat nuju dhatêng tanah sukci, dhatêng kitha ingkang namanipun sampun misuwur ing saindênging bawana, inggih punika kitha Yurisalim. Ing kala punika layaripun kapasang sadaya, anjalari lampahing baita prasasat kadosdene jêmparing kalêpasakên saking gandhewa. Anggènipun lêlayaran sampun sawatawis minggu laminipun, ewasamantên botên kapêthuk baita satunggal-satunggala. Mênggah sajatosipun, sadaya baita dagang ingkang sami mirêng, bilih baitanipun Wasili badhe ngambah ing ngriku, punika lajêng sami enggal-enggal andhêlik wontên ing palabuhan. Awit kapalipun Wasili punika sampun kacêluk kapal bajag, botên sande baitanipun dagang inggih lajêng sami kajarah, amila ingkang kathah inggih lajêng kamigilan, saha sasagêd-sagêd inggih lajêng sami anyingkiri sampun ngantos pêthukan. Sarêng anggènipun lêlayaran wau sampun jangkêp sawulan laminipun, ing katêbihan Wasili sumêrêp baita pintên-pintên, sanalika punika Wasili lajêng suka parentah angrikatakên lampahing baitanipun. Lan botên watawis dangu baita-baita wau inggih nuntên sagêd kasusul. Mênggah nyatanipun baita-baita ingkang kasusul wau, sami baita dagang, ingkang sarêng nyumêrêpi, bilih baita ingkang ambujêng punika baitanipun Wasili, ajrihipun kagila-gila. Salajêngipun nakodaning baita dagang ingkang wontên ing ngajêng piyambak lajêng uluk-uluk makatên:

Kula ngaturi sugêng, Tuwan Wasili, makatên ugi para andhahan panjênêngan sadaya, ingkang kacêluk mênggah kaprawiranipun. Tindak panjênêngan ing samangke punika punapa inggih badhe ngupados kasênêngan malih.

Wasili amangsuli: matur nuwun dene panjênêngan sampun paring wilujêng dhatêng kula sakônca, kosokwangsulipun kula sakônca ugi ngaturi wilujêng dhatêng panjênêngan sadaya. Dene mênggahing pandangu panjênêngan, sayêktosipun ing samangke kula botên nêdya anglampahi kadosdene ingkang sampun-sampun. Kula angrumaosi sampun kêkathahên dosa, amila sêdya kula sakônca ing samangke badhe dhatêng ing tanah sukci prêlu badhe nglêbur dosa. Ingkang punika kula badhe pitakèn dhatêng panjênêngan, margi ingkang cakêt piyambak dhatêng kitha sukci Yurisalim, punika ing pundi. Lan saking ngriki punapa taksih têbih.

Nakodaning baita kapal dagang: dhuh, Tuwan Wasili, manawi panjênêngan mundhut pirsa margi, ingkang lêncêng punika kemawon, salêbêtipun nêm minggu panjênêngan sampun sagêd dumugi ing Yurisalèm, dene margi sanèsipun, punika lampahan kalih têngah taun. Nanging margi ingkang lêncêng punika, ing samangke botên sagêd dipun ambah. Awit ing pulo Kumin ing Samodra Kaspi, sapunika dipun ênggèni ing bajag laut. Cacahipun bajag laut ingkang wontên ing ngriku punika wontên tigang èwon, lan wontên ing pulo ngriku samangke sampun yasa bètèng ingkang santosa sangêt. Sanadyan dipun lurugana prajurit ingkang kiyat sangêt, mokal sagêdipun angrêbahakên kêkiyatanipun bètèng wau. Dene baita-baitanipun bajag laut punika lampahipun sami rikat sangêt, sakêdhap-sakêdhap bidhal saking pulo wau prêlu namung nêdya anjarah-rayah baita dagang, barang-barangipun karampas, têtiyangipun minôngka kangge rencang tumbasan.

Ing sêmu botên gigrig, Wasili amangsuli makatên:

Salami kula gêsang, kula botên nate ajrih dhatêng bêbaya ingkang kados punapa kemawon. Salaminipun kula tansah sagêd anjagèkakên kasantosaning tangan kula, kiyating gada kula, tuwin kaprawiraning kônca-kônca kula. Jalaran saking punika kula nêdya ngambah ing magi ingkang cakêt piyambak punika.

Sasampunipun Wasili cariyos makatên wau, lampahing baita lajêng karikatakên nuju dhatêng pulo Kumin, papan padununganipun bajag laut, sadumuginipun ing pulo wau, baita enggal-enggal labuh wontên ing palabuhan ngriku. Bajag-bajag ingkang ing kala punika sami wontên ing palabuhan, sakalangkung gumun manahipun, dene wontên baita mônca kumapurun lumêbêt tuwin labuh ing palabuhanipun. Gumunipun wau ing wusana dados kagèt sangêt, sarêng nyumêrêpi, bilih ingkang mandhap ing dharatan ingkang rumiyin piyambak punika, botên sanès kajawi pun Wasili. Para bajag wau lajêng enggal-enggal lumajêng nêdya anglapurakên kawontênanipun ingkang makatên wau dhatêng kêpala-kêpalanipun.

Badhe kasambêtan.

--- 93 ---

No. 24, 11 Juni 1938, Taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM. RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

LÊLAKONE SALAH SAWIJINING TUKANG GOLÈK KAYU KANG MISKIN

Bocah-bocah, kowe mêsthine wis kêrêp maca dêdongengan, kang nyaritakake wong kang sênêng têtulung marang sapêpadhane lan uga critane wong-wong kang têtulung kanthi anduwèni melik; ngarêp-arêp piwalês bêcik utawa kanthi milih. Ing ngrisor iki bakal dakdongèngi salah sawijining tukang golèk kayu kang bangêt miskine.

Dhèk biyèn ana sawijining tukang golèk kayu miskin, kang sabên dinane kudu nyambutgawe rêkasa amrih bisane mangan. Sajrone dhèwèke magasi kayu, tansah sêsambat lan ngrêsula mangkene: "O, Gusti Ingkang Maha Asih, mriksanana kasangsaranipun tukang kajêng kados kula punika!" Bojone kang ana ing omah uga sêsambat sajrone nyambutgawe.

Anuju sawijining dina, nalika kanca-kancane padha sênêng-sênêng, ropyan-ropyan, tukang golèk kayu lanang wadon mau ana ingomah bae nyambutgawe, wong loro padha tansah ngrêsula, nganti kamirêngan dening sawijining Malaekat kang banjur wêlas marang tukang golèk kayu mau. Batosing Malaekat: "E, wong miskin kae mêngko bakal dakgawe bungah."

Malaekat mau banjur malih rupa wong ngêmis, nuli anjujug nyang omahe tukang golèk kayu. Sing lanang lagi bae lunga, dene sing wadon lagi nyambutgawe ana jêro omah. Calathune wong ngêmis kanthi ngasih-asih: "Nyuwun paring wedang tèh sacangkir mawon." Satêmêne wong ngêmis mau anduwèni niyat cangkire arêp didadèkake êmas.

Nanging wangsulane wong wadon mau karo nêpsu: "Ayo lunga, aku ora bisa mènèhi wedang tèh."

Wong ngêmis: "O, kula ngêlak sangêt, cobi nyuwun toya kemawon sacangkir."

Niyate cangkir mau arêp didadèkake salaka.

Wong wadon: "Ayo, minggata, wong ala, ing blumbang rak ya akèh banyu."

Wong ngêmis: "Inggih sampun nyuwun ngampil cangkir kemawon." Niyate Malaekat mau, cangkire arêp didadèkake kuningan.

Bojone tukang golèk kayu mangsuli: "E, e, dikon lunga kok ora gêlêm, apa kêpengin tak pênthung alu?"

Wong ngêmis malihan nuli calathu: "E, wong wadon kang ambêg siya, kowe mêsthi bakal gêtun nyang kêlakuanmu."

Sanalika iku alune tukang kayu kang ana ing sacêdhake malih dadi kêmbang mawar. Barêng bojone tukang kayu wêruh, nuli ngêrti, yèn wong mau dudu wong ngêmis têmênan, pangirane wong kang sêkti. Dhèwèke nuli niba karo janji, yèn arêp mènèhi apa panjaluke. Ananging barêng ndêngèngèk, wong ngêmis mau wis ilang.

Barêng tukang kayu mulih, kagèt wêruh wit mawar wis kêmbang, ana ing cêdhak kori, nuli pitakon: "Mbokne, sapa ta sing nandur wit mawar wis kêmbang ana sacêdhaking kori.

Sing wadon nuli nyaritakake kabèh kang wus kalakon, andadèkake nêpsune sing lanang, calathune: "O, wong bodho, upama aku kêtêmu karo wong mau, kabèh panjaluke mêsthi dakturuti, sanadyan ta aku dikon mangan lêbu ing sikile."

--- 94 ---

Sasuwene wong loro mau padha rêgêjêgan tangga-tanggane padha têka, barêng krungu lêlakone ana kang banjur calathu mangkene: "Durung suwe, aku kêpêthukan wong nganggo sêrban, apa kirane iku wonge?"

Wong-wong nuli padha lunga mêncar nêdya anggolèki tukang golèk kayu, lakune sumêbar ngalor-ngidul ngetan-ngulon, nanging mêksa ora kêpêthukan wong nganggo sêrban. Kanthi susahing ati dhèwèke nuli bali arêp mulih, dumadakan ana wong ngêmis kang njêjaluk marang dhèwèke: "Kula ngêlih sangêt, mbok inggih sampeyan sukani sêkul saêmplokan."

Wangsulane: "E, wong ngêmis, apa kowe wêruh wong nganggo sêrban liwat kene?"

Wong ngêmis: "Mbotên."

Wangsulane tukang kayu: "Ah, yèn aku kêtêmu dhèwèke, aku bakal gêlêm mangan lêbu kang ana ing sikile."

Wong ngêmis: "Ayo panganên lêbu ing sikilku iki."

Tukang kayu nêpsu bangêt, karo ngacungake bêthine sajak arêp ngantêm karo muni: "E, wong nistha, kok wani-wanine muni karo aku kang lagi cilaka."

Wong ngêmis banjur ngadêg alon-alon nuli calathu sarèh: "Dhèk mau bojomu nundhung aku kanthi têtêmbungan kasar, saiki kowe gawe sêrik atiku ana têngah dalan kene. Saiki aku arêp lunga, ora arêp nyarusiku kowe sakloron manèh." Wong ngêmis banjur musna.

Tukang kayu niba, sajake gêtun bangêt. ananging wong mau ora bali manèh.

B.M.

TATACARANE SIJI-SIJINING BANGSA

[Grafik]

Bocah-bocah, kowe mêsthine wis padha ngêrti upamane mangsa panèn, sing mêthik pari dhisik dhewe iku kapasrahake marang wong wadon kang tuwa dhewe. Yèn ana bayi cukur, sing nyukur dhisik dhewe iya wong kang tuwa dhewe ing kono.

Mangkono uga, kaya kang kacêtha ing gambar dhuwur iki, ing nagara Walanda, yèn pinuju usum kapal-kapal mlêbu anggawani haring, sing mangan haring dhisik dhewe iya tuwa-tuwane ing kono. Kang kacêtha ing gambar, iku wong kang wis ngumur 90 taun. Upama cêthaa, sanadyan patrape mung lugu mangan, nanging ana karêpe kang dadi pamuji dawa, upama: Muga enaka kang padha mangan, pêpayone bisaa akèh. Yèn cara Batawine ana parikane wong dodolan mangkene: "Laris manis tanjung kimpul, dagangannya habis duitnya kumpul."

--- 95 ---

PANUNGGALANE DOLANAN

[Grafik]

Anjukuka gagang rèk kira-kira 15 iji. Banjur konên kancamu nyêkêl lan anjunjung sarana gagang rèk siji, kayadene ing gambar, nèk ora sumurup wadine mêsthi bae angèl.

Nanging bocah-bocah sing gawene maca Taman Bocah iki, wis mêsthi padha bisa.

LÊLUCON

Sêbul: "Bêl, Bêl, tangia, wis awan."

Sêbêl: "Mêngko dhisik, taktutugne olèhku ngimpi."

Aku nurut kandhamu, klambiku sing mblênthong kêna bènzine kae wis tak kumbah nganggo jêruk pêcêl lan takêpe ing wayah bêngi."

Mbanjur bisa ilang blênthonge?

La iya ilang ... karo klambine pisan.

__________

Guru: "Kramane punuk apa?"

Murid: "Sugriwa, pak Guru."

Guru: "Lho, kêpriye! Coba têrangna."

Murid: "Su punika luwih, griwa punika githok dados githok ingkang luwih alias punuk, dados kramanipun Sugriwa."

Handojo, Paninggaran.

KLIRU TAMPA

Ana wong duwe mantu kêsèd aran si Suta. Si Suta dikon nandur timun dening maratuwane, ora gêlêm, sêngadine ora bisa. Maratuwane banjur tumandang nandur dhewe, barêng wis awoh, si Suta gawene nyolongi, diêdol dhuwite dipèk dhewe.

Nuju sawijining dina, maratuwane ndingkik, Suta ora wêruh, ngenak-enak ngundhuhi timun karo mungkur, ikête digêlar ing burine diênggo madhahi. Ikêt tumuli dicolong ing maratuwane têrus digawa mulih, Suta barêng sumêrêp ikête ilang, mulih kandha karo maratuwane, jare disêbrot wong ana ing dalan.

Maratuwane ethok-ethok gêtun, calathune: "Ya wis ta, ora dadi apa, anggêre wonge slamêt. Lah nèk kowe ngêlih arêp mangan, galo tak ngèngèhi brêkat, ana ing ngisor kukusan."

Suta pancèn ngêlih, mulane barêng diatag, enggal olèhe ngungkabi. Nanging ing jêro jêbul ikête karo timun olèhe apèk mau. Suta kagèt, wis nyana digunagawe maratuwane, tumuli nyêdhaki maratuwane kandha blaka sing gawene nyolongi timun kuwi dhèwèke dhewe. Maratuwane ora mangsuli apa-apa, malah mêtu saka ing omah karo banda tangan.

Ora suwe ana bêndhe muni turut lurung, Suta takon marang maratuwane: "Bêndhe napa nika, pak?"

Maratuwane mangsuli karo mrêngut: Êmbuh, ora wêruh; mbêndhèni wong nyolong timun ayake."

Mungguh sanyatane, bêndhe prentah mbabadi pring. Pangirane si Suta kandhane maratuwane mau têmênan, saking wêdine enggal lunga ndhêlik ing papringan. Olèhe ndhêlik durung suwe kêtungka têkane wong pirang-pirang padha nêgori pring. Si Suta dhêg-dhêgan arêp lumayu wis kêpêngkok, ora mlayu pangrasane mêsthi kêcêkêl. Wêkasan ndhêpèprès ora lunga-lunga. Wong kang mbabad saya ngangsêg, suwarane pating brêngok, sawênèhing wong ana sing alok-alok: "E, kanca, aja nêgori pring jing ijih mêcuti, lo!

Nuli ana sing sumaur: "Yak, ora dadi ngapa, najan mêcutana kae mangsa ngarah kisuta."

Suta salah tampa, enggal ngadêg nêrak wong pirang-pirang, ngamuk nggawa bongkotan pring diobat-abitake. Sasuwene ngamuk mau bêngok-bêngok muni: "Prêduli apa, aku amèk timun, timunku dhewe, kathik arêp kokpêcuti."

Wong pirang-pirang bubar kabèh, padha ngira yèn si Suta edan.

L. Stone de Pv., Surabaya.

--- 96 ---

SINAMBI KALANING NGANGGUR

Pangulir budi

[Grafik]

Manêngên (Horizontaal)

1. Kantor kang misuwur ing Bêtawi. | 2. Kumpulan bal bon Jawa satanah Jawa. | 3. Bangsane jangan. | 4. Asma dalêm Tuwan Gouvr. Ing Surakarta. | 5. Kewan kang mawa wisa. | 6. Kumpulan kawula Surakarta. | 7. Swara gitar. | 8. Carane Mlayu kumpulan | 9. Padha kara barès. | 10. Jênênge bocah lanang. | 11. Bangsane sport. | 12. Têngêr montor Surakarta. | 13. Carane Mlayu sêbaran. | 14. Etungan. | 15. Iramane jagêt. | 16. Pangarêpe wong salat. | 17. Têngêr montor Kêdhu. | 18. Tukang layang kabar. | 19. Jênênge lintang. | 20. Carane Mlayu piranti. | 21. Anank tawon. | 22. Arane lênga. | 23. Arane kumpulan para putri.

Mangisor (Verticaal)

24. Wong kang ora gêmi. | 25. Cara Mlayune gêni. | 13. Cara Mlayune tatakrama. | 26. Cara Mlayu bal-balan. | 27. Cara Landane turahan. | 28. Têmbung Arab. | 29. Arane bocah wadon. | 30. Arane wayang (wadon). | 31. Arane sêkolahan. | 14. Barang kang plikêt. | 32. Kawine mêga. | 33. Sunan Kalijaga nalika timur. | 34. Bocah kang durung rabi. | 35. Sunan Kalijaga nalika timur. | 36. Rukune Islam. | 37. Kawine banyu. | 38. Têmbung Latin.

S. Ih. Martono,

P/a K 2880, Têgalgondo, Klathèn.

MANGSULI LAYANG

Kartining, Magêtan. Aku bungah bangêt dene wuwuh kêponakanku kaya kowe kuwi. Ananging anggonmu mbatang jênênge Bu Mar luput babar pisan. Kapan kowe tilik kangmasmu nyang Bêtawi ngiras tilik Bu Mar. Mbok iya yèn kangmasmu pinuju libur, mulihe nyang Bêtawi kowe milu pisan, rak bisa ta, Ning!.

Margiana, Purwarêja. Yèn kowe maca Kajawèn dhèk Sêtu buri, mêsthine banjur wêruh gambar kirimanmu wis kapacak, dene wangsulane layang nêmbe dina iki, jalaran dhèk Sêtu buri kêkurangan papan. Margiana, matura bapa-ibu, bêsuk kapan tindak nyang Bêtawi, diaturi kampir ing Vliegveldlaan 67, aja mung nyare ing Gang Paseban bae.

Roesijah, Surakarta. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Sukur dene kowe arêp milu lêlumban ing Taman-Bocah.

Moerdjana, Rewulu, Ngayogya. Aku sênêng bangêt, barêng krungu, yèn ibumu apadene adhimu wis pinaringan saras kêpacak utawa ora.

Handojo, Paninggaran. Bangêt panrimaku kokirimi layang isi cangkriman lan lêlucon.

S. Har, Surakarta. O, mulane, kowe lawas ora ngirimi layang aku, la wong pijêr nonton sêkatèn bae. Nanging iya ora dadi apa, wong sabubare isih kèlingan manèh nyang Bu Mar, malah anggawa olèh-olèh crita warna-warna.

Sulardjo, Batavia-Centrum. Kirimanmu karangan wis daktampa, bangêt panrimaku. Wah, dadi kowe saiki lagi ngêpêng sinau bab schrijfmachine, iya sukur-sukur, muga-muga tinurutan sing dadi sêdyamu.

Soepiatinah, Cisêru, Cipari. Aku bungah bangêt, kowe mêrlokake anêpungake nyang Bu Mar. Bênêr bangêt, dene sing kok pêrlokake dhisik sinaumu, mêsthine kanggo pungkasan ta. Sajrone rong sasi iki, Bu Mar mung ngarêp-arêp karangane kêponakan-kêponakan kang lagi padha examen.

Ratni, Plosso, Jombang. Layangmu lan pitêpungane sadulur-sadulurmu karone wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku. Dene karangane isih dakpikir-pikir dhisik, kapacak utawa orane.

M.D. Asrie, Blitar. Sri, pêrkara examen kuwi rak bêgjan, sanadyana pintêr, nanging yèn lagi apês, ndilalah ya ora entuk, dadi kowe ya kudu mupus. Kowe wis ngati-ati, wis mêmpêng siaumu, nanging mêksa ora entuk examene, iya tandha durung kaparêng, E, bokmanawa, kowe banjur diparigi dalan bisa mbacutake sêkolah liyane.

Soepiathardjiah, Cisêru, Cipari. Wis mêsthi bae Bu Mar luwih sênêng yèn saya akèh undhaking kêponakan. Wah bungah aku, kowe saiki wis bisa basa. Pancèn iya mêngkono, sanajan wis bisa cara Walanda, Sundha, Mlayu lan liya-liyane, nanging cara Jawane iya aja dibuwang.

Soetrie Andarsien p/a Beheerder Pandhuis Sarang, Lasem. Layangmu pitêpungan wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku. Soetrie, dhèk anu kae ing Kajawèn lawas Bu Mar wis tau nulis adrèse Roesdijati ing Blitar. Mara golèkana dhewe, Bu Mar ki, saking akèhe kêponakan-kêponakane rak ya ora apal adrèse siji-sjine ta.

Roesdijati, Blitar, Roes, apa biyèn kowe wis tau têpung karo Soetrie Adarsien ing Sarang? Jarene kanca barêng saklas. Yèn dhangan atimu sarta kowe kobêr, coba ngirimana layang utawa karcis nyang dhèwèke, ing dhuwur iki adrèse Soetrie Andarsien.

Oei Sioe Tjwan, Pacitan. Sukur kowe arêp milu urun ngisèni Taman-Bocah, idhêp-idhêp kanggo sinau. Sing srêgêp anggonmu maca Taman-Bocah, cik bèn saya pintêr cara Jawamu sarta luwih apik anggonmu nulis layang nyang Bu Mar. Nanging ya aja pisan-pisan ngarêp-arêp potrète Bu Mar, wong Bu Mar ki sanyatane ora tau potrèt, saikine, êmbuh besuk.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- [733] ---